Kembali ke ikhtisar item
SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

Judul Asli: “Life of Christ”

Buku IV - MUJIZAT-MUJIZAT KANG NGÉRAM-ÉRAMAKÉ

George Ford

(Diterjemahkan dari bahasa Inggris)


YOHANÈS PAMBAPTIS MANGU-MANGU BAB GUSTI YÉSUS

Nalika Nabi Yohanès mireng pawarta bab lelakon iku kabèh, saka para sakabaté. Banjur nimbali sakabaté loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “ Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanèsipun?”

Bareng wis padha ana ing ngarsané Gusti Yésus, banjur matur: “ Kawula sami kautus déning Nabi Yohanès Pambaptis, kadhawuhan matur pitakèn: Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanèsipun?” Nalika semana Gusti Yésus pinuju nyarasaké wong akèh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan dhemit, apadéné akèh wong picak kang padha kaparingan pandeleng. Gusti Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané: “ Padha mundura, aturna marang Nabi Yohanès apa kang kok deleng lan kok rungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najisé, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangèkaké, lan wong mlarat padha kawartanan Injil. Lan rahayu wong kang ora kacuwan ing bab Aku.” ( Lukas 7: l8-23).

Sang Prabu Hérodès, ngrebut Hérodias sisihané Filipus seduluré, dadi garwané. Nabi Yohanès ngelingaké tumindak dosa kuwi, Hérodès nesu banget. Mulané Nabi Yohanès banjur dikunjara ing Benteng Makéros ing tanah Béréa, nganti setahun luwih. Nanging para muridé Nabi Yohanès, tansah bisa niliki guruné mau. Uga caos kabar, manawa Sang Yésus damel mujizat werna werna. Kang ngéram éramaké banget, amarga Gusti Yésus nguripaké bocah sing mati, ing Nain. Para murid uga matur marang Sang Nabi, manawa akèh kawula Israèl kang padha ndhèrèkaké Gusti Yésus, padha kepéngin ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus, sarta padha gumun marang apa baé kang katindakaké déning Gusti Yésus. Wong lara werna werna ditulungi dadi waras.

Sejatiné, Nabi Yohanès wus mratélakaké lan paseksi yèn bakal setya lan nresnani Gusti Yésus. Keyakinané isih isi pitakonan? Apa sababé Sang Mésias ngetogaké baé Yohanès dikunjara. Sang Kristus, iku Sang Mésias kang wus kajanjèkaké déning Gusti Allah bakal merdikakaké para kang kinunjara ta ? Semangaté Yohanès leladi lelandhesan kayektèn, nanging malah mlebu pakunjaran, katon banget yèn ora ana kaadilan. Kena ngapa, sanaké sing asma Yésus, ingatasé kagungan panguwasa, durung tumandang nulungi. Sepira angèlé gawé mujizat tumrap Panjenengané. Apa sing ora bisa kadamel déning Gusti Yésus kanggo mitulungi Yohanès Pambaptis? Yèn mung kaya ngono baé, Ora mokal yèn Yohanès uga duwé pikiran manawa Kratoné Sang Kristus iku iya mung sipat Kraton donya. Kraton kang iya mung isi panguwasa lan kawibawan kadonyan baé.

Bisa uga Nabi Yohanès pitakon jroning ati, endi sih welasé Sang Raja kang pawartané wus dikabaraké lan diwulangaké marang para muridé. Kuduné, Sang Kristus ngetingalaké kasektèning rawuhé kang sinebut Ratuning para ratu kuwi. Lumrah, amarga pitakon kaya mangkono bakal thukul ing saben wong kang uripé nyandhang dosa. Ing kahanan kang tidha-tidha iku, lumrah yèn ati dadi ragu lan mangu-mangu. Apa manèh sadurungé mlebu pakunjaran, Nabi Yohanès malah duwé kamardikan, najan manggon ing ara-ara, pangané sabarang kang ana ing alas. Krasa malah merdika. Bareng wis ana pakunjaran, krasa banget anggoné atiné saya pepes. Abot rasaning atiné, ora nindakaké apa-apa, tur diranté pisan. Mangka sadurungé ibarat nyambut gawé sengkut gumregut kanggo Kraton kang bakal maujud, yaiku Kratoné Sang Mésias, kang dadi papané para muridé ngrasuk pamratobat, merga sadhar bab dosa-dosané. Bisa uga semangaté dadi nglokro, saya nipis sabaring ati. Banjur kongkonan murid loro, sowan Gusti Yésus, saperlu pitakon: Apa Gusti Yésus iku Sang Kristus temenan, apa isih kudu ngentèni liyané manèh ? Apa Gusti Yésus iku Sang Mésias ?

Nalika para muridé Nabi Yohanès mau marepegi Gusti Yésus, Panjenengané pinuju mulang wong akèh lan mitulungi sing padha butuh olèh kewarasan saka sadhéngah lelara. Apa Gusti Yésus ménggalih yèn utusané Nabi Yokanan kuwi sangu rasa ragu-raguné Sang Nabi guruné. Mula ana pangandikan kang sejatiné katujokaké marang utusan mau. Pangandikané Gusti: “ Rahayu wong kang ora dadi kuciwa lan banjur nulak Aku.” Tokoh sejarah kaya déné Nabi Yokanan uga isih kalebu titah, mula isih duwé kaluputan. Yaiku yèn mangu-mangu sajroning ati. Sang Prabu Dawud uga paseksi yèn akèh lelakon kang dumadi tanpa disadhari. Mazmur l9: l3 ngendika: “Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran? Paduka mugi karsa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.” Nabi Soléman, uga mratélakaké ing Wulang Bebasan ( Amsal) 24: l6, pangandikané: “ Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah kaping pitu, mesthi ngadeg manèh, nanging wong duraka bakal ambruk ana ing sajroning bilai.”

Sawijining kanugrahan, déné yèn ati ragu ragu banjur sowan miterang marang Gusti Yésus, rahayu kang banjur nggolèki Gusti Yésus. Pancèn ana panemu, wong mangu-mangu iku merga saka olèhé duwé pikiran. Merga saka olèhé duwé kawruh. Merga saka olèhé pinter lan ngati-ati. Utawa, malah kanggo ngatonaké yèn ora duwé kaluputan. Nanging Gusti Allah bakal ngukum sikep kaya ngono iku. Wong kaya ngono ora bakal bisa ketemu kayektèn. Kejaba yèn wani mratobat. Mratobat saka lair tekan batin. Begja déné Yohanès Pambaptis, golèk tuntunan kasuwargan, ngutus utusan sowan Gusti Yésus. Yohanès Pambaptis, manunggaling watak tresna, gedhéning semangat lan andhap asoring ati sarta ajrih marang Gusti Allah. Mula saupama duwé rasa mangu-mangu, isih nggolèki pepadhang. Duwé pengarep-arep bisa nemu padhanging atiné. Isih kaberkahan déning Roh Suci. Iman kang isi pengarep-arep lan linambaran sih katresnan, isih bisa dadi sarana tumuruné panguwasa kang mitulungi. Béda karo kang imané mung adhedhasar kawruh anggoné sinau. Akèh wong kang mangro tingal lan atiné kebak pamangu-mangu merga rumangsa pinter ngelmu, sarta ngendelaké kamanungsané.

Ana manèh penemu. Yèn Yohanès Pambaptis dhéwé ora duwé rasa mangu-mangu mau. Anané ngutus duta sowan Gusti Yésus, supaya katrangan kang gumathok kang ditampa para murid langsung saka Sang Kristus, nguwohaké kamantepaning iman tumrap para muridé kabèh. Yèn mengkono, kabèh anggoné leladi, kanthi semangat mangalat-alat nganti tekan pungkasaning umuré, tansah golèk rékadaya, olèha dalan anggoné bakal nuntun umat manungsa ketemu Gusti Yésus amrih padha slamet rahayu.

Malah sadurungé Yohanès mlebu pakunjaran, wis mbiwarakaké yèn kang rawuhé nungka Yohanès, iku luwih gedhé luwih agung katandhing Yohanès dhéwé. Sanajan rawuhé keri, nanging wis ana sadurungé Yohanès lan jagad iki ginelar. Yohanès wis mulangaké iku. Anggoné kinunjara, pancèn wus dadi keparengé Gusti Allah, Nabi Yohanès dadi martir. Nandhang sengsara, nanging kacawisan kanugrahan tikel ana ing suwarga. Yohanès ora wedi marang Sang Raja Hérodès. Ngelingaké dosa lan kaluputan marang ratu, déné ngrebut garwaning pepadhané, mangka Pangéran Filipus iku iya kadangé dhéwé. Amarga Yohanès ngugemi kayektèn, ngugemi sing bener.

Saka lelakoné Yohanès Pambaptis kita kabèh nyawang conto kang becik. Déné anggoné mbélani Sang Kristus, Sang Nabi ora wedi marang panguwasaning jagad raya. Sanajan mlebu kunjara. Momotan lan kasedhihan kang dialami déning Yohanès, ibarat urip kang ngadhepi mangsa kritis. Dadi tuladha milih sikep lan lakuning tumindak sajroning anggelar Kabar Kabungahan ing kahanan sing rupeg, kang ingaran krisis ing babagan apa baé. Mulané Gusti Yésus ingkang kagungan panguwasa gung, ora banjur nulungi kahanané Yohanès. Amarga saben kadadéyan, kabèh karegem ing karsaning Gusti Allah. Yohanès pancèn cucuking laku lan nyawisaké margining Pangéran.

Gusti Yésus paring katrangan marang utusané Nabi Yohanès, ora kanthi akèhing pangandikan, dudu tembung, nanging tumindak yaiku laku: Mitulungi wong akèh. Manut Lukas 7: 2l, manéka werna lelara pinaringan saras. Wong wuta bisa ndeleng, wong lumpuh bisa pulih lan werna-werna manèh. Utusan mau weruh dhéwé, nyipati apa kang kadadéyan kang katindakaké déning Gusti Yésus. Para utusan supaya ngerti iba gedhéning panguwaosé Gusti.

Samubarang kang disipati, lan samubarang kang dirungu, utusan mau kadhawuhan ngaturaké marang Nabi Yohanès. Kaya pamecané Nabi Yésaya ing nguni, wus kaujudaké ing laku déning Gusti Yésus. Kitab Yésayah 29: l9, ngendika yèn akèh wong susah bakal dadi bungah. Wong miskin kaberkahan lan memuji mring Allah:

“Rohing Pangéran Allah ana ing Ingsun, awit Yéhuwah Allah wus njebati Ingsun, Ingsun kautus nyebaraké kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sengsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atiné, ngundhangaké lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka pakunjaran, sarta ngundhangaké taun sih rahmaté Gusti Allah.” ( Yésayah 6l: l )

Dadiné para utusan mau krungu langsung paseksi sarta pratélan peparingé Gusti Yésus.Uga nyawang apa kang katindakaké anggoné Gusti Yésus mitulungi wong akèh.

