Kembali ke ikhtisar item
SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

Buku VI - GUSTI YÉSUS TINDAK MENYANG YÉRUSALÈM

George Ford

(Diterjemahkan dari bahasa Inggris)


GUSTI KRISTUS NGGOLÈKI KANG KETRIWAL

Para wong Farisi lan para ahli Torèt, ndakwa marang Gusti Yésus srawung lan mangan bebarengan karo wong dosa. Mulané Gusti Yésus banjur memulang kanthi pasemon telung werna, kanggo mratélakaké menawa rancangan lan karsaning Allah, anggoné nyebar katresnaNé Gusti ora bisa kabendung déning dosané wong. Menawa bibit katresnan kang kasebar ora dirusak déning trekahing Sétan, katresnané Gusti Allah bakal saya wuwuh-wuwuh ngrembaka. Lan Gusti Allah tansah ngersakaké supaya umat manungsa nemu kawilujengan langgeng. Para wong tuwa, lumrahé duwé sikep padha sajroning ngadhepi para anak kang kesasar lakuné. Tansah diantu-antu baliné. Gusti Allah uga nggatosaké banget marang para wong kang tumiba ing kaluputan lan nyandhang dosa, supaya mratobat. Semono uga para wong bener, uga kudu mèlu nggatèkaké , kanthi kabungahan.

Wedhus Kang Wus Ilang

Ing sawijining dina akèh pegawé pajeg lan wong sing dianggep ala déning masarakat, padha teka ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus. Wong Farisi lan para ahli Torèt banjur padha pating kedumel, pangucapé: “Yésus kokgelem nampani wong ala malah gelem mangan bareng karo wong kuwi.” Mulané Gusti Yésus nuli maringi pasemon mengkéné: “Saupama ing antaramu ana wong sing duwé wedhus gibas satus sing siji ilang; apa sing ditindakaké déning wong mau? Wong mau mesthi bakal ninggal wedhusé sing sangang puluh sanga ana ing pangonan, sarta lunga nggolèki wedhus siji sing ilang mau, nganti ketemu. Bareng ketemu wong mau bungah banget; wedhusé nuli dipanggul, digawa mulih. Sawisé kuwi wong mau nuli ngundangi tangga- teparoné, padha dikandhani: ‘Aku bungah banget, déné wedhusku sing ilang saiki wis ketemu. Mulané ayo padha bungah-bungah.’ Ngandela, kaya mengkono uga kaanané ing swarga. Para malaékat bakal padha bungah banget merga ana wong dosa siji sing mratobat, ketimbang karo wong sangang puluh sanga sing ora susah mratobat.” ( Lukas l5: l-7 ).

Piwulangé Gusti iki pasemon kang awujud pitakonan. Ing antarané wong akèh sing duwé wedhus satus mangka ilang sing siji, sapa sing ora ninggal sing sangang puluh sanga ing pangonan, banjur lunga nggolèki sing ilang nganti saketemuné?

Semuné Gusti Yésus nyaruwé para pinituwa Yahudi, minangka pangoning bangsa, nanging nglirwakaké ayahan. Déné ora nggolèki sing ilang, yaiku umat kang wus nyingkur Gusti Allah. Malah rumangsa marem déné isih duwé sing sangang puluh sanga mau. Dianggep sing ilang mau ora ana pengajiné, amarga mung siji. Ing pasemon iku kagambar anggoné Gusti Yésus nggolèki wedhus kang ketriwal amarga ringkihé, kanthi katresnan diupadi déning Gusti. Kanthi setya, sing ilang mau dadi sing utama banget, béda karo wedhus liyané sing ora ketriwal Gusti kepéngin banget bisa ngemban mbopong wedhus sing ilang mau lamun wis ketemu banjur kapanggul dikanthi mulih. Sajroning omah bakal ana pista kabungahan, merga ana siji sing mratobat. Gusti Yésus bisa nerangaké bab swasana kabungahan ing swarga. Apa sababé?

Amarga Gusti priksa kahanan sing sabenere. Wiwit sekawit Gusti Yésus nunggil Sang Rama ing swarga. Tumurun marang bumi uga saka pangkoné Sang Rama kaswargan. Wedhus sangang puluh sanga sing ora perlu mratobat iku, ngibarataké sapa? Sing mesthi kuwi dudu para malaékat. Manut andharané Rasul Paulus, mengkené:

Ora ana wong kang bener, siji baé ora ana. Ora ana wong siji-sijia kang duwé budi. Ora ana wong siji-sijia baé kang ngupaya Gusti Allah. Kabèh wong padha nylèwèng, kabèh tanpa guna, ora ana kang gawé becik, siji baé ora ana. ( Roma 3: 10-12 ).

Yèn mangkono sapa sing kaibarataké wedhus sangang puluh sanga iku? Menawa kita kabèh anggambaraké menawa kuwi kita kabèh awaké dhéwé kabèh iki, ateges kita banjur rumangsa bener. Mangka sapa sing bisa nindakaké kabeneran ? Ora ana. Pancèn, sangang puluh sanga kuwi, kahanané manungsa sing padha rumangsa ora duwé dosa, amarga wis ngrasuk agama. Ngerti saréngat lan padha ahli bab surasaning kitab. Rumangsa luwih suci katimbang para petugas tarik pajeg, luwih becik katimbang wong Samaria, luwih resik katandhing karo nglakoni maling colong jupuk. Wong kang uripe wus agamawi. Sejatiné ya kuwi sing dipikir lan dirasakaké déning para ahli kitab lan para Farisi sarta para tokoh Yahudi. Padha wis rumangsa bener suci, mula ora perlu mratobat.

Loh, yèn mengkono sejatiné isih perlu mratobat, amarga anggoné rumangsa bisa, apa bédané karo sombong angkuh, kementhus lan kemaki? Bener. Pancèn isih kudu mratobat kabèh. Nanging Gusti luwih ngutamakaké kang ringkih lan kesingkang-singkang, sing bodho lan ketriwal, sing ngrumangsani yèn lakuné ora suci. . Sing ilang malah sing banget digatosaké. Upama bisa kétemu, bakal njalari swarga pista. Kabungahan pista kasebut, kakersakaké bisoa nenangi wedhus sing sangang puluh sanga sing ora ilang mau, bisa dadi sadhar. Krasa lan rumangsa yèn sejatiné uripe kebak dosa, banjur enggala mratobat uga. Anggoné ngutamakaké sing ilang, kakersakaké uga supaya njalari sing ora ilang uga saya diwasa sarta saya manteb pamratobate, kanthi iman lan andhap asoring ati.Umat sing wis rumangsa becik, yaiku sejatiné ilang uga saka bebener.

Kaya anak mbarep sing ora ilang kuwi, kaya uga kita kabèh sing rumangsa ora nilar Gusti, lamun kadang liya mratobat lan ditampa kanthi katresnan déning Sang Rama, aja banjur mèri. Aja malah brontak lan ngresula. Banjur ngundhat-undhat kaya-kaya lelabuhané kok ora ana ajiné. Mangka sejatiné ora mangkono.

Ana manèh sikeping pasamuwan, lamun ana wong mratobat banjur dadi rembug dadi gunem. Mangka sing padha ngrembug uga ora resik. Malah isih nutupi dosa dosané. Rumangsa becik amarga ora ana sing ngonangi dosané. Balik kang disipati ngakoni kaluputan malah dianggep sesawangan kang isi kanisthan.

Pasemon Dhuwit Dirham Kang Ilang

“Yèn ana wong wadon sing duwé dhuwit dirham sepuluh, mangka ilang siji, wong mau apa ora nuli nyumed lampu lan nyaponi omahé, banjur nggolèki kanthi njlimet, nganti dirham sing ilang mau ketemu? Bareng wis ketemu, wong wadon mau nuli bakal ngundang kanca-kancané lan tangga-teparoné, padha dikandhani: ‘Ayo padha bungah-bungah karo aku, sebab dirhamku sing ilang saiki wis ketemu.’ Ngandela, kaya mengkono uga para malaékaté Allah bakal padha bungah-bungah, yèn ana wong dosa siji waé sing mratobat.” ( Lukas l5: 8-10 )

Ing pasemon iki, Gusti Yésus nyariyosaké kadadeyan kang bisa dumadi ing urip padinan lumrah. Ana wong wadon duwé dhuwit dirham sepuluh, nanging ilang sing siji.

Ing pasemon iki Gusti paring piwulang, iba ajiné wong dosa siji, kang ditresnani déning Gusti Allah amrih wilujeng. Salaras karo surasaning Mazmur 24: l, Sang Raja kang kagungan gumelaring langit lan bumi, nemahi lelakon kélangan. Kélangan kagungané kang ketriwal, awit samubarang kabèh lan saisiné iku kagungan Sang Raja Agung mau. Sing ilang digolèki mrana mrené, bareng ketemu njalari bungah banget. Saka banget renaming nggalih, wong liya uga diajak pista bungah-bungah, supaya saya akèh kang mèlu ngrasakaké kabungahan iku.

Ana sing nafsir, menawa Gusti medhar pangandikan bab Gréja. Amarga Gréja, uga kagungané Gusti kang duwé ayahan nggolèki kang ilang, kanthi pitulungané Sang Roh Suci, Gréja nggolèki kang ketriwal ing satengahing jagad kang kebak dosa. Wong wadon mau nyekel lampu, yaiku pepadhang. Kaya Gréja madhangi jagad sing peteng. Masmur ll9: l05, ngendika: Sang Firman, iku pepadhang ing sangareping laku lan sing madhangi dalan. Krasa uga, menawa Gréja angucap: “ dirhamku sing ilang” – iku sejatiné amarga saya akèhé warganing pasamuwan kang ora nindakaké apa-apa kanggo sajroning ngibadah lan ngabekti marang Allah. Pasemon kuwi mulangaké, sejatiné keslametané wong akèh kang padha nyuwun kapitulungan iku, awit saka pakaryané Sang Roh Suci lan iku rancanganing Gusti Allah. Gréja sejati iku, ora gumantung marang apa sing ditindakaké wargané. Nanging gumantung apa pakaryané Gusti Allah piyambak.

Pasemon Anak Kang Ilang

Gusti Yésus mbacutaké enggoné ngandika: “Ana wong duwé anak lanang loro. Anak sing ragil matur marang bapakné: ‘Bapak, keparenga kula nyuwun bagéan kula saking sedaya ingkang badhé panjenengan warisaken.’ Bapakné mau nuli mbagé barang darbèké marang anaké loro. Let sawetara dina menèh anak sing ragil mau nuli ngedoli barang darbèké sing dadi bagéané. Nuli lunga menyang negara manca, dhuwité digawa kabèh. Ana ing kana dhuwité diebrèh-ebrèh, dienggo nguja kasenengané, nganti dhuwité mau entèk ludhes.

Kacrita ing negara kono ana pailan gedhé, mangka bocah mau wis ora duwé apa-apa. Mulané nuli mondhok ing omahé wong pribumi, lan dikon nyambut-gawé ana ing panggonané wong mau, ngrumati babi. Sarèhné ora diwènèhi pangan, bocah mau kaliren. Kaya apa kepénginé maregi wetengé srana ampas, sisa pangané babi. Éwasemono ora ana wong sing mènèhi. Bocah mau nuli éling marang kaanané dhéwé lan nggrahita: ‘Buruhé bapakku pirang-pirang, lan kabèh padha bisa mangan sawaregé, mangka aku ana ing kéné nganti kaliren. Apiké aku dakbali menyang dalemé bapak, karo matur: Bapak, kula sampun damel dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak. Mugi dipun anggep berah kémawon.’ Bocah mau nuli ngadeg, banjur mulih menyang omahé bapakné.

Nalika isih adoh, bapakné wis weruh klédhangé anaké. Bapakné mau trenyuh atiné merga saka welasé. Anaké nuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi. Bocah mau nuli matur: ‘Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng Gusti Allah lan dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak.’ Nanging bapakné nimbali para abdiné lan didhawuhi mengkéné: ‘Énggal njupuka jubah sing apik dhéwé lan enggokna. Drijiné enggonana ali-ali, sarta sikilé enggonana sepatu. Nuli njupuka pedhèt sing lemu, sembelèhen. Ayo, kita padha nganakaké pésta. Sebab anakku iki wis mati, saiki urip menèh; wis ilang, saiki ketemu!’ Banjur wong saomah padha bungah-bungah. Pasemon bab anak kang ilang iku, piwulang kang ajiné utama banget. Malah ana sing ngarani iki pasemon kang gedhé dhéwé magnané saka kabèh piwulangé Gusti Yésus kang dhapur pasemon utawa ibarat lan paribasan. Ginambar ing pasemon iki, sikep lan wataking para anak ing satengahing brayat. ( Lukas l5: 11-24 )

Piwulang iki katujokaké marang para wong kang nggatèkaké piwulangé, pancèn béda karo piwulang dhapur pasemon ing sadurungé, sing sesambungan karo “sing ilang” Lan medharaké perluné saben manungsa tanggung jawab marang kamardikan ngenut kekarepan, lan prayogané bali sujud mring Gusti Allah.

Sing kabèh mau kadadeyané, amarga pancèn Gusti Allah nggolèki kang ketriwal, supaya umat padha ngertiya menawa lawanging patobat binuka, lawanging keslametan wus menga binuka. Pasemon iki mulang marang wong akèh, nerangaké kanthi wijang apa sejatiné keslametan kuwi. Jroning pasemon ana anak loro kang béda wewatekané. Iki ibarating bangsa Yahudi pilihaning Allah, padha padha putraning Israèl, nanging dadi jinis rong werna. Sing diarani anak mbarep, lan anak wuragil.

ANAK PEMBAREP, kawawas sacara hukum ( angger-angger), bakal nampa warisan rong bagéyan. Iki dadi gegambarané wong ibadah kang tansah ngudi netepi saréngating agama, kang bisa dilakoni sacara tata-lair. Apa sing umume dianggep bener, kuwi sing dilakoni. Dadi gegambarané wong ngrasuk agama kang setya ngabekti marang Gusti Allah. Nglakoni parentahing agama kanthi taliti. Katoné pancèn ora nglakoni dosa, amarga kasasaban olèhé setya tuhu marang angger-angger.

ANAK WURAGIL, nggambaraké jiwaning bangsa Yahudi kang kerep ngrèmèhaké urip suci, lan ora manut marang angger-anggering agama. Duwé watak nglawan marang Gusti Allah, nuruti pikirané sing dianggep bener. Rumangsa duwé wenang marang warisan duwéké wong tuwané, ngibarataké watakYahudi ngendelaké dupeh turun Abraham, Iskah lan Yakub. Rumangsané otomatis mlebu swarga. Wani ngedoh saka Gusti Allah, ora narima marang sih palimirma lan peparinge Gusti Allah. Amarga adoh saka Gusti Allah, anak wuragil mau uga adoh saka urip tentrem, adoh saka rasa aman, sarta ora ngrasakaké kabungahan. Kuwi merga ngrèmèhaké Kitab Suci Allah. Ibadahé uga sakepenaké dhéwé, nggugu karepe lan ngenut beneré dhéwé. Mula uwohé, uripe adoh karo kulawarga, adoh karo samubarang kang becik, ora wanuh masarakate.

Sing enom banjur lunga, misah saka brayat, adoh saka pangopening wong tuwa, ora kabagéyan berkhing nagri, lan misah ora nunggal karo padha seduluré sing mung siji. Ora nyambut gawé manèh mbiyantu bapaké, amarga malah lunga. Tegesé warisané ora wuwuh, ora ana tambahé. Bakal nmgatur uripe dhéwé, tanpa pengaruhé wong tuwa. Misah adoh saka omah, kepéngin urip bebas, golèk seneng bebarengan karo wong-wong bebas sing ora ngerti Sabdaning Allah. Malah, sepira kang bakal dadi hak warise, dijaluk sisan kanggo sangu lunga. Rumangsa duwé hak, nyuwun diparingi haké, sandang pangan yaiku warisan saka wong tuwané sacukupe. Senajan wong tuwané isih urip.

Kuwi dadi ibaraté uga wong masamuwan ndhèrèk Gusti, lon-lonan anggoné misah saka pasamuwan, kaya kaya lakuné bener uga. Ngenut karepe dhéwé. Pungkasané ilang temenan tanpa tilas, tanpa uwas golèk bebas, adoh saka wong tuwa sing isih urip. Senajan wong tuwané sedhih, nanging atiné mongkok déné kelakon bisa bebas. Semono uga patrape wong Kristen kang ninggal pasamuwan patunggilané karo Gusti, gawé sedhih nelangsané Allah Sang Rama. Nanging manungsa ora rumangsa gawé dosa.

Wong ngabekti iku adhedhasar iman, wong dislametaké iku merga anggoné pracaya. Nanging ana kunci kang luwih kasimpen sajroning iman lan ibadah iku, yakuwi manut mbangun turut setya tuhu marang dhawuhing Allah. Perlu anané “ketaatan.” Sang rama ora meksa anaké kudu manut, mula banjur dililani panyuwuné, senajan kaya-kaya meksa marang Sang Rama. Malah warisan kadonyan uga kepareng digawa lunga kanggo sangu. Iku isi piwulang, menawa sajroning wong Kristen nekad srawung karo wong dosa, uga isih diparingi berkah sangu kadonyan kaya kang disuwun kanthi wangkot. Nanging peparing iki, dudu wujuding kabungahané Sang Rama.

Ing papan anyar anggoné ngumbara golèk kebebasan, wis ora ana sambung batin manèh karo kulawargané. Ing kono lepas bebas, sawetara olèh seneng, ngentekaké dhuwit warisan kang wis ditampa sanajan durung wanciné. Bisa nuruti hardaning hawa nepsu, golèk mareming ati, nganti barang darbeké entek gusis, ora duwé apa-apa manèh.

Ing papan anyar kono ana paceklik. Ekonomi dadi krisis. Nalika isih sugih bandha kae akèh mitrané, nalika wis mlarat sing biyen mitra saiki dadi keras lan tanpa welas. Ora ana sing gelem nulungi. Uwohé urip nggegampang lan sembrana, saiki dadi miskin banget, rekasa lan sengsara banget. Arep mangan sadinané baé wis ora duwé jagan. Mangka iya ora duwé pagaweyan. Malah nganti nyambut gawé dadi tukang makani babi, ing peternakan babi duwéké juragan. Ngopèni kewan najis manut agama Yahudi kuwi baé wis dadi cacat agamawi. Nanging anggoné kepéngin nahan urip bisané mangan, kepeksa nyambut gawé ing kandhang babi, dilakoni. Saking luwené, nganti kepeksa mangan sisaning pakan babi. Kasengsaran nganti tekan semono, para kenalané kang padha ngancani nalika isih sugih dhuwit dhek semana, ora ana sing aweh pitulungan. Ngrasakaké urip bebas, kawitané kaya njalari seneng. Nanging pungkasané peteng. Sing diarep arep ing uripe kabungahan, nanging sing diundhuh kasusahan.

Gusti Allah asring ngagem kasusahaning urip, kanggo pepenget supaya umat manungsa eling marang Panjenengané. Nanging ana sing akibate malah ngedohaké umat marang Gustiné, tumrap kang imané ora kuwat kauji. Manungsa pinaringan rekasa sawetara, kanthi ancas supaya sadhar. Nanging saka trékah polah tingkahé manungsa dhéwé, kasengsaran oara nguwahaké patobat, nanging nukulaké laknat. Sing diundhuh rekasa, merga sing ditandur uga piala. Yaiku anggoné nuruti karep kamanungsan.

Bocah enom iku, thukul kasadharané, merga saka anggoné nandhang sengsara kang kaluwih-luwih. Rahayu kang isih kelingan marang wong tuwané. Ana katemtuan ing sajroning atiné, kepéngin bali nunggal karo bapaké. Ana keyakinan sajroning atiné, yèn wong tuwané mesthi bakal paring apura. Kanthi andhap asoring ati, wong enom mau mratobat. Ngadeg lan banjur mulih menyang omahé wong tuwané. Kewetu paseksiné: “ Rama kawula sampun damel dosa dhateng swarga lan ingarsa Panjenengan.”Gunem iku mratélakaké, menawa dhéwéké ora mung gawé dosa marang wong tuwané, nanging malah wus nglawan marang Gusti Allah.

Tulusing ati pamratobat, wong anom mau saguh dadi batur ngabdi marang wong tuwané. Didadekaké apa baé bakal tinampa kanthi suka bungah. Sing diancas siji, yaiku warisan katentreman manggon ing omahé wong tuwané bisa didarbeki manèh. Sejatiné, tumindak nglawan bapa kuwi, bakal nampa paukuman katundhung saka kulawarga. Nanging tatag atiné, ngadeg lan gedhé imané, pengarep-arepe menawa bapaké bakal ngapura. Mulih lan banjur mratobat, ngakoni gedhéning dosa lan kanisthané.

Iman sing kaya mengkono iku perlu banget tumrap sawijining patobat. Mratobat tanpa iman salugu, ibaraté wadhah kothong. Amarga ora bakal olèh keslametan. Anggoné kepéngin mulih marang bapa, ora mung teori, ora mung angen-angen. Nanging kawujudaké temenan, ngadeg lan mulih marani bapaké. Kaya mangkono iku sing bener, jalaran, gegayuhan sing becik dikaya ngapa, yèn ora kaujudaké ing laku, tanpa guna.

Ulihe bocah ilang mau, tekan ing palataran kang jembar. Saka kadohan weruh yèn bapaké nyawang tekané. Bapaké banjur ngadeg lumayu nemoni tekané ulihé anak banjur disikep dirangkul bakuh, nelakaké kangen banget. Kelingan nalika anaké mangkat lunga ninggal kulawarga, metu ing dalan kuwi, diarep-arep baliné mlebu ing dalan iku uga. Lan wanci iku kelakon. Anaké mulih. Dipandeng, njalari kabungahaning ati. Malah nalika weruh anaké teka, ngadeg lumayu lan diambungi ingkang putra mau. Gusti Yésus nggambaraké anggoné Gusti Allah ora sabar bakal nresnani lan paring apura. Nalika umat manungsa mratobat, lan precaya marang pitulungané, Gusti Allah nyupekaké dosa-dosa kang wus kawuri, ora ngundhat-undhat manèh kanisthan wingi-wingi, malah sing mratobat dikudang dikasihi. Anaké dirangkul, ing penganggo kang suwek rowak-rawek. Saklebatan anak kang ilang lan bali mulih manèh kuwi, luwih kagatosaké déning ramané, katimbang karo kawigatené marang anak kang ora minggat, kang setya tuhu olèhé ngabdi marang ramané. Malah sigra digawekaké pista, mbeleh pedhet sing lemu.

Pangapuraning dosa kang tanpa sarat-sarat, lan ora ngentèni kwalitas sarta ajining patobat, apa pamratobat tumemen apa mung lelamisan. Pangapura wus kaparingaké. Pangapuraning dosa pinaringaké marang para kang percaya lan mratobat, kawitané pancèn ngluwihi setya tuhuning pamanut lan pambangun turute wong ngrasuk agama.

Bocah enom kuwi, gedhé tekade anggoné bakal mulih marang bapaké, senajan rumangsa wis gawé dosa gedhé, wis adoh anggoné nyimpang dalan ninggal bapaké. Tekan ing tengahing ara-ara samun rohani, wis nglawan lan ora nggubris wewaleré bapa, nanging tetep teguh imané, bakal mulih nyuwun pangapura marang bapa. Lan sanyatané, kabungahané si bapa, ngluwihi dhuwuré patobate putra. Berkat luwih gedhé katimbang pamratobate manungsa. Tresnané Gusti Allah luwih gedhé karo pangabektiné umat. Penganggo sing amoh rusak, disalini jubah anyar.

Sing maune saguh dadi baturé bapa, malah bapaké wis paring paréntah marang para abdin liyané, supaya haké minangka anak dipulihaké manèh, lan hak warisé ditikelna kaping pindho. Sacara rohani, salaras karo kang tinulis déning Nabi Yésayah tumrap para wong kang mratobat, penganggoné bakal disalini jubah. Kuwi “jubahing kayektèn” – kuwi “penganggo keslametan” ( Yes 61: 10 ). Malah marang drijiné dienggoné ali-ali, kaya déné talining tresna langgeng ing kraton langgeng. Lambanging waluya jati pulih dadi putra kang nampa katresnan lan apuraning dosa. Iku pakaryané Roh Suci saka kamulyané Sang Juru Wilujeng, ya Gusti Allah piyambak sumbering urip langgeng. Iki gegambaraning berkah tumrap wong kang mratobat, digawekaké pista dhahar kembul, minangka liruné kasengsaran kang wus dilakoni, ganti pista kamulyan lan kabungahan. Kena ngapa diadani pista gedhén? Pangandikané bapa: “ Amarga anakku kang wis mati, lan saiki dadi urip manèh.” - Wong kang kesasar lumaku ing dalan jember, iku prasasat mati sacara moral lan rohani. Anggoné lunga minggat saka omahé bapa, iku sejatiné gegambaran “pati jasmani” kang saben uwong bakal ngalami. Lan nyatané, saben uwong uga wus nglawan lan ninggal daleme Sang Rama kaswargan, wis milih mèlu si Iblis. Iki mati moral lan mati rohani. Mulihé si anak, ngemu teges, umat manungsa uwal lan lepas saka pangancaming pati langgeng naraka, merga kaapura dosané, pinaringan swarga. Iki kabèh merga saka pangurbanan tresnané Gusti Allah marang jagad, nganti masrahaké ingkang putra ontang-anting – Sang Kristus Yésus dadi kurban sinalib ing Golgota. Ya panebusing dosa kurban salib iku, kang nguwalaké manungsa saka pati langgeng.

Si Pambarep Kang Setya Tuhu Ngabdi Marang Bapa

Nalika semana anak sing mbarep isih ana ing pategalan. Bareng mulih lan saya cedhak ing omahé, krungu swarané gamelan lan sindhénan. Bocah mau nuli ngundang sawijining abdi, sarta takon: ‘Ing omah lagi ana apa?’ Wangsulané abdi mau: ‘Ndara, keng rayi sampun wangsul! Pramila ingkang Rama lajeng dhawuh mragat lembu ingkang saé piyambak, awit putranipun sampun wangsul kanthi wilujeng!’ Bareng krungu aturé abdi kuwi, anak sing mbarep mau nepsu banget, lan ora gelem mlebu omah. Bapakné nuli metu nemoni sarta ngarih-arih anaké sing nepsu mau. Nanging anaké malah matur: ‘Pinten-pinten taun laminipun kula nyambut-damel setengah pejah kagem Bapak, mekaten ugi kula mboten naté mbangkang ing dhawuhipun Bapak. Éwasemanten menapa Bapak naté maringi menapa-menapa dhateng kula? Ménda ingkang supados kénging kula anggé bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula, setunggal kémawon mboten naté. Nanging pun ragil menika sampun nelasaken bandhanipun Bapak sedaya kanggé nyundel, mangka saweg kémawon dhateng, Bapak sampun mragataken pedhèt lemon kanggé piyambakipun.’ Bapakné nuli mangsuli: ‘Anakku, enggèr, kowé kuwi rak salawasé ana ing kéné karo aku. Déné apa saduwèkku kuwi rak iya duwèkmu. Wektu iki wis samesthiné kita kabèh padha bungah-bungah, sebab adhimu wis mati urip menèh, wis ilang, ketemu!’ “ (Lukas 15: 25-32 )

Ing ndonya iki kaya-kaya lumrah banget, nalika sajroning omah ana pista mistakaké anak, anak liyané utawa famili liya gawé prekara. Sing nesu, sing mèri lan ngganggu kaleksanané pista mau. Mengkono iku ing ndonya lumrah. Semono uga ing omahé bapa kang nemu manèh anaké sing ilang, nalika gawé pista ya ana baé sing gawé gendra. Anaké sing gedhé, si pambarep, muring-muring. Nesu lan kepara gedhé mèriné.

Sang pambarep, nalika mulih saka tegal sawah, kaget. Kok ing brayat ana pista bungah-bungah. Acarané apa ora cetha, sadurungé kok ora ngerti. Watak srei, sirik, wiwit thukul ing atiné si mbarep. Dhéwéké ora banjur mlebu omah, malah nyeluk sawijining abdi, banjur takon. “ Ana pista apa, kanggo sapa ?” – Pitakoné karo getem-getem. Ngumbar roh kanepson, atiné runtik isi mèri. Malah ora gelem mlebu omah nunggal ing pista kabungahan mau. Banjur misah saka karameyan, ngedoh karo sedulur.

Para maos, Gusti Yésus mulang kanthi pasemon iki, anggambaraké menawa anak ilang kuwi kalebu wong-wong sing dianggep nistha lan dianggep wong dosa déning para wong Yahudi kang setya ngrasuk agama. Anak kang ilang iku kalebu, para tukang tagih pajeg, wong dosa, para wanita lenjeh lan para kang laku maling. Kuwi anak ilang. Gusti Allah nimbali supaya “wong ilang” padha mratobat, lan mlebu ing pista kaswargan.

Kosok baliné, anak pambarep, anggambaraké wong kang katon anggoné ngrasuk agama saka tata lair, kang padha duwé watak mèri. Ora seneng yèn ana wong ala salin watak dadi becik. Tansah sujana lan ulate nyrengungus, nelakaké olèhé ora seneng. Sing katon mung lupute wong liya terus. Kaya si pambarep kang tansah ngeling-eling lupute adhiné kang minggat lan ngentekké bandha warisan. Kuwi sing digethingi banget, kaya-kaya tanpa ana pangapura manèh. Brontak marang bapaké kanthi gunem: “ Putra panjenengan ingkang sampun ngrisak lan nelasaken bandha, ingkang gesang sesarengan kaliyan wanita-wanita palanyahan …!” Si pambarep ora nyebut ora nyenggol jenenge adhiné. Nanging ngarani adhiné si “mursal” banget.

Pancèn, guneme si pambarep iku ana kanyatahané. Senajan dudu kanyatan kang sampurna. Gunem kang mung nyawang cacating liyan, lan cacate dhéwé ora katon. Si pambarep ora nganggep lamun adhiné kang ilang iku mratobat kanthi temen. Marang si bapa, sang pambarep mratélakaké olèhé Setya tuhu ngadi marang bapa, lan pangabden mau wus suwé mataun-taun. Mangka durung tau digawekaké pista, la kok malah bocah mursal kang ngentekké bandha donya lagi baé mulih dipestakaké? Aturé marang bapa: “ Mataun taun kula ngabdi dhateng bapak, kala menapa kula nglawan dhawuh angger-angger ?” - Si pambarep rumangsa yèn lakuné wis bener. Lan kawetu guneme ngresula: “ Dereng nate kula panjenengan paringi cempé setunggal.” – Mengkono anggoné melehaké si Bapa, amarga wis suwé rumangsa leladi marang wong tuwa, mangka ora nampa sembulih lan bebungah kang rupa hadiah. Sikep sabanjuré, si pambarep emoh nunggal wong tuwa lan sedulur. Aluwung lunga, metu lan ngedoh saka omah. Kanthi ati nesu, banjur lunga kanthi ati mèri. Watak iki kang tansah mrebawani rohé, jiwané owah dadi angkuh sombong lan kumengsun.

Senajan dikritik, senajan dilawan – si Bapa ngrerepa anaké. Ngarih arih ingkang putra kanthi asih, pangandikané: “ Kowé rak tansah awor nunggal karo bapak saben dina. Apa sing dadi duwékku iya duwékmu uga angger.” - Pangandikan iki, nelakaké sipat watak Illahi, kang ora nahan maringaké asihé marang wong kang sanajan nglawan lan wangkot. Sing angkuh sombong lan atiné atos, isih ditresnani lan diarih-arih amrih mratobat. Sejatiné katresnané bapa isih luwih gedhé yèn katandhing karo marang si wuragil. Sejatiné sing dikarsakaké Gusti Allah marang umat manungsa, ora béda karo sikepe wong tuwa marang anaké pambarep lan si wuragil. Yaiku supaya mratobat. Mandheg saka laku dosa, lan ora nindakaké kanisthan manèh. Kaya para wong dosa sarta juru mupu béya ( tukang tagih pajeg ), kang banjur manut ndhèrèk Gusti Yésus.

Ing wulang pasemon iki, ora dingendikakaké bab mratobat lan orané si pambarep. Yèn si pambarep mau tinemu ana ing wataké para wong Farisi, nyata malah nglawan Sang Kristus. Yèn anak pambarep mau anggambaraké wong Yahudi lan sapa baé kang ngendelaké dupeh wus ngrasuk agama, nyatané wong Yahudi kang nyalib Gusti Yésus. Sing wis luwih dhisik lair dadi mbarep lan ngrasuk agama, kalebu wong Farisi kang ahli kitab Torèt, sarta saperangan gedhé ulama Yahudi, sanyatané padha nampik Gusti Yésus. Yèn ana pamratobat, mesthiné ora bakal kelakon masrahaké Gusti Yésus marang pengadilané Pilatus lan Hérodès. Buktiné malah tumindah kejem marang Gusti Yésus. Ing jaman saiki, bisa uga si pambarep iku maujud ana ing sikep sombong angkuhé wong kang rumangsa : Luwih suwé olèhé dadi Kristen. Wis baptis wiwit cilik. Akèh pagaweyané kang ingaran leladi marang Gusti, rumangsa tansah ana ing “ pelayanan.”

Bisa uga maujud dadi wong sing rumangsa sugih jasa kanggo Gréja lan pisungsungé akèh ngluwihi wong liyané. Bisa uga kuwi para pambarep. Yèn padha gelem jujur, sejatiné manungsa asring banget nandhing-nandhingaké kwalitas kekristenané karo wong liyané. Banjur rumangsa becik. Pancèn kasetyané ana, ibadahé katon, pangabektiné disekseni déning wong akèh. Nanging Sang Rama kaswargan priksa yèn sajroning atiné ora ana lembah manah lan andhap asore. Rumongsa becik, rumangsa uripe aji, mangka sejatiné sikep uripe kleru kebak rasa mèri.

Methik sarining piwulang.

- Watak angkuh lan sombong merga rumangsa akèh lelabuhané marang Gusti Allah, malah dadi jurang ngedohaké sesambungané karo Gusti Allah.

- Wong kang rumangsa wis bisa nglakoni bebener, kang rumangsa bisa dadi pantes ing ngarsané Gusti Allah, watak iki ngaling-alingi tumuruné karahayon langgeng peparingé Gusti Allah.

- Akèh ing jaman saiki wong kang wataké isih memper lan padha karo watak Farisi lan Yahudi, kang ngendelaké saréngat tata lair kang agamawi.

- Tumrap Gusti Allah, yèn wong dosa kesasar lakuné ora gelem ditimbali mulih lan mratobat, mujudaké kélangan gedhén tumrap swarga.

- Nanging yèn wong dosa ninggal “ara-ara samun” rohani lan mulih nunggil karo “Sang Rama” – iku dadi kabungahan gedhé tumrap Kratoning Swarga.

- Iba sabar lan gedhéning tresnané Gusti Allah supaya manungsa mratobat.

- Yèn ana wong siji baé mratobat, iku dadi kaunggulané Gusti Allah.

PASEMON LORO PIWULANGÉ GUSTI YÉSUS

Abdi Kang Ora Jujur

Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: “Ana wong sugih duwé Juru-gedhong. *Juru-Juru-gedhong: Tiyang ingkang dipun pitados ngreksa raja-brana.* Wong sugih mau nampa wadulan yèn juru-gedhongé ngebrèh-ebrèh barangé bendarané. Mulané nuli diundang lan dikandhani mengkéné: ‘Aku krungu bab tumindakmu sing ora bener. Saiki kowé gawéa lapuran bab mlebu metuné bandha sing dakprecayakaké marang kowé. Wiwit saiki kowé daklèrèni enggonmu dadi juru-gedhongku.’ Wong mau nuli mikir: ‘Yèn aku dilèrèni, banjur aku arep nyambut-gawé apa? Macul, aku ora kuwat, mangka ngemis aku isin. Beciké ngéné waé. Yèn aku dilèrèni, aku kudu duwé mitra akèh sing gelem ngukup aku ana ing omahé!’ Juru-gedhong mau nuli ngundangi saben wong sing duwé utang karo bendarané. Wong sing kapisan ditakoni: ‘Utangmu marang bendaraku pira!’ Wangsulané sing ditakoni: ‘Lisah zaitun satus drum.’ Juru-gedhong mau nuli kandha marang sing utang mau: ‘Wis iki layangmu utang. Saiki linggiha, gawéa layang utang liyané, lan énggal tulisen sèket drum.’ Wong sing kapindho ditakoni: ‘Lha kowé utangmu pira?’ Wangsulané wong mau: ‘Gandum satus rembat.’ Juru-gedhong nuli kandha: ‘Enya iki layangmu utang. Gawéa layang utang liyané. Tulisen: wolung puluh pikul.’

Juru-gedhong mau dialem déning bendarané, merga duwé akal sing mengkono mau, sebab wong kadonyan mono yèn ngurus apa-apa, akalé ngungkuli para wong mursid.” Gusti Yésus nuli ngandika: “Tembungku iki rungokna. Bandha kadonyan kuwi enggonen golèk mitra, supaya yèn bandha mau entèk, kowé banjur ditampani ana ing omah sing langgeng. Sing sapa tumemen marang prekara sing cilik, wong kuwi uga kena diprecaya ing prekara sing gedhé. Nanging sing sapa ora tumemen ing prekara sing cilik, wong kuwi iya ora tumemen ing prekara sing gedhé Dadi yèn kowé ora tumemen tumrap bandha kadonyan iki, sapa sing bakal mitayakaké marang kowé bandha kaswargan? Lan menawa kowé ora tumemen tumrap barangé wong liya, sapa sing arep mènèhaké barangmu marang kowé? Ora ana wong sing bisa ngrangkep ngladèni bendara loro. Sebab wong mau bakal sengit marang bendara sing siji, lan nresnani marang bendara sijiné, utawa setya marang bendara sing siji, lan ngrèmèhaké marang bendara sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah lan uga ngawula marang Mamon.” (Lukas l6: 1-13 ).

Gusti Yésus ngendikakaké pasemon sawijining juragan mecat sang bendhahara, sawisé gawé palapuran. Sababé, pegawe mau boros banget. Karo para wong tani sing dadi bawahané, sang juragan priksa pira dhuwite sing diutang ora kesaur lan mubazir. Sang bendhahara mau ora mratobat ngakoni lupute, nanging malah isih ngrancang, kepriyé sawisé dipecat amrih bisané isih bisa olèh kauntungan. Sétan sing miwiti ngajak nerak bebener, tansah nambahi dalan supaya paneraking umat manungsa saya akèh. Dosa iku nak kumanak. Sang bendhahara bakal gawé rekadaya ngakali sang juragan, senajan sejatiné kuwi luwih jahat katimbang karo watak ora jujur. Para petani diajak laku ora jujur uga. Mangka kitab Suci ngendika: Sing sapa ngajak laku slingkuh ora jujur marang wong liya, sing ngajak mau bakal olèh paukuman luwih abot. ( Lukas 17: l ). Para among tani diajak slingkuh, nandha tangani kontrak sing ora nyata. Para wong mau supaya nulis lan ngakoni menawa utange luwih sithik katimbang sanyatané. Kuwi dadi larangan agama, amarga lakuné peteng. Lakuné nistha lan slingkuh.

Sanyatané wong sing duwé akal kuwi wong sing pinter. Najan ora jujur, nanging sugih akal. Kuwi pinter, najan ora bener. Sang juragan priksa, yèn pegawené ora jujur, senajan nyatané pinter. Nanging tetep dipecat, ora merga pintere nanging merga olèhé ora jujur. Sejatiné ing pasemon iki, Gusti bakal medharaké, menawa “manungsa ing bumi iki, luwih sugih akal, katandhing karo para putraning pepadhang.

Gusti paring wulang, supaya leladi marang pepadhaning urip kanthi apa baé sing didarbeki. Luwih luwih kanggo bab kang sesambungan bab karohanèn. Nanging babar pisan Gusti ora ngeparengaké kita padha golèk bandha kanthi cara sing ora jujur. Senajan barang darbe bisa kanggo leladi marang pepadha. Saupama ana bandha ora halal kang sumelip ing brayat, enggal linepasa bandha mau kanggo pakaryan kang migunani wong liya, luwih luwih sing njalari katentreman langgeng. Iki ora ateges banjur kena golèk dhuwit ora halal, lan banjur kanggo amal. Ora mengkono. Iku tetep gawé dosa lan luput.

Sikep pegawe ing pasemon iki, nggunakaké bandha donya kanggo sabangsané besel. Kanggo golèk mitra sing ing tembe bisa ndhukung yèn diperlokaké. Anggoné golèk dhuwit ora halal, sawisé kecekel kanggo kaperluwaning kamanungsan lan ambisi.

ngatase sang pegawe mau, kanthi laku ala lan ora jujur isih mikiraké nasib tembe mburi, iba manèh wong kang padha laku becik, apa ora kudu luwih mikir bab kepriyé bisané ing tembe slamet rahayu lan tentrem? Dadi juru gedhong, dadi bendhahara, kudu kanthi wicaksana. Senajan sing diurus barang katon, barang kadonyan kang sepélé katandhing karo kang rohani. Nanging, kepriyé bisané olèh kapitayan kang gedhé ( kang rohani ), menawa kang cilik baé ( kang materi duniawi ), ora bisa dipitaya ? Sing sapa bisa diprecaya bab kang cilik baé, kuwi titikan menawa bisa dipercaya ingbab sing luwih wigati. Yaiku bab-bab kang magepokan karo babagan rohani lan swarga.

Wong Sugih Lan Lazarus

“Ana wong sugih sing tansah menganggo sarwa éndah, uripé sedina-dina méwah. Lan ana wong ngemis jenengé Lasarus. Lasarus mau awaké sekojur gudhigen, nglésod ana ing régoling omahé wong sugih mau. Karepé supaya diparingi mangan sisané, lorodan saka méjané wong sugih mau. Nanging malah diparani asu-asu sing nuli ndilati boroké Lasarus. Ora wetara suwé Lasarus mati, nuli nyawané digawa déning malaékat menyang swarga, cedhak Rama Abraham. Wong sugih mau uga mati, lan dikubur. Ana ing kono wong sugih mau nandhang sangsara luwih banget. Bareng ndeleng mendhuwur, wong sugih mau weruh Rama Abraham saka kadohan, lan Lasarus ana ing sisihé.

Wong sugih mau nuli nguwuh: ‘Dhuh, Rama Abraham! Mugi kersa melasi kula. Kersaa ngutus Lasarus nyelupaken drijinipun wonten ing toya lan nètèsaken toya wau wonten ing ilat kula, supados asrep. Kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub menika!’ Nanging Rama Abraham mangsuli: ‘Élinga nggèr, nalika urip ana ing donya kowé wis nampani samubarang sing sarwa becik, mangka Lasarus mung nampani sing sarwa ora kepénak. Saiki gentèn Lasarus nèngkéné kepénak, lan kowé nandhang ora kepénak. Kejaba saka kuwi, ing antarané aku lan kowé ana jurang sing ora kena diliwati, supaya wong saka kéné ora bisa mrono, lan wong saka kono ora bisa mréné.’

Wong sugih mau nuli matur: ‘Menawi mekaten, Rama, kula nyuwun kanthi sanget kersaa Rama ngutus Lasarus dhateng griyanipun bapak kula. Sebab kula taksih gadhah sedhèrèk gangsal. Mugi-mugi sedhèrèk-sedhèrèk kula wau mbénjing mboten sami mlebet ing papan kasangsaran menika.’ Nanging Rama Abraham mangsuli: ‘Sedulur-sedulurmu kuwi rak wis padha duwé kitab-kitabé Nabi Musa lan para nabi! Yakuwi sing kudu padha diturut!’Éwasemono wong sugih mau isih nyambungi: ‘O, Rama, menika mboten cekap. Nanging menawi wonten tiyang pejah ingkang gesang malih lan murugi sedhèrèk-sedhèrèk kula wau, temtu para sedhèrèk kula lajeng sami badhé mratobat.’ Nanging Rama Abraham mangsuli menèh: ‘Menawa sedulur-sedulurmu ora padha gelem ngrungokaké piwulangé Nabi Musa lan para nabi liyané, mesthi iya ora bakal padha precaya, senajan ana wong mati tangi saka ing pakuburan lan ngandhani wong-wong mau.’ “ ( Lukas l6: l9-31 )

Ana wulang dhapur pasemon, wong miskin sing uripe mung saka rontokaning pangan kang diwenehaké déning wong sugih. Wong miskin mau saben dina manggon ing regole wong sugih mau. Lelakon sabanjuré, wong sugih lan wong miskin mau mati. Kaya déné saben uwoh uga mesthi ngalami pati raga. Senajan gegayuhaning urip béda.

Gusti ngendikakaké pasemon kuwi dadi piwulang. Kacarita, patiné wong sugih mau ora bisa katampa ing urip langgeng swarga. Sing padha nguntapaké tekan makam akèh banget. Wong sing sugih kadonyan , pungkasané ora bisa nampa warisan surgawi.

Kosok baliné si Lazarus wong miskin mau, nalika upacara ngubur, ora dirubung déning wong akèh. Sing nguntapaké menyang kubur among warise dhéwé. Upacara agama ya ora jangkep. Nanging sukmané dipethuk déning para malaékat, tekan urip langgeng ditampa ing pangkoné Rama Abraham. Wong miskin mau mlebu swarga.

Ing naraka, wong sugih mau ngrasakaké panas perih rekasa lan sengsara, nampa paukuman. Saka kadohan nyawang mandhuwur weruh Lazarus dipangku Rama Abraham sajroning kamulyan. Wong sugih mau wis ora wani nyuwun pitulungané Gusti Allah kang wis disingkur nalika uripe ana ndonya. Mulané waniné nembung marang Rama Abraham, leluhuré para wong Yahudi. Senajan nalika ana ndonya wong sugih mau wus ngrèmèhaké lan nampik mitulungi Lazarus kanthi lumrah, nanging saiki duwé panyuwunan. Ngarep-arep supaya drijiné Lazarus kacemplungna ing banyu, lan tetesané bisaa tumetes ing ilate kanggo nyuda panas linuwih. Wong sugih iku jempalitan kepanasen, lan ngarep ngarep drijiné Lazarus tukang ngemis kuwi bisaa nelesi gurungé. Wong sugih sing biyen dijaluki rontokaning pangané déning Lazarus, saiki malah njaluk tulung marang Lazarus ngedhem rasa panas sengsarané.

Rama Abraham paring pangandikan, menawa sing dijaluk wong sugih kuwi ora bisa keleksanan, amarga wis ora ana manèh sesambunganing neraka lan swarga. Lazarus ora bisa mlembar mrono. Tur manèh, nalika isih urip wong sugih mau ora tanggap marang kaluputané déné wis ngegungaké kasugihan, lan ora nanggapi timbalané Gusti Allah. Lan saiki wanciné nampa uwohing panggawe nalika isih urip ing bumi. Kuwi pancèn kaadilané Gusti Allah, wong miskin kang urip ing bumi kanthi iman kang bakuh, wus pantese nampa kamulyan. Antarané swarga lan neraka kapisah ing jurang jero.

Ngerti menawa paukumané wis ora bisa manèh ana pangapura, nanging isih kelingan seduluré cacah lima sing isih urip ana ndonya. Panyuwuné, yèn kepareng supaya Lazarus isih bisa bali menyang ndonya, banjur ngelingaké seduluré cacah lima mau, aja nganti urip kaya wong sugih kuwi banjur mlebu naraka. Nanging padha nuruta kaya Lazarus, najan sengsara nanging bakuh imané sarta pungkasané olèh swarga.

Rama Abraham ngendika, menawa para kadangé sing isih ana ing ndonya ora merlokaké manèh baliné Lazarus. Ing bumi wus tumurun Sabdaning Gusti Allah paring panuntun lan pangapura. Manungsa ing bumi ora bisa ditarik lan diwilujengaké déning kawruh kapinteraning manungsa sapa baé, kejaba among mratobat lan manut marang Firman. Ing ndonyawus ana wulang saka Kitab Suci. Mula ora ana gunané Lazarus bali mudhun menyang ing bumi. Yèn manungsa ora ngandel marang surasaning Kitab Injil kang nyaritakaké kaélokan akèh, tetep baé upama dielingaké déning manungsa iya ora bakal pracaya. Anggoné padha ora pracaya, kuwi amarga “rohaniné picak,” – lan ora bisa ditulungi kanthi kawruh lan bukti kaélokan anyar kang sumusul ngelingaké. Wong wuta rohani, kaya pinesthi wus ora bakal bisa nyawang kaélokan, ora bisa nyawang pepadhang kang ana ing ngarepe, senajan srengengé pisan kang tumurun. Wis ora kuwat nyawang cahya suci saka Sang Pepadhang.

Wong sugih mau duwé étungan, yèn para seduluré weruh Lazarus bali mudhun menyang bumi, lan ngerti tumuruné saka swarga, bakal ngowahi seduluré dadi wong kang gelem mratobat. Ingatase biyen weruh sengsarané Lazarus, kok saiki ana ing swarga. Mangkono pikirané wong sing kadhung dadi gemblung. Nanging katrangan wangsulané Rama Abraham gawé kagete, nyata yèn Lazarus ora bakal mudhun manèh menyang bumi. Amarga kanggo pamratobating umat, ing ndonya ana Sang Sabda, ing bumi ana Kitab Suci kang kudu dienut dadi paugeraning urip. Katetepan ing akherat, ana sambung rapete karo kalakuané umat manungsa ing bumi. Ngundhuh wohing panggawe.

Mangka panggawe sing sejati bener nalika urip ana ing ndonya mung siji, nampa pitulungané Gusti Allah, gelem dislametaké lantaran Gusti Yésus. Iki karsané Allah. Golèk pantara marang para suci kang wus swarga, ora ana gunané manèh. Menawa nalika isih urip ana ndonya manungsa ora gelem mratobat, ora ana manèh dalan keslametan sawisé mati. Begja, déné kita kabèh anduwéni Gusti Yésus Kristus.

“ Satemené pituturku marang kowé, yèn wong sugih iku angel banget bisané lumebu ing Kratoning Swarga. Sepisan engkas pituturku marang kowé, luwih gampang onta lumebu ing bolonganing dom tinimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.” ( Matéus 19: 23, 24 )

GUSTI YÉSUS NGURIPAKÉ WONG MATI

Nuli ana wong kang lagi lara jenengé Lazarus, omahé ing Bétania, ing désané Maria lan Martha seduluré wadon, kang wus tau njebati sampeyané Gusti kalawan lenga wangi sarta banjur diusapi nganggo rambute. Ana déné Lazarus kang lagi iku seduluré. Wong wadon loro mau banjur kongkonan munjuk marang Gusti Yésus, mangkené: “ Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani sakit.” Gusti Yésus bareng miyarsa kabar iku banjur ngendika: “ Larané iku ora ndadekaké patiné, nanging bakal mbabaraké kaluhurané Allah, awit merga saka larané iku Putraning Allah bakal kaluhuraké.” Anadené Martha lan mbakyuné tuwin Lazarus iku, pancèn padha ditresnani déning Gusti Yésus. Nanging sawisé mirsa yèn Lazarus lara, Gusti Yésus nemaha rong ndina manèh ana ing palerebané. ( Yoh 11: l-6 ).

( PEPELING: Jeneng Lazarus ing bab kasebut, dudu Lazarus karo wong sugih, kang dingendikakaké ing wulang pasemon kae. Nanging Lazarus seduluré Maria lan Martha .)

Ana kongkonané Maria lan Martha supaya matur Gusti Yésus, atur uninga menawa Lazarus lagi lara. Panyuwunan kuwi ora kadhasaraké merga Lazarus nresnani Gusti Yésus, nanging luwih dhedhasar merga Gusti Yésus nresnani Lazarus.

Semono uga bab ayem tentrem, pengarep-arep marang kaslametan, ora adhedhasar tresnané wong dosa marang Gusti Yésus, nanging luwih kadhasaraké awit tresnané Juru Slamet marang wong dosa.

Maria lan Martha sejatiné ngerti apa bebayané, lamun Gusti Yésus rawuh manèh ing Bétania. Mulané amung ngabari bab larané Lazarus mau, lan ora nyuwun rawuhé. Mesthi uga isih padha duwé keyakinan menawa Gusti bisa baé mitulungi saka kadohan, kaya kadadeyan sing uwis. Tumrap Gusti wis cukup lamun mirsa yèn Lazarus lara.

Gusti Yésus uga ora banjur bareng salaku karo kongkonan mau menyang Bétania, malah ngendika menawa larané Lazarus ora njalari patiné. Malah lelara mau bakal dadi lantaran kaluhurané asmaning Allah. Putraning Allah bakal kaluhuraké awit saka lelara iku. Nanging saiba gumuné lan kagete, nalika utusan mau bali menyang omahé Maria Martha, nyatané Lazarus wis mati. Banjur apa sing dadi pamikiré? Bisa uga nganggep menawa pangandikané Gusti Yésus ngapusi, goroh. Jarené ora bakal njalari patiné, nanging nyatané Lazarus mati.

Semono uga anggoné Gusti nemaha rong dina tetep lerem ing palerebané, Maria lan Martha nyengguh kepriyé? Déné Gusti Yésus ngundur rawuhé, nganti Lazarus wis dikubur nanging lagi rawuh ing Bétania? Bisa baé, banjur mangu-mangu marang katresnané Gusti Yésus. Apa nyata mangkono?

Lagi sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: “Ayo, kita padha bali menyang tanah Yudéa.” Para sekabat nuli padha matur: “Guru, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi badhé mbenturi séla Panjenengan, lha koksamenika Panjenengan sampun ngajak tindak mrika malih?” Pangandikané Gusti Yésus: “Sedina kuwi apa ora rolas jam? Yèn mlaku ing wayah awan, wong ora kesandhung, merga padhang. Nanging yèn wong mau mlaku ing wayah bengi, bakal kesandhung, merga peteng.” Sawisé kuwi Gusti Yésus nyambeti, pangandikané: “Mitra kita Lasarus lagi turu, mulané arep Dakgugah.” Aturé para sekabaté: “Guru, menawi Lasarus namung tilem, temtunipun mangké badhé saras.” Mangka sing dikersakaké Gusti Yésus kuwi satemené Lasarus wis mati. Saka pengirané para sekabat, Gusti ngandika yèn Lasarus turu temenan. Mulané Gusti Yésus nuli mblakakaké yèn satemené, “Lasarus wis mati. Aku bungah déné Aku ora mbeneri ana ing kana. Kuwi ana beciké tumrap kowé kabèh, supaya kowé padha precaya. Ayo kita padha mangkat menyang omahé Lasarus.” Tomas, sing diparabi “Didimus” (tegesé wong kembar), kandha marang kanca-kancané para sekabat: “Ayo kita padha ndhèrèk Guru, karebèn kita mati bareng karo Panjenengané.” ( Yohanès 11: 7-l6 ).

Telung ndina sawisé Lazarus mati, Gusti ngrancang bakal menyang Bétania. Nanging para murid rada nduwa, kanthi alesan: “ Gusti, dereng dangu kepengker, tiyang Yahudi ngrekadaya badhé mbenturi sela dhateng Paduka. Sarta Paduka badhé tindak mrika malih?” Para murid dadi bingung marang karsaning Gusti. Yèn tindaké mrana bakal nulungi Lazarus, wong Lazarus wis mati. Tegesé wis telat, Kena ngapa ora enggal mrana nalika mireng kabar? Lah yèn ora ana wigati liyané, kanggo apa saiki bakal tindak mrana manèh? Sejatiné, ing panduwané para murid mau, malah kaagem déning Gusti Yésus kanggo memulang para murid, menawa wong kang kinanthi déning Gusti iku sanyatané kinanthi déning pepadhang, mula ora perlu kuwatir lan wedi tumindak. Pepadhang ora bakal nemahi ketemu peteng. Malah ana pangandikané Gusti, tindaké mrana merga bakal nangèkaké Lazarus saka anggoné turu. Ana pangandikan, sedulur kita Lazarus turu. Saka pangandikan mau mratélakaké menawa Lazarus kang ditresnani mau isih enom lan kasinungan wewatekan becik dadi mitra istimewa tumrap Gusti Yésus.

Para murid kapirsanan ora mudheng lan ora nyandhak pangandikan “ lagi turu “ – mula banjur diterangaké menawa tumrap wong precaya, mati kuwi padha magnané lagi turu. Senajan jagad iki ngarani mati. Amarga bakal kuwasa ditangekaké déning Gusti. Wong mati badani, ibaraté kaya wong lumaku kang tumuju marang ayem langgeng. Anggoné Gusti ngundur tindaké nganti telung ndina, sejatiné kanggo kaperluwané para murid. Supaya bisa nyipati kaélokan kang ana ing panguwasané Gusti Yésus. Senajan bab pitulungan waras kasumenekaké, nanging banjur olèh berkah luwih aji, yaiku urip. Iki bakal nguwataké imané para sakabat.

Gusti Allah asring nindakaké kang mangkono marang para kagungané kang ajrih asih marang Panjenengané. Murid murid rada aras-arasen mangkat, nanging kanthi tegas Tomas ngucap: “ Ayo padha ndhèrèk mangkat menyang Bétani, upama mati ya mati bareng karo Gusti.” Mangkono anggoné mratélakaké katresnané marang Gusti. Gusti Yésus kadhèrèkaké para sakabat banjut tindak menyang Bétania.

Nalika tindaké Gusti Yésus tekan désa Bètani, Lasarus wis dikubur patang dina kepungkur. Bètani kuwi saka kutha Yérusalèm adoh-adohé mung telung kilomèter. Wong Yahudi wis akèh sing padha layat mrono, prelu nglipur Maryam lan Marta, sing kepatèn Lasarus, seduluré. Bareng Marta krungu yèn Gusti Yésus rawuh, banjur metu mbagèkaké, nanging Maryam kèri ana njero omah. Marta banjur matur marang Gusti Yésus: “Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, temtu Lasarus sedhèrèk kula, mboten badhé pejah. Éwasemanten kula pitados, bilih samenika ugi Gusti Allah badhé njurungi menapa ingkang Panjenengan suwun.” Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: “Sedulurmu bakal urip menèh.” Wangsulané Marta: “Kula pitados, bilih Lasarus badhé gesang malih ing Dinten Kiamat, samangsa tiyang-tiyang pejah katangèkaken.” Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: “Sing nangèkaké wong mati kuwi Aku, lan sing mènèhi urip marang manungsa kuwi Aku. Wong sing precaya marang Aku, senajan wong mau wis mati, bakal urip menèh. Lan wong sing isih urip, sing precaya marang Aku, ora bakal mati ing selawasé. Apa kowé precaya bab kuwi?” Wangsulané Marta: “Guru, kula pitados bilih Panjenengan menika Putraning Allah, Sang Kristus, ingkang kautus rawuh ing donya.” (Yoh 11: l7-27)

Martha olèh kabar menawa Gusti Yésus lan para sakabat wus nyedhaki Bétania. Mula Martha banjur methuk. Wong sing padha teka belasungkawa akèh, sawetara ditinggal dikancani Maryam ( Maria ). Sejatiné, yèn nitik akèhé sing padha belasungkawa, kulawarga Lazarus kalebu wong sugih.

Nalika ketemu Gusti Yésus Martha banjur matur, menawa Gusti ana ing omahé, mesthi baé Lazarus ora nganti mati. Senajan mengkono, Martha pracaya Gusti Allah bakal ngabulaké apa baé sing disuwun déning Gusti Yésus marang Ramané. Imané bakuh. Gusti Yésus ngendika: “ Sedulurmu bakal tangi manèh.” Sejatining magna, yaiku bakal tanginé wong pracaya bebarengan karo liyané sing nunggal iman ing dina kiyamat, yaiku dinaning patangen. Sang Kristus priksa menawa imané Martha gedhé. Sabanjuré Gusti ngendika mratélakaké : “ Aku iki sejatining kiyamat lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku, sanajan wus mati, bakal urip.”

Sapa manèh sing kagungan panguwaos ngendika kaya mangkono menawa dudu Allah piyambak? Lan sapa sing kepareng nampa panglipur kang gedhéné semono? Ora liya iya mung para kang setya tuhu ing precayané nganti rawuhé Gusti Yésus manèh. Iya ing rawuhé Gusti Yésus ing akhir jaman iku, wong bakal katangèkaké meneh srana dhawuh pangandikané. Pitakoné marang Martha: “ Apa kowé pracaya?” Martha kanthi tandhes matur yèn “precaya.” - Imané Martha saya rosa lan diwasa.

Sawisé matur mengkono, Marta nuli ngundang Maryam, mbakyuné, sarta dibisiki: “Guru wis rawuh lan nakokaké kowé.” Bareng krungu mengkono, Maryam nuli énggal-énggal ngadeg lan methukaké Gusti Yésus. Nalika semana Gusti Yésus durung mlebet ing désa Bètani, nanging isih ana ing panggonan nalika ketemu karo Marta. Bareng wong-wong Yahudi sing lagi padha linggih ana ing omah nglipur Maryam, weruh Maryam ngadeg lan metu rerikatan, nuli padha ngetutaké, sebab dikira arep lunga menyang kubur lan nangis ana ing kono. Bareng Maryam tekan panggonané Gusti Yésus lan weruh Panjenengané, banjur jèngkèng ana ngarsané sarta matur: “Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sedhèrèk kula mesthi mboten pejah!” Bareng pirsa Maryam nangis, lan wong-wong Yahudi sing padha ngetutaké iya padha nangis, Gusti Yésus penggalihé trenyuh banget. Panjenengané nuli ndangu: “Dikubur ana ing endi?” Wangsulané sing padha didangu: “Mangga Gusti, menawi badhé pirsa.” Gusti Yésus nuli muwun. Temah wong-wong Yahudi padha muni: “Semono tresnané marang Lasarus.” Nanging ana uga sing muni: “Panjenengané wis ngelèkaké mripaté wong wuta, yagéné ora bisa nyegah patiné Lasarus?” ( Yohanès ll: 28-37).

Gusti tindak menyang papan dikuburé Lazarus. Para wong sing memungsuhi Gusti Yésus padha nyipati kahanan kuwi. Wanita loro sasedulur, bebarengan karo rombongané Sang Kristus marani pasareyan. Iya ing kubur kono, para mungsuhé Gusti bakal nyipati dumadiné mujizat bab uripe wong kang wus mati. Mesthiné, sing sapa nyawang mujizat iku, ora bakal nyelaki lan nampik Gusti Yésus manèh, kejaba yèn pancèn mripate wis katutupan dosané lan emoh nyawang kayektèn. Bakal tetep nglawan.

Wong Yahudi saya waringuten nalika weruh Maryam ( Maria) sujud lan matur: “ Menawi Gusti enggal rawuh mriki, mesthi Lazarus mboten pejah.” Matur mangkono ora jeneng ngluputaké Gusti Yésus, nanging pikiran kuwi sajroning patang dina tansah ngengla cetha “ upama Gusti ana, pepati ora bakal teka.” Kuwi merga saka pracayané.

Gusti Yésus priksa panelangsané atiné Maryam kang sujud ing ngarsané, penggalihé trenyuh lan welas banget marang Maryam. Katrenyuhné Gusti sejatiné isi penggalihan kang sejatiné masygul lan duka ing penggalih katujokaké marang Sétan. Sétan sing njalari thukuling prihatin lan panelangsa, sumbering kasangsaran, sumbering patangis, lan dadi sumbering pepati ing jagad iki. Dukaning penggalih marang Iblis, lan trenyuhing raos mriksani Maryam, mula banjur tindak menyang papan kuburé Lazarus. Wong Yahudi uga ngerti iba gedhéning sih katresnané Gusti Yésus marang Lazarus, Maryam lan Martha. Wong akèh padha nyipati, Gusti nganti muwun nalika tindak iku.

Gusti rawuh ing kuburé Lazarus kang wus mati sajroning patang dina kepungkur, saperlu bakal nguripaké manèh lan mulihaké bali menyang brayat Maryam. Gusti paring tuladha, ngetingalaké anggoné béla sungkawa. Gusti ora bisa ngraosaké kabungahan amarga kagungan panguwasa, mangka mitrané lagi nandhang susah. Gusti ngalami kasedhihan lan kasusahan, kagungan raos simpati marang mitrané kang lagi nandhang kasengsaran.

Para pinituwa Yahudi uga ngrasakaké kaanehan. Kena ngapa yèn semono katresnané marang Lazarus, kok ora ditambani nalika durung mati. Mangka nalika ana ing Yérusalèm, Sang Kristus marasaké lan nulungi wong lara sapirang-pirang. Kena ngapa kadangé kang kinasih ora dibélani supaya ora nemahi pati?

Gusti Yésus tindak menyang kuburan karo trenyuh penggalihé. Kubur mau wujudé kaya guwa, sing ditutupi watu gedhé. Gusti Yésus dhawuh: “Watuné singkirna.” Marta, seduluré sing mati mau, nuli matur: “Guru, piyambakipun sampun dipun kubur kawan dinten kepengker. Temtu sampun mambet.” Pangandikané Gusti Yésus: “Aku rak wis kandha: ‘Yèn kowé precaya, kowé bakal weruh gedhéning pangwasané Allah!’ “ Watu sing nutupi kubur mau nuli padha disingkiraké. Gusti Yésus banjur tumenga ing langit lan ndedonga: “Kawula ngaturaken panuwun dhateng Paduka, dhuh Rama, margi Paduka sampun miyarsakaken panyuwun Kawula. Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken panyuwun Kawula. Éwadéné enggèn Kawula matur menika, karana tiyang- tiyang ingkang sami wonten ing ngriki, supados sami pitados, bilih Kawula menika utusan Paduka!” Sawisé matur mengkono, Gusti Yésus nuli ngandika klawan sora: “Lasarus, metua!” Lasarus sing wis mati kuwi banjur metu. Tangan lan sikilé isih pocongan mori putih, semono uga rainé isih ketutupan kain kringet (kacu). Dhawuhé Gusti Yésus marang wong-wong sing ana ing kono: “Moriné uculana, karebèn bisa uwal!” (Yohanès 11: 38-44).

Menawa Gusti rawuh ing kuburé Lazarus, kuwi ateges ketemu beteng rosa duwéké Sétan. Ing kono bakal dumadi paperangan rohani. Gusti ketingal sedhih lan trenyuh banget. Lan paring dhawuh supaya watu tutuping kubur disingkiraké. Tanpa mujizat anggoné nyingkiraké wau tutup kubur, amarawong akeh bis nindakaké, dadi ora perlu ana demonstrasi mujizat. Ing bab iki ana gegambaran nyata. Bab keslametaning urip iki, nalika manungsa bisa nglakoni, ya kudu tumindak. Ora bener lamun tansah njagagaké mujizat. Ana wektune Gusti nindakaké mujizat, lan kudu ana paédahé kang rohani. Sadurungé Gusti paring kaslametan, wong dosa kudu wani nyingkiraké watu tutup kang ngalang-alangi tumuruning sih rahmat kawilujengan. Watu wangkoting ati kudu kasingkiraké uga, satemah kang ana watak andhap asor, urmat lan nresnani Gusti Yésus.

Sekawit, Martha ora lila yèn watu kuwi disingkirké.Amarga dirasa kurang ngurmati sing wis mati. Mesthiné uga ana rasa mangu-mangu lan kurang precaya, apa iya wis mati patang dina lan jasade wis mambu, bakal isih bisa ditulungi déning Sang Guru Yésus? Nanggapi rasa pangrasané Martha, Gusti ngelingaké Marha kanthi pangandikan: “ Aku rak wis tau ngendika menawa kowé pracaya, kowé bakal nyawang kamulyaning Allah. !”

Nalika watu kubur wus kasingkiraké, Gusti banjur tumenga menyang ngaluhur lan ngendika: “ Matur nuwun dhuh Rama, Paduka sampun kepareng miyarsakaken kawula. Kawula mangertos, menawi Paduka tansah miyarsakaken panyuwun kawula.” Kabèh iki ngemu surasa, menawa apa baé kang katindakaké déning Gusti Yésus, tansah tetunggilan karo Sang Rama. Mulané nate ngendika: “ Aku lan Sang Rama iku, siji.”

Gusti Allah Sang Rama tansah nuruti apa sing disuwun Sang Kristus, iki mratélakaké menawa anggoné Gusti Yésus nindakaké samubarang lan bisa kelakon amarga nyuwun marang Sang Rama. Nanging ora amarga Gusti Yésus ringkih tanpa daya. Ora. Nanging kabèh mau mratélakaké anggoné nunggil karo Sang Rama, nyata kuwi kayektèn kang sejati. Lan supaya wong akèh sing ana kono precaya, menawa Sang Rama ing swarga, iya Gusti Allah piambak kang ngutus Gusti Yésus. Cocok karo karsané Gusti Allah piyambak. Iki uga kanggo nelakaké menawa Sang Kristus karo Gusti Allah iku pancèn siji. Ora bakal slenca, ora bakal ana bédané: Sang pangandika karo sing ngendikan. Sing ngendikan paring dhawuh iku Gusti Allah, lan sing dingendikakaké iku Firman, yaiku Sang Sabda. Lan Sang Sabda iku Gusti Yésus. Lan Sang Sabda iku Allah piyambak.

Menawa Gusti ndedonga, kuwi dadi wulang wigati, menawa titah manungsa kang nandhang dosa, uga kanthi pandonga kudu ditindakaké, dadi lantaran anggoné sowan lan matur marang Sang Rama Gusti Allah ing kraton swarga. Sawisé ndedonga, Gusti ngendika kanthi suwara sora: “ Lazarus, metua !” – Pangandikané sora, iku piwulang menawa pakaryan nguripaké wong mati iku dudu pagaweyan sepélé lan gampang. Lan uga dadi pangertèn kita, menawa sukma, roh – ora dumunung ana ing kuburan. Nanging wis ana ing panguwasané Gusti Allah. Adoh saka kubur. Ora ana alangan lan kaluputan kang dilampahi déning Gusti Yésus, sanajan nyeluk bali manèh tumuruné nyawané Lazarus. Pancèn Gusti Yésus kagungan panguwaoas, lan nyata tetunggilan karo Sang Rama ing swarga.

Kanthi suwara sora kang kapenuhan ing panguwasa mau, Lazarus metu saka kubur. Malah isih menganggo lawon kemule wong mati. Mesthi baé lakuné dadi ribet banget. Gusti paring dhawuh supaya lawon sing diubet-ubetaké ing badané Lazarus diuculi. Lazarus urip manèh, lan kadhawuhan lumaku mulih. Ing kené pameca sadurungé wus kaujudan jangkepe. Gusti nate ngendika, menawa wong mati bakal krungu suwarané Putraning Allah. ( Yoh 5: 26 ).

Bareng ndeleng lelakon mau, wong-wong Yahudi sing padha layat, banjur padha precaya marang Gusti Yésus. Nanging ing antarané wong-wong mau uga ana sing banjur marani wong-wong Farisi lan nglapuraké tumindaké Gusti Yésus. Mulané wong-wong Farisi lan para pengareping imam nuli padha nganakaké parepatan karo Mahkamah Agama. Wong-wong mau padha muni mengkéné: “Saiki apa sing kudu kita tindakaké? Wong kuwi wis gawé mujijat semono kèhé! Yèn dijaraké mengkono terus, wong kabèh bakal padha precaya marang dhèwèké kuwi. Pungkasané Pemeréntah Rum bakal nggempur Pedalemané Allah lan bangsa Yahudi kabèh.” Ing antarané wong-wong mau, sing jenengé Kayafas, ing taun kuwi dadi Imam Agung. Kayafas mau muni: “Kowé padha ora ngerti. Apa kowé iya padha ora sumurup yèn kanggo keslametané rakyat kabèh, luwih becik yèn wong siji sing mati, ketimbang wong sabangsa mati kabèh?” Satemené Kayafas enggoné muni mengkono mau ora saka karepé dhéwé; nanging sarèhné jumeneng Imam Agung ing taun kuwi, meca enggoné Gusti Yésus bakal séda kanggo bangsa Yahudi kabèh. Malah ora mung kanggo bangsa Yahudi waé, nanging kanggo para putrané Allah kabèh, sing sumebar ing ngendi-endi, supaya kakumpulaké dadi siji. ( Lukas 11: 45-52 ).

Mujizat bab tanginé Lazarus saka pati, iki mbuktekaké panguwasa lan kekuwatan murni, sejatining mujizat saka swarga, dadi bukti nyata kayektèn piwulangé Gusti Yésus. Nanging wong akèh malah saya wangkot atiné, ora pracaya marang Gusti Yésus. Wong Yahudi malah kepéngin ngasoraké pratélané Gusti kang dingendikakaké menawa Panjenengané iku Ratuning dina kiyamat lan kauripan. Banjur mutusaké, menawa piwulangé mbebayani. Mutusaké menawa Yésus kudu dipatèni. Kaget lan gumun bab tanginé Lazarus kang wus mati lan ana ing kubur patang dina, banjur nganakaké patemon, lan pancèn padha ngakoni yèn Gusti Yésus wus nindakaké pangéram-éram mujizat akèh. Yèn dietog baé, bakal akèh wong sing pracaya marang Panjenengané amarga kasucèné Gusti. Kuwi mbebayani banget tumrap kalenggahané para pemimpin Yahudi lan para ahlining Kitab. Bisa uga sing padha pracaya marang Gusti Yésus, disengguh bisa nglawan Romawi, kuwi gawé akibat katumpese bangsa Yahudi. Sejatiné sidhang utawa patemon sing diadani bangsa Yahudi kuwi malah njalari bathi tumrap sumebaré Injil. Sabab, kanthi mangkono nyata wus kelakon ing sejarah, menawa kaélokané Sang Kristus iku nyata. Lan kabèh mau dadi paseksi lan seksi sejarah. Nyata menawa Sang Kristus pancèn dimusuhi wong kang nglawan piwulangé sing becik.

Ana ing sidhang utawa patemon kuwi, Imam Agung Kayafas kanthi tanpa sadhar, mratélakaké: “ Kowé kabèh pancèn ora mikir babar pisan lan ora ngerti, malah babar pisan ora paham, menawa sejatiné yèn ana wong siji mati bakal gedhé gunané tumrap bangsa iki, katimbang kabèh katumpes mati.” - Ngendika mangkono mau Kayafas ora sadhar. Tegesé, kalenggahané minangka Imam Agung gawé pratélan sing bener. Wong siji mati, bakal milujengaké wong akèh ing jagad iki. Kuwi nyata, amarga saka sedané Gusti Yésus, bakal ngolehaké keslametan tumrap para bangsa salumahing bumi tumrap kang padha pracaya. Kaya-kaya Gusti Allah ngagem ilate Kayafas kanggo mratélakaké bab iku. Senajan sacara logika, sing diangen-angen mung keslametaning jasmani. Nyata menawa Roh Suci ngagem Kayafas mrtatelakaké, menawa Sang Kristus migunani tumrap para bangsa salumahing bumi iki.

Lumrahé sing lenggah dadi Imam Agung iku saka golongan Saduki, kang ora precaya anané jagading roh lan ora pracaya bakal anané patangen ing dina kiyamat. Nuli tanginé Lazarus saka pati, dadi napuk kawibawan banget, ibaraté kaya mblejeti kleruné piwulang sekte Saduki. Sejatiné bab iku béda keyakinané karo golongan Farisi. Nanging Saduki lan Farisi bisa gabung dadi siji, dadi sawijining akal nambahi kekuwatan kanggo nglawan Guti Yésus. Sawetara mangsa rukun karo mungsuhé, demi imbuh kekuwatan amarga lagi duwé mungsuh liyané. Kosok baliné, tanginé Lazarus saka pati, njalari saya bakuh lan rosané imané para murid.

Gusti Yésus piyambak uga bakal sineksen bangkit, tangi saka antarané wong mati mung ngentèni wektu sasen, ora nganti taunan. Amarga ora suwé Gusti Yésus bakal dicekel mungsuh ing taman Gètsémané. Bakal sinalib, séda. Lan ora nganti suwé ana ing kubur kaya Lazarus, mung sajroning telung dina Gusti Yésus wungu saka séda.

Parepatan Sanhedrin ora ngundur-undur olèhé gawé katetepan. Ing patemon wis ana putusan, menawa Gusti Yésus bakal disédani. Wus golong gilig anggoné bakal matèni Sang Kristus. Pancèn wis bola-bali ngangkah sedané Gusti, nanging ora kelakon. Nanging wiwit wektu kuwi, ora bakal owah tekade, anggoné bakal nyedani Sang Kristus. Senajan apa baé kang kelakon tetep bakal ngrekadaya amrih sedané Gusti Yésus.

GUSTI YÉSUS MEMULANG WARNA-WARNA

Wong sepuluh lara kusta, diwaluyakaké

Nalika Gusti Yésus mbacutaké tindaké saka kutha Yérusalèm, Panjenengané ngliwati tapel watesé daérah Samaria lan daérah Galiléa. Nalika Gusti Yésus mlebu ing sawijining désa, ana wong lara lépra sepuluh sowan marang Panjenengané. Wong-wong mau padha ngadeg, sarta padha nguwuh-uwuh saka kadohan: “Rama Guru, kawula mugi Panjenengan welasi!”

Bareng Gusti Yésus pirsa wong-wong mau nuli ngandika: “Padha lungaa, awakmu padha priksakna marang imam.” Sajroné padha mlaku, wong-wong mau padha waras. Bareng ana salah siji sing weruh yèn wis waras, dhèwèké nuli bali karo memuji Asmané Allah klawan swara sora. Wong mau nuli sujud ing ngarsané Gusti Yésus sarta ngaturaké panuwun. Wong mau wong Samaria. Gusti Yésus nuli ngandika: “Apa ora wong sepuluh sing diwarasaké? Sing sanga ana ing ngendi? Apa sebabé déné malah wong manca kuwi sing bali lan ngaturaké panuwun marang Gusti Allah?” Gusti Yésus nuli dhawuh marang wong Samaria mau: “Ngadega, muliha, pangandelmu wis marasaké kowé.” ( Lukas 17: 11-19 )

Gusti Yésus tindak menyang Yérusalèm manèh, amarga ana Riyaya Paskah. Sejatiné dadi pratandha menawa wanciné pangorbanan panebusing dosa wus ndungkap, wus meh tekan wektuné. Gusti Yésus nyarasaké wong lara budhug cacah sepuluh. Para pasien mau dumadi saka wong Yahudi lan uga wong Samaria. Kaya dadi pratandha menawa wus tekan wanciné urip iki kudu wiwit manunggal lan lumaku bebarengan. Padatan, menawa kaya wong Samaria kang dianggep wong dosa, menawa nyuwun tulung mesthi mbengok saka kadohan. Ora wani nyedhak. Wong lara kusta utawa budhug iku dinajisaké manut pranatan agama Yahudi.

Ing awal paladosané, Gusti Yésus njamah jasmaniné kang padha nandhang kusta mau, dadi pratélan bab katresna-Né. Nelakaké kamiraha-Né kepareng nyucèkaké kang najis. Pungkasané, yèn Gusti paring pitulungan ora kudu njamah utawa ora susah gepok senggol ngelus badané sing lara, nanging saka kadohan utawa cecaketan ora ana bédané.

Ora nganti dijamah, sing lara kadhawuhan lunga menyang ngarepe para imam nuduhaké anggoné wis waras. Gusti ngajeni banget gedhéné pracayané wong sepuluh panandhang budhug mau, sanajan durung krasa kasat mripat bab warase, nalika didhawuhi ngadhep marang para imam nuli mangkat. Kuwi iman sing gedhé. Yakuwi sumbering berkah kang nguwohaké pambangun turut, nalika lunga lumaku mau proses warase dumadi sampurna. Saka sepuluh wong lara kusta mau sing sanga wong Yahudi. Bareng wis waras, malah ora butuh ngerti sapa sing nulungi kanthi rumaket ing pamatur nuwun. Mla ora merlokaké nemoni Gusti Yésus, sing sanga padha nerusaké laku menyang Yérusalèm.

Déné sing siji, iku wong Samaria. Rumangsa wis diparingi pitulungan déning Sang Kristus, merlokaké bali sowan Gusti manèh sawisé nuduhaké kahanané awaké marang imam Yahudi. Kaya mangkono patrape wong sing ngerti atur panuwun. Sowan manèh marang Gusti ngaturaké panuwun, déné wis dipitulungi waras. Rumangsa olèh kamardikan, ora dipencil saka pasrawungan, ora diwirang-wirangaké merga najise, lan bakal kalis saka bebaya. Wong Samaria, sing kerep banget diarani wong dosa, malah ngerti bab panarima sukur, sowan marang Sang Dokter Agung sing marasaké. Gusti ngendikakaké Sabda berkah: “Kowé wis waras déning iman pracayamu.”

Kaya dadi kaca brenggala, uripr titah manungsa kang tansah nampa sih rahmate Gusti Allah, nanging mung sethithik kang ngerti ngaturaké pangalembana lan panuwun.

Bab Kratoning Allah

Ana wong Farisi sawetara padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus, bab mbésuk kapan enggoné Gusti Allah miwiti Kratoné. Gusti Yésus ngandika: “Kratoné Allah kuwi ora diwiwiti srana pretandha-pretandha sing katon, sing nganti njalari wong muni: ‘Hé, delengen, iki Kratoné Allah!’ utawa: ‘Lah, kaé ana ing kana!’ Awit Kratoné Allah kuwi ana ing sajroné atimu.” Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: “Bakal ana wektuné kowé padha kepéngin nyipati dinaning Putrané Manungsa, nanging ora bisa. Mbésuk bakal ana wong sing kandha marang kowé, ‘Delengen ana ing kana’, utawa, ‘Delengen ana ing kéné!’ Kowé aja nggugu banjur metu nggolèki. Ya kaya kilat enggoné cumlèrèt ing langit saka sisih kéné tekan sisih kana, iya kaya mengkono bakal kaanané dinaning Putrané Manungsa. Nanging Panjenengané kudu nandhang sangsara dhisik lan ditampik déning wong-wong jaman saiki. Padha kaya kaanané nalika jamané Nabi Nuh, kaya mengkono uga mbésuk kaanané jamané Putrané Manungsa. Wong bakal mangan lan ngombé, padha omah-omah lan mengkono saterusé, nganti tekan dinané Nabi Nuh mlebu ing prauné lan banjiré teka, sarta matèni wong-wong kabèh mau. ( Lukas 17: 20-27).

Para ahli agama ahlining kitab matur marang Gusti, kapan Kratoning Allah maujud? Gusti paring katrangan kanthi wijang, menawa Kratoning Allah iku ora winatesan papan, wektu lan ujud sing kasat panca ndriya. Kratoning Allah ora wujud organisasi super, kaya pamaréntahan kadonyan. Dudu lembaga rohani, dudu kekuwatan sing karosané guyup lan uga dudu pininjuling Gréja lan samubarang kang agamawi.

Nanging, Katoning Allah iku asipat batin; tegesé: Kratoning Allah iku dumadi saka ati kang dadi dhampar palenggahané mranata pamaréntahing krajané.” Sabanjuré Gusti Yésus ngeneraké pangandikané marang para murid. Sing sejatiné para sakabat kuwi uga ngangen-angen bab maujude Kraton sacara kadonyan uga. Mula Gusti malah ngendikakaké menawa rawuhé bakal ditulak, bakal ngadhepi kasengsaran. Gusti uga mratélakaké bab paukuman tumrap umat manungsa. Kaya pagiris kang nalika dumadi banjir bandhang, kaya keroting untu merga panandhang kaya leburé Sadum lan Gomorah. Paukuman kuwi njalari bangsa Yahudi nemahi pati kang gawé ngenes, lan rusaking layoné bakal disuwek kacacah déning manuk pamangsa bangké Romawi.

Pandonga Kang Kanthi Andhap Asor

Gusti Yésus nuli maringaké pasemon sing katujokaké marang wong-wong sing nganggep awaké dhéwé sampurna, sarta ngrèmèhaké wong liya. Pangandikané: “Ana wong loro padha mlebu ing Pedalemané Allah, arep ndedonga. Sing siji wong Farisi, lan sing sijiné pegawé pajeg. Wong Farisi mau ngadeg ing panggonan sing gampang katon ing wong lan ndedonga mengkéné: ‘Dhuh Allah, kawula ngaturaken panuwun dhateng Panjenengan, awit kawula mboten sami kaliyan tiyang-tiyang sanès ingkang srakah, ingkang remen ngapusi, ingkang lampah jina, lan mboten sami kaliyan pegawé pajeg menika. Saben seminggu kula siyam kaping kalih, sarta saprasedasanipun pamedal kawula, kawula sedhekahaken.’

Nanging pegawé pajeg mau ngadeg ana ing kadohan, malah ndangak waé ora wani, mung tebah-tebah dhadha, sarta matur mengkéné: ‘Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Panjenengan welasi.’ “ “Ngandela, saungkuré saka ing papan kono, pegawé pajeg mau sing pandongané ketrima déning Gusti Allah, dudu wong Farisi mau. Awit saben wong sing ngluhuraké awaké dhéwé, bakal diasoraké, déné wong sing ngasoraké awaké dhéwé, kuwi bakal diluhuraké.” (Lukas 18: 9-14 )

Sabdané Gusti sejatiné katujokaké marang wong Farisi, supaya bisa ngilo kaya apa ujuding tumindaké. Dadi conto, sawijining wong Farisi kang rumangsa lakuné wis bener, kang lagi ndedonga ing Bait Allah. Sajroning pandonga, angungkap bab beciké tumindaké sacara agama kang dirasa wis rumangsa bisa nglakoni pangabekti.

Balik pandongané juru mupu béya, yaiku tukang tagih pajeg, banget nelangsané. Amarga saben dina juru mupu béya iku kaanggep wong dosa sing nyengsarakké liyan.

Anggoné ndedonga ora wani mandeng ing ngaluhur, amung ndhingkluk lan ngadeg adoh saka wong Farisi mau. Nelangsa lan ngarep-arep sih piwelase Gusti Allah. Pangucape: “ Dhuh Gusti Allah nyuwun kawelasan.” Atiné keduwung bab dosané.

Pandonga iku sejatiné nyondhongi surasaning kitab, kurban kang katarima iku remuk rempuning ati. Masmur 51: 19 ngendika: Kurban ingkang katrimah ing Allah menika roh ingkang remuk. Manah ingkang ajur mumur, dhuh Allah, menika Paduka mboten nampik. Kitab Suci mratélakaké, menawa sing kagalih bener ing ngarsané Gusti Allah iku pandongané juru mupu béya iku. Déné angkuh sombonge wong Farisi tinampik déning Allah, senajan ing ndonya kalebu ahlining Kitab Suci. Iki nyondhongi surasaning sabda suci: Sebab sapa sing ngluhuraké awaké dhéwé, kuwi bakal diasoraké, lan sing sapa ngasoraké awaké, kuwi bakal diluhuraké.” ( Lukas 14: 11 )

Bab Pegatan ( Pisahan )

Nuli ana wong Farisi sing padha sowan, arep nyoba marang Gusti Yésus. Aturé wong-wong mau: “Miturut Angger-anggering Torèt, tiyang menapa kénging megat sémahipun manut sapikajengipun piyambak?” Gusti Yésus ngandika: “Apa kowé padha ora maca ing Kitab Suci, yèn Gusti Allah enggoné nitahaké manungsa kuwi wiwit sekawit arupa lanang lan wadon? Lan Gusti Allah ngandika: ‘Mulané wong lanang kuwi kudu ninggal bapa lan biyungé sarta banjur dadi siji karo rabiné, temah loro-loroné padha dadi daging siji’. Wong loro mau wis ora loro menèh, nanging mung siji. Awit saka kuwi manungsa ora kena misah apa sing wis katunggilaké déning Gusti Allah.”

Wong Farisi mau banjur padha matur: “Menawi makaten, menapa sebabipun déné Nabi Musa dhawuh supados nyukani serat pegat, samasa tiyang megat sémahipun? Menapa menika mboten ateges Nabi Musa ngéngingaken tiyang sami pegatan?” Gusti Yésus ngandika: “Nabi Musa enggoné nglilani kowé megat rabimu, kuwi merga kowé padha ora kena dikandhani. Nanging ing wiwitan mula ora kaya ngono kuwi. Dakkandhani: Sing sapa megat rabiné, mangka bojoné mau ora laku jina, lan banjur rabi karo wong wadon liyané, wong kuwi laku jina.” Para muridé Gusti Yésus banjur padha matur: “Menawi kawontenanipun tiyang sesémahan kados mekaten, langkung saé mboten émah-émah kémawon.” Gusti Yésus ngandika: “Ora saben wong bisa nglakoni mengkono. Mung wong sing wis kapiji déning Gusti Allah, sing bisa nglakoni. Sebab ana wong sing ora bisa omah-omah, merga wiwit lair mula kaanané mengkono. Ana uga sing ora bisa omah-omah, merga didadèkaké mengkono déning wong liya. Lan ana menèh wong sing milih ora omah-omah metu saka karepé dhéwé, supaya bisa luwih mligi enggoné nglakoni ayahan peparingé ing Kratoné Gusti Allah. Sapa sing bisa nglakoni, karebèn nglakoni.” ( Matéus l9: 3-12 )

Para Farisi pitakon marang Gusti, sejatiné nyoba lan nyengkolong nggolèki lupute Sang Kristus. Sing ditakokaké bab “pegatan” – kaya Nabi Musa uga mranata angger-angger yèn megat sisihané kudu mènèhi layang pamegat. Katoné, ngurmati Gusti, supaya Gusti Yésus paring kategasan, angger-angger bab pisahan kuwi wis bener, apa kudu disigeg. Supaya Gusti Yésus kang netepaké. Katoné ngurmati, nanging sejatiné nyoba lan nguji. Isih nganggep Torèt apa ora, déné yèn nyata ora nganggep kuwi bakal kanggo dhadhakan ngluputaké Gusti Yésus.

Gusti paring katrangan: “ Anggoné Nabi Musa ngidinaké wong megat bojoné kanthi mènèhi layang pamegat, kuwi amarga wangkote atiné umat Israèl.” Sejationé wiwit sekawit Gusti Allah paring dhawuh, neningkahan kuwi langgeng, wong lanang siji pinaringan jodho wong wadon siji. Kudu setya tuhu lan ditresnani. Para sakabat ngrasakaké lan nganggep menawa neningkahan kuwi rumit lan ruwet. Gusti Yésus uga paring katetepan, menawa tetep lajang urip ijèn uga dikeparengaké, menawa kuwi kanggo kaperluwané Kratoning Allah.

Gusti Yésus Mberkahi Para Bocah

Tumuli ana wong-wong sing padha nyowanaké bocah-bocah ana ing ngarsané Gusti Yésus, supaya diberkahi lan didongakaké. Nanging wong-wong mau padha disrengeni déning para muridé.Mulané Gusti Yésus ngandika marang para muridé: “Karebèn bocah-bocah kuwi padha mréné. Aja kokalang-alangi. Sebab wong-wong sing kaya bocah iki sing dadi kawula ing Kratoné Allah.”Gusti Yésus nuli numpangi asta marang bocah-bocah mau sarta banjur tindak saka kono. (Matéus 19: 13-15 )

Sawisé mratélakaké bab neningkahan lan bab pepisahan, Gusti Yésus memulang bab kang élok kang sesambungan karo bocah cilik. Ing jaman iku, bocah cilik dianggep rèmèh. Ngrèmèhaké bocah, dianggep lumrah. Gusti Yésus iku kanggo saben titah, mula ora mokal lamun Gusti uga banget nggatosaké marang bocah.

Sawetara wong tuwa kang nyuwunaké berkah tumrap anak-anaké marang Gusti Yésus, amrih para anak mau olèh pengayoman. Para murid nganggep menawa mangkono mau ngrepoti Gusti Yésus. Atine para murid padha jengkel, merga saka penganggepe isih ana sing luwih perlu katindakaké déning Gusti katimbang mung bab mberkahi bocah bocah mau. Déning para sakabat, wong wong mau dikon sumingkir.

Gusti Yésus ora nyarujuki sikep kasar kaya mangkono. Ateges, ing penggalihé Gusti Yésus béda banget karo sing ana ing batiné para murid. Gusti banjur nelakaké mutiara saka hikmat Illahi. Gusti duka kanthi tresna marang para sakabat. Pangandikané: “ Prenekna bocah bocah kuwi, lan aja kok alang-alangi.” Gusti ngendikakaké menawa manungsa ora salin budi dadi kaya bocah cilik iku, ora bisa mlebu ing Krtaon Swarga.

Kita kabèh pracaya menawa keslametan saka Gusti Yésus uga tumurun marang bocah cilik kang mati nalika isih bayi, apa baé agamané lan kalenggahané kulawarga ing masyarakat kaya ngapa. Yèn rinasa, iba wus akèhé bayi-bayi kang wus nunggal kari kauripan swarga ing Kratoning Allah. Mengkono iku menawa katandhing karo sepira akèhé para diwasa kang padha mati ana ing sajroning dosané.

Wong Enom Sugih

Ing sawijining dina ana wong nonoman sowan ing ngarsané Gusti Yésus, matur mengkéné: “Guru, supados saged pikantuk gesang langgeng, kula kedah nglampahi pendamel saé menapa?” Pangandikané Gusti Yésus: “Apa sebabé kowé koktakon marang Aku bab apa sing becik? Mung siji sing becik, yakuwi Gusti Allah. Éwadéné yèn kowé kepéngin olèh urip langgeng, kowé kudu netepi sakèhing angger-anggeré Gusti Allah.”

Unjuké wong mau: “Angger-angger ingkang pundi?” Wangsulané Gusti Yésus: “Kowé aja mematèni, kowé aja laku jina, kowé aja nyenyolong, kowé aja ngucapaké paseksi goroh. Kowé ngajènana bapa-biyungmu, lan tresnaa marang sapepadhamu, kaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé.” Atur wangsulané nonoman mau: “Sedaya angger-angger menika sampun kula tetepi. Taksih kirang menapa malih?” Pangandikané Gusti Yésus: “Yèn kowé kepéngin sampurna, barang darbèkmu edolen kabèh. Pepayoné wènèhna marang wong miskin, temahan kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Sawisé kuwi, mrénéa, mèlua Aku.” Bareng krungu pangandika mengkono, nonoman mau banjur mundur klawan sedhih, merga wong mau sugih banget. Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: “Kowé padha Dakkandhani. Iba angèlé wong sugih dadi kawula ana ing Kratoné Allah. (Matius 19: 16-23 ).

Ana pemimpin agama Yahudi kang nyaketi Gusti Yésus, nyuwun katrangan bab kaslametan. Pitakoné, bab: Apa kang kudu dileksanani ing laku, supaya olèh kaslametan langgeng. Gusti paring andharan, menawa wong sing dianggep becik dhéwé ing antarané wong wong mau, ora ana sing laku becik kanthi sampurna. Menawa Gusti Yésus pinercaya sampurnané, kuwi merga inkarnasiné Gusti Allah. Tegesé, Roh Allah ana ing Gusti Yésus. Gusti Yésus iku Sabdaning Allah, iya Allah piyambak kang manjalma dadi insané kang maha sampurna. Ya mung Gusti Allah piyambak kang sampurna. Mula nalika Gusti Allah pancèn nunggil ana ing Gusti Yésus, Sang Kristus uga dadi kang maha sampurna. Amarga Rohing Allah kang Suci iya Rohé Gusti Yésus Kristus. Ora ana manungsa lumrah sing wani ngaku yèn pribadiné sampurna, kejaba Gusti piyambak, merga Gusti Yésus iya manungsa sejati, Allah sejati lan suci tanpa dosa.

Wong anom sugih matur Gusti, kepéngin ngerti, kalakuwan sing khas, sing ces-pleng bisané dadi becik sampurna lan slamet, laku sing endi? Pangandikané Gusti mratélakaké menawa mung siji, yaiku kalakuwan becik kang sampurna. Mula Rama Yakobus nyerat ing layang Yakobus: Sapa sing nerak Angger-anggering Torèt siji waé, kuwi wis nerak Angger-anggering Torèt kabèh.

Wong anom sugi mau rumangsa wus nindakaké angger-anggering Pangéran wiwit kawitan. Gusti mriksani wong mau kanthi kawigaten, amarga anggoné taberi. Gusti ngendikakaké wigatiné nglakoni Torèt iku sacara rohani, mengkono manut karsaning Allah minangka ukurané. Ora mung nglakoni sacara tata lair, ora mung kang sinurat, nanging kudu nganti bebles tekan magnané sejati. Gustiparing dhawuh supaya ngedoli kabèh barang kasugihané, manggul salib lan ndhèrèk Gusti. Ana angger angger utama loro. Nresnani Gusti Allah kanthi gumolonging ati, lan nresnani pepadha kaya marang awak dhéwé. Yèn pancèn wong mau sampurna pambangun turute marang angger-angger, mesthi ora kangelan manut pangandikané Sang Kristus kuwi. Lah yèn wong mau isih kodheng bingung, tegesé: Apa kang dadi paseksiné mau goroh. Nyatané, dhéwéké luwih rumaket marang bandha donya, katimbang nresnani Gusti Allah. Kasugihané dadi boss tumrap uripe. Majikané kasugihan. Anggoné Gusti paring dhawuh kaya mangkono, amarga Sang Kristus ngasihi wong mau, déné uripe luwih rumaket marang bandha kadonyan.

Wiwite manggon sejati ing Kraton Suwarga, iku kawiwitan ing donya iki. Kanthi kasadharan menawa sakabèhing barang darbe lan kasugihan iku kagem Gusti Allah. Iku kawitaning swarga. Saperangan berkahing Allah kudu kacaosaké bali ing ngarsané Gusti Allah. Kanthi lila legawa lan sukalila. Kuwi kawitaning kaswargan. Nalika ngadhepi kacingkrangan lan kasusahan tetep ngalembana Gusti Allah, kuwi sikep kaswargan. Menawa batining umat manungsa kapilut lan tansah rumaket marang kadonyan, wong ora bakal duwé apa-apa kang bisa dadi nikmating urip swarga. Mula ingaran sugih kadonyan, nanging mlarat kaswargan.

Urip kaya mangkono ora bakal lumebu ing Kratoning Allah. Senajan ana ndonya ngrasuk agama, kuwi pancèn swarga batin. Utawa bisa uga ibadahé taberi, amale pantes ingalem wong, uripe katitik lakuné sing tulus bcik, kabèh mau dadi titikané menawa wong mau kangen kaswargan. Senajan wus rumangsa nglakoni sakabehé kang becik, nanging urip mangkono iku ora bakal bisa ngrasakaké nikmat mupangate swarga. Amarga ngendelaké marang laku, ora gumantung marang berkah lan ridha saka Gusti Allah kang maha kawasa.

Gusti Yésus nuli ngandika marang para muridé: “Kowé padha Dakkandhani. Iba angèlé wong sugih dadi kawula ana ing Kratoné Allah. Dakambali menèh kandha-Ku; luwih gampang unta mlebu ing bolonganing dom, tinimbang karo wong sugih dadi umat ana ing Kratoné Allah.” Bareng ngrungu pangandika mau, para muridé Gusti Yésus padha gumun banget, banjur padha rerasanan: “Yèn mengkono sapa wong sing bisa slamet?” Gusti Yésus nuli mirsani marang para muridé sarta ngandika: “Tumraping manungsa prekara kuwi mokal, nanging tumrapé Gusti Allah, ora ana barang sing mokal.” ( Matéus 19: 23-26 )

Sejatiné, Gusti Yésus iya mulang para sakabat, menawa sing sapa ngendelaké bandha donya, bakal kangelan nggayuh swarga. Luwih gampang onta lumebu ngliwati lawang bolonganing edom, katimbang wong sugih kang rumaket kadonyan bakal nggayuh kaswargan. Menawi makaten sinten ingkang saged wilujeng? – Mengkono mau pitakonané para murid, lan pitakonan kita ing jaman saiki. Gusti paring dhawuh, menawa watak srakah lan ambeg karem bandha iku dadi pepalang anggone manungsa mungkur saka kadonyan lan ngutamakaké karohanèn.

Senajan mengkono, Gusti ngendika, menawa kang mokal tumrap manungsa, ora mokal kagem Gusti Allah. Menawa Roh Suci makarya lan ambangun atining manungsa, urip anyar bakal dumadi. Lan urip kang kabangun déning Roh Suci iku bakal uwoh pamratobat, banjur luwih ngasihi Gusti Allah katimbang bandhané lan kasugihané.

Pétrus tumuli matur marang Gusti Yésus: “Kawula sedaya sampun sami nilar samukawis, nunten ndhèrèk Panjenengan. Kawula sami badhé angsal menapa?” Pangandikané Gusti Yésus: “Kowé padha Dakkandhani: Mbésuk ing jaman wekasan, Putrané Manungsa bakal lenggah ing dhampar kamulyan. Ing wektu kuwi kowé sing wis padha ndhèrèk Aku, iya bakal linggih ing dhampar sarta ngadili taler Israèl rolas! Lan saben wong sing wis ninggal omahé, utawa seduluré lanang, utawa seduluré wadon, utawa bapak-ibuné, utawa anak-anaké, apa déné palemahané, merga saka Aku, wong kuwi bakal tampa ijolé tikel satus, lan uga bakal olèh urip langgeng. Nanging akèh wong sing tekané dhisik bakal dadi kèri dhéwé, lan akèh wong sing tekané kèri bakal dadi sing dhisik dhéwé.” ( Matius 19: 27-30 )

Pétrus matur paseksi: “ Kawula sampun nilar samukawis kadonyan kala wau sarta ndhèrèk Paduka Guru. Lajeng kawula badhé angsal punapa?” Gusti nandhesaké, menawa ing ndonya iki para wong pracaya bakal nampani pasediyan mirunggan, peparing istimewa. Malah uga lumantar panganiaya kanggo nguji pracayané. Kabèh mau kanggo saya gedhéné berkah kang katarima. Lan sing wigati, ing kalanggengan bakal nampa kamulyan urip swarga. Marang para murid Gusti ngelingaké manèh piwulang sing uwis: Sing kawitan bakal dadi kang pungkasan, déné kang ana ing pamburi bakal olèh papan ana ing ngarep.

Para Abdi Panggarap Kebon Anggur

“Kratoné Allah kuwi kena diupamakaké wong duwé kebon anggur. Ing wayah ésuk wong mau metu golèk buruh kanggo nggarap keboné anggur. Sawisé wong mau sarujuk mbayar saben wong siji sedina sedinar, banjur akon para buruh mau nyambut-gawé ing keboné anggur. Kira-kira jam sanga ésuk wong sing duwé kebon anggur mau lunga menèh lan weruh wong sawetara lagi padha nganggur ana ing pasar, banjur dikandhani: ‘Padha nyambut-gawé ing kebonku anggur. Kowé bakal dakopahi miturut apa mesthiné.’ Wong-wong mau uga tumuli mangkat. Kira-kira jam rolas lan jam telu awan wong sing duwé kebon anggur mau lunga menèh lan nindakaké kaya ing ngarep mau. Kira-kira jam lima soré wong mau lunga menèh lan weruh wong-wong sing uga padha nganggur, banjur padha ditakoni: ‘Yagéné padha nganggur ana ing kéné sedina muput?’

Wangsulané sing padha ditakoni: ‘Awit mboten wonten tiyang ingkang nyukani pedamelan.’ ‘Yèn mengkono, kowé padha nyambuta-gawé ing kebonku anggur!’ ujaré sing duwé kebon. Bareng wis surup, sing duwé kebon mau kandha marang mandhoré: ‘Buruh-buruh kuwi padha undangen, padha wènèhana opahé, wiwit saka sing tekané kèri dhéwé nganti tekan sing dhisik dhéwé.’ Wong-wong sing padha wiwit nyambut-gawé kira-kira jam lima soré nuli teka, lan diopahi sedinar. Sawisé kuwi nuli sing mlebu luwih ésuk padha mara. Pengirané bakal padha tampa luwih akèh. Nanging jebul iya tampa sedinar wong siji. Nalika padha nampani opahé, wong-wong mau padha nggrundeli sing duwé kebon.

Pangucapé: ‘Para berah ingkang sami mlebet kantun piyambak menika rak namung sami nyambut-damel setunggal jam. Kula sami nyambut-damel sedinten muput lan sami kebentèren; kénging menapa tiyang-tiyang wau panjenengan paringi opah sami kaliyan kula?’ Wong sing duwé kebon mau mangsuli: ‘Lo, aku rak ora keluputan karo kowé. Kowé rak wis sarujuk nampa opah sedinar sedina? Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing dakbayaraké marang kowé. Apa aku ora olèh migunakaké barang-barangku dhéwé manut sakarepé atiku? Apa sebabé kowé mèri yèn aku loma marang wong liya?’ “ Gusti Yésus banjur ngandika: “Iya kaya mengkono kuwi wong-wong sing tekané kèri bakal dadi dhisik dhéwé lan wong-wong sing padha teka dhisik bakal dadi sing kèri dhéwé!” (Matius 20: 1-16).

Isih sesambungan karo pitakoné Pétrus, bab umat manungsa kang wus nyingkur kadonyan sarta banjur ndhèrèk Gusti, ana piwulang wigati saka Sang Kristus, kanthi pasemon “ Para panggarap kebon anggur.” Ing sawiji dina, sing kagungan kebon paring dhawuh marang para panggarap kanthi ayahan béda-béda, ana sing nyambut gawé wiwit esuk, ana sing nyusul wis awan, malah ana sing tekané wis meh entek wektu ing dina iku.

Ing wanci jam nyambut gawé rampung, sing kagungan kebon dhawuh supaya sing padha nyambut gawé, diparingi opah padha. Kalebu sing tekané keri dhéwé, uga dibayar penuh sadina. Lah palimirma gedhé lan majikan kang dermawan mau njalari nepsu lan mèriné para panggarap kang wiwit esuk wis nyambut gawé. Sing kagungan kebon mratélakaké, menawa para sing nggarap kebon ora duwé wenang mèlu cawé-cawé lan dadi hakim sarta njeksani sing kagungan kebon anggur. Panguwasa ana ing astané sing kagungan kebon anggur mau. Yèn gelem nampa berkah, kudu narima ing pangalembana. Aja mèri lan aja njeksani. Sing kagungan wenang iku kang ngasta panguwasa.

Sajroning pasemon iki, kita kabèh olèh kaca brenggala, kanggo retrospeksi. Nyawang watak mèri lan muring-muring nalika weruh wong liya nemu begja. Uga ana piwulang, menawa ora pantes manungsa protes marang Gusti Allah merga rumangsané Gusti Allah nandukaké lelakon sing ora adil. Mangka kabèh mau mung prekara kadonyan. Kita kabèh kudu duwé penemu sing bening. Wong sing bening pikire, bakal ngyakini menawa Gusti Allah paring sih palimirma werna werna, ya sing sesambungan karo berkah jasmani lan uga berkah rohani. Sing banget ora nentremaké, tumrap wong sing bening penemuné ngerti, yaiku yèn manungsa lumaku ing dalan sukses duniawi, sukses kadonyan kang kaluwih. Amarga pungkasané bakal ketemu bebaya werna-werna. Balik sing lumaku ing uriprohani, isih duwé pengarep arep mulya. Mulané, yèn mung prekara kadonyan lan kajasmanèn baé, kuduné manungsa ora kena ndakwa menawa Gusti Allah ora adil. Kita kabèh kudu yakin, menawa Gusti Allah maringake sing becik maedahi marang uripe saben uwong. Mula bisa baé béda-béda kang kaparingaké. Nanging sing dadi karsané, Gusti Allah ngrancang ayem tentreming kauripan kita.

Wulangan Bab Salib

Nalika arep tindak menyang kutha Yérusalèm, ana ing dalan Gusti Yésus nimbali para muridé rolas ndhéwé. Banjur ngandikani mengkéné: “Padha rungokna! Saiki kita padha menyang kutha Yérusalèm. Ana ing kana Putrané Manungsa bakal dipasrahaké marang para pengareping imam lan para ahli Torèt. Wong-wong mau bakal netepaké paukuman pati marang Panjenengané. Sawisé kuwi wong-wong mau bakal masrahaké Panjenengané marang wong-wong dudu Yahudi, supaya dipoyoki lan dipecuti, banjur disalib. Nanging ing telung dinané Panjenengané bakal kawungokaké menèh saka ing pati.” Somahé Zébedéus sowan ing ngarsané Gusti Yésus karo anak-anaké, banjur sujud lan arep ngaturaké panyuwunan.

Gusti Yésus ndangu: “Kowé arep matur apa?” Aturé somahé Zébedéus: “Panjenengan kersaa paring prejanji, bilih mbénjing samasa Panjenengan jumeneng Raja, anak kawula kekalih menika keparenga linggih ing sisih tengen lan ing sisih kiwa Panjenengan.” Gusti Yésus ngandika: “Kowé kuwi padha ora ngerti apa sing koksuwun. Apa kowé wani ngombé saka tuwung sing kudu Dakombé?” Wangsulané sing padha kadangu: “Inggih wantun.”

Gusti Yésus tumuli ngandika: “Pancèn kowé iya bakal padha ngombé saka tuwung sing bakal Dakombé. Nanging bab sapa sing bakal lungguh ing sisih tengen lan ing sisih kiwa-Ku, kuwi Aku ora wenang netepaké. Kuwi bakal kaparingaké marang wong-wong sing wis dipilih déning Rama-Ku.” Bareng murid sepuluh liyané ngrungu bab kuwi, padha nepsu marang wong loro sasedulur mau. Mulané Gusti Yésus banjur nimbali para murid kabèh, sarta dingandikani mengkéné: “Kowé padha ngerti, yèn para penjajah sing duwé pangwasa kuwi nindhes marang rakyat. Semono uga para penggedhé padha nindakaké pangwasané kanthi kenceng. Nanging tumrapé kowé, cara sing kaya mengkono kuwi aja koktindakaké. Yèn ing antaramu ana sing kepéngin dadi penggedhé, kuwi kudu dadi réwang. Lan yèn panunggalanmu ana sing kepéngin dadi pengarep, kuwi kudu dadi batur. Ora béda karo Putrané Manungsa, enggoné rawuh ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi, sarta masrahaké nyawané kanggo ngluwari wong akèh.” (Matius 20: 17-28).

Tindaké Gusti Yésus saya caket marang kutha Yérusalèm sajroning penggalihé kraos menawa wis meh tekan wanciné nanggung akibate dosaning jagad. Kaya wus kagambar ayang-ayanging paukuman salib kang bakal tinampi déning Gusti Yésus. Ya kanggo nampa lan nyangga paukuman salib kuwi, Gusti rawuh marang jagad.

Gusti ngendika manèh marang para sakabat ambal kang kaping teluné, bab anggoné bakal nandhang sengsara. Malah saiki saya wijang pangandikané. Uga bab sedané. Supaya para sakabat ngerti lan paham. Amarga bakal padha nyumurupi sengsarané Gusti. Mula yèn tetep setya anggoné ndhèrèk, supaya kuwi kelakoné merga saka niyat lan tekade para murid dhéwé. Ora merga dipeksa, sawisé mangerteni kabèh.

Gusti ngandharaké, menawa bakal dicekel lan dipasrahaké marang para imam. Bakal nampa pengadilané imam-imam agunglan para ahlining Torèt. Gusti bakal diputus ukum pati. Iki kabèh supaya murid padha ngerti, mula dingendikakaké manèh. Malah wong Yahudi, bakal masrahké Gusti Yésus marang wong kafir supaya diukum sing abot tekan pati. Panjenengané bakal dipepoyok, diina, diidoni, lan banjur diukum salib. Gusti bakal pinenthang ing kayu palang, bareng karo wong durjana. Gusti uga ngendika, menawa telung dina sawisé kasedanan, Gusti bakal wungu, bakal tangi saka antarané wong mati. Gusti bakal gesang manèh. Iki uga dingendikakaké.

Dingendikani mangkono mau, sajaké para sakabat kaya ora ngerti magnaning pangandika. Malah murid loro sing jeneng Yohanès lan Yakobus bebarengan ibuné asma Salome, nyaketi Gusti lan ibuné nyuwunaké supaya anaké loro iku pinaringan pangkat istimewa, olèh kalenggahan mirunggan ana ing Kratoné Gusti Yésus. Salome nyuwun, supaya anaké sing siji kalungguhaké ing sisih tengené Gusti, sijiné ing sisih kiwané. Ibu Salome yakin banget menawa panyuwunan kuwi bakal dikabulaké. Awit wis padha ninggal omah lan papan dununge, ndhèrèk Gusti ing saparan-paran sarta ngaturaké sabarang darbeké kanggo kaperluwan njajah désa milang kori anggelar kabar bungah. Salome uga wis nyipati dhéwé, menawa anak loro mau katon yèn ketengen déning Gusti. Nalika ana ing omahé Yairus, utawa nalika Gusti kamulyakaké ing gunung, anak loro mau olèh kawigaten saka Gusti kanthi mligi. Embuh sadhar embuh ora, Salome lan anaké loro pisan kuwi, apa wis paham menawa nyandhang pakurmatan kuwi ora mung kanthi nyuwun, nanging kudu nglakoni perjuwangan.

Lawang utawa dalan amrih nampa pakurmatan iku, wujude : Pangurbanan, andhap asor, nyingkur dhiri pribadi, ora kumalungkung lan sepi saka ambeg ambisi. Kuwi kabèh dalané nggayuh pakurmatan. Gusti ngendika: “ Kowé kabèh padha ora ngerti apa kang kok suwun, apa kowé padha bisa ngombe tuwung ( cawan ) kang bakal Dakombe ?” Kanthi kendel, sakaroné katon yèn saguh lan matur menawa bisa. Gusti Yésus ora nampik aturé wong wong mau, malah nerusaké anggoné paring andharan: “ Papan kaurmatan ing Kraton-Ku, mung Sang Rama piyambak kang nemtokaké katetepané.” Senajan Gusti piyambak ana ing buni mangka sugenge maha sampurna baé, ora kersa nanggung bab gegayuhan mau Para sakabat liyané padha nesoni Yakobus lan Yohanès.

Gusti Yésus paring pangandika, menawa kaurmatan lan kalungguhan pangkat ing Kratoné Sang Kristus iku kudu diudi dilakoni wiwit saka tataran ngisor, yaiku: leladi. Yèn uwong nduwéni jiwa luhur dhemen leladi, sarta gelem nglungguhi dadi pladen kanthi pambangun turut manut marang Sang Kristus, bakal diajeni liyan. Wong liya sigra mbabar berkah rohani lan kasucèn marang jagad iki. Menawa sing leladi mbangun turut marang kang diladeni, sing nyekseni tumindak iku uga bakal katarik kawigatené.

Zakhéus Antuk Karahayon

Gusti Yésus banjur mlebu ing kutha Yérikho, tindak nratas ing kutha kono. Ing kutha Yérikho kono ana wong jenengé Zakhéus, kepala pegawé pajeg, sing sugih. Zakhéus mau kepéngin banget weruh Gusti Yésus, nanging dedegé cendhèk. Sarèhné kaling-kalingan wong akèh, dadiné ora tau bisa weruh Gusti Yésus. Mulané Zakhéus mlayu ndhisiki lakuné wong-wong akèh, nuli mènèk ing wit anjir, supaya bisa weruh sing bakal langkung kono.

Bareng Gusti Yésus tindaké tekan ing panggonan kono, Panjenengané ndhangak mirsani ing wit anjir, sarta ngandika marang Zakhéus: “Zakhéus, énggal mudhuna! Awit ing dina iki Aku arep mampir ing omahmu.” Zakhéus banjur énggal-énggal mudhun lan mbagèkaké Gusti Yésus klawan bungah. Wong kabèh sing padha weruh lelakon kuwi padha pating kedumel lan muni: “Lho, Panjenengané kokersa mertamu ana ing omahé wong ala!”

Zakhéus nuli ngadeg, sarta matur marang Gusti Yésus: “Gusti, bandha kawula ingkang sepalih badhé kawula sedhekahaken dhateng tiyang miskin; lan sinten kémawon ingkang naté kawula apusi bandhanipun, badhé kawula wangsulaken tikel sekawan.” Gusti Yésus nuli ngandika marang Zakhéus: “Dina iki Gusti Allah nampani kowé lan brayatmu kabèh. Kowé kuwi uga anak-turuné Rama Abraham. Awit Putraning Manungsa kuwi tekané nggolèki lan nylametaké wong-wong sing ketriwal.” ( Lukas 19: 1-10 ).

Sang Kristus tindak Yérikho wigatiné ngasta kabar pamratobat marang Zakhéus lan saisining omahé. Zakhéus iku wong sugih mbrewu, pancèn pangkate kepala juru tagih pajeg. Mesthiné Zakhéus uga wis krungu menawa para juru tagih liyané tinampa déning Sang Kristus padha kepareng mratobat ngakoni dosané. Asma Yésus wis kondhang banget nalika iku. Déné pangkat juru tagih pajeg uga kondhang olèhé dianggep wong dosa déning bangsa Yahudi. Amarga nguber uber kawula Yahudi mbayar pajeg kanggo Kaisar Roma. Juru tagih poajeg dianggep gedibalé Kaisar Rum. Zakhéus kepéngin banget weruh Gusti Yésus.

Wanci kuwi kebeneran miyos liwat ing kono. Wong golongan akèh sing ngrubung lampahé Sang Kristus. Amarga dedege cendhek kepéngin weruh tindaké Sang Yésus, Zakhéus banjur menek uwit, pengangkah supaya cetha nyawang Gusti Yésus. Ora mreduli apa sing dadi rerasananing wong sing nyawang. Gusti Yésus piyambak uga nggatosaké tumindaké Zakhéus kang wis ana ing sandhuwuring wit. Gusti kandheg tindaké, paring dhawuh marang Zakhéus, pangandikané: Zakhéus, mudhuna. Aku bakal mampir ing omahmu.

Menawa Gusti Yésus kersa pinarak ing omahé Zakhéus kang dianggep wong dosa, sejatiné iku pakaryané Gusti Allah. Sang Kristus midhanget uga apa guneme wong akèh ngenani Zakhéus sing sugih merga olèhé dadi kepala tagih pajeg iku. Pratingkahé lan tindak tanduké sing wis kawuri, dianggep rèmèh lan asor banget déning bangsa Yahudi. Merga njalari sengsarané kawula, kerep banget ngundhak-undhakaké pajeg lan dadi kauntungan pribadi. Mula bisa dadi sugih. Sejatiné wis dianggep wong dosa gedhé. Ing kené, Gusti bakal nelakaké pakaryané, kabar pamratobat dikabaraké marang wong dosa, supaya bisaa urip lan olèh pangpura. Olèh pangapura ateges dalan mlebu swarga.

Kaswargan bakal kaparingaké marang saben wong kang mratobat merga gedhéning dosané. Gusti Yésus miji Zakhéus juru tagih pajeg, dadi tuladha kamulyaning Allah kang kersa ngapunten dosané umat. Rena banget penggalihé Sang Kristus, nalika Zakhéus ngadeg paseksi ing omahé, ing ngarsané Gusti Yésus. Aturé Zakhéus marang Sang Kristus: “ Gusti, kula badhé ngedum saperangan kasugihan kula dhateng tiyang miskin. Sarta malih, manawi kula kadakwa meres nalika ngempalaken pajeg saking rakyat, badhé kula wangsulaken tikel kaping sekawan.”

Yèn ing wektu kepungkur ana wong enom sugih kang ibadahé becik nulak ngedum barang darbeké marang wong kesrakat, nanging Zakhéus sing dianggep wong dosa iku nglakoni. Zakhéus ngedum sabagian bandha kasugihané marang wong sengsara.Wong sing disingkiri saka pasrawungan kaya Zakhéus, nglakoni sing bener. Kosok baliné ana sing sacara agamawi dianggep ibadahé pantes, nanging nulak nglakoni sing bener lan sing suci.

Allah Sang Roh Suci makarya sajroning atiné Zakhéus, dibangun dadi becik. Maringi kekuwatan nganti Zakhéus bisa nglakoni sing kaya mangkono mau. Zakhéus sing sugih lan nyandhang pangkat, kena ingaran upamané kewan mengkono kaya déné “onta” – tegesé: Onta iku duwé samubarang kadonyan. Ewosemono, sang onta Zakhéus gampang mlebu lawang “bolongan edom” – Ing Yérusalèm, ana lawang ing kawasan Bait Allah kang ingaran “ lawang bolonganing edom.” Mung bisa diliwati utawa dileboni wong siji, Pas banget. Simpangan baé angel. Kudu gentenan. Apa manèh yèn kewan gedhé sugih daging kaya onta. Mokal yèn onta mlebu lawang mau. Nanging bisa dadi ibarat, sing sapa wong kang ora bisa pisah karo kadonyan, mangka ngangkah olèh swarga, bakal angel banget lan mokal. Luwih gampang onta mlebu lawang bolonganing edom mau, mengkono uga wong sugih kang tansah rumaket bandhané. Gusti nandhesaké piwulangé, yèn wong iki slamet, merga mratobat lan pracaya menawa rawuhé Sang Kristus ing jagad iki bakal mitulungi kang rumangsa gedhé dosané.

Nyata menawa Zakhéus dadi conto, yèn ora ana sing bisa nduwa kangening urip iki lamun kepéngin lan nggayuh kanthi temen bakal nunggal Gusti. Kanthi tanpa semaya, wong sing pinaringan iman mbuktekaké ing kalakuwané. Pramatobat kudu kabukten ing laku kang salin dibangun dadi anyar. Rohing Allah sigra mitulungi.

Ing tanah Yérikho, pamratobate Bartimeus sing wuta lan pamratobate Zakhéus, dadi bukti uwohing pamratobat. Wong akèh kalebu umat ibadah ing Yérikho, bisa uga banjur nunggal gabung karo rombongané Sang Kristus kang nglajengaké tindaké nuju Yérusalèm, bakal padha ngriyayakaké dina Paskah.

Ngrawuhi Omahé Lazarus

Nem dina sadurungé Riaya Paskah, Gusti Yésus tindak menyang désa Bètani; ana ing omahé Lasarus, sing wis tau mati, ditangèkaké menèh. Ana ing kono Gusti Yésus dicaosi dhahar; sing ngladèni Marta. Déné Lasarus lungguh kembul karo Panjenengané. Maryam nuli njupuk lenga wangi nared tulèn, sing ajiné akèh banget, boboté setengah liter, banjur dienggo njebadi sampéyané Gusti Yésus. Lenga mau nuli diusapi nganggo rambuté. Ambuné ngebeki saomah kabèh. Yudas Iskariot, panunggalané sekabaté Gusti Yésus, muni mengkéné: “Généa lenga wangi kuwi ora diedol waé, rak bisa payu akèh, nuli dhuwité didanakaké marang wong miskin?” Enggoné Yudas muni mengkono mau ora kokmerga mikiraké nasibé wong miskin, nanging merga saka culikané. Yudas kerep nganggo dhuwit sing dadi rereksané. Nanging Gusti Yésus ngandika: “Wis ta, wong wadon kuwi nengna waé, aja kokganggu! Penggawéné mengkono kuwi minangka pacawisan enggon-Ku mbésuk bakal dikubur! Awit wong miskin kuwi selawasé ana ing antaramu, nanging Aku ora selawasé ana ing antaramu.” (Yohanès 12: 1-8 )

Sang Kristus dalah rombongan, wus rawuh ing kampung Bétani, sarta mapan ing kono sawetara wektu. Yaiku ing omahé Lazarus, seduluré Martha lan Maria, kang ing wektu kepungkur durung suwé, Lazarus katangèkaké saka kubur sanajan wus mati patang dina. Ya ing kono Gusti lereb, sadurungé tekan titimangsa Riyaya Paskah ing Yérusalèm.

Ing Bétani, Gusti diulemi kembul dhahar déning Simon, kang tau diwarasaké lelarané budhug. Manut tradisi, Simon kuwi diarani dadi bojoné Martha. Ing kembul mangan bareng kuwi, kacaritakaké Lazarus uga ana ing kono.

Martha lagi sibuk nyawisaké suguhan. Lan Maria, teka ing satengahé wong akèh, nggawa lenga jebat wangi sagendul, banjur kanggo ngurmati Sang Yésus Kristus. Lenga mau disuntak ing sukuné Gusti, lan banjur dielapi déning Maria kanthi rambute, ngresiki sampeyané Gusti Yésus. Mengkono mau dadi cihnaning atur panuwun marang Sang Juru Slamet. Ganda arum wanginé lisah jebat ngebeki papan kono. Ambrak wangi ngebaki panti, mulyakaké asmané Gusti. Sejatiné, menawa ana wong sing mènèhi omben banyu putih marang pepadhané sing cilik dhéwé, tamba ngelak kuwi wis ngemu teges kunjuk marang Gusti Yésus uga. Tumindak becik kang kita tandukaké marang pepadha kang asor dhéwé uga, senajan ibaraté mung mènèhi banyu satetes, sejatiné kuwi sumaos marang Gusti Yésus.

Kosok baliné, upama ing urip iki kelakon bisa gawé amal mulya kanthi ngedum barang darbe, ewosemono uga ora bisa bebas merdika saka kaluputan, Sanyatané manungsa tansah seneng banget metani ala lan luputing liyan. Ing satengahing ambrak wangi ganda arum ing omahé Simon, dadi wulang lan ibarat, menawa tansah baé ana sing ora nyarujuki. Dadi oyot pait sajroning ati, lan kawetu diucapaké, kaya déné pangucape Yudas Iskariot si murid uga. Guneme: “ Lenga wangi sagendul regané wis pira. Upama didermakaké marang wong miskin ….!” Pancèn petung kadonyan tansah ngreridu pangibadah.

Yudas Iskariot kuwi bendahara ing antarané para murid, tukang nyimpen dana kolektif rombongan. Mula yèn petung uga bab tuna bathi. Saka Yudas Iskariot uga, rombongan ngedum dhuwit kanggo wong miskin., nanging Yudas uga nyolong saka kas kanggo dhiri pribadi. Ana uga murid liyané sing nguwataké panemuné Yudas, menawa kang dilakoni Maria kuwi dadi pemborosan. Apa ora luwih becik regané lenga wangi larang mau kadermakaké nulungi wong miskin kanggo amal?

Gusti Yésus ora kendel baé. Para pangritik mau disaruwe déning Sang Kristus, déné tumindaké Maria tinampa déning Gusti. Kuwi mesthi ana wigatiné. Mesthi ana sambung rapete karo wecaning sabda pangandika, menawa Maria anggoné anjebati Gusti kanthi lenga wangi iku dadi wujuding pacawisan, menawa ora suwé manèh Gusti bakal dibalsem, amarga sedané ing kayu palang salib. Dina iku ingurmatan kanthi lenga Narwastu wangi. Nanging ora suwé manèh bakal kabalsem sawisé séda sinangsara.

Nanggapi kritik mau, Gusti ngendika menawa wektuné wis entek. Bakal ora ana wanci manèh para murid ngurmati Panjenengané kaya Maria ing dina iku. Gusti ngendika, menawa bakal nilar para murid. Ya iki kalodhangan utawa kesempatan akhir. Déné para wong miskin, isih bakal bisa padha suwé bebarengan urip karo para murid. Ing kono para murid bisa nglakoni kabecikan marang para wong miskin mau. Gusti paring lipur ing atiné Maria, kaya pangandika kang ana ing Matéus 26: l3 : Padha titènana! Ing endi waé Injil iki diwartakaké, apa sing ditindakaké déning wong wadon iki iya bakal dicritakaké, minangka pengéling-éling marang dhèwèké.

RATUNING PARA RATU TINDAK YÉRUSALÈM

Bareng wis mèh tekan kutha Yérusalèm, Gusti Yésus lan para muridé padha mampir ing désa Bètfagé, ing Gunung Zaitun. Ing kono Gusti Yésus ngutus muridé loro ndhisiki tindaké. Pangandikané: “Lungaa menyang ing désa ngarep kono. Kowé nuli bakal weruh ana kuldi wadon dicencang karo beloné. Kuldi kuwi nuli uculana lan gawanen mréné. Yèn ana wong sing takon, kandhaa waé: ‘Gusti ngersakaken ngagem. Menawi sampun, badhé tumunten kawangsulaken.’ Wong mau bakal ngolèhaké.” Kaya mengkono kuwi supaya kelakon apa sing wis diweca déning nabi, sing uniné: “Wartakna marang Sion, Ratumu ngrawuhi kowé. Panjenengané kuwi alus ing budi lan rawuhé nitih beloning kuldi.” Murid loro sing diutus mau tumuli mangkat lan nglakoni apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus. Kuldi lan beloné dituntun. Para murid nuli nguculi jubahé lan dislèmèkaké ing gegeré kuldi. Gusti Yésus nuli nitih. Wong akèh sing padha ana ing kono nuli padha njèrèng jubahé ana ing dalan sing arep dilangkungi Gusti Yésus. Wong liyané menèh ana sing padha amèk pang-pangé wit-witan, kasèlèhaké ana ing dalan.

Wong akèh sing padha mlaku ing ngarsané lan wingkingé Gusti Yésus nuli wiwit padha surak-surak: “Pinujia tedhakipun Sang Prabu Dawud! Kaberkahana ingkang rawuh ing Asmanipun Pangéran! Pinujia Gusti Allah Kang Mahaluhur!” Bareng Gusti Yésus mlebet ing kutha Yérusalèm, wong sakutha padha gègèr, pangucapé: “Sing rawuh kuwi sapa?” Wangsulané wong akèh sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus: “Kuwi Nabi Yésus, saka Nasarèt, tanah Galiléa.” ( Matéus 2l: 1-11 )

Dina Minggu ésuk, Gusti Yésus nilar Bétani tindak Yérusalèm kadhèrèkaké para murid lan sawetara wong golongan, yaiku para kawula cilik Yahudi. Saka kutha uga ana wong golongan akèh methuk rawuhé Gusti Yésus bakal mlebu kutha. Gusti utusan murid golèk kuldi lan anaké supaya dituntun mrono, bakal dadi titihané Gusti. Iki supaya kaujudan wecaning para Nabi jaman sadurungé. Sing duwé kuldi uga kanthi gampang sukalila, ngulungaké kuldiné amarga kanggo kaperluwané Sang Guru Yésus. Senajan sejatiné sing duwé kuldi kuwi ora kalebu murid utawa dudu pandhèrèké Gusti. Kuwi mau kelakoné amarga Gusti priksa batining manungsa, kanthi panguwasaning Allah. Ana wecaning para Nabi jaman kuna, menawa Sang Mesias bakal dituruti apa pangandikaNé.

Apa sababé Gusti Yésus milih cara kaya mangkono anggoné rawuh ing Yérusalèm? - Kabèh iki netepi kayektèn. Sadurungé Paskah, wong Yahudi padha miji wedhus kurban, dipilih lan didhéwékaké, dadi kurban ibadah. Padatan tanggal sepuluh sasi Nisan. Sasi Nisan iku kurang luwihé sasi April taun Masèhi. Yèn wong Yahudi milih wedhus kang bakal kanggo kurban Paskah limang dina manèh, lan dina iku wiwit padha nyawisaké, semono uga, Cempening Kaswargan, kang bakal kakurbanaké ing kayu salib limang dina manèh, uga mlebu ing Yérusalèm dina iku. Iki magnané pacawisan bakal anané kurban sejati, kurbané Sang Kristus kang bakal ngrembat dosaning jagad. Wedhus-wedhus kurban kang dipilihi déning wong Yahudi dina iku, dadi pralambang bab Gusti Yésus kang dina iku pinilih mlebu kutha Yérusalèm, banjur limang dina manèh sinalib. Dadi panebusing dosaning umat manungsa.

Paladosané Gusti Yésus rawuh ing donya wetara telung puluh taun. Injil papat kabèh ngutamakaké caritané Sang Kristus kang kudu séda dadi kurban sampurna panebusing dosa iku. Ing Injil tinulis luwih dawa katimbang kadadeyan-kadadeyan liya. Mingguning kasangsaran, yaiku dina-dina sepasar sadurungé Gusti sinalib, lan limang dina sawisé Gusti séda, tinulis kurang luwih seprapate Kitab Injil.

Amrih aja thukul anané sekuthon lan sekongkol ing antarané wong Yahudi banjur nglawan Roma, nalika tekan dinané Riyaya Paskah, prajurit Roma teka saka Kaisarea menyang Yérusalèm saperlu njaga. Pamaréntah Roma ngawasi kaleksanané Riyaya. Sawetara wong Farisi tumuli nggolèki Gusti Yésus lan matur, supaya para sakabat dielingaké aja gawé pratingkah sing njalari nesuné Roma. Barisan iring-iringané wong golongan akèh iku mancing prekara, supaya dibubarké.

Gusti Yésus paring wangsulan, pangandikané: “Nanging pangandikané: “Yèn wong-wong kuwi meneng, watu-watu iki sing bakal giyak-giyak.” ( Yoh l9: 40 ). Panyuwuné wong Farisi supaya iring-iringan kuwi dibubaraké ora dikabulaké.

Mesthi kaleksanan, anggoné Gusti rawuh ing Yérusalèm kanthi nitih kuldi, kaya wecaning Kitab Torèt. Kitab Zakaria mratélakaké: “Hé putri Sion, padha bungaha! Padha surak-suraka hé wong sing padha manggon ing Yérusalèm! Delengen, Ratumu rawuh. Rawuhé ngasta kaluhuran lan kemenangan. Éwasemono Panjenengané lembah manah lan rawuhé nitih belo, anaké kuldi momotan.” ( Zakaria 9:9 ).

Wong akèh padha surak mangayubagya rawuhé Gusti. Menawa wong golongan manunggal ing barisan nalika Gusti Yésus mlebet Yérusalèm kuwi, nyata sawijining pratélan menawa Gusti Yésus kagungan panguwaos kang ngéram-éramaké. Para pemimpin Yahudi ngrancang trékah ala kagem Gusti Yésus, nanging sanyatané kabèh mau netepi wecaning para Nabi dadi kaujudan. Rawuhé nitih beloning kuldi lan sinubyarga déning wong pirang-pirang.Bareng Gusti Yésus tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, Panjenengané muwun. Kuwi kadadeyan nalika saka kadohan kutha Yérusalèm wus katon. Yérusalèm kang endah, kapirsanan déning Gusti anggoné nyandhang dosa abot.

Sang Kristus Muwun, Menggalih Yérusalèm

Bareng Gusti Yésus tindaké saya cedhak karo kutha Yérusalèm lan pirsa kutha mau, Panjenengané muwun. Pangandikané: “Adhuh, saiba beciké, yèn ing dina iki kowé nyumurupi apa sing sanyatané kokbutuhaké kanggo katentremanmu! Nanging tekan saiki kowé durung weruh. Bakal tekan wektuné, mungsuhmu padha gawé jagragan pirang-pirang kanggo ngepung kowé lan nyerang kowé saka ing ngendi-endi. Mungsuh-mungsuhmu kuwi bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah, bareng karo rakyatmu kabèh. Mungsuhmu bakal ora nglestarèkaké watu siji waé tumumpang ana ing watu liyané, sebab kowé ora nggatèkaké rawuhé Gusti Allah enggoné arep nylametaké kowé!” (Lukas l9: 41-44).

Mirsani Yérusalèm, Gusti trenyuh ing penggalih. Para sakabat bakal dadi seksiné, menawa ing satengahing Riyaya Paskah, sawijining riyaya sing wigati lan dadi bebetenging pengarep-arep iku, bakal kelakon kadadeyan sing nyedhihaké. Kabungahan kaya-kaya bakal ilang, kalindhih sing bakal kadadeyan. Para murid bakal nyekseni. Anggoné Gusti Yésus muwun, nangisi Yérusalèm, bisa dadi tuladha becik tumrap kita kabèh.

Negara tanah wutah getih kita kang endah iki , njalari kabungahan kita sabangsa kabèh. Nanging uga aja lali, ana ayahan luhur kang kudu dilakoni. Yaiku nresnani wong dosa kang ana ing bumi kita iki, supaya bisa wanuh Gusti Sang Juru Slamet, supaya bisaa mratobat lan olèh pangapuraning dosa. Temah olèh panduman urip langgeng kaswargan. Gusti Yésus muwun mirsani Yérusalèm, merga priksa kang bakal kadadeyan, wong dosa kang ora mratobat bakal kaukum. Gusti muwun merga welas lan trenyuh.

Sing padha nyawang Gusti Yésus muwun, padha gumun. Amarga ora ngerti presis apa sing dadi jalarané. Apa merga anggoné bakal pinesthi sinalib? Ora, dudu kuwi. Bab Gusti bakal sinangsara lan ingina, ora njalari Gusti muwun. Bab anggoné bakal digebugi, disabet lan diadili banjur katetepaké kaukum pati, ora njalari trenyuhing penggalihé Gusti. Sing njalari Gusti Yésus nganti ngruntuhaké eluh, merga tresnané marang para pedunung bumi iki, déné bakal diparingi pitulungan nanging malah padha nglawan, padha nulak lan nampik kaslametan peparingé Gusti Allah.

Gusti uga priksa, ing dina ngarepaké mangsané riyaya, ora suwé manèh. Lan ing wanci iku wong Yahudi lan Farisi ngatonaké anggoné gething banget marang Gusti, kanthi usul supaya Gusti Yésus kaukum pati. Waskithaning penggalihé iku, malah saya nambahi trenyuhé Gusti Yésus lan saya gedhé kawelasané marang wong Yérusalèm. Gusti luwih ndadra anggoné muwun ngruntuhaké waspa.

Priksa sadurungé winarah, Gusti Yésus nggambaraké, Yérusalèm kang bakal dilebur déning panguwasané Romawi, nganti warata karo lemah lan dadi karang abang. Satemah upacara upacara suci kang agamawi uga kandheg lan mandheg. Wong Yahudi katon yèn luwih wedi lan urmat marang Kaisar Romawi. Gusti priksa, malah saka tangan kejem Romawi, Yérusalèm bakal lebur. Gusti saya trenyuh. Gusti iwis priksa, menawa sawijining wektu prajurit Roma yasa beteng rosa, lan saka beteng Roma kang diedegaké ing sacedhaké Yérusalèm, dumadi serangan lan njalari leburé Yérusalèm lan Padaleman Suci.

Kaya wijang cetha wela-wela kang kapirsanan déning Gusti, rubuhé tembok Yérusalèm, kasengsaraning para kawula cilik, Yérusalèm ancur lebur tekan Bait Allah kang rubuh lan diobong. Musna ludhes dadi awu. Pedunung padha kurang pangan, mula tegel ngedol anaké demi urip. Kaya gabah den interi polahé pedunung Yérusalèm, pating balesar mawut, ibadah uga dadi ora runtut merga ora kepikir manèh.

Patang Puluh Taun Manèh

Saka wanciné Gusti muwun, nangisi nasibe Yérusalèm mau, kasengsaran gedha bakal nempuh numpes Yérusalèm, lan pinasthi bakal kadadeyan ing mangsa patang puluh taun engkas, kaya wecaning para Nabi, ing kitab Yeremia 26: 18, ana pangandika mangkené: “”Nalika Hizkia jumeneng raja ing Yéhuda, Nabi Mikha saking Morèsyèt, naté medhar wangsit dhateng tiyang-tiyang, bilih Pangéran, Allah Ingkang Mahakwasa ngandika mekaten, ‘Sion bakal diluku kaya sawah, Yérusalèm bakal dadi gempuran, lan Pedalemané Allah bakal dadi alas.”

Para ahli sejarah donya nyaritakaké, menawa nalika Yérusalèm kinepung binaya mangap kinurung ing bebaya merga Jendral Titus tetindhihing tentara Romawi nyerang Yérusalèm. Lan nalika mlebu kutha, Titus nyipati jenasah akibat serangan mau mblasah kaya babadan pacing. Wong Yahudi nandhang sengsara, sengsara kang tanpa tandhing yèn diukur saka sejarah kasengsarané manungsa ing bumi iki. Titus banjur ngedhangaké tangané kaya manembah marang sesembahané, kanthi pangucap sora, menawa dudu Titus kang tanggung jawab marang karusakan lan raja pati iku, nanging dadi tanggung jawabe kang mrentahaké, yaiku kaisar Romawi.

Gusti Yésus nalika saya caket mlebu kutha Yérusalèm lan banjur muwun mau, kasurung déning rasa tresna welase marang wong dosa. Thukul jiwa patriote, nanging kekendelan sarta tresna welase ora luntur, senajan trenyuh, muwun kanggo para manungsa kang bakal njalari sedané kang padha nyalib Gusti Yésus ing Golgota.

Gusti menggalih anggoné wong akèh nggatèkaké, uga menggalih kabungahané para murid nyawang wong akèh ngurmati Sang Guru, nanging uga gawang-gawang trewaca apa kang bakal kelakon ing tembe. Yaiku bab ancur leburé Yérusalèm sarta paukuman kanggo bangsa kang ditresnani iku senajan padha mbrontak lan nulak Gusti. Sajroning penggalih kaya mengkono, netra mriksani kutha Yérusalèm kang mesthi bakal linebur. Mula kanthi trenyuh lan muwun Gusti Yésus mriksani Yérusalèm kang wus katon saka pepunthukan, kang sedhela manèh Gusti bakal lumebu ing kutha iku.

Iba begjané Yérusalèm lan para manungsa menawa ngerti, apa sejatiné sing dadi sumber karahayon iku. Nanging mripat kadonyan lan ati kajasmanèn, ora bisa weruh sih rahmat kang gedhé kang kasimpen ing sugengé Gusti Yésus Kristus. Iba begjané, lamun jagad nampa Sang Mesias. Nalika semana Gusti Yésus uga mratélakaké, menawa pungkasané Yérusalèm bakal rubuh. Lan ora lestari watu siji tumumpang ing watu liyané. Tegesé kabèh wewangunan kadonyan tanpa daya lan tanpa guna babar pisan. Lan ora ana sing ngertiwanciné, menawa Gusti Allah nurunaké duka sarta paukumaNé.

Mlebu Kutha

Gusti Yésus kadhèrèkaké rombongan iring-iringan akèh, mlebu kutha Yérusalèm, ngliwati Gapura wetan, sacedhaké Bait Suci. Wong akèh padha ngalembana, godhong palem diangkat dadi pangayubagya kagem Gusti. Surak rame lan memuji. Hosana ! Pedunung Yérusalèm dadi ngerti lan kagugah kepéngin weruh. Akèh sing padha takon: “ Wong iku sapa?” Matius 2l: 10,11 nerangaké: Bareng Gusti Yésus mlebet ing kutha Yérusalèm, wong sakutha padha gègèr, pangucapé: “Sing rawuh kuwi sapa?” Wangsulané wong akèh sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus: “Kuwi Nabi Yésus, saka Nasarèt, tanah Galiléa.”

Tekan ing Bait Suci, iring-iringan mau wanciné wis soré. Gusti mriksani akèh upacara agama kang kacawisaké. Menggalih uga, menawa dina iku kagungan ayahan wigati. Nanging pakryan élok bakal katindakaké dina sesuk, mergané gapura tembok Yérusalèm ora suwé manèh bakal katutup. Gusti ora ngersakaké nginep ing kutha Yérusalèm, amarga priksa, para pinituwa lan pemimpin Yahudi sarta wong Farisi, selak ora betah anggoné bakal tansah ngrekadaya bisané nangkep lan nyedani Gusti Yésus. Mula kadhèrèkaké para murid, Gusti Yésus wangsul menyang Bétani, sanjabané kutha Yérusalèm. Awit wektuné durung tekan wanci nandhang sangsara.

Wit Kang Ana Uwohé

Ésuké Gusti Yésus lan murid-muridé padha tindak menèh saka Bètani. Gusti Yésus kraos luwé. Saka kadohan Panjenengané pirsa ana wit anjir sing godhongé ketel banget. Gusti Yésus marani wit mau, mirsani mbokmenawa ana wohé. Nanging bareng wis tekan ing kono, mung manggih godhong thok, ora ana wohé siji-sijia, sebab pancèn durung ungsumé. Gusti Yésus banjur ngandika: “Wiwit saiki bakal ora ana wong sing mangan wohmu menèh ing selawas-lawasé!” Para muridé padha krungu pangandika kuwi mau.” (Markus 11: 12-14 ).

Kacarita, nalika tindak Yérusalèm dhek semana, Gusti mriksa ana wit anjir ( ara) kang godhongé lemu. Uwite subur, mesthiné ana uwohé senajan nalika iku pancèn durung ungsum uwoh. Bareng Gusti nyaketi wit mau, tanpa ana uwohé. Amung godhong. Mung gedhé uwit idhum godhongé, nanging ora ana uwohé.

Wit anjir pancèn ana uga sing ngetokaké uwoh ing dudu mangsané. Senajan uwohé cilik, nanging rasané legi nyamleng banget. Lah yèn ana wit anjir lemu ijo royo-royo, kakersakaké uga déning Gusti supaya ana uwohé. Dhasar uwite becik, senajan durung ungsun, kakersakaké uwoh uga. Gusti mriksani, ora manggih uwohé wit mau.

Wite lemu ledhung-ledhung, godhongé akèh, tanpa uwoh, pranyata uwit kang munafik. Dadi ibarat lan piwulang tumrap umat manungsa kang ngaku ngrasuk agama. Yèn mung lemu godhong, yèn mung gedhé uwit, nanging ora awoh, sejatiné urip kaya mangkono iku nyatané urip sing gagal tanpa mupangat, ora paédah. Gusti paring duka lan malah kena ipat-ipat. Sajege urip ora bakal ana sing mangan uwohé.

Iki piwulang marang para murid lan kita kabèh. Ora perlu nenimbang mangsané, ora perlu nenimbang gedhé cilike uwoh, ora perlu nenimbang kahanan subur apa gathak, kaya déné uwit anjir, Gusti ngersakaké para wong pracaya kudu metokaké uwoh. Lan ora perlu nenimbang marang bakat, kabisan lan karosaning manungsa. Ing kahanan kita dhéwé-dhéwé, kakersakaké metokaké uwoh. Andhap asor lan ora gumantung mawang sipat lan wewatekaning manungsa. Kudu dadi wit anjir kang tansah metokaké uwoh.

Lelakon iki cocok karo kang kawulangaké Yohanès Pambaptis, menawa kang rawuhé nungka tekané Yokanan iku kagungan panguwaos gedhé. Kaya pangandikané Injil Matéus bab 3: 10, Wadungé wis cumepak kanggo negor wit ing poking oyodé. Saben wit sing ora ngetokaké woh becik, bakal ditegor lan dibuwang ing geni.Senajan kaya ngapa dukané Gusti, sejatiné Gusti amung paring piwulang. Aja dadi wong munafik, kaya ula ilate crenggeng loro. Lakuné mangro tingal. Gusti ora paring paukuman, merga rawuhe Gusti marang jagad iki bakal paring pitulungan rahayu.

Gusti pancèn kagungan panguwaosing Allah, nanging kabèh mau ngentèni tekané mangsa kala. Kita kabèh aja lali, menawa rawuhé Gusti kang kapisan ing jagad iki, nggolèki wong dosa kang mratobat pinaringan pangapuraning dosa. Endah lan mulya banget . Wong dosa kang mratobat pinaringan karahayon langgeng.

GUSTI YÉSUS NYUCÈKAKÉ PADALEMAN SUCI

Bareng wis padha tekan ing kutha Yérusalèm, Gusti Yésus banjur tindak mlebu ing Pedalemané Allah. Wong-wong sing padha dol-tinuku ing Pedaleman kono nuli padha didhawuhi metu. Méja-méjané tukang ngijoli dhuwit, semono uga bangku-bangkuné wong-wong sing adol dara, padha diglimpangaké. Wong-wong sing padha teka nggawa dagangané arep mlebu ing papan pangibadah, padha dicegah. Wong-wong mau padha dingandikani: “Apa kowé padha ora ngerti yèn ana tulisan mengkéné: ‘Omah-Ku bakal disebut papan pangibadahé sakèhing para umat.’ Nanging saiki malah kokdadèkaké papan pandhelikané maling-maling.” Bareng para pengareping imam lan para ahli Torèt padha krungu pangandikané Gusti Yésus mau, banjur padha golèk dalan bisané nyédani Panjenengané. Wong-wong mau padha wedi karo Gusti Yésus, merga wong kabèh padha kepranan karo piwulangé. Bareng wis soré Gusti Yésus lan para muridé padha tindak menèh, metu saka kutha kono. ( Markus 11: l5-19).

Bait Allah iku lambang utawa gegambarané Sang Kristus. Dadi pantara antarané Gusti Allah lan manungsa. Sing sapa bakal sowan marek ngabekti marang Allah, kudu lumantar Sang Kristus Yésus. Gusti piyambak ngendika: “Aku iki dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku.”

Gusti Yésus rawuh ing Padaleman Suci kadhèrèkaké para sakabat, pakaryan wis nunggu. Yaiku Bait Suci kang wis kena jejember, kudu kasucekaké. Amarga Bait Suci wis malih dadi papan golèk dhuwit, kaya pasar. Kaya mangkono mau kudu dipulihaké. Papan sing ora kena dileboni wong Kafir, wis dadi papan palungguhané sapa baé, ana ing kono dadi papan dol tinuku. Ya dodolan kewan kang bakal dadi kurban ibadah, ya papan ijol dhuwit receh kanggo pisungsung sajroning ibadah. Sejatining Bait Suci iku sarirané Gusti piyambak. Mula ingaran Gusti Yésus iku Gustining Bait Suci. Menawa kena kanisthan, mesthi kudu disucekaké. Papan sing wis malih kaya pasar kuwi, kudu bali guna manfaate sekawit, yaiku kanggo ibadah, manembah, mitulungi wong lara lan memulang sabda pangandika. Ing wektu sing wis kepungkur, angger Gusti Yésus nindakaké mujizat, banjur mulang karohanèn. Piwulangé Gusti: Berkahing Allah iku pinaringaké marang kang padha olah katresnan, lumantar Bait Suci amarga manungsa ibadah, sarta ngurmati dina Sabat. Para pinituwa Yahudi kasoran ngadhepi Sang Kristus, njalari saya akèh wong sing padha pracaya marang Gusti Yésus. Wong akèh padha éram ngrungokaké piwucale Gusti Yésus.

Kaping pindho Gusti Yésus nyucèkaké Bait Allah. Kang kapisan sadurungé, kanthi pangandika rada sareh. “Gusti Yésus nuli ndhawuhi marang wong sing padha adol manuk dara: “Manuk-manuk kuwi padha singkirna kabèh saka kéné. Pedalemané Rama-Ku aja padha kokenggo dodolan!” Nanging titi wanci nyucèkaké kang kaping pindhoné, pangandikané Gusti tegas banget. Wong-wong mau padha dingandikani: “Apa kowé padha ora ngerti yèn ana tulisan mengkéné: ‘Omah-Ku bakal disebut papan pangibadahé sakèhing para umat.’ Nanging saiki malah kokdadèkaké papan pandhelikané maling-maling.” (Markus 11: 17 ). Gusti priksa, menawa tumindak kang ora jujur wis warata dilakoni. Sing dadi kagungané Gusti Allah wis dirampas dadi hak lan bebathining manungsa. Kena ingaran ngrampok kagungé Gusti Allah. Ing kitabe Nabi Zakaria uga wis katulis sadurungé, menawa Sang Mesias iku kang kagungan kayektèn lan kaunggulan. “ Hé putri Sion, padha bungaha! Padha surak-suraka hé wong sing padha manggon ing Yérusalèm! Delengen, Ratumu rawuh. Rawuhé ngasta kaluhuran lan kemenangan. Éwasemono Panjenengané lembah manah lan rawuhé nitih belo, anaké kuldi momotan.” ( Zakaria 9: 9 ).

Sejatiné Gusti Yésus ngagem panguwaose kanthi sawutuhé, amarga pancèn wis tekan wanci bakal dadi kurban panebusing dosa. Karsané Gusti, ing minggu Paskah iku uga, Gusti bakal nglenggana ing penggalih masrahaké sugengé marang mungsuh. Mulané kanthi panguwasa sampurna mau, para pinituwa Yahudi lan para pemimpin agama ora ana sing kuwat nduwa lan kuwawa memalangi. Sing pinesthi unggul ing pangadilan sarta kuwasané pancèn Gusti Yésus.

Benginé, Gusti Yésus nilar Yérusalèm. Lan bakal rawuh manèh kang pungkasan ing dina Selasa. Lan kuwi mengko bakal dadi rawuhé pungkasan ing Bait Allah Yérusalèm, merga ing dina Jemuah Adi sing bakal kelakon, Gusti Yésus pinesthi séda sinalib.

Piwulang Bab Iman

PÉsuké Gusti Yésus lan para muridé padha tindak, ing dalan pirsa wit anjir sing winginé disupatani Gusti Yésus. Wit kuwi jebul wis mati, nganti tekan oyodé pisan. Rasul Pétrus banjur kèlingan lelakoné wit anjir mau, nuli matur: “Guru, wit anjir ingkang Panjenengan supaosi menika sampun pejah.” Gusti Yésus ngandika: “Padha ngandela! Menawa kowé precaya marang Gusti Allah, kowé padha bisa akon punthuk kuwi, ‘mumbula lan ambyura ing segara’, kuwi mesthi bakal kelakon, angger ora mangu-mangu. Menawa precaya temenan, apa sing kokkandhakaké mau mesthi bakal kelakon. Mulané kowé padha Dakkandhani: Menawa kowé ndedonga nyuwun apa-apa, padha precayaa, yèn apa sing koksuwun kuwi wis diparingaké. Dadi apa waé sing koksuwun bakal ketutugan. Menawa kowé lagi ndedonga, apuranen kabèh wong sing duwé keluputan karo kowé, supaya Ramamu ing swarga iya ngapura keluputan-keluputanmu. keluputan- [Menawa kowé ora padha ngapura keluputaning liyan, Ramamu ing swarga uga ora bakal ngapura keluputanmu.]” ( Markus 11: 20-26 ).

Sadurungé mlebu ing kutha manèh, para sakabat ndhèrèkaké Gusti Yésus tindaké ngliwati uwit anjir ( wit ara) kang disupatani Gusti dina wingi. Wis anjir mau alum, lan mesthi bakal mati. Gusti narik kawigateni para murid nyipati kadadeyan “ alume wis anjir “ kuwi, kanggo memulang bab iman. Urip iki kudu metokaké uwoh. Ora susah ngentèni ungsum who-wohan. Senajan uwoh cilika dikaya ngapa, nanging yèn rasané legi arum, yaiku uwohing urip kang jeneng kasetyan lan katresnan. Mulané sing sapa ndedonga, bab pangapuraning dosa, sing nyuwun kaapura dosané, kudu wani lan bisa ngapura kaluputaning pepadha kanthi tulus.

Bab panguwaose Gusti Yésus

Nalika Gusti Yésus nyucèkaké Bait Allah kang kapisan dhek semana, wong Yahudi njaluk pratandhaning panguwasa. Nalika Gusti rawuh manèh ing dina Selasa ing Bait Allah, sawisé nyucèkaké Bait Allah kang kapindho, wong Yahudi pitakon: “ Kanthi panguwasa saka ngendi, déné nindakaké kang kaya mangkono?”

Bab Kuwasané Sang Kristus

Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: “Panjenengan nindakaken prekawis-prekawis menika adhedhasar pangwaos menapa? Sinten ingkang nyukani wewenang dhateng Panjenengan nindakaken menika sedaya?” Gusti Yésus ngandika: “Aku arep takon karo kowé saprakara waé. Menawa pitakon-Ku wis kokwangsuli, kowé bakal gentèn Dakkandhani bab wewenang-Ku nindakaké prekara-prekara mau kabèh. Coba wangsulana, Nabi Yohanès kuwi enggoné mbaptis olèh wewenang saka sapa. Saka Gusti Allah, apa saka manungsa?” Para pengareping imam, para ahli Torèt lan para pinituwa mau banjur padha rembugan dhéwé: “Yèn awaké dhéwé kandha: ‘Saka Gusti Allah’, dhèwèké mesthi bakal takon: ‘Kena apa kowé kokpadha ora precaya marang Nabi Yohanès?’

Yèn awaké dhéwé kandha: ‘Saka manungsa’, kuwi ora bisa.” (Wong-wong mau padha wedi marang wong akèh, sebab kabèh padha yakin, yèn Yohanès kuwi nabi.) Mulané wong-wong mau banjur padha matur marang Gusti Yésus: “Kula sami mboten mangertos.” Gusti Yésus banjur ngandika: “Yèn ngono Aku uga ora bakal ngandhakaké marang kowé, saka ngendi asalé pangwasa-Ku nindakaké kuwi mau kabèh.” ( Markus 11: 28-33 )

Wong Yahudi wis kajudhegan dalan bakal ngalahaké Gusti Yésus bisaa ketemu kaluputané. Mula akale banjur pitakon bab kang kaanggep bakal bisa njaring Gusti tumiba luput. Amrih wong Yahudi sing padha pracaya mundur, supaya ngedohi Sang Yésus. Yèn nyata Gusti kleru pangandikané, wong bakal bakal ora seneng. Satemah, menawa kelakon Sang Yésus bisa ditangkep dicekel bakal kaukum, aja ana kang padha nglawan mbélani.

Para pemimpin Yahudi lan para kang dadi tokoh Bait Allah rumangsa duwé wenang, merga ana dhawuhé para leluhur dadi panguwasa, lan olèh legalitas saka pamaréntah uga. Balik Sang Yésus Kristus, saka panguwasa sing kepriyé, déné wani ngresiki lan nyucèkaké Bait Allah?

Sajroning patang atus taun sadurungé Gusti Yésus rawuh ing jagad, ora ana Nabi sing kautus. Kejaba Nabi Yohanès Pambaptis, kuwi baé rawuhé sajaman karo Gusti Yésus, minangka dadi cucuking lampah rawuhé Gusti Yésus ing jagad. Mulané amanat leluhur sarta pengayoman resmi saka panguwasaning jagad, déning wong Yahudi dianggep wigati lan dadi piyandel, dadi surat kuasa ( SK ) yaiku kekancingan kang bakuh. Mangka sejatiné ora kaya mangkono. Samubarang kang wus kaweca, padha ora dingertèni. Rawuhé Sang Kristus ora merlokaké amanating para leluhur Yahudi, amarga ngagem panguwaose Allah. Rawuhé anggoné bakal dadi juru panebus, ora perlu kudu olèh layang saka panguwasa jagad. Nanging kabèh mau kaleksanan AMARGA KARSANING ALLAH.

Nanggapi pitakonané wong Yahudi, Gusti paring pandangon, Nabi Yohanès mbaptisi kanthi panguwasané sapa? Kabar lan piwulangé padha ora ditampa déning wong Yahudi. Menawa Yohanès olèh dhawuh kasuwargan, mangka ditampik piwulangé, wong wong Yahudi mesthiné ngukum awaké dhéwé-dhéwé, merga nulak piwulang kanga asale saka swarga.

Ngadhepi Yohanès Pambaptis, wong Yahudi ngakoni menawa piwulangé Yohanès iku bener. Mula akèh kang padha kabaptis padha ngakoni dosa. Dadiné wong Yahudi ngerti, yèn piwulangé Yohanès iku asal swarga. Lah nalika didangu Gusti Yésus, ora mangsuli. Merga yèn ngakoni piwulangé Yohanès asal swarga, wong akèh bakal manut Gusti Yésus. Mangka sajroning mulang bener, Yohanès Pambaptis ngajeni, ngurmati lan pracaya marang Sang Mesias Gusti Yésus Kristus.

Ing kahanan kajepit kaya mangkono, wong Yahudi malah milih matur dora, ngetokaké olèhe ngapusi atiné dhéwé, matur yèn ora ngerti, Yohanès kanthi panguwasané sapa. Embuh ora weruh. Wong wong Yahudi mangsuli goroh. Gusti uga priksa, menawa digorohi. Lan priksa apa karepe wong Yahudi pitakon bab Gusti ngagem panguwasa saka ngendi. Mung kanggo masang kala. Mulané Gusti uga ora kersa blaka, lan ora kepareng mangsuli pitakonané wong Yahudi. Pancèn ora ana gunané, ora wurung mung kanggo golèk dhadhakan arep ngluputaké. Gusti malah nglajengaké memucal wong akèh kanthi pasemon.

Pasemon Bab Anak Loro

Gusti Yésus banjur ngandika: “Saiki Aku arep takon, kepriyé penemumu ing bab iki: Ana wong duwé anak loro. Wong mau marani anaké mbarep lan muni: ‘Lé, dina iki kowé nyambuta-gawé ing kebon anggur.’ Nanging anaké mangsuli: ‘Kula mboten purun!’ Sawisé muni mengkono anak mau keduwung, nuli mangkat nyambut-gawé.Wong mau nuli marani anaké sing enom, lan dikandhani mengkono uga. Anaké mau mangsuli: ‘Inggih Pak,’ nanging ora mangkat. Anak loro mau sing endi sing nindakaké karepé bapakné?” Wangsulané wong-wong mau: “Inggih ingkang sepuh.” Pangandikané Gusti Yésus: “Titènana! Para pegawé pajeg lan para pelacur bakal luwih dhisik enggoné dadi umat ing Kratoné Allah ketimbang karo kowé. Sebab Nabi Yohanès Pembaptis rawuh lan nuduhaké dalan sing bener marang kowé, éwasemono kowé padha ora precaya marang panjenengané. Nanging para wong durjana lan para pelacur padha precaya marang panjenengané. Déné kowé kabèh, ora banjur ngowahi pikiranmu lan precaya marang panjenengané.” ( Matéus 21 : 28-32 ).

Nalika wong wong Yahudi padha bungkem ora bisa ngetokaké gunem, Gusti Yésus malah paring piwucal. Pasemon bab anak loro, déning wong tuwané diutus nggarap pategalan.

Anak sing sijiné, kawitané nulak. Nanging banjur mratobat, nanging terus mangkat menyang palemahan. Sing sijiné janji menawa bakal mangkat nggarap lemahé, nanging ora nglakoni kang dadi guneme. Apa bédané anak loro iku?

Sijiné, gunemané luput, amarga nampik ayahan. Kleru pangucap, nanging bener sing dadi lakuné. Déné anak sijiné, pangucape bener, nanging ora nglakoni. Sejatiné Gusti Yésus bakal melehaké kauripané para pemimpin Yahudi lan para ahli kitab, wong Farisi. Guneme hebat, wasis lan merak ati, teteh tata titis isi kawibawan. Nanging ora nurut karo Sabdaning Allah. Déné saperangan wong Yahudi, malah ana sing ora katon olèhé ngrasuk agama, katoné kaya urip lumrah baé. Nanging nggatèkaké dhawuhing Allah lan dilakoni, ngluwihi para pemimpiné.

Nalika wong akèh didangu déning Gusti, anak loro iku, sing endi sing ngalkoni parentahing Rama? Akèh sing banjur paham, yèn sing nglakoni dhawuhé Sang Bapa iku sing kawitan. Yaiku sing guneme kleru, banjur mratobat, lan nglakoni dhawuh. Anak kapisan iku, dadi gegambarané para juru mupu béya, tukang tagih pajeg. Dadi gegambarané wong dosa, kaya déné si sundel lan para durjana kang mratobat. Mula akèh wong Yahudi kang rumangsa dosa, banjur marani Yohanès Pambaptis, sarta dibaptis. Yaiku baptisan pengakuning dosa. Déné anak nomor loro mau dadi gegambaran para ahli agama, para ahli kitab, yaiku wong Farisi. Guneme bab agama, bab kitab suci wasis lan teteh titis, nanging ora dilakoni ing urip sadina-dina. Tegesé, bisa guneman, nanging ora duwé kasetyan marang kang Maha Kuwasa. Kuwi Yahudi lan Farisi.

Menawa wong akèh duwé paseksi menawa anak kang kapisan kang nglakoni dhawuh, ateges mbukak kang wadi, yaiku, menawa para juru mupu béya lan para sundel kang mratobat iku, luwih aji martabate katimbang wong pirang-pirang kuwi.

Panggarap Palemahan Sing Jahat Atiné

Gusti Yésus ngandika: “Padha rungokna pasemon iki. Ana wong sugih duwé kebon anggur. Kebon mau dipageri mubeng lan digawèkaké panggonan kanggo meres woh anggur; semono uga digawèkaké gubug dhuwur kanggo jaga. Sawisé kuwi kebon anggur mau diséwakaké marang wong sawetara. Déné wong sugih mau nuli lunga menyang manca negara. Bareng wis wayahé panèn, sing duwé kebon teka lan kongkonan para réwangé menyang panggonané wong-wong sing padha nyéwa kebon anggur mau, dikon njaluk bagéan pametuné sing dadi haké. Nanging wong-wong sing padha diutus mau nuli dicekel déning sing padha nyéwa kebon anggur mau, ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibenturi watu. Sing duwé kebon mau banjur utusan menèh réwang liyané, cacahé luwih akèh ketimbang karo sing dhisik. Nanging para utusan kuwi ngalami nasib kaya utusan sing dhisik.

Wusana sing duwé kebon mau banjur kongkonan anaké dhéwé, gagasané: ‘Wong-wong kuwi mesthi bakal éring karo anakku.’ Kocapa wong sing padha nyéwa mau bareng anaké sing duwé kebon anggur teka, banjur padha rerasanan mengkéné: ‘La, iki anaké teka. Ayo padha dipatèni waé, supaya kita bisa olèh warisané!’

Anaké sing dikongkon mau nuli dicekel, banjur disèrèd metu saka kebon anggur, sarta dipatèni.” Pendanguné Gusti Yésus, “Yèn sing duwé kebon anggur mau teka, nuli wong sing padha nyéwa mau bakal dikapakaké?” Wangsulané sing padha didangu: “Temtu kémawon tiyang-tiyang awon wau badhé dipun pejahi sedaya. Déné kebon anggur wau lajeng badhé dipun séwakaken dhateng tiyang sanès, ingkang sagah nyukani bagéanipun ingkang gadhah kebon anggur wau pendhak panèn.”

Mulané Gusti Yésus banjur ngandika: “Apa kowé padha durung tau maca ing Kitab Suci sing uniné mengkéné: ‘Watu sing ditampik déning tukang batu, kuwi wis dadi watu sing baku.’ [‘Sing sapa tiba ing watu kuwi bakal ajur mumur, lan sing ketiban watu mau bakal remuk.’] ‘Kelakoné prekara kuwi nggumunaké, awit saka pakaryané Gusti Allah.’ Mulané Dakkandhani: Kabèh wewenang enggonmu padha dadi umat ing Kratoné Allah bakal dijabel saka kowé, lan diparingaké marang bangsa liya, sing mbangun-turut marang dhawuhé.”

Bareng para pengareping imam lan wong Farisi ngrungu pasemoné Gusti Yésus mau, banjur padha rumangsa, yèn sing disemoni kuwi dhèwèké. Wong-wong mau banjur padha ngudi kepriyé bisané nyekel Panjenengané. Nanging padha wedi karo wong akèh, awit wong-wong mau padha nganggep yèn Gusti Yésus kuwi nabi. ( Matéus 21: 33-46 ).

Para wong Yahudi lan Farisi, sumingkir saka ngarsané Gusti Yésus, kanthi semu nesu. Pasemon bab para sing nggarap pakebonan palemahan kaya ngono iku, sejatiné dadi kaca brenggala tumrap wong Yahudi. Kaya diblejeti wewadiné, kaya dikeruk sasaping rainé. Nyata menawa Sang Kristus ngakimi wong akèh, nandhesaké bab ajining uripe. Mula malah nganyaraké tekad, yaiku tekad anggoné bakal nyepeng Gusti lan sabisa-bisa disedani. Mirising atiné siji, yaiku menawa dilawan déning para murid, lan dilawan déning rakyat kang padha tresna marang Gusti Yésus. Jirihing atiné kuwi sing njalari mandheging sedya. Mula nglungani Gusti Yésus. Nanging Sang Kristus tetep ana ing Padaleman Suci, amarga anggoné mulang durung rampung. Malah nglajengaké anggoné mulang kanthi pasemon. Yaiku ibarat ana Sang Raja kang duwé gawé, ngulemi wong akèh supaya teka mèlu pista ing pahargyan mantu putrané Sang Raja.

Sarehning Raja, saben tamu kang sowan ing uleman mau, diwenehi penganggo Kraton. Saweneh ana sing teka mèlu pista, nanging ora menganggo ageman Kraton. Tamu sing nyleneh iki luwih seneng macak menganggo kanthi penganggoné dhéwé, mula banjur ora padha karo tamu-tamu liyané. Malah sajroning atiné rumangsa ora wajib “kaerèh” déning pranatan busana krajan mau. Luwih seneng bebas, merdika. Menganggo kaya sing disenengi atiné.

Sang Raja paring dhawuh marang para abdi, supaya tamu sing ora manut marang pranatan kuwi dicekel. Banjur ditaleni sigra diseret metu. Sang Raja pancèn kagungan wenang. Sing sapa ora setya, sapantese nampa paukuman. Tamu iku, diseret diukum metu, ora amarga wataké jahat dursila, ora. Nanging merga anggoné ora mbangun miturut marang dhawuh. Dadiné “ketaatan” utawa pambangun turut marang Sang Raja iku dadi kewajiban kang utama. Umat manungsa, senajanora nglakoni sing ala, nanging menawa gagal lan batal ora bisa nglakoni sing becik suci, sejatiné padha baé – merga ora bakal bisa nyawang kamulyan kang sejati.

Pasemon pasemon kuwi isi piwulang kang aji banget. Menawa rawuhé Gusti Sang Mesias kang ditampik diemohi déning wong Yahudi lan para Farisi iku, minangka gantiné, Gusti ditampani lan ditresnani déning para wong kang dianggep dosa, juru mupu béya lan para sundel.

Menawa wong Yahudi nampik rawuhé, nanging para bangsa sajagad raya sing dudu Yahudi, nampa kanthi pamratobat lan precaya. Kuwi sing ngimbangi lan dadi sembulihé. Ana dhawuhé Gusti: “ Akèh kang katimbalan, nanging sithik kang pinilih.” Pangandika iki ora kudu ditegesi sacara hurufiah. Ora mesthi pas upama ditrapaké ing jaman saiki. Sing nyata, ing jaman semana Gusti uga wus paring dhawuh lan ora tau wola-wali. Minangka turun Rama Abraham, sejatiné krasa yèn wong Yahudi iku tinimbalan ngabdi marang Allah. Nanging pilihaning Gusti Allah iku niti priksa tekan jroning ati. Apa ana pamratobat kang kanthi keduwunging ati? Minangka bangsa kang tinimbalan, kabèh nampa prasetyané Gusti Allah. Nanging merga nulak Sang Kristus, mula bab janji keslametan langgeng, batal.

Pasemon Bab Neningkahan, Bawahan Manton.

Pangandikané: “Kratoné Gusti Allah kuwi kena diupamakaké kaya péstané ratu sing mantokaké putrané. Ratu mau ngutus para abdiné, nimbali wong-wong sing padha diulemi. Nanging wong-wong mau padha ora gelem teka. Nuli ratu mau ngutus utusan-utusan liyané, sing padha diweling mengkéné: ‘Kandhaa karo wong-wong sing padha dakulemi mau yèn pahargyan mantèné anakku wis katata. Sapi lanang lan pedhèt-pedhèt pilihan wis disembelèh. Samubarang wis cumawis. Ayo padha teka ing pahargyan!’

Éwasemono tamu-tamu sing diulemi ora padha maèlu. Malah padha lunga menyang pegawéané dhéwé-dhéwé; ana sing lunga menyang pategalané, ana sing ngurusi dagangané; lan malah ana liyané sing nyekel para utusané ratu mau, dipilara lan dipatèni. Mulané bareng mireng bab kuwi Sang Prabu duka banget. Banjur ngutus para prejurité, didhawuhi matèni wong-wong sing padha matèni utusané Sang Prabu mau. Sawisé kuwi Sang Prabu nuli nimbali para abdiné lan ngandika: ‘Pahargyan mantèn wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.

Mulané saiki kowé padha lungaa ing dalan-dalan gedhé. Pira lan sapa waé wong sing kokprangguli ing kana, ulemana, supaya teka ing pahargyan mantèn iki.’ Para abdi mau iya tumuli padha mangkat. Kabèh wong sing diprangguli ing dalan-dalan gedhé padha dikumpulaké, iya wong ala, iya wong becik. Panggonan pahargyan mau nganti kebak tamu. Sang Prabu banjur mlebet ing papan pahargyan, mirsani para tamuné. Ing kono mirsa ana tamu sing ora nganggo sandhangan pésta. Tamu mau banjur didangu: ‘Sedulur! Kepriyé déné kowé bisa mlebu tekan kéné ora nganggo sandhangan pésta?’ Tamu mau ora bisa mangsuli apa-apa.

Sang Prabu banjur ngandika marang para abdi: ‘Wong iki bandanen lan wetokna saka kéné, lebokna ing panggonan sing peteng. Ing kono bakal ana tangis lan panggegeting untu.’ “ Gusti Yésus banjur mungkasi pasemon kuwi mengkéné: “Akèh wong sing padha ditimbali, nanging sing dipilih mung sethithik.”( Matéus 22: 2-14 )

GUSTI YÉSUS WAWANSABDA KARO PARA PINISEPUH YAHUDI

Pancèn wis lumrah dadi akaling manungsa ing bumi iki, kelakon rukun lan nunggal karo mungsuh, kanggo nambah rosaning barisan. Wong Yahudi, sing mauné mungsuhan karo wong Hérodiani yaiku saka golongan Hérodès, malah gawé pirukun. Perluné, bakal bebarengan kanggo nglawan Gusti Yésus. Poros Yahudi – Hérodiani bakal gawé serangan anyar marang Gusti Yésus. Bakal gawé kala-jiret, jebakan utawa nyengkolong Gusti Yésus sarana nggolèki lupute Gusti Yésus.

Aturna Marang Sing Kagungan Hak Lan Wewenang

Para pengareping imam lan ahli-ahli Torèt sarta para pinituwa mau banjur kongkonan wong Farisi sawetara lan wong-wong saka golongan Hérodès, padha sowan marang Gusti Yésus, padha arep nyengkolong *nyengkolong: menjebak (bhs. Ind.).* Panjenengané nganggo pitakonan-pitakonan. Ana ing ngarsané Gusti Yésus wong-wong mau banjur padha matur: “Guru, kula sami mangertos, bilih Panjenengan menika tiyang ingkang jujur, mboten mreduli dhateng penganggepipun tiyang-tiyang. Panjenengan memulang bab kersanipun Gusti Allah menapa wontenipun, lan mboten saged dipun pengaruhi déning sinten kémawon. Samenika pitakènan kula: Miturut prenataning agami kita, mbayar pajeg dhateng Kaisar Rum, menika kénging menapa mboten?” Gusti Yésus pirsa pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika: “Apa sebabé kowé kokpadha arep nyengkolong Aku? Aku tuduhana dhuwit pérak!” Gusti Yésus banjur diaturi dhuwit pérak siji. Banjur ndangu marang wong-wong mau: “Coba, iki gambaré sapa, lan capé sapa iki?”

“Gambaripun Sang Kaisar lan capipun Sang Kaisar,” wangsulané wong-wong mau. Gusti Yésus banjur ngandika: “Yèn mengkono, Sang Kaisar aturana sing dadi kagungané Sang Kaisar, lan Gusti Allah saosana sing dadi kagungané Gusti Allah.”( Markus 12: 13-17 ).

Kaum Hérodiani, nyedhaki Gusti Yésus, sejatiné mung bakal nyengkolong Panjenengané, yaiku nggolèki kaluputané gunem. Supaya bisa dadi pawadan, nglapuraké Gusti marang Kaisar. Golongan Hérodiani iku, para wong Yahudi kang dadi balané Hérodès. Kanthi pacakan saleh para wong mau gawé patakonan bab pajeg. Perlu apa ora mbayar pajeg marang kaisar, merga piwulangé Gusti Yésus rasané pancèn rohani. Ana jeglongan rong werna.

Sepisan, yèn Gusti Yésus mangsuli “ IYA” – tegesé wong Yahudi kudu mbayar pajeg marang penjajah. Mangka anggoné ngarep-arep rawuhé Sang Mesih, supaya bisa kalis saka rekasané ngangkat beban pajeg. Yèn wangsulané “ iya “ mesthi bakal dinesoni wong akèh. Amarga pajeg kuwi wujuding panjajah nalika semana.

Kapindho, yèn ta wangsulan pangandikané Gusti kawetu “ Ora perlu mbayar pajeg “ – ateges bisa olèh dhadhakan tumrap kau Hérodiani mau, bakal nglapuraké Gusti Yésus marang Kaisar. Kanthi pandakwa nglawan marang Kaisar kang wus mutusaké bab pajeg. Panyengkolong rong werna mau, kapirsanan déning Gusti. Gusti priksa sajroning pitakonan mau, mratélakaké olèhé ora jujur sing padha takon. Gusti uga priksa menawa pangandikan wangsulané bakal gawé kuciwané sing takon. Kawitan, Gusti ngersakaké supaya disilihi dhuwit sakeping, banjur dituduhaké marang wong akèh. Sasisih dhuwit mau ana gambaré Kaisar, kuwi mratélakaké panguwasané Kaisar. Sasisih ana gambar liya sing sesambungan karo kuwajiban ibadah. Gusti banjur mangsuli, pangandikané: “ Aturna marang Sang Raja, samubarang duwéking Ratu. Lan caosna marang Gusti Allah apa kang dadi kagungané Allah.”

Pangandikan kaya mangkono mau njalari Gusti uwal saka kala jirete kaum Hérodès. Kwajiban marang negara, lan kuwajiban marang Bait Suci, sakaroné kudu lumaku maujud. Ora kena bot-sih. Ana ngarepe wong akèh para kawula Yahudi, para wong golongan Hérodès mau gagal wigar batal ora kasil nemu sabab anggoné bakal nyilakakaké Gusti Yésus. Kanthi wirang, wong wong mau ngilang nglungani.

Gusti Allah wis ngeparengaké Kaisar ngerèh wong Yahudi. Tegesé, Gusti Allah uga ngersakaké supaya wong Yahudi tundhuk marang peraturané Kaisar uga. Saka gambar Kaisar, ngelingaké wong akèh menawa kawula duwé tanggung jawab manut marang Raja. Déné gambar Bait Allah ngelingaké menawa umat kudu ngurmati Gusti Allah kanthi caos pisungsung. Sawiji kang wigati yaiku: Kawula kudu taat, mbangun miturut marang Raja, nanging ora kena ngluwihi anggoné padha setya tuhu lan manut marang dhawuhing Allah. Iki dadi paugeraning kauripan Kristen uga.

Yehuwah, Dudu Allahé Wong Mati

Ana wong Saduki sawetara padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus (wong Saduki kuwi wong sing padha ora ngandel yèn wong mati bakal tangi menèh). Wong-wong mau padha matur marang Gusti Yésus: “Guru, Nabi Musa sampun damel prenatan kanggé kula sedaya mekaten: Samangsa wonten tiyang jaler ingkang pejah, nilar randha nanging mboten gadhah anak, sedhèrèkipun jaler tiyang ingkang pejah menika kedah mendhet randha wau dados sémahipun, supados nglestantunaken turuné sedhèrèkipun jaler ingkang sampun pejah wau.

Lah, samangké wonten tiyang jaler pitu sasedhèrèk. Ingkang mbajeng émah-émah, nanging lajeng pejah tanpa nilar anak. Adhinipun lajeng mendhet randha wau dados sémahipun. Nanging piyambakipun ugi lajeng pejah tanpa nilar anak. Mekaten ugi lelampahanipun sedhèrèk ingkang nomer tiga, nomer sekawan ngantos dumugi pitu. Tiyang-tiyang wau sedaya sampun naté sesémahan kaliyan tiyang èstri menika tanpa gadhah anak. Tiyang èstri wau akiripun inggih lajeng pejah. Samenika pitakèn kula dhateng Panjenengan: ‘Mbénjing, ing mangsanipun tiyang pejah sami katangèkaken déning Gusti Allah, tiyang èstri wau badhé dados sémahipun sinten? Awit sedaya sedhèrèk jaler pitu wau sampun naté mendhet tiyang èstri wau dados sémahipun.’ “ Gusti Yésus banjur ngandika: “Kowé kuwi klèru banget, awit padha ora ngerti surasané Kitab Suci, lan ora ngerti marang pangwasané Gusti Allah. Sebab yèn wong mati mbésuk katangèkaké, wong-wong mau ora bakal omah-omah menèh, nanging bakal padha urip kaya malaékat ing swarga. Lan bab tanginé wong mati, apa kowé ora tau maca Kitabé Nabi Musa, bab grumbul eri sing murub? Ing ayat-ayat mau ana tulisan, yèn Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: ‘Aku iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub!’ Apa Gusti Allah kuwi dudu Allahé wong urip? Kuwi ateges yèn wong sing ngabekti marang Gusti Allah kuwi wong-wong sing urip, dudu wong sing mati.” (Markus 12: 18-27 ).

Lumrahé wong Saduki kuwi ngrèmèhaké bab kang supernatural. Padha ora ngandel anané malaékat, ora ngandel marang dayaning roh-roh, lan ora pracaya marang anané dina kiyamat, yaiku ora ngandel marang tanginé wong mati ing wekasaning jaman. Wong Saduki padha nyoba Gusti Yésus, ngaturaké pitakon kang sejatiné duwé ancas bakal gawé jeglongan marang Gusti, supaya katon yèn luput lan bisa dirèmèhaké kanggo dolanan merga saka kepleseting gunem. Banjur takon bab jagading wong mati.

Angger-anggeré Nabi Musa, dhawuh supaya randha kang ditinggal mati bojoné mangka durung pinaringan turun, supaya diningkahi déning seduluré tuwa saka sing wis mati mau. Kanthi mangkono almarhum bakal kaanggep duwé turun saka randhané mau. Wong wong mau nyaritakaké riwayate wong omah-omah ditinggal mati sing lanang nganti ambal kaping pitu. Tegesé wis ningkah karo pitu sasedulur, sawisé ditinggal mati sing ngrabeni. Pitakonan kang bakal dianggo nyengkolong Gusti mangkané: “Ing dina tanginé wong mati ing tembe, wong wadon mau bakal dadi bojoné priya sing endi?”

Wong Saduki ora precaya marang anané dina kiyamat, ora ngandel ana tanginé wong mati lan ora ngandel marang jagading roh. Menawa kaum Farisi padha karo Sang Kristus, precaya anané kiyamat lan patangen . Ing bab iki, kaum Farisi karo kaum Saduki kosok balen, selenca panemuné. Mulané nalika kaum Saduki mau nyoba marang Sang Kristus, upama Gusti nganti kasoran, ateges dadi kalahé wong Farisi uga. Upama Gusti unggul mangsuli, ateges wong Farisi mèlu menang, kanggo sawetara. Nanging tetep Gusti Yésus kang bakal mulya asmané, amarga kaum Farisi nyata yèn ora bisa ngluwihi.

Ngadhepi kaum Saduki, Gusti Yésus kanthi lembah penggalih. Béda yèn wawanwicara karo wong Farisi. Tegesé, Gusti menggalih menawa mangro tingal, utawa sipat munafik wataking para Farisi iku, luwih asor lan luwih nistha. Wong Saduki digalih kesasar lakuné, merga ora paham Kitab Suci. Kuwi klerune wong Saduki. Tumrap kaum Farisi kalebu para ahli kitab, ngerti kawruh luwih akèh, ewodené ora katindakaké. Ing uripe sadina dina ora nglakoni bebener kaya sing dikawruhi. Iku dosané kaum Farisi.

Gusti medhar pangandika, menawa Gusti Allah iku Allahé wong urip, dudu Allahé wong mai. Lan jagading Roh iku ana sarta luwih jembar katimbang jagad sing katon iki. Gusti Allah iku Roh, lan Panjenengané kang kagungan panguwaos ngluwihi sakabèhé. Jagading Roh iku ora winengku déning kanyatan. Tegesé, jagading Roh iku ora bisa kaukur srana pikiran, srana rasa lan kadonyan. Ing jagading Roh ora ana kawin kawinan. Anané kauripan kang sipat rohani. Kawin iku kaperlwané seks lan jasmani. Ing jagading roh ora ana kaperluwan kaya iku. Ing kana kauripan kaya uripe para malaékat. Sing padha nampa patangen, bakal urip kaya malaékat, amung ngabekti arang Allah.

Kaum Saduki kasoran. Wong Farisi mèlu seneng, déné kaum Saduki kalah pikir. Wong golongan akèh saya ngurmati Gusti Yésus. Malah sawijining wong Farisi ngalem marang Gusti, kaya kang katulis ing Markus 12:28 Ana para ahli Torèt sing ngrungokaké wawancarané wong-wong Saduki karo Gusti Yésus kuwi. Para ahli Torèt mau ngarani, yèn ngandikané Gusti Yésus bener banget. Sawisé kuwi, rada suda sing padha nyoba lan nglawan Gusti Yésus. Mendha anggoné padha gawé pitakonan jeglongan.

Dhawuh Angger-angger Kang Utama

Ana para ahli Torèt sing ngrungokaké wawancarané wong-wong Saduki karo Gusti Yésus kuwi. Para ahli Torèt mau ngarani, yèn ngandikané Gusti Yésus bener banget. Dhèwèké banjur matur marang Gusti Yésus: “Angger-angger ingkang wigatos piyambak menika ingkang pundi?” Gusti Yésus ngandika: “Dhawuh sing gedhé dhéwé kuwi mengkéné: ‘Wong Israèl, padha rungokna! Ora ana Allah liyané kejaba mung Allah sing kita bektèni. Kowé padha tresnaa marang Gusti Allah kanthi gemblenging atimu lan gemblenging jiwa ragamu, kanthi sakèhing kapinteranmu lan sakatoging kekuwatanmu.

Déné dhawuh sing nomer loro: ‘Kowé padha tresnaa marang sapepadhamu kaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé.’ Ora ana angger-angger liyané menèh sing gedhéné ngungkuli angger-angger loro mau.” Ahli Torèt mau banjur nyambungi: “Menika leres sanget. Kasinggihan menapa ingkang Panjenengan ngandikakaken. Ingkang jumeneng Allah mboten wonten sanèsipun kejawi Gusti Allah piyambak. Lan manungsa kedah tresna dhateng Gusti Allah kanthi gemblenging manahipun, kanthi sekathahing pikiranipun, kanthi sakatoging kekiyatanipun, sarta tresna dhateng sesami kados enggènipun nresnani dhateng badanipun piyambak; menika langkung wigatos tinimbang ngurbanaken kéwan lan sanès-sanèsipun dhateng Gusti AllahSaka wangsulané ahli Torèt mau Gusti Yésus pirsa yèn dhèwèké kuwi wong sing wicaksana. Mulané Gusti Yésus banjur ngandika: “Kowé wis wiwit nyandhak kepriyé carané dadi umat ing Kratoné Allah.” Sabanjuré ora ana menèh wong sing wani takon apa-apa marang Gusti Yésus. (Markus 12: 28-34)

Ahli Torèt sing ngaturaké pitakon, déning Gusti Yésus dingendikani menawa wong iku cedhak karo Kratoning Allah, merga paham marang angger-angger Torèt. Gusti paring wangsulaning pitakon, menawa angger-angger kang utama dhéwé iku, supaya umat manungsa tresna marang Gusti Allah kanthi gumolonging ati, budi lan nyawa, sarta tresna marang pepadhané dikaya marang awaké dhéwé. Sakabèhing kitabe para Nabi wus kawengku ing angger-angger loro kuwi. Bisa uga, ahli kitab kuwi ngetung, uripe lumayan. Merga wis cedhak karo Kratoning Allah. Kuwi merga anggoné duwé kawruh Agama. Penganggepe, cedhak Kraton, isih luwih aji katimbang sing adoh karo Kratoning Allah. Sejatiné ana sawijining prekara wigati, keslametan ora gumantung marang adoh lan cedhaké karo Kraton. Nanging sing utama, kepriyé bisané mlebu Kraton. Precumah, senajan pinter kawruh agama lan lakuné nyaketi Kraton swarga, nanging ora mlebu kraton. Padha baé karo uip kang mubazir.

Turun Dawud Iku Iya Gusti Piyambak

Nalika Gusti Yésus memulang ana ing Pedalemané Allah, Panjenéngané mundhut pirsa: “Kepriyé nalaré, kokpara ahli Torèt padha ngandhakaké, yèn Sang Kristus kuwi turuné Sang Prabu Dawud? Mangka Sang Prabu Dawud dhéwé, kanthi panuntuné Roh Suci, ngandika: ‘Gusti Allah wis ngandika marang Gustiku: Lungguha ana ing tengen-Ku nganti Aku nelukaké mungsuh-mungsuhmu ana ing tlapakané sikilmu.’ Sang Prabu Dawud dhéwé nyebut Sang Kristus: ‘Gusti’, kepriyé déné Panjenengané kokturuné Sang Prabu Dawud?” Wong akèh sing padha ana ing Pedalemané Allah mau padha seneng ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus. ( Markus 12: 35- 37 ).

Nalika Gusti Yésus mulang ana ing Bait Suci, ngersakaké nguji kaum Farisi, merga wus bola-bali wong Farisi nyoba marang Gusti. Gusti dhawuh supaya surasaning Mazmur 110: 1. Masmur anggitané Dawud. Pangandikanipun Allah dhateng Gusti kula mekaten, “Pinaraka ana ing tengen-Ku nganti tumekané mungsuh-mungsuhmu wis padha Dakdadèkaké ancik-anciké tlapakanmu.”

Manut imané wong Yahudi, kang disebut Gusti déning Sang Prabu Dawud kuwi Sang Mesias. Nanging uga ingaran Putraning Sang Prabu Dawud. Kepriyé bisané kayektènan, ing wektu kang padha, tunggal mangsa, déné Sang Mesias ingaran Gusti lan Anak ? Wong Farisi ora ana sing bisa nerangaké ayat kuwi. Sejatiné iku pratélan bab Gusti Yésus pribadi, kang jumeneng Mesias. Amarga panguwasané lan sipat Ilahi kang ana ing Sang Kristus, dadi Gustiné Sang Prabu Dawud. Déné sipat kamanungsané, kang nyata miyos saka tedhak turuné Dawud, ingaran Putra. Ora ana sing bisa nerangké bab kuwi. Ing kitab Wahyu, Gusti Yésus piyambak nerangaké marang Yohanès. Wahyu 22:16 “Aku, Yésus, wis ngutus malaékat- Ku supaya ngandhakaké prekara mau kabèh marang pasamuwan-pasamuwan. Aku iki tedhak-turuné Dawud, lintang panjer ésuk kang mencorong.”

Pangandikan mau gawé senenge wong akèh sing padha ngrungokaké piwulangé. Nanging njalari bungkem tanpa gunem tumrap wong Yahudi, kang pancèn padha nulak sipat Kaallahané Gusti Yésus. Kitab Suci paseksi menawa piwulangé Gusti Yésus agawe senengé wong akèh. Senajan nambahi gethingé wong Yahudi lan para ahli kitab.

Pisungsungé Mbok Randha, Kuwi Bebener

Nalika Gusti Yésus pinarak ing sangareping pethi pisungsung ing Pedalemané Allah, Panjenengané migatosaké wong-wong enggoné padha saos pisungsung. Akèh wong sugih-sugih sing padha saos pisungsung dhuwit akèh. Banjur ana randha mlarat teka, nglebokaké dhuwit rong gobang, dhuwit sing cilik dhéwé ajiné. Gusti Yésus banjur nimbali murid-muridé, sarta ngandika: “Kowé padha Dakkandhani: randha mlarat kuwi enggoné nglebokaké dhuwit ana ing pethi pisungsung luwih akèh tinimbang karo wong-wong liyané kabèh. Sebab dhuwit sing padha dilebokaké ing pethi pisungsung mau saka kaluwihané. Nanging randha miskin kuwi wis nglebokaké dhuwité kabèh sing diduwèni, sing dibutuhaké kanggo nyambung uripé.” ( Markus 12: 41-44 ).

Ana ing Bait Allah, Gusti miyos lan tindak menyang bangsal wadon, sawijining papan kanggo ngumpule para wanita, kalebu para randha. Ing papan kono ana pethi telulas wujude kaya slompret ( trompet ), kanthi piranti ngumpulaké pisungsung, tumuju para paladosan Bait Allah lan pakaryan leladi asih. Luwih luwih kang wis suwé ora sowan ing dalem pamujan kono, padha marak seba, banjur nyaosaké pisungsung kanggo pakaryan pasamuwan. Nalika semana Gusti lenggah ing sacedhaké salah sewijining pethi pisungsung mau karo nggatosaké sing padha caos pisungsung. Sawisé wong wadon randha ngaturaké pisungsung rong kepeng, sithik-sithiké semono, Gusti nimbali para sakabat. Pangandikané: “ Randha miskin iki wis ngaturaké pisungsung ngluwihi kabèh pisungsungé wong-wong sing wis kacemplungaké ing pethi pisungsung Bait Allah.”

Ajining pisungsung ora gumantung akèhé utawa sethithiké. Nanging marang eklasing ati. Randha kuwi ngaturaké kabèh sing dadi duwéké, saka uripe sing tansah kacingkrangan. Kuwi kang katarima déning Allah merga kanthi suka lila. Gusti Yésus paring pangalem lan memuji sikepe wong wadon iku.

Wong Yunani Kepéngin Weruh Gusti Yésus

Ing antarané wong akèh sing padha teka ing kutha Yérusalèm arep nindakaké ibadah sajroné dina riaya mau, ana wongé Yunani sawetara. Wong-wong mau padha nemoni Filipus lan kandha: “Sedhèrèk, kula kepéngin kepanggih kaliyan Guru Yésus!” (Filipus kuwi wong saka kutha Bètsaida ing tanah Galiléa.) Filipus nuli kandha karo Andréas, wong loro mau banjur padha matur marang Gusti Yésus. Panjenengané nuli ngandika marang para sekabat mau: “Saiki wis tekan wektuné Putraning Manungsa diluhuraké. Padha élinga, yèn wiji gandum sing ditandur ing lemah lan mati, wiji mau ora bakal tetep mung seglintir waé. Nanging sawisé wiji mau mati, bakal ngetokaké woh akèh. Wong sing nengenaké uripé ing donya kéné, bakal kélangan urip sing sejati. Nanging wong sing nyingkur uripé dhéwé ing donya kéné, bakal ngalami urip sejati, sing langgeng. Wong sing ngawula marang Aku, kuwi kudu ngetut buri Aku, supaya bisa mèlu Aku menyang endi waé paran-Ku. Wong sing ngawula marang Aku, kuwi bakal dimulyakaké déning Rama-Ku.”

“Saiki ati-Ku was-was. Banjur arep matur apa? Apa Aku kudu matur: ‘Rama, mugi sampun négakaken Kawula ngalami kasangsaran menika?’ Ora, sebab enggon-Ku urip tekan sepréné iki preluné supaya ngalami kasangsaran mau. ‘Dhuh Rama, Asma Paduka mugi kaluhuraken.’ “ Nuli ana swara saka ing langit: “Wis Dakluhuraké, lan isih bakal Dakluhuraké menèh.” Wong akèh sing ana ing kono padha krungu swara mau. Wong-wong nuli padha rerasanan: “Kuwi swarané gludhug!”, nanging ana uga sing kandha: “Dudu! Ana malaékat sing lagi ngandikan karo Panjenengané.” Gusti Yésus nuli ngandika marang wong akèh mau: “Anané swara kuwi ora kanggo Aku, nanging kanggo kowé. ( Yohanès 12: 20-30 ).

Nalika wiyose Sang Kristus, para sarjana saka tanah wetan merlokaké kepéngin weruh Gusti Yésus. Ndungkap sinalib, ganti wong Yunani, saka kulon, kepéngin weruh lan ketemu Gusti Yésus. Padha ngadeg ngentèni ing palataran Bait Allah, papan kang kacawisake uga kanggo wong sing dudu Yahudi. Nembung marang Fillipus, banjur dikandakaké menyang Andreas, lan banjur kaaturaké marang Sang Kristus.

Tekané wong Yunani kepéngin nggolèki Gusti Yésus iku, dadi kawitaning sejarah, para wong kapir nggolèki Gusti. Dadi pambuka dalan, Injil bakal kagelar ing Yunani. Lan kaya kang kasebut ing Yohanès 12: 23, menawa Gusti Yésus wus wanciné kaluhuraké. Panjenengané nuli ngandika marang para sekabat mau: “Saiki wis tekan wektuné Putraning Manungsa diluhuraké.” Bangsané kang bakal ditulungi malah nulak, lan Gusti bakal sangsara sajroning bangsané dhéwé nganiaya. Iku wujuding kaluhurané.

Nalika ketemu karo wong Yunani, pangandikané: Kaya déné winih, ora bakal thukul lan tuwuh yèn ora mati dhisik. Semono uga manungsa, yèn ora nyingkur awaké dhéwé, yèn ora nyengiti lan ngubur kanisthan lan dosa-dosané, ora bakal olèh slamet.

Gusti uga ngendika menawa ana pati kang ngolehaké urip. Yaiku sedané Gusti ing kayu salib, dadi panebusing dosa. Lan sing sapa ngakoni dosané bakal urip, merga katebus déning Sang Kristus Mesias. Kauripan iki aja mung ngener marang kadonyan, nanging kudu duwé pengarep-arep kauripan akherat sing nguwohaké kaslametan.

Nalika iku, penggalihé Gusti wiwit ngrasakaké kasedhihan, merga dalan salib wus cedhak. Ing Bait Allah kono Gusti ndedonga: “ Kaluhurna asmanipun Sang Rama.” pandongan cekak baé, cumondhok ana ing Padaleman Suci kono iya amung sedhela. Gusti unggul nalika digodha sétan ing ara-ara samun. Banjur para malaékat leladi marang Gusti. Kaunggulan pungkasan sasuwené ana ing ndonya yaiku anggoné Gusti kepareng unggul saka salib, unggul saka pati, unggul saka Iblis lan jumeneng layak sarta pantes sinebat Sang Mesias. Ora ana liya prasetyaning Allah maujud ing sugengé Gusti Yésus.

Lelakon panebusan ing kayu salib, saya narik kawigaten. Lan Gusti ora bakal mandheg makarya sadurungé umat manungsa kang ditresnani bisa nemu keslametan. Nganti ana paseksi kaswargan kang mratélakaké:

Bareng malaékat sing kapitu ngunèkaké slomprèté, tumuli ing swarga ana swara-swara sora banget padha nguwuh-uwuh mengkéné: “Pepréntahan ing donya iki saiki kaasta déning Pangéran kita lan Sang Kristus. Panjenengané bakal jumeneng Ratu langgeng ing selawasé!” ( Wahyu 11: 15 ).

GUSTI YÉSUS MEDHAR SAMUBARANG KANG BAKAL KELAKON DUMADI

Nalika Gusti Yésus miyos saka Pedalemané Allah, ana muridé sing matur marang Panjenengané: “Gusti, Panjenengan kula aturi mirsani. Iba éndahipun gedhong-gedhong saha séla-sélanipun.” Gusti Yésus ngandika: “Apa Pedalemané Allah iki kokarani éndah? Watu siji waé ora ana sing bakal tetep ana ing panggonané. Awit saben watu bakal dijugrugaké.” Nalika Gusti Yésus pinarak ana ing Gunung Zaitun, sing dunungé adhep-adhepan karo Pedalemané Allah, murid-muridé yakuwi Pétrus, Yakobus, Yohanès lan Andréas, padha sowan dhéwé ana ing ngarsané. Murid-murid mau padha matur: “Guru, mbénjing menapa sedaya menika enggènipun badhé kelampahan? Lan menapa tandha-tandhanipun bilih sampun badhé dumugi wekdalipun?” ( Markus 13: 1-4 ).

Gusti miyos saka Padaleman Suci Yérusalèm, mirsani para murid nyawang pengkuhing wewangunan Bait Allah. Pangandikané Gusti: “ Sawangen, iba endah lan santosané wewangunan iku ! Bakal ora lestari watu sijiné tumumpang ing watu liyané. Kabèh bakal rubuh ancur lebur.” Tindaké Sang Kristus kadhèrèkaké para sakabat nuju marang punthuk Zaitun. Ana pitakonan rong werna saka para murid. Kaya kang katulis ing Markus 13:4 Murid-murid mau padha matur: “Guru, mbénjing menapa sedaya menika enggènipun badhé kelampahan? Lan menapa tandha-tandhanipun bilih sampun badhé dumugi wekdalipun?”

Nanggapi anggoné para murid kepéngin ngerti sing bakal kelakon, Gusti ngendikakaké rong werna sing utama. Sepisan bakal ancur rubuhé Padaleman Suci, sing ongka loro bab Gusti Yésus bakal rawuh manèh kang kapindho.

A. PRATANDHA KAWITAN AMBRUKÉ YÉRUSALÈM

Gusti Yésus ngandika: “Padha sing ngati-ati, aja nganti kena diapusi ing wong. Bakal akèh wong sing padha teka nganggo jeneng-Ku, lan padha kandha: ‘Aku iki Panjenengané!’, banjur padha ngapusi wong akèh. Menawa kowé padha krungu swarané perang lan krungu kabar bab peprangan, aja padha wedi. Prekara-prekara sing kaya mengkono kuwi pancèn kudu kelakon. Nanging kuwi ora ateges yèn jaman kiamat wis tekan mangsané. Bangsa sing siji bakal memungsuhan karo bangsa sijiné. Negara sing siji bakal nglurugi perang negara liyané. Ing endi-endi bakal ana lindhu lan ana pailan. Kuwi mau kabèh mung lagi wiwitané kaya wong wadon sing nglarani arep babaran. ( Markus l3: 5-8 ).

Para murid nyuwun katrangan, kapan Bait Allah bakal kagempur mungsuh. Lan apa sing dadi pratandhané. Gusti paring wangsulan bab kapindho, bab pratandha.

  1. Juru Penasaran : Bakal akèh banget Mesias palsu kang ngaton. Akeh guru palsu kang piwulangé nyasaraké. Ngiming-imingi wong Yahudi menawa bakal mbebasaké bangsa Yahudi saka penjajahan Romawi. “ Nanging kabèh kuwi mau sejatiné para ahlining goroh. Para Rasul 2l: 38 ana tinulis: Menawi mekaten panjenengan menika sanès tiyang Mesir ingkang dèrèng dangu menika miwiti pembrontakan lan mbekta bala tiyang kawan èwu dhateng ara-ara samun?”

  2. Paprangan :Sadurungé Yérusalèm lebur, bakal akèh peperangan antarané wong Yahudi karo bangsa liya. Ana perange bangsa Yahudi lan Mesir ing medan Alexandria taun 38 Masèhi. Ana perang Seleukia, perang Siria, wong Yahudi wetara 50.000 mati.

  3. Ana Lindhu, Musibah Alam Lan Reridhu Werna-wernaPancèn kadadeyan lindhu gedhé ing pulo Kreta, Roma lan Yérusalèm. Kadadeyan uga paceklik, larang pangan. Kaya wecané Nabi Agabus. ( Para Rasul 11: 28 ). Ana reribed, kaya ta pasulayan ing antarané Yahudi lan Samaria. Uga wong Yahudi pasulayan karo wong Yunani, kira kira 20.000 wong Yahudi tumeka tiwas.

Kadadeyan kadadeyan kasebut nyata kaujudan, sadurungé Yérusalèm kalebur mungsuh. Nanging kabèh mau mung kawitaning prtandha kasengsaran kang bakal teka.

B. PRATANDHA BAB LELAKON BAKAL ENGGAL DUMADI

Kowé kudu padha ngati-ati, sebab kowé bakal padha dicekel lan diajokaké ana ing pengadilaning agama. Kowé bakal padha digebugi ana ing papan-papan pangibadah. Kowé bakal padha diajokaké marang para penggedhé lan raja-raja merga saka Aku, supaya srana mengkono, kowé padha nglairaké paseksi bab Aku marang wong-wong mau. Sebab Injil kuwi mesthi diwartakaké dhisik marang sakèhé bangsa. Déné menawa kowé padha dicekel lan diajokaké ana ing pengadilan, aja padha kuwatir bab apa sing bakal kokkandhakaké. Yèn wis tekan wektuné, kandhakna waé apa sing didhawuhaké déning Gusti Allah marang kowé ing wektu kuwi. Tembung-tembung sing bakal kokucapaké kuwi dudu tembungmu dhéwé, nanging pakaryané Sang Roh Suci. Wong bakal ngulungaké seduluré dhéwé supaya dipatèni. Bapak bakal ngulungaké anak-anaké, lan anak-anak bakal ngulungaké ibuné lan bapakné, supaya padha dipatèni. Kowé bakal disengiti déning wong kabèh merga saka Aku. Nanging wong sing tahan nganti tekan ing wekasan, wong kuwi bakal dislametaké.” “Kowé bakal padha ndeleng ‘si Duraka sing gawé rusak’ ana ing panggonan sing dudu papané. (Catheten kanggo sing maca: padha ngertia, apa surasané.) Ing wektu kuwi wong-wong sing ana ing tanah Yudéa padha mlayua menyang pegunungan.

Wong sing ana ing payoning omah aja padha ndadak mudhun njupuk apa-apa sing ana ing omah. Wong sing ana ing pategalan aja padha mulih njupuk sandhangané. Iba enggoné nggegirisi ing dina-dina kuwi tumrapé para wong wadon sing lagi padha mbobot, tuwin ing ngatasé ibu-ibu sing padha nusoni bayiné. Padha nyuwuna marang Gusti Allah, supaya lelakon-lelakon sing mengkono kuwi aja nganti kelakon ing mangsa rendheng. Sebab ing mangsa kuwi bakal ana kasusahan sing gedhé banget, sing durung tau kelakon ana ing donya iki, wiwit Gusti Allah nitahaké donya iki nganti sepréné, lan uga ora bakal kelakon menèh. Saupama Gusti Allah ora ngungkret mangsa kasangsaran mau, mesthi ora ana wong siji waé sing bakal slamet. Nanging merga saka umat pilihané, Gusti Allah nyendhakaké mangsa kasangsaran mau. Yèn ing wektu kuwi ana wong kandha marang kowé: ‘Delengen, Sang Kristus ana ing kéné!’, utawa yèn ana sing kandha: ‘Lha kaé, Panjenengané ana ing kana!’ kowé aja padha ngandel. Sebab ‘kristus-kristus palsu’ lan ‘nabi-nabi palsu’ bakal padha muncul. Kuwi bakal padha gawé mujijat-mujijat sing sedyané, yèn bisa, arep ngapusi umat pilihané Gusti Allah. Sing padha waspada! Kabèh mau wis Dakkandhakaké marang kowé sadurungé kelakon.” ( Markus 13: 9-23 )

Gusti Yésus ngendikakaké, yèn ambruké Yérusalèm wus cedhak.

  1. Pratandha kapisan ( Ayat 9-13 ), panganiaya lan kasengsaran.Gusti paring dhawuh marang para murid, sing padha waspada. Amarga panganiaya lan kasengsaran ngentèni para murid. Nanging bakal ngundhuh kamulyan. Panganiaya kawitan, tekané saka sanjabaning golongan murid. Kaya ta saka Mahkamah Agama Yahudi, San Hedrin. Bakal nganiaya merga anggoné para murid ngandhemi pracaya lan paseksi bab Sang Kristus. Para murid ora perlu wedi, lan ora susah ngaya-aya béla-dhiri. Roh Suci kang bakal nganthi, satemah apa pitakonané Mahkamah bakal bisa mangsuli, merga sejatiné Roh Suci kang ngendikan.

    Nanging uga bakal ana panganiaya kang thukul saka njero. Tegesé: Saka brayat. Akèh kang bakal nyelaki iman. Matius 24: 10, mratélakaké: Ing wektu kuwi akèh wong sing ora setya menèh marang Aku. Sing siji nglapuraké sijiné supaya dianiaya, lan padha sengit-sinengitan. Imané wong Kristen dhéwé akèh sing dadi ringkih, satemah tegel gawé khianat marang seduluré dhéwé. Gusti ngendikani para murid, menawa bakal disengiti déning wong pirang-pirang, sabab asmané Gusti Yésus. Iku ujuding kaniaya asal brayat.

    Ing sajroning aniaya mau, semangat gumelaring Injil ora mandheg, kabar kabungahan bakal sumebar marang para bangsa. Kuwi pinasthi kelakon, sadurungé hancur leburé Yérusalèm. Wetara taun 60-64 M, Rasul Paulus nulis layang kanggo pasamuwan Kolose, menawa wiji wis uwoh lan tansah ngrembaka. ( Kolose l:6.) Ing ayat 23 dipratelakaké menawa sumebaré Injil nglimputi papan adoh sangisoring langit. Senajan ana ing satengahing panganiaya, nyatané Injil sumebar terus. Iki dadi keyakinan lan kekuwatané para murid. Dadi sumber semangat, najan sangsara tetep anggelar Injil. Sumber semangat kang kapindho, anané pengarep-arep. Kaya kang katulis ing ayat l3. Kang bakal kapitulungan rahayu yaiku kang betah nahan momotan nganti wekasan.

  2. Pratandha kaping pindho: “Si pangrusak lan ambeg siya.” Ing wektu kuwi akèh wong sing ora setya menèh marang Aku. Sing siji nglapuraké sijiné supaya dianiaya, lan padha sengit-sinengitan. Nuli akèh nabi palsu.

    Nabi Danièl meca bab kelakoné iku ing Kitab Danièl. Danièl 9:27 “Raja mau bakal gawé prejanjian sing abot karo rakyat lawasé pitung taun, lan sawisé kliwat telu setengah taun, raja bakal nglarang kurban sembelèhan lan kurban dhaharan. Juru Pangrusak banjur bakal teka rerikatan ing Pedalemané Allah lan manggon ing kana, sarta padha kasirnakaké déning Allah, kaya sing wis katetepaké.”

    Bab 11: 31: Tentarané bakal dikon najisaké Pedalemané Allah. Kurban pedinan bakal disuwak, banjur diedegaké mesbèh kanggo déwané. Bab 12: 11, “Wiwit ora anané kurban pedinan, yakuwi wiwit madegé déwa-déwané kanisthan sing gawé rusak kuwi 1.290 dina.

    Sing diweca déning Nabi Danièl kuwi raja Seleukid, Anthiokhus Epifanes ( taun l75-l64 sadurungé Masèhi ), dhawuh ngendhegaké kurban sembelehan ing Bait Allah kanggo ibadah lan ngedegaké sesembahan brahala.

    Kedadéyané pirang pirang puluh taun sadurungé Gusti rawuh, nanging Gusti priksa. Yèn kasengsaran kaya mangkono mau bakal kelakon dumadi manèh. Uga ngener bakal anané tentara Roma kang baris nuju Yérusalèm, nggawa reca sesembahan, rupa umbul-umbul manuk dan liya-liyané. Kuwi brahala sesembahan kang mlebu Yérusalèm. Para panindhes iku sejatiné tentara Roma kuwi. Simbul-simbuling brahala sejatiné ora kena mlebu ing Yérusalèm najisaké Bait Allah lan Kutha Suci Yérusalèm. Iki dadi pratandha pinasthi bakal rubuhé Yérusalèm, lamun kinepung déning tentara Romawi. Lukas: 21:20 “Yèn kowé weruh kutha Yérusalèm dikepung déning wadyabala, padha ngertia, yèn ora suwé menèh kutha Yérusalèm mau bakal disirnakaké.”

    Ing swasana kaya mangkono iku, Gusti paring dhawuh supaya para murid ninggal omahé lan mlayu menyang pagunungan ngluru urip. Bocah cilik, wong nusoni lan wanita kang lagi ngandheg nyata bakal susah banget lumayuné. Padha nyenyuwuna, supaya aja dumadi ing mangsa bedhidhing, iba adheme. Panganiaya kang bakal nempuh Yérusalèm, bakal ora ana sing ngluwihi sengsarané sajroning sejarah.

    Sajroning swasana kang nggegirisi kuwi, ana pengarep-arep pangandikané Gusti, menawa mangsané bakal digawé rikat, ora suwé lan dicedhakaké. Markus l3 :20 , Saupama Gusti Allah ora ngungkret mangsa kasangsaran mau, mesthi ora ana wong siji waé sing bakal slamet. Nanging merga saka umat pilihané, Gusti Allah nyendhakaké mangsa kasangsaran mau.

    Dawaning jaman rekasa diungkret déning Allah, dhemi umat pilihan. Kuwi baé akèh para umat kang imané rusak lan banjur suméndhé marang pengarep-arep palsu. Padha manglung ngrungokaké pangiming-imingé nabi palsu, Mesias palsu lan padha golèk keslametan kanthi nilar Sang Guru Sejati, kang sejatiné Gusti Allah piyambak. Kedadéyané kang wineca déning Gusti iki, nalika Yérusalèm ambruk ancur lebur.

    Jendral Roma, Gallus, ing taun 66 Masèhi, ngejegi Yérusalèm, njajah. Saya abot nalika sing nguwasani Yérusalèm jaman Vespasian (anak buahé Vespasianus), 68 M. Ing kahanan kang kaya mangkono mau, wong Kristen sing eling marang dhawuh wecané Gusti Yésus lunga ninggal Yérusalèm, lunga ngungsi, satemah wilujeng. Sabanjuré Jendral Titus, mimpin tentara Romawi, nelukaké Yérusalèm, nganti lebur luluh warata karo lemah, ing taun 70 Masèhi. Wetara sayuta limang atus ewu wong Yahudi tekan pati. Akèh kang padha diukum salib déning Titus, nganti kurang papan kanggo nanem salib paukuman. Pangandikane Gusti Yésus jangkep maujud.

    Yérusalèm lebur. Bait Suci ambruk runtuh, diobong dadi karang abang. Senajan Yérusalèm kabangun ing sandhuwuring pepunthukan lan gunung, ewodené sedhela banget bisa karebut mungsuh. Petungan, kutha ing sandhuwuring gunung kuwi bakal angel katelukaké.

    Nanging Titus ora ngakoni bab rusaké Yérusalèm, ora tanggung jawab. Senajan Titus uga nindakaké memuji marang Allah, merga olèh kemenangan.

    Sejatiné Gusti Allah uga ngidini Titus ngejegi Yérusalèm, kuwi merga dosané wong Yahudi. Wong wong Kristen jaman jendral Titus kuwasa, sing kelingan lan pracaya marang pangandikané Gusti padha ngungsi lan slamet ing njaban kutha Yérusalèm. Kalis saka panganiaya gedhé kang nempuh kutha Suci Yérusalèm.

Gusti Yésus Bakal Rawuh Manèh

“Sawisé mangsa kasusahan mau, srengéngé bakal dadi peteng, lan rembulan ilang padhangé.Lintang-lintang bakal padha tiba saka ing langit, lan kaanan ing sakurebing langit bakal kisruh ora karuwan. Ing wektu kuwi Putraning Manungsa bakal ngetingal ing méga, ngagem kamulyan lan pangwasa. Panjenengané bakal ngutus malaékat-malaékaté supaya ngumpulaké umaté, sing pinilih saka kéblat papat, yakuwi saka tapel watesé bumi sisih tekan sisihé.” ( Markus 13: 24-27 ).

Gusti paring pangandikan, kanthi netepaké wektu ing mangsa sawisé panganiaya Yérusalèm. Gusti Yésus bakal rawuh manèh. Kapan? – Ora ana sing ngerti. Ora bisa diétung, dinaning manungsa sewu taun manungsa, ora béda kaya mung sedina tumrap Gusti Allah. 2 Pétrus 3:8 Mung waé para kekasih, kowé aja kelalèn prekara siji iki, yakuwi ing ngarsané Gusti sedina kuwi ora ana bédané karo sèwu taun. Kagem Panjenengané loro-loroné padha waé.

Langit uga kena salading geni, lintang lan isining langit gogrog. Sejatiné paring wulang, menawa para panguwasa ing langit, panguwasa kadonyan, bakal runtuh ambruk kalenggahané. 2 Pétrus 3:10 Nanging Dina rawuhé Gusti Yésus kang kapindho kuwi tekané kaya maling. Ing Dina mau langit bakal sirna klawan swara gumuruh nggegirisi lan pérang-pérangané jagad bakal kobong, semono uga bumi dalah saisiné kabèh bakal sirna.

Lah ing kono, Putraning Manungsa, Gusti Yésus Kristus bakal rawuh. Katon ing satengahing mega kanthi panguwasa gedhé, bakal nangèkaké wong mati, lan ngakimi jagad. Rawuhé ngagem kamulyan lan panguwasa gedhé. Panguwasané Allah ana ing astané Sang Kristus Yésus. Sarta bakal ngutus para malaékat, Gusti paring dhawuh supaya para umat kagungané diklumpukaké saka ing saindhenging bawana sajagad raya, sowan marek ing ngarsané. Gusti rawuh manèh methuk kagunga-Né.

Titi Wanciné Yérusalèm Runtuh

“Padha sinaua saka kaanané wit anjir. Menawa epangé padha ijo-ijo lan memes sarta wiwit semi, kowé padha ngerti yèn wis mèh mangsa panas. Mengkono uga, menawa kowé padha weruh prekara-prekara mau kelakon, kowé padha ngertia yèn wis tekan wektuné Panjenengané rawuh. Padha élinga! Wong-wong sing saiki isih urip, bakal isih padha ngalami lelakon-lelakon mau. Langit lan bumi bakal sirna, nanging apa sing Dakkandhakaké ora bakal sirna.” “Senajan mengkono, ora ana wong siji waé sing ngerti kapan dinané lan kapan wektuné prekara mau bakal kelakon. Malaékat-malaékat ing swarga ora padha ngerti, lan Putraning Allah uga ora pirsa. Mung Sang Rama waé sing pirsa. Mulané kowé kudu tansah jaga-jaga lan waspada, sebab kowé padha ora ngerti kapan wektuné. (Markus l3: 28-33).

Lagi saiki Gusti mangsuli pitakonané para murid bab kapan leburé Yérusalèm. Iki ptakon kang kapisan. Sing kapindho bab pratandha wis diwangsuli luwih dhisik. Saiki bab kapan titi mangsané Bait Suci bakal diruntuhaké mungsuh, Gusti paring dhawuh kaya kang katulis Ing Injil Markus 13: 28-33, kasebut ing ndhuwur.

Wit Anjir kang semi lan cabang, dadi titikan yèn mangsané uwoh wis cedhak. Pangandika iki condhong karo sejarah. Isih akèh wong Kristen kang krungu piwulang iku jamané Gusti isih sugeng ing ndonya, lan wong-wong mau isih sinung urip nalika nyata Yérusalèm kalebur mungsuh. Sing priksa bakal kelakoné wektuné, mung Gusti Allah. Pangandikané Gusti Yésus: Sing waspada, tansaha jumaga. Kanthi iman bakuh teguh.

Ana sing nggodha sajroning ati. Kena ngapa Gusti ora priksa? Amarga Panjenengané rawuh kanthi kalenggahan Putraning Allah, mijil saka Allah. Senajan sejatiné Panjenengané iku Allah piyambak. 1 Timotius: 3:16 Kabèh wong ngakoni yèn pangibadah kita iki ngemu wewadi gedhé banget, cethané mengkéné: “Gusti Yésus ngetingal awujud manungsa, kaleresané sineksènan déning Sang Roh Suci, lan disumurupi déning malaékat. Panjenengané kawartakaké marang para bangsa, ditampa klawan precaya déning jagad lan wis sinengkakaké menyang swarga.”

Gusti ngosongaké kabisané kang sejatiné kagungan panguwasané Allah, dadi ora kersa ngendikakaké bab kapan. Kang bakal ngendikakaké Sang Rama. Senajan kabar wecané wus diwedhar déning Sang Putra. Filipi 2: 7, Malah saka kersané piyambak Panjenengané ngrucat kamulyané, sarta ngagem sipaté abdi. Panjenengané dadi padha karo manungsa, lan rawuh wujud manungsa.

Sing priksa samubarang iku Allah, Sang Kristus Putraning Manungsa ora priksa. Senajan bab iki angel dingertèni, nanging pakaryané Roh Suci bakal mulang kita kabèh, milih pracaya. Rasul Paulus uga nandhesaké iba wigatiné Sang Roh Suci tumrap imané para murid kagungané Gusti.

1 Kor 12: 3 Ngertia yèn ora ana wong sing dituntun déning Sang Roh Suci kokmuni: “Yésus kena ing laknat”. Lan uga ora ana wong sing bisa ngakoni: “Yésus kuwi Gusti”, yèn ora merga dituntun déning Sang Roh Suci.”

Sing Padha Tumemen Lan Waspada

Ibaraté kaya wong sing ninggal omahé, lunga menyang papan adoh. Wong mau ndhawuhi abdi-abdiné, supaya ngurus omahé, siji-sijiné padha diparingi kuwajiban dhéwé-dhéwé. Sing dipatah jaga gapura, olèhé jaga supaya sing tumemen.

Mulané kowé kudu tansah siyaga, sebab kowé padha ora ngerti kapan mulihé sing duwé omah mau. Bisa uga soré, bisa uga tengah wengi, bisa uga ésuk umun-umun, bisa uga bareng karo mlethèké srengéngé. Samangsa-mangsa sing duwé omah mau teka, aja nganti kowé ketemu lagi turu. Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé iki, uga Dakkandhakaké marang wong kabèh: Padha jaga-jagaa lan sing waspada!” ( Markus 13: 34-37 ).

Gusti ngendika bab gempuré Yérusalèm sarta bab rawuhé manèh ing akhir jaman. Bab iki ora ana sing bisa ngerti kapan bakal kelakoné. Dhawuhé Gusti supaya “ waspada” lan “ jumaga” kuwi kanggo saben umat manungsa. Kabèh uwong kudu cumawis, nambut bendarané sing kundur saka lelungan sawanci-wanci. Bisa soré, bengi utawa sesuk mlethek srengengé. Kabèh kudu jumaga.

Para maos kang kinasih, Panjenengan pinaringan ayahan apa ta déning Gusti Allah? Sikep panjenengan kepriyé minangka kakung utawa bapa ibu ing satengahing kulawarga? Tindak tanduk panjenengan ing satengahing mitra sapagaweyan kepriyé? Aja lali, yèn saben wong urip iki diparingi tugas ayahan. Gusti Allah ngersakaké apa saka kita lan apa panjenengan nindakaké ayahan kanthi setya?

Kita kabèh sumurup, menawa Gusti Yésus mesthi rawuh manèh. Nanging kita kabèh ora ngerti kapan bakal kelakoné. Gusti dhawuh, supaya kita kabèh jumaga lan waspada, amarga mungsuh ngincer saka njaba lan saka njero. Sing waspada lan kudu jumaga, amarga kita kabèh duwé tanggung jawab leladi marang Gusti. Sawanci-wanci Gusti bakal rawuh lan maringi sih rahmat sarta berkah, kudu cumawis. Aja nganti nalika Gusti rawuh, awaké dhéwé ora tinemu jumaga. Muga-muga nalika Gusti rawuh kita kabèh cumawis sarta jumaga!

Prawan Sepuluh, Sing Pinter Lan Bodho

“Samasa Putraning Manungsa rawuh ngasta Kratoné Allah, kena diupamakaké: Kaya kaanané prawan sepuluh sing arep ngiring pengantèn, padha nggawa oncor, banjur mangkat methuk pengantèn lanang. Prawan sing lima bodho, lan sing lima liyané wicaksana. Prawan lima sing bodho mau padha nggawa oncor, nanging ora nggawa lenga tandhon. Déné prawan lima sing wicaksana, nggawa oncor lan nggawa lenga sing kanggo tandhon.Pengantèn lanang mau tekané kasèp, mulané prawan-prawan mau banjur ngantuk nganti keturon.

Bareng tengah-wengi ana swarané wong alok-alok: ‘Pengantèné teka! Ayo padha dipethukaké!’ Prawan sepuluh mau banjur padha tangi lan nyandhak oncoré dhéwé-dhéwé. Prawan-prawan sing bodho nuli padha nembung marang prawan-prawan sing wicaksana: ‘Mbok aku wènèhana lengamu sethithik waé, awit oncorku arep mati. ‘Wangsulané prawan-prawan sing wicaksana: ‘Aja, mengko lengané mundhak ora cukup yèn kanggo aku lan kowé. Luwih becik yèn kowé menyanga warung sing adol lenga lan tuku dhéwé.’

Nanging nalika prawan lima mau lagi padha lunga tuku lenga, mantèné lanang teka. Prawan lima sing wis miranti, nuli padha ngiring pengantèn lanang, mlebu ing omahé sing mantu. Lawangé banjur dikancing. Sawisé mengkono prawan lima liyané mau iya padha teka, lan matur saka njaba: ‘Bapak, kula aturi mbikak korinipun.’ Nanging wangsulané pengantèn lanang: ‘Kowé sapa, aku ora kenal karo kowé.’ “Gusti Yésus banjur mungkasi pasemoné srana ngandika: “Mulané padha melèka, awit kowé padha ora weruh dina lan wayahé Putraning Manungsa rawuh.” (Matéus 25: 1-13).

Wong kang pracayané tetep teguh, kaya prawan sing tansah sumadiya lenga, satemah diyané ora nganti mati. Nanging sing imané sembarana, ngira yèn sawektu wektu pengantèn kakung rawuh lumebu ing pista daup, prawan lima mau bakal njaluk tulung kancané, Ngira yèn bisa nambahi lenga kanthi dadakan sawisé pengantèn rawuh.

Nyatané nalika lunga golèk tambahan lenga, amarga imané pancèn ora kebak, Sang Pengantèn rawuh. Lawang banjur ditutup, sing telat ora bisa mèlu pista. Nalika wong sing sembrana mau matur nyuwun kawelasan, Sang Pengantèn ngendika: “ Aku ora wanuh karo kowé.” – Ngentèni Sang Pengantèn kudu setya tuhu. Urip iki ibaraté ngentèni Sang Pengantèn kakung, yaiku Gusti Yésus, supaya bisa kinanthi mlebu swarga.

Ketutup lawang ora bisa mlebu taman pista, ngibarataké watesing umur iki. Kawelasané Gusti ora nganti tekan sawisé manungsa mati. Pamratobat kinarsakaké nalika isih urip ana ndonya iki. Pasemon kasebut dadi wulang, supaya para wong pracaya tansah setya tuhu, jumaga lan ngolah imané aja nganti surem. Kudu tansah sumunar.

Pasemon “Talenta”

“Samasa Putraning Manungsa rawuh ngasta Kratoné Gusti Allah kaanané iya kena diupamakaké kaya wong sing arep mangkat lelungan menyang negara sing adoh. Wong mau nuli nimbali para abdiné, banjur mitayakaké barang darbèké marang para abdi mau.Saben abdi dipasrahi, undha-usuk miturut kabisané dhéwé-dhéwé. Ana abdi sing dipasrahi dhuwit limang talenta, ana sing rong talenta, ana sing satalenta. Sawisé kuwi wong mau nuli mangkat. Sing nampa limang talenta tumuli mangkat, nglakokaké dhuwité, lan olèh bathi uga limang talenta. Mengkono uga abdi sing tampa rong talenta, iya nindakaké mengkono, lan olèh bathi uga rong talenta.

Nanging abdi sing tampa satalenta, lunga ngedhuk luwangan, banjur mendhem dhuwité bendarané mau ana ing kono. Let sawetara suwéné, bendarané abdi-abdi mau lagi rawuh, banjur nganakaké étung-étungan karo para abdiné. Sing tampa limang talenta sowan lan ngaturaké bebathèné limang talenta, karo matur: ‘Bapak, kula panjenengan pasrahi gangsal talenta. Samenika kula aturi mirsani, kula angsal bebathèn kathahipun inggih gangsal talenta.’ Wangsulané bendarané: ‘Becik banget, kowé abdi sing becik lan temen. Sarèhné kowé wis ketitik tumemen marang barang sing sethithik, kowé bakal dakpasrahi ngurusi barang sing akèh. Mlebua lan mèlua ngrasakaké kabungahanku.’

Abdi sing tampa rong talenta uga sowan lan matur: ‘Bapak, panjenengan sampun mitadosaken arta kalih talenta dhateng kula. Samenika, sumangga panjenengan pirsani. Kula saged angsal bebathèn kathahipun inggih kalih talenta.’ ‘Becik banget’, wangsulané bendarané. ‘Kowé abdi sing becik lan temen. Sarèhné kowé wis ketitik tumemen marang barang sing sethithik, saiki kowé bakal dakpasrahi ngurusi barang-barang sing akèh. Ayo, mlebua lan mèlua ngrasakaké kabungahanku!’ Sawisé kuwi abdi sing nampa satalenta iya banjur sowan, lan matur: ‘Ndara, kula sumerep, bilih panjenengan menika tiyang ingkang sawenang-wenang. Remen ngenèni ing panggènan ingkang mboten panjenengan sebari, lan mendheti taneman, ingkang mboten panjenengan tanem. Mila kula ajrih, lajeng késah; arta panjenengan satalenta lajeng kula pendhem ing siti. Mangga kula aturi nampèni arta panjenengan!’ Bendara mau banjur ngandika: ‘Kowé abdi sing ala lan kesèd. Kowé duwé penganggep yèn aku ngenèni ing panggonan sing ora daksebari lan ngundhuh tanduran sing ora daktandur. Mulané, beneré dhuwitku kuwi koktitipaké marang wong sing nglakokaké dhuwit, supaya samangsa aku teka, aku bisa nampa dhuwitku menèh saanakané. Dhuwit satalenta kuwi jaluken, banjur wuwuhna marang wong sing duwé sepuluh talenta mau. Sebab sing sapa wis duwé, kuwi bakal kaparingan luwih akèh menèh nganti kalubèran. Nanging sing sapa ora duwé, barang sethithik sing diduwèki kuwi bakal kapundhut kabèh. Déné abdi sing ora ana gunané kuwi cekelen, lan lebokna ing pakunjaran. Ing kono bakal ana penangis lan panggegeting untu!’ “ ( Matéus 25: 14-30 ).

Ing pasemon iki, ana piwulang menawa umat kagungané Gusti Allah pinaringan pawitan kabisan werna-werna, lan saben uwong béda-béda. Béda katrampilané, béda bakat lan kabisané. Nanging menawa nggunakaké talenta peparing kuwi kanthi setya lan tumemen, kabel kanthi adil bakal nampa berkah padha. Ibarat nyaosaké kasil utawa uwohing pakaryan kang ora padha akèhé, nanging uwohing setya tuhu lan katemenan, kabèh pinaringan sih rahmat sing adil.

Nanging sing ora niyat ambangun lan ora niyat ngrembaka supaya wuwuh bebathené, bakal kadukanan lan kaukum déning kang maringi pawitan utawa modhal. Kabuwang menyang papan sengsara, ing papan kang kebak panangis lan nahan perih. Sengsara sengsaraning panandhang menawa manungsa ora gelem nampa kaslametan panebuse Gusti Yésus. Mangka sadurungé wis kaparingan wulang lan kabar bab rawuhé Gusti Yésus nggolèki wong dosa supaya mratobat. Lan pinaringan kabisan, kekuatan sarta panganthi, supaya bisa nunggil Gusti sarta leladi ngabekti. Sing keset ora niyat ngasilaké uwoh senajan wis diparingi pawitan (talenta), bakal kabuwang kaukum. Nanging tumrap para umat kang gelem nampa peparing keslametan saka Sang Kristus, déné wus nglampahi séda sinalib, ora bakal kaukum nanging kaparingan rahayu. Dosa iku uga thukul saka anggoné umat manungsa nglirwakaké dhawuh, nyepelekaké pangandikané Gusti. Mangka Sang Sabda iku kang kudu dadi kang utama.

Pangadilan Kang Pungkasan

“Mbésuk samasa Putrané Manungsa rawuh ngagem kamulyané, kadhèrèkaké sakèhing malaékat, Panjenengané bakal lenggah ing dhamparing Kratoné Gusti Allah, lan sakèhing wong ing bumi bakal kaklumpukaké ing ngarsané. Panjenengané nuli bakal misah wong-wong mau dadi rong pantha, kaya pangon sing misahaké wedhusé gèmbèl lan wedhusé bérok. Sing gèmbèl dipisahaké ana ing tengené lan sing bérok ana ing kiwané.

Tumuli Sang Prabu bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing tengené: ‘Mara, kowé sing padha binerkahan déning Rama-Ku. Kowé bakal padha ngrasakaké kanikmataning Kratoné Allah, sing wis kacawisaké wiwit dumadiné jagad. Awit nalika Aku keluwèn, Aku kokcaosi dhahar; nalika Aku ngelak, Aku kokcaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara, Aku kokcaosi pondhokan ing omahmu; nalika Aku kewudan, Aku kokcaosi ageman; nalika Aku gerah, Aku kokupakara; nalika Aku dikunjara, Aku koktiliki.’ Ing kono wong-wong mursid mau padha matur: ‘Gusti, kala menapa kawula sumerep Panjenengan keluwèn, lan kawula caosi dhahar, utawi kasatan, kawula caosi ngunjuk? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan ngumbara, lajeng kawula caosi pondhokan ing griya kawula? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan kelukaran, lajeng kawula caosi ageman? Kala menapa kawula sumerep Panjenengan gerah utawi dipun kunjara, lajeng kawula tuwèni?’

Sang Prabu nuli bakal paring wangsulan: ‘Élinga, apa waé sing tau koktindakaké marang salah sawijining sedulur-Ku sing asor dhéwé iki, kuwi ateges iya wis koktindakaké marang Aku!’

Sang Prabu mau iya bakal ngandika marang wong-wong sing ana ing kiwané: ‘Padha sumingkira saka ing ngarep-Ku, kowé wong sing kena ing laknat! Sumingkira menyang geni langgeng sing wis dicawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté! Awit nalika Aku keluwèn, kowé ora nyaosi dhahar; nalika Aku ngelak, kowé ora nyaosi ngunjuk; nalika Aku ngumbara, kowé ora nyaosi pemondhokan; nalika Aku kewudan, kowé ora nyaosi ageman; nalika Aku gerah, lan ana ing pakunjaran, Aku ora kokupakara.’

Wong-wong mau nuli bakal padha munjuk: ‘Kala menapa kawula sumerep Panjenengan keluwèn, kasatan, ngumbara, utawi kelukaran, utawi gerah, utawi dipun kunjara lan mboten kawula ladosi?’ Sang Prabu banjur bakal paring wangsulan: ‘Rungokna sing becik. Apa waé sing ora koktindakaké marang salah sawijining wong sing asor dhéwé iki, kuwi iya ora koktindakaké marang Aku.’ Wasana wong-wong mau bakal nampa paukuman langgeng, nanging wong-wong mursid bakal nampa ganjaran urip langgeng.” ( Matéus 25: 3l-46 ).

Piwulang panutup ing gunung Zaitun, ora mung ngéram-éramaké, nanging pancèn piwulang sing wigati lan perlu banget. Ing dinaning pangadilan, kabèh uwong dikumpulaké ing ngarsané Gusti Yésus. Gusti Yésus lenggah ing dhampar Hakim Agung kanthi ngagem sampurnaning kamulyan lan panguwasaning Allah. Iya Ratuning dina Pangadilan sarta minangka Pangon Kang Utama, Panjenengané milih wedhus wedhus kagungané. Sing imané ora tulus, kudu sumingkir saka ngarsané. Wedhus lumrah ora kapilih, nanging sing dipilih wedhus domba. Kagungané Gusti kapapanaké ing sisih tengen, déné sing imané lamis katundhung mangiwa supaya ngetutaké si Iblis.

Marang kang padha manuh-manuh nyuwun kawelasan ing dinaning pangadilan, mangka nalika isih urip ana ndonya ora nindakaké pakaryan luhur marang pepadhané, ditampik déning Gusti. Merga menawa manungsa ora nindakaké kabecikan marang sasama najan mung sepélé baé, ateges uga ora nindakake kabecikan kagem Gusti. Balik kang ana tenge-Né, dingendikani menawa biyen nindakaké kabecikan lan bebener kagem Gusti nalika ana ing ndonya, malah padha ora rumangsa. “ Kala menapa kula nindakaké kasaenan kagem Paduka Guru ?” Pangandikané Gusti Yésus: “ Kang kok tandukaké marang pepadhamu kang cilik dhéwé lan senajan sing rèmèh banget, kuwi ateges wus nindakaké kabecikan gedhé tumrap Ingsun.” Mula para kagungané bakal nampa keslametan langgeng, amarga anggoné iman, ngasihi lan setya tuhu sarta andhap asoring ati. Rahayu para wong kang pinaringan warisan Kratoning Swarga. Yaiku para kagungané Gusti kang pinilih kang kapapanaké ing sisih tengené. Warisan iku wus kacawisaké déning Gusti wiwit kawitaning dumadi.

Kosok baliné sing padha sumisih marang sakiwané Gusti, katundhung lunga, supaya mlebu ing geni langgeng bareng karo Sétan Iblis guruné. Apa sababé kaukum?

- Amarga nulak Gusti Yésus dadi juru slamete.

- Amarga ora nglakoni Sabda Pangandikaning Allah.

- Ora nindakaké kang gawé kabungahaning pepadhané.

- Ora duwé rasa welas marang kang prihatin, supaya mreduli marang liyan.

- Ora nglakoni sing utama lan bener marang Gusti, yaiku kang maujud ing laku marang pepadhaning urip. Yaiku para “sedhèrèké Gusti.”, umat kagungan-Né.

Iya ing kené iki papané nindakaké “amal kabecikan “ – mratélakaké uwohing kauripan tumrap para umat kang wus katebus pinaringan keslametan. Dadiné panggawe becik iku dadi wujud atur panuwun, merga Gusti wus nebus dosa kita. Nindakaké kabecikan: nulungi sing rekasa, mènèhi ngombe kang ngelak, mènèhi pangan kang kaluwen, nyandhangi sing kawudan, senajan kuwi katindakaké marang umaté Gusti sing cilik dhéwé baé, kuwi ateges wus nindakaké kabecikan kang kagem Gusti Yésus. Kosok baliné, menawa manungsa nindakaké sing jahil, muthakil drengki srei marang pepadhané lan gawé piala werna-werna marang para sedhèrèké Gusti, ateges gawé piala marang Gusti. Mula nalika Gusti lenggah ing dhamparing Hakim Agung iku, banjur paring pauykuman marang wong duraka.

Dadi tuladha menjila: Yudas Iskariot. Telung ndina sadurungé Gusti sinalib, nalika Yudhas nglawan Maria olèhé nyuntak lenga wangi ana ing sampeya-Né Gusti, sarta atiné sing wis misah lan ngadoh saka Gusti banjur sekongkol karo Pemimpin Yahudi arep ngedol Gusti Yésus. Para murid durung ngerti nalika semana, nanging Gusti wus ketaman panggawené Yudhas kang wiwit ora setya iku. Satemah Yudhas kena ingaran pantes lamun pisah saka Gusti, kaseret déning Sétan, ngambah dalaning pepati. Sacara tradhisi uga, Yudhas kacaritakaké nglampus dhiri, bunuh dhiri. Iki ngemu piwulang, menawa wong kang lamis imané, mangka ora nyawang sarta ora rumangsa nampa sih pangurbanané Gusti Yésus, banjur dipilut déning Sétan. Satemah misah lan ngedoh saka sing bener, nyata pungkasané dikuwasani Sétan.

Begja kemayangan, marang saben wong pracaya kang mbetahaké nganti wekasan, bakal kapitulngan rahayu ( Matéus 24: l3 ). Lan begja déné kita kabèh pinaringan panuntun Sang Roh Suci, kang memulang urip iki wanuh marang sing bener. Pancèn padonga kang bener iku menawa nyuwun panganthining Roh Suci.

Pinituwa Yahudi Padha Sekuthon, Sekongkol

Sawisé rampung enggoné mulangaké bab kuwi mau, Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: “Kowé wis padha ngerti, yèn kurang rong dina menèh wis Riaya Paskah, lan Putraning Manungsa bakal dicekel déning wong akèh lan disalib.” Ing nalika semana para pengareping imam lan para pinituwané bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing dalemé Imam Agung Kayafas. Para pengareping imam lan para pinituwa mau padha rembugan bab kepriyé rékané, supaya bisa nyekel lan nyédani Gusti Yésus.

Nanging olèhé nyekel lan matèni aja pinuju dina riaya, supaya ora gawé gègèré wong akèh. Nalika semono nuli ana salah sawijining muridé Gusti Yésus, jenengé Yudas Iskariot, marani para pengareping imam. Yudas mau banjur matur: “Kula badhé panjenengan épahi menapa, menawi kula masrahaken Gusti Yésus dhateng panjenengan?” Yudas Iskariot nuli diwènèhi dhuwit telung puluh sèkel selaka. Wiwit nalika kuwi Yudas golèk wewengan, supaya bisa masrahaké Gusti Yésus marang para pengareping imam. ( Matéus 26: 1-5; 14-16 ).

Banjur ana parepatan sing ditekani déning para Imam Yahudi, para Ahli Kitab lan Pinituwa Yahudi. Manggon ing omahé Imam Agung Kayafas. Parepatan mutusaké menawa kudu nyekel Gusti Yésus, lan banjur dipatèni. Para wong penting iku wis ora bisa nampa marang Sang Kristus. Katetepané, wose Yésus kudu mati. Sidang San Hedrin netepaké bakal nyekel Gusti Yésus sabubaré riyaya Paskah. Nanging, sidang Kaswargan, yaiku karsaning Allah, Sang Kristus Yésus tumurun menyang jagad iki bakal dadi kurban sejati, dadi cempening Kraton Swarga. Lan kanggo Riyaya Paskah. Mula katetepan swarga sing bakal dumadi, Gusti Yésus séda ing dina Jemuah Agung. Keputusané San Hedrin, ngaya wara, mubazir. Karsané Gusti Allah kang kelakon terus.

Nalika Yudhas Iskariot, saguh kanthi sesidheman masrahaké Gusti Yésus marang wong Yahudi, amarga olèh dhuwit, ngyakinaké para pinituwa Yahudi. Malah ngira yèn murid-murid liyané uga bakal gawé khianat kaya Yudhas. Mula sadurungé riyaya, transaksi wus gumathok. Lan menawa ing taman Gètsémané, Gusti kelakon kacekel, mesthi kanthi lancar bisa kapasrahaké marang panguwasa Roma. Yèn ngono, para kang bakal mbéla Guru Yésus iku ora perlu disumelangaké manèh. Nalika Yudhas nampa dhuwit saka Pinituwa Yahudi, nyata yèn Yudhas gawé khianat marang Gusti Yésus.

GUSTI YÉSUS LEREB ING BÉTANI

Rong dina Gusti Yésus ana ing Bertani. Yudhas uga ndhèrèk. Bisa uga pinituwa Yahudi wis sujana marang Yudhas, déné ora enggal enggal mènèhi kabar kepriyé bisané kanthi lancer nyekel Gusti Yésus. Pancèn rong ndina ana ing Bétani, nambahi ruwete pikirané Yudhas olèhé golèk akal gawé khianat kuwi.

Dina Kemis pungkasan, sadurungé Gusti kudu séda sinalib, Gusti ngersakaké supaya para murid lan Gusti bebarengan nindakaké kembul bujana dhahar bebarengan. Yaiku kang sinebut Bujana Suci kang pungkasan, sadurungé Gusti séda. Kuwi sadurungé dinané riyaya Paskah. Bengi iku Gusti Yésus ndedonga ing taman Gètsémané, ngraosaké sedhih lan nggambaraké kasengsaran kang bakal dilakoni, nganti riwené wujud rah, netes getih. Ya nalika lengser tindak saka taman Gètsémané kuwi, Yudhas Iskariot nganthi para pinituwa Yahudi dalasan prajurit Romawi, Yudhas ngedol Gusti Yésus. Gusti Yésus kacepeng, lan digawa menyang pengadilan Yahudi.

Ing dina wiwitaning Riaya Pésta Roti Tanpa Ragi, para muridé Gusti Yésus padha sowan ing ngarsané. Banjur matur: “Gusti ngersakaken dhahar bujana Paskah wonten ing pundi? Mangké badhé sami kula cawisaken.” Gusti Yésus ngandika: “Lungaa nemoni si Anu lan kandhaa: ‘Bapak Guru ngandika: Wektuku mung kari saiki; Aku kepéngin dhahar bujana Paskah ana ing omahmu, bebarengan karo murid-murid-Ku!’ “ Para murid sing diutus mau nuli mangkat nindakaké apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus, nyawisaké bujana Paskah. ( Matéus 26: 17-19 )

Gusti Yésus sajak ora ngersakaké tindak Yérusalèm ing dina Kemis ésuk iku. Kuwi ateges bakal nganakaké pengetan Paskah lan kembul bujana ing Bétani. Pétrus lan Yohanès kadhawuhan nyawisaké papan bujana sarta uba rampening pambujanan kaya angger-anggeré Nabi Musa, kanthi dhawuh kang ora patiya jelas, amrih Yudhas ora paham persis papan ngendi sing bakal dienggo dhahar kembul. Bisa uga yèn Yudhas ngerti sadurungé, wong Yahudi nyekel Gusti nedhengé kembul bujana karo para sakabat. Gusti mesthi waskitha bab kuwi. Lan rancangané Gusti mesthi kelakon.

Gusti Yésus Mijiki Sikile Para Murid

Gawé kagete para sakabat, nalika Gusti kepareng mijiki sikile para murid. Pancèn amung Gusti Yésus kang bisa ngresiki kanisthané para kagungané. Ora ana liya. Upama murid kang ngresiki sampeyané guru, kuwi pancèn lelambaran pakurmatan. Yèn Gusti mijiki sikile para murid, kuwi nyucèkaké, merga apuraning dosané para sekabat. Sarta paring tuladha marang murid-murid, kuwi sikep sing becik. Ing bengi iku, Yudhas Iskariot misah saka kamanunggalané para sakabat, lunga. Nemoni para imam Yahudi, mbacutaké olèhé dadi gedibalé Iblis, gawé khianat marang Gusti Yésus. Nalika anggoné mijiki para murid tekan gilirané Simon Pétrus, kandheg amarga ana aturé Pétrus marang Gusti. Kaya kang kacaritakaké déning Injil.

Sikile Para Sakabat Diwijiki Déning Sang Kristus

Bareng dina Riaya Paskah kurang sedina, Gusti Yésus pirsa yèn wis tekan wektuné Panjenengané nilar jagad iki lan kondur menyang ngarsané Sang Rama. Panjenengané tresna marang para kagungané kang ana ing jagad, lan enggoné nresnani nganti tekan ing wekasan. Nalika semana ing wayah bengi Gusti Yésus lan para sekabat lagi padha dhahar. Ing kono Iblis ngosikaké atiné Yudas Iskariot, supaya ngulungaké Gusti Yésus. Gusti Yésus pirsa, yèn Sang Rama wis masrahaké sakèhing pangwasa marang Panjenengané. Panjenengané uga pirsa, yèn asalé saka Allah, lan bakal kondur menyang ngarsané Allah. Mulané Panjenengané nuli jumeneng, ngrucat jubahé, sarta ngubetaké kain mau ana ing lambungé. Panjenengané banjur ngesok banyu ana ing pengaron, sarta wiwit misuhi sikilé para sekabat; sawisé kuwi banjur dilapi nganggo kain sing diubetaké ana ing lambungé mau. Bareng tekan gilirané Simon Pétrus, Simon matur: “Gusti, prelunipun menapa Panjenengan misuhi suku kawula?”

Pangandikané Gusti Yésus: “Saiki kowé durung ngerti apa maknané sing Daktindakaké iki, nanging mengko kowé bakal ngerti.” “Sampun ngantos, Gusti,” aturé Pétrus, “Panjenengan sampun ngantos misuhi suku kawula!” Nanging Gusti Yésus nuli ngandika: “Yèn kowé ora gelem Dakwisuhi, kowé ora kena dadi murid-Ku.” Wangsulané Simon Pétrus: “Menawi mekaten Gusti, sampun ngemungaken suku ingkang dipun wisuhi, nanging ugi tangan lan sirah kawula!” Pangandikané Gusti Yésus: “Wong sing wis adus, badané sakojur wis resik, wong kuwi ora prelu didusi menèh. Mung sikilé waé sing prelu diresiki. Kowé pancèn wis padha resik, nanging ora kabèh.” Gusti Yésus wis pirsa, sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané. Mulané Panjenengané ngandika: “Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh.” ( Yoh. 13: 1-11).

Nalika padha sowan ing wanciné kembul bujana, lan kuwi bujana Paskah sawijining riyaya, saben murid rumangsa ngadhepi prekara sing wigati. Mula ora ana sing tumandang leladi. Padatan, yèn arep bujana mangkono, padha wijik sikil ngresiki lebuning dedalan. Utawa pelayan sing nindakaké kanggo para tamu. Sarehning ora ana pelayan, sarta saben murid rumangsa dadi penting merga ngadhepi prekara penting, ora ana sing banjur ngresiki sikile mitrané. Gusti banjur jumeneng, sabuk jubah sarta nandangi mijiki sikile para sakabat. Mula manut Lukas 22: 24 ana ayat kang ngendika: Kacrita, para sekabat padha bantah-bantahan bab sapa sing dianggep pinunjul dhéwé.

Sajaké pasulayan kuwi sponsoré Yudhas Iskariot, pancèn rumangsa umur tuwa lan duwé ayahan bendhahara kahartakan keuangan kelompok. Pasulayan kuwi kedadéyan sawisé Iblis ngosikaké atiné Yudhas anggoné bakal ngedol Sang Kristus. Injil Yohanès nggambaraké sing katindakaké déning Gusti Yésus mijiki sikle para murid iku, sawijining sikep andhap asor lan lembah manah kang kebak kamulyan. Murid rolas ora ana sing gelem nindakaké mijiki sikile pepadhané, Gusti piyambak tumandang ngayahi pakaryan. Kuwi ora katindakaké déning Gusti merga duka, merga nesu. Ora babar pisan. Nanging kuwi kelakon merga Gusti ngasihi para kagungané kanthi tulus.

Anggoné Gusti nresnani para kagungaNe, nganti tekan akhir titi wanciné ngayahi ayahan luhur ing bumi. Ing sasisih ngadhepi panglawan sarta pangincering mungsuh. Kuwi dadi conto, kang kudu dituladha déning para murid ing sabanjuré. Malah kalebu sikile Yudhas sing gawé khianat uga diwijiki, nandhesaké bab katulusané Gusti. Nanging dhasar ati wangkot kang wus kapilut déning pamblithuking Sétan, nampa katresnan sing semono jeroné, ora mratobat nanging malah nyilakakaké Gusti Guruné.

Tokoh Gréja rama John Chrysostom duwé panemu kang diyakini menawa sing diwijiki dhisik dhéwé iku Yudhas kang lungguhé ana sakiwané Gusti lan cedhak banget. Déné Pétrus ana sisih tengen, diadhep Yohanès kang ana tengen kepara mburi. Nalika gilirané Pétrus kudu diwijiki, dhéwéke nulak. “ mBoten Guru !” - Lan nulak manèh sawisé Gusti ngendikani paédahé uga. Malah Pétrus ngluputaké Sang Guru. Kuduné rak para sakabat sing nindakaké iku. Malah uga ngluputaké para mitrané, déné kok ora ana sing gelem nindakaké resik sikil kuwi kanggo mitra-mitrané. Ora ana sing ngerti kejaba Gusti, sejatiné nalika iku Pétrus takon marang atiné dhéwé apa ora, kena ngapa Pétrus dhéwé kok ora nindakaké mijiki wong kabèh kuwi?

“ Menawa Aku ora mijiki kowé, yèn Aku ora ngresiki kowé, kowé ora bakal antuk panduman ana ing Aku,” - Mangkono pangandikané Gusti marang Pétrus. Amarga thukul semangate, Pétrus dumadakan nyuwun supaya tekan sirahé barang diresikana disiram banyu. Gusti mangsuli pangandikané: “ Sirah lan tangan ora perlu diresiki.” – mangkono angandikané Gusti marang Pétrus kang sajaké nyimpen kaangkuhan batin. Kuwi ngemu teges, menawa pangapuraning dosa wus pinaringaké karana pracaya lan pamaratobat, wis ora perlu manèh dibaleni sacara ritual. Merga jenenge wus kacathet ing buku Kauripan Langgeng. Yohanès 3:11 Gusti Yésus wis pirsa, sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané. Mulané Panjenengané ngandika: “Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh.”). Ora kabèh para murid resik atiné, nyatané Yudhas isih wangkot anggoné bakal gawé khianat, demi kadonyan lan kareping ati nerusaké anggoné duwé trékah ngedol Gusti. Jaman saiki anti-Kristus uga ana ing satengahing pasamuwan.

1 Yohanès 2:19, Para Anti-Kristus mau padha ana ing satengah kita, nanging satemené pancèn dudu panunggalan kita, sebab saupama wong-wong kuwi panunggalan kita temenan, mesthi padha tetep enggoné nunggal karo kita. Nanging wong-wong kuwi padha ninggal kita, supaya tetéla yèn satemené siji waé ora ana sing dadi panunggalan kita. Sawisé Gusti Yésus rampung enggoné mijiki sikilé para sekabat, Panjenengané nuli ngagem jubahé menèh, sarta wangsul lenggah. Panjenengané nuli ngandika marang para sekabaté mengkéné: “Apa kowé ngerti tegesé apa sing mentas Daktindakaké marang kowé mau? Kowé padha nyebut Aku Guru lan Gusti. Lan panyebutmu kuwi bener, awit Aku iki pancèn Guru lan Gusti. Lah saiki yèn Aku sing dadi Gusti lan Gurumu wis misuhi sikilmu, dadi kowé iya kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. Enggon-Ku mènèhi tuladha marang kowé kabèh kuwi supaya kowé padha nglakonana kaya sing wis Daktindakaké marang kowé. Padha éling-élingen; batur kuwi ora ngungkuli bendarané, lan utusan ora ngluwihi sing ngutus. Saiki kowé wis padha ngerti prekara kuwi. Begja kowé menawa kuwi koklakoni.

Kandha-Ku iki ora kanggo kowé kabèh, lan Aku ngerti sapa waé sing wis Dakpilih. Nanging apa sing katulisan ana ing Kitab Suci kudu kelakon. Tulisan mau surasané mengkéné: ‘Tiyang ingkang sesarengan nedha roti kaliyan Kawula, menika badhé nglawan Kawula!’ Kowé saiki padha Dakwènèhi weruh sadurungé prekara kuwi kelakon, supaya yèn mengko kelakon, kowé padha precaya yèn Aku iki Panjenengané kang disebut ‘Aku iki Panjenengané Kang Ana.’ Padha titènana: Sapa sing nampa wong sing Dakutus, kuwi ateges nampani Aku dhéwé. Lan sapa sing nampa Aku, kuwi ateges nampani Gusti Allah, sing ngutus Aku.” (Yohanès 13: 12-20 )

Ajining urip iki ora gumantung marang pangkat, darajad, semat lan harkat sarta kasugihaning jagad. Nanging gumantung marang jiwa luhur leladi, iki ukurané pengaji. Sarta kayektèn iku sing dadi ukurané Sabdaning Allah. Apa kang katindakaké déning Yudhas uga, ora cengkah karo katemtuan rancanganing Gusti Allah nylametaké umat manungsa kang nandhang dosa. Déné lambarané: Iman, pracaya manunggal ana ing Gusti Yésus. Iki sumbering kawilujengan langgeng. Dudu saka ritual agama, nyatané Yudhas uga tetap uripe tanpa uwoh sih katresnan sanajan – yakin yèn wis dibaptis déning Nabi Yohanès. Sowan ing bujana suci, sarta sikile winijikan déning Gusti kaya murid-murid liyané. Nanging nyatané tetep milih Iblis sing dadi sesembahané. Syarengating agama wis jangkep, sing ora ana katresnan lan kasetyan sarta lakuning pracayané

Kembul Bujana Paskah

Bareng wis soré Gusti Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para muridé. Nalika isih padha dhahar, Gusti Yésus ngandika: “Ngertia, salah siji panunggalanmu bakal ngulungaké Aku marang wong-wong sing padha ngarah matèni Aku.” Bareng ngrungu pangandika mau para muridé Gusti Yésus padha sedhih banget, banjur genti-gentèn padha matur: “Rak sanès kula ta Gusti?” Gusti Yésus ngandika: “Wong sing nyelupaké rotiné ana ing mangkok iki bareng karo Aku, kuwi wongé sing bakal ngulungaké Aku. Putrané Manungsa pancèn pinesthi séda, sebab ing Kitab Suci wis ditulis bab enggoné bakal séda. Nanging cilaka wong sing ngulungaké Putrané Manungsa! Luwih becik tumrapé wong kuwi saupama ora lair waé!” Yudas, sing bakal ngulungaké Gusti Yésus nuli matur: “Nanging rak sanès kula ingkang Panjenengan kersakaken ta Gusti?” Gusti Yésus ngandika: “Mengkono kandhamu.” ( Matéus 26: 20-25 ).

Kita kabèh wis nampa pemahaman bab panguwasané Gusti. Nyucèkaké Bait Suci, panguwasané ing dina Sabat, sarta mranata dadi anyar bab katemtuan Riyaya Paskah kang ritual agamis, ditandhesaké menawa sing wigati sesambungan batin, rohani lan iman kang sejati. Ora kaiket ing papan sarta pranatan kaya angger-angger Torèt.

Riaya Paskah dadi pangiket sejati, sapa baé dadi sedulur nunggal keslametan, ora gumantung marang sesambungan darah kajasmanèn. Pangandikané, Matéus 12:50 Awit sing sapa nglakoni kersané Rama-Ku sing ana ing swarga, iya kuwi sedulur-sedulur-Ku lanang lan sedulur-sedulur-Ku wadon sarta ibu-Ku.” Menawa nyata mangkono, sedulur sejati kabèh ana ing Yérusalèm lagi mengeti Paskah. Kena ngapa Gusti malah milih kembul bujana ana ing Bétani bebarengan para murid ? Bab iki merga anggoné Gusti kepareng mratélakaké menawa para murid olèh kawigaten banget déning Gusti, ngluwihi sapa baé kang ana ing Yérusalèm, kalebu Ibu Maria sing uga ana Yérusalèm.

Senajan ing penggalihé Gusti, bungah lan kasedhihan campur bawur, nanging mratélakaké uga kabungahané kaya kang katulis ing Lukas 22: 15, “Aku kepéngin mangan Paskah iki bebarengan karo kowé, sadurungé Aku nandhang sangsara!”

Ana pawarta kang ginelar, sajroning bujana iku, yaiku wedharing prasetya kang ana ing Kitab Purwaning Dumadi 3: 15, pangandikané Gusti Allah mangkené: “Kowé lan wong wadon iki bakal tansah padha memungsuhan; semono uga turuné wong wadon iki lan turunmu. Turuné wong wadon iki bakal ngremuk endhasmu, lan kowé bakal ngremuk tungkaké.”

Pancèn, ora suwé manèh Gusti bakal ngalami sengsara, nanging wanci bujana dina iku, sing rinasa mung sukabagya. Para murid uga bungah, Gusti piyambak priksa, yèn anggoné kundur nunggil Sang Rama meh tekan titi wanciné. Yaiku séda sinalib, unggul saka séda, bangkit ing dina Paskah, Sumengka menyang Swarga lan paring kekuwatan marang para murid tumuruné Roh Suci. Lan Gusti nunggil manèh karo Sang Rama.

Déné penggalih sedhih uga kraos tumrap Gusti, merga Yudhas Iskariot ora bisa binangun. Bengi kuwi uga Gusti priksa, nalika sengsarané dicekel mungsuh, para murid bakal kélangan iman, lan nilar sarta nyelaki Sang Guru. Ing kitab Zakaria wus tinulis sadurungé: Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, “Hé pedhang, tangia, nyeranga abdi-Ku para pangon! Patènana pangoné, mula wedhusé bakal buyar. Umat-Ku bakal Dakgempur, (Zakaria l3: 7). Kasedhihan sing jalarané saka enggoné para murid nyata ringkih imané. Nalika Gustiné ditangkep mungsuh, dadi pating balesar. Minangka manungsa sejati, ana rasa murni kamanungsan nandhang sedhih merga pepisahan. Bengi iku Panjenengané bakal nilar para muride. Banget nggarit penggalih, dadi jeroning dhuhkita karohanèn.

Gusti blaka, menawa bengi kuwi salah sawijining murid bakal masrahaké Gusti Yésus marang pinituwa Yahudi. Yudhas Iskariot pitakon: “ Menapa kula Gusti ?” – Gusti ngendika: KOWÉ WIS NGANDHAKAKÉ. Gusti banjur mundhut roti sacuwil dicelupaké ing anggur, nuli diparingaké marang Yudhas Iskariot. Gusti uga ngendika: Apa sing bakal kok lakoni, enggal lakonana. Yudhas lunga. Wis bengi tur peteng, Yudhas kejeblos marang pangiketing Iblis. Wanci Yudhas gawé khianat kuwi, kena ingaran PASKAH YAHUDI wus rampung, tamat lan wis ora ana paédahé manèh. Sing bakal ana SEJATINING PASKAH, amarga PUTRANING ALLAH kang dadi kurban panebusing dosa, CEMPENING KRATON SWARGA wus tekan titiwanci dadi kurban sinalib ing Golgota. Paskah Yahudi wus pinungkasan, amarga kuwi mung lambang, riyaya kurban kang ngener bab bakal anané kurban darah kang sejati, yaiku rahé Gusti Yésus.

Iba jero keplorote Yudhas, saka murid kang kinasihan lan mulya, kejungkel tiba ing laku nistha, dosa, dadi pengkhianat, ngedol Gustiné. Atiné kanggonan kadursilan, kobong ing geni – malah wis cures atiné sarta nglampus dhiri, kejungkel ing pasiksan. Lakuné nuju menyang naraka, kawiwitan saka anggoné ora ndedonga kaya sakabat liyané, mula ora bisa uwal saka angkuh sombong sarta srakahing pepénginan. Atiné dadi wangkot, babar pisan kélangan katresnané marang Gustiné. Mangka wus wanuh lan caket Guruné, nanging salin dadi munafik, kaiket ing nafsu kadagingan kaseret Iblis. Sejatiné murid-murid bengi kuwi wis bisa mudheng, menawa Sang Guru bakal dicekel mungsuh lan nglampahi sengsara sarta séda. Murid murid wis nggraita bab iku. Mung baé, apa magnané sedané Gusti sinangsara iku, kaya durung kanthi wijang dingertèni. Denel ungané Yudhas saka antarané para murid, nglakoni niyate sing ala.

Yudas Iskariot Misah

Gusti Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para muridé. Nalika isih padha dhahar, Gusti Yésus ngandika: “Ngertia, salah siji panunggalanmu bakal ngulungaké Aku marang wong-wong sing padha ngarah matèni Aku.” Bareng ngrungu pangandika mau para muridé Gusti Yésus padha sedhih banget, banjur genti- gentèn padha matur: “Rak sanès kula ta Gusti?” Gusti Yésus ngandika: “Wong sing nyelupaké rotiné ana ing mangkok iki bareng karo Aku, kuwi wongé sing bakal ngulungaké Aku. Putrané Manungsa pancèn pinesthi séda, sebab ing Kitab Suci wis ditulis bab enggoné bakal séda. Nanging cilaka wong sing ngulungaké Putrané Manungsa! Luwih becik tumrapé wong kuwi saupama ora lair waé!” Yudas, sing bakal ngulungaké Gusti Yésus nuli matur: “Nanging rak sanès kula ingkang Panjenengan kersakaken ta Gusti?” Gusti Yésus ngandika: “Mengkono kandhamu.”

Nalika padha mangan, Gusti Yésus mundhut roti, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Roti mau nuli dicuwil-cuwil sarta diparingaké marang para muridé, karo ngandika: “Padha tampanana, padha panganen, iki badan-Ku.” Sawisé kuwi banjur mundhut tuwung sing isi anggur, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Gusti Yésus banjur maringaké tuwung mau marang para muridé, sarta ngandika: “Padha ngombéa kabèh saka ing tuwung iki. Sebab iki getih-Ku, getih sing diesokaké kanggo nanggung prejanjiané Gusti Allah. Getih-Ku iki diesokaké kanggo wong akèh, minangka pangapuraning dosa. Ngertia: Aku bakal ora ngombé anggur iki menèh nganti wektuné Aku ngombé anggur anyar bebarengan karo kowé kabèh ing Kratoné Rama-Ku.” Sawisé kuwi Gusti Yésus lan para muridé banjur padha menyanyi. Nuli padha mangkat menyang Gunung Zaitun. ( Matéus 26: 26-30 )

Ing pambujanan, roti sacuwil kang kaasta déning Gusti kang pinaringaké marang para murid, nduwéni magna menawa nunggil Gusti, para murid kalis saka RAGI ( PENGARUH ) lan RUSAKING URIP. Roti dicuwil-cuwil lan ndedonga, banjur kaparingaké marang para murid. “PADHA PANGANEN, IKI BADANKU KANG TINUGEL TUGEL ….” Pandonga Gusti iku uga dadi piwulang, supaya ditulad déning para murid, ngalembana marang Gusti Allah tumrap samubarang peparing kang becik.

Roti ora bisa murakabi badan yèn ora dicuwil-cuwil. Roti kang cinuwil cuwil iku lambang sarirané Gusti Yésus kang dadi kurban kanggo dosaning umat manungsa. Mula nalika kita nampa roti bujana, kudu ngengeti sengsarané Gusti. Jer bujana iku piranti rohani kang sakral, minangka pengetan kita marang kurbaning Gusti nebus dosa. Gusti Yésus ngengetaké para murid, menawa Panjenengané wus pinaringan panguwasa saka Sang Rama sumbering berkah lan kauripan. Kang ana ing patunggilan iki kita wus pinaringan kasugihan linuwih ( Wulang bebasan 10: 22: Berkahé Allah kuwi sing marakaké kowé sugih, kangèlanmu ora nambahi apa-apa.) .

Kita kabèh ora kena lali, menawa Gusti Yésus iku dalan kang ngener tekan swarga. Sedané Gusti, kanggo keslametan kita kabèh. Ing bujana suci, roti dadi lambang anggoné Gusti kakurbanaké, sing payo padha kanthi urmat anggon kita sowan ing bujana suci, kanthi ngengeti menawa sarirané Gusti tinugel tugel kanggo keslametan kita. Bujana iku riyaya pangeling-eling kang sacral, tegesé ngolehaké kawilujenganing umat. Nampa pangan rohani, kawujudaké ing upacara kang kasat mripat supaya bisa dihayati lan dipahami. Kang rohani, linambangaké ing pakaryan jasmani. Roti kuwi dadi simbul.

Nalika Gusti ngendika: IKI BADANKU ……., sanyatané, sarirané Gusti ana kana. Lan roti kang mralambangaké iya ana kana. Magna sing utama sing dikarsakaké déning Gusti: Sing asipat rohani. Kita kudu ngerti, yèn kawilujengan kita ora merga “roti” kang kasat mripat. Nanging kang milujengaké, yaiku “roti kaswargan” – Gusti Yésus Kristus. Roti lan anggur pambujanan aja banjur dianggep dadi barang kang sekti mandraguna isi kekuatan gaib, ora mangkono. Nanging sing njalari urip iki kaberkahan, amarga iman, pengarep-arep, lan katresnan tulus, ana kauripan kang setya tuhu lan andhap asor.

Nalika Gusti Yésus ngasta tuwung isi anggur, ngendika: Iki getihku, getihing prajanjian anyar …..” Ngelingaké marang kita kabèh ing sejarah suci Prajanjian Lawas, yèn kurban kaslametan iku kudu tinebus ing “darah” - Jamané Habil putra Adam kang ngubanaké “rah” ditampa, kosok baliné nampik pangurbanané Kain kang tanpa wutahing getih. Dadiné ana ing jaman Lawas, kurban getih iku wigati lan dadi kurban keslametan. Ing prajanjian anyar, wujude ana kurban “darah Kristus” - kang mancur ing Golgota kanggo pambirating dosa. Lan Sang Kristus iku “ Cempé Kraton Swarga” kang kaparingaké dadi kurban ing salib Golgota. Kanggo nebus dosaning manungsa. Para wong kang pracaya marang kurban salib peparingé Allah, bakal wilujeng.

Ing ibadah kuna, wiwit jamané Nabi Musa, wus kapranata undhang-undhang, utawa angger-angger pangibadah. Sakabèhing upacara kurban keslametan, mesthi ana sesambungané karo getih. Kurban getihing kewan, pathi sarining niyat ana ing pangurbanan getih. Tegesé kawilujengan amung kaleksanan kanthi kurban “darah”.

Wigatiné Bujana Suci

Bujana Suci, dadi upacara sakral, dadi sakramen suci. Kuwi kudu ditindakaké wiwit nalika Gusti paring bujana bengi, ndungkap Paskah Yérusalèm, dadi pengetan . Kanggo ngenget-enget sengsara lan sedané Gusti Yésus, anggoné nebus dosa . Saben saben ana bujana suci, nganti satekané Gusti Yésus rawuh manèh. Tumrap para warga kang ndhèrèk ing pambujanan, bakal dadi seger manèh pangeling elingé marang Gusti. Pangurbanan lan ayahan keslametan, bakal katanem subur ana ing pikirané para umat pandhèrèké. Bujana suci, kanggo nyantosakaké pracaya. Pambujanan uga dadi gegambaran, bab bakal kelakoné pistané Sang Cempé, anggoné wus ngangkat kasengsaran, sarta ngrasakaké kasucèn lan kamulyan kanthi kabungahan gedhé.

Wahyu 19: 6-9. – 19: 6.” Sawisé kuwi aku banjur krungu kaya swarané wong akèh banget. Swara mau kaya gumrojoging banyu akèh lan kaya swarané gludhug gumleger, tembungé: “Pinujia Allah! Awit Pangéran Allah kita Kang Mahakwaos jumeneng Raja!” 19:7 Payo kita padha ramé-ramé bebungah, lan ngluhuraké kamulyané! Amarga wis tekan wektuning temuné Sang Cempé, lan pengantèn putri wis rumanti. 19:8 Pengantèn putri wis kaparingan ageman mori alus putih, kang resik gumilap!” (Anadéné mungguh mori alus kuwi ngibarataké kautamaning umaté Allah.) 19:9 Malaékat mau ngandika karo aku mengkéné: “Tulisen iki: ‘Begja wong-wong kang tinimbalan marang bujana temuné Sang Cempé.’ “ Nuli pangandikané menèh marang aku: “Iki pangandikané Gusti Allah kang sanyata.”

Bujana Suci, dadi papan prasetya katresnan, dadi posko berkah. Sing sapa ndhèrèk ing pambujanan kuwi, Gusti prajanji bakal rawuh lan nyawisi berkah sih rahmat. Dadi iketan saya rumakete antara mitra . Dadi paseksi manunggaling warga. Yohanès 13: 34 Kowé padha Dakwènèhi pepakon anyar, yakuwi supaya padha tresna-tinresnan. Dikaya enggon-Ku nresnani kowé, mengkono uga kowé padha tresna-tinresnana.

Nasihat Kanggo Pétrus

Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: “Ing bengi iki uga kowé bakal padha mlayu, ninggal Aku ijèn; sebab ing Kitab Suci wis katulis: ‘Gusti Allah bakal matèni pangoné, lan pepanthané wedhus bakal buyar.’ Nanging sawisé Aku katangèkaké saka ing kubur, Aku bakal lunga menyang tanah Galiléa, ndhisiki kowé.” Pétrus nuli matur marang Gusti Yésus: “Senajan sedaya murid badhé nilar Panjenengan, kawula mboten badhé nilar Panjenengan!” Gusti Yésus ngandika marang Pétrus: “Rungokna! Ing bengi iki uga, sadurungé jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku, ambal ping telu.” Pétrus nuli mangsuli: “Kula mboten badhé nyélaki Panjenengan, senajan kedah pejah sesarengan.” Para murid liyané iya padha muni mengkono. ( Matéus 26: 31-35 ).

Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: “Ing bengi iki uga kowé bakal padha mlayu, ninggal Aku ijèn; sebab ing Kitab Suci wis katulis: ‘Gusti Allah bakal matèni pangoné, lan pepanthané wedhus bakal buyar.’ Nanging sawisé Aku katangèkaké saka ing kubur, Aku bakal lunga menyang tanah Galiléa, ndhisiki kowé.” Pétrus nuli matur marang Gusti Yésus: “Senajan sedaya murid badhé nilar Panjenengan, kawula mboten badhé nilar Panjenengan!” Gusti Yésus ngandika marang Pétrus: “Rungokna! Ing bengi iki uga, sadurungé jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku, ambal ping telu.” Pétrus nuli mangsuli: “Kula mboten badhé nyélaki Panjenengan, senajan kedah pejah sesarengan.” Para murid liyané iya padha muni mengkono. ( Matéus 26: 31-35 ).

Zak 13: 7, Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, “Hé pedhang, tangia, nyeranga abdi-Ku para pangon! Patènana pangoné, mula wedhusé bakal buyar. Umat-Ku bakal Dakgempur, lan rong prateloné penduduké negara bakal mati.

Ana welingé Gusti, supaya ing antarané para murid sing padha bisa tresna tinresnan, kaya Gusti nresnani kabèh muride. Nalika iku Pétrus janji yèn ora bakal kengguh merga ngadhepi pakewuh. Metu sombong lan kumenthuse. Pétrus lali marang wulangé Sang Prabu Soléman, Wulang Bebasan 16: 18 ). “ Piangkuh kuwi nuntun marang karusakan, lan wong gemedhé bakal ambruk.”

Iki nyondhongi piwulangé Rasul Paulus ing Injil. 1 Kor 10: 12, Mulané sapa sing ngadegé rumangsa wis jejeg, padha sing ngati-ati supaya aja nganti tiba. Gusti banjur paring dhawuh marang Pétrus, menawa Iblis wis nuntut bakal nginteri Pétrus kaya gandum. Ing kauripan iki ujian lan panyoba bakal nyerang tanpa ana lerené.

“Simon, Simon, rungokna! Iblis diparengaké Gusti Allah nètèr precayamu kabèh, kaya wong tani enggoné nginteri gandumé, dipisahaké saka mrambuté. Nanging, kowé wis Dakdongakaké, supaya precayamu aja semplah. Lan yèn kowé wis mratobat, bali marang Aku menèh, kowé kudu genti nguwataké precayané sedulur-sedulurmu.”Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabaté: “Dhèk biyèn nalika kowé padha Dakutus kaé, kowé ora Dakparengaké nggawa dhompèt isi dhuwit, kanthong lan sepatu. Apa kowé padha nandhang kekurangan apa-apa?” Wangsulané sing padha didangu: “Mboten! Mboten kekirangan menapa-menapa.”

Pangandikané Gusti Yésus: “Nanging saiki, sing duwé dhompèt utawa kanthong kudu digawa; lan sing ora duwé pedhang, kudu ngedol jubahé kanggo tuku pedhang. Sebab, ngandela! Tulisan ing Kitab Suci: ‘Panjenengané bakal dianggep durjana’, tulisan kuwi bakal kelakon tumrap Awak-Ku. Lan apa sing katulis mau, saiki kelakon temenan.” Para sekabat nuli padha matur: “Gusti, menika wonten pedhang kalih.” Pangandikané Gusti Yésus: “Wis cukup.” ( Luk: 22: 31-32; 35-38 ).

Gusti ndongakaké Pétrus, merga priksa yèn Pétrus bakal tumiba ing luput. Mula sawisé tangi mratobat, mengkoné aja nganti dadi angkuh. Lakuné Pétrus bakal ngalami kegagalan. Kuwi ana gunané, dadi pasinaon sabar lan andhap asor lan diwasaning imané. Kanthi ngrasakaké gagal, supaya dadi gladhen amrih bisané tanggung jawab marang para sedulure tunggal pracaya. Upama mitrané ana sing ringkih lan tiba, Pétrus bakal dikuwataké nulungi mitrané. Gusti uga ngelingaké para murid, iba anggoné Gusti nguwataké nalika semana para murid diutus njajah désa milang kori, anyebar Injil. Nayatané Gusti tansah paring kabisan lan kakuwatan.

Lan saiki, para murid kautus lunga menyang papan adoh. Mulané kudu nggawa sangu. Sangu strategi lan sangu berkah rohani. Semono iku béda karo sing uwis, nalika para murid diutus lunga menyang kytha-kutha sing cedhak. Dhek semana ora kepareng nggawa sangu lan prabot. Nanging sabanjuré, merga paran dunungé adoh, malah kadhawuhan sikep prabot.

GUSTI YÉSUS ANA ING KAMAR LOTÈNG

Injil Yohanès bab 14 – 16, isi nasihate Gusti marang murid-murid, sawisé kelakon kembul ing bujana suci. Dhawuh sabanjuré: Supaya para murid aja susah lan kuwatir. Ing swarga luwih papan. Tindaké Gusti nyawisi papan marang para kagungané. Lan Gusti bakal rawuh manèh, methuk para kagungané, kakanthi mlebu papan kang wus dicawisaké déning Gusti. “ Supaya ing ngendi Aku ana kowé uga ana ing kono uga.” Yohanès 14:1 Pangandikané Gusti Yésus marang para sekabat: “Atimu aja was-was. Padha ngandela marang Gusti Allah, lan iya ngandela marang Aku. 14:2 Ing dalemé Rama-Ku akèh panggonan; mulané Aku mrana supaya nyawisaké panggonan kanggo kowé. Saupama ora mengkono, mesthi kowé ora padha Dakkandhani. 14:3 Sawisé Aku nyawisaké panggonan kanggo kowé, nuli Aku bakal bali mréné methuk kowé, supaya kowé uga anaa ing papan sing Dakenggoni mau.

Para murid kadhawuhan manunggal, aja nganti kocar-kacir. Gusti priksa menawa bakal kacekel ing mungsuh, lan bakal sinalib ing antarané wong duraka loro, Gusti uga ngendika, menawa amung Panjenengané baé kang bisa dadi dalan umat manungsa mlebu swarga. Yohanès 14: 6 “Aku iki dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku.”

Yèn kowé wanuh marang Aku, kowé iya mesthi wanuh karo Rama-Ku. Wiwit saiki kowé wanuh karo Sang Rama, lan wis ndeleng Panjenengané.” Filipus nuli matur: “Gusti, kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama menika, supados kawula sami marem.” Pangandikané Gusti Yésus: “Wis semono lawasé enggon-Ku urip bebarengan karo kowé kabèh; éwasemono kowé kokrumangsa durung wanuh karo Aku, Filipus! Sing sapa wis ndeleng Aku, kuwi uga wis ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé muni: ‘Kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama?’ Apa kowé ora ngandel yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji? Sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji? Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé kuwi ora metu saka karep-Ku dhéwé. Nanging Sang Rama sing ana ing Aku, sing nindakaké kuwi mau kabèh. Ngandela, yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji, sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji. Utawa apa kowé ora ngandel karo apa sing wis Daklakoni mau? Aku kandha satemené marang kowé: Wong sing precaya temenan marang Aku, bakal bisa nglakoni prekara-prekara sing wis Daktindakaké, malah wong kuwi bisa nindakaké prekara-prekara sing luwih gedhé ketimbang karo kuwi. Sebab Aku bakal sowan menyang ngarsané Rama-Ku. Apa waé sing koksuwun atas jeneng-Ku, bakal Daksembadani, supaya Sang Rama kaluhuraké lantaran Sang Putra. Nyuwuna apa waé atas jeneng-Ku, Aku bakal nyembadani.” (Yoh 14 : 7-14)

Gusti Yésus paring prajanji amarga uriping Gréja, kauripané para abdi, bakal gumantung marang panguwaose. Ayem tentrem lan pengayoman kajanjekaké marang para murid, amarga pancèn para kagungané bakal gumantung marang katresna-Né. Pangandikané Gusti ing Yoh 14. 14:15 “Menawa kowé padha tresna marang Aku, padha nglakonana pepakon-Ku. 14:16 Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowé bakal padha diparingi Juru Panglipur liyané, yakuwi Rohé Allah, sing nuduhaké bab kersané Gusti Allah. Roh mau bakal nunggal karo kowé selawasé.

14:17 Jagad ora bisa nampani Rohé Allah, sebab ora bisa ndeleng Rohé Allah mau, lan ora wanuh marang Panjenengané. Nanging kowé wanuh marang Panjenengané, merga Panjenengané tansah nunggal karo kowé lan dedalem ana ing njeromu. 14:18 Aku ora bakal négakaké kowé; kowé ora bakal padha kapiran. Aku bakal bali menèh.

Gusti uga ngendika, menawa ngasihi Panjenengané, kudu manut marang pangandikané. Yoh 14:21 Sing sapa nampani lan nglakoni pepakon-pepakon-Ku, kuwi ateges tresna marang Aku. Rama-Ku bakal nresnani wong sing tresna marang Aku. Aku uga bakal nresnani wong mau, lan Aku bakal blaka marang wong mau, sapa Aku iki sejatiné.” Ana uga pangandikané kang mratélakaké menawa Gusti kagungan panguwaose Allah. Yèn ora kagungan panguwaos, ora bisa ngendika kanthi panglipur kang kebak panguwasa, kang mangkené: Yoh 14: 28, Kowé wis krungu: ‘Aku bakal lunga, nanging Aku bakal bali menèh.’ Yèn kowé tresna marang Aku, kowé bakal bungah, samangsa Aku lunga menyang ngarsané Rama-Ku, merga Sang Rama kuwi ngluwihi Aku.’

Gusti Yésus iku ratuning tentrem rahayu. Gusti Yésus sumbering berkah, ora mung kaberkahan déning Allah. Mula kagungan pangandikan kang katulis ing ayat 27, Injil Yoh bab 14. Pangandikané: Kowé padha Daktinggali katentreman. Yakuwi katentreman-Ku dhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé. Cara-Ku mènèhi katentreman mau ora kaya patrapé jagad; atimu aja was-was. Kowé aja padha wedi. Lan ana pangandika manèh mangkené: Aku ora arep rembugan akèh-akèh menèh karo kowé, awit penggedhéné jagad (yakuwi Iblis) iki wis teka. Nanging Iblis ora duwé pangwasa ing ngatasé Aku. Nanging jagad prelu ngerti yèn Aku tresna marang Sang Rama, lan kuwi sebabé déné Aku mung nglakoni apa sing didhawuhaké marang Aku. Ayo, kita padha lunga saka kéné.”( Yoh 14: 30,31 ).

Pangandikan iki sejatiné nuntun marang pikirané wong akèh, senajan ora weruh apa sing kedadéyan ing Yérusalèm bengi iku. Wong akèh ora ngerti. Nanging Gusti priksa, menawa Iblis lagi ngiket Yudhas lan para pemimpin Yahudi gawé sekongkolan, anggoné bakal nyilakakaké Gusti Yésus. Yudhas Iskariot bakal nuntun lakuné wong Yahudi tekan sanjabaning Taman Gètsémané, papané Gusti masrahaké sarirané dicekel déning mungsuh. Mangkono anggoné bakal nebus dosaning jagad.

Pasemon Wit Anggur Kang Sejati

Gusti Yésus ngandika menèh, “Aku iki wit anggur sing sejati, lan Rama-Ku sing ngupakara kebon anggur mau. Saben pang sing ora ngetokaké woh, dipagas déning Sang Rama. Déné pang sing ngetokaké woh, diresiki, supaya wohé mundhak akèh. Kowé kuwi wis padha diresiki srana piwulang-piwulang sing Dakwènèhaké marang kowé. Padha nunggala karo Aku, lan Aku bakal nunggal karo kowé. Pang kuwi dhéwé ora bisa metokaké woh. Awit bisané metokaké woh, mung yèn nunggal karo wité. Kaya mengkono uga tumrap kowé. Kowé mung bisa metokaké woh, yèn kowé nunggal karo Aku. (Yohanès 15: 1-4 ).

Iba rumakete sesambunganing uwit lan pang-pangé. Kang utama ingatase epang, yaiku bab metokaké uwoh. Gusti ngersakaké, menawa wong pracaya gelem dadi lantaran anggoné Gusti nindakaké katresnan, keslametan lan dadi sumbering pitulungan, iku kang ingaran urip kang uwoh. Menawa wong pracaya sumadhiya dadi pirantose Gusti ngetingalaké uwoh, kanthi panuntuning Sang Roh Suci uga, epang utawa ranting anggur mau ingaran metu uwohé. Kanthi cara mangkono iku, para wong pracaya ngalembana asmané Gusti Allah. Ngluhuraké asmané Gusti Allah iku srana metu uwohing urip iki. Yaiku menawa setya tuhu marang Gusti, olah katresnan lan suméndhé kanthi iman.. Yèn epang ora tansah nunggal karo uwit, ora bisa metokaké uwoh.

Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: “Sing nangèkaké wong mati kuwi Aku, lan sing mènèhi urip marang manungsa kuwi Aku. Wong sing precaya marang Aku, senajan wong mau wis mati, bakal urip menèh. Lan wong sing isih urip, sing precaya marang Aku, ora bakal mati ing selawasé. Apa kowé precaya bab kuwi?” ( Yohanès 11: 25, 26 ).

Appendix A. PITAKONAN-PITAKONAN KANGGO NGUJI PANGERTÈN

Menawa panjenengan wis nyinau buku iki kanthi taliti, mesthi bakal kanthi gampang bisa mangsuli pitakonan kasebut ing ngisor iki:

  1. Ana piwulang wujud pasemon telung werna ing Injil Lukas 15, apa baé ? Apa sababé Gusti Yésus mucalaké pasemon pasemon kuwi ?

  2. Isi piwulang apa bab anak pambarep ing wulang pasemon anak ilang ?

  3. Ana piwulang wigati kepriyé, saka carita para panggarap palemahan anggur kang ala ati lan wewatekané ?

  4. Ana paédah pangertèn apa saka pasemon wong sugih lan Lazarus?

  5. Kanggo apa, déné Gusti Yésus ngendikani wong anom sugih, menawa siji baé ora ana sing ketemu “bener”, kejaba amung Gusti Allah ?

  6. Apa sababé Gusti nganti muwun mriksani Yérusalèm ?

  7. Gusti Yésus nyucèkaké Padaleman Suci kang kapindho, kanthi panguwasané sapa ?

  8. Dhawuh angger-angger kang utama dhéwé iku sing endi ?

  9. Saka sabdané Gusti Yésus ing Matéus 25: 31-46, bédané wedhus lumrah lan wedhus gembel, katitik saka kahanan sing kepriyé ?

  10. Apa sambung rapete ing antarané wit anggur kang sejati, karo epang-epangé ? Kepriyé katrangané, menawa kuwi nggambaraké sesambungan ing antarané wong pracaya karo Sang Kristus Yésus ?