Buku Buku
berdasarkan
Jilid kapisan nyaritakake bab miyose Gusti Yesus nganti ing taun-taun awal sugenge Gusti Maca buku iki kita kabeh antuk gegambaran bab kaya ngapa: Kapribadene Gusti, sumbering riwayat lan sarasilahe. Kaya ngapa bungahe jagad raya oleh pawarta saka malaekat wektu bakal miyose Gusti Yesus. Para wicaksana ngalembana lan mulyakake, lan kaya ngapa lelampahane sadurunge diwasa.
George Ford
Ing buku Sugenge Gusti Yesus jilid loro, mbabar bab kaunggulane Gusti Yesus nalika kagodha dening Iblis ing ara-ara samun. Iki sejatine wigati kita sinau kanthi tumemen, merga kaunggulane Gusti iku kudu dadi patuladan lan paugeraning urip kita ing jaman saiki. Ing jilid loro iki kita uga bakal miwiti nyinau kanthi bebles, kawitane paladosane Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng.
George Ford
Jilid telu ing buku Sugenge Gusti Yesus, medhar bab panguwaose Gusti Yesus sarta piwucal-piwucale. Pangandikane kebak bab kaelokan lan kwaos, piwucale ora ana sing nandhingi. Piwucal bab tresna kang rumesep jero, piwulang bab kudu nresnani pepadha kanthi tulus murni. Bab puwasa, bab dina sabat, mujijat-mujijate Gusti Yesus nyarasake wong lara, nguripake wong mati lan panguwaos liyane dadi citraning Gusti ngasta panguwaose Sang Yehuwah Allah Sang Rama. Piwulange Gusti ing gunung, dadi kawigatene wong sajagad, para pandhereke lan malah sing padha sengit marang Gusti Yesus bae iya padha ngudi nyinau piwulange Gusti ana ing gunung iku. Apa kita kabeh ora kepengin ngerti ?
George Ford
Buku Sugenge Gusti Yesus jilid papat, kena ingaran mbabar pangeram-eram merga kebak mujijat. Para wong Parisi sing sejatine gething marang Gusti Yesus, uga dirawuhi. Semono uga marang wong kafir. Dhemit sing nyurupi uwong katundhung lan mujijat liyane kababar ing buku iki. Ngeram-eramake banget ! Apa ta sababe Gusti anggelar panguwaos iku? Lan apa maknane? Ayo disinau kepriye piwucale Gusti bab iman, bab agama lan bab sucining ati. Wong mati katangekake, wong limang ewu diparingi mangan mung saka roti lima. Iki kabeh apa hikmat lan maknane ?
George Ford
Buku Sugenge Gusti Yesus jilid lima, mbabar lan medhar bab agung sarta kautamane Gusti Yesus. Minangka para murid, kita kabeh bakal antuk paugeran wigati, patrape dadi murid iku kepriye. Dadi wong Kristen iku kepriye – lan sateruse. Sapa sejatine Gusti Yesus iku, dene kamulyakake ana gunung Suci sarta ana paseksining Pangeran Yehuwah kang ngandika. Kagungan panguwaos ngapura dosa, sejatine ngagem panguwaos apa Gusti Yesus iku ? Werna-werna piwucale, nganti Gusti Yesus iku sinebut Pangon Kang Utama.
George Ford
Rawuhe sang Juru Slamet ing jagad iki, nggoleki sing ketriwal. Kagungan sipat ka-Allahan, Manungsa sejati lan suci tanpa dosa. Mula sembada jumeneng Juru Wilujeng. Banjur nyucekake Bait Allah, yaiku Padaleman Suci Yerusalem. Semono eloking panguwaose. Ingatase wis pirsa menawa mlebu Yerusalem bakal ketemu karo para wong Parisi lan Yahudi sing padha nglawan nanging tetep rawuh. Pancen wis dadi karsane, Gusti mlebet kitha Yerusalem. Nyucekake Padaleman Suci lan mranata Bujana Suci. Ing buku Sugenge Gusti Yesus jilid enem iki kita bisa sinau maknane kang luwih jero.
George Ford
Buku Sugenge Gusti Yesus jilid pitu, medhar bab sedane lan wungune Gusti Yesus. Seda sinalib ing Golgota, sawise diadili kanthi daksiya, nanging kagungan panguwaos bangkit, wungu saka seda. Kenangapa Gusti kudu seda? Upama Gusti ora kasalib, dadine kepriye? Yen Gusti ora bangkit, ora wungu saka seda, nasib kita kepriye ? Ana piwulang, lamun Gusti ora seda lan ora kuwaos wungu, ora ana gunane dadi wong Kristen. Kepriye katrangane bab kuwi mau kabeh. Buku iki perlu disinau.
Iskander Jadeed
Buku cilik cekli tinulis dening Iskander Jadeed irah-irahane: KUDU TUMINDAK APA SUPAYA MESTHI RAHAYU ? Prayoga dadi kagungan panjenengan lan diwaos, sarta disuraos kanthi premati. Ngandharake bab karahayon sejati, unggul merga antuk pangluwaran saka Gusti Allah. Kuwi pakaryane Sang Juru wilujeng. Ing jagad iki saben titah mbutuhake kaslametan. Sapa bae, sing pniter, sing bodho, sing sugih sing meskin, suku lan bangsa apa bae, mbutuhake wilujeng. Amrih rahayu, buku iki medhar katrangan.
Iskander Jadeed
Pandonga iku dadi napas uripe wong kang ibadah lan ngabekti marang Gusti Allah. Ngaturake pandonga, ora kena mung angger muni. Apa maneh mung melu-melu anut grubyuk. Kudu kanthi urmat lan kayekten, nyondhongi panuntuning Rohing Allah. Buku iki dadi panuntun, kepriye ndedonga sing becik lan bener. Kepriye supaya pandonga tinarima dening Gusti. Kabule pandonga iku kepriye. Carane kepriye, aturane laku kaya ngapa lan sedinane kaping pira ndedonga iku, banjur katujokake marang sapa. Supaya pandonga kabul, sapa sing nanggung – katrangake uga ing buku cilik cekli iki.