Bareng utusané Nabi Yohanès wis padha mundur, Gusti Yésus banjur medhar pangandika marang wong akèh iku bab Nabi Yohanès, mangkéné: “ Apa perlumu menyang ing ara-ara samun? nDeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan? Utawa arep apa kowé mrana Iku ? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo éndah lan kang uripé mewah iku? Panggonané ana ing kraton. Dadi apa prelumu mrana? Apa ndeleng Nabi? Iya bener, lan Aku pitutur marang kowé, malah ngungkuli Nabi. Awit ana pangandika bab dhèwèké, mangkéné: “ Lah ingsun dhawuh marang utusaningSun supaya ndhingini Sira, lan nyawisaké dalanIra ana ing ngarepIra.” Aku pitutur marang kowé: Ing antarané wong kang kalairaké déning wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yohanès, nanging kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dhèwèké.” Wong akèh kang padha ngrungokaké pangandikané, kalebu uga para juru mupu beya, kabèh padha nganggep marang adiling Pangéran, amarga wis padha dibaptis déning Nabi Yohanès. Nanging para Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsané Gusti Allah tumrap awaké dhéwé, sarana anggoné padha ora gelem dibaptis déning Nabi Yohanès. ( Lukas 7: 24-30).

Kang diutamakaké déning Gusti Yésus supaya dingerteni utusan mau, yaiku bab kaélokan kaélokan kang dumadi, iku kabèh saka swarga asalé. Sejatiné Sang Mésias, mesthi bakal ngetingalaké panguwaosé kanthi pangandikan lan utamané kanthi tumindak. Anggoné ora nulungi sarta paring pangluwaran Yohanès kang kinunjara, amarga Gusti mirsa, kuwi kabèh kudu kaleksanan. Ora merga tegel, utawa merga ora bisa ngéntasi gawé banjur ora mreduli marang Yohanès kang kaukum déning Hérodès, nanging amarga kuwi kudu kelakon mangkono. Babar pisan ora merga Gusti téga lan ora merga kalépyan utawa kelalen.

Anggoné Nabi Yohanès kasil ndhingini lampah ngayahi leladi, kapirsanan uga déning Gusti. Wong wong padha marani Yohanès, ngrungokaké piwulangé lan kabaptis. Yohanès duwé kateguhan batin, ora kaya kembang glagah kang kasabet angin miyar-miyur. Nanging atiné rosa, imané teguh, satemah lumebu ing pakunjaran. Yèn mangkono pitakonan lumantar utusané Sang Yohanès, ora nélakaké yèn atiné ragu. Babar pisan ora. Wiwit sekawit Yohanès tulus, konsisten, mulang kanthi bares. Sing dilakoni padha karo sing dadi pangandikané. Sing dadi ngendikane nekseni Gusti Yésus uga dilakoni. Tandhes, tégas lan ngugemi pathokan bener. Mula yèn wong akèh nganggep Yohanès Pambaptis iku Nabi, iku bener banget.

Yohanès nglencengaké dalan, nyawisaké margi ambah-ambahané Pangéran, ndhisiki lampah methuk rawuhé Sang Mésias, iya Sang Yésus Kristus Juru Slamet. Lan uga nuntun wong akèh sowan marang Gusti Kristus, lan manjing dadi kagungané Gusti. Mula Yohanès sawijining Nabi kang gedhé. Apa sing ditindakaké Musa, lan uga kang katindakaké nabi Eliya, semono uga kang dilakoni Sang Prabu Dawud, ora ngluwihi leladiné Yohanès Pambaptis.

Ing Matéus ll: ll, katulis paseksiné Gusti Yésus bab Yohanès iki. Pangandikané: “ Ing antarané wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yohanès Pambaptis, éwadéné wong kang cilik dhéwé ana ing kratoning swarga iku nglkuwihi Yohanès Pambaptis.” Pangandika iki isi magna kang jero. Tegesé, Yohanès Pambaptis luwih gedhé katimbang nabi-nabi kang tau linairaké sacara alami. Kejaba Gusti Yésus piyambak ora ana kang ngluwihi Yohanès.

Anggoné Yohanès kabiji luwih gedhé katimbang Nabi liyané, karana Yohanès kepareng nyaritakaké, paseksi lan nyawang Sang Kristus Yésus lan wis paseksi ana wasiat lawas, yaiku Kitab Suci Prajanjian Lawas. Yakin banget, paham lan wijang panyawangé bab Sang Mésias kang bakal rawuh. Banjur ngajak marang wong supaya padha mratobata. Pasrah dadi kagungané Sang Juru Wilujeng Sang Panebus.

Pangandika kang ana ing Injil Lukas l3: 30, sejatiné isi panyaruwé marang wong Yahudi, kang rumangsa wis manggon ana ngarep, amarga rumangsa dadi turun Abraham lan Yakub. Wong Yahudi, lan uga wong Farisi kang padha wasis bab kawruh Kitab Suci, padha rumangsa yèn duwé kalenggahan kang wus cedhak karo Gusti Allah, lan lakuné wis dadi bener, saka anggoné mbudidaya lan sregep ibadah. Panyaruwéné Gusti mangkéné: “ Lah ana pamburi kang bakal dadi pangarep, lan ana pangarep kang bakal padha dadi pamburi.”

Ingatasé bangsa Israèl kang wus wanuh karo sejarahé para leluhur sarta bisa nampa kawruhé luwih dhisik, kena ingaran dadi pangarep, ewasemono nampik ajaran kang kawulangaké déning Yohanès. Luwih begja para wong dosa, kang dianggep dadi pamburi, sanajan tiba mburi anggoné wanuh karo Gusti Yésus, nanging banjur nampa Sang Mésias lan mratobat. Mula pinaringan urip langgeng. Yohanès dikritik wong Yahudi sabab anggoné banjur ndhéwé, ora awor srawung karo adat tata carané masarakat Yahudi. Iya saka anggoné milih kauripaning wong tapabrata, mula kaanggep Yohanès ora lumrah. Yohanès dianggep karasukan lelembut, lan piwulangé kaco. Mulané wong Yahudi nampik piwulangé Yohanès.Kosok baliné, wong Yahudi ngritik Gusti Yésus, merga anggoné Sang Kristus srawung karo wong dosa, kayadéné Lewi utawa Matéus. Sugengé Sang Kristus kanthi prasaja ( = sederhana ), ora narik ati lan ora gawé mongkok. Mangkono mau ora disenengi wong Yahudi. Amarga ora katon kawibawaning kadonyan. Injil Lukas 7: 34, nyathtet yèn ana penemuné wong Yahudi, yèn Gusti Yésus dianggep : Sahabaté para pemabuk, mitrané wong rakus, mitrané para wong dosa kaya déné Matéus. Nanging dakwan mau sejatiné babar pisan ora nyata.

Para maos, ora becik dadi wong abangan, apa manèh milih dadi kafir, ora becik. Aluwung precaya marang Sang Ktistus Yésus. Gusti Yésus iku ibarat dalan kang nuju swarga, iku dalan kang kacawisaké déning Gusti Allah piyambak. Yésus Kristus, asma iki duwé makna, Sang Juru Slamet, kang ngasta panguwaos ing bumi lan ing swarga. Ayo ndhèrèk Gusti, amarga Panjenengané iku lawang kaswargan.

SAWIJINING WONG FARISI, DITUWÈNI GUSTI YÉSUS

Tumuli ana salah sawijining wong Farisi kang ngaturi dhahar marang Gusti Yésus ana ing omahé. Gusti Yésus iya banjur rawuh lan lenggah dhahar. Ing kutha kono ana wong wadon kang wus kondhang anggoné dadi wong dosa. Nalika krungu, yèn Gusti Yésus lagi dhahar ana omahé wong Farisi mau, dhèwèké banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi, nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkingé sampéyané Gusti Yésus, nganti eluhé crocosan nibani sampéyané, banjur diusapi klawan rambute, diujungi sarta dijebati klawan lengané wangi mau. Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yésus weruh kaya kang mangkono iku dhèwèké banjur duwé osik mangkéné: “Yèn Dhèwèké iku Nabi, mesthiné ngerti sapa lan wong apa sing nggepok awaké iku; mesthi ngerti yèn iku wong dosa.” ( Lukas 7: 36-39).

Gusti Yésus ngrawuhi nalika diundang kembul dhahar déning wong Farisi aran Simon lan para mitrané wong Yahudi. Kita kabèh ora ngerti apa karepé Simon ngundang Gusti Yésus kuwi. Mesthiné duwé karep sing becik, merga nalika iku asmané Gusti sarta kaélokan-kaélokan kang ditindakaké pancèn gawé éramé wong pirang-pirang. Nanging bisa uga duwé niyat ala, kanggo nggolèki luputé Gusti Yésus. Kita ora ngerti. Sing cetha, Gusti Yésus nresnani sapa baé, kalebu kang masang piala marang Gusti. Panjenengané ora owah gingsir sing dadi karsané, kanggo milujengaké umat manungsa.

Kalebu nalar uga, sanajan Simon ngerti arum asmané Gusti Yésus, nanging isih bisa uga ngrèmèhaké, amarga ngelingi asal dunungé Sang Kristus saka satengahing brayat miskin ing Nazarèt. Gusti Yésus pancèn ora lulusan perguruan tinggi agama Yérusalèm. Sadina dina Gusti uga ora ngenut adat tatacara Yahudi kang diugemi kaum Farisi. Nyatané, minangka tamu kang diundang, Simon ora ngurmati Sang Kristus kaya lumrahé adat Yahudi ngurmati tamu, mijiki suku upamané. Simon ora nindakaké sing mengkono. Dadiné ya isih krasa yèn rada ngrèmèhké Gusti Yésus. Manut Simon, yèn wong Nazarèt wis katut diundang dhahar baé wis dadi pakurmatan. Bisa uga mangkono.

Bab Gusti rawuh diundang Simon iku kabaré sumebar tekan adoh. Bisa uga anggoné ora olèh pakurmatan minangka tamu kuwi ya dadi guneming wong akèh. Mulané banjur ana wong wadon kang bakal caos pakurmatan. Wong wadon mau wis kawentar yèn dianggep wong ala, wong dosa. Nanging malah thukul semangaté bakal caos pakurmatan.

Wong wadon mau ora bisa nampa sikepé tuan rumah sing sepi ngurmati kuwi, ingatasé wis diyakini yèn Gusti Yésus iku wong agung, guru agung. Wong wadon mau mlebu ing omahé Simon, nggawa gendul isi lenga wangi. Nanging ora lungguh ing palungguhan, merga rumangsa tekané ora diulemi. Lenga wangi mono, lumrahé kanggo ngurmati tamu, padatan disiramaké ing mustaka, disiramaké ing rikma saka sirah. Wong wadon mau ora wani tumindak mangkono, merga kelingan lelakoné sing wis kawuri kebak dosa. Nanging amung wani nyuntak lenga wangi mau ing sampéyané Gusti. Yaiku ing suku. Ing antarané sing ngumpul ana ing omah kono, wong wadon mau pancèn dianggep rèmèh merga dosané akèh. Rasané abot, momotaning batin nggendhéyot.

Nanging ora bisa diduwa niyating ati bakal caos pakurmatan. Kaya ana timbalan kang tinampa ing iman lan nuraniné wong wadon mau, supaya sowan. Kang waniné mung ngadeg sawingkingé sampéyané Gusti. Ngesok lenga wangi ing suku. Lenga kang disokaké ing suku, binarung eluhé kang nètès ing pipiné, thukul nelangsa keduwunging ati merga dosa sing wis kepungkur. Binarung aruming lenga wangi, eluhé ngaturaké pamratobat kang tulus, kanthi pakurmatan arum. Nanging uga dadi tangis lan eluhing kabungahan, atiné sukarena déné kelakon bisa ngurmati kang ngapura dosané.

Sing padha nyipati ora ngerti, kena ngapa lenga kang semono larangé, disuntak kanggo ngurmati Sang Kristus. Bisa uga wong wadon mau dianggep mendem, mabuk. Déné ngguwang bandha lenga wangi karo tawan-tawan eluh ngurmati. Kanthi andhap asor, wong wadon mau ngambung sampéyané, sukuné Gusti Yésus. Minangka atur panuwun marang kang wus mulang lan nenuntun marang patobat lan paring rahayu.

Simon, sing duwé omah, ora seneng marang wong dosa kaya wong wadon kuwi. Déné lumebu ing omahé. Atiné runtik, déné wong wadon mau duwé sikep kaya ngono marang Guru Yésus tamu ulemané Simon. Atiné kagèt uga, déné Gusti Yésus bisa nampa pakurmatan kuwi. Apa ora mirsa yèn wong wadon kuwi wadon kang njijiki, akèh dosané? Lah yèn pancèn Gusti mirsa, lah ya ing kono kaluputané Gusti, déné nampa wong ala ngurmati. Kok karsa digepok didemek sampéyané. Yèn ngono, Sang Yésus iku dudu Nabi. Senajan Simon ora guneman apa-apa, Gusti Yésus mirsa apa kang kumlesik sajroning ati. Mula banjur ngendikakaké sawijining pasemon. Ing Injil katulis mangkéné:

Gusti Yésus banjur ngendika marang Simon:” Simon, ana prekara kang arep Dakandhakaké marang kowé.” Simon mangsuli, aturé: “ Sumangga, kapangandikakna, Guru.” “ Ana wong loro kang padha duwé utang marang kang potang, kang siji limang atus dinar, sijiné seket dinar. Saréhné padha ora bisa nyaur, kang potang banjur nglilakaké utangé wong loro mau. Wong loro iku sing endi sing luwih tresna marang dhèwèké?” Atur wangsulané Simon: “ Kula kinten inggih tiyang ingkang sambutanipun kathah. Lajeng dipun lilakaken punika.” Pangandikané Gusti Yésus: “Bener panemumu iku.” Banjur ngendikan marang Simon manèh karo mirsani wong wadon iku.: “ Kowé weruh wong wadon iki? Aku mau mlebu ing omahmu, kowé ora mènèhi banyu kanggo wisuh sikil, nanging wong iki nelesi sikilKu nganggo luh, banjur diusapi klawan rambuté. Kowé ora ngambung Aku, nanging wong wadon iki wiwit Aku mlebu ing omah iki, tansah ngambungi sikilKu. Kowé ora nglengani sirahKu, nanging wong wadon iki njebati sikilKu nganggo lenga wangi.

Mulané Aku pitutur marang kowé: “ Dosané kang akèh iku wus kaapura. Amarga wus nindakaké katresnan akèh. Nanging kang kaapura sethithik iya nindakaké katresnan sathithik.” Banjur ngendika karo wong wadon mau: “Dosamu wus kaapura.”Wong kang linggih mangan bebarengan karo Panjenengané, padha mosik mangkéné“ Sapa ta, dhèwèké iku déné kok nganti bisa ngapura dosa?”

Nanging Gusti Yésus nuli ngandika marang wong wadon mau:” Pangandelmu kang mitulungi kowé, mundura kalawan tentrem rahayu !” ( Lukas 7: 40-50)

Ana tukang potang dhuwit, ngutangi wong loro. Nanging wong loro mau utangé dibébaskaké dadi lunas. Gusti ndangu marang Simon, sing endi sing luwih gedhé pamatur nuwuné lan tresnané marang sing potang mau? Simon matur: Yèn sing utangé akèh bakal luwih gedhé urmat lan tresnané marang kang gawé bébasé utang mau. Marang Simon Gusti Yésus ngendika, yèn utangé Simon mung sethithik. Tegesé luwih cilik, yèn katandhang karo utange wong wadon sing dianggep wong dosa kuwi.

Wong wadon sing utange akèh mau, nyuntak lenga wangi ing sampéyané Gusti, kanthi runtuhing eluh andhap asor. Balik Simon, ora ngurmati Gusti Yésus minangka tamu kang diulemi rawuh, kanthi mijiki tamu. Simon ora mijiki sukuné Gusti Yésus nalika rawuh mau. Mangka adat Yahudi mangkono. Tegesé Simon malah ora sung urmat marang tamu. Pakurmatan sing ditampa saka wong wadon mau déning Gusti Yésus, malah ora saka sing duwé omah. Simon malah ora ngurmati. Senajan wong wadon mau ora nyuntak lenga wangi ing mustakané Gusti, nanging amung ana ing sikil. Kuwi ateges anané rumangsa asor, nanging kanthi kabungahan déné kepareng caos urmat. Tegesé, wong wadon mau NYUWUN APURANING DOSA. Utang iku ibaraté dosaning uwong.

Déné Simon, rumangsa ora duwé beban, rumangsa ora duwé momotan, rumangsa ora gawé dosa. Mula ora rumangsa perlu nyuwun apuraning dosa. Apa kang diyakini déning wong wadon mau, babar pisan ora krasa ing atiné Simon. Dosané wong wadon mau wus kaapura, amarga wus nindakaké katresnan. Pangandikané Gusti, mratélakaké yèn wong dosa kang kaapura, bakal nresnani luwih akèh. Kuwi ora ateges, katresnané wong dosa kang njalari olèh ampunan.

Nanging katresnan iku thukul, merga olèh pangapura luwih dhisik. Gusti Yésus mirsa yèn olèh kritik saka wong akèh. Ora béda nalika nulungi wonglumpuh dhek semana lan ngendika manawa dosané wus kaapura. Sing sapa rumangsa olèh ampunan akèh, bakal mbudidaya aja nganti tumindak dosa manèh. Gusti Yésus nresnani wong dosa kang mratobat. Nganti titimangsa iki, ora ana Juru Wilujeng liya kang sembada lan kuwasa paring pangapuraning dosa. Kejaba mung Gusti Yésus Sang Al-Masih. Apa panjenengan kabèh wis nampa keslametan kang kaparingaké déning Sang Kristus Yésus Gusti kita Sang Juru Wilujeng?

SEDULUR-SEDULURÉ GUSTI YÉSUS KANG SEJATI

Mitulungi wong karasukan sétan.

Sawisé iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanaké menyang ngarsaNé, tumuli diwarasaké déning Gusti Yésus, satemah kang picak lan bisu mau, banjur bisa guneman lan ndeleng. Wong-wong kabèh padha kaéraman sarta padha calathu: “Panjenengané iku kira-kira tedhaké Sang Prabu Dawud.” Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkéné: “ Anggoné nundhungi dhemit iku marga nganggo jenengé Beelzebul, panggedhéning sétan.” Saréhning Gusti Yésus mirsa pikirané wong-wong mau, banjur padha dipangandikani:” Saben krajan, kang rakyaté padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wongé padha dredah iku ora bisa lestari. Manawa Iblis nundhung iblis, iku dadi dredah karo awaké dhéwé, yèn mangkono krajané bisané lestari kepriyé? Dadiné yèn aku nundhungi dhemit nganggo jenengé Beelzebul, lah nganggo jenengé sapa yèn anak-anakmu nundhung ? Mulané anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowé. Nanging yèn anggonku nundhungi dhemit iku kanthi panguwasané Rohing Allah, satemené Kratoning Allah wus nekani kowé. Utawa kepriyé bisané wong lumebu ing omahé wong kang rosa lan njarah rayah barang darbéké, yèn wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Yèn uwis, lagi bisa ngrampok omah mau. ( Matéus l2: 22-29 ).

Ana wong wuta lan bisu, karasukan sétan. Disowanaké marang Gusti Yésus, ditulungi dadi waras, dhemité ditundhung lunga. Bab iku dadi gawok lan éramé wong akèh. Gusti paring kasarasan sampurna lan jangkep. Atiné, badané, kalis saka reridhuning sétan. Bisa ndeleng lan bisa guneman. Kasarasan total, jangkep. Gumuné wong akèh kanthi pitakonan : Apa iku Sang Mésias, kaya kang dijanjèkaké bakal tumurun menyang jagad, kaya pamecané para Nabi lan saka dhawuhing Allah? Wong sapirang pirang padha simpati marang Gusti. Rasa bungah lan éram dadi siji, kabèh ngurmati lan ngakoni panguwasané Gusti Yésus. Nanging, émosi positif, simpati lan urmaté wong akèh marang Gusti kuwi, njalari rasa seriké wong Farisi lan para ahli Toret kang teka ing Yérusalèm. Sacara politis, tansah golèk akal, supaya wong akèh iku aja tansah ndhèrèkaké Gusti Yésus, lan supaya wong akèh padha ngedohi.

Para wong pinter kuwi gawé provokasi, menawa daya kekuwatan sing ana ing Sang Yésus kuwi daya saka panggedhéné sétan, Beelzebul. Luwih manèh, marang wong sing durung ketemu Gusti sacara langsung pribadi, diwartani bab iku, yaiku yèn Gusti Yésus iku pirantining Beezebul si panggedhéné sétan lan iblis. Gusti mirsa yèn dipitenah. Nanging Gusti uga mirsa, apa isining atiné para kawula cilik. Lan paham banget apa trékahing sétan kang remasuk ing batiné wong Yahudi lan Farisi. Mula Gusti uga paring andharan, telung prekara sing wigati:

  1. Gusti Yésus kanthi wijang nulak pandakwa yèn kang katindakaké olèh pitulungané Beezebul. Sétan ora bakal nulungi Gusti Yésus. Gusti Yésus bakal nundhung sétan, mokal lamun olèh pambiyantuné sétan. Yèn mengkono, kraton sétan bakal lebur dhéwé lan pecah-pecah.

  2. Pemimpin Yahudi ndakwa yèn Gusti Yésus nundhung sétan olèh biyantuné roh-roh jahat. Yèn ngono wong Yahudi iya padha baé, uga ngakoni yèn uga nundhung sétan. Mesthiné uga dibantu roh-roh reget. Wong Yahudi liyané banjur mikir, yèn para pemimpin Yahudi mau goroh. Amarga wong Yahudi ngaku yèn nundhung sétan kanthi Rohing Allah.

  3. Ora klebu nalar yèn Gusti dibiyantu sétan, amarga rawuhé Guti Yésus kanggo nglawan lan ngalahaké si Iblis. Iku pakaryané Rohing Allah.

Wong Yahudi lan wong Farisi mung nggatèkaké mujizat, ora nganti rumesep mikir yèn Gusti Yésus iku kagungan kawelasan lan katresnan sejati. Sétan duwé kekuwatan, nanging ora duwé katresnan. Asih, ora bisa makarya bareng karo si anti-asih. Manungsa ora gampang bisa nyawang marang sih kawelasané Gusti Yésus, malah dianggep panggawéné si sétan. Mangka sétan ora duwé katresnan, kepriyé bisané nulungi uwong, utawa nunggil karo Gusti? Amung kang Mahakawasa kang bisa nundhung sétan.

Babagan Agamawi, Mokal Bisané Nétral.

Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora mèlu ngumpulaké karo Aku, iku mbuyaraké. (Matéus l2: 30).

Sawisé Gusti ngandharaké yèn mujizat-mujizat kang kadamel iku saka Gusti Allah, Panjenengané mratélakaké yèn ing babagan ngrasuk agama, wong kudu milih. Nglawan Gusti Yésus, apa nyarujuki Gusti Yésus lan nunggil Gusti. Kudu milih. Ora ana gunané yèn kasawang kaya precaya lan nampa Gusti Yésus, nanging lakuné cengkah karo karsané Gusti. Yèn ora manut Gusti, mesthi manut karo sétan. Mulané iba petengé rohaniné padha picak, nalika ngarani yèn tumindaké Gusti Yésus “kerja-sama” – sangkul sinangkul karo sétan. Sing ngarani kuwi mesthi nandhang wuta batin nuraniné. Sejatiné, ora ana wong siji-sijia kang bisa nindakaké laku becik lan bener, kejaba Allah piyambak.

Wong ora bisa mangro tingal, iya nglayani Iblis, nanging katoné iya ngabekti marang Gusti. Kuwi goroh, omong kosong. Kudu kanthi niyat teguh, mbuktèkaké yèn uripé leladi marang Gusti Allah. Mangka bisané iya merga katuntun déning Allah.

Sacara karohanen, ana kekuwatan loro kang tansah perang sadawaning jaman kaya kaya tanpa akhir. Yaiku ing antarané Kratoning Allah, iku kratoning pepadhang, kasucèn lan kayektèn (bebener), kang tansah dilawan déning kratoné si Iblis, kang dadi kratoné si pengawak dursila, iku kekuwatané si piala. Isiné pepeteng, kanisthan lan dosa.

Para pemimpin Farisi Yahudi damel sungkawané Sang Roh Suci, amarga ndakwa manawa mujizat lan kaélokan kang katindakaké Sang Kristus, dibiyantu sétan. Mangka sakabèhing mujizat katindakaké déning Gusti kanthi pakaryané Sang Roh Suci. Gusti Yésus asring nyaruwe marang para pemimpin Yahudi Farisi kanthi blak-blakan, amarga piwulangé pancèn gawé kesasaring laku. Sejatiné, nalika wong Yahudi ngarani yèn Gusti Yésus nyawiyah (menghujat) marang Gusti Allah. Nalika uga sejatiné wong Yahudi lan Farisi dhéwé sing nyawiyah. Déné sing makarya Sang Roh Suci sajroning Gusti Yésus damel kaélokan, nanging wong Farisi lan wong Yahudi ngarani kuwi panggawéné panggedhéné sétan si Beelzebul. Wong Yahudi kang njalari Roh Suci ngrudatin.

Nalikané nyaruwé lan ngadhepi wong Yahudi lan Farisi, Gusti isih kepareng nglipur wong akèh kanthi ngendika: “ Precayaa, dosamu wis kaapura.” Senajan sepira gedhéning dosa, manawa mratobat, nelangsani sarta nggetuni kaluputan lan kanisthaning urip iki, Gusti bakal paring pangapuraning dosa. Sawernaning dosa lan kaluputan bisa kaapura déning Gusti. Kang mitulungi iku iman, precaya marang Gusti Yésus. Gusti ngendika, yèn pangapuraning dosa iku tumrap sakabèhing dosa. Dosa apa baé. Senajan dosa iku gedhéné sagunung anakan, irenga dikaya areng lan abanga kaya galuga, bakal ingapura dadi putih kaya kapas. Sing dadi landhesané : Iman. Iman iku uga peparingé Allah. Sarta manèh, pangapuraning dosa iku ora merga manungsa bisa ngudi nglakoni kabecikan.

Laku becik iku ora bakal kuwagang kanggo nebusi dosa kang wis dilakoni. Amarga ora tau ana manungsa tumindak becik kang nganti sampurna. Bisa kapitulungan olèh apuraning dosa mung amarga kawelasaning Allah.

Mula payo padha nyuwun kawelasan marang Gusti. Nanging ora kena mupus lan banjur ngrusak dhiri. Nabi Yésaya jaman biyèn wis tau ngandika bab pangapuraning dosa bakal kaparingaké. Lan nalika Gusti Yésus memucal wong akèh, uga nandhesaké samubarang kang wus kajanjèkaké déning Kitab Suci, maujud ing pakaryané Gusti Yésus. Lumantar Nabi Yésaya Gusti Allah nimbali, mangkéné Sabdané Gusti Allah:

“ Ayo kita padha prekaran ! – mangkono pangandikané Sang Yéhuwah – sanadyan dosanira abang kaya galuga, bakal dadi putih kaya salju; sanajan rupané abang kaya jarit sumba bakal dadi putih kaya wulu wedhus gèmbèl.” ( Yésaya l: l8 ).

Dosa Panyawiyah Marang Sang Roh Suci.

Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora mèlu ngumpulaké karo Aku, iku mbuyaraké. Mulané Aku pitutur marang kowé: “ Sakabèhing dosa lan panyènyamahing wong bakal kaapura, nanging panyènyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura. Yèn ana wong madoni Putraning Manungsa, iku isih bakal kaapura, nanging manawa madoni Sang Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, dadia ing jaman bésuk.” ( Matéus l2: 30, 32 )

Ana dosa kang ora bakal bisa olèh pangapura. Yaiku dosa nyawiyah marang Sang Roh Suci. Sawernaning panyawiyah lan tumindak ngina sarta watak ngrèmèhaké, isih ana dalané olèh pangapura. Nanging dosa marang Roh Suci, wis ora ana kurban manèh bisané kaapura. Ora bakal olèh pangapura salawasé. Merga wong iku ora bakal gelem mratobat. Mangka pamratobat iku pakaryané Sang Roh Suci. Yèn nyawiyah lan nglawan marang Roh Suci, saka ngendi bisané mratobat? Mula mesthi bakal kaukum. Kang makarya ing sugengé Gusti Yésus iku Sang Roh Suci. Iya Rohé Gusti Allah. Lan Gusti Allah piyambak kang Roh iku kang ana ing Gusti Yésus. Pakaryané Sang Kristus, ing sauruting jaman iya pakaryané Sang Roh Suci uga. Sing sapa nglawan marang Roh Suci, ateges bakal nampik Roh iku makarya lan dedalem ing uripé. Yèn mangkono sing bakal nuntun uripé, mesthi Iblis. Amarga Roh Suci dilawan dicecamah. Dadiné yèn nulak pakaryané Roh Suci, mokal manungsa bisané mratobat.

Pangucap Iku, Saka mbludaging Isining Ati.

“Manawa uwité becik, uwohé iya becik. Manawa uwité ora becik, uwohé iya ora becik. Amarga katitiking wit iku marga saka uwohé. Heh, tetesaning ula bedhudhak, kepriyé anggonmu bisa ngucapaké barang-barang kang becik lah wong kowé dhéwé ala? Sabab apa kang kaucapaké ing cangkem iku saka mbludaging ati. Wong becik iku metokaké barang-barang kang becik, saka simpenané kang becik; lan wong ala metokaké barang-barang kang ala saka simpenané kang ala. Nanging aku pitutur marang kowé: “ Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapaké déning wong, iku mbésuk ing dina pangadilan mesthi kudu kapratelakaké tanggung jawabé. Awit anggonmu bakal kabeneraké iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembung.” (Matéus l2: 33-37 )

Kawigatené wong akèh katuntun déning Gusti Yésus, supaya padha bisa paham yèn samubarang kang dadi pikirané uwong, bakal mbludag metu ing gunem pocapan. Mula supaya tembung ngucap bener, rasa lan pamikiré manungsa kudu kabangun dadi bener luwih dhisik. Gusti ngadhepi pemimpin Yahudi kang nalika iku ngucap dora, goroh. Tembungé ora ana sing nentremaké lan ora becik. Merga pikirané uga ala. Mula Yohanès Pambaptis uga tau nyebut para pinisepuh Yahudi ingaran “ tetesaning ula bedhudhak.” - sing sejatiné racun ula mau warisaning manungsa kadagingan kang nurunaké. Ing akhir jaman, ana ing pangadilan, kang bakal diadili isining ati. Mangka isining ati wus mbludag dadi pangucap. Dadiné pangucap sing kepriyé baé, ing akhir jaman bakal olèh pengadilan. Semono uga pangucap kang dadi paseksi: Nampa Gusti Yésus apa nampik Gusti Yésus. Ing pangadilan akhir manungsa kudu tanggung jawab.

Para Pemimpin Yahudi Butuh Pratandha.

Nalika samana, ana ahli Toret lan wong Farisi sawatara, kang padha matur: “Guru, kula sami kepéngin sumerep pratandha saking Panjenengan.” Nanging paring wangsulané:” Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhané Nabi Yunus. Awit padha karo Yunus anggoné ana ing weteng iwak, telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing njeroné telenging bumi telung dina telung bengi. Bésuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwé bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab, wong-wong Niniwé iku sawisé ngrongokaké piwulangé Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemené, kang ana ing kené iki ngungkuli Yunus. Bésuk ing wektu pangadilan Sang Raja Putri saka ing tanah kidul bakal kawungokaké bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki, awit rawuhé saka pungkasaning bumi, banjur mirengaké bab kawicaksanané Sang Prabu Soléman lah mangka ing kené ana kang ngungkuli Sang Prabu Soléman.” ( Matéus l2: 38-42 ).

Yèn Dhemit Ngrasuki Manèh, Ngajak Kancané.

Mungguh dhemit iku yèn wus metu saka ing wong, banjur nglembara golèk palereman menyang papan-papan kang garing suwung. Nanging ora olèh. Tumuli ngucap: Aku dak bali menyang omah sing dak tinggal kaé, banjur bali, omahé tinemu suwung, wis resik kasaponan lan katata becik. Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyané kang luwih ala katimbang dhèwèké, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alané ngluwihi sing wis. Mangkono uga bakal kadadéyané jinis kang ala iki .” (Matéus l2: 43-45 )

Sedhèrèké Gusti Yésus Kang Sejati.

Nalika Gusti Yésus lagi ngandika marang wong akèh iku, ingkang ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké padha ana ing njaba, ngarah ketemu karo Panjenengané. Banjur ana kang munjuk marang Gusti Yésus: “ Lah punika ingkang Ibu tuwin sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan sami wonten ing njawi saha ngangkah sagedipun kapanggih kaliyan Panjenengan.” Nanging kang munjuk diparingi wangsulan: “ IbuKu sapa, lan sadulur sadulurKu sapa?” Banjur mulungaké astaNé marang para sakabaté sarta ngandika: Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu ! Sabab sing sapa nglakoni karsané RamaKu kang ana ing swarga, iya iku sadulurKu lanang utawa wadon lan IbuKu.” (Matéus l2: 46-50)

Wong Yahudi Ora Bakal Olèh Pratandha.

Para pemimpin Yahudi lan wong Farisi nyuwun supaya Gusti Yésus damel mujizat, minangka pratandha yèn pancèn Panjenengané iku Sang Mésias. Kaya-kaya padha mèri, merga ing papan liya Gusti wis bola bali damel mujizat lan kaélokan. “ Kejaba pratandhané Nabi Yunus, jinis kang ala iki ora bakal pinaringan.” – Oyoding panglawan saka para Farisi lan Yahudi, sejatiné saka wataké kang nyingkur Gusti Allah, lan luwih setya marang piwulanging manungsa. Anggoné nyuwun pratandha mau, saklebatan wujud kasaguhan bakal precaya marang Gusti, angger ana tandhané. Tandha kang ngyakinaké wong bab panguwasa kang kaasta déning Gusti Yésus. Nanging Gusti Yésus mirsa isining ati.

Panyuwunan kaya mangkono mau, émané uga isih kadadéyan ing jaman saiki. Akèh manungsa kang nyuwun pratandha, lan énggal bakal pracaya. Mangka pratandha kang disuwun mau sejatiné “thukul saka niyat ala.” Yaiku supaya marem, supaya seneng, bisa uga pratandha kang gawé untung, mung mélik kabutuhaning jasmani. Kuwi karep kang ala. Sajroning ati ora duwé niyat mratobat, durung karuwan nampa Gusti Yésus dadi Sang Mésias kang wus kaprasetyakaké déning Gusti Allah ing jaman kuna. Gusti ora maringi, kejaba cukup kanthi pratandha lelakoné Nabi Yunus. Kuwi ngemu magna, yèn Putraning Manungsa, Gusti Yésus, uga bakal dumunung ing kubur lambunging bumi telung ndina lawasé. Kaya Yunus sajroning telung ndina manggon ing wetenging iwak. Sang Kristus pinasthi séda, lan sajroning telung ndina manèh bakal wungu saka séda sarta lenggah ing dhamparing kaunggulan.

Wong Yahudi paham sejarahé, manawa Yunus tau diuntal iwak, merga dosané. Lan Ratu Séba, jaman Sang Prabu Soléman, yaiku Ratu Saka tlatah Kidul, dadi telukané Sang Prabu, uga klebu wong kang watak nistha. Nanging Wong Niniwé, kang mratobat awit saka piwulangé Yunus, utawa Ratu Séba kang teluk marang Raja Soléman, yèn mratobat bakal rahayu. Kosok baliné wong kang taberi ibadah, marga tanpa pamratobat kang murni, tetep bakal nampa paukuman. Gusti mirsan yèn golongan turun kuwi, jinising wong ala. Merga Gusti mirsa yèn wong Farisi lan Yahudi angèl yèn supaya precaya. Ora precaya iku, merga katuntun déning sétan. Ibaraté ora béda karo wong kapanjingan dhemit. Upama ngaku mratobat lan precaya nanging ora kanthi ati tulus lan resik, tanpa guna. Nalika sétan ditundhung ninggalaké wong mau, lan golèk papan ing kana-kana ora ana sing bisa dirasuki. Banjur bali manèh menyang wong kang sekawit dirasuki. Nalika bali kuwi, bakal ngajak kancané pitu kang ngluwihi jahaté. Yèn atiné manungsa suwung, imané kropos lan pengarep-arepé amung marang kadonyan, bakal dirasuki Iblis sing luwih rosa lan akèh.

Semono uga para Farisi lan pemimpin Yahudi kang nalika semana nemoni Yohanès Pambaptis, nampa piwulangé Yohanès. Uga diwulang bab bakal tekané Kraton Swarga kang wus cedhak, bakal rawuhé Sang Mésias. Mula padha mratobat, lan akèh kang gelem dibaptis déning Yohanès. Nanging nalika Putraning Manungsa rawuh, yaiku Sang Kristus, padha ora precaya. Malah nulak ngemohi. Kuwi tegesé atiné suwung. Roh reged, tau manggon ing ati kang kaya mangkono iku. Ati kang suwung, merga ora duwé rasa iman marang kang diarep-arep rawuhé. Nalika roh reged ngoncati, arep golèk papan liya sing luwih nguntungaké ora olèh, mula banjur bali. Ngajak kancané roh reged liyané. Dhemit pitu mitrané luwih jahat, saya gawé daya mantebing jinis kang ala kuwi. Yaiku anggoné nampik Sang Mésias. Malah ngrancang bakal nyédani.

Piwulang kang bisa kapethik saka pasemon kuwi, yaiku: Mratobat lan mandheg gawé dosa bakal ora ana gunané, yèn urip iki banjur ora nglakoni sing becik minangka uwohing pamratobat. Kuwi dadi atur panuwun marang Allah. Nyingkiri sabarang kang ala, lan ngudi sing becik lan dilakoni temenan. Yèn sawisé maratobat, roh-roh ala wis oncat saka urip iki, ati aja nganti kothong. Urip iki kudu diiseni kanthi samubarang laku bener. Yèn ora, ibaraté omah, urip iki tetep suwung. Lan bakal dienggoni dhemit anyar kang luwih rosa lan luwih tegelan sarta kejem. Bisa uga saka mempengé si dhemit anyar kang manggon, urip iki kasèrèt manèh dadi tukang gawé dosa saya luwih gedhé manèh.

Mulané urip kudu isi. Ibarat urip iki mung kaya grabah lemah, nanging yèn kita manut marang pangrèhing Gusti Allah, omah iki bakal bakuh lan rosa. Sabda pangandikané Gusti Allah, yaiku Firman ing Kitab Suci Injil, wajib ngisèni saben dina ing urip kita iki. Supaya aja nganti kothong lan suwung. Nalika Sang Firman kang dadi pangan kasukman, kita tampa kanthi iman lan katresnan sarta urmat marang Gusti, iya ing wektu iku Sang Roh Suci makarya, mitulungi urip iki.

Wong pirang pirang ngupeng Gusti Yésus. Para sakabat uga suk-sukan ing tengahing wong akèh. Ingkang ibu lan sedhèrèké Gusti mirsa bab iku uga. Lan krungu suwarané wong akèh werna werna. Malah ana uga sing nganggep yèn Gusti Yésus wis owah dadi ora waras. Kuwi pitenahé wong Farisi lan Yahudi, luwih luwih para pemimpiné. Karepé ingkang ibu bakal methuk Gusti Yésus supaya bisa ngaso amarga tansah dirubung wong pirang-pirang mau. Apa manèh ana sing ngarani yèn Gusti dianggep wis gingsir ing penggalih ( Markus 3: 2l ).

Amarga para sedhèrèké Gusti Yésus ora kasil nyaketi, banjur njaluk tulung pawongan supaya matur marang Gusti Yésus, yèn digolèki sedulur lan ibuné.

Sejatiné Gusti bakal dipeksa diaturi kundur bareng, merga disengguh mesthi sayah banget. Nalika iku Gusti uga memucal lan ngendikakaké yèn asal-usulé ora saka ing donya iki. Rumaketing paseduluran wus kaiket kanthi tali anyar, ora ngemungaké merga sesambungan darah-daging baé, nanging paseduluran kang pangiketé Sang Roh Suci piyambak. Mula nalika ana sing matur, yèn digolèki sedulur lan ibuné, pangandikané Gusti mangkéné: IbuKu sapa? Lan sapa sedulur-sedulurKu ? – Astané Gusti banjur nuju marang para sakabat, pangandikané: Iki ibuKu lan sedulur-sedulurKu ! Awit sing sapa nglakoni sing dadi karsané Ramaku kang ana ing swarga, yaiku sedulurKu lanang sedulurKu wadon lan ibuKu.”

Pancèn, katresnan urmat lan rumaketé Gusti Yésus marang ingkang Ibu lan sedulur sacara kajasmanèn, murni lan tulus. Ing ndonya ora ana sing nandhingi. Ing samubarang prakara Gusti dadi tuladha sampurna. Nanging Gusti Yésus kanthi tanggung jawab lan setya sarta tulus murni bab Rancanganing Allah, milujengaké umat manungsa. Ana sedulur lan ibu kang kaiket ing sih katresnané Sang Rama. RANCANGAN AGUNG KASUWARGAN kudu kelakon.

Sang Mésias, pranyata dadi panebus tumrap seduluré kang sejati, ibuné kang sejati, lanang lan wadon, bocah utawa wong diwasa, yaiku para pandhèrèké. Pangertèn bab iki déning Gusti dadi piwulang kang katujokaké marang para murid sakabaté. Sing sapa nampa lan precaya marang Panjenengané iku Putraning Allah lan rawuh ing jagad dadi Juru Slamet Panebusing Dosa, dadi manunggal karo Gusti. Ya dadi sedulur, dadi ibu lan nyatunggil dadi siji, ana ing panjangkunging Allah Sang Rama ing patunggilané Sang Roh Suci. Anggoné nresnani, nganti dibélani séda sinalib. Sapa sing dadi kagungané diayomi supaya aja nganti kélangan urip langgeng. Imam Zakaria tau anggambaraké mangkéné: “ Sing sapa nggepok kowé, ateges nggepok telenging paningaLé.” ( Zakaria 2: 8 ).

Semono gedhéning sih katresnané Gusti Allah marang para kagungané. Gusti nresnani para seduluré lan ingkang ibu cara jasmani. Nanging Gusti ora kersa kaiket déning sih kadonyan iku. Amarga kaya mangkono kalebu cupeting wawasan rohani. Mulané Gusti Yésus banjur tindak njajah désa milang laladan, anggelar piwulang sejatiné Kraton Swarga iku kepriyé. Tindaké Gusti Yésus ing gegisik, ing kutha-kutha lan ing sawenèh papan, anggelar piwulang bab Kraton Swarga.

PIWULANG ING PASEMON

Asring banget Gusti Yésus memucal nggunakaké pasemon, paribasan utawa sanépa. Nanging ora isi mistik lan peprenesan utawa humor. Amarga pasemon kasebut angungkap wewadining Kraton Swarga tumrap para kang nggatèkaké.

Pasemon bab wong nyebar wiji

Banjur padha dipangandikani prakara pirang-pirang kanthi pasemon, dhawuhé: “Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji. Sajroné nyebar iku ana kang tumiba kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka nucuki. Ana kang tumiba ing padhasan, kang ora akèh lemahé. Wiji mau énggal thukul, amarga lemahé tipis – nanging bareng srengéngé wis saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing. Sabab ora ana oyodé. Ana manèh kang tumiba ing erèn. Bareng eri-eriné saya gedhé, wijiné kalindhih temahan mati. Lan ana manèh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu uwohé, ana kang tikel satus, ana kang tikel sewidak lan ana kang tikel telung puluh. Sapa kang duwé kuping, ngrungokna !” ( Matéus l3: 3-9 ).

Ana patang werna kang padha ngrungokaké piwulang bab kaswargan :

SEPISAN, wong ngrongokaké piwulang mung tekan kuping thok, mung krungu baé. Ora nganti paham tekan pangertèn. Sabab nyambi nggatèkaké prekara liya, uga merga isih kaiket ing dosa sing uwis. Sejatiné padha baé karo ora krungu. Piwulang sing ditampa ora rumesep, lan dirasakaké ora ana nikmaté, lan dianggep ora maédahi. Piwulang mau kaya bibit kang kasebar ing pinggir dalan, diidak-idak wong lan malah dithotholi manuk.Satemah ora ngasilaké uwoh.

PING PINDHO, ngrungokaké piwulang lan precaya nanging ora kanthi iman kang jero sarta bakuh. Isih ngrèmèhaké panguwasaning piwulang sejati. Amarga urip isih kena pengaruhé urip lawas. Uripé nampa kanthi bungah, nanging isih nresnani uga barang katon sing sipate kadonyan. Mula bareng ana tekaning bilai, banjur bali marang piyandel lawas. Kaibarataké, piwulang kang tinampa mung cethek baé. Ibaraté lemah, kaya lemah kang numpang ing watu. Oyodé, ora bisa nunjem jero. Kaya iman kang ora nunjem bakuh. Nalika kena ing kasusahan lan karibédaning urip, ibaraté tanduran kena panasing srengéngé banjur alum lan mati. Mula tanpa metokaké uwoh.

GOLONGAN PING TELU. Ana kang nampa piwulang sejati kanthi bungah lan sukarena. Ibaraté kaya lemah loh kang kasebaran wiji déning Sang Juru Nyebar. Oyodé jero, uwité subur, ngrembaka lan lemu. Lemah eloh mau uga dadi papan thukulé eri bebondhotan. Tanduran kang ledhung ledhung mau kajepit. Kadheseg ing prekara prekara kadonyan kang abot. Nanging ora mati thukulan mau, merga oyodé jero, lemahé eloh. Si uwit mau mbudidaya bisané bisa nahan seranganing alas lan eri. Ngetog karosan, supaya unggul. Ibaraté umat manungsa kang nganti saguh sengsara tekan pati bela agama. Pangertèné, yèn dadi martir, mati bela agama, bakal nampa kaunggulan. Uwit mau, rehning saben wanci kadheseg déning kejem sadise alas gung liwang liwung, kekuwatané dhéwé akhiré ya dadi loyo. Ora mati, nanging gagal metokaké uwoh. Sababé? Amarga ngegungaké rékadaya lan pambudidayané dhéwé olèhé makarya.

GOLONGAN KAPING PAPAT. Ana wiji kang kasebaraké ing tanah eloh. Thukul lan oyodé nunjem jero. Manut ing pangrèhing Sang Juru Nyebar. Uripé subur lan akèh metokaké uwoh. Ibaraté wong kang nampa piwulang karahayon saka Injil, piwulang mau ditampa kanthi sabar. Andhap asor lan kebak pengarep-arep, sarta nyuwun kekiyatan marang kang kuwasa nguripi, amrih bisané duwé uwoh kang murakabi. Amarga ora ngendelaké kekuwatané kamanungsan, ora ngendelaké kabisan lan kawasisané, anané mung temen, andhap asor, setya tuhu, iman jero lan atiné tentrem merga isi katresnan, samubarang kang katon ringkih, malah olèh kanugrahan dikuwataké déning kang nandur. Bisa metokaké uwoh kang mupangati. Pambangun turut iku, ibarat eloh suburing lemah.

Pambangun turut dadi kuncining karahayon, dadi wewengan nampa iman teguh, katresnan murni lan pengarep arep kang gedhé. Anggoné bisa metokaké uwoh ora amarga rékadayané si uwit, nanging saka berkah, sih palimirma kawelasané Gusti Allah.

Ing uripé umat manungsa, dikersakaké uwoh kasetyan lan uwoh sih katresnan. Ana sing uwohé tikel matikel, malah ana sing tikel satus.

Ing piwulang pasemon iki, Gusti maringi katrangan magnaning pasemon. Déné ing piwulang pasemon liyané ora. Amarga katrangan kang ana ing pasemon juru nyebar iki, nyakup magnaning piwulang ing pasemon liyané. Gusti ngersakaké, sajroning ngudi supaya iman ora mati, ngadhepi jagad iki kudu waspada. Ing pungkasaning pangandika ing wulang pasemon iki ana dhawuh: “ Sing duwé kuping, ngrungokna !”

Pasemon Alang-Alang Ing Pategalan Gandum.

Ana manèh pasemon, kang digelaraké marang wong-wong mau, pangandikané: “ Kratoning swarga iku upamané kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalané. Nanging nalika wong padha turu kabèh, satruné teka nyebar wiji alang-alang ing tengahing gandum, banjur lunga. Bareng gandumé thukul lan wiwit metu wewulèné, alang-alange iya katon. Batur-baturé sing duwé pategalan padha marani lurahé lan matur: Bandara, punapa sanes wiji saé ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan ? Saking pundi kambengan punika? Wangsulané lurahé:” Iku panggawéné satru.”

Batur-baturé matur manèh: “ Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika?” Nanging wangsulané: “ Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutaké gandumé. Cik-ben padha thukul bebarengan nganti mangsané panèn. Ing wektu iku Aku bakal tutur marang sing padha derep; klumpukna dhisik alang-alangé, lan bentèlana, banjur obongen, sawisé iku gandumé klumpukna ing lumbungku.” ( Matéus l3: 24-30)

Piwulang wujud pasemon liyané, alang-alang kang ana ing pategalan gandum. Alang-alang iku ibarat utusané si jahat, si pengawak dursila kang déning Iblis kasusupaké menyang tengahing pasamuwan kagungané Gusti Yésus, yaikuing madyaning pasamuwan Kristen, utawa Gréja. Kawitané ora katon lan ora konangan. Nanging saka uwohing tumindak, suwé-suwé uga ketitik. Becik ketitik, ala kawistara. Mulané para abdiné Gusti duwé atur marang Gusti, apa prayogané, alang-alang mau dijabel, dibubut lan disingkiraké ben sumisih lan banjur mati, supaya pasamuwan murni tanpa piala?

Ibarat gandum utawa pari ing tegal pasawahan, mangka thukulé campur adhuk karo suket. Gusti ora marengaké yèn sukete dijabeli. Ana bebayané, yaiku gawé goncanging para kagungané Gusti. Suket dijabel, ibaraté wong ala dihakimi lan disingkiraké, uga bakal gawé alum kongkal kongkih tumrap gandum utawa pariné. Ora kepareng ngakimi pepadhaning urip. Amarga para pemimpin Gréja uga ora ngerti apa isining atiné wong-wong kang ana ing pasamuwan. Ora gampang mbédakaké endi sing gandum murni lan endi sing suket parèn utawa endi alang-alangé.

Ing pasemon iki, sing nandur gandum ing pategalan mau ibaraté Gusti Yésus. Déné sing nandur suket alang-alang kuwi si Iblis kang tansah memungsuhi Gusti Yésus. Para tukang ani-ani iku para malaékat swarga. Mangsa panèn, tegesé dinaning Pangadilan Akhir. Kena apa, menawa wong kang kasengguh ala ing pasamuwan ora dikeparengaké disingkiraké? Bakal tumeka ing wektuné mangsa panèn. Para malaékat bakal ngiket suket alang-alang mau dipisah karo gandum utawa pariné, banjur suket alang-alang mau kauncalaké ing geni, diobong. Ing kana, ing naraka bakal ana keroting untu lan tangis nahan paukuman langgeng tumrap suket alang-alang para gedibalé si Iblis.

Déné gandumé utawa pariné mlebu ing lumbung. Tegesé, para abdiné Gusti bakal nunggal Gusti ing Kraton Swarga. Gusti Yésus piyambak kang bakal jumeneng dadi hakim lan Ratuning dina kiyamat. Gusti Yésus kang ngadili saben wong kang katemtokaké mlebu swarga, utawa kang bakal kaukum ing naraka langgeng.

Thukul Kanthi Winadi.

Gusti Yésus banjur ngendika: “ Kratoning Allah iku mangkéné: Upamané kaya wong nyebar wiji ing lemah, nuli yèn bengi turu, yèn awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur. Kapriyé tumindaké wong mau ora ngerti. Bumi iku metokaké woh dhéwé, kang dhisik gagangé, banjur wèwulené, nuli gandumé kang mentes-mentes. Manawa uwohé wis cukup tuwa, wong mau wiwit ngeriti, amarga wis mangsa panèn.” ( Markus 4: 26-29).

Ing pasemon kasebut iki, Gusti ora paring katrangan. Ana pangandika Manawa Adeging Kratoné Gusti ing bumi iki ora bisa dibendung lan ora bisa dialang-alangi. Ngembakané bisa ingaran alon, nanging pinansthi dadi rosa. Kratoning swarga uga madeg ing bumi iki wiwit saiki, ora ana sing ndungkap lakuné sarta misterius banget, tegesé winadi lan kineker ing panguwasané Gusti piyambak. Ora ana sing bisa nahan lan ngalang-alangi sumberé lan ngrembakaning Kraton Swarga. Iku citraning Sang Kristus.

Pasemon Wiji Sesawi.

Ana manèh pasemon kang digelaraké marang wong-wong mau, pangandikané: “Kratoning swarga iku upamané kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar déning wong ana ing pategalané. Padha padha wiji, wiji sawi iku pancèn cilik dhéwé, nanging yèn wis thukul, gedhéné ngluwihi janganan liya-liyané, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuh ing pang-pangé.” ( Matéus l3: 3l,32).

Kratoné Gusti Yésus ing bumi iki, kawitané cilik. Mung kaya wiji sawi. Nanging pungkasané gedhé, nganti wis sayuran sawi iku bisa dadi papané manuk gawé susuhé. GustiYésus ngibarataké Kraton Swarga kaya alam among tani, pertanian. Nalika mulang bab iki, nedhengé tetanèn sayur digarap wiwit ulur. Kawiwitan saka upamané wiji sawi, wiji sing cilik dhéwé ing antarané wiji bibit tanduran. Pungkasané dadi wit sawi. Ujudé cilik, rasané ana pedhese, tajem lan bisa dadi obat, kena kanggo jamu. Kraton kaswarga uga bisa njalari kewarasan, yaiku urip tentrem urip mulya. Aja lali yèn wiji sesawi uga bisa dadi uwit kang dienggoné manuk. Yèn manuk iku lambanging panguwasané lelembut kang nguwasani langit. Mula pasamuwan kudu waspada. Ora béda pategalan gandum uga ana alang-alangé. Nanging sing kagungan Kraton pinasthi unggul. Yaiku nalika sinalib ing Golgota, kasarékaké lan telung dinané wungu saka antarané wong mati. Gusti wungu sawisé séda sinalib, lan sumengka menyang suwarga asal-usulé.

Pasemon Bab Ragi

Pasemon iki uga didhawuhaké marang wong-wong mau : ” Kratoning Swarga iku upamané kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubaké ing glepung trigu telung taker nganti kemrasukan kabèh.” ( Matéus l3: 33 ).

Iki piwulang kanthi pasemon kang kaping lima bab Kraton Swarga. Kaya lakuning ragi, gumelaring Kraton Swarga iku kaya kauripan, nuju ing jero, ora metu menyang njaba. Kumbul lan adeging pasamuwan ora gumantung marang bab kang dadi pengaruh saka njaba, nanging saka njero. Sanajan mangkono, ngrembakané pasamuwan ora gumantung marang polahing politik organisasiné sarta marang bandha praboté. Kasugihan kuwi asring malah dadi alangan majuning pasamuwan. Sanajan, kasat ing mripat menawa bisa dadi simbul jenengé Gréja Kristus. Nanging Pasamuwané Gusti ora gumantung marang kuwi mau kabèh. Pasamuwan utawa Gréja sing bener, bakal ngrembaka déning para wargané kang pinaringan panguwasa surgawi, déning Roh Suci.

Gusti Yésus uga memulang menawa agama sing bener iku, sacara alami. Nuntun lan nitipriksa kauripaning para warga bab pikirané, imané, kaperluwané jasmani, lan kajiwané. Kabèh mau diprebawani déning dayaning iman jroning ati. Kaya nyampuré ragi marang glepung trigu nganti wrata kabèh. Dadiné iki bab pengaruh, bab prebawané.

Perumpamaan-perumpamaan indah yang disampaikan Kristus ini beberapa diantaranya tetap terpelihara bagi kita. Dalam Injil Markus, ada tertulis: “Dalam banyak perumpamaan yang semacam itu Ia memberitakan firman kepada mereka sesuai dengan pengertian mereka, dan tanpa perumpamaan Ia tidak berkata-kata kepada mereka...” (Markus 4:33-34). Dia berbuat ini untuk menggenapi apa yang dikatakan oleh Pemazmur “Aku mau membuka mulut mengatakan amsal, aku mau mengucapkan teka-teki (perumpamaan) dari zaman purbakala...”(Mazmur 78:2).

Semono uga Kraton Swarga, ana sambung rapeté karo pengaruh lan sapa sing gawé pengaruh becik, lan kaya dadi jiwaning pasamuwan utawa Kraton mau. Sing kudu kita ngerteni yaiku, Gréja utawa pasamuwan sing bener sing kanthi wrata olèh pengaruh saka Gusti Yésus piyambak. Manunggaling glepung lan raginé, dadi duwé sipat anyar. Semono uga manunggaling Gusti Yésus lan warganing pasamuwan utawa Gréja, bakal mujudaké sipat anyar kang ingaran Kraton utawa Gréja, iya pasamuwan kuwi kang tinunggil déning Gusti Yésus minangka sesirahing adonan glepung lan ragi mau.

Gusti Yésus nyarira manungsa, kanggo nylametaké manungsa. Gusti makarya memitran karo pasamuwané, nylametaké jiwa-jiwa akèh.

Keslametaning umat manungsa ora rampung ing tangané para malaékat, nanging kudu déning sipat manungsa uga, ana ing ayahan kamanungsan lan ayahan pasamuwan: Nyawiji, paseksi lan leladi (Koinonia, marturia lan diakonia).

Pasemon piwulangé Gusti Yésus, nganti titimangsa iki tetep dadi paugeran lan piwulang kang éndah, bakal gampang dingerteni déning para wong kang kaberkahan duwé kawicaksanan. Nanging bakal saya gawé petengé atiné para manungsa kang wangkot merga kanisthané. Injil Markus 4: 33-34 ngendika: Gusti medhar piwulangé kanthi pasemon-pasemon. Piwulang ing pasemon iku, dadi ganeping pangandika ing Mazmur 78: 2, mangkéné: “ Aku bakal mbukak pangucap medharaké bebasan , aku arep ngucapaké cangkriman jaman kuna .”

Apa Sababé Gusti Yésus Memulang Ngagem Pasemon ?

Bareng wis misah karo wong akèh, para sakabat miterang karo Gusti Yésus, apa sababé paring piwulang kok ngagem pasemon utawa paribasan-paribasan ? Mangka pasemon iku isih kudu diterangké. Kang dadi sababé Gusti paring pangandikan:

Tumrap wong wangkot kang nulak kayektèn, kabeneran kasimpen. Bakal padha ora ngerti magnané. Sanajan wis padha nampa piwulang sejati mau ing sadurungé. Padha kélangan hak olèh pepadhang.

Nanging tumrap para kang pinaringan kawicaksanan, bakal ngerti tegesé.

Para murid matur marang Gusti supaya kersaa nerangaké apa tegesé pasemon “sang juru nyebar” . Kanthi lembah penggalih Gusti Yésus nyaruwé para sakabat:

“ Kowé ora padha ngerti apa isining pasemon iki, kepriyé anggonmu ngerti marang pasemon-pasemon liyané kabèh ?” ( Markus 4: l3 ).

Gusti uga ngendikakaké menawa:

“ Akèh para nabi lan para wong mursid kang padha kepéngin ndeleng apa kang kok deleng, nanging ora kelakon ndeleng, lan kepéngin krungu apa kang kok rungu, nanging ora kelakon krungu.” ( Matéus l3: l7).

Senajan para sakabat katon yèn ora duwé pangertèn, Gusti Yésus kang nresnani banget para sakabaté, banjur nerangaké pasemon loro, yaiku “ Sang Juru Nyebar” ( Sang Penabur, lan pasemon “ gandum.” Katrangan bab pasemon loro iku bakal nggampangaké mangerteni pasemon-pasemon liyané.

Saka pasemon Ragi lan Wiji Sesawi, bisa kapethik sariné, menawa ngrembaka suksesé Kraton Swarga iku kawiwitan saka cilik. Sabanjure déning pakaryané Roh Suci Kraton Swarga gumelar tekan ujung-ujung bawana.

Rajabrana Kapendhem Lan Mutiara Adi.

“Kratoning suwarga iku upamané kaya rajabrana kang kapendhem ing pategalan. Ditemu déning uwong banjur dipendhem manèh. Marga saka bungahé, dhèwèké banjur lunga ngedoli barang darbéké kabèh, pategalan mau nuli dituku.”

Gusti paring piwulang manèh satekané ing omah. Mligi kanggo para murid. Mratélakaké menawa kratoning swarga iku kaya déné bandha kang ajiné larang banget. Wong wicaksana, bakal ngurbanaké apa sabarang duwéké, kanggo nuku lan nduwéni kaswargan iku. Ana uga, titah kang ngayahi pagawéyan kanggo kauripané, dumadakan nemu mutiara ibarating Kraton Swarga iku.

Kaya Saulus asli Tarsus, kang ing tembé dadi Rasulé Gusti Yésus. Nemu bandha suwarga, ibaraté nemu mutiara swarga ing pategalan. Amrih ora nukulaké prekara, pategalan papan kapendhemé mutiara mau dituku, kanthi ngurbanaké sabarang duwéké. Ora banjur ngrusak tegal perlu ndhudhah mutiarané. Nyingkur marang kaperluwaning kadonyan, banjur rumaket marang Gusti Allah.

“ Mangkono manèh Kratoning Swarga iku upamané kaya wong dagang kang golèk mutyara kang adi. Bareng wis olèh mutyara kang banget ajiné, banjur lunga ngedoli barang darbéké kabèh, mutyara mau dituku.”

Apa barang darbéké diedoli kabèh, saperlu kanggo nututi ajining Kraton Swarga. Kalebu ambisi kamanungsan sarta egoisme kang mujudaké watak ala ing urip iki, diedol kabèh. Tegesé kabuwang, banjur ngutamakaké Kraton Swarga. Nyata bandha kang ajiné tanpa ukur.

Ngudi Kratoning Swarga, banjur kaparingan. Ana sing nemu, nanging ana kang nututi mbélani kanthi ngurbanaké samubarang. Kang ing basa rohaniné, ibarat tuku bandha. Iki duwé makna kang saémper kaya wong kang padha ngrasuk agama. Ngrasuk agama ana kang kanthi wicaksana milih dalan ing antarané nyinau piwulang agama-agama ing jagd iki.Banjur ngugemi kang diimani bisa nuntun uripé wanuh Kratoning Allah. Kaibarataké déning Gusti Yésus, nggolèki mutyara adi. Sarta wani ngurbanaké apa kang disenengi, apa barang darbéké kanggo nbélani bandha rohani iku.

Pasemon Bab Krakat.

“ Karodéné manèh kratoning swarga iku upamané kaya krakat ( jala) kang ditibakaké ing sagara, banjur ngumpulaké iwak warna-warna. Bareng wis kebak banjur digeret mentas menyang ing gegisik, wongé tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi. Déné iwak kang ora becik dibuwang. Iya kaya mangkono kahanané bésuk ing wekasané jaman, malaékat-malaékat bakal padha teka misahaké para wong kang ala saka ing tengahing para wong mursid. Padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.” ( Matéus l3: 47-50)

Pasemon krakat, iku piwulang bab akhir jaman. Bakal pinisah antarané sing nistha lan sing suci. Sing becik lan sing ala bakal pisah. Sanyatané pegatan, utawa “cerai” iku ana, kang sababé merga anggoné béda milih dalan. Sing milih dalan ala, bakal pegat utawa pisah karo sing milih dalan becik. Kuwi kadadéyan amarga anggoné padha slingkuh iman. Pisah amarga anggoné ngugemi kayektèn utawa bebener. Sejatiné yèn “pegat” utawa pisah ( Ind.: cerai ) kang dumadi ing satengahing wong omah-omah nalika isih urip ana ndonya, aja nganti kadadéyan. Nanging kuwi dadi renungan, dadi panggegulanging ati, sejatiné kena pisah, pegatan utawa cerai, amung saka jalaran laku jina, utawa slingkuh kang nukulaké dosa kanisthan.

Laku jina rohani uga maujud ana ing uripé umat kang banjur nyingkur keyakinané marang Sang Kristus, banjur iman marang liyané yaiku panuntuning iblis. Slingkuh iman, wayuh iman iki kang bakal duwé akibat nyata ing jaman akhir. Yaiku nalika “krakat” digelar déning para malaékat awit dhawuhé Gusti. Gusti Yésus kang bakal jumeneng hakim ing akhir jaman.

rakat yaiku uga jala, kabuwang ing segara, nalika ditarik olèh iwak akèh. Iwak ala lan sing becik dipisah. Ing pasemon iki, Gusti paring wulang, supaya dadi wong Kristen kudu waspada. Supaya duwé uwoh kabecikan, yaiku setyatuhu lan sih katresnan. Iwak sing ala, kang mlebu krakat bakal dipilih, diseleksi. Samubarang kang ala lan nistha bakal kacemplungaké ing geni, diobong. Iku gegambaraning naraka langgeng.

“Kowé apa padha mangerti iku mau kabèh?” Atur wangsulané para sakabat: “ Inggih, Gusti.” Gusti Yésus banjur ngandika: “ Mulané saben ahli Toret kang nampani piwulang bab kratoning swarga iku upamané kaya wong kang duwé omah, kang metokaké barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenané.” ( Matéus l3: 5l, 52 ).

Nalika kadangu déning Gusti, para sakabat matur yèn bisa ngerti tegesé pasemon kuwi. Nyinau wéwadining Kraton, ibaraté kudu andhudhah samubarang kang ana ing Kraton mau. Yaiku bandha isining kedhaton. Iya bandha lawas, lan iya bandha anyar. Bandha lawas, yaiku samubarang kang katulis ing kitab. Sing padatan dadi apalan lan dadi kawruh. Déné bandha anyar, iya samubarang kang kasimpen ing bandha lawas mau. Yaiku magnané kang sejati saka piwulangé Kitab Suci. Kang ora liya bab katresnané Gusti Allah nebus manungsa dosa lumantar pangurbanan Salib.

Pangertèn jaman isih bocah, piwulang agama saka wong tuwa, kuwi bandha lawas. Samubarang kang kasimpen ing bandha lawas mau, dadi pasinaon anyar. Kawruh iku bandha lawas, nanging saka kawruh mau thukul bandha anyar, yaiku iman, pracaya marang Sang Kristus. Bandha lawas isih migunani kanggo ngélingaké kang lakuné kesasar, lan nukulaké bandha anyar arupa pamratobat.

Nalika mung nyimpen kawruh Kitab Suci, urip tetep rinubung susah lan was sumelang. Nanging kanthi kawruh Alkitab mau, bisa lair bandha anyar: Pengarep-arep lan katresnan, kang dadi sumber kekuwatan.

Rawuhé Gusti Yésus ora bakal ngguwang bandha lawas mau, nanging mujudaké ngrembakané bandha anyar, supaya saben wong kang pracaya dadi rahayu.

GUSTI YÉSUS NYIREP PRAHARA

Ing dina iku bareng wis soré, Gusti Yésus ngendika marang para sakabaté: “Ayo padha menyang sabrang.” Banjur padha ninggal wong akèh mau lan mangkat ndhèrèkaké Gusti Yésus kang wus nitih prau, bebarengan karo prau-prau liyané. Tumuli ana prahara gedhé, lan ombaké nyempyok-nyempyok tumiba ing sajroning prau, nganti prauné meh kebak banyu. Déné Gusti Yésus ana ing buritan, lagi saré ngagem kajang sirah. Banjur diwungu déning para sakabat, unjuké: “ Guru, punapa Paduka mboten nggalih, manawi kawula sami badhé tiwas.”

Panjenengané banjur wungu, anginé didukani lan ngendika marang segara: “Menenga lan dadia anteng!” Anginé tumuli mendha lan segarané dadi anteng manèh. Banjur ngendika marang para sakabat: “ Yogené kowé padha wedi mangkono ? Yogené kowé ora padha pracaya?” Wong-wong mau padha dadi wedi banget lan padha guneman: “ Sapa ta Panjenengané iku? Déné dalasan angin lan segara kok iya padha ngèstokaké dhawuhé ?” ( Markus 4: 35-4l ).

Sandya kala dina wus mahanani suruping ari. Hyang bagaskara wus nunggang gunung, bakal angslup ing bantala, lumebu wanci ratri. Ya wanci iku para murid nglakokaké prau nuju menyang sabrang, Gusti Yésus wus lenggah ing prau mau. Prau liyané uga ana kang lelayaran, swasana dadi peteng ing tengahing segara Galiléa.

Gusti Yésus saré ing buritan kapal, perangan prau sisih mburi. Ana ing kitab suci, Gusti Yésus dicaritakaké menawa uga ngraosaké ngelak, luwé, sayah, arif lungkrah, bisa sedhih lan bisa uga ketingal sukarena ing penggalih. Nanging, amung ana ing lelakon iki, Gusti dicaritakaké lagi saré ing buritan prau. Déné para murid kang ngemudheni lakuning prau. Bisa uga kepéngin ngatonaké bektiné marang guru, para sakabat ngayahi kewajiban. Sapa sing ora bungah, lamun sawijining wanci merga pagawéyané becik banjur olèh pengalem. Semono uga para murid, lumrah baé yèn ngatonaké bektiné. Senajan Gusti saré, nanging para murid ngudi supaya bisa ngentasi gawé.

Gusti sinebut saré, sejatiné ora kaya mangkono. Embuh apa sababé déné katoné saré. Amarga ing kitab Mazmur, ana pangandikan: “ Sayektiné kang ngreksa Israèl ora ngantuk lan ora saré.” – (Masmur l2l: 4). Dadiné sajroning sarira saré, Ka-Allahané Sang Kristus mirsa samubarang. Kalebu apa sejatiné kang ana sajroning atiné para murid. Apa para murid kanthi bungah lelayaran wanci peteng kuwi? Apa para murid rumangsa bisa mranata najan Gusti saré? Kabèh kapirsanan déning Gusti. Para murid kanthi trengginas siaga ngadhepi lésus lan prahara. Amarga wis apal yèn ing segara kono asring ana tumiyuping lésus kang mudhun saka gunung sakiwa-tengené. Siaga nyekel kemudi, lan cawis tenaga ngadhepi bebaya. Manut pengalaman, para sakabat kena ingaran gedhéné ana ing segara kuwi. Wis apal watak wantuning prahara Galiléa.

Ing lingkup segara kono, jaman biyèn uga ana banjir bandhang prahara patopan yaiku jaman Nuh. Gusti Allah milujengaké Nuh sabrayaté. Lan sabanjure kadadéyan manèh. Ing segara kono dumadakan ana prahara lésus. Buncang prauné para sakabat, nalika Gusti Yésus saré mau. Manut sejarah kuna, prauné Nabi Nuh baé kabuncang kontal kagawa prahara. Dina iku prau cilik kang dilenggahi Gusti Yésus lan para sakabat kaserang ing gelombang alun prahara , angin lésus kaya pinusus, njalari para murid kagèt lan thukul kuwatiré malah kepara dadi wedi banget.

Ora béda kaya kauripan kita ing jaman saiki, ibaraté wong urip iku kaya wong ngumbara, kaya lakuné para murid kang kabuncang prahara. Kejahatan jaman modern, tehnologi modern kang bisa dadi media nyebar kemaksiatan, wataking umat kang wus owah dadi bringas, ilanging sih katresnan lan malih dadi watak kadagingan kang tegel nyikara pepadhaning urip, kena ingaran kuwi prahara kang nyempyok prauning brayat kita kabèh.Nalika prahara lumebu ing jiwaning umat manungsa, iya iki kang gawé ancur leburé kauripan iki. Musibah kadonyan pancèn bisa ngrusak, nanging ora njalari rusaking jiwa. Nanging prahara ati, kang nyèrèt manungsa wani ninggal Gusti, iki prahara kang gawé giris.

Nalika prahara nyerang prau, para murid dadi geter. Pancèn ana uga pengarep-arep supaya Gusti Yésus mitulungi.Nanging saré. Kaya ora mreduli marang para murid kang kaserang angin lésus. Murid murid rada kagol atiné, déné Gusti Yésus dianggep énak-énak saré. Kaya kita kabèh ing jaman saiki, nalika ngadhepi kasusahan, sarta nyatané Gusti Yésus dianggep adoh saka kené, amarga wis ana ing suwarga, mula iman dadi nglokro. Yèn pancèn Gusti mirsa kahanan kita kabèh, kena ngapa kok kèndel baé?

Sejatiné Gusti ora saré, Gusