Kembali ke ikhtisar item
SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

Buku V - KAUTAMANÉ SANG KRISTUS LAN PAUGERANÉ DADI MURID

George Ford

(Diterjemahkan dari bahasa Inggris)


SAPA SEJATINÉ SANG KRISTUS, APA KANG KATINDAKAKÉ ?

Sawisé iku Gusti Yésus banjur tindak menyang ing désa-désa sakiwa tengené kutha Kaisaréa Filipi kadhèrèkaké déning sakabaté. Ana ing ndalan padha didangu, pangandikané: “Wong-wong padha ngarani, Aku iki sapa?” Atur wangsulané: “Wonten ingkang mastani Nabi Yohanès Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, sanèsipun malih mastani panunggilanipun para Nabi.” Gusti Yésus banjur ndangu: “Lah yèn kowé, Aku iki kok arani sapa?” Pétrus matur: “Paduka punika Sang Kristus !” Para sakabat banjur padha diwanti-wanti, ora diparengaké wara-wara bab iku mau marang sapa baé. (Markus 8:27-30).

Kadhèrèkaké para sakabat, tindaké Gusti Yésus mangalor, nuju tanah saeloré tanah Palestina. Suwéné nganti lakon rong ndina. Sing kondhang papan mau yaiku gunung Hèrmon lan kutha Kaisaréa Filipi. Gusti paring pitakonan marang para murid. Sawijining pitakonan kang bakal nguwohaké pangertèn lan kawruh bab kayektèn. Para murid, sajaké uga ngerti marang penganggep lan pambijining uwong akèh tumrap Sang Guru. Para murid mesthiné kudu bisa paham marang pikirané wong akèh bab guruné.

“ Manut wong akèh, Aku iki diarani sapa ?” Mangkono pandangoné Gusti. Para murid matur: “Tiyang kathah nginten bilih Paduka menika Nabi Elia, malah wonten ingkang mastani Yohanès Pambaptis, wonten ingkang mestani para Nabi jaman kina ingkang rawuh malih.” - Wong akèh padha bingung. Durung padha paham sapa sejatining Putraning Manungsa iku? Pranyata akèh kang ora mudheng bab Gusti Yésus kang sejatiné pancèn Manungsa Sejati, Allah Sejati kang manjalma lan Sejatining Kasucèn. Lan saka palapurané para murid, wong golongan akèh ora ana sing ngira menawa Gusti Yésus iku Sang Mésias, yaiku Sang Kristus. Wis rong taun luwih anggoné Gusti nglayani umat, nanging durung ana sing ngerti menawa Gusti Yésus iku Sang Mésias, Sang Juru Slamet kang wis diweca déning para Nabi jaman biyèn, menawa Panjenengané kang bakal rawuh. Yèn ngono pancèn bener menawa Injil Yohanès, kang ditulis déning murid kang kinasih, ngendika:” Sang pepadhang iku sumunar ing satengahing pepeteng, nanging pepeteng ora nglindhih Sang Pepadhang mau.” (Yoh 1:5)

Kaélokan lan mujizat kang kadamel déning Gusti, malah nukulaké panyengguh menawa Nabi Jaman sadurungé rawuh manèh. Pitakonan kasebut, pitakonan awal. Ana sing luwih wigati kang bakal kawedharaké marang para murid, yaiku Gusti Yésus. Luwih luwih sawisé akèh wong sing ngrungokaké piwulangé, sawisé diwulang menawa Gusti bakal nandhang sengsara lan séda, malah padha mundur ora sida ndhèrèk. Mulané Gusti uga ndangu para para sekabat: “ Manut kowé kabèh, Aku iki sapa ?” Ana paseksiné para sekabat kang diwakili Pétrus. Pétrus maju lan matur paseksi marang Gusti: “ Paduka punika Sang Mésias, Putraning Allah ingkang gesang.”

Para wong Yahudi, uga kalebu para murid, kang dipikir luwih condhong bab aspirasi politik, sosial lan ékonomi kadonyan. Dadi rawuhé Sang Mésias, bakal mbangun kaperluwaning urip kajasmanèn. Kuwi sing padha diarep-arep. Apa para sekabat uga mikir bab sing kaya mengkono kaya umumé wong Yahudi? Menawa Sang Mésias kang kaprasetyakaké déning Allah lumantar para nabi, bakal paring kamardikan saka penjajah Roma? Lan bakal gawé adil makmuré kauripan ndonya? Lan uga bakal jumeneng raja, kang bakal dadi pengayomané para umat saka panindhes? Paring kacukupan sandhang pangan lan merdikakaké kasengsaran kajasmanèn?

Nanging Pétrus matur, menawa Gusti Yésus iku Sang Kristus (Mésias) lan Putraning Allah kang gesang. Kaya kang katulis ing Matéus l6: l6: Paduka menika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang”).

Pétrus paseksi bab kaluhuraNé Gusti Yésus. Salaras karo layangé Rasul Paulus ing l Timotius 3: l6, Paulus paseksi bab anggoné Sang Kristus Yésus karsa ngagem sarira manungsa, mangka sejatiné Gusti Allah piyambak kang rawuh ing jagad iki. Paulus nggambaraké anggoné Gusti kagungan sipat lembah manah lan andhap asor, amarga keparengé jumeneng Sang Mésias. Katoné kaya kosok balèn. Nanging sejatiné ora. Amarga sipat sipat luhur kang kaagem déning Gusti pancèn kalebu sipat Agung Mulya, lan uga ngagem sipat ngesoraké pribadi dadi Abdi kang bakal mbélani umaté nebus dosa-dosaning jagad. Sadurungé, malah Sétan uga ngakoni kaluhurané Gusti, sinebut kang suci saka ngaluhur Putraning Allah. Yohanès Pambaptis, Natanaèl, uga Pétrus, kanthi tanpa tèdhèng aling-aling neksèni bab kuwi mau kabèh. Gusti Yésus isih ngagem sipat luhur liyané sing bebasané ora bisa kaétung agunging kaluhuraNé.

Ana ing Injil Matéus l6: l7, kacathet pangandika kang katujokaké marang Pétrus: “Rahayu kowé Simon bin Yunus !” Kacihna menawa Gusti menggalih bingah sawisé midhanget paseksiné para murid, bab sapa Gusti Yésus manut penemuné para sakabat. Pangandikané Gusti iku sih rahmat, kuwi berkah. Dudu pangalem kanggo Pétrus. Pétrus bisa paseksi kaya mangkono, kuwi ora amarga Pétrus wus nindakaké pakaryan. Nanging sakabèhe dumadi saka pakaryané Sang Roh. Ing layang l Korinta l2: 3, Rasul Paulus nulis mangkéné: “ Ora ana wong kang bisa ngaku yèn Yésus iku Gusti, yèn ora amarga katuntun déning Roh Suci.”

Kunciné Kraton Swarga

Atur wangsulané Simon Pétrus: “ Paduka punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang.” Pangandikané Gusti Yésus marang Pétrus: “ Rahayu kowé Simon bin Yunus, amarga kang nglairaké iku marang kowé dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga. Lan Aku iya pitutur marang kowé: Kowé iku Pétrus. Sarta watu karang iki bak Dakenggo tetalesing pasamuanKu, kang ora bakal dikwasani déning pati. KOWÉ BAKAL DAK PASRAHI SOROGING KRATON SWARGA. Apa kang kok taleni ana ing ndonya, bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kok uculi ana ing donya, bakal kok uculi ana ing swarga.” Gusti Yésus banjur ngawisi para sakabaté, ora diparengaké martak-martakaké marang wong siji-sijia, yèn Panjenengané iku Sang Kristus. ( Matéus l6: l6-20 ).

Gusti bakal mbangun pasamuwan kagungané ing sandhuwuré watu karang. Paseksi kaya kang diaturaké Pétrus marang Gusti Yésus iku, kang dadi dhasar pikiran, dadi dhasar rasa pangrasa, dadi dhasar keyakinan lan dadi pangertèn kang utama. Watu parang (batu karang ), dadi landhesaning pasamuwan. Iku sejatiné Sabdaning Allah piyambak. Pétrus paseksi kaya kang kasebut ing kitab, kuwi gegambaran lan maujuding iman, ya kuwi lambaran utawa pondhasi bangunan pasamuwané Gusti Yésus. Ing satengahing jagad kang sarwa rekasa, iman kang mangkono mau dadi tetalesing Gréja.

Gusti wus ngendika, manawa kanthi tetales utawa fondhasi kaya iku, pepati lan sétan ora bakal kuwawa ngrusak pasamuwan. Senajan ngalami kasusahan dikaya ngapa baé, pungkasané pasamuwan Kristen bakal unggul. Iki perang rohani, mungsuh kita lelembut sing nguwasani langit. Dudu perang phisik, kang mungsuhé kasat mripat. Ora nglawan daging lan getih. Mulané Gusti paring “ soroging Kraton swarga.” Soroging Kraton Swarga iku wujudé paseksiné Pétrus. Iya paseksi kita. Soroging Kraton swarga pinaringaké marang Pétrus, kita kabèh uga pinaringan. Mula ana ayahan rohani kang ibaraté kaya “mbukak lawanging kasuwargan.” Kang kudu kita ayahi, anggelar kayektèn iku peranging karohanèn, supaya umat manungsa ngerti menawa katimbalan déning Allah amrih slamet. Slamet tegesé nunggil manèh karo Gusti Allah, ora mlebu ing naraka awor Iblis, nanging mulih menyang swarga nunggil Gusti Yésus Kristus.

Marang Pétrus lan marang wong Kristen sejati, kaparingaké pangwasa lan kekuwatan supaya mratélakaké menawa: Sing nulak karahayon kang saka Gusti Yésus, bakal kaukum. Mulané kudu mratobat, ngerti bebener lan pracaya marang Sang Kristus. Marang Pétrus uga kaparingaké daya ilhaming Roh, supaya dadi panuntun sajroning Pétrus ngayahi pakaryan rohani. Pétrus pinaringan sorog, tegesé kepareng netepaké lan nuduhaké sing bener lan sing luput. Apa kang ditaleni utawa apa kang diuculi déning Pétrus, bakal diakoni uga ana ing swarga. Tegesé, apa kang déning Pétrus lan para Rasul ditetepaké luput, iya bakal kaukum. Nanging kang diluwari déning Pétrus lan para Rasul, iya bakal kaluwaran.

Ibarat tali, banjur udhar olèh pangluwaran. Panguwasa mau ana ing tangané Pétrus lan mesthiné para Rasul, lan uga para duta rohani jaman iki, kanthi katemtuan menawa padha manut kaereh déning Sang Roh Suci. Kaya kaya Gusti nandhesaké menawa jabatan dadi soroging lawang kasuwargan iku mangkéné:

Apa kang kawulangaké lan katulis déning Pétrus, dadi keparengé Gusti Yésus.

Firman, utawa Sabdaning Allah bakal dadi tetalesing pasamuwan.

Pétrus kautus dadi wakilé Gusti Yésus, bebarengan karo para wong pracaya.

Sawisé Gusti sumengka menyang swarga, para abdi kang nerusaké missi.

Roh nubuat lan berkah pinaringaké, bisa mbédakaké Roh Suci karo roh jahat.

Pinaringan kekuwatan nindakaké mujizat.

Pétrus pinaringan ayahan, lan kudu ngrampungaké.

Suwarga binuka kanggo para kang pracaya marang Sang Kristus Yésus.

Gusti Yésus tumuli wiwit mulang marang para sakabaté, yèn Putraning manungsa iku kudu nglampahi sangsara akèh, sarta ditampik déning para pinisepuh lan para pangareping imam tuwin para ahli Torèt, banjur disédani lan sawisé telung dina wungu manèh. Bab iku dipangandikakaké kanthi ngeblak. Nanging Pétrus banjur narik minggir Gusti Yésus lan ngaturi pepènget Panjenengané. Gusti Yésus banjur mirsani para sekabaté, Pétrus didukani: “Sumingkira, hèh, iblis, sabab kowé ora mikir apa kang digalih déning Gusti Allah, nanging apa kang dipikir déning manungsa.”(Markus 8:3l-33)

Apa sababé Gusti ora marengaké para murid nyaritakaké marang sapa baé menawa Gusti Yésus iku Sang Kristus? Yaiku Sang Mésias kang kaprasetyakaké déning Gusti Allah lumantar para nabi jaman sadurungé? Amarga pancèn durung tekan titi-mangsané. Durung tekan wektuné. Supaya rancangan ora saya kandheg lan ruwet.

Supaya para murid paham bab rancanganing Allah, nganti Gusti rawuh ing jagad ngagem sarira manungsa. Kawiwitan mblakakaké bab kang bakal kelakon. Menawa Gusti Yésus bakal nandhang sengsara, dikaniaya lan kasusahan. Malah nganti séda sinalib. Nanging bakal tangi saka antarané wong mati, Gusti bakal wungu. Tegesé unggul saka séda ing telung dinané. Ya kuwi sing dikarsakaké Gusti, nalika ngandika bab Bait Suci, supaya diembrukna. Sajroning telung dina bakal kabangun manèh déning Gusti Yésus. Padaleman Suci iku dhiri pribadiné Gusti. Diembrukaké, dilawan, dikaniaya lan malah nganti kaukum pati cara panguwasa ndonya.Nanging telung dinané bakal unggul. Padaleman Suci iku sarirané piyambak. Iya ing sarirané Gusti iku Rohning Allah nunggal dadi siji.

Kabanguné padaleman suci kang dirubuhaké mau, sajroning telung dina. Pati wus kalah, lan Gusti unggul saka pepati. Sarirané Gusti iku uga sinebut pasamuwan, kang kaedegaké lelandhesan ing pakaryané para Rasul, kalebu Rasul Pétrus, déning pangrèhing Roh Suci. Mula kadhawuhaké menawa pasamuwan kabangun ing sandhuwuring karang watu, yaiku gegambarané Pétrus lan para Rasul.

Gusti uga ngendikakaké menawa bakal ditampik para pinituwa Yahudi, para ahli Torèt ngemohi, lan bangsa Yahudi sing dibélani nulak Gusti Yésus. Tumrap umat manungsa kang kinanthi ing Roh Suci lan ora wangkot, bakal ngerti magnané Allah manjalma, Gusti Allah inkarnasi. Yaiku Allah nyarira manungsa sejati, bebarengan bisa nyawiji maujud lan makarya, ing patunggilané Sang Roh Suci. Wong kang kaberkahan, bisa pracaya. Nanging kang wangkot atiné, senajan pinter malah nulak lan keblinger. Sing sapa nulak menawa Gusti Yésus Sang Sabda, iya Allah piyambak kang manjalma (Inkarnasi), uga bakal ora ngakoni sédané Gusti. Kang nulak iku, ateges ora manut marang pangrèhing Roh Suci. Ateges uga bakal adoh saka karahayon.

Yèn Gusti ora séda, ora ana gunané ndhèrèk Gusti. Lan yèn Gusti séda mangka ora wungu ( tangi) saka ing antarané wong mati, uga tanpa guna adeging Gréja lan pasamuwan Kristen. Begja déné samubarang mau dumadi, krana Allah asih mring kita para manungsa kabèh. Gusti miyos, Gusti séda, Gusti wungu lan Gusti kuwasa nangèkaké saben wong, lan Gusti kuwasa ngadili kang mati naraka utawa urip swarga.

Krungu pangandika menawa Gusti bakal ngalami sengsara akèh, séda sinalib, Pétrus ora lila. Gusti rada dijawil minggir, lan matur: “ Menika mboten badhé kelampahan Guru ! Katebihna sedaya punika saking Paduka !” Saklébatan, Pétrus kaya ngéman lan ngurmati banget marang Guruné, ya Gustiné. Yèn perlu kudu mbélani tekan pati. Apa manèh lagi baé ana lairing paseksiné menawa: Gusti Yésus iku Sang Kristus, Putraning Allah. Bakal jumeneng Ratuning para ratu, mesthiné ora kena kasoran karo apa baé. Apamanèh nganti sengsara lan séda. Pétrus banget ora lila jroning atiné.

Nanging Gusti paring pangandikan: “ Sumingkira, hèh, Iblis !” – Gusti mirsa, menawa kuwi akalé si sétan kang ngreridu imané Pétrus, supaya ngalang-alangi pakaryané Allah bakal milujengaké umat manungsa saka cengkeremané si sétan. Sétan kepéngin nggagalaké Pakaryan Agung Kasuwargan. Sikep kaya mangkono iku, ing layangé Rasul Paulus uga ana pepenget: “ Mulané sing sapa rumangsa bisa ngadeg jejeg, dingati-ati supaya aja nganti tiba.” ( l Kor 10:l2) Ing wulang bebasan , Nabi Soléman uga memulang : “ Kumenthus iku pepucuking karusakan, lan gumunggung iku pepucuking ambruk.” (Wulang Bebasan l6: l8).

Yèn Bakal Ndhèrèk Gusti

Gusti Yésus banjur nimbali wong akèh kalayan para sakabaté, banjur dipangandikani mangkéné: “Saben wong kang arep ngetut buri Aku, iku nyingkura marang awaké dhéwé, ngangkata salibé lan mèlua Aku.” Amarga sing sapa kemudu-kudu nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging sing sapa kélangan nyawané merga saka Aku lan merga saka Injil, iku bakal nylametaké nyawané. Apa gunané wong olèh jagad iki kabèh, nanging kélangan nyawané? Awit apa kang bisa diwènèhaké kanggo ngijoli nyawané?”(Markus 8:34-37)

Yèn arep ndhèrèk Gusti dadi muridé, ana laku telung jangkah kang kudu dipahami. Ana telung prekara kang wajib dingertèni lan dilakoni:

  1. NYINGKUR AWAKÉ DHÉWÉ.

    Iki tegesé, ngendhalèni dhiri pribadi kagem Gusti Yésus. Ora ana manèh kaperluan kang dilakoni kanggo awaké dhéwé. Nanging urip iki kagem Gusti Yésus. Kepentingan kita manungsa wis ora dadi sing utama, nanging sing utama amung Gusti Yésus baé. Nalika Pétrus nyélaki Gusti Yésus lan ngaku marang wong akèh, menawa Pétrus ora kenal Gusti, kuwi nyingkur lan nyélaki Gusti, demi keslametaning badan, wedi lara, wedi rekasa kena kaniaya, mula banjur nyélaki Gusti.

    Nyingkur dhiri pribadi, nyingkur awaké dhéwé, duwé penemu menawa dhiri pribadi ora utama manèh. Ndhèrèk Gusti Yésus, kudu bisa ngendhalèni dhiri, nanging sadhar menawa sing kagungan panguwaos iku Gusti Kristus. Masrahaké urip iki marang Gusti. Gusti kang mrenata lan ngatur, Gusti kang mangreh. Lan kita kudu tansah mbangun miturut lan ngasihi marang Panjenengané.

  2. MANGGUL SALIB ING SABEN DINA.

    Tegesé nyonto marang Gusti Yésus, kanthi lila legawa mikul salib. Bisa nampa kasunyatan. Bisa nampa kanyatan kang kadadéyan ing urip iki. Lan wani kurban demi bebener. Gusti mikul salib, kanthi tresna tulus marang umat manungsa, supaya bisa nebus dosané jagad, lan nebus wong pracaya saka ukum naraka.

    Wong Kristen kang saguh manggul salib, wani ngadhepi kahanan apa baé, nadyan tekan pati, demi Kristus. Kanthi sadhar lan sukalila. Nalika kita isih bisa prihatin, amarga mikiraké supaya wong liya uga wanuh marang Gusti, iku uga mikul salib. Bisa nampa kanthi suka bungah lan pamuji sokur, marang sabarang kang kelakon kadadéyan ana ing urip iki. Najan ora nyènengaké ati. Iku uga manggul salib.

  3. BANJUR NGETUWINGKING GUSTI.

    Tegesé kanthi setya tuhu, kanthi temen, kanthi nyandhang laku tresna, andhap asor, kanthi keyakinan kang teguh, lan tresna kaadilan. Mangkono lakuné ndhèrèk Gusti. Kuwi uwohé kang kudu nyata ing urip iki. Setya lan sih katresnan. Amarga Gusti wus nebus urip kita luwar saka pangancaming ukum naraka, mula pantesé nguwohaké sing becik lan urip jroning kasucèn. Ngetutburi, tegesé ngakoni yèn Gusti Yésus iku pangon dipatèni déning sapa baé. Mesthi baé, sajroning batin rumangsa duwé kewajiban mbélani Sang Guru. Nanging rancanganing Allah kudu kelakon. Dina iku Gusti Yésus bakal ngyakinaké para murid, menawa bab sédané, anggoné sinalib kuwi perlu banget lan kudu kelakon.. Mulané murid telu, Pétrus, Yakobus lan Yohanès, dikanthi munggah ing gunung. Déné murid sanga liyané ditinggal ing ngisor gunung awor lan bebarengan karo wong golongan akèh kang padha ngetutburi Gusti tekan kono. Para murid mau bakal nyumurupi asiling diskusi ing gunung suci.

    Kitab Suci ora ngendikakaké kanthi njlimet apa kang kadadéyan ing gunung kono, amung kaya kang katulis ing layang 2 Pétrus l: l8, Pétrus ngarani gunung kuwi “ Gunung Suci”. Sedina, Gusti kadhèrèkaké murid telu munggah tekan pucuk. Nalika Gusti banjur konsentrasi ndedonga, para murid kang ndhèrèkaké padha turu. Bisa uga merga kesel banget. Senajan kepéngin ngancani Gusti Yésus, nyatané para murid ora bisa nahan karingkihané, ora keconggah nahan ngantuk, lan banjur turu. Senajan ora kaya padatan solah bawané merga rasa kesel lan ngantuké, nanging para murid kang ndhèrèk munggah mau bisa nyekseni kamulyané Gusti Yésus. Cahyané mencorong, agemané sarwa putih. Putihing putih kang ora tinemu ing jagad raya.

    Gusti Allah mulyakaké Gusti Yésus, ora kanthi ngutus para malaékat. Nanging nurunaké manèh Nabi Musa lan Nabi Eliya. Kurang luwih l500 taun sadurungé, Nabi Musa wus katimbalan déning Gusti, sabaliné saka tanah Mesir nuntun bangsa Israel. Musa kapulung saragané déning Gusti Allah. Mula nalika tumurun manèh, ragané Musa uga ing kamulyan. Semono uga pengareping para Nabi, Nabi Eliya, kang duwé jejuluk Nabi Geni, kang kepareng nekakaké geni saka langit, kanggo ngobong kayu tumpukan. Kadadéyané nalika ngadhepi nabi nabi palsu nabining Baal. Nalika Gusti ana ing gunung kono Nabi Eliya kautus tumurun. Mula banjur dumadi wawan pangandikan ing antarané Gusti Yésus, karo Nabi Musa kang dadi lantaran tumuruning Torèt. Uga wawan sabda karo Nabi Eliya, Nabi kang pinaringan pangwasa dadi dutaning.

GUSTI KAMULYAKAKÉ ING GUNUNG

Sawisé nem dina Gusti Yésus dhawuh marang Pétrus, Yakobus lan Yohanès supaya ndhèrèk bebarengan minggah ing gunung kang dhuwur, perlu miyambak. Tumuli Gusti Yésus santun rupi ana ing ngarepé para sekabat mau. Pengagemané katon putih memplak sumorot. Ora ana wong ing ndonya iki kang bisa mutihaké sandhangan nganti kaya mengkono. Para sakabat banjur padha dikatingali Nabi Eliya karo Nabi Musa, kang lagi padha imbal pangandika klawan Gusti Yésus. Pétrus nuli matur marang Gusti Yésus: “Rabbi iba saénipun, bilih kawula sami wonten ing mriki. Prayoginipun kawula sami ngedegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Eliya.” Anggoné matur mangkono iku, merga ora ngerti, apa kang kudu diaturaké, saka enggoné padha banget wediné. Banjur ana méga teka ngayomi, lan saka ing sajroning méga iku ana suwara kang keprungu: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha èstokna dhawuhé.” Dumadakan nalika padha nyawang ing sakubengé kono, banjur wis ora ana kang katingal manèh, kejaba mung Gusti Yésus piyambak. Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yésus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa baé, bab apa kang padha mentas dideleng mau. Nganti teka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarané wong mati. (Markus 9: 2-9).

Wis suwé sadurungé, Gusti ngendikakaké marang para sekabat menawa Panjenengané bakal disédani. Nanging bakal wungu manèh saka séda sawisé telung dina. Wektu iku para murid kang diwakili Pétrus ora bisa nampa lan ora nglilakaké yèn Guru lan Pengayomané kaancam dipatèni déning sapa baé. Mesthi baé, sajroning batin rumangsa duwé kewajiban mbélani Sang Guru. Nanging rancanganing Allah kudu kelakon. Dina iku Gusti Yésus bakal ngyakinaké para murid, menawa bab sédané, anggoné sinalib kuwi perlu banget lan kudu kelakon.. Mulané murid telu, Pétrus, Yakobus lan Yohanès, dikanthi munggah ing gunung. Déné murid sanga liyané ditinggal ing ngisor gunung awor lan bebarengan karo wong golongan akèh kang padha ngetutburi Gusti tekan kono. Para murid mau bakal nyumurupi asiling diskusi ing gunung suci.

Kitab Suci ora ngendikakaké kanthi njlimet apa kang kadadéyan ing gunung kono, amung kaya kang katulis ing layang 2 Pétrus l: l8, Pétrus ngarani gunung kuwi “ Gunung Suci”. Sedina, Gusti kadhèrèkaké murid telu munggah tekan pucuk. Nalika Gusti banjur konsentrasi ndedonga, para murid kang ndhèrèkaké padha turu. Bisa uga merga kesel banget. Senajan kepéngin ngancani Gusti Yésus, nyatané para murid ora bisa nahan karingkihané, ora keconggah nahan ngantuk, lan banjur turu. Senajan ora kaya padatan solah bawané merga rasa kesel lan ngantuké, nanging para murid kang ndhèrèk munggah mau bisa nyekseni kamulyané Gusti Yésus. Cahyané mencorong, agemané sarwa putih. Putihing putih kang ora tinemu ing jagad raya.

Gusti Allah mulyakaké Gusti Yésus, ora kanthi ngutus para malaékat. Nanging nurunaké manèh Nabi Musa lan Nabi Eliya. Kurang luwih l500 taun sadurungé, Nabi Musa wus katimbalan déning Gusti, sabaliné saka tanah Mesir nuntun bangsa Israel. Musa kapulung saragané déning Gusti Allah. Mula nalika tumurun manèh, ragané Musa uga ing kamulyan. Semono uga pengareping para Nabi, Nabi Eliya, kang duwé jejuluk Nabi Geni, kang kepareng nekakaké geni saka langit, kanggo ngobong kayu tumpukan. Kadadéyané nalika ngadhepi nabi nabi palsu nabining Baal. Nalika Gusti ana ing gunung kono Nabi Eliya kautus tumurun. Mula banjur dumadi wawan pangandikan ing antarané Gusti Yésus, karo Nabi Musa kang dadi lantaran tumuruning Torèt. Uga wawan sabda karo Nabi Eliya, Nabi kang pinaringan pangwasa dadi dutaning Allah ngadhepi jagad kang nalisir. Para murid bisa nyipati Nabi Agung tetelu imbal pangandikan. Pepati ora nyènggol Musa lan Eliya. Nalika teteluné wawan sabda, mesthi menggalih bab ayahan luhur kang diemban déning Gusti Yésus, enggoné kudu mati ing kayu salib wus dadi katemtuan, ora kena ora, kudu ana kang dadi Kurban Suci panebusing dosa. Bab iku wis dingendikakaké déning Gusti Yésus marang para murid. Malah njalari para murid dadi waringuten, padha kepéngin dadi pahlawan mbélani Gusti Yésus.

Bab Sédané Gusti Ing Kayu Salib

Kuwi kudu kelakon. Ora kena ora. Gusti rawuh mbélani umat kang ditrenani. Ora ana gunané kita ing jaman saiki dadi wong Kristen, yèn Gusti Yésus ora séda mbélani kita kabèh. Séda lan unggul saka pepati, telung ndinané wungu manèh saka séda. Kuwi sing bakal kawulangaké marang para murid supaya padha pracaya.

Gusti naté ngendika yèn kudu “lunga” – tembung lunga sejatiné isi magna yèn Gusti bakal pisah saka para murid, lan kudu nglampahi séda sinalib. Manut kang katulis ing Injil Lukas, iya bab sédané Gusti Yésus Kristus ing kayu salib iku, kang dadi sarining wawan pangandikan ing antarané Gusti Yésus, Nabi Musa lan Nabi Eliya ing puncaking gunung suci. Murid telu dikanthi munggah, supaya padha yakin, lan dadi precaya menawa Gusti pancèn kudu séda, dadi Cempé Kurban kang saka Swarga. (Supaya diwaca: Lukas 9: 3l ). Bab Gusti séda sinalib, ora ana sing meksa. Nanging Gusti Yésus piyambak kang sumadiya séda, kanggo para umat manungsa kang kudu katebus saka cengkeremaning Sétan. Iku pilihané Gusti piyambak. Iku katetepané Sang Rama kang kahanané Roh, Roh kang Suci, kang uga nunggil ana ing Sugengé Gusti Yésus Kristus.

Jaman Nabi Musa utawa Eliya, sakaroné ora nganti kelakon kena ing pati. Pancèn kang kudu jumeneng Mésias lan séda sinalib dadi Juru Slamet iku ayahané Gusti Yésus. Déné Nabi Musa lan Nabi Eliya sarta nabi-nabi liyané kang padha ngabaraké pawarta, dadi “juru sabda dutaning Allah,” kang ngabaraké marang umat manungsa sadurungé. Supaya umat manungsa padha mratobata.

Kita kabèh mangerti, menawa ing Gunug Suci kono ana wakiling Jaman Lawas, lan wakilé para Nabi sowan Gusti. Dadi pangéjawantahing pasamuwan kang adegé dipandhégani déning Gusti piyambak. Sing ana ing gunung kono mujudaké péranganing Pasamuwan, Jemaat utawa Gréja. Maujuding pasamuwan, iki dadi ayahan agung.

Déné saka duta ing Prajanjian Anyar, kinanthi déning Gusti murid telu: Pétrus, Yakobus lan Yohanès, kang bakal padha dadi tetalesing pasamuwan ing Prajanjian Anyar. Semono kamulyan kang disawang uga déning para murid telu. Déné ing sanjabaning bangsa Yahudi, Gusti Yésus anduta Rasul Paulus Déné Paulus banget nggatosaké bab ayahan kasebut.Yaiku dadi seksi bab sédané Gusti Yésus kang ngolèhaké urip langgeng. Katulis paseksi lan piwulangé Paulus bab, ing layang l Korinta bab 2: 2 mangkéné pangandikaning Injil: “Sabab aku ora duwé sedya nyumurupi apa-apa ing antaramu kejaba Gusti Yésus Kristus kang sinalib.”

Pamujiné para malaékat uga ngluhuraké anggoné Gusti sinalib. Sang Rama ngasihi Sang Putra amarga kamulyané kang cahyané mencorong. Kawruh agama ora mitulungi manungsa ngudi kaslametan, yèn ora ngrasuk marang magnaning salib. Yahones l2: 24 ngendika: “Satemen-temené pituturku ing kowé, menawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, bakal tetep mung saelas baé. Nanging menawa wiji iku mati, bakal metokaké uwoh akèh.”

Para Murid Gumun Takjub

Nalika Gusti mungkasi wawan pangandikan karo kang tumurun saka swarga mau, para murid tangi saka anggoné turu kepati. Padha weruh menawa Gusti Yésus ora sikep sujud ndedonga kaya sekawit mauné, nanging wus katon imbal pangandikan karo tamu loro, Nabi Musa lan Nabi Eliya. Padha ngagem sarwa putih, kang putihé ora tinemu ing jagad iki. Para murid kagum lan éram. Upama mauné ora keturon nglipus, mesthi bakal nyumurupi sajangkepé. Nalika melèk sadhar, wanciné Nabi Musa lan Nabi Eliya bakal pamitan. Kuwi pungkasaning wawansabda. Bisa uga Pétrus bakal ngendheg kunduré Nabi loro mau, yèn bisa bakal dicandhet. Mengkono wataké Pétrus. Nanging yèn kaya iku, ateges Pétrus ( lan uga kita ing jaman saiki), bakal usul supaya kahanan kang ngédab-édabi iku aja banjur énggal dipungkasi.

Watak manungsa pancèn ora sabaran. Kuwajiban kita iki ngentèni apa penggalihané Gusti lan apa dhawuhé sarta apa kang bakal kelakon dumadi ing urip iki. Kuwi sing jeneng sabar, saguh ngentèni apa karsané Allah. Ora kok banjur usul sakarep-karep kita dhéwé. Sing uwis, Pétrus uga ngalang-alangi bab enggoné Gusti Yésus nandhang sangsara. Manungsa tumindak sok suméndhé rasa. Mangka yèn pancèn temenan Gusti Yésus ora séda, kanggo apa mlebu dadi Kristen? Apa ora padha baé karo agama liya, tanpa ana sing nanggung slamet?

Panguwasa swarga sejatiné nanggapi osiking atiné Pétrus, kabuktèn banjur ana suwara kang asalé saka putihing méga ing langit sandhuwuré gunung mau: “Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha èstokna dhawuhé.” Dadi upama manungsa duwé karep, kareping ati banjur dadi usul panyuwunan, kuwi cengkah karo pratélan swarga. Kang paring sabda: “ ÈSTOKNA DHAWUHÉ .” Kaya kaya ana pangandika kang nandhesaké, menawa ora perlu nglawan pangandikané Sang Kristus, amarga enggoné kudu séda ing kayu salib iku kudu kelakon. Wis katemtokaké déning Gusti Allah sadurungé.

Sabdaning Allah Bab Ingkang Putra

Kurang luwih seminggu kepungkur, para murid wus padha paseksi menawa Gusti Yésus iku Putraning Allah lan ora mung putra manungsa.

Nyawang kamulyan ing Gunung Suci iku, mesthiné atiné para murid wus ora mangu-mangu manèh. Amarga weruh lan krungu dhéwé Sabdaning Allah kang neksèni menawa Gusti Yésus iku Putraning Allah. Pancèn bener ingaran uga Putraning Manungsa, kuwi amarga anggoné ngrasuk insan sampurna, bakal dadi juru panebus dosa. Bakal ngrasakaké kaukum, amarga anggentèni manungsa kang nindakaké dosa. Sejatiné manungsa sing kudu kaukum. Amarga katresnané, Gusti Allah piyambak ngrasuk sarira manungsa sarta nglakoni paukuman mau. Satemah kabuktèn menawa manungsa wus kaukum.

Dhawuhé Sapa Kang Kudu Diestokaké ?

Nalika Gusti Allah mulyakaké ingkang Putra mau, ana tumuruné Musa lan Eliya. Musa ahlining Torèt, Eliya dutaning Allah. Nanging Gusti Allah dhawuh, supaya padha ngèstokaké marang dhawuhé Sang Kristus. Sang Putra, citraning Allah lan SabdanéAllah kang ngleksanani sakabèhing karsaning Allah. Wong pracaya ora dikeparengaké manut marang piwulanging manungsa, nanging amung marang Firman. Utawa marang Sang Sabda kang wus manjalma ana ing sugengé Sang Kristus.

Nalika para murid isih sumungkem konjem ing bumi, amarga urmat lan wedi, ana méga kang nyaput Nabi Musa lan Nabi Eliya kaangkat bali ing ngaluhur. Para murid ora dikeparengaké sujud marang Musa lan Eliya ngluwihi kasetyané marang Sang Kristus. Anggoné konjem ing bantala, merga kena pengaruhé sesawangan anané Musa lan Eliya. Gusti Allah nandhesaké: “ Iki PutraningSun kang Sunkasihi, èstokna dhawuhé.” Kuwi panggugah marang para murid telu, kang keblaté kaya nuju marang Musa lan Eliya. Gusti Allah, ngandika saka méga putih “èstokna dhawuhé” – iku nuntun keblate para murid telu mau supaya tetep tumuju marang Sang Kristus.

Dadiné para murid olèh piwulang kang aji banget. Pangandika kang cekak lan aos mau, dadi pepéling wigati, menawa karahayon ora gumantung marang para duta kang sipat manungsa lumrah kaya Nabi Eliya lan Nabi Musa, nanging gumantung marang Sang Yésus Kristus, kang kagungan sipat sampurna telu: Manungsa sejati, Allah sejati lan Suci tanpa dosa. Sipat sampurna iku dadi sarat telung werna kang dadi titikaning panguwaos kang bakal sembada lan wenang nanggung kaslametan lan sembada dadi Sang Juru Slamet, ya amung ana Panjenengané iku dalan mlebu swarga.

Tumedhak saka pucaking Arga Suci Gusti nyaketi para murid lan ngandika: “ TANGIA, NGADEGA, AJA WEDI !” Para sekabat telu mau banjur tumenga nyawang marang Gusti Yésus, gumun lan kamitenggengen nanging isi kabungahan. Wedi nanging isi pengarep-arep lan thukul rasa tentrem. Rasa kang anèh, kahanan ngéram-éramaké. Ajrih marang Gusti, nanging rasané tentrem nalika nyandhing kang diurmati kuwi. Pétrus, Yakobus lan Yohanès, nalika semana mung kari nyawang Sang Kristus, ora ana liyané manèh. Sakabèhé dadi sawiji: Sang Kristus. Ora ana Juru Slamet liya manèh, kejaba mung Sang Kristus Yésus, iku kang dadi keparengé Gusti Allah.

Urip Langgeng Iku Nyata

Para murid mbuktèkaké, menawa wong kang tinggal donya, sabanjuré isih ana kauripan manèh. Kabuktèn, Musa lan Eliya nampa kamulyan. Wus cumawis ana ngareping Altar Kraton Swarga, leladi lan ngabekti marang Gusti. Lan tumrap kang nyandhang kayektèn, sesambungan rumaket antarané badan mulya sarta kauripan ing ndonya, ora mokal. Nyatané Musa lan Eliya isih bisa wawanwicara nalika Gusti Yésus kamulyakaké ing gunung iku. Kamulyané ketitik anggoné ngagem sarwa cahya kang gumebyar padhang.

Mulané para murid banjur dadi yakin lan kendel banget ngadhepi golongan Saduki kang ora pracaya marang anané patangèn lan dina kiyamat. Wong Saduki nulak kawruh kang mulangaké menawa ing akhir jaman ana tanginé wong mati, kang ingaran kiyamat. Sarta bakal ana pangadilan, lan ora pracaya menawa kang jumeneng Hakim Agung iku Gusti Yésus. Sacara Rohani wong kang wus katimbalan déning Allah lan ingaran mati raga, utawa tinggal donya, ora mung turu ngentèni kiyamat. Ora, lan ana buktiné kaya kang kedadéyan ing gunung Suci kono, Musa lan Eliya leladi kagem Gusti Yésus. Wong pracaya kudu yakin, menawa sawisé mati jasmani, ing panguwasané Gusti manungsa bakal nampa salin badan, pinaringan badan kang mulya sarta manggon ing swarga langgeng.

Gusti Yésus kuwasa ngadhepi roh jahat.

Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemité, pangandikané: “ Hèh, roh kang marakaké bisu lan budheg, dhawuKu marang kowé: METUA saka bocah iki lan aja kok surupi manèh!” Dhemité banjur metu karo jerit-jerit, bocahé dièwèng-èwèng sakatogé, nganti katon kaya bocah mati, malah akèh wong kang alok:” Bocahé wis mati!” Gusti Yésus banjur ngasta tangané bocah mau, diedegaké lan banjur ngadeg.

Nalika Gusti Yésus lumebet ing sawijining omah, lan kaadhep déning para sakabaté thok, para sakabat mau matur pitakon: “ Punapaa kawula sami mboten saged nundhung dhemit wau?” Paring wangsulané Gusti Yésus: “ Jinis iki ora bisa ditundhung kajaba mung sarana pandonga.” ( Markus 9: l4-29 )

Sadurungé Gusti Yésus kamulyakaké ing gunung suci, sejatiné wus unggul anggoné nampa pacobaning iblis. Tegesé wus tumedhak marang kasangsaran, kagodha déning Iblis lan linawan déning para ahli agama. Gusti unggul, lan kabuktèn kamulyakaké ing papan luhur, sineksèn Musa lan Eliya nalika Gusti Allah piyambak ngendika bab Sang Putra kinasih. Gusti Yésus dadi renané penggalihing Allah.

Saka kono, sawisé kamulyakaké, Gusti Yésus bakal tumedhak manèh menyang papan kang luwih-luwih olèhé njalari sengsarané Gusti. Yaiku ngadhepi panglawaning Iblis, nganti kelampahan minggah ing salib nglampahi paukuman. Mangka Panjenengané tanpa dosa. Dosané jagad raya dosané umat manungsa kang ingangkat rinembat déning Gusti Yésus Kristus. Amarga katemtuané Gusti Allah ora kena goroh. Menawa manungsa mesthi kaukum amarga dosané. Lan menawa Sang Kristus Yésus ngagem sarira manungsa, iku dadi ganeping pangandika, menawa sanyata ana manungsa kang kaukum. Iki rancangané Gusti Allah, scenario kang karancang déning Allah, lan karsaning Allah kawujudaké ing pangurbanan salib, amarga anggoné nresnani umat manungsa.

Nalika Gusti kamulyakaké ing Gunung Suci iku, kadhèrèkaké para murid telu: Pétrus, Yakobus lan Yohanès, ing ngaré sangisoré gunung ana perang rohani, kang njalari para murid sanga kang tinilar ana ngisor gunung, kalah kasoran nglawan sétan.

Murid telu sing ana ndhuwur nyawang kamulyan, murid sanga sing ana ngisor gagal ngayahi kewajiban, sing sejatiné arupa tantangan. Sing ndhèrèk Gusti ana ing gunung ngrasakaké kamantebaning keyakinan, déné sing ana ngisor, keyakinané kauji malah kepara kabuncang ing panglawan. Yaiku ana tekané wong Farisi lan Yahudi, awor karo wong golongan akèh kang padha ngumpul ing ngisor gunung. Para murid kang ana ngisor sanga pisan, gagal gawé mujizat . Gagal anggoné nundhung dhemit. Mangka Gusti wis paring daya kekuwatan kanggo nundhungi dhemit. Kuwi kabèh sajatiné amarga sikepimané para murid dhéwé. Bisa uga amarga rumangsa wis bisa, nanging sajroning ati ora patia yakin, merga wektu iku Gusti lagi ana ing ndhuwur gunung. Malah ngatonaké imané kang ringkih. Gagal ana sangarepé wong akèh, kuwi gawé wirang, lumrah baé, saben uwong mesthi iya kaya mengkono.

Ing antarané wong akèh kang ngrubung murid sanga ing ngisor gunung mau, dumadi saka wong pinter, wong intelèk sing sugih kawruh, luwih luwih golongan Farisi lan pemimpin Yahudi. Tekané mrono pancèn anggoné ngawasi Gusti Yésus lan para muridé, saperlu naliti kaluputané, digolèki cacaté, supaya bisa kanggo ngluputaké Gusti Yésus. Para murid kang sejatiné kawruhé prasaja, sederhana, ditakoni werna-werna kanthi ngelmu rumit, ora bisa mangsuli. Kalah débat. Rasa wirangé saya mandhes, lan kuwi saya njalari kagagalan kang nggares.

Gusti kang saya cedhak tekan ngaré, wis mirsa yèn murid-murid ing ngisor lagi kasoran olèhé andon yuda rohani. Gusti Yésus uga mirsa menawa ana wong Farisi lan ahli kitab ana kono débat karo para murid. Mula Gusti ndangu marang wong Farisi Yahudi, apa sababé kok adu débat, wawanwicara soal jawab karo murid-muridé?

Durung nganti ana sing atur katrangan, ana sumungkemé wong kang duwé anak karasukan sétan. Kawitané pancèn kuwi. Nalika Gusti ana ndhuwur gunung, wong lanang kuwi nganthi anaké diajokaké marang para murid, amarga kasurupan dhemit. Dhemité kerep banget milara anaké mau. Niba tangi, nyiksa awaké dhéwé. Sirahé dijegluk-jeglukaké ing sasaran. Roh jahat njalari anaké sengsara banget. Mula nyuwun marang para murid sanga kang ana kono, supaya dhemité ditundhung. Kanthi sabisa-bisa, para murid nundhung dhemit mau, nanging gagal. Dhemité ora gelem lunga. Pancèn dhemit julig lan istimewa. Kuwi sing njalari wong pinter kawruh, golonganing Farisi Yahudi nyenyengès para sakabaté. Malah dijak débat bab kawruh. Saya kewirangan ngadhepi wong wasis. Kuwi pancèn gagalé para murid dhéwé, anggoné kurang iman marang Sang Kristus, bisa uga pancèn rumangsa bisa. Utawa bisa uga merga nyoba katiyasan. Iman ora kena dicampuri sikep nyoba lan coba-coba. Iman kuwi kudu yakin, ora nyoba-nyoba.

Lelara jasmani, pancèn tumrap wong pracaya yakin, yèn kuwi ana sambung rapeté karo bab rohani. Lelara mesthi ana sababé. Gusti ora maluyakaké kang kasat mripat, nanging Gusti Yésus bakal mbengkas sing dadi sababé luwih dhisik. Bapaké si bocah mau gawé alesan, merga murid-murid gagal nulungi mula banjur sowan sujud ing ngarsané Gusti Yésus, nalika Gusti wis rawuh ing antarané wong akèh mau. Aturé: “Para murid Panjenengan sami gagal nundhung dhemit, mila kawula nyuwun pitulungan Panjenengan Guru.”

Nanggapi panyuwunan kuwi, sejatiné Gusti Yésus banjur ngendika, nanging ngemu teges panyaruwé. Dadi panyaruwéné para wong akèh kang ana kono, kanggo para ahli Torèt, kanggo sing seneng débat lan uga kanggo para murid. Semono uga katujokaké marang bapaké si bocah kang kasurupan mau. Pangandikané: “Hèh jinis kang ora duwé pangandel, nganti pira lawasé anggonKu kudu tetunggalan karo kowé? Bocahé prènèkna !” Pangandika iki uga gedhé gunané tumrap jaman saiki para wong tuwa kang ngaturaké anaké sing isih cilik supaya dibaptis, utawa ing upacara Pasrah Anak marang pasamuwan, ya kudu kanthi sikep iman kang gedhé, ora mung tradisi lan mung golèk pantesé golèk kalumrahan. Nanging kudu kanthi pikiran bening bener. Pangandika iku memulang marang umat supaya duwé watak andhap asor, ngakoni karingkihan. Aja rumangsa bisa, nanging sing bisa rumangsa lamun samubarang iku peparingé sing Maha Kuwasa. Masrahaké anak utawa bocah kabaptis, aja mung kanggo netepi upacara. Nanging wong tuwa lan brayaté kudu sadhar guna paédahé. Supaya ora gagal sajroning ngayahi samubarang.

Gusti ndangu marang si bapa, wis pira suwéné anak mau lara? Iki pandangon kang migunani, supaya sadhar yèn semono suwéné sengsara, lan keslametané satemené mbutuhaké iman kang santosa. Iman iku kang mitulungi, dudu rékadayaning manungsa. Sejatiné si bapa mau wis ngerti yèn para murid wis diparingi kasekten nundhung sétan déning Sang Guru. Nyatané gagal. Akèh sing ngira, nundhung sétan siji iki, mesthi angèl. Bisa uga Sang Kristus Yésus uga bakal gagal. Nanging si bapa mau ngrerepa bisa kapitulungan. Gusti paring wulang: “Ora ana kang mokal tumrap wong pracaya.”

Gusti bakal paring pangertèn, sing dadi kuncining laku dudu bab BISA UTAWA ORANÉ Gusti Yésus nulungi. Gusti ngersakaké wong akèh kuwi ngerti, menawa nyata IMANÉ wong-wong iku tipis. Padha ora kadunungan precaya kang salugu, ora ana iman sejati. Si bapa isih ngrerepa nyuwun imané dikuwataké: “ Gusti, bandara, kawula nyuwun tulung. Kersaa paring pitulungan dhumateng kawula ingkang mboten pitados menika, Gusti.” Iki pandonga kang éndah. Panyuwunan kanthi sadhar marang karingkihané dhéwé, ora rumangsa bisa. Lan nyuwun diwelasi dikuwataké imané. Tangisé lan eluhé kang tumètès, kuwi cihnaning batin kabangun. Kebak prihatin lan nangis, nanging tansah nyuwun pinaringan pitulungan. Kaya kang katulis ing Mazmur Dawud: “Wong kang maju lumaku kalawan nangis, kambi nyebar wiji, mulihé mesthi bakal surak-surak karo ngusung gèdhèngané.” (Mazmur l26: 6 ).

Urip kang bebasan mung mampir ngombé iki, ibarat wong lelungan. Mangkaté tetangisan, nanging tetep nyebar wiji, nyebar wijining karahayon, ya ing atiné dhéwé, ing brayaté, ing masyarakaté lan ing ngendi-endia papan sing diparani. Tansah nyebar wiji, senajan lungané kanthi tangis, nanging mulihé bakal surak bungah, karo ngusung panènané, bentèlan-bentèlan gandumé lan gèdhèngan pari.

Amarga pandongané si bapa mau bener, yaiku nyuwun dikuwataké imané, nyuwun diteguhaké precayané, mula Gusti Karsa Nundhung dhemité. Lan sanalika sétan sing ngrasuki bocah mau lunga, lan ora wani bali manèh. Iblis si tukang gawé sengsara, nalika ketemu Sang Wiji Kayektèn Sejati, nggeblas lunga tanpa tilas. Sétan njalari jagad iki peteng. Rawuhé Gusti Yésus ing tengahing pepeteng, kaya pletheking surya padhang, nyunari kang peteng. Pratingkahé pepeteng iku gawé sengsarané sing dirasuki. Wong karasukan sétan iku awaké dipilara déning sétan mau. Niba tangi, mencolot mrana mréné nggemblung lan mbanting-mbanting awaké dhéwé. Sejatiné kuwi trékahing iblis arep gawé rusak. Kawitané sétan bisa nguwasani kang dirasuki. Nanging bareng ketemu Sang Kristus, iblis ora bakal bisa ngasoraké Gusti.

Sétan njerit, njola lan nglawan marang Gusti – nanging pungkasané mesthi lumayu. Sing dirasuki ditinggal, lan dumadakan dadi lemes lungkrah tanpa daya. Ing kahanan kaya mangkono iku, sihé Gusti Allah maujud ing pakaryané. Sang Kristus njamah, mulung uripé wong kang dadi kurban mau. Gusti Yésus paring kekuwatan lan kasarasan, ya lair, lan uga utamané warasing karohanèn. Astané Gusti anganthi wong kang nglokro lan putung atiné. Ya kaya mangkono gegambarané wong kang kaangkat saka lakuné kang nuju naraka langgeng, dikanthi déning Gusti Yésus golèk dalan bener, nuju swarga.

Ana ing laladan kang para pedunungé ora wanuh marang Sabdaning Allah, padha ngerti kang katindakaké déning Gusti Yésus iku njalari gumun. Gumun campur wedi, wedi nanging kepéngin weruh, kepéngin ngerti déné ana kaélokan kang bisa maujud. Lagi sepisan ji kuwi, wong ing kono nyawang mujizaté Gusti Yésus gawé éram banget. Sawisé kadadéyan unggulé Gusti Yésus ngadhepi iblis kang ngrasuki wong kuwi, banjur tindak lan pinarak lumebu ing sawijining omah. Ing ngomah kuwi para murid miterang marang Sang Guru, apa sababé gagal nundhung dhemit lan gagal marasaké lelara?

Para murid ora ngerti, menawa gagaling tumindak kang katon ing njaba, kuwi jalarané saka gagaling iman kang ana ing njero ati. Para murid durung ngrasakaké gagaling atiné anggoné ngalembana Gusti sajroning iman. Kurang anggoné memuji syokur déné Gusti tansah unggul ing yuda nglawan iblis. Iman kuwi dadi kekuwatan. Pangandikané Gusti: “ Jinis iku amung bisa ditundhung kanthi pandonga. Menawa kowé duwé iman sawiji sesawi baé, kowé bisa ngucap: gunung iki pindhaha mrana, iya kelakon gunung mau pindhah mrana. ( Matéus l7: 20 ).

Pratélan kuwi ora gampang diterangaké, nanging cetha kang dikarsakaké. Nanging aja nganti pangandikan mau ditampa kanthi hurufiah. Kuwi pasemon. Semono uga menawa Gusti ngendikakaké piwulang bab males becik marang tumanduking piala, Yèn ditapuk pipimu sing kiwa, ulungna sing tengen pisan, iki ora kena ditegesi sacara hurufiah. Yèn iman sawiji sesawi kekuwatané bisa ngelih gunung, kudu ditampa sacara rohani. Gunung kuwi wujuding kasusahan lan karubedan, persolan lan was sumelang, prekara-prekara kang gawé sedhih, kabèh bisa dadi gunung kang nindhihi. Yèn ana iman sajroning ati, “gunung kauripan” kuwi bisa musna amarga umat manungsa PRECAYA MARANG GUSTI. Amarga sing sapa precaya pinaringan karosan.

Gusti Yésus mbayar béya kanggo Padaleman Suci

Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Pétrus lan celathu: “Guru panjenengan punapa mboten asok paos kalih drachma?” Wangsulané Pétrus: “ Inggih asok.” Nalika Pétrus lumebu ing omah, Gusti Yésus ngrumiyini klawan ndangu: “Simon, penemumu kepriyé? Sapa sing dipundhuti béya lan pajeg déning para raja ndonya iki, para putrané apa wong manca?” Aturé Pétrus: “ Tiyang manca.” Gusti Yésus ngendika: “ Dadiné para putra ora. Nanging supaya aku kabèh aja nganti dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowé mancinga menyang segara. Iwak kang kena kok pancing dhisik dhéwé iku cekelen, angapna cangkemé, kowé bakal nemu dhuwit patang drachma, ana ing njeroné. Jupuken bayarna marang wong-wong iku. Kanggo aku lan kowé. (Matéus l7: 24-27).

Gusti Yésus wus sawetara suwé ora ana ing Kapernaum. Sawijining dina rawuh ing kono manèh. Wis dientèni déning petugas mupu béya ( tukang tagih pajeg ). Petugas mau padatan narik pajeg rong dirham, marang saben wong kang umuré wis rong puluh taun utawa luwih. Para nabi lan para guru agama, ora kena tarikan pejeg mengkono mau. Petugas mau bakal narik pajeg kaya iku marang Gusti Yésus. Bisa uga sing ngongkon para wong wasis, ahlining kitab utawa pemimpin Yahudi. Supaya Sang Yésus ditagih uga rong dirham. Sejatiné duwé karep, menawa Gusti Yésus isih ditarik pajeg, kuwi ateges kalenggahané lan darajadé isih luwih asor katimbang para wong kang sinebut guru utawa pemimpin Yahudi ing laladan kono. Kuwi tumindak kang duwé ancas, bakal ngrèmèhaké lan ngesoraké Gusti Yésus. Wong Yahudi, saliyané kepéngin ngerti Sang Yésus iku bayar pajeg apa orané, sejatiné upama ketemu bukti menawa Gusti Yésus ora mbayar pajeg, bisa kanggo dhadhakan olèhé padha ngluputaké Gusti Yésus. Petugas mau takon marang Pétrus: “ Apa gurumu ora mbayar béya kanggo Bait Allah ?”

Pétrus matur marang Gusti Yésus, kudu mangsuli kepriyé? Sejatiné yèn nuruti nurani, kudu mangsuli “iya.” Gusti Yésus ndangu para sakabat, kanthi ngandika: “ Para Raja ing jagad raya iki narik pajeg marang sapa? Marang para putrané apa marang wong manca ?” Pétrus bias mangsuli, yèn marang wong manca. Gusti banjur ngendika: “ Dadiné, para putra bebas mbayar béya.” - Kowé dhéwé ngaku yèn Aku iki Putraning Allah, banjur kepriyé nalaré padha nuntut béya marang Aku?”

Kagem Gusti wus cukup lamun wis mratélakaké hak lan wewenangé, lan ora kudu ngekahi. Bisa baé Gusti Yésus ora perlu mbayar béya Bait Suci. Nanging saupama Gusti Yésus ora mbayar béya iku, bakal natoni atiné uwong, ya kalebu sing ngayahi. Apa manèh para pemimpin akèh sing ora ngerti, ora nganggep yèn Gusti Yésus iku Putraning Allah sing kagungan Bait Suci. Upama nulak mbayar, bakal disengguh ngrèmèhaké marang: Bait Suci, marang Allah lan Agama. Pancèn, pranatan kuwi senajan ora asal saka tradisi kuna, nanging kuwi saka angger-anggeré Nabi Musa. Mangka Gusti Yésus ora bakal ngorakaké, ora bakal nyuwak utawa ngilangi tradisi rohani – sing sejatiné tradisi kuna lan adat kaagamaan utawa pranataning leluhur Yahudi iku dadi lambang tumrap pakaryané Gusti piyambak.

Sadurungé genep rampung pakaryan luhur ing kayu salib Golgota, pranatan lan adat kuwi ora bakal dibuwang déning Gusti. Kejaba tradisi lan adat sing ora ana sesambungané karo bab rawuhé Sang Mésias. Angger-anggering Torèt lan tradisi kaagamaan Yahudi, kuwi bisa dadi panuntun nganti sarawuhé Gusti Kristus lan sampurnaning ayahan. Yaiku nganti titimangsané Gusti ngayahi pakaryan mulya nebus dosaning jagad, kanthi masrahaké kurban rah lan sugengé Gusti piyambak. Mangkono iku anggoné Gusti paring tuladha marang para sakabat, menawa ora perlu nglawan panguwasa, yèn olèh-olèhané amung pasulayan baé. Mula Gusti Yésus uga mbayar béya Bait Suci, senajan iku padalemané ingkang Rama kasuwargan, supaya ora nukulaké sujana, utawa kecemburuan. Supaya aja nganti natoni atining liyan.

Bisa uga, kas sekabat sing dipranata déning Yudas Iskariot lagi kothong, bisa uga kasé wis nipis apa malah wis entèk. Nanging anggoné Gusti bakal ngetingalaké kasetyané marang angger-angger, banjur damel mujizat. Ing bab iki Gusti bakal maringi saya kuwating imané para sekabat. Nalika ana ing Padaleman Suci, yaiku dalemé Sang Rama, Gusti Yésus nélakaké anggoné andhap asor. Nanging uga kepareng mratélakaké panguwaosé, déné kepareng damel mujizat. Apa wujuding mujizat mau?

Gusti ndhawuhi Pétrus mancing. Iwak olèh-olèhan kang kapisan supaya dibuka cangkemé. Ing cangkeming iwak mau bakal ana dhuwité patang dirham. Ora mung nyukupi kanggo pajegé Gusti Yésus, nanging uga cukup kanggo mbayar béyané para sakabat.

Pangandikané: “ Bayarna kanggo Aku lan kanggo kowé uga.” Gusti ora ngandika kanggo mbayar béya KITA. Nanging kanggoKu lan uga kanggo kowé. Amarga sing duwé kewajiban mbayar kuwi para murid, kaya lumrahé wong Yahudi. Gusti Yésus ora diwajibaké mbayar béya Padaleman Suci. Ewasemono, Gusti paring dhawuh, dhuwit patang dirham kuwi supaya kanggo mbayar atas asmané Gusti Yésus, lan kanggo kwajibané para murid bayar menyang petugas pajeg.

Menawa Gusti bayar béya Bait Suci kuwi, ora merga sanggan lan kewajiban, nanging Gusti maringaké kanthi lila legawa lan kanthi mulusing sih katresnané Gusti Yésus Kristus. Apa manèh mung wujud bandha donya, dalasan rah lan nyawané piyambak kaparingaké dadi kurban panebusing dosa. Iya kanthi murni lan katresnan kang sejati tulus.

KAUTAMAN KANG SEJATI

Ing nalika iku para sakabat padha ngadhep ing ngarsané Gusti banjur pitakon: “Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?” Gusti Yésus banjur nimbali bocah cilik siji, didegaké ana ing tengahing para sakabat tumuli ngandika: “Satemené pituturKu marang kowé: Menawa kowé ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowé ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga. Dadi sing sapa ngesoraké awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning swarga. Karodéné sing sapa nampani bocah pepadhané iki atas saka jenengKu, iku Aku kang ditampani. ( Matéus l8: l-5 ).

Sawisé Gusti Yésus mudhun saka Gunung Kamulyan, para murid ngrembug bab sapa sing luwih gedhé siji lan sijiné. Padatan – sing kepéngin awaké dhéwé luwih utama, nganggep perlu ngertèni sapa sing utama lan sapa sing asor. Banjur ngarep-arep bisané olèh fasilitas, olèh atensi istiméwa saka Sang Guru. Iba ta Gusti sungkawa ing nggalih, nalika mirsa menawa ana “persaingan” ing antarané para murid. Kang wus dipilih piyambak déning Gusti supaya padha dadi rasul. Seprana sepréné digladhi dilatih dadia duta – nanging kok mung semono pikirané. Nalika didangu lagi diskusi lan débat apa? Kabèh meneng ora ana sing cemuwit. Karsané Gusti Yésus, para murid matur walaka lan padha ngakoni kaluputané.

Sejatiné wis ana piwulangé Sang Prabu Soléman ing Wulang Bebasan 28: l3, “Sing sapa ndhelikaké paneraké ora bakal begja, nanging kang ngakoni lan ngunduri iku olèh sih mirma.” Ing kitab Mazmur 32: 5, Nabi Dawud uga paseksi: “ Dosa kawula, kawula lairaken dhateng Paduka, kalepatan kawula mboten kawula aling-alingi ….”

Para murid duwé panyuwunan supaya Gusti karsa medharaké, sapa sing gedhé dhéwé ing Kraton Swarga. Ana bocah cilik kang ditimbali Gusti banjur diedegaké ing satengahing para sakabat. Upama kawijiling pangandika, kaya-kaya Gusti bakal ngendikakaké menawa ing Swarga kamulyan iku kasediakaké marang kang ora golèk beneré dhéwé. Lan sing sapa kepéngin mlebu, kudu bali nunggal karo Panjenengané. Lan kudu bisa dadi kaya bocah cilik iku. Kuwi sejatiné kang bakal dingendikakaké, déné ndadak nimbali bocah cilik kuwi.

Bocah cilik mono duwé watak sing becik, lembut lan ora kaya wateké wong diwasa sing wus duwé pepénginan werna-werna. Wong diwasa seneng banget rebutan kaluhuran dhiri lan rebutan panguwasa. Mangka tuladha kang sejati, ora liya Gusti Yésus kang lembah manah, tulus murni kapenuhan ing kayektèn. Bocah cilik ora sugih kuwatir, ora kesuwèn lamun duwé panggrantes lan kasedhihan, gampang dikandhani lan ora ngresula terus-terusan. Bocah iku tansah nyawang mangarep kanthi bungah. Lan bisa duwé pemarem marang kahanan kang prasaja utawa sing sepélé baé bisa njalari bungahé. Mula Gusti ngendika: “ Sing cilik dhéwé ing antaramu, bakal dadi kang gedhé dhéwé.” – Saklébatan pangandika iku anèh. Sing rumangsa cilik bakal gedhé ajiné. Sing srakah bakal kalah lan kélangan.

Piwulang iku wis suwé, nganti wus mlebu jaman milénium telu, tegesé piwulang iku wis luwih saka rong puluh abat, nanging kita kabèh isih durung bisa mangertèni kanthi sampurna. Nyatané nganti seprené uga isih akèh para pandhèrèké Gusti kang rebut ngarep. Kepéngin dadi kang nomer siji. Iki mbebayani, ora mung merga kélangan watak andhap asor baé, nanging bisa kélangan urip langgeng. Sing sapa isih ngudi pakurmatan dhiri pribadi lan ora bisa dadi kaya bocah cilik, ora bisa mlebu ing Kratoning Allah.

Gusti paring piwucal, sing sapa makarya kanthi andhap asoring ati sarta sabarang dilakoni ing atas asmané Gusti Yésus, bakal nampa berkah, kalebu olèh pakurmatan. Sing kudu dadi gegayuhan kita kabèh yaiku, supaya bisa tumindak kang bener demi asmané Gusti Yésus. Leladi marang wong kang dianggep asor dhéwé, yèn kuwi dilakoni ing asmané Sang Kristus, padha baé karo ngladosi Gusti Yésus uga. Manut miturut lan ngladosi Gusti Yésus, padha karo wus ngladosi Gusti Allah.

Iba éndahé kang mangkéné iki. Kita ngladosi Gusti Yésus, mangka Gusti Allah ana ing Sang Putra, lan Sang Putra tetunggilan karo wong sing rumangsa cilik dhéwé uga.

Yohanès matur marang Gusti Yésus: “Guru, kawula sumerep tiyang ingkang sanès golongan kawula, nundhung sétan atas asma Paduka, lajeng kawula awisi, amargi sanès golongan kawula sedaya.” Nanging paring wangsulané Gusti Yésus: “Aja kok pénging, awit ora ana wong kang nindakaké mujizat atas jenengKu, banjur ngala-ala Aku. Sing sapa ora nyulayani kita, dadi ngrojongi kita. Aku pitutur marang kowé: Satemené sing sapa awèh ngombé marang kowé banyu secangkir, marga kowé iku pandhèrèké Sang Kristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.” (Markus 9: 38-41).

Yohanès ngaturi priksa marang Gusti, ana wong kang dudu muridé Gusti Yésus, nanging nundhung dhemit atas asmané Gusti Yésus Kristus, banjur dipénging. Amarga rumangsané sing wenang kuwi amung para sekabat baé. Mangka bisa uga wong kang ana ing sanjabané para sakabat mau, pinaringan mujizat uga saka Gusti. Mung baé para murid ora ngerti. Pancèn sing wenang paring kabisan mangkono ya mung Gusti Yésus piyambak. Bisa baé Gusti maringi kekuatan gawé mujizat mau, senajan saben dina ora ndhèrèkaké tindaké. Lan ora kudu dingertèni déning para murid. Mula pangandikané Gusti nandhesaké, para wong kang ora nglawan, iku ateges memitran. Lan sing sapa tumindak atas asmané Gusti, mesthi ora bakal ngala-ala marang Gusti Kristus.

Tetep kaanggep luput, menawa ana panemu, yèn ora saagama, ateges nglawan kita. Yèn ora awor ateges kosok balèn. Ora mangkono. Para murid lan kita kabèh ing jaman saiki kudu ngerti, menawa sing sapa makarya kanthi lelandhesan asmané Gusti Kristus, kuwi ateges ngalembana, njunjung luhur lan ngurmati asmané Gusti Yésus Kristus. Lan sing sapa suméndhé asmané Gusti Yésus kanthi ngurmati, uga bakal diayomi déning Gusti. Para murid ngladosi Gusti, bakal katitik saka enggoné gelem ngladèni pepadhané. Mula sing sapa gawé sengsarané para muridé Gusti Yésus, bakal kaukum. Amarga padha ngrusak Kratoning Allah. Lan murid kudu tansah becik lakuné.

Gusti Yésus ngukur kasetyan lan kaimanan ora nggunakaké norma Agama. Senajan ngrasuk agama iku dadi pratélan sikap kauripaning para umat. Kang ndhèrèk Gusti Yésus lan nuladha sarta mbangun turut piwulangé Gusti Kristus, kuwi kang ingaran wong Kristen. Lumrahé banjur nunggal para mitra ing pasamuwan Kristen. Wong kang ngaku agamané Kristen, nanging yèn uripé ora Ngristeni, ibaraté mèlu nyalib Gusti Yésus. Ngaku agamané Kristen, nanging ora manut dhawuhé Gusti Kristus .

Pepéling Bab Laku Kang Nyasaraké

Nanging sing sapa dadi sandhungan tumrap salah sawijining bocah cilik, kang pracaya marang Aku, iku luwih becik dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungaké ing segara baé. Bilai jagad lan sakabèhing sesandhungané. Sandhungan iku pancèn kudu ana, nanging bilai wong kang njalari tekané. Menawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowé, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowé, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung , katimbang karo tanganmu lan sikilmu karo-karoné wutuh nanging kacemplungaké ing geni langgeng. Sarta menawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowé, cuplaken lan buwangen, amarga luwih becik tumrap kowé lumebu ing urip kalawan pécé katimbang kacemplungaké ing geni naraka kalawan ganep mripatmu. ( Matéus l8: 6-9 ).

Gusti Yésus paring piwulang manèh bab liya, yaiku bab laku kang nyasaraké. Njalari wong liya keblasuk. Lan nglarani atiné pepadha, kuwi iya kaya déné mulang laku kesasar. Anggoné nglarani ati mau, wis kalebu nyasaraké laku. Kuwi gawé sandhungan. Bab iki wus dadi piwulang nalika Gusti Kotbah ing Gunung. Saiki ngendikakaké bab kuwi manèh, kanggo kaperluwané para murid. Kepungkur Gusti Yésus ndhawuhi para sekabat mbayar béya Bait Suci, kaya déné pajeg sirah. Supaya ora natoni atiné pepadha. Mangka sejatiné, ana ing padaleman suci, Gusti ora kagungan kewajiban bayar amarga putra. Panjenengané iku Putraning Allah, mesthiné ora kudu bayar béya Bait Allah.

Gusti Yésus ora marengaké menawa para muridé nglarani atiné uwong. Luwih becik mati klelep ing segara katimbang nglarani atiné pepadha – apamanèh yèn ana wong kang gelem ngakoni asmané Gusti, lan ing asma Yésus wong mau nundhung dhemit. Aja dipénging. Senajan ora ngumpul wong kuwi ora nglawan marang kita. Semono uga yèn ana kang ngina utawa ngrèmèhaké para murid sing lakuné bener, bakal nampa paukuman nggegirisi. Luwih abot katimbang mati klelep dikalungi watu panggilingan. Piwulang nasar, laku nyasar merga kesasar, pancèn angèl dibéngkas. Sing perlu kita kabèh aja nyasaraké lakuning uwong. Laku luput lan kesasar, pancèn tansah ana. Senajan mangkono ora banjur duwé teges yèn nasar lan nyasaraké iku kena lan dianggep bener merga wis lumrah. Babar pisan ora. Nyasaraké liyan kuwi njalari nemu bilai lan bakal kaukum. Gusti ngendika: “ Bilai, wong kang dadi lantaran tekané .”

Pancandriya, kaya déné tangan sikil lan mripat, bisa dadi sabab laku urip iki nuju marang pati langgeng. Gusti ngendikakaké, aluwung tanpa pancandriya, tanpa mripat, sikil lan tangan upamané, angger bisa mlebu suwarga. Katimbang jangkep praboting urip nanging kecemplung ing naraka langgeng. Yèn perlu kudu ngethok tangan, ngethok sikil lan nyuplek mripat, yèn kabèh mau dadi sabab kacilakaning urip mlebu geni langgeng naraka. Iki piwulang kang aja banjur ditegesi hurufiah. Ana tegesé kang rohani. Kuwi nggambaraké watak, pepénginan lan kalakuwaning daging. Iki sing diarani sunat ati, ngethok watak kadagingan, aja nuruti kareping jasmani. Nanging supaya njaga batin. Gusti Allah mirsani ala becik ora mandheg ana ing tangan, sikil utawa mripat. Nanging kang dipirsani: Ati. Watak kudu salin becik, mandheg gawé piala lan manut pangrèhing kayektèn. Lumantar Sang Roh Suci, Gusti Allah piyambak kang nyunati atiné manungsa. Déné mripat, sikil lan tangan sarta pancandriya liyané, supaya dadi lantaraning berkah kanggo pepadha. Piranti anggelar Injile Gusti.

Rasul Paulus nyerat ing layang 1 Korinta 6: l9, 20 mangkéné: “Apa kowé padha ora sumurup, yèn badanmu iku dadi padalemané Sang Roh Suci kang ana ing kowé, Sang Roh Suci kang kaparingaké marang kowé déning Gusti Allah, sarta yèn awakmu iku dudu awakmu dhéwé? Sabab kowé wis padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulané padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu !”

Yèn Bait Allah kagunakaké salah éndah, kuwi gawé sungkawaning penggalihé Gusti Allah. Pangandika bab ngethok tangan lan sikil, utawa nyuplak mripat mau, dadi pasemon supaya ati kita dadi anyar. Watak lawas kang ngguru senenging daging, dikethok dipotong. Sunat Kristus iku tegesé mratobat lan ora gawé dosa manèh. Tandha yektiné anggoné padha pinaringan Sakramèn Baptis. Gusti malah paring dhawuh, supaya kita kabèh ngéman lan ngopèni saranduning badan kita dhéwé-dhéwé, kenaa kanggo leladi marang kaperluwané Kraton Swarga. Bisané makarya, lamun saben pribadi ora ngrusak peranganing badané dhéwé. Pasamuwan Kristen bisané paseksi, leladi lan ngabekti iya kudu wutuh, kompak, rukun tresna-tinresnan lan bisaa katon yèn uripé manut marang laku kang becik tur bener. Kratoning Swarga kasengkuyung adegé, lamun kratoné si Aku kang ana ing saben uriping manungsa bisa karuntuhaké nganti rubuh.

Gusti Yésus uga ngendikakaké, yèn ana wong njlomprongaké lakuné pepadha dadi kesasar, kuwi dadi sandhungan. Mengkono bakal nampa paukuman naraka kang akèh sèt blatungé, lan murubing geniné ora mendha, ing kono sing ana kasengsaran langgeng. Pangandika iki ora ateges Gusti nggiri-giri, supaya umat manungsa wedi lan giris. Ora. Amarga Gusti nresnani kita kabèh. Pangandika mau karsané supaya kita para manungsa gelema ngungsi marang Gusti amrih wilujeng. Aja mung nggugu karepé dhéwé. Menawa Gusti ngendikakaké bab naraka, iku supaya para umat bisa kalis saka paukuman naraka. Temah kita kabèh bisa olèh kawilujengan kang kacawisaké déning Gusti Yésus, tumrap kita kabèh wong kang pracaya lan nampa Panjenengané.

Aja Ngrèmèhaké Bocah Cilik

“ Poma, aja nganti ngrèmèhaké salah sawijining bocah cilik iki, amarga Aku pitutur marang kowé: Malaékaté, ing suwarga tansah padha mandeng marang pasuryané Ramaku kang ana ing swarga. (Déné Putraning Manungsa iku prelu nylametaké kang ketriwal).” Pandangoné Gusti: “ Panemumu kepriyé? Menawa ana wong duwé wedhus satus, banjur ana siji kang ketriwal, apa ora banjur ninggal sing sangangpuluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggolèki wedhus kang ketriwal mau ? Satemené Aku pitutur marang kowé: Manawa bisa ketemu, kabungahané tumrap wedhus kang siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sanga kang ora ketriwal. Mangkono uga Ramamu kang ana ing Swarga ora ngarsakaké ilangé bocah iki siji baé.” (Matéus l8: l0-l4).

Gusti Yésus mulang para sekabat, poma aja ngrèmèhaké uwong najan katoné asor. Amarga Gusti Allah baé tansah nggatosaké marang sing dianggep cilik kuwi. Ana malaékat kang mligi kanggo ngayoni wong ringkih lan kang dirèmèhaké iku. Para malaékat mandeng marang Gusti Allah, tegesé, para malaékat kanthi setya tuhu mbangun mitirut olèhé njaga wong ringkih mau. Mulané apa hak lan wenangé wong sewiji ngrèmèhaké marang sijiné? Karahayon iku kalebu marang bocah cilik. Pangandikané: “ Ramamu kang ana ing swarga, ora ngersakaké siji baé bocah cilik iki ilang.” Iki isi karsa, menawa Gusti Allah ngayomi lan ngopèni, bocah sacara badani, sing cilik, sing isih enom. Ya sing ringkih, sing dirèmèhaké, sing diolok-olok, sing sengsara lan sing prihatin lan sing kesingkang-singkang. Ana uga piwulang: Aja dumèh. Duwé penggayuh supaya aja adigang, adigung adiguna. Sing bisa ngajèni pepadhaning urip.

Ana pangandika kang éndah lan dadi kabar kabungahan. Rawuhé Gusti Yésus nggolèki kang ketriwal. Ngopèni sing ora kopèn. Ngangkat sing dirèmèhaké lan nguwataké sing ringkih. Gusti ngagem gelar asma kang jero magnané, yaiku Putraning Manungsa. Putraning Manungsa iku iya Gusti Yésus piyambak, nalika wawasan kita tumuju marang sipating Gusti dadi Manungsa Sejati, kanggo nggentèni tanggungjawabé: Manungsa. Nyarira badan insani, sinebut Putraning Manungsa, lan uga demi manungsa.

Bisané nylametaké kang ilang, amarga Gusti Yésus pancèn kagungan panguwaos. Rohing Allah nunggil kang njalari Sang Yésus gesang ing sipat Ka-Allahan. . Amarga ora ana roh liya, kejaba amung Rohing Allah kang ana ing Gusti. Sejatiné Sang Yésus Kristus iku Allah kang ngejawantah, Allah kang manjalma. Panjalmané ngagem badan manungsa, iya srana kalairaké déning biyung kadonyan. Pancèn ngersakaké dadi manungsa sejati mau. Ya iki kang ingaran Inkarnasi Allah. Nanging uga Allah sejati. Amarga Rohing Allah, panguwasaning Allah, lan kekuwataning Allah kang ana ing Sang Kristus Yésus. Ora ana sing bisa mbuktèkaké menawa Gusti Yésus damel dosa lan kaluputan. Mula kagungan sipat luhur: Suci tanpa dosa.

Kabèh kang gumelar ing alam iki kabèh kagungané Gusti. Manungsa uga kaibarataké kaya ingon-ingon wedhus, iya kagungané Gusti Allah sang pangon kang utama . Perluné kudu katebus, amarga pancèn manungsa kejeblos lakuné, milih mèlu Iblis. Panebusing dosa kudu dileksanani, amarga Gusti Allah nresnani para kagungané. Ibarat wedhus, Sang Pangon nggolèki sing ketriwal siji, nggolèki sing ilang senajan mung siji. Upamané kagungan ménda satus, sing sangangpuluh sanga ditinggal ing pagunungan, banjur nggolèki sing ilang utawa sing ketriwal mau, senajan mung siji. Sing njalari sembada ing panguwasa, déné Gusti wenang nebus para ménda kagungaNé iku, merga anané sipat telung werna mau. Yaiku: Allah Sejati, Manungsa Sejati lan sipat Suci tanpa dosa. Sing sapa ora duwé sipat telung werna iku, ora bakal kuwat lan ora bisa jumeneng dadi Mésias Sang Juru Wilujeng.

Ngélingaké Kanthi Katresnan

“Menawa sedulurmu duwé kaluputan, élingna dhedhèwèkan. Menawa nggugu marang kandhamu kowé wus ngentas sedulurmu. Déné yèn ora nggugu, kowé ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya merga saka anané seksi loro utawa telu, prakaramu banjur rampung. Ewadéné yèn ora gelem manut, aturna marang pasamuwan, anggepen wong kafir utawa juru mupu béya. Satemené pituturku marang kowé: “ Apa kang kok taleni ana ndonya iku bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kok uculi ana ing ndonya iki, bakal kauculan ana ing swarga. Lan manèh Aku pitutur marang kowé: Manawa panunggalanmu ing ndonya ana wong loro utawa telu kang saiyeg nyuwun apa baé, panyuwuné mau bakal dikabulaké déning RamaKu kang ana ing swarga. Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk klawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahé.” (Matéus l8: l5- 20).

Gusti mirsa samubarang kang kadadéyan ing satengahing pasamuwan. Kuwi wus diwulangaké déning Gusti marang para murid, sadurungé sacara pisik maujud sing jeneng pasamuwan utawa Gréja. Apa kang kudu katindakaké, lan kepriyé sikepé wong precaya, lamun ana sedulur mitra kita nglakoni dosa ?

Menawa ing patunggilan kita kelakon ana sedulur utawa mitra nunggal precaya nglakoni dosa, uga tumindak natoni ati. Prayogané kita kabèh kudu wicaksana:

 Saben pribadi kudu bisa ngendhalèni dhiri, aja thukul ati tatu anyar.

 Ora prayoga yèn banjur ngumbar kanepson, banjur ana sing nesu.

 Aja nganti ngrembaka dadi tukar padu apa déné sesatron.

 Demi sih paseduluran, kudu ditahan aja nganti ana “ panyatur ala”

 Dosa kanisthan mau aja nganti ana kang ngobra-ngobrakaké, nambahi ruwet.

 Kanthi lembah manah lan sabar, kaluputan kudu dielingaké amrih sadhar.

 Sing kaluputan mau, diélingaké ijèn padha ijèn. Iki kawitané.

 Yèn diwelèhaké ijèn padha ijèn nulak, banjur ngajak mitra loro utawa telu.

 Kang katuju, supaya mratobat, tegesé ora nindakaké manèh klèruning laku mau.

 Ing sabarang prekara pinungkasan kanthi “apura-ingapura“.

Gusti Yésus bakal luwih ngasihi marang wong kang keduwung bab dosané lan mratobat. Iku dadi luhur kaangkat olèh pangapura. Wong kang ora paham surasaning Injil, yèn ana wong tumiba ing dosa kaluputan, banjur dirasani. Klesik-klesik dadi gunem, dicatur ala nèng kana-kéné. Kuwi malah njalari najis nisthaning batin lan uripe. Luwih aji wong kang mratobat, katimbang karo wong kang rumangsa luwih becik. Anggoné rumangsa suci lan luwih becik kuwi, merga anggoné ora ngakoni dosané.

Wong kang ora ngaku menawa wus nyandhang dosa, iku ngapusi awaké dhéwé, ngapusi atiné dhéwé. Nyatur ala, iku nukulaké kanisthan tumrap uripé dhéwé.

Yèn Ana Kang Nulak Pamelèh

Menawa ana wong kaluputan, banjur diwelèhaké ijèn padha ijèn nulak, lan malah nglawan, sabanjuré kudu ana mitra loro utawa telu nyaketi lan ngélingaké kanthi tresna.

 Para mitra loro telu kuwi, tumindak kaya ngamping-ampingi, dadi panengah lan melèhaké kaluputané, lan uga nglipur atiné, supaya keduwung lan mratobat. Nyedhaki kadang iki kudu sing sabar, tresna lan pandonga.

 Ewadéné yèn pancèn rékadaya mau gagal, ora olèh tanggapan becik, prekarané aturna marang pasamuwan. Pradataning pasamuwan kang sabanjuré bakal ngrampungi. Iba beciké yèn ora nganti tekan sidhang kapradatan.

 Menawa nganti rambah kaping telu, kanthi sabar lan sih katresnan padha sedulur nunggal pracaya, rékadaya mau tetep gagal banjur kepriyé ?

 Prayogané ana pepéling, yèn sawetara ora kepareng kembul ing pambujanan, ora bisa mèlu ing upacara “Perjamuan Kudus“ yaiku Bujana Suci. Suwéning suwé, yèn pancèn ora bali nunggal lan mratobat, bakal kélangan hak wewenangé dadi warganing pasamuwan. Yèn iki kadadéyan, sejatiné njalari prihatin kang nabet natoni nuraniné wong sapasamuwan.

Aturé Pétrus marang Gusti: “ Gusti, menawi sedhèrèk kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?” Pangandikané Gusti: “ PituturKu marang kowé: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.” (Matéus l8: 2l, 22)

Angger-angger Yahudi, ngapura iku nganti kaping telu. Sawisé iku, bisa mandheg – tegesé – ora bisa awèh apura manèh. Pétrus ngira, upama ping pitu wis luwih nyabari, lan mesthi nyondhongi karsaning Gusti. Nyatané sing dikira wis bener, isih kurang. Gusti dhawuh menawa apura ingapura iku ora bisa diétung cara matématika, kuwi tanpa ana watesé. Semono uga bab katresnan, ora bisa diukur kanthi étungan. Gedhéning katresnané Gusti Yésus, kaukur srana pengajining “ pasrah sugengé Gusti, ngurbanaké rah lan nyawa “ – kanggo mbélani kang ditresnani, yaiku umat manungsa.

Tanpa pitulunganing Roh Suci, ngapura marang liyan kanthi sampurna iku angèl. Amarga ing atiné manungsa kadunungan watak: adigang, adigung lan adiguna. Watak rumangsa bisa, nanging angèl ngrumangsani, tegesé ora bisa rumangsa. Watak-watak iki nukulaké kalakuan angèl caos apura marang liyan, uga angèl nyuwun apura marang pepadha. Malah kepara nggedhèkaké ati wangkot. Rumangsa yèn lakuné wis bener .

Titikané wong kang bisa ngapura iku anggoné ora kepéngin males. Ora dhendham, ora gething sengit, lan ora ngancam. Kalebu kanthi tembung. Tegesé prekarané wis ora dadi catur lan dadi gunem manèh. Amarga ilat kuwi kaya pedhang, bisa natoni. Lan kaya geni, bisa ngobong katentreman.

Kita kabèh wis kaapura déning Gusti Yésus. Mula kudu yakin yèn dosa kita wus kaapura. Mulané ora prayoga ngundhat-undhat lan bola-bali nggunem cacating liyan. Kalebu kaluputané dhéwé, saben pribadi kudu bisa ngapura dhiri pribadiné, amarga anggoné yakin menawa Gusti Yésus wus nebus kanthi sampurna. Banjur rukun karo pepadha, uga rukun narima lan ngalembana ing uripe dhéwé. Damai karo awaké dhéwé. Kabèh mau bisané kelakon amung awit pangrèhing Sang Roh Suci, sih rahmaté Gusti.

Tuladha : Sang Prabu Kang Sugih Apura

Sabab Kratoning Swarga iku upamané kaya sawijining ratu kang karsa étang-étangan karo abdiné. Bareng wiwit étang-étangan, ana siji mara séba kang duwé utang saleksa talenta*. Sarehné wong iku ora bisa ngesahi utang, Sang Nata banjur dhawuh supaya wong iku saanak bojoné, barang darbèké padha diedoli kanggo nglunasi utangé. Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ngarsané Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh, Gusti mughi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhé kawula lunasi.” Sang Nata trenyuh ing galih, marga saka welasé marang abdi iku, mulané abdiné banjur diluwari. Utangé dililakaké.(Matéus l8: 23-27)

Catatan: l talenta = Rp 450.000,—Th l97l.; l Dinar = Rp 40,— Th l97l )

Bisa ditampa nalar, menawa dosa kaya déné utang. Utang kang kudu disaur. Mangka ora ana titah siji baé sing srana lakuné bisa dadi suci, bisa dadi arif wicaksana, bisa dadi bener uripé, babar pisan ora nglakoni dosa manèh, nyata ora ana kang mangkono. Mula sing sapa nindakaké dosa, tetep salawasé bakal duwé utang kang ora bisa dilunasi. Kahanan dosa, mung bisa diimbangi kanthi kasampurnan kang suci.

Senajan ora bisa sampurna ing laku, nanging para kagungané Gusti Yésus kudu bisa olah apura ingapura. Piwulang bab iki, ana pasemon bab Raja kang sugih pangapura. Sang Raja kagungan abdi kang duwé utang abot. Sang Prabu mirsa yèn ingkang abdi mau ora bakal bisa nglunasi utangé. Tegesé ora wurung kudu nampa pidana paukuman. Mula kanthi penggalih kang ber budi, kanthi kamurahaning penggalih, ngapura kang duwé utang mau, yaiku abdiné dhéwé. Andhahané dhéwé. Utangé bebas, utangé lunas, lan ora nyangga paukuman manèh.

Kocapa abdi kang utangé wis dibébasaké mau, motangaké marang mitrané. Senajan utangé mitrané mau akèhé ora kaya wong iku duwé utang Sang Prabu kang ambeg welasan, kang wus paring apura iku. Wong iku nagih marang mitrané sing duwé utang mau. Rèhning ora bisa nyaur, mitrané dilapuraké sing wajib, lan mlebu ing pakunjaran. Senajan utangé mitrané mau mung sethithik, nanging tetep dituntut ukum. Mitra liyané ngerti kalakuané wong iku, ana kang matur marang ngarsané Sang Prabu kang ambeg welasan mau. Dupi priksa kalakuané abdi kang wus ingapura mau, Sang Prabu duka yayah sinipi. Wong mau ditimbali, dipangandikani: Kowé kok kebangeten ora duwé welas asih marang mitramu dhéwé. Utangé pira, apa ora akèh utangmu marang aku, mangka wis dak bébaské, tak anggep lunas. Nanging marang mitramu sing mung duwé utang sethithik, kowé kejem ! Sang Prabu banjur nimbali petugas pakunjaran, supaya pawongan mau ditangkep lan dilebokaké kunjara. Bisa metu saka pakunjaran, menawa wis bisa nyaur lunas utangé. Ah, kapan bisané lunas bayar utang, nyatané baé lagi dikunjara? Kapan bisa nyambut gawé golèk dhuwit, mangka isih dikunjara?

Ing pasemon iku, Gusti Yésus memucal bab pangapuraning dosa, sing kudu nguwohaké katresnan lan welas asih tumrap para umat manungsa kang wus ingapura. Semono uga yèn ngaku ngabekti dadi abdining Allah, utawa ngaku ngrasuk agama lan ingaran wong kang pracaya marang Gusti Allah, manungsa kudu duwé uwohing laku: Katresnan lan welas asih marang pepadha. Yèn ngantia tanpa sih katresnan, bakal bali nyemplung pakunjaran. Sang Prabu kang ambeg welas asih iku, ibaraté Gusti Allah. Wong sing duwé utang mau, wong dosa, kang mesthi kaukum ing naraka. Begja déné olèh pangapura, srana katebus déning Sang Kristus anggoné séda sinalib, nanging unggul. Kaunggulané Gusti Yésus, njalari manungsa kang pracaya olèh urip kaswargan.

Wis katebus déning Gusti, nanging kejem marang mitrané. Mangkono mesthi bakal tampa paukuman manèh. Kejaba, yèn mratobat. Martobat iku, ngrumangsani klèruné, rumangsa nglakoni dosa, kaya déné utang kang ora bisa disaur. Mung ana dalan siji, mratobat. Pracaya marang pitulungané Gusti Allah kang paring juru slamet.

Mratobat, ibaraté wong mlaku keblasuk, klèru jurusané, klèru eneré. Banjur sadhar yèn klèru. Atiné dadi keduwung. Keduwunging ati njalari wong mau butuh pitulungan, banjur mratobat. Miwiti urip anyar, nunggil marang Gusti Yésus. Ing urip anyar, kudu isi katresnan. Mula yèn luput énggala ngakoni lan nyuwun apura. Yèn rumangsa bener marang pepadha aja banjur angkuh ngrèmèhaké, nanging sing gampang caos apura marang wong liya sing kaluputan marang dhiri pribadi.

Menawa kita kabèh ora bisa mènèhi pangapura marang kaluputané pepadha – Gusti Allah uga ora kersa maringi apuraning dosa marang kita. Iki wigati banget, iki prelu dirasak-rasakaké kanthi jero lan wening. Urip iki kudu uwoh sing maedahi. Ing Pandonga Rama Kawula. Ana atur donga kita: Mugi Gusti ngapunten dhateng kalepatan kawula, kados déné kawula inggih ngapunten dhateng tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. (Matéus 6: l2).

Bab tata rukun lan bedamèn, wong Kristen aja ngentèni diajak wong liya. Yèn ora ana sing ngajak ya uwis. Ora mangkono. Bab samubarang kang becik, wong Kristen kudu bisa ngutamakaké, katon ing lakuné. Gusti Allah ora naté mirang-mirangaké para umat kang ngabekti. Gusti tansah madosi kang ilang. Sing kesasar, digolèki diupaya kanthi panggulawenthah. Kaya ménda kagungané kang ketriwal, Gusti tansah nggolèki kanthi pamerdi. Merdi iku ngelingaké kanthi kebak tresna lan kasabaran. Kaya pathi sarining piwulang ing Injil Matéus l8: l, mangkéné: “ Ngelingaké kanthi tresna, nemoni mitrané sing kesasar ijèn padha ijèn, supaya prekarané ora dadi kobra warata dadi gunemé wong pirang-pirang. Ayo mrana olah tata rukun ayem tentrem. Gusti Kristus rawuh ing donya iki pancèn bakal leladi marang wong akèh. Ora mundhut diladèni, nanging malah ngladèni wong akèh.”

GUSTI NGAPURA WONG WADON KANG LAKU JINA

Para ulama lan wong Farisi tumuli ngajokaké wong wadon kang kacekel nalika laku bandrèk, marang ngarsané Gusti Yésus. Wong-wong mau sawusé mapanaké wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yésus : “ Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrèk. Wonten ing angger-angger Torèt Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang tiyang èstri ingkang mekaten punika dipun benturana ing séla. Ingkang menika menggah pamanggih Panjenengan kados pundi?” Unjuké kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengané, supaya olèhé jalaran enggoné arep nggugat. Nanging Gusti Yésus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikané.

Bareng olèhé padha takon wong Farisi mau ora uwis-uwis, Panjenengané tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa baé panunggalanmu sing tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.” Panjenengané banjur tumungkul manèh sarta nyerat ing lemah. Ananging sawusé kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhéwé. Wekasan mung kari Gusti Yésus piyambak karo wong wadon kang isih ana ing kono iku.

Gusti Yésus tumuli jumeneng sarta ngendika: “ Hé wong wadon ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowé?” Unjuké wong wadon mau: “ Boten wonten, Gusti.” Pangandikané Gusti Yésus: “ Aku uga ora ngukum kowé. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawé dosa manèh !” ( Yohanès 8: 3-11).

Mlebu ing Bait Suci Yérusalèm, Gusti Yésus nerangaké bab Kratoné kang Rohani. Dumadakan ana ramé ramé ing njaba guru-guru agama sawetara kepéngin ketemu Gusti Yésus. Ana wong wadon diirit kaladekaké ngadhep Gusti Yésus, saperlu diadili anggoné wis katangkep konangan olèhé laku jina. Anggoné ngladèkaké wong wadon mau, katon yèn yakin banget ngarani yèn wong wadon mau njalari kanisthan. Temah mblentongi ajining pribadiné minangka para wong ibadah ahlining agama. Ngatonaké yèn ngurmati marang Gusti Yésus, mula ngladèkaké wong wadon mau, supaya Gusti Yésus paring katemtuaning pangadilan nyondhongi Torèt Musa.

Wong wadon mau diedegaké ing ngarepé wong akèh, lan wong wong mau matur kanthi sesebutan pakurmatan marang Sang Kristus: “ Guru, tiyang menika pinanggih katangkep anggènipun lampah jina seksual. Kedah kaukum kados pundi?” Kena uga ingaran nyoba Gusti Yésus, apa Sang Kristus karsa ngukum wong wadon mau kaya pranataning agama. Temah bakal katon, Sang Guru Yésus kuwi manut marang Torèt lan orané. Mesthiné, Gusti Yésus bakal dhawuh, supaya wong wadon mau dirajam watu, dibenturi watu nganti tekan lan patiné. Kuwi yèn Gusti Yésus ngurmati angger-angger Torèt.

Sejatiné bangsa Yahudi uga bingung. Kaisar Roma nglarang paukuman pati. Kalebu rajam watu. Sasisih kepéngin dadi wong agama setya tuhu, manut Torèt Musa, kanthi mbenturi watu marang wong wadon kang laku jina, nganti mati.. Sasisih manèh sejatiné wedi karo Kaisar Roma, sing ngawisi ukum pati. Mulané, kepreyé katemtuan lan putusané Gusti Yésus, wong akèh kepéngin nyumurupi. Yèn Gusti Yésus mbeciki wong wadon mau, ateges ora ngukum pati, tegesé nglawan Torèt. Nanging yèn nuruti Torèt, Sang Kristus kaanggep nglawan Romawi. Yèn Gusti nuruti angger-anggering negara, bakal dilawan wong Yahudi. Nanging Yèn nuruti karepé wong akèh, netepaké ukum rajam, tegesé nglawan Kaisar Roma. Mangka wong Yahudi ngugemi banget marang parentahing Torèt Musa.

Penggalihé Gusti Yésus ora tumuju marang wong wadon sing kaladèkaké, nanging malah marang para wong sing padha nuntut. Kaya nalika dilawan bab dina Sabat déning wong Yahudi, Gusti ngendika menawa Ratuning dina Sabat luwih kuwasa katimbang angger angger Musa. Gusti uga miyos nemoni wong akèh mau. Tumanggapé sing kapisan, Gusti ndhingkluk, sarirané manglung menyang lemah, lan driji astané nulis ing palebon ing lemah. Sejatiné Gusti maringi wektu supaya padha mikir manèh kanthi jero, supaya wong Yahudi mikir manèh. Sida lan orané bakal ngrajam wong wadon mau? Manut angger-angger, sing sapa ngonangi kapisanan, kang miwiti ngrajam mbenturi watu wong wadon mau. Gusti mirsa menawa kabèh wong kang ana ing kono, sejatiné wis padha nerak angger-anggeré Nabi Musa uga. Dadiné kabèh kalebu wong dosa. Ora ana siji baé para wong Yahudi duwé wenang ngukumi pepadhané. Gusti paring pangandikan nanggapi panjaluké wong-wong mau: “Sapa ing antaramu sing ora duwé dosa, miwitana ngrajam wong wadon iki. Sing weruh lan neksèni, sing tanpa dosa, miwitana mbalangi nganggo watu.”

Sawisé ngendika mangkono banjur nyerat manèh ing lemah. Mènèhi wektu supaya wong akèh mikir. Nyatané wiwit sing tuwa tumekané para anom ora ana sing gelem miwiti mbenturi watu ngrajam wong wadon iku. Tegesé padha sadhar, yèn ora siji baé sing tanpa dosa. Bareng Gusti jumeneng manèh, mbaka siji wong akèh mau sumingkir. Wiwit sing tuwa nganti sing enom-enom. Sing isih ana ing kono kari wong siji, yaiku wong wadon kang didakwa laku jina iku. Déné para murid mesthiné isih ndhèrèk Gusti kepéngin ngerti kepriyé akhire lelakon iku. Gusti Yésus tumuli nggatosaké marang wong wadon iku. Pangandikané: “ Hèh wong wadon, ana ngendi wong-wong sing padha ndakwa kowé?” – Aturé wong wadon kuwi: “ Boten wonten Bandara,” banjur Gusti ngendika: “ Aku uga ora matrapi marang kowé. Lungaa, lan wiwit dina iki aja gawé dosa manèh.”

Prekarané kaya dadi batal. Amarga sadurungé ana papriksan lan pitakonan, para sing ndakwa wis padha lunga. Nalika Gusti ngendika menawa ora bakal matrapi, pancèn rawuhé Gusti Yésus nggolèki kang ketriwal, amrih padha mratobat. Mula dhawuhé: Aja gawé dosa manèh ! Yèn ngono apa Gusti wus paring apura marang dosa kalakuané wong wadon mau ? Ora. Durung, amarga pancèn kudu kawiwitan kanthi pamratobat, banjur pinaringan apura. Gusti Yésus sengit marang laku dosa. Nanging wong kang nandhang dosa diwelasi. Maringi kalodhangan, paring kesempatan, supaya wong padha mratobat.

Gusti Yésus paring dhawuh manèh marang wong akèh: “ Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetutburi Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduwèni padhanging urip.” Unjuké para wong Farisi: “ Panjenengan neksèni sarira Panjenengan piyambak, paseksèn Panjenengan mboten sah.” Dhawuh wangsulané Gusti Yésus: “ Sanadyan Aku neksèni awakku dhéwé, nanging paseksènKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan paranKu, nanging kowé padha ora sumurup sangkan paranKu iku. Anggonmu padha neksèni iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora njeksani wong siji-sijia, déné menawa Aku njeksani – anggonku njeksani iku sabeneré, amarga Aku ora ijèn, ananging Aku bebarengan karo Panjenengané kang ngutus Aku. Lan sajroning Torètmu katulisan, yèn paseksèné wong loro iku sah. Aku kang neksèni mungguh awakKu dhéwé, lan uga Sang Rama kang ngutus Aku iya neksèni mungguh ing Aku.” Wong mau padha munjuk: “ Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulané Gusti Yésus: “ Kowé padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang Ramaku. Menawa kowé wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu.” ( Yohanès 8: l2-l9 )

Sawisé wong wadon mau lunga, Gusti nerusaké anggoné paring piwulang marang para murid. Yaiku bab asmaNé sinebut Sang Pepadhang. Iki gelar kang banget mulya lan ngurmati, menawa Gusti ingaran “PEPADHANGING JAGAD “ – Marang pratélan utawa paseksi iku, wong Farisi nulak, ora sarujuk. Awit manut angger-angger, wong kang pasesksi lan nerangaké bab awaké dhéwé iku, dianggep ora sah.

Katemtuan kuwi bener, tumrap wong dosa kang golèk kepenaké dhéwé lan kanggo kaperluwané dhéwé. Apa manèh ngalem awaké dhéwé, banget olèhe dadi rèmèh. Tumrap wong sing lakuné kesasar, paseksi tumrap dhiri pribadi mau ora sah. Nanging katemtuan kuwi ora katrap ing Gusti Yésus. Amarga minangka Sang Mésias, Gusti Yésus Kristus tanpa dosa lan kahanané ana ing pangkoning Sang Rama Gusti Allah piyambak (Maca: Yohanès l: l8). Paseksiné Sang Rama kasuwargan iku kang kena pinercaya.

Wong wong banjur pitakon, ingkang Rama ana ngendi? Gusti Yésus paring wangsulan, kanthi pangandikan kang lebet, wong akèh ora nyandhak lan ora mudheng magnané, pangandikané: “ Kowe kabèh padha ora wanuh marang aku lan uga marang sang rama.” Nalika Gusti naté ngendika menawa Panjenengané bakal tindak, lunga menyang panggonan sing padha ora dingertèni wong akèh. Wong-wong padha guneman sinis, ngrèmèhaké: “ Apa dhèwèké bakal nglalu? Bunuh dhiri?” Gusti paring pangandikan, menawa anggoné padha ora nyandhak kuwi merga: “ Asalmu saka ngisor…..” Sejatiné pangandikan iki ngemu teges lan pratélan, menawa Gusti Yésus iku asal ngaluhur, saka swarga. Déné wong akèh asal saka bumi, saka kadagingan, kang dingendikakaké “saka ngisor” iku.

Manungsa ora paham bab iku. Sejatiné Gusti Yésus wus medharaké pakaryané, asmané lan panguwasané. Nanging wong Yahudi lan Farisi sarta ahlining kitab ora bisa ngerti. Pangandikané dianggep ngayawara. Pancèn padha mbutuhaké Sang Mésias, nanging pikiran Yahudi nggambaraké Sang Mésias iku ora kaya Gusti Yésus kuwi, sing manut panganggepe wong akèh, anaké Yusuf tukang kayu ing Nasarèt.

Gusti Yésus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhé: “ Menawa kowé padha ngantepi ing pituturKu, kowé sanyata padha dadi siswaKu, sarta bakal padha mangerti ing kayektèn, lan kayektèn iku bakal mardikakaké kowé.” Wong-wong tumuli padha mangsuli: “ Kula sami tedhak turunipun Rama Abraham, lan dèrèng naté ngawula dhateng sok tiyanga; kados pundi kok Panjenengan ngandika: “ Kowé bakal padha mardika?”

Gusti Yésus mangsuli pangandikané: “ Satemen-temené pituturKu marang kowé: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi baturé dosa. Anadéné mungguh batur iku ora tetep pamanggoné ana ing omah, nanging putra iku tetep pamanggoné. Kang iku menawa Sang Putra wus mardikakaké kowé, kowé iya padha mardika temenen.” Aku wus weruh menawa kowé iku padha tedhak turuné Rama Abraham, nanging kowé padha ngarah matèni Aku, awit pituturKu ora olèh papan ana ing kowé. Apa kang wus dak deleng ana ing RamaKu, iya iku kang dak ucapaké. Mangkono uga kowé, padha nglakoni apa kang kok rungu saka bapakmu.”

Wong Yahudi padha mangsuli unjuké: “ Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikané Gusti Yésus: “ Menawa kowé padha dadi putrané Rama Abraham kowé mesthi padha nglakoni apa kang katindakaké déning Rama Abraham. Nanging kang kok tindakaké yaiku ngarah matèni Aku. Wong kang wus nglairaké kayektèn marang kowé, iya iku kang wus dak rungu saka Gusti Allah, panggawé kang kaya mangkono iku ora katindakaké déning Rama Abraham. Kowé kabèh padha nglakoni panggawéné bapakmu dhéwé.”

Unjuké wong-wong mau: “ Lair kula punika boten saking bédhang, kula sami gadhah Rama satunggal, inggih punika Gusti Allah.” Pangandikané Gusti Yésus: “ Menawa Gusti Allah iku Ramamu, kowé mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iki saka ing Allah. Apa manèh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhéwé, nanging Panjenengané kang ngutus Aku sabab apa kowé padha ora mangerti tembungku?

Iku awit kowé padha ora bisa nyandhak pituturKu. Bapakmu iku, Iblis, lan kowé padha seneng nglakoni kasenengané bapakmu iku. Dhèwèké dadi tukang matèni wong wiwit wiwitan mula sarta ora ngandhemi ing kayektèn, awit kayektèn iku ora dumunung ing dhèwèké. Samasa dhèwèké ngucapaké goroh, pangucape iku saka wateké dhéwé, amarga dhèwèké iku tukang goroh lan bapakné sakabèhing goroh. Nanging sarehné Aku iki mituturaké kayektèn, mulané ora kok endel. Sapa panunggalanmu kang mbuktèkaké menawa Aku tumindak dosa ? Menawa Aku mituturaké kayektèn, sabab apa, kowé padha ora pracaya marang Aku ?” Wong kang wijilé saka Allah iku mesthi ngrungokaké pangandikaning Allah. Mulané, kowé ora padha ngrungokaké, awit asalmu iku ora saka ing Allah.” Wong Yahudi padha mangsuli: Rak ya bener ta kandhaku yèn kowé iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?” (Yohanès 8: 31 – 48).

Nalika Gusti mratélakaké pribadiNé minangka Pepadhanging Jagad, akèh sing padha ora pracaya. Gusti uga memulang, sing sapa nampa kayektèn iki, bakal olèh kamardikan. Amarga Sang Pepadhang bakal nglampahi samubarang kanggo wong akèh. Piwulangé Gusti: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi gedibalé dosa. Sing ngemohi malah bakal nyédani Gusti, kuwi amarga pangandikané ora ana sing klebu ing atiné lan dadi pangertèn. Kang nulak pangandikané iku para wong kang wus dadi budhak gedibalé dosa. Amarga wus dadi anaké si pengawak dursila. Ora pantes yèn padha ngaku dadi turun Abraham, mangka kalakuwané dadi gedibalé Iblis. Kuwi tetéla saka anggoné padha tansah goroh ing bab manéka warna, pantesé pancèn dadi anaké bapaké si goroh, yaiku Iblis mau. Sing sapa nampa pangandikané bakal nampa kamardikan.

Nanging kamardikan sing diarep-arep déning wong Yahudi, mardika saka panjajah Romawi, lan urip tentrem cukup kaperluwaning urip kadonyan. Mangka kang kaprasetyakaké déning Gusti, mardika saka pakunjaran iblis, yaiku pangancaming paukuman langgeng ing naraka. Bab berkah kadonyan, kuwi bakal kawuwuhaké marang para wong kang wus padha mardika rohani. Ora dadi gedibalé dosa manèh.

Nanging para Farisi lan para ahli kitab dadi nesu, lan serik atiné, déné diarani gedibalé Iblis. Banjur padha sarujuk menawa gusti Yésus bakal diakal bisa tekan pati. Gusti bakal disédani. Saya manèh ana piwulangé: “ Sing sapa netepi ing pituturku, ora bakal ngalami pati ing salawas-lawasé.” ( Yohanès 8: 51 ) – njalari wong Farisi lan ahli Torèt padha tambah sengite. Wis saiyeg saeka kapti bakal nyedani Gusti Yésus. Padha ora seneng atiné déné diarani dadi wong dosa. Pancèn Gusti memucal, kabèh uwong iki nandhang dosa. Para nabi baé uga nglakoni dosa, kabuktèn saka kitab kang tinulis déning nabi-nabi, ana paseksi lan pratélan anggoné padha ngakoni lan nelangsani dosa-dosané. Kosok baliné, Gusti Yésus damel paseksi menawa Panjenengané iku Pepadhanging Jagad. Mesthi kagungan darajad luwih luhur katimbang para Nabi kang nandhang dosa.

Piwulang piwulangé Gusti, lan pangandikaNé, nyata yèn ora bakal kawetu saka guru lumrah. Amung Sang Guru Sejati, amung Sang Pepadhang Sejati kang bisa memulang kaya mangkono, mung Putraning Allah yaiku Sang Firman piyambak sing wenang mratélakaké lan mulangaké. Pitakoné wong Yahudi Farisi werna-werna.

Paring wangsulane Gusti Yésus:” Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhuraké RamaKu sarta kowé ora padha ngajèni Aku. Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranKu; ana siji kang ngupaya lan Panjenengané iku uga kang ngadili. Satemené pituturKu marang kowé, sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawasé.” Pangucapé wong-wong Yahudi: “ Saiki aku padha weruh yèn kowé iku kranjingan dhemit. Rama Abraham séda, para Nabi mangkono uga, mangka kowé iku kok duwé pangucap “ sapa wong kang netepi ing pituturku, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawasé.” Kowé apa ngungkuli leluhurku Rama Abraham kang wus séda? Para Nabi iya padha séda. Kowé iku ngaku-aku sapa ta ?” Gusti Yésus mangsuli: ” Menawa Aku ngluhuraké awakku dhéwé, kaluhuranku iku ora ana gunané sathithik-thithika. Kang ngluhuraké Aku iku Ramaku, iya iku kang kok sebut: ALLAHMU. Kowé padha ora wanuh marang Panjenengané, nanging Aku kang wanuh. Saupama Aku muniya yèn ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowé. Nanging Aku wanuh marang Panjenengané, sarta netepi ing pangandikané. Rama Abraham leluhurmu rena penggalihé déné bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus nguningani sarta ndadèkaké bingahé.”

Pangucapé wong Yahudi sabanjuré: “ Umurmu durung nganti seket tahun, kepriyé anggonMu wus weruh Rama Abraham?” Paring wangsulané Gusti Yésus: “ Satemen-temené pituturKu marang kowé, sadurungé Rama Abraham dumadi Aku wus ana.” Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengané; nanging Panjenengané ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci. (Yohanès 8: 49-59)

Piwulangé Gusti Yésus bakal mardikakaké umat manungsa. Sawisé ngendika mangkono Gusti Yésus disengguh kaya déné wong Samaria sing karasukan sétan. Para wong Farisi nglawan lan nantang marang piwulangé Gusti, menawa sing sapa manut pangandikané bakal urip langgeng, mardika saka dosa lan kalis saka pangancaming ukum naraka. Para leluhur lan para Nabi, wus padha séda. Kena ing pati raga. Mangsuli pitakonan, Gusti ngendika menawa wus ana sadurungé Abraham ana. Wong Yahudi saya nesu, wong Farisi saya nglawan. Iku mratélakaké asal-usulé kang Illahi. Yèn ora kagungan sipat Illahi, kepriyé bisané paseksi wis ana sadurungé Abraham. ( Yohanès l: 1 ).

Ora ana sing bisa ndungkap, yèn sejatiné Gusti Yésus bakal ngendikakaké menawa Panjenengané iku Allah piyambak, kang manggihi Nabi Musa ing Sinai. Kang ngendika ingsun iki Yéhuwah Allah kang . …” – Sejati Rama Langgeng, Allah kang langgeng. WongYahudi nesu banget krungu pratélan sing kaya mangkono iku mau. Lan bakal mbenturi Gusti Yésus nganggo watu. Nanging Gusti sumingkir, amarga durung tekan titimangsané nandhang sengsara.

YÈN DADI PANDHÈRÈKÉ SANG KRISTUS

Bareng wis cedhak wektuné anggoné bakal kasengkakaké menyang Swarga, Gusti Yésus banjur nggalih arep tindak menyang ing Yérusalèm, tumuli ngirimaké utusan sawetara ndhisiki Panjenengané. Iku padha mangkat banjur padha lumebu ing sawijining désané wong Samaria arep cecawis kagem Panjenengané. Nanging wong-wong Samaria padha ora gelem nampani rawuhé, amarga anggoné tindak iku menyang Yérusalèm. Nalika sakabaté loro, yaiku Yakobus lan Yohanès nyumurupi kang magkono iku, banjur matur: “ Gusti punapa Paduka ngersakaken ndhatengaken latu saking langit, numpes tiyang-tiyang punika?” Nanging Gusti Yésus tumuli minger ndukani para sakabat-sakabat mau. Banjur padha mlémbar menyang désa liyané. (Lukas 9: 5l-56).

Lampahé Sang Kristus saka Galiléa menyang Yérusalèm kang pungkasan sadurungé Gusti sinalib, ngersakaké nghliwati tanah Samaria. Tanah kang ana sanjabané laladan Yordan, kang tinulis ing Yésaya 9: l, ingaran negara kang “peteng ndhedhet.” Supaya negara iku bisa nyawang “ pepadhang gedhé “ – rawuhé Gusti Yésus. Mula Gusti ngutus duta golèk warta sarta nyawisaké panginepan ing tanah Samaria. Wong Samaria ora nyarujuki, wosé nulak rtawuhé. Amarga Gusti Yésus iku guru Yahudi kang wus dikobrakaké anggoné kurang nggatosaké tanah Samaria. Bisa uga mèri. Déné wong Samaria kurang linayanan.

Krungu kabar panulaking bangsa Samaria kuwi, para murid waringuten katon yèn runtik atiné. Para murid mbatin, muga-muga Pétrus sing sok agresif iku tumandang gawé. Nanging kadhisikan Yakobus lan Yohanès anak-anaké Zebedéus kang dijuluki “anaking gludhug “ – wis matur: “ Menapa wonten kepareng Paduka nurunaken latu saking langit supados mbesmi tiyang Samaria ?” Biyèn Nabi Eliya iya ana ing papan kono, naté nglawan para nabi Baal, nyuwun marang Gusti Allah, banjur geni tumurun. Kuwi kelakon ing jamané Raja Ahazia. Nalika iku para murid yakin, menawa Gusti Yésus ngluwihi sapa baé kang bisa gawé kaélokan. Apa manèh nalika Gusti Yésus kamulyakaké ing Gunung, nyata menawa Sang Yésus Kristus luwih luhur yèn katandhing karo Musa apadéné Eliya.

Gusti ora marengaké panyuwunan kang kaya mangkono mau, kuwi isi gething bakal males ala. Sikep kaya mangkono ora kena kasandhang déning para pandhèrèké Gusti Yésus. Gusti uga paring tuladha, nalika ana ing Nazaret wong-wong padha nyerang, nalika ing Gadara sawisé nundhung dhemit, Gusti malah diaturi sumingkir saka kono. Nalika bakal dibenturi watu ana ing Yudea, Gusti Yésus ora nglawan lan ora males, najan sejatiné kagungan kekuwatan, panguwasa lan kagungan kaunggulan. Rawuhé Gusti Yésus ora banjur ngukumi wong kanthi nekakaké geni saka langit, nanging bakal mitulungi wong akèh supaya padha olèh kaslametan.

Gusti nulak panyuwuné para murid supaya Panjenengané nyirnakaké wong Samaria kang nglawan kuwi. Malah Gusti nyingkiri ( amarga durung titi wanciné ), tindak saka tapel wates lan nuju menyang désa liyané. Kuwi tuladha bab tumindak luhur becik, najan katoné ngalah. Kuwi welas asih marang para wong kang ngerti dibélani. Gusti ngadhepi para panglawan kanthi sareh lan sumirih sabar darana. Sajroning tindak nempuh laladan, wis akèh anggoné paring pitulungan marasaké wong lara lan nulungi sing sengsara. Sarta memulang kanthi pasemon-pasemon, supaya wong akèh padha nyinau, ujuding piwelas.

Dadi Murid Iku Timbalan

Nalika padha mbacutaké lakuné, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Gusti Yésus:” Kawula badhé ngetut wingking Paduka, dhatenga pundi kemawon tindak Paduka.” Paring wangsulané Gusti Yésus: “ Asu ajag padha duwé erong lan manuk padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyèlèhaké mustakaNé.” Banjur ngandika marang wong liyané: “ Mèlua Aku.” – Aturé wong mau: “ Keparenga kawula késah ngubur bapak kawula rumiyin.” Nanging pangandikané Gusti Yésus: “ Cik-bèn wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowé iku lungaa ngundhangna Kratoning Allah ana ing endi-endi.” Lan ana liyané manèh kang matur: “ Kawula badhé ngetut wingking Paduka, Gusti, nanging keparenga kawula pamitan rumiyin dhateng brayat kawula.” Nanging Gusti Yésus ngendika: “ Saben wong kang wis nyekel waluku, mangka banjur tumolèh marang kang ana ing mburi, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah.” ( Lukas 9: 57-62 )

Ana wong lanang nyedhaki Gusti sarta matur: “Gusti kula badhé ndhèrèk Paduka dhateng ing pundi kemawon tindak Paduka.” Mesthiné wong lanang kuwi ngira yèn Gusti Yésus bakal bombong penggalihé amarga tambah pandhèrèk menèh. Gusti Yésus mirsa, menawa kang dituju atiné uwong mau dudu gegayuhan kang uatama, kurang luwihé mung melik marang bab tata lair, sing sipaté duniawi. Mangkono iku banget ora cocok manunggal ing antarané para sakabat rolas. Gusti Yésus wus nilar sipat ka-Allahané, dadi abdi kang asor, kepareng manjalma dadi manungsa, kanggo paring lipur marang para wong miskin ing jagad iki, sejatiné ora bakal gawé senengé para kang dadi pandhèrèké. Bakal katut ngalami dadi asor lan rekasa. Mula ora gumampang nampa murid kang mung melik marang bab kabutuhan lair kang sipate jasmani duniawi.

Magnané jero, déné nalika miyos Gusti Yésus saré ing pamakanan, iku duwéké kewan kanggo wadhah pakan. Nalika séda, makam pasaréyané silihan, kubur yasané Yusuf Arimatea. Samubarang kang kaagem makarya, kaya-kaya kabèh duwéké jagad. Sacara kadonyan Gusti ora kagungan apa-apa, merga kabèh wus dikakahi déning Sétan.

Mula ndhèrèk Sang Kristus, ora wurung bakal ndhèrèk uga ing sangsarané. Nanging pinansthi ing tembé bakal ndhèrèk uga ing kamulyané. Sanajan kepriyé baé, ora gampang lulus yèn kepéngin dadi murid. Perlu nyingkur dhiri pribadi lan manggul salibé. Kanggo nyampeti kaperluwaning urip padinan, saka pisungsungé sing padha urmat lan nresnani. Nalika bangkit, wungu saka séda, ing pasaréyan Gusti Yésus mung nilari kafan ( lawon). Mula klèru yèn ndhèrèk Gusti Yésus kepéngin dadi sugih lan urip nikmat mupangat cara ndonya. Gusti uga paring dhawuh: Manuk duwé susuh kanggo turu. Putraning Manungsa ora duwé papan kanggo nyelehaké mustaka, saperlu ngaso.” Sabanjuré, apa kang ditindakaké wong lanang kuwi mau pancèn ora kocap manèh. Mundur saka Gusti, duwé pawadan menawa bakal ngopèni wong tuwané dhisik, nganti tekan patiné sawisé iku bakal ndhèrèk Gusti Yésus. Pancèn, Gusti Yésus uga mberkahi marang uwong kang ngleksanani kewajiban ngopèni wong tuwa. Kuwi wajib, nanging menawa ayahan iku isih luwih diutamakaké katimbang anggoné ngladosi Gusti Yésus, ora bakal katarima panyuwuné dadi murid.

Bab dadi murid, Gusti piyambak kang nimbali lan milih. Nyatané Gusti Yésus uga paring kalonggaran marang para wong pracaya. Kepareng dadi murid ingaran dadi wong Kristen. Yaiku para wong kang nampani lan precaya menawa Gusti Yésus iku Sang Kristus, Sang Mésias Putraning Allah kang Mahaluhur.

Gusti Yésus paring piwulang, wong kang mati jasmani, angger rohani isih urip, iku kang bakal nunggal karo murid-murid liyané ing wanci rawuhé Gusti manèh. Wong kang rohaniné urip, wani kurban samubarang kadonyan duwéké, demi patunggilané karo Gusti. Nanging kang mati rohani, senajan jasmani urip waras-wiris, ora bakal wani kurban samubarang kadonyan duwéké, samubarang kang sipat jasmani apa duniawi tetep bakal dikukuhi aja nganti kélangan. Iki kang bakal kélangan kauripan langgeng. Amarga kang rumaket marang jagad lan saisiné, bakal kélangan sesambungan tresnani marang Sang Yéhuwah Allah. Pisah karo Gusti Allah tegesé mati langgeng ing salawasé.

Mulané Gusti Yésus uga nyaruwé wataké wong Yahudi kang duwé alesan utawa pawadan anggoné ora ngopèni wong tuwané, amarga barang kasugihan sing bakal kanggo ngopèni wis kanggo sranané ibadah agama. Sejatiné mung owel kélangan bandha lan lumuh nglakoni kewajiban. Ibadah lan sesaosan marang Bait Suci kanggo pawadan nutupi cacate olèhe ora mreduli wong tuwané. Marang watak kaya iku, Gusti Yésus ora rena ing penggalih. Gusti piyambak ngatonaké olèhe urmat lan ngaosi Yusuf lan Maryam rama lan ibuné kang jasmani. Nanging Gusti uga ora ngutamakaké kang jasmani, ora ngluwihi kasetyané marang karsané Bapa kang Rohani, yaiku Gusti Allah piyambak. Prayoga banget menawa kita nggatekaké pangandika kang ana ing Markus 7: l0-l3.

Timbalané Guru sejati, ora kena disemayani, upamané arep ndhèrèk Gusti ndadak bakal bali mulih menyang kampung asal usule, bakal pamitan wong tuwané. Yèn sida bali menyang asal usul dunungé, wong iku bakal kélangan katetepaning tekad. Kaya wong mluku utawa nggaru, kudu maju terus, ora ana lakuné sing mundur. Ngilangi rasa mangu-mangu, lan nyingkur kaperluwané dhéwé, banjur gegayuhané amung ngener marang Gusti Yésus Kristus. Kanthi mangkono, malah bakal kaberkahan samubarang karep kang nyondhongi karsaning Allah. Apa kang kasuwun bakal pinaringaké, menawa panyuwun mau bener, tegesé ora mung kanggo nuruti hardaning hawa nafsu. Nanging, menawa anggoné bakal ndhèrèk Gusti semaya sawisé urip kadonyan kacukupan, wong mangkono iku bakal kélangan samubarang gegayuhané.

Patrapé Dadi Murid

Sawisé iku Gusti milih murid pitung puluh manèh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengané, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi. Kabèh padha dipangandikani: “ Panèné pancèn gedhé, nanging sing derep mung sathithik. Mulané padha nyènyuwuna marang kang kagungan panèn, supaya karsaa ngintunaké wong-wong kang derep ing panènané.

Padha mangkata lah kowé padha Dak utus kaya déné cempé menyang ing satengahing asu-ajag. Aja padha nggawa kanthong, utawa cangklong, tuwin trumpah sarta sajroning ana ing dalan iku aja uluk salam karo sapa baé. Menawa kowé lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkéné dhisik: “ Tentrem rahayu mugi wontena ing dalem ngriki. “ Anadéné menawa ing kono ana anaking tentrem rahayu, ulukmu salam bakal lestari ana ing kono. Menawa ora ana ulukmu salam bakal bali marang kowé. Kowé tetepa ana ing kono, mangana lan ngombéya apa kang disuguhaké marang kowé, amarga wong nyambut gawé iku wis samesthiné olèh pituwas. Aja ngolah ngalih pamondhokanmu. Lan menawa kowé lumebu ing sawijining kutha sarta ditampani ana ing kono, mangana apa kang disuguhaké marang kowé. Wong kang padha lara ing kono, padha warasna, apa manèh wong-wong padha tuturana: “ Kratoné Allah wis nyedhaki kowé.” Nanging menawa kowé lumebu ing sawijining kutha mangka kowé ora ditampani, lungaa menyang ing dalan-dalan gedhé ing kutha iku sarta nguwuha mangkéné: “ Dalasan bleduging kuthamu kang tumèmpèl ing sikilku dak ketabaké ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: “ Kratoning Allah wis cedhak.” Aku pitutur marang kowé:” Ing dina iku Sodhom bakal luwih ènthèng tanggungané katimbang karo kutha iku.” ( Lukas l0: 1- l2 ).

Wis akèh banget para wong kang dadi muridé Gusti. Ana sakabat rolas, lan malah ana golongan sakabat pitung-puluh. Kuwi kabèh pinaringan ayahan lan nyangga kewajiban anggelar Injile Sang Kristus, bab kabar kabungahan katresnané Gusti Allah. Padha duwé kewajiban nglayani lan nenuntun para pandhèrèk liyané sing nyatané saya suwé saya akèh cacahé.

Saka murid golongan pitung puluh kuwi, diutus ngloro-ngloro saben lelungan ngayahi pakaryan menyang laladan kang katuju. Menyang désa ngadésa lan kutha-kutha para utusan mau pinaringan ayahan nggelar Injil. Nulungi wong lara diwarasaké, kaya kang katindakaké Gusti Yésus lan para sakabat rolas. Semono uga sakabat pitung puluh iku. Lunga ngloro-loro, bakal luwih kasil nggayuh tujuwan. Sangkul sinangkul ing bot karepotan, sing siji nyengkuyung moril marang sijiné, dadi luwih kuwat lan semangat.

Kosok baliné, luwih saka wong loro, bakal gawé repoté kang dijujug. Wis gelem nampa tekané baé wis begja banget, éman éman yèn nganti nambahi karépotan. Mula utusan mau lumaku loro-loro. Daya kekuwatan lan panguwasa peparingé Gusti Yésus, bakal katon menjila déning wong akèh lan bisa narik kawigaten. Wong akèh nyawang mijizat kang kadadéyan, bakal thukul rasa precayané lan thukul bibiting katresnan lan asihe marang berkahing Allah kang nyata kaleksanan kawedhar. Para duta mau nyebar pawarta bab Kratoning Swarga kang wus cedhak. Nyaritakaké Sang Raja kang ngutus para duta mau, kanthi mangkono sejatiné para murid ngladèni kaperluwaning rohani marang wong akèh. Yaiku anggelar kabar kabungahan rawuhé Sang Kristus Yésus.

Sadurungé mangkat, para utusan pitung puluh uga pinaringan pitutur tuntunaning laku ngayahi pakaryan, kaya nalika Gusti Yésus mulang murid sakabat rolas. Nyambut gawé ora perlu kakèhan ngobrol sing ora guna, ana ing ndedalan ora perlu mbuwang wektu jejagongan kang ngayawara. Apa manèh adat tradisional, padha seneng banget gawé kèwes luwes ndedawa tatakrama mung kanggo pantes-pantes ben katon becik. Lan upama olèh pangan saka sapa baé, ora perlu komentar. Ora perlu nggubris marang adat Yahudi kang nata lan ngatur banget bab carané mangan lan jinising pangan. Supaya ora nyandhungi pasrawungan becik karo sing nampa tekané, yaiku sing duwé omah. Lan ora perlu kuwatir, iku mau berkah. Ora perlu nggrantes bab nenimbang ajining dhiri lan liya- liyané. Sing perlu nggemèni wanci, ora gawé sandhungan, lan ngrampungaké pakaryan. Pangandikané: ‘ Wong kang ngayahi pagawéyan iku, pantes nampa pituwasé.”

Baliné Sakabat Pitung Puluh

Kacarita, sakabat pitung puluh mau padha bali kanthi bungah. Sarta padha munjuk: “ Gusti, dalasan para dhemit sami nungkul dhateng kawula awit saking asma Paduka.” Gusti Yésus banjur ngendika: “ Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit, kaya cumlèrèting kilat. Lah kowé wis padha Dak paringi panguwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin nahan kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowé. Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi. Marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowé, nanging padha bungaha marga jenengmu wus katulisan ana ing Swarga.” ( Lukas l0: l7-20 )

Baliné para utusan mau gilir gumanti ngaturaké palapuran marang Gusti Yésus. Baliné kanthi kabungahan lan bombonging batin. Ayahan kasil kanthi mbungahaké lan ngéram-éramaké, amarga daya kabisan lan panguwasa peparingé Gusti Yésus. Dhemit katundhung. Sétan teluk marang para utusan. Lumrah banget lamun palapuran ayahan iku sing becik-becik luwih dhisik kang kaaturaké. “ Gusti dalasan sétan dhemit sami teluk dhateng kawula ing asma Paduka Gusti.”

Apa sababé suksèsé para utusan ing asmané Sang Kristus? Kena ngapa ora ing asmané Yéhuwah Allah? Iki kang kudu kita sinau kanthi sabar, temen-temen lan nganti paham. Apa manungsa gelem mangertèni, menawa Sang Putra iku iya Sang Sabda. Iku Sabdaning Allah. Lan Sabdaning Allah iku iya Allah piyambak. Apa manungsa gelem nampa pangertèn iki ? Apa manungsa gelem ngerti magnané, apa tegesé Sang Sabda manjalma dadi insan manungsa kang sampurna? Apa kita kabèh wis paham apa magnané Rohing Allah nunggil ana ing Sang Yésus Kristus?

Bab Sétan kang kasoran kalah déning Gusti Yésus, kitab suci nerangaké kanthi wijang. Iku dadi katrangan paring wangsulané Gusti Yésus marang kita kabèh. Apa sababé kasiling ayahan dumunung ana ing asmané Gusti Yésus Kristus, kita kabèh bakal ngerti saka kitab suci. Gusti Yésus ing kala purwa wus kelakon nundhung sétan metu saka kasuwargan, amarga sombong lan angkuhe. Para murid kang dinuta bisa ngalahaké sétan lan marasaké wong lara, ibarate para prajurit kang menang. Nanging Gusti uga mratélakaké menawa ing kala purwa Gusti wus ngalahake sétan. Uga kanthi wungu saka séda sawisé sinalib ing Golgota, kuwi duwé teges menawa komandané si lelembut, yaiku Iblis wus kasoran déning Gusti Yésus. Sétan wus kalah karo Gusti, wiwit nalika nggodha ing ara-ara samun uga wis kalah saka Gusti Yésus. Sing jeneng Iblis, kang nguwasani jagad, yaiku si sétan wus kasoran ( Yoh l6: ll ). Iblis ingaran duwé krajan ing langit, ( Ef 2: 2 ), nanging wus kasoran saka Gusti Yésus. Senajan uga ingaran sing nguwasani pepeteng ( Kol l: l3 ), senajan nguwasani krajan langit, nanging kalah karo Gusti Yésus. Watak lan kalakuwané si sétan kang mangkono iku, uga katon ana ing sikep lan wataké para manungsa kang kaerèh déning Iblis.

Gusti ngendika: “ Ing jaman pungkasan bakal akèh wong kang matur marang Aku: Gusti, Gusti. Punapa kawula mboten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mujizat kathah atas asma Paduka? Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkéné: Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, hèh, wong kang padha gawé duraka.” (Mat 7: 22, 23 ).

Baliné para murid saka kautus, mesthiné padha krasa lan rumangsa, menawa kasiling pakaryan, kang uga njalari bombonging ati, kuwi ora merga saka anggoné nundhung roh jahat. Kang saklebatan kaya kabisané para duta mau. Mesthiné kabèh utusan iku ngerti yèn sejatining sukses, kasiling pakaryan déning Sang Roh Suci, kang ana ing Gusti Yésus, tegesé: Kasil ngayahi pakaryan saka Gusti piyambak kang maringi kabisan lan kekuwatan sarta panguwasa.

Kabungahan sejati kuwi ora merga anggoné padha bisa nundhung dhemit, marasaké lelara lan gawé mujizat atas asmané Gusti Yésus. Dudu. Nanging amarga “jenenging para murid lan para wong pracaya” wus tinulis ing buku kauripan, amarga jenengé wus kacathet ing swarga. Menawa Gusti Yésus iku nabi lumrah, manungsa lumrah – apa kagungan wenang medhar kang mangkono iku? Pangandikané nanggel marang keslametané umat kang pracaya, yèn pancèn ora kagungan panguwasa kang nyata, apa karsa ngendika mangkono? Mangka sajagad ngakoni kamursidané. Nyata, Gusti Yésus iku Putraning Manungsa iya Putraning Allah.

Gusti Yésus sukarena, amarga paladosané para murid

Ing nalika iku Gusti Yésus sukarena ing sajroning panggalih banjur matur: “Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken agenging panuwun, déné prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para winasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare alit. Inggih, Rama. Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka. Déné punika ingkang dados keparenging penggalih Paduka.”

Samubarang kabèh wus kapsrahaké marang Aku déning RamaKu lan ora ana wong kang sumurup Sang Putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga, Sang Rama iku sapa kajaba Sang putra lan wong kang kawedharan déning sang Putra, marga saka keparenging penggalihé.

Sawisé mangkono Gusti Yésus banjur minger mirsani para sakabaté sarta dipangandikani piyambak: “ Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kok deleng, amarga Aku pitutur marang kowé: Akèh Nabi lan Ratu kang kepéngin nyumurupi kang padha kok deleng. Nanging ora kelakon, sarta kang kepéngin ngrungokaké apa kang kok rungokaké, nanging ora bisa kalakon.”( Lukas 10: 21-24 ).

Ayat liya ora nggambaraké anggoné Gusti mratélakaké karenaning penggalih, bungah sukarena kaya ing Lukas l0 iki. Karenan banget, nalika nampa palapuran menawa para murid kasil ngalahaké Iblis. Senajan naté kacaritakaké, Gusti Yésus uga ngalami kasedhihan. Naté muwun, uga sekel ing penggalih.

Rampunging pakaryané para duta pitung puluh kagalih déning Gusti, kaya déné kasil kang ajiné gedhé. Gusti paring pangertèn marang para murid, menawa para penggedhe, para raja lan para nabi uga, durung karuwan nglakoni kaya para murid iku. Ora kabèh pinaringan kalodhangan bisa nindakaké kang wus dilakoni para murid . Aja lali, menawa ing jaman saiki, menawa awaké dhéwé kelakon lan kepareng bisa wanuh Gusti Yésus sarta manjing dadi murid, kuwi uga merga ana rerangken wiwit jaman suksèsé para duta pitung puluh kuwi. Saka anggoné padha leladi anggelar Injil para utusan pitung puluh mau, jagad nemu wanci wanuh lan ngungsi marang Gusti Yésus.

Pakaryan anggelar Injil ora mung ana ing tangané para pemimpin, Ora mung para nabi, ora mung para rasul lan para murid. Nanging sing sapa pracaya marang Gusti Yésus, pinaringan wewenang lan kewajiban anggelar kabar kabungahan. Anggelar Injil iku dadi pakurmatan, amanat lan sih rahmat tumrap saben wong kang pracaya. Yèn saben wong Kristen sadhar, krasa lan rumangsa bab ayahan lan kewajiban mau, lan nglakoni, wong Kristen bakal bisa kepareng nindakaké kaélokan. Kang njalari keslametané wong akèh. Ing Injil Yohanès l4: 2, Gusti ngendika: “ Sing sapa precaya marang Aku, iku uga bakal nindakaké penggawé-penggawé kang Daklakoni, malah penggawé-penggawé kang luwih wigati katimbang karo iku, lan Aku lunga sowan marang Sang Rama ….”

Bukti kayektèning pangandika iki, nyata maujud wiwit jaman pasamuwan kawitan, ngantyi ing jaman saiki uga, yaiku anggoné Injil tansah kamulyakaké. Ginelar lan warata kawulangaké ing pirang-pirang negara. Nganti tekan titiwanci dina kalungguhan iki, Injil ginelar ing jagad, lan pasamuwan saya ngrembaka.

SAPA PEPADHAKU IKU ?

Ing sawijining dina ana ahli Torèt ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yésus, aturé: “ Guru punapa ingkang kedah kula lampahi supados kawula angsal gesang langgeng?” Paring wangsulané Gusti Yésus: “ Kang katulisan ing Torèt kepriyé? Apa kang kok waca ing kono? Atur wangsulané wong iku:” Kowé tresnaa marang Pangéran, Allahmu, klawan gumolonging nyawamu, sarta sakabèhing kakuwatanmu apadéné kalawan gumolonging budime. Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhéwé.” Pangandikané Gusti Yésus marang wong mau: “ Wangsulanmu iku bener, iku lakonana, temah kowé bakal urip.” Nanging sarehné wong mau bakal mbeneraké awaké dhéwé, mulané banjur matur marang Gusti Yésus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”

Paring wangsulané Gusti Yésus: “ Ana wong lumaku mudhun saka ing kutha Yérusalèm menyang ing kutha Yerikho; iku tumiba ing tangané bégal, banjur ora mung diblèjèti baé, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati nuli ditinggal. Kapinujon ana Imam kang liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, terus lumaku baé. Metu ing sabrangé dalan. Mangkono uga wong Lèwi, kang satekané ing kono lan weruh wong mau iya mung liwat baé. Metu ing sabrangé dalan. Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atiné marga saka welasé. Wong mau banjur diparani, tatu-tatuné diperban, sawisé mangkono nuli dikopohlenga lan anggur. Banjur ditunggangaké ing kuldiné digawa menyang ing panginepan sarta dirukti.

Esuké, kang duwé panginepan diwènèhi dhuwit rong dinar, sarta diweling: “Tiyang punika kula aturi mulasara, bab wragadipun langkungipun saking semanten, kula ingkang badhé nglintoni, benjing menawi kula wangsul.” Lah manut panemumu, wong telu iku sing endi sing dadi pepadhané wong sing dibégal mau?” Atur wangsulané:” Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika.” Pangandikané Gusti Yésus: “ Wis mundura, lan nglakonana mangkono uga !” ( Lukas l0: 25-37 )

Sawisé murid pitung puluh bali sowan Gusti sawisé anggelar Injil saperlu ngaturaké palapuran, Gusti Yésus ditètèr, dicoba déning wong ahli Torèt. Wong mau ngajokaké pitakonan marang Gusti. Katon olèhé ngati ati, pitakonané isih nyata yèn dhedhasar angger-angger. Mulané Gusti Yésus uga paring wangsulan kang salaras. Saupama anggoné matur pitakon kanthi kasar lan éronis, Gusti uga bakal paring pangandikan kang tandhes lan tegas. Mulané Gusti banjur balik takon, ndangu marang kang matur. Gusti ngersakaké wangsulané wong mau supaya kanthi dhasar Torèt uga. Kaya nalika ngaturaké pitakon kanthi urmat, sawisé didangu olèhe matur uga kanthi becik. Aturé marang Gusti Yésus, nalika didangu bab isining Torèt, wong mau matur: “Sira tresnaa marang Yéhuwah Allahmu diklawan gumolonging atimu, jiwamu lan saranduning kekuwatan lan akal budimu. – Tresnaa marang pepadhamu dikaya marang awakira dhéwé.” Gusti paring pangandikan: “ Kandhamu kuwi bener banget, lan yèn kuwi kok lakoni, kowé bakal urip.”

Wong ahli Torèt iku uga ngrumangsani yèn dhèwèké ora bakal bisa nglakoni tresna kang semono jeroné, lan uga ngrumangsani menawa ora duwé hak nampa kauripan. Amarga anggoné ora bisa laku tresna sejati mau. Pancèn, kawruh bab ngelmu agama, bisa nukulaké iman keyakinan nanging durung karuhan bisa nguwohaké kaayemaning ati, merga kawruh mau. Pangkat utawa title kasarjanan, kaya sing akèh disandhang déning uwong ing jaman iki, kalebu title kasarjanan theologia, bisa ngrembakakaké wawasan, sarta nyinau Torèt ( kaya jaman saiki yèn nyinau Injil ), lan kasil ngwasani ngelmu Injil upamané, nanging kuwi kabèh ora bisa nanggung keslametan lan uripe dadi bener. Kejaba yèn pancèn bisa nglakoni kanthi sampurna. Sampurna iku tegesé nyrambahi lan tanpa cacat anggoné nindakaké. Sing kaya mangkono mau mokal bisané, lan mokal anané. Ora ana manungsa siji baé kang bisa nglakoni angger-angger kanthi sampurna. Sing bisa mung Putraning Manungsa, Gusti Yésus. (Roma 8: l-3)

Gusti Allah ngarsakaké, supaya manungsa ngrumangsani anggoné bodho tanpa daya ana ing ngarsaNé, yaiku anggoné ora bisa nindakaké dhawuh. Kawuwuhan anggoné manungsa ringkih lan kekuwatané winates. Senajan ana titah manungsa kang katoné sampurna, lagi ngadhepi ngantuk kepéngin turu baé, ora ana sing kuwawa nahan satemah mesthi keturon. Nahan ngantuk baé ora ana sing kuwat. Gusti Allah ngarsakaké supaya umat manungsa ngrumangsani kahanané kang ringkih.

Ahli Torèt mau, ngerti yèn angger-angger sing gedhé iku nresnani Gusti Allah. Nanging anggoné matur miterang marang Gusti Yésus ora bab angger-angger kang gedhé dhéwé mau, nanging banjur pitakon angger-angger kang padha perluné, nanging isih gegandhengan karo titah manungsa. Ora wani pitakon bab “ Sapa lan kaya ngapa Gusti Allah iku !” - Pitakonané: “ Sesami kawula menika sinten Gusti ?” Kang mangkono mau saka anggoné kepéngin nggayuh urip langgeng. Gusti Sang Guru agung, ora banjur nerangaké kanthi walaka, nanging banjur ngendikakaké pasemon. Pasemon Wong Samaria kang ambeg welasan.” Pangandikané Gusti Yésus: Ana wong Yahudi lelungan saka Yérusalèm menyang Yerikho. Wong mau dirampog nganti bandhané kabèh diblèjèti, dalasan penganggoné pisan. Malah dipilara, nandhang tatu. Banjur ditinggal klepat ing kahanan kang meh sekarat. Nyata wong sing dadi kurban iku mbutuhaké pitulungan. Pancèn wis ditata déning Gusti Allah kanggo nguji manungsa.

Kang sepisanan, ana sing liwat kono. Malah sawijining Imam, sing ayahané mimpin pangibadah. Sejatiné Imam mau kauji, gelem tulung apa ora. Nalika sang Imam mau weruh kurban rampog iku, sejatiné lagi kauji, tulung apa ora. Kanthi alesan lan pawadan rupa-rupa, sang Imam nyimpang, ora mènèhi pitulungan. Senajan apa baé kang dadi pawadan lan alesané, katoné pancèn bener. Nanging, watak ora mreduli marang pepadha iku kang angèl olèh pangapura. Luwih luwih sing dirampog mau uga bangsa Yahudi, sang Imam pancèn duwé kewajiban mènèhi pitulungan, amarga kalenggahané Imam. Imam duwé kewajiban nggatekaké lan nulungi umat kanthi rekadaya apa baé. Apa baé kang katindakaké kudu bisa diconto. Mula sejatiné sang Imam wus nerak paugeraning agama, malah nyimpangi lan ngendhani tanggung jawab.

Sabanjuré ana sing liwat manèh, dhèwèké wong Lèwi. Suku turun Yakub, kang kapilih leladi ing padaleman Suci, yaiku suku Lèwi. Ora béda karo sang Imam, sejatiné wong Lèwi nyandhang ayahan mulya, ngopèni lan nulungi bot repoting bangsa. Ing antarané wong Lèwi lan para Imam, padha-padha duwé ayahan agama.

Sajroning atiné thukul rasa trenyuh. Nanging ora kabuktèn ing laku. Wong Lèwi uga ora nulungi sing lagi sengsara. Wong Lèwi mau uga nyimpangi, nyingkiri ayahan luhur iku. Sejatiné iku ingaran nerak angger angger, ngéndhani tanggung jawab uga. Imam lan wong Lèwi kuwi, sejatiné ngerti marang préntahing angger-angger Torèt, yaiku supaya asung pitulungan kang merlokaké. Sakaroné ngerti marang dhawuhing Agama, nanging ora dilakoni. Ora tumandang mitulungi sing sengsara. Apa dupèh wis ngayahi kewajiban ritual ngabekti marang Gusti Allah lan wis nindakaké kewajiban agamawi? Apa merga wis rumangsa gawé lelabuhan becik tumrap manungsa? Utawa, apa sakaroné mikir menawa wong sing nemu sengsara kuwi dianggep wis cedhak pati lan ora perlu ditulungi? Banjur ana ngendi dununging katresnan?

Pancèn upama sing dadi kurban rampok mau tekan pati ana tangané wong loro mau, ngyakini yèn bakal dadi najis. Amarga si kurban mau wong Samaria sing dianggep mungsuh lan njalari najis. Mesthiné bakal nyandhungi lan dadi cacat memalangi enggoné dadi Imam, semono wong Lèwi sing nyangga ayahan Bait Allah. Pancèn tumindak mau cengkah karo dhawuhing Allah kang tinulis ing kitab Hoséa 6:6 kang ngendikakaké menawa: Sing dikersakaké déning Gusti Allah iku welas asih lan tresna, dudu kurban bakaran. Wong Lèwi uga klèru menawa anggoné ora tetulung amarga niru marang Imam sing luwih disik liwat kono iya ora nulungi.

Sang Kristus ngluputaké Sang Imam lan Wong Lèwi, sepisan merga enggoné padha ora tetulung marang liyan, déné kaluputan kang kapindho, olèhe padha gagal ora bisa nglakoni kabecikan lan kayektèn. Masyarakat umum uga bakal ngluputaké Sang Imam lan Wong Lèwi, ora mung anggoné ora nulungi liyan sarta ora bisa laku becik, nanging dadi luput ing masyarakat anggoné ora mreduli marang pasambating wong liya kang nedhengé nandhang sengsara.Ora cocok karo dhawuhé kitab Torèt.

Banjur ana wong kang liwat, yaiku Wong Samaria. Wong Samaria kaanggep rèmèh déning wong Yahudi. Dianggep sumbering najis lan dianggep wong dosa. Sejatiné sing dadi kurbaning rampok mau wong sing dimungsuhi. Dicedhaki wong Samariai mau upama ora kelaran merga karampok mesthi bakal diidone lan bakal disingkang ditundhung merga kaanggep najis. Jijik lan rèmèh.

Mesthiné wong Samaria mau ya nyipati mitrané kurban wong-wong Yahudi kang liwat sadurungé, anggoné padha ora gelem tetulung. Sajroning krasa rumangsa mangkono, wong Samaria mau kelingan marang dhawuhing Allah supaya ngasihi pepadhaning urip. Dhawuh ngasihi marang pepadha kuwi diwulangaké ing sajroning kitabe Nabi Musa limang kitab pisan. Wong Samaria iya ngerti piwulang kuwi ( Kaimamam l9: l5). Wong Samaria mau banjur awèh pitulungan. Nah ing kene cocok karo piwulangé Gusti Yésus, menawa sing kawitan bakal dadi kang pungkasan, déné kang pungkasan bakal dadi kang kawitan.

Wong Samaria mau banjur mandheg lan tetulung. Nambani tatu-tatuné, sing dadi kurban diunggahaké menyang kuldiné, digawa menyang panginepan sing sejatiné isih adoh, sadawaning laku diopèni lan diayomi. Ana ing panginepan kono, wong Samaria mau mbayar pengaji reganing nyambut gawé rong dina, marang wong kang ngrawat sang kurban. Ing mengkoné bakal teka manèh, bakal nambahi bayaré upama ana kurangé. Wong Samaria mau mratélakaké tanggung jawabé olèhé ngasihi pepadha, nglakoni kang kadhawuhaké déning Gusti Allah cocok piwulanging Torèt.”

Mungkasi piwulangé kang dhapur pasemon mau, Gusti Yésus ndangu pitakon marang ahlining agama mau: “ Antarané wong telu iku endi sing ngasihi pepadhané?” Atur wangsulané sang ahli agama mau krasa yèn miring. Aturé, sing ngasihi pepadha ya sing bisa nandukaké welas asih. Yèn ora merga olèhe njaga harga dhiri Yahudiné, kuduné caos wangsulan yèn sing bisa ngasihi pepadha iku “ wong Samaria !” Ngono kuduné. Nanging wangsulané ora ngeblak. Gusti ngendika: “Terusna lakumu, lan lakonana kang kaya iku.” Pancèn wulangé Gusti uga bab tresna kuwi sing utama. Urip iki kudu mratélakaké kabecikan marang saben uwong. Ngasihi marang saben uwong. Malah ana piwulangé Gusti, wong Kristen kudu nresnani marang mungsuh uga.

Ing wulang pasemon iku, Gusti Yésus ora kagungan karsa memuji wong Samaria, utawa sengaja bakal gawé tatu atiné ahli agama. Ora babar pisan. Nanging wigatiné bakal ngendikakaké bab ngasihi iku. Senajan wong kang ngrasuk agama béda, yèn nyatané bisa nglakoni sih katresnan tulus marang pepadhané, kuwi luwih mulya yèn katandhing karo ahlining agama kondhang kang ora nglakoni parentahing Pangéran. Semono uga, ahli agama mau kuduné ya wus ngerti yèn saben uwong iku pepadhané. Sejatiné ora perlu takon: “ Sinten sesami kawula punika?” – Sing jeneng ahli agama kuduné ngerti yèn kabèh uwong iku pepadhaning urip, padha-padha titahing Pangéran Allah. Kanthi tulus ditresnani kaya marang awaké dhéwé. Kabèh lawan srawung silaturahmi kita. Kabèh wong kang durung tau diwanuhi. Saben uwong kang ditemoni, kuwi kabèh pepadhaning urip. Ora perlu mbédak-bédakaké.

Ajining pangibadah ora merga anggoné katon nglakoni saréngating agama. Iku mung sacara tata lair. Nanging kudu kabuktèn ing uwohing tresna lan kawelasan. Akèh para ahlining agama kang malah nerak angger-angger, amarga ngutamakaké nglakoni tata carané ing tata lair kang kasat mripat, nanging nyingkur marang laku bener, yaiku: nresnani sapepadhaning urip dikaya marang awaké dhéwé. Bab iki malah ora dilakoni déning ahli agama lan wong Yahudi Farisi. Ibadahe bakal bakal muspra dadi mubazir Najan ora katut dadi para sing tugas ngayahi pakaryan kang rohani wong Samaria kang ambeg welasan mau, tumindaké tinarima dadi ibadah kang sejati déning Gusti Allah.

Ing wulang dhapur pasemon iki, Gusti Yésus paring paugeran, yèn ngrasuk agama iku landhesané sih katresnan. Gusti Yésus kayadéné nggempur tembok pepalang kang misahaké antarané golongan lan golongan liyané. Katresnan iku pangiket sacara rohani, kudu ana ing antarané para pangrasuk agama. Béda béda wujuding tata lair nanging ana pangikete yaiku iman tulus lan sih katresnan kang padha. Yèn ana béda bédaning pamikir lan tatacara, aja nganti njalari pisahing paseduluran kang tulus. Kayektèn utawa bebener, lan sejatining bebener iku siji. Piwulang lan ajaran model kepriyé baé, tujuan utamané siji, nuntun umat manungsa ngabekti marang Gusti Allah.

Marta Lan Maryam Ngurmati Gusti Yésus

Kacarita, anggoné padha lumaku andhèrèkaké Gusti Yésus tekan ing sawijining désa ana ing kono Panjenengané ditampani déning wong wadon kang aran Martha ana ing omahé. Wong iku duwé sadulur wadon jenengé Maryam. Iku linggih cedhak ana ing sampeyané Gusti lan tansah ngrungokaké pangandikané, déné Martha ibut banget anggoné leladi, mulané banjur marek sarta munjuk: “ Gusti, punapa Paduka mboten nggalih, bilih sadhèrèk kawula metelaken kawula lelados piyambak?” Mila mugi Paduka dhawuhi ngréncangi kawula.” Nanging Gusti mangsuli, pangandikané: “ Martha, Martha, kowé iku nyumelangaké lan nggrantesaké prakara akèh. Mangka kang perlu iku mung siji: “ Maryam wis milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk saka ing dhèwèké.” (Lukas l0: 38-42).

Tindaké Sang Kristus kadhèrèkaké para sakabat menyang Yérusalèm, anjog ing Bétani. Bétani meh lakon sak jam saka Yérusalèm. Mitra kang banget ditresnani lan uripe saleh, ana ing kono. Martha, Maryam lan Lazarus. Ing kulawarga kuwi, Gusti Yésus ditampa kanthi bungah, kapan baé Gusti lan para sakabat bisa ngaso ana ing omah kono kanthi tentrem lan ayem. Tangga teparo uga padha mèlu ngumpul, saperlu nampa piwulangé Gusti Yésus. Martha lan Maryam banget nggatekaké rawuhé Gusti, senajan carané ora padha. Angger Gusti rawuh ing kono, wong akèh padha ngumpul sowan. Mulané kanggo nyugata tamu-tamu akèh iku, Martha sing tuwa ibut olèhe nyepakaké samubarang kanggo tamuné. Ya dhaharan saanané lan unjukan sapantese kanggo nyuguh tamu tamu sing padha sowan Gusti Yésus sing déning wong akèh dipercaya dadi sumbering piwulang lan mujizat.

Maryam béda karo mbakyuné. Maryam ngerti menawa Gusti Yésus sawijining guru sing ora merlokaké banget bab pasugatan. Lan ora ngersakaké mligi diladèni. Gusti Yésus rena banget ing penggalih lamun wong akèh gelem nggatekaké pangandikané. Piwulangé: Rahayu wong kang luwe lan ngorong marang kayektèn, amarga ya wong iku kang bakal pinaringan leganing ati. Mula saka iku, Maryam tansah sedheku amarikelu ing sacedhaké sampeyané Gusti Yésus. Ora tau ngedoh saka suku. Kaya makili wong sagolongan kang sikep uripé ngutamakaké kang rohani. Ora mentingaké marang bab kang sipate kadonyan. Ora banjur ateges nyingkur kadonyan lan ora butuh prabot bandha donya. Ora mangkono. Maryam dadi gegambaraning umat kang ngutamakaké Gusti Yésus bab Sabda pangndikané. Kang mangkéné iki sejatiné para wong kang jenengé pinilih lan wus katulis ing buku kauripan langgeng. Amarga anggoné luwih ngutamakaké Gusti lan urip kang ngutamakaké sing rohani.

Sing dilakoni Martha uga becik. Kuwi kabecikan. Nanging patrap lakuné Martha, nindakaké kabecikan nganti ngalahaké perluné nggatekaké iman. Becik nanging ora kabèh bener. Sing dilakoni becik, nanging ana kang luwih becik, lan becik dhéwé. Pancèn ana kalané kabecikan iku dadi mungsuhe samubarang kang becik dhéwé. Martha rada séwot, rada ndhongkol karo adhiné. Déné kok mung lungguh baé. Kok ora rewang bot repote olèhe ngopèni lan nyuguh dhayohe. Ngatonaké ulat sing ora sumeh marang Maryam. Malah ngresula, karepe supaya Maryam rewang dhèwèké dhisik lan banjur mengko lungguh, sowan bareng ngangsu piwulangé Sang Guru.

Malah Martha uga nyuwun supaya Gusti kersaa dhawuh marang Maryam, bèn réwang dhisik. “ Maryam kadhawuhana, ngréncangi kula !” Gusti Yésus priksa bab wigatiné kaperluwan jasmani, nanging Gusti kagungan karsa supaya manungsa luwih ngutamakaké anggoné ngrungokaké pangandika-Né.

Dhawuhé marang Martha: “ Kowé sugih rasa sumelang lan gawé repot awakmu dhéwé.” Sing dikarsakaké, menawa repot ibut prekara prekara tatalair, iku presasat kélangan ayem tentrem lan kélangan sukarena, sing sejatiné bisa ginayuh srana ngrungokaké firmané Gusti Allah. Luwih dhisik ngudi kratoning Allah, katimbang nguyak bandha kadonyan. Kuwi yèn manungsa nggayuh katentreman. Lan sikepé Maryam tansah lungguh sedheku ngrungokaké Gusti iku, pilihan sing bener sing ora bisa diganggu déning sapa baé.

WUTA WIWIT LAIR, PULIH BISA NDELENG

Nalika Gusti Yésus langkung, mirsa wong kang wuta wiwit lair mula. Para sakabaté banjur munjuk pitakon marang Panjenengané: “ Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun. Déné ngantos lairipun wuta makaten?” Paring wangsulané Gusti Yésus: “ Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwané, nanging iku supaya pakaryan-pakaryané Gusti Allah kalairna ana ing wong iku. Aku kudu padha nglakoni ayahané Panjenengané kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahé wong ora bisa nglakoni pagawéyan. Sasuwéné Aku ana ing ndonya, Aku dadi pepadhanging jagad.” Sawusé ngandika mangkono, tumuli kecoh ing lemah. Kecoh mau digawé luluhan lemah banjur dileletaké ing mripaté wong kang wuta mau. Banjur dipangandikani: “Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam.” Siloam, tegesé: KANG DIUTUS. Wongé tumuli mangkat lan adus, baliné wis bisa ndeleng. (Yohanès 9: l-7)

Nalika Gusti Yésus tindak ing Yérusalèm ketemu karo wong sing wuta wiwit lair. Para murid matur: “ Sinten ingkang nglampahi dosa, tiyang ingkang wuta menika piyambak menapa tiyang sepuhipun? Saéngga linairaken wuta?” - Pangandikané Gusti: “ Kuwi ora ana sing bisa diluputaké. Kabèh mau supaya pakaryaning Allah kalairna marang dhèwèké.” - Iki ditampa déning sing wuta dadi panglipur. Awit guneme wong akèh mesthi nemtokaké sing dosa. Padatan merga dosané wong tuwané. Béda karo sing dingendikakaké Gusti Yésus, nyata luwih gawé tentrem.

Wong wuta mau sadhar lan yakin, menawa Gusti Allah ora nyupèkaké dhèwèké kuwi. Malah urip lan kahanané kaagem déning Gusti Allah kanggo nglairaké tresna lan panguwasané. Sadharing ati kuwi, njalari atiné sing mauné mupus, banjur kathukulan pengarep-arep. Wong wuta mau takon – sapa ta sing lagi pangandikan kuwi? Ana sing mènèhi ngerti: “Yésus, lagi liwat ing kono.” – Atiné kagol, déné wuta njalari ora bisa nyawang Yésus, sing pangandikané gawé tentrem nukulaké pengarep-arep mau.

Wuta, iku pralampitaning pepeteng. Mangka Sang Kristus iku Sang Pepadhang. Mulané Gusti ngendika:” Kudu ngrampungaké pakaryan, samasa dinané isih padhang.” Bab iki ngemu magna, menawa Gusti Yésus kudu mratélakaké panguwasané Allah nglawan pepeteng, si Iblis. Marang para murid, sejatiné Gusti Yésus paring pangertèn, menawa pepeteng kang njalari wuta ing uwong kuwi, bakal adhep-adhepan karo padhang sejati kang ana ing pribadiné Gusti Yésus. Lan Gusti kudu nyingkiraké pepeteng mau.

Gusti Yésus banjur kecoh ing lemah, déné lebu teles kuwi ginawé olèsan, banjur dilèlètaké marang mripaté sing wuta, temah wong kang wiwit lair wus picak kuwi waras lan bisa ndeleng. Yèn tanpa panguwasané Allah, wong cacat wiwit lair mula iku mokal bisané diwarasaké déning dokter lumrah. Sing wuta kadhawuhan raup ing blumbang Siloam. Satemah waluya jati, wis ora wuta manèh.

Menawa Gusti ngagem olèsan lemah kang dikecohi, kuwi anggoné bakal ngetingalaké sesambungan antarané Gusti lan mujizaté. Srana kecohané, ateges katon menawa sumbering kekuwatan iku Gusti kang kecoh iku. ( Kecoh = Mèludah, Ind.). Semono uga, tumrap wong pracaya, kudu setya tuhu lan laku mbangun turut . Wong precaya nanging ora mbangun turut, ora maédahi. Upama ora manut sawisé uwong dadi pracaya, ora bakal katon menawa anduwèni iman kang bener. Wong wuta mau bisa waluya waras, merga duwé iman kang bener lan nglakoni pambangun-turut marang keyakinané. Prinsip loro iki perlu: IMAN lan PAMBANGUN TURUT ( Taat, Ind.). Anané iman ing atiné, mula banjur tumindak marani balumbang Siloam.

Lakuné marani blumbang kepara cepet, mesthiné ana rasa risi ing tlapukaning mripaté, kepengin énggal raup ngresiki rainé. Nanging sajroning atiné kang ana mbangun turut. Taat, utawa pambangun turut mau, maujud ing tumindak “ nglakoni ing Pangandika.” Akèh kang menging, aja nuruti dhawuhé Yésus, yaiku wong Farisi. Merga dina Sabat. Nanging wong mau ora mandheg tekan semono, nanging nglakoni dhawuhé Sang Kristus nganti tuntas tekan balumbang. Sawisé reresik, lan banjur pulih dadi waras, dhèwèké bali menyang papan nalika Gusti Yésus damel kecohan. Nanging Gusti wus ora ana, lan wong liyané uga ora ngerti menyang endi tindaké.

Mujizat iki, cèples lan tepat banget dadi lambang kawilujengan langgeng. Lair wis wuta, diyakini déning wong Yahudi, menawa anak kalairaké sajroning dosa. Nanging kaparingan déning Gusti Yésus sacara jasmaniah bisa ndeleng manèh. Sejatiné ana peparing kang luwih aji, yaiku srana IMAN lan PAMBANGUN TURUT, Gusti maringi mripat rohani marang wong pracaya. Supaya bisa nyawang kamulyaning Allah. Tangga teparo uga gumun weruh wong mau waras bisa ndeleng. Celathuné: “ Lho, dhèwèké kuwi rak sing padatan lungguh karo pepriman kaé ta !” – Ana sing guneman, jaré mung madha rupa. Ana sing kandha jaré mung mèmper-mèmper sethithik. Nanging sing wus mari saka anggoné wuta mau kandha: Iki aku, pancèn aku sing wuta.”

Wong wong padha pitakon, kepriyé déné bisa waras pulih bisa ndeleng? Sing waras saka wuta mau banjur nyaritakaké kepriyé wong sing asma Yésus kuwi nambani. Lan saiki ana ngendi? Ditakoni déning mangkono mau, wangsulané: Aku ora ngerti ( Yoh 9: 8-l2).

Wong wuta mau kasarasaké déning Gusti Yésus nedhengé dina Sabat, dina pangasoan ing agama Yahudi. Mula wong Farisi lan Yahudi nesu banget, nalika wong mau olèh kewarasan ing dina Sabat, merga dina pangasoan iku ora kena kanggo makarya, ora kena aktif, ora kena giat apa baé. Gusti Yésus uga bakal diluputaké déning wong Farisi, amarga nulungi marasaké wong wuta ing dina Sabat. Dina Sabat kuwi ora kena kanggo nggarap apa baé. Nyata yèn wong Yahudi lan wong Farisi babar pisan ora ngerti, menawa Gusti Yésus iku ratuning Dina Sabat. Para pinituwa Yahudi wus nandhesaké menawa sing sapa ngakoni lan precaya Manawa Yésus iku Sang Kristus, yaiku Sang Mésias, bakal dibuwang saka pasrawungan Yahudi. Ora kena mlebu ing Bait Suci lan haké ilang. Déné uripé bakal kepencil ijèn, kabuwang saka pasrawungan.

Wong sing waras mau ora bisa ketemu Sang Kristus, mula banjur mulih. Kepéngin nyawang kang sepisnanan marang wong tuwané lan para tanggané, sing wiwit cilik pancèn durung tau diweruhi merga lair wis wuta. Iba suka bungahé wong iku. Bisa ndeleng, pasuryané isi pengarep-arep. Nanging ana uga kang ora kenal marang dhèwèké, amarga bareng wis waras tindak tanduk salagané pancèn béda. Malah ana pawarta rena-rena. Ana sing ngandhakaké yèn anggoné wuta reka-reka. Ana sing kandha jare wong kuwi mung mirip sing picak lan ngemis kaé. Ana sing kandha warase merga apus-apus, kayadéné kekuwatan sihir baé.

Merga anané seling surup bédaning pawarta kuwi, dhèwèké paseksi: “ Iki aku, pancèn aku sing piucak wiwit lair kuwi !” – Déné nalika ora bisa nuduhaké ana ngendi Gusti Yésus sing paring waras, dhèwèké mung kandha: “ Aku ora ngerti.” Senajan sejatiné ngudi bisa ketemu karo Gusti Yésus.

Wong kang mauné wuta mau banjur diirit menyang ngarsané para wong Parisi. Anadéné anggoné Gusti Yésus damel luluhan lemah lan ngelekaké mripate wong wuta mau pinuju dina Sabat. Para wong Farisi tumuli iya ndangu marang wong mau, kepriyé bisané melèk. Aturé kang kadangu: “Mripat kula dipun leleti luluhan siti, kula lajeng adus, samangké kula saged ningali.”

Sawenèhing para wong Farisi mau, tumuli ngandika:” Wong kaé ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyané ana kang padha ngandika:” Wong kang nandhang dosa kepriyé bisané gawé mujizat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diya diniya, para wong Farisi banjur padha ngandika manèh marang wong kang mauné wuta iku: “ Panganggepmu marang wong iku kepriyé, rèhné kowé kang dielèkaké mripatmu?” Aturé kang didangu:”Panjenenganipun menika Nabi.”

Anadéné wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yèn dhèwèké mau wuta lan lagi baé bisa ndeleng manèh, nganti padha nimbali wong tuwané sarta didangu: “ Apa iki anakmu kang kok kandhakaké yèn wuta wiwit lair mula iku? Yèn mangkono kepriyé déné kok saiki bisa ndeleng?” Wangsulané wong tuwané mau:” Kula samu sumerep bilih punika anak kula. Saha wuta wiwit lair mila, nanging kados pundi sapunika saged ningali, kula sami mboten sumerep utawi sinten ingkang ngelèkaken mripatipun, kula inggih sami mboten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saged ngaturaken prakawis badanipun piyambak.”

Aturé wong tuwané kang kaya mangkono iku awit padha marang wong Yahudi. Marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengané iku Sang Kristus, bakal disébrataké. Mulané wong tuwané mau padha matur: “ Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak.” Wong kang mauné wuta iku banjur diundang kang kaping pindhoné, sarta diaturi: “ Kowé ngurmatana Allah, aku padha sumurup menawa kae wong dosa.”

Wangsulané wong mau:” Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula mboten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangertosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saged ningali.” Patakoné manèh:”Kowé dikapakaké? Anggoné ngelekaké mripatmu kepriyé patrape?” Wangsulané wong mau: ” Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan mboten midhangetaken. Punapaa déné panjenengan badhé midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kepéngin dados muridipun?” Wong mau tumuli dipisuhi, pangucapé: “Kowé iku muridé, nanging aku kabèh iki murid-muridé Nabi Musa. Aku padha sumurup yèn Gusti Allah wus ndhawuhaké pangandika marang Nabi Musa. Nanging mungguh wong kae aku padha ora weruh pinangkané.”

Wong mau tumuli mangsuli:” Lah, punika rak anèh, déné panjenengan malah mboten sami mirsa pinangkanipun. Mangka panjenenganipun sampun ngelèkaken mripat kula. Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi mboten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani. Salaminipun dereng naté kapireng bilih wonten tiyang ingkang saged ngelèkaken mripataipun tiyang wuta lair mila. Tiyang punika menawi mboten saking Allah, mesthi mboten saged nindakaken punapa-punapa.” Wangsulané wong-wong iku:” Kowé iku kalairaké sajroning dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung. (Yohanès 9: l3-34).

Gusti Yésus didakwa nylewengaké angger-angger, yaiku ora ngurmati Sabat. Dianggep nglawan Torèt Nabi Musa. Sing sapa fanatik marang pranatan agama, angèl bisané ketemu lan ngerti sapa sejatiné Gusti Yésus iku. Mulané wong wuta sing diwarasaké malah digawa menyang pengadilané para Pinituwa pimpinan agama Yahudi.

Wong mau ditakoni, sapa lan kepriyé bisané ndeleng waras enggoné picak. Wongé ngaku. Ngerti yèn sing nulungi lan gawé mujizat kuwi Gusti Yésus, sing sejatiné dirancang bakal dicekel lan disédani déning para ulama Yahudi. Ngerti mangkono njalari bingungé, apa kang bakal dilakoni sabanjure. Yèn ngluputaké Yésus merga nglanggar Sabat, nanging mujizaté dipercaya wong akèh. Sejatiné malah saya akèh sing sowan ndhèrèk Gusti Yésus.

Déné menawa ngakoni mujizat sing didamel Gusti Yésus, pandakwa bab nglanggar Sabat dadi gugur. Sekawit ngakoni mujizaté Gusti, nanging campur adhuk karo nuduh yèn Gusti nglanggar Sabat. Mulané penakon bab mujizat dadi rada miring. Manut keterangané para ahli kitab kuwi, mujizat kuwi kadadéyan merga dina Sabat, ora merga Yésus. Déné Yésus dianggep tetep nglanggar dina Sabat. Manut para Farisi, Gusti Yésus tetep diarani ora asal swarga, nanging teka saka panguwasané Sétan. Ana ing parepatan, uga akèh para ulama sing nulak penemu kuwi. Alesané: “ Kepriyé bisané kelakon, yèn wong luput utawa wong dosa kang asal saka Sétan bisa gawé kaélokan mujizat kaya mengkono?” Amarga ana prabédaning penemu, banjur ana owah-owahan bab rancangan operasional, enggoné bakal nyilakakaké Gusti Yésus. Ganti slaga, nuduh Gusti Yésus nindakaké apus-krama. Beciké kudu bisa meksa wong sing diwarasaké lan wong tuwané, supaya gawé paseksi nyélaki lan ora ngakoni mujizat kang katindakaké déning Gusti Yésus. Nanging kuwi gagal, amarga wong sing kawarasaké mau, mung duwé paseksi sawiji, yaiku: “ Saprakara sing aku ngerti, yaiku mauné aku picak, lan saiki aku bisa ndeleng.” Tembung mangkono iku dadi paseksi tumrap para wong kang olèh pitulungan saka Gusti Yésus. Ora bisa gawé paseksi goroh liyané. Kuwi merga anané pracaya marang keslametan peparingé Gusti Yésus lantaran iman marang Gusti

Para pinisepuh Yahudi takon manèh marang wong wuta kang wus diwarasaké déning Gusti Yésus manèh, bab sapa sing marasaké. Wangsulané sing wis kawarasaké mau: “ Kula sampun matur dhateng panjenengan, sarta panjenengan mboten karsa midhangetaken. Kangge menapa kula matur malih lan panjenengan badhé mirengaken malih, kangge menapa? Menapa panjenengan inggih badhé manjing dados muridipun?”

Ditakoni mangkono déning wong sing waras wutané mau, para pinisepuh mau dadi nesu, muring-muring. Malah sesumbar merga bombong luwih mongkokg dadi muridé Nabi Musa, katimbang dadi muridé wong Galélia sing babar pisan ora kondhang kuwi. “ Kowé kena laknat,” malah nyupatani, merga enggoné pracaya lan ngaku menawa Yésus iku Nabi. Karo ngritik, jarené Gusti Yésus ora cetha asal-usule. Pancèn anèh, sejatiné asal usule Gusti Yésus iku nyata, saka ing Allah, merga mujizat mujizat kang katindakaké dadi titikané. Yèn ora asala saka Gusti Allah, ora bisa nindakaké kang mangkono.

Wong iku malah ngelingaké marang para pinituwa, menawa sadurungé ora tau ana wong kang bisa nambani bisa melèk manèh wong wuta wiwit lair. Uga gawé pratélan kang teguh lan keras bab Gusti Yésus kang diimani. Kanthi matur:” Aku saiki sadhar lan dadi ngerti menawa Gusti Allah ora miyarsakaké wong dosa. Nanging midhangetaké sapa baé kang ngabekti marang Panjenengané. Marang saben wong kang nglakoni karsa-Né, Gusti Allah miyarsakaké ….” Para wong Farisi mau banjur ngucap semu kagol atiné: “ Kowé sing nyata lair sajroning dosa, arep mulang marang aku kabèh ?”

Runtik atiné, para pinituwa mau netepaké wong kang lagi waras saka enggoné wuta mau, dipalangi yèn mlebu dalem pamujan, dipencilaké.

Gusti Yésus mireng menawa wong kang mauné wuta mau wus katundhung. Bareng Panjenengané kepranggul wong mau banjur dipangandikani: “ Apa kowé pracaya marang Putraning Manungsa?” Unjuké:” Sinten punika Gusti, supados kawula pitados dhateng Panjenenganipun?” Pangandikané Gusti Yésus:” Kowé ora mung wus weruh Panjenengané baé, nanging Panjenengané kang lagi sapocapan karo kowé, yaiku Panjenengané.” Kang kapangandikanan munjuk:” Kawula pitados Gusti.” Dhèwèké banjur sumungkem sujud marang Gusti Yésus. ( Yoh 9: 35-38 )

Sawisé ditundhung saka dalem pamujan lan dipencilaké, Gusti Yésus manggihi dhèwèké lan ndangu: “ Apa kowé pracaya marang Putraning Manungsa?” Gusti Yésus ora ngagem istilah dadi Putraning Allah lamun ngadhepi para wong kang duwé pikiran hikmat. Gusti priksa wong miskin kuwi wus teguh sajroning atiné. Mula aturé wong kuwi marang Gusti: “ Putraning Manungsa menika sinten bandara, supados kula pitados dhateng Panjenenganipun?” Paring pangandikané Gusti: “ Kowé wus nyawang Panjenengané, kang saiki wawan gunem karo kowé.” Aturé: “Gusti, kula pitados.”

Iba aboté gawé atur kaya kuwi, ingatasé wong Yahudi kuwi wus nampa wulang kanthi fanatik menawa Gusti Allah iku esa, lan ora peputra. Mangka ingarepé ana pangandikan paseksi menawa iku Putraning Allah? – Ing kono katon panguwaose Sang Kristus. Wong mau ngadhepi pilihan loro. Sujud marang Gusti Yésus, apa lunga nulak panjenengané. Yèn ora ngakoni menawa Gusti Yésus iku Allah piyambak, ateges gawé dosa goroh, amarga ingarep ngakoni panguwasané. Lan wis ngakoni menawa Gusti Yésus iku Nabi. Lan pungkasané kudu nyembah Sujud ing sampeyané, lan ngakono sarta pracaya Manawa Gusti Yésus iku Putraning Allah. Mangkono iku yèn bakal ngurmati kamulyané Gusti Yésus, Panjenengané luwih agung kabandhing para Nabi sing endi baé, malaékat utawa ratu sing endi baé. Panjenengané luwih agung luwih mulya ing kasucèn lan panguwasané gedhé. Pancèn ora gampang, yèn ta wong Yahudi gawé pengaku utawa paseksi kaya iku mau.

Sejatiné, nalika paseksi mau kapratelakaké, ya ing kono wong kang mauné wuta jasmani lan wis diwarasaké mau, banjur dadi waras uga sacara rohani, merga imané. Bisa weruh menawa Yésus asal Nazaret putra Maryam iku, sejatiné Putraning Allah Kang Mahaluhur. Iya Sabdaning Allah kang manjalma dadi insan sampurna, jumeneng Juru Wilujeng. Yaiku Sang Mésias, Sang Kristus. Sing wis wiwit jaman kuna kaweca déning para Nabi bab bakal rawuhé ing jagad, nggolèki ménda kang ketriwal, dislametaké.

Wong cilik kang katundhung kausir déning pemimpin pemimpin agama Yahudi, nanging olèh berkah saka Sang Kristus, nampa kawilujengan langgeng.Ganti olèh mitra kang nebus dosané, kang nyawisi papan kaswargan ing tembé. Lelakoné kinurmatan sinebut ing kitab salawase. Banjur leladi marang Gustiné, kanthi anggelar kabar kabungahan bab Sang Kristus kang ngasta pangapuraning dosané para umat kang mratobat. Nerangaké marang pepadhané, kena ngapa dhèwèké wani nampa Gusti Yésus. Dhèwèké paseksi kanthi kabungahan, ngaturaké panuwun. Anggoné kalairaké picak wiwit lair mula, dadi papan nyimpen berkahing Allah maringi urip langgeng.

GUSTI YÉSUS IKU PANGON KANG UTAMA

Pangandikané Gusti Yésus:” Tekaku ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng, padha bisa ndeleng. Lan kang ndeleng padha dadia wuta. Pangandika iku keprungu déning wong Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong iku tumuli padha munjuk: “ Kula menika punapa inggih sami wuta?” Pangandikané Gusti Yésus: “ Manawa kowé wutaa, mesthi padha ora duwé dosa. Nanging sarèhné saiki kowé padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu.” ( Yohanès bab 9: 39-41 )

Para pinituwa Yahudi nglawan Gusti Yésus, sawisé Gusti marasaké wong kang wuta wiwit lair kuwi. Malah para pnituwa mau nyrengeni lan nesoni wong mau. Mangka sejatiné kewajibané Pinituwa kudu ngopèni wong kang kesrakat kaya wong wuta wiwit lair iku. Kuwi sing jeneng angon. Adeging dadi Pinituwa, momong lan ngayomi. Nanging ora mangkono para Pinituwa Yahudi. Malah nesu merga ana sing ngopèni wong wuta kanthi sih tulus. Mulané Gusti Yésus mastani sikeping para Pinituwa mau, senajan duwé kewajiban angon, nanging kelakuané kaya déné “ maling lan ngrampok “ – amarga ora gelem angon. Metu lan mlebuné ing kandhang ora metu lawang lan ora ngopèni para wedhuse. Luwih saka iku, sapa baé kang dadi pangon, anggoné ngopèni lan angon para wedhus, kudu liwat dalan kang wus katemtokaké déning Gusti Allah. Yaiku manunggal karo Sang Kristus piyambak. Kuwi katemtuané Gusti Allah. Mula wiwit jaman Adam Gusti Allah Yéhuwah wus prasetya anggoné bakal paring Sang Mésias. Pangon iku kudu nyawiji ana ing Sang Mesih, Sang Mésias, iya Sang Kristus Yésus iku.

Pangon Kang Utama

“Satemen-temené pituturku marang kowé: Sapa kang mlebu ing kandhang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampok; balik kang lumebuné metu ing lawang, iku pangoné wedhus. Iku kang diwengani déning kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingaké swarané lan dhèwèké tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenengé dhéwé-dhéwé sarta banjur digiring metu. Menawa wedhuse iku wus diwetokaké kabèh, dhèwèké lumaku ing ngarep lan wedhuse padha ngetut buri, merga wedhus-wedhus mau niteni swarané. Nanging wong liya mesthi ora ditutburi, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora wanuh marang swarané wong-wong liyané.”

Pasemon iku dipangandikakaké déning Gusti Yésus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngerti tegesé pangandika iku. Gusti Yésus tumuli ngandika manèh:”Satemen-temené pituturku marang kowé: Iya Aku iki lawangé wedhus-wedhus iku. Sakèhé wong kang tekané sadurungé Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku ora padha ngrungokaké marang wong-wong iku. Aku iki lawangé: Sapa kang lumebuné metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apa déné bakal nemu pangonan. Maling iku tekané mung arep nyolong lan nyembelèh sarta nyirnakaké: Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwé urip kanthi kalubèran. Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané kanggo wedhus-wedhusé.” ( Yohanès l0: l-l1 )

Kosok baliné, para pangon palsu mau ibaraté pangon kang liwat dalan liya sing dudu dalan katemtuané Gusti Allah, mung anggoné mélik supaya olèh pangkat Sang Pangon. Sinebut pemimpin nanging ora mimpin lan ora ngayomi, malah nasaraké para wedhusé sing kuduné diengon. Kanthi cara manéka warna, nggayuh kalenggahan dadi imam, ngaku dadi pemimpin merga warisan turun tumurun saka Abraham lan Yakub. Cara apa baé dianggep halal, angger bisa nggayuh olèh kalenggahan, gawé pengaruh, akal-akalan lan yèn perlu nyogok kanthi suap. Yèn perlu kanthi peksan, sing sapa nglawan nampa pidana kekerasan. Jaman kuna, Imam Harun wis paring wulang, yèn Gusti Allah bakal paring panuntun. Bakal paring dalan amrih umat manungsa olèh keslametan. Manut miturut ing dhawuhing Allah. Déné dhawuhing Allah iku antara liya, nemtokaké lawang kanggo dalaning kauripan langgeng. Umat kudu kagiring mlebu saka lawang peparingé Gusti Allah iku.

Nah, menawa para pinituwa mau rumangsa marisi kalenggahan Harun lan Nabi Musa, sejatiné kudu manut “ dadi pangon “ kudu ngliwati lawang sing bener, sajroning mimpin umat bakal ngabekti mring Gusti Allah. Yaiku kudu liwat Sang Kristus. Apa kauntungané, menawa para pinituwa Yahudi anggoné nuntun bangsané ora metu dalan Sang Kristus? Ora ana. Amarga sing sapa mlebu utawa metu ora liwat dalan, kuwi dianggep maling lan rampog. Yèn Gusti Yésus iku ngendika: “ Aku iki dalané” - kuwi duwé teges, ora ana pemimpin umat utawa sang guru kang bakal bener tuntunan lan wulangané lamun ora ngliwati dalan Sang Kristus. Lawangé para pangon, uga dadi lawang mlebu metuné para wedhus kang diengon, yaiku wong kang padha pracaya marang Gusti Yésus Kristus.

Para pangon nunggal karo Sang Roh Suci, kang amung ana ing Sang Kristus. Ora ana pangon utawa pemimpin bisa gawé “ ati marem “ tumrap para sing diengon tanpa tetunggilan karo Sang Roh Suci. Sing sapa ora nunggal karo Lawang Sejati, ateges uga ora bakal nampa kabisan lan kekuwatan saka Sang Roh Suci. Apa bisa mènèhi pangan wedhuse? Mesthi ora. Sabab ora ngemungaké isining weteng lan kaperluwaning badan, nanging utamané bab kang rohani, asale saka Sang Roh Suci. Semono uga kawibawan lan kaagungané Gusti Yésus, bisané katon maujud uga kedayan déning pakaryané Sang Roh Suci. Sang Roh Suci iku ana ing Sang Kristus. Yèn mangkono sumber kekuwatan suci iku, asale amung saka Gusti Yésus. Ingaran kakiyatan saka ing Gusti Allah. Daya kwasa lan kakuwatan kang asalé ora saka Gusti pinasthi kuwi saka si antikristus.

“ Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané kanggo wedhus-wedhuse.” ( Yohanès l0: ll ).

Gusti Yésus ngibarataké dhiri pribadiné kadidéné pangon kang becik sejati. Kang utama. Ana ing Kitab Mazmur Nabi Dawud, dingendikakaké: “ Dhuh Juru Pangenipun Banisrael, mugi karsaa midhangetaken. Paduka ingkang nggiring Bani Yusuf kados pepanthan ménda, Paduka ingkang nitih kerub-kerub, mugi karsaa ngetingalaken cahya Paduka. ( Mazmur 80: 2 ).

Ing Kitabe Nabi Yésaya ana pangandikan: “Kayadéné pangon Panjenengané anggoné ngengen pepanthané, sarta iku padha diklempakaké klawan astané, cempéné padha dipangku, embokné padha katuntun klawan ngatos-atos. ( Yésaya 40: 11).

Ana Mazmur kang endah banget bab Sang Pangon: “ Sang Yéhuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa. Aku diplegungaké ana ing pangonan kang akèh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem, nyawaku diayemaké, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmané.” ( Maz 23 ).

Pangon Kang Sejati mlégungaké, tegesé: Nganthi lan ngayomi, ngopèni lan paring slamet sarta nyukupi kaperluwané sing diengon. Pakaryaning pangon dudu garapan sing gampang. Amarga Sang pangon kudu wani ngadhepi bebaya kang ngancam kaslametané para wedhus kang diengon. Kalamangsané kudu nglawan kewan galak kang bakal mangsa si wedhus. Bakal ngorbanaké nyawané demi slameté para kagungané.

Balik pangon kang sinebut kaya déné maling lan rampok, tumindaké pancèn tansah njalari pepati, maling lan ngrampok. Pangon bayaran, ora bakal mbélani para wedhus sing diengon tekan ngorbanaké uripe kanggo mbélani para wedhuse. Yèn ana bebaya, wedhuse ditinggal mlayu, merga wedi marang bebaya kewan galak. Yaiku si Sétan Iblis. Satemah wedhuse pating blesar, ora dipreduli manèh.

Gusti Yésus Pangon Kang Utama. Wus maringaké nyawané kanggo mbélani para ménda kagungané. Séda sinalib ing Golgota. Nebus dosaning para ménda kagungané. Pangancaming Iblis diadhepi, nganti ukur sengsara lan kelakon disédani. Nanging kaunggulané nyata, anggoné tangi manèh saka pati. Gusti wungu manèh saka antarané wong mati sawisé telung ndinané. Katresnané kapratelakaké marang para kagungané. Gusti priksa siji-sijining ménda kagungané. Uga priksa jenengé lan wewadiné kang kasimpen ing sajroning atiné saben pandhèrèké, yaiku ing atiné wong precaya. Gusti wanuh marang para wedhusé. Anggoné nresnani ménda kagungan nganti ngetohaké nyawa, masrahaké roh lan rahé kang mancur ing gunung Golgota, merga sinalib.

“Nanging mungguh buruh kang dudu pangon, sarta dudu kang duwé wedhus-wedhus iku dhéwé, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhuse ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyaraké wedhuse. Anggoné lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gemati marang wedhus-wedhuse iku. Aku iki pangon kang utama, sarta aku niteni kang dadi wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha wanuh marang Aku kayadéné Sang Rama anggoné tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohaké nyawaku kanggo wedhus-wedhusKu. Aku isih duwé wedhus liyané manèh, kang ora saka ing kandhang kené; wedhus-wedhus iku iya perlu dak giring uga, lan bakal padha ngrungokaké swaraku sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji. Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungaké nyawaKu, supaya Dak tampani manèh. Ora ana wong siji baé kang ngrebut nyawaKu, nanging Dak ulungaké miturut sakarepKu dhéwé. Aku kuwasa ngulungaké, lan kuwasa ngukup manèh. Dhawuh iki kang Dak tampa saka RamaKu.” (Yohanès l0: 12-18).

Sing padha krungu pangandikané, kapirsanan déning Gusti Yésus menawa ora mudheng. Ora bisa ngertèni apa sing dikarsakaké. Mula Gusti Yésus mangsuli pangandikané. Banjur diterangaké, menawa Panjenengané bakal maringaké nyawané kanthi sukarila. Maringaké nyawané kanthi tresna tulus. Ora ana sing bisa ngendika mengkono iku yèn pancèn ora kagungan panguwaos, pangandikané: “ Sang Rama ngasihi Aku, amarga aku nyaosaké nyawaKu.” Iki padha magnané kaya kang katulis ing KitabYésaya. Mangkéné: “ Sawusé nyawané nandhang sungkawa Panjenengané bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iki, sarehning wong bener, bakal ngleresaké wong akèh kalawan kawicaksanané, lan ngrembat pialané wong-wong mau. Awit saka iku bakal Sun paringi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolèhé anggoné wus masrahaké nyawané marang pati lan merga saka enggoné kagolongaké wong mbaléla, sanadyan Panjenengané nanggel dosané wong akèh lan ndongakaké para wong kang mbaléla.” ( Yésaya 53: 11, 12 )

Gusti Yésus masrahaké nyawané kanggo nebus dosa. Nanging Panjenengané uga ngendika, menawa kagungan panguwasa mundhut bali nyawané sawisé masrahaké. Mula Panjenengané wungu saka séda, bangkit saka antarané wong mati. Kuwi kaunggulané Gusti saka pepati. Kanthi lila masrahaké nyawa, kanthi panguwasa bisa mundhut baliné. Gusti uga ngendika, menawa kagungan ménda kang ana ing kandhang liya, lan kuwi bakal kinanthi piyambak déning Gusti mlebu kandhang siji. Tegesé, para wong kafir uga bakal binerkahan olèh urip langgeng lamun padha gelem mratobat. Ora mung bangsa Yahudi baé kang kepareng lumebu ing Kraton Swarga.

Marga saka pangandika kang mangkono iku tumuli tuwuh pasulayan manèh ing antarané wong-wong Yahudi. Panunggalané akèh kang duwé pangucap mangkéné:” Wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yogéné padha kok rungokaké?” Ana liyané kang celathu:” Iku rak dudu tembungé wong kranjingan dhemit, apa dhemit bisa ngelèkaké mripaté wong-wong wuta?”

Ora antara lawas, ing Yérusalèm pinuju riyaya kabanguné Padaleman Suci; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing. Gusti Yésus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Soléman. Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengané lan padha munjuk:” Ngantos pinten dangunipun anggèn Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan menika Sang Kristus, Panjenengané blakakaken dhateng kula sadaya.”

Paring wangsulané Gusti Yésus:” Kowé wus padha Dak tuturi nanging padha ora pracaya; panggawé kang Dak lakoni atas asmané RamaKu iku kang padha neksèni mungguhing Aku. Nanging kowé padha ora pracaya, amarga kowé dudu panunggalané wedhus-wedhusKu. Wedhus-wedhusKu padha nelingaké swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu. Lan wedhus-wedhusKu padha ngetutburi Aku, apadéné padha Dak wènèhi urip langgeng, lan dhèwèké mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu. RamaKu kang maringaké wedhus-wedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurané ngungkuli samubarang kabèh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astaNé RamaKu. Aku lan Sang Rama iku siji.” ( Yohanès 10: l9-30 )

Piwulangé Gusti Yésus jero banget lan tegesé luhur. Akèh sing ora tekan olèhe nampa. Mulané ana sing ngucap: “ Dhèwèké kerasukan sétan, mula kaya ora waras. Kanggo apa padha ngrungokaké gunemé ?” Liyané ana sing mbélani, pangucapé : “ Kuwi dudu piwulangé wong sing kerasukan sétan !” Bédané penganggep kuwi thukul sawisé Gusti Yésus nindakaké mujizat kang élok. Akèh sing yakin, yèn mujizat kaya ngono mesthi saka ing Gusti Allah, ora saka Iblis.

Upama sétan uga bisa marasaké wong picak wiwit lair. Sétan ora tau gawé becik marang manungsa. Pungkasaning trekahé mesthi ala akibaté. Nyatané, yèn Sang Kristus nindakaké samubarang kanthi katresnan, kuwi becik tumrap manungsa. Tegesé, apa sing ditindakaké Gusti Yésus, mesthi saka Allah piyambak. Lan akibaté mesthi murihaké kabecikané umat manungsa.

Para Pinituwa Yahudi kuwi ngatonaké olèhé ora nalar lan katon bodhoné, déné nganggep samubarang kang becik isi tresna, kok asalé saka sétan. Mujizaté Gusti Yésus iku nuduhaké yèn Panjenengané kagungan panguwasa tumrap penghakiman rohani. Kena apa para ahli Torèt ora kelingan bab iku, mangka Torèt mulangaké? Menawa bisa melèkaké wong wuta kuwi sawijining titikan lan pratandha menawa iku panguwasané Sang Mésias kang padha dianti-anti? Yèn ora merga saka lali, ya mesthi merga bodhoné.

Kanthi wijang Gusti Yésus mratélakaké, menawa Panjenengané iku Pangon Kang Utama. Lan para wedhusé, yaiku para pandhèrèké. Ngrungokaké lan manut suwarané. Para Pemimpin Yahudi kuwi nyata yèn dudu wedhusé, amarga ora nggugu pangandikané. Kahanané cetha yèn Gusti Yésus iku Sang Mésias, nanging ditulak disingkur lan malah bakal disédani. Tumrap wong liyané akèh kang kasengsem banget marang Gusti Yésus, amarga ngyakini menawa Gusti Yésus iku Sang Kristus, Sang Juru Slameting jagad. Samubarang kang élok mau dumadi ana ing sugengé Gusti Yésus déning Sang Roh Suci, lan para kagungané Gusti mau kalairaké manèh kang kaping pindho déning Sang Roh Suci uga.

Pangandikané Gusti karo para pandhèrèké, ngutamakaké bab kauripan kaswargan kang langgeng. Pancèn ana kang padha ndhèrèk Sang Pangon, kang banjur mundur déning sabab werna-werna. Wong kang mangkéné iki kagambaraké déning Yohanès ing Injil, mangkéné: “ Asalé anti Kristus iku pancèn saka ing antara kita, nanging sanyatané padha dudu panunggalan kita, awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi tetep nunggal karo kita. Nanging kelakoné kabèh iku supaya tetélaa yèn dhèwèké ora kabèh nyata dadi panunggalan kita.” (1 Yoh 2: l9 ).

Dadiné, sing sapa rumangsa lan yakin dadi kagungané Gusti Yésus Sang Pangon Kang Utama iku, mesthi bakal tetep mapan ing pengayomané lan manteb diopeni Sang Pangon, ngrasakaké nikmating binerkahan. Lan ora bakal nemu bilai. Ora ana kekuwatan lan panguwasa ing jagad iki kang bisa kuwat njabel ngrebut wedhus saka panguwasané Sang Pangon kang ngopèni lan ngengon. Sang Pangon Kaswargan tansah gawé pulihing kekuwatané para wedhuse, satemah kinanthi ing dalan bener ing asma-Né. ( Maz 23: 3 ).

Nalika Ngadephi Kasusahan

Nalika wong pracaya kagungané Gusti Yésus ngadhepi kauripan kang sarwa angèl, imané kang kudu saya teguh marang Sang Kristus, bakal dadi kekuwatan. Ibarat prau bakal nemu jangkar pengkuh rosa, kanggo ngadhepi ombaking donya.

Ana uga, uwong kang nganggep yèn keslametané ana ing Sang Kristus, nanging tetep nékad ndlarung gawé dosa, kuwi mratélakaké yèn pancèn dudu panunggalané para wedhus kagungané Sang Pangon. Amarga, urip langgeng kang kajanjèkaké njalari para kagungané Gusti kudu “ngedohi lan gething” marang dosa. Nanging yèn malah nuruti hardaning hawa nafsu lan gawé dosa kaya ngapa baé, nyata yèn kuwi dudu wedhus kang taat utawa manut sing angon. Sanyatané kuwi wedhus kang nglawan. Iku si anti Kristus.

Antikris Iku Si Kristen Lamis

Sang Pangon kang bakal jumeneng ing pengadilan akhir. Lan yèn ana umat kang kepéngin disebut pandhèrèké Gusti dadi Kristen amarga butuh golèk slamet, mangka ora setya tuhu manut pangandika-Né, kuwi wedhus kang lelamisan. Kristené lamis. Gusti ngersakaké kasetyan lan sih katresnan murni, kuwi kang bakal pinaringan kaunggulan, nampa urip langgeng. Rasul Paulus uga nandhesaké bab pakaryané Gusti. “Panjenengané kang wus miwiti samubarang kang becik ana ing kita, mesthi bakal nglajengaké pakaryan becik mau tumeka ing Dinané Gusti.” ( Flp: 1: 6 ). Wulanging kawicaksanan ngendika: “ Wong kang bener lakuné, najan tiba sedina ping pitu, bakal katangèkaké manèh. Balik wong fasik, bakal ambruk nemu bilai.” ( Wulang Bebasan 24: 16 )

Manunggaling Gusti Lan Kawula

Sang Juru Slamet iku, sejatiné Allah piyambak kang manjalma. Mula ora kalebu nalar déné gagal pakaryané. Mesthi bakal sukses amarga kagungan panguwaos. Nanging lamun ana uga kang dadi anti Kristus, kuwi dadi kwasa lan “wewadosing Gusti.” Kawilujengan pancèn kaparingaké marang para umat kagungané, iki sing pinasthi.

Nalika Gusti paring Sabda, memulang, katon menawa carané mucal béda banget karo guru liyané. Kagungan kawibawan lan kamulyan, guru liya ora bisa nindakaké. Pancèn Panjenengané iku Sang Guru sejati, jumeneng Pangon kang utama. Para Nabi jaman sadurungé, memulang bab Gusti Allah lan pangandikané. Ing nalika Gusti Yésus ngendika, lan para pandhèrèk ibarate kaya wedhus kagungané Sang Pangon, para wedhus bakal ngrungokaké suwara-Né. Sejatiné uga suwara-Né Gusti Allah. Pancèn Allah ana ing Gusti Yésus. Lan Gusti Yésus ngendika lan prasetya yèn bakal maringi URIP LANGGENG kang sejatiné kuwi amung wewenangé Gusti Allah. Kita kudu ngerti, menawa Allah ana ing Gusti Yésus. Yèn Gusti Yésus ngendika lan para pandhèrèk ngrungokaké, sejatiné ngrungokaké Sabdaning Gusti Allah. Amarga Allah pancèn ana ing Gusti Yésus. Mula menawa Gusti Yésus ngendika, pangandikané kuwi sejatiné uga FIRMAN ALLAH. Lan Gusti Yésus iku Sang Sabda, Sang Firman. Gusti piyambak mratélakaké patunggilané karo Sang Rama, ngendika: “AKU LAN SANG RAMA IKU SIJI”. ( Yohanès l0: 30 ).

Kaya guntur lan thathit nyamber kuping, menawa Pangandikané Gusti Yésus iku dirungokaké déning kuping Yahudi lan kuping Farisi. Amarga mung ana pilihan loro. Nampa Gusti Yésus lan precaya yèn panjenengané iku Putraning Allah, apa nganggep menawa Gusti Yésus nyènyamah marang Allah lan kudu dibalangi watu? Sujud marang Gusti Yésus jumeneng Sang Mésias, apa nampik lan ngancam nyédani?

Wong Yahudi milih mutusaké nglawan, lan nemtokaké bakal mbalangi watu marang Gusti Yésus. Pandangoné Gusti marang bangsa Yahudi, bab tumindak sing kaya ngapa, sing njalari Panjenengané bakal dibalangi watu? Pratélan wangsulané wong Yahudi: “ Amarga kowé, wong mung titah lumrah, madhakaké awakmu karo Gusti Allah.” Gusti andangu: “ Sing sinucekaké déning Sang Rama lan kautus tumurun marang donya, apa isih kok sengguh nyènyamah marang Gusti Allah?”

Ana pangandika ing Injil Yohanès : “ Kapriye déné wong sesengkerané Allah kang diutus marani jagad, kok celathoni: Kowé nyènyamah Gusti Allah ? Apa merga saka tuturku: AKU IKI PUTRANING ALLAH? Saupama Aku ora nglakoni pakaryané Ramaku, aja precaya marang Aku. Nanging menawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowé padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan pakaryan iku, supaya kowé padha sumurup lan pracaya yèn Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama.” ( Yohanès 10: 36-38).

Saliyané Gusti Yésus, ora ana Nabi kang wani paseksi tumrap awaké dhéwé. Paseksi menawa wis kasucèkaké lan piniji déning Gusti Allah Sang Rama, lan ngaku kautus marang jagad jumeneng Sang Mésias. Ora ana, kejaba Sang Kristus.

Menawa Gusti Yésus paseksi mangkono, merga kuwi pancèn bener lan nyatané mangkono. Mula Gusti paseksi menawa ora nyènyamah marang Gusti Allah, pancèn nyata merga Allah uga nunggil karo Gusti Yésus. Gusti Yésus lan Sang Rama ora naté cengkah, ora naté béda. Nalika wong Yahudi bakal mbalangi watu, kanthi wibawa lan kuwasa, Gusti tindak nyingkir kanthi tanpa ana sing ngalang-alangi. Nuju menyang papané Yohanès mbaptisi wong. Ana ing papan kono piwulangé olèh kawigaten gedhé lan padha pracaya ing pangandikané kang kebak kawibawan.

WERNA-WERNA PIWULANGÉ SANG KRISTUS

Piwulang bab pandonga.

Ing sawijining dina Gusti Yésus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kèndel, ana sakabaté siji kang munjuk:” Gusti, kawula sami Paduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken déning Nabi Yohanès dhateng para sakabatipun.” Gusti Yésus banjur mangsuli, pangandikané:” Menawa kowé padha ndedonga, padha munjuka mengkené:

“Dhuh, Rama asma Paduka mugi kasucekna;Kraton Paduka mugi rawuha.

Kawula mugi kaparingana rejeki kawula ing saben dintenipun ing sacekapipun.

Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdéné kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.

Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”

Banjur padha dipangandikani manèh:” Menawa panunggalanmu ing wayah tengah wengi menyang ing omahé mitrané lan kandha: Sedulur, mbok aku kok tulungi kok wènèhi roti telu baé. Sabab ana mitraku kang lelungan mampir ing omahku, mangka aku ora duwé apa-apa, kang kena dak suguhaké; apa iya, sing ana ing sajroning omah bakal mangsuli: Aja ngribeti aku, ta, lawangé wis dak kancing, aku lan anak-anakku wis padha mapan turu, aku ora bisa tangi mènèhi kowé.” Aku pitutur marang kowé: Sanajan oraa tangi lan mènèhi, merga iku mitrané, nanging merga saka olèhé ora idhep isin iku, mesthi ya bakal banjur tangi uga, mènèhi apa kang dibutuhaké.

Mulané Aku pitutur ing kowé: Nyènyuwuna, temah bakal kaparingan; padha ngupayaa, temah bakal olèh; padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. Amarga saben wong kang nyènyuwun, bakal tampa, lan kang golèk bakal olèh, tuwin kang thothok-thothok iku bakal kawenganan. Sapa ta panunggalanmu kang jeneng bapa, menawa dijaluki iwak anaké bakal mènèhi ula kanggo ijolé iwak? Utawa menawa njaluk endhog, apa iya banjur diwènèhi kalajengking ? Dadi, yèn kowé, senadyan ala – padha mangreti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, apamanèh Ramamu kang ana ing Swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyuwun.” ( Lukas ll: 1-13 ).

Ana murid sing nyuwun diwulang ndedonga déning Gusti Yésus, kaya Yohanès Pambaptis iya mulang muridé. Gusti Yésus banjur mulangaké bab Donga Rama Kawula. Rada béda tembungé karo kang kawulangaké ana ing gunung. Yaiku kaya kang katulis ing Injil Matéus 6: 9-13. Rinangki karo piwulang pasemon bab golèk silihan pangan, yaiku roti, marang sawijining mitra. Kawitané ora kasil olèh silihan. Amarga anggoné tlaten lan temen olèhe nembung, akhire olèh silihan. Bab iki Gusti nerangkae mangkéné: “ Padha nyuwuna, bakal kaparingan. Golèk-golèka kowé bakal olèh. Padha thothok-thothoka lawang, kowé bakal kawenganan.”

Nyuwun kanthi mempeng

Kanthi pitembungan liya, kawitané aturna panyuwunan sing prasaja baé; sabanjure yèn pancèn ora kasil nyuwuna manèh, nyuwuna manèh sing luwih mempeng. Yèn kuwi ora kasil uga, kowé kudu thothok-thothok lawang. Samubarang kang bisa kasil kita gayuh kanthi prasaja, iku becik. Olèh samubarang kang ginayuh kanthi mempeng, iku luwih becik. Lan sing becik dhéwé, menawa olèh samubarang sawisé thothok-thothok lawang. Kuwi sing becik dhéwé.

Nyuwun Apa Sing Ajiné Gedhé ?

Sang Kristus banjur ngendika bab tetunggilan karo Gusti Allah, kalebu tetunggilan kita karo Gusti Allah. Yèn kita duwé sesambungan nunggal karo Gusti Allah, mesthi bakal kaberkahan. Amarga ora wurung Gusti mesthi maringi samubarang kang becik marang para putrané kang dikasihi. Ingatase manungsa lumrah sing nglakoni dosa baé, yèn dijaluki anaké banjur gumregah nggolèkaké. Yèn anak nyuwun pangan ora bakal diwènèhi watu. Kuwi manungsa lumrah. Apamanèh Gusti Allah kang asih tresnané murni. Mesthi maringaké kang becik marang putrané.

Déné panyuwunan kang aji dhéwé, yaiku menawa nyuwun pinaringan Roh Suci. Kuwi sih rahmat kang utama lan pilihan. Gusti Allah mesthi maringaké. Mulané kudu kanthi mempeng anggoné nyuwun, mempeng anggoné ngudi marang Sabdaning Allah, saben dina nampa pangandika saka Kitab Suci lan banjur dilakoni.

Ing Lukas l2: l3-34, tinulis: “ Tumuli ana wong panunggalané wong akèh iku matur marang Gusti: Guru, Paduka mugi karsaa ndhawuhi sedhèrèk kawula, supados andum warisan kaliyan kula. Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong mau: “Sedulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengahmu ana ing antaramu?” Banjur ngendika marang wong akèh:”Sing padha awas, wekanana sakabèhing budi kethaha, sabab sanadyan wong duwé bandha nganti akèh banget, uripe wong iku ora gumantung marang kasugihané iku.”

Sawisé iku banjur padha dipangandikani kanthi pasemon mangkéné:” Ana sawijining wong sugih, pametuné palemahané akèh banget. Banjur mikir: Kepriyé ya rekané, aku ora duwé enggon kanggo nyimpen pametu semono akèhe iku, tumuli celathu: “ Wis enaké mengkené baé, lumbung-lumbungku tak bubrahané banjur gawé sing luwih gedhé. Kabèh gandumku lan barang darbèkku dak simpen ana ing kono. Nyawaku nuli dak kandhanané: Hèh, nyawaku, kowé wis duwé bandha akèh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulané ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga. Ananging dhawuhé Gusti Allah marang wong mau: Hèh wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawamu bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wus sira cawisaké iku, kanggo apa bakalé? Iya kaya ngono iku kadadéyané wong kang nglumpukaké bandha kanggo awaké dhéwé, mangka ora duwé kasugihan ana ing ngarsaning Allah.”

Gusti Yésus banjur ngendika marang para sakabat:” Mulané aku pitutur marang kowé: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kok pangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal kok sandhang. Amarga urip iku ajiné ngungkuli pangan, lan badan iku ajiné ngungkuli sandhangan. Padha delengen manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep, apadéné ora duwé gudhang utawa lumbung. Ewodéné padha diparingi pangan déning Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget ! Sang ta panunggalanmu kang merga saka sumelang bisa nyambungi umure sahasta?

Dadi yèn kowé bab kang sepele dhéwé baé ora bisa, kepriyé déné kok nyumelangaké bab kang liya-liyané? Padha tamatna kembang bakung kaé, ora ngantih ora nenun, ewodéné pituturku marang kowé, Sang Prabu Soléman sajroning sagunging kaluhurané, pangagemané ora ngungkuli endahe salah sijiné kembang iku. Dadi yèn suket ing ara-ara kang saiki isih ana sesuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni déning Gusti Allah nganti kaya mangkono, saya manèh kowé, hèh, wong kang cupet ing pangandel. ! Mulané aja padha mrihatinaké apa kang bakal kok pangan lan kok ombe sarta aja melang-melang. Awit iku kabèh kang diupaya déning wong kang ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yèn iku kabèh dadi kabutuhanmu. Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabèh iku mau bakal kawuwuhaké marang kowé. Aja padha wedi hèh pepanthan cilik, amarga Ramamu wus kepareng maringaké Kraton iku marang kowé.

Barang darbèkmu edolana kabèh, banjur dedanaa ! Gawéa kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entèk, kang ora bakal katekanan maling sarta kang ora bakal karusak déning renget. Amarga ing ngendi dununging bandhamu, iya ing kono dununging atimu.” ( Lk 12 : 13-34 )

Disuwuni déning uwong, supaya Gusti Yésus cawé-cawé marang prekara andum warisan bandha donya, Gusti ora karsa. Prekara kaya iku manungsa dhéwé kudu bisa ngrampungi kanthi becik. Amarga Gusti amung bakal ngrampungi pakaryan kang perlu sing manungsa dhéwé ora bisa ngrampungi. Bab andum warisan kuwi urusané sedulur karo sedulur, sing kuduné bisa ditata dhéwé déning manungsa kanthi paseduluran. Merga kuwi barang katon.

Semono uga Gusti Yésus ora kagungan penggalih bakal cawé-cawé lan luwih-luwih mihak sawijining aliran pangrasuk agama. Semono uga bab politik, Gusti ora bakal gawé pengaruh. Gusti ora ngersakaké, manungsa nganggep menawa Gusti Yésus iku Pemimpin sawijining Aliran. Bab kaagamaan Gusti Yésus iku tresna marang kabèh umat. Ing babagan kabecikan, Gusti paring kaadilan sajagad raya, ingaran inter dénominasi. Ora méhak kana, ora mehak kéné. Gusti amung bakal nindakaké kang adil lan kang bener. Gusti ora bakal dadi hakim tumrap urusan kadonyan urusan politik lan prekara. Luwih-luwih bab kasrakahaning manungsa ing bumi. Kanthi tegas, Gusti Yésus nglawan marang watak srakah lan sipat mata-dhuwitan.

Kaya apa watak srakah iku? Gusti ngendikakaké pasemon, ana wong kang sugih kang sugihe saya wuwuh-wuwuh. Nanging ora saya rumaket marang Allah, malah milih urip misah bebas saka Gusti Allah. Ora sadhar yèn kasugihané kabèh kuwi sejatiné kagungané Gusti Allah. Manungsa sejatiné amung nggadhuh kasugihan, kang kudu mranata lan ngatur kanthi tanggung-jawab lan wicaksana. Manungsa ora wenang nampa pengayomané Gusti Allah kang amung kanggo nuruti kekarepané dhéwé. Senajan kasugihané saya tambah-tambah, saya wuwuh akèh, ewodéné uripe dicupet déning Allah. Umure ora dawa, lan mati. Pangandikané Allah: Hèh kowé wong bodho, jiwamu Ingsun pundhut.” - Pancèn, Gusti Allah paring bandha kasugihan iku marang saben wong, ora mung wong kang pracaya lan ngasihi Panjenengané. Nanging wong kabèh pinaringan. Paring panas padhanging srengéngé lan paring banyu, ya marang wong sing laku bener, lan uga paring marang wong kang lakuné ora bener. ( Mat 5: 45). Gusti nindakaké mangkono, supaya wong pracaya aja nganti tiba ing kaluputan, merga olèhé sombong lan ngrèmèhaké liyan. Akèh sing rumangsa marem déné dadi wong becik, mula ngrèmèhaké wong liya. Banjur mbandhingaké dhiriné karo pepadhané, awaké dhéwé krasa yèn luwih becik. Wong liya dianggep ala, merga pancèn dipétani digolèki cacaté.

Sajroning manungsa ringkih kebak kanisthan, Gusti Allah ngopèni. Manungsa diparingi prasetya menawa kepareng bakal lumebu ing karajan, yaiku Kraton Swarga. Mangkono iku Gusti paring semangat, supaya padha ngatur lan mranata kasugihan kanggo samubarang tumindak kang becik. Semono uga, dadi tuladha supaya manungsa bisa mènèhi sing maédahi marang pepadhané. Mengkono, bandha peparing gadhuhan mau malah bakal dadi awèt. Balik kang srakah, bandhané amung kanggo nuruti hardaning kekarepan, bakal musna tanpa tanja. Upamané, ana wong wèwèh rupa dhuwit kanthi tulus ikhlas lan lakuné bener, kuwi bakal nyaketaké manungsa karo Gusti Allah. Amarga ing ngendi dununging bandha, iya ing kono dunungé ati. ( Lukas l2: 34 ).

Bab Gusti Yésus bakal rawuh manèh

Lambungmu ajeg sabukana, lan damarmu ajeg muruba. Sarta kowé padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhé bendarané saka pahargyan memanton, supaya menawa wis kundur lan thothok-thothok lawang, énggal bisa ngengani lawang. Begja para abdi kang sarawuhé bendarané ketemu melèk. Aku pitutur ing kowé: Satemené bendara mau bakal sabukan, abdiné padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarané bakal nyedhaki ngladèni. Lan menawa rawuhé ing tengah wengi utawa wayah bangun ésuk mangka para abdi mau ketemu mengkono, begja wong iku. Nanging sumurupa, saupama sing duwé omah ngerti tekané maling jam pira, mesthi bakal ora ngetogaké baé omahé dibabah. Mulané kowé kabèh padha tansah rumantia, awit rawuhé Putraning Manungsa iku ing wektu kang ora kok nyana.”( Lukas l2: 35-40 ).

Gusti ngendikakaké bab enggoné bakal rawuh manèh, rawuh kang kaping pindho. Sing perlu, para kagungané Gusti kudu jumaga. Sawektu-wektu samapta ing iman. Supaya karawuhan Gusti antuk sukarena lan kabungahan. Pétrus matur, apa kabèh uwong diparingi pangandikan iki? Déné patrap rawuhé kaya tekané maling ing wayah bengi? Rawuhé Gusti ora ana kang bisa ngerti. Sing priksa mung Sang Rama ing swarga. Sing perlu jumaga. Ibarat wong arep pista, tansah siaga sabukan singset. Sing perlu iman lan pracayané para kagungané Gusti aja nganti nglokro. Aja nganti salin keblat. Yèn Gusti rawuh, sing perlu isih tetep setya tuhu. Yèn ora, mesthi bakal nemu pati, padha baé karo kang ora setya. Sing sapa pinaringan akèh, uga bakal kapundhut akèh, déné sing sethithik iya kapundhut sethithik. ( Lukas l2: 46-48 ). Ing rawuhé Gusti kang kaping pindho kuwi mengko, manungsa ora ana sing luput saka tuntutan lan pangadilané Gusti Yésus.

Rawuhé kang kapisan, ing swasana Natal, ngasta kabar kabungahan lan mitulungi wong dosa. Rawuhé kang kapisan nggolèki kang ketriwal. Nganti ngliwati dalaning teleng palimenganing pati sinalib. Rawuhé manèh Ratuning para Ratu ngasta pangadilan kang adil. Panjenengané iku Ratuning dina kiyamat. Ana rong prekara kang bakal katindakake dening Sang Kristus Sepisan nangekake wong mati, kawitanepara kagungane Gusti - banjur Gusti kepareng ngangkat para kagungane menyang awang-awang. Ing bumi bakal ana sangsara pitung taun lawase, yaiku jaman tribulasi. Ing pungkasaning sangsara mau, Gusti rawuh maneh lan nelukake si Iblis. Gusti bakal jumeneng ratu sewu taun. Ing akhire sewu tahun, Gusti kagungan panguwaos ngadili para manungsa. Lan ing wekasaning jaman jumeneng Sang Hakim Agung kang adil. Kabèh umat manungsa bakal diadili déning Gusti Yésus Kristus. Rawuhé kang kapisan mitulungi, rawuhé manèh nangekake wong mati sarta jumeneng raja, sabanjure paring pangadilan.

Gusti Allah uga bakal nuntut lan mundhut tanggung jawabe umat kagungané, marang apa kang wus kaparingaké. Malah uga dituntut, samubarang ayahan kang kuduné dilakoni. Apa wis kanthi becik anggoné nglakoni lan leladi? Wong sing sembrana marang kuwajiban, kang ora nglakoni kanthi beciking pangabekti lan leladi, bakal kaukum. Apa ta sing wigati dilakoni? Yaiku katresnan, kasetyan lan iman, sarta anggoné andhap asor lan lumaku adil sarta temen anggoné makarya. Sih katresnan lan kasetyan iku uwohing kauripan. Sing akèh uwohé, ya kuwi kang ngabekti sarta mulyakaké asmané Gusti Allah. Iku ibadahé marang Gusti Allah kang sejati.

Bab pamratobat

Gusti Yésus banjur paring pasemon mengkéné:” Ana wong kang duwé wit anjir, kang katandur ing pakebonané anggur, banjur diparani digolèki uwohe, nanging ora olèh. Tumuli celathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golèk wohe, kok ora ana. Mulané tegoren baé wit iki ! Kanggo apa urip ana ing lemah kéné tanpa guna.! Wangsulané wong mau: “ Bendara, kajengipun gesang setaun engkas, siti sakubengipun badhé kula paculi lan wit punika badhé kula rabuk, bokmenawi taun ngajeng saged uwoh. Menawi boten inggih lajeng kategora kemawon.” ( Lukas 13: 6-9.)

Gusti mratélakaké menawa piwulangé Gusti Yésus nalika rawuh ing jagad iku kaya déné GENI. Geni kang bakal ngobong piwulang nasar lan para penganuté. Nalika Sang Pepadhang rawuh ing ndonya, umat manungsa luwih seneng rumaket marang pepeteng. Mulané ora bisa diéndhani manèh, anané pasulayan lan bebèncèngan ing antarané para pandhèrèké Sang Pepadhang, lelawanan karo para balané si pepeteng. Udur, èyèl-èyèlan lan konflik, apadéné pasulayan, kuwi asalé pancèn saka si pepeteng. Merga ing kana sepi katresnan. Upama mung padhang thok, utawa mung peteng thok, ora bakal ana pasulayan lan konflik. Nalika pepadhang nyedhaki pepeteng bakal gawé padhang, balané si pepeteng nyerang, kadadéyan peperangan. Iabarat geni, piwulangé Gusti Yésus ing jagad iki mesthi linawan déning balaning pepeteng. Mula rawuhé nyata nukulaké pasulayan lan konflik. Kuwi merga jagad iki dikuwasani pepeteng, lan manungsa rumaket marang sing peteng. Piwulangé Gusti uga ditampik déning jagad iki. Merga tekané si pepadhang mesthi diserang déning kekuatané si pepeteng mau.

Déning Sang Kristus, bangsa Yahudi kang sejatiné bangsa pilihané Gusti Allah iku, diupamakaké kaya wit. Yaiku wit anjir, ( pohon Ara, - Ind. ). Wit sing tanpa uwoh, nampa putusan ditegor. Tegesé bangsa kang ora nglakoni sih tresna lan ora setya, nasibe kaya wit anjir iku. Gusti Allah kaibarataké kaya déné sing kagungan kebon anggur. Lan Gusti Yésus iku wité anggur kang sejati, kang nguripi lan ngopèni godhongé, kembang lan pang-pangé supaya metokaké uwoh.

Sang Kristus iku pantara, yaiku kang nyipta sarta gawé pirukuning jagad lan suwarga. Jumeneng dadi tameng, amrih paukuman saka Gusti Allah marang manungsa kang nistha, bisa ditahan. Nyuwun marang Sang Rama supaya sabar. Panyuwunané iku dibélani anggoné Gusti saguh dadi kurban. Pakaryaning Allah diwujudaké kanggo kaslametaning umat. Kanthi piwulang lan pitulungan sarta panuntuning pengayoman. Nganti watesing kasabaran, kaukur sejatining tresnané Gusti saka anggoné séda ing kayu salib. Sing sapa nampa, bakal slamet ora kaukum. Sing sapa ora pracaya lan nampik, mesthi olèh paukuman. Sanyatané, Gusti Yésus ditampik déning bangsa Yahudi, lan malah séda sinalib.

Déné menawa Gusti rawuh manèh, ngasta “wadung” kanggo negor wit kang ora metokaké uwoh. Nanging uga maringi berkah keslametan marang kang mratobat lan setya tuhu manjing dadi wong pracaya. Injil Matéus 3: l0, ngendika: “Karodéné wadung wis cumawis ing epoking wit-witan, saben wit kang ora metokaké uwoh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungaké ing geni.”

Nindakaké kabecikan ing dina Sabat

Ing sawijining dina pinuju dina Sabat, Gusti Yésus memulang ana ing sawijining papan pangibadah. Ing kono ana wong wadon kang kepanjingan dhemit wis wolulas taun. Satemah banjur lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg. Bareng Gusti Yésus pirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mengkéné: “ Hé, mbok, lelaramu wis mari.” Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg manèh. Lan banjur ngluhuraké asmané Gusti Allah. Nanging kepalané papan pangibadah iku nesu, jalaran Gusti Yésus nyarasaké wong ing dina Sabat, banjur celathu marang wong akèh: “ Dina iku ana enem sing kanggo nyambut gawé, mulané tekaa ing salah sawijining dina iku supaya diwarasaké, nanging aja ing dina Sabat.”

Nanging Gusti mangsuli pangandikané: “ Hèh wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapiné utawa kuldiné saka ing kandhang banjur diombèkaké. Apa manèh wong wadon iki, kang wis wolulas taun lawasé kabanda déning Iblis, apa ora perlu diuculi bebandané ing dina Sabat, amarga iki uga tedhak turuné Rama Abraham?” Nalika Panjenengané ngandika mangkono iku; kabèh kang nglawan padha kisinan, déné wong akèh padha bungah awit saka anané kabèh kang katindakaké déning Panjenengané kang sarwa luhur iku. ( Lukas l3: l0-l7 ).

Rawuh ing Dalem Pamujan ing sawijining désa, Gusti banjur memucal. Ing antarané sing ibadah ana wong wadon kang wungkuk boyoké wis wolulas taun lawasé. Wong wadon mau ora bisa ngadeg kanthi jejeg sejatiné wis ilang pengarep-arepé. Nanging ibadahé ora kendho, tansah sowan ngibadah kanthi setya. Wong wungkuk mau ora nyuwun diwarasaké, mung ngadeg nyedhaki lan mandeng marang Gusti. Banjur ditimbali déning Gusti, pinaringan waluya waras. Iku dadi gegambarané berkah Sabat. Nalika wong mau maju, Gusti njamah dhèwèké kaya patrapé dokter bakal nambani. Boyoké diusap dilencengaké, lan dadi waras. Pangandikané: “ Sira diparingi waras saka lelaramu “ – Badané pulih, lan imané saya teguh lan memuji. Ngerti kang mangkono, pemimpiné Dalem Pamujan nesu banget. Senajan sejatiné ngormati Gusti Yésus, pemimpin mau kandha marang wargané, supaya aja golèk kewarasan ing dina Sabat. Merga isih ana dina enem liyané.

Kadadéyan iku, isi piwulang perlu menawa Gusti Yésus merdikakaké wong wadon wungkuk amu saka iketan tuntutané angger-angger Torèt. Semono uga akèh wong sing padha dadi sadhar yèn sejatiné nemu pangluwaran, bébas saka aboting momotan, yaiku nglakoni hukum Torèt. Nyatané ing Pakaryan lan Pangandikané Gusti, sing perlu iman. Gusti Yésus ngelingaké marang wong akèh, melehaké sing padatan iya dilakoni, pangandikané: “ Apa ing dina Sabat kowé padha ora nglakoni pagawéyan kanggo ngopèni kewan ingon-ingon? Upamané manèh ana kaperluwan kang dadakan, sarta nyatané sing dilakoni kuwi apa ora luwih abot tumraping badan, katandhing nalika wong wadon kuwi kawarasaké?”

Wong nyatané, para wong Yahudi ing dina Sabat uga nguculi dhadhung wedhusé lan nuntun ingon-ingoné golèk banyu pangombèn, lan angon. Kuwi enggoné padha ngopèni bandha donya. Yèn mengkono kena ngapa Gusti Yésus dianggep nglanggar angger-angger, mangka gawé becik mitulungi wong wadon sing diiket Sétan wis wolulas taun? Apa wong wadon iki kurang pengajiné katandhing ingon-ingon?

Wong akèh banget anggoné bungah krungu piwulangé Gusti Yésus, lan seneng nyawang pakaryané kang mulya luhur. Déné sing nglawan marang Gusti Yésus, mesthi nandhang wirang.

Wong kang miskin sajroning Roh

Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yésus rawuh ing omahé sawijining panggedhéné wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabèh wong kang ana ing kono padha ngulataké Panjenengané kanthi temenan. Lah ing kono tumuli ana wong lara busung ngadeg ing ngarsané. Gusti Yésus banjur ngandika marang para ahli Torèt lan para wong Farisi mengkéné:” Marasaké wong ing dina Sabat iku kena apa ora ?” Kabèh padha meneng baé. Panjenengané banjur ngasta tangané wong kang lara mau, lan diwarasaké sarta didhawuhi lunga.

Sawisé mangkono banjur ngandika marang wong-wong mau: “ Sapa panunggalanmu, kang anaké utawa sapiné kecemplung ing sumur, ora banjur énggal-énggal nulungi dientasaké, sanajan ing dina Sabat?” Wong-wong mau ora ana kang bisa ngaturi wangsulan. Bareng Gusti Yésus mirsa dhayoh-dhayoh padha milih papan palinggihan ing ngarep dhéwé, banjur padha dipangandikani pasemon mangkéné: Menawa kowé diulemi jagong mantèn, kowé aja linggih ing ngarep dhéwé, awit mbok menawa kang duwé gawé wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkaté tinimbang karo kowé. Supaya wong kang ngulemi kowé lan wong mau aja padha marani kowé lan celathu marang kowé: “ Kula aturi mingser, palenggahan punika kagem sadhèrèk punika.” Kowé banjur kepeksa ngalih linggih ing mburi dhéwé kalawan wirang.

Mulané, menawa kowé diulemi, linggiha ing mburi dhéwé. Bok menawa mengko sing duwé omah banjur marani lan celathu marang kowé: “ Sadhèrèk, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng.” Temahan kowé katon anggonmu kajèn ana ing ngarepané para dhayoh liyané kabèh. Sabab sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké. Lan sing sapa ngasoraké awaké dhéwé, bakal diluhuraké.

Gusti Yésus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengané: “ Menawa kowé nganakaké pista ing wayah awan utawa bengi, kowé aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak kadangmu utawa tangga teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowé. Dadi kowé wis olèh piwales. Nanging, menawa kowé nganakaké pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta. Yèn mengkono kowé bakal rahayu, amarga wong iku kabèh ora padha duwé kang dianggo males marang kowé. Déné kowé bakal tampa piwales mbésuk ing dina patangening para wong mursid.” ( Lukas l4: l-l4.)

Ing sawijining dina Sabat, Gusti Yésus diulemi rawuh kembul dhahar ing omahé wong Farisi. Gusti mriksani ana kang lara busung wetengé. Gusti paring pandangon marang kang padha teka ing kono, pangandikané: Kena apa ora marasaké uwong lara ing dina Sabat? Ora ana sing mangsuli, amarga ora wurung yèn klèru ngomong olèh wiring kaya wong wong kang kewirangan ing dalem pamujan dhek semana. Gusti Yésus banjur njamah tangané wong mau, larané kawarasaké lan sing wis waras mau didhawuhi metu.

Gusti priksa isining batiné wong Yahudi Farisi kuwi. Gusti uga priksa nalika tekané wong wong mau padha rebut manggon ana ngarep. Gusti uga emut kritikan kritikan sing kadadéyan, amarga marasaké wong lara ing dina Sabat. Mula pangandikané: “ Yèn sapi utawa kuldiné panunggalanmu ing dina Sabat kecemplung ing sumur, padha dientasaké apa ora?” Ora ana sing mangsuli, amarga sanyatané sing uwi-uwis, najan dina Sabat yèn ana kuldi utawa sapi ilang digolèki, yèn ana sing kecemplung mblumbang uga diupaya dientasaké. Gusti ngersakaké saben uwong iku kudu andhap asor. Gusti Allah ora rena ing penggalih yèn ana wong sombong. Sing padha lembah manah.

Gusti banjur ngendika marang sing ngundang, yaiku sing duwé omah. Menawa ana wong ngundang mitrané lan wong sugih-sugih teka pista ing omahé, wong kang ngundang mau wis olèh piwales seneng ana ing ndonya iki. Lan bakal genti olèh uleman pista uga, olèh seneng manèh.

Nanging wong kang nggayuh berkah ing dina patangèn mbésuk, sing diulemi kuwi wong miskin, lan diwènèhi mangan. Sing diundang wong miskin lan wong sing dipencilaké merga olèhé miskin. Sumlondhoh lan sumarahing ati iku sing sejati, katandukaké marang pepadhané, ora mikir bab bakal olèh berkah utawa ora. Kabèh mau ditindakaké mung merga anggoné ngabekti lan tresna marang Gusti Allah. Sumèh silaturahmi kang kaya mangkono iku kang njalari renané penggalihe Allah. Sikep kang kaya iki, kang bakal nampa sih rahmat lan berkah saka Gusti Allah.

Bujana kaswargan, bujana kang suci

Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yésus: “ Rahayu tiyang ingkang sami badhé kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.” Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong mau:” Ana wong nganakaké pista gedhen lan ngulemi wong akèh. Bareng wis ndungkap wayahe bujana, baturé dikongkon pratéla marang wong kang padha diulemi:

Sumongga sami karsaa rawuh, amarghi sadaya-dayanipun sampun cumawis. Nanging kabèh padha bebarengan nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkéné: “ Kula mentas tumbas pategilan, kula badhé ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.” Wong liyané matur mangkéné: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhé késah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten. Wong liyané manèh matur: “ Kula saweg kemawon émah-émah, mila mboten saged sowan.” Batur mau banjur mulih ngaturaké iku kabèh marang lurahe. Kang duwé omah nepsu banget, sarta celathu marang baturé: “ Énggal menyanga ing dalan-dalan, lan lurung-lurung kutha, wong mlarat, wong cacat, wong picak lan wong lumpuh padha iriden mréné.”

Baturé tumuli matur: “ Bendara, sadaya dhawuh Panjenengan, sampun kalampahan, ewosemanten papanipun taksih tirah.” Lurahe banjur celathu marang baturé: “ Menyanga ing lurung-lurung lan ing dalan-dalan cilik, wong-wong sing ana ing kono padha peksanen mlebu mrené, amarga omahku kudu kebak. Awit aku pitutur marang kowé: “Wong kang padha diulemi dhisik mau siji baé ora ana kang bakal ngrasakaké suguhanku.” ( Lukas 14: 15-24 ).

Ana tamu sing nyambung nanggapi piwulangé Gusti, bab uleman pista mau, guneme: Rahayu lan begja wong kang bakal kepareng kembul mangan ing Kratoning Allah.” Sing guneman mau sejatiné sajroning ati yakin, yèn dhèwèké kalebu wong kinurmatan kang bakal olèh uleman ing bujana swarga. Amarga rumangsa ibadahe becik.

Gusti Yésus paring wulang kanthi pasemon, pista kembul dhahar minangka ibaraté kauripaning agama. Sipaté karohanèn, kang sesambungan bab katentremaning jiwa. Gusti Allah ngulemi akèh wong kanthi gratis utawa lelahanan. Sing diulemi kuwi dhéwé sing kudu nemtokaké, gelem sowan utawa nglawan lan ora sowan. Panjenengané mangayubagya marang sing padha gelem teka. Gusti Yésus nyaritakaké, ana wong kinurmatan, bangsawan ngundang pista ing dalemé. Nanging wong akèh padha duwé pawadan, tansah ana baé alesané menawa ora bisa nekani.

Semono Gusti Yésus. Ngulemi para pangrasuk lan tokoh agama, nanging padha emoh teka ing pista. Gusti ngulemi para juru tagih pajeg, lan wong dosa diulemi uga supaya mèlu pista. Semono uga wong lumpuh lan wong miskin uga diulemi. Priyayi mau pistané ngulemi wong ing ndedalan lan wong wong sing kabuwang saka pasrawungan.

Wong kafir kang diulemi, malah bakal nampa samubarang kang ditampik wong Yahudi. Wong kafir kang padha mratobat, amarga rumangsa gedhé dosané, antuk kanugrahan pista ing bujanané sang bangsawan mau. Merga yakin lan rumangsa dosa. Kanisthan lan dosané ingapura, mula kena mèlu pista.

Sang Kristus mestani para pemimpin agama kuwi kaya wong kang bisa ngucap: “Aku wis bisa tuku pategalan.” – “ Aku wis tuku sapi limang pasang.” - “ Aku pengantèn anyar mula ora bisa teka ing pista.” – Kaya kaya kabèh duwé pawadan lan duwé alangan olèhé ora bisa nekani pista. Mangkono uga para pemimpin agama, rumangsa wis duwé samubarang, rumangsa wis dadi pemimpin, mula ora ngajèni marang uleman mau. Gusti Yésus ngendika, sing padha sugih pawadan lan alesan kuwi bakal nampa paukuman saka Gusti Allah. Ora ngajèni pista kaswargan, tegesé ora ngajèni keslametan langgeng. Mengkono kuwi uga sipaté wong sing fanatik agama.

Semono uga yèn umat ngendelaké anggoné wis sugih kawruh agama, lan nggegampang anggoné sowan dalem pamujan dadi nomor loro, iki uga kalebu ora ngajèni pista kasuwargan. Semaya ngabekti, merga ngendelaké barang darbé kawruh.Gusti Allah tansah nganthi, lah kok semono, bola-bali ngrèmèhaké, ngabektiné semaya.

Para kekasih kang binerkahan déning Gusti Yésus Kristus,

pa panjenengan rumaos yèn wis olèh uleman bujana katresnan, pista kaswargan bebarengan karo Gusti Yésus? Gusti Yésus ngulemi kita kabèh. Apa uleman kang asipat rohani lan batin iki wis panjenengan tampa? Karsané Gusti kita kabèh tinimbalan nunggal sajroning urip Rohani, kembul bujana sesarengan Panjenengané. Padha kasdu nyowani ulemané Gusti? Uleman iki, ngemu teges Gusti ngersakaké kita kabèh olèh dalan mlebu ing pista Kraton Swarga, kembul bujana suci kaswargan, nunggal lan Allah Sang Rama, ing Gusti Yésus Kristus sarta patunggilané Sang Roh Suci.

Gusti Yésus Kristus Juru wilujeng, ngulemi kita supaya olèh karahayon.

Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwé urip kanthi kalubèran. Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané kanggo wedhus-wedhusé.” ( Yohanès l0: l1 )

Appendix A. PITAKONAN PITAKONAN KANGGO NGUJI PANGERTÈN

Menawa buku iki wis diwaos lan disinaoni, mula panjenengan bakal bisa mangsuli pitakon pitakon iki kanthi gampang banget.

  1. Kepriyé atur wangsulané Pétrus nalika Gusti ndangu: “ Manut kowé, aku iki sapa?”

  2. Apa sababé Sang Kristus ngrawuhi jagad iki ?

  3. Ana sarat telung werna yèn bakal ndhèrèk Gusti Yésus. Apa kuwi ?

  4. Kena ngapa Gusti Allah mratélakaké marang para murid lan ngendika: “ Iki Putraningsun kang Sun kasihi, kang dadi renaming penggalihingSun.”

  5. “ Bocah cilik iku ajaken mréné.” – Apa wigatiné lan karsané?

  6. Sapa ta “pepadhaning” urip iku?

  7. Kepriyé carané Martha lan Maryam ngladosi Gusti Yésus?

  8. Ing Injil Yohanès 9, ana wong wuta wiwit lair. Apa wigatiné ?

  9. Telu baé, apa sing ditindakaké Sang Pangon kang utama tumrap wedhusé?

  10. Critakna kanthi ringkes, pasemon wong sugih kang bodho. Manut Lukas l2.

  11. Yèn panjenengan gawé pista bujana, bakal ngundang sapa? Kena ngapa kudu ngundang wong liya lan wong wong iku?

  12. Jika anda mengadakan pesta perjamuan, siapakah yang harus anda undang? Mengapa anda harus mengundang orang-orang ini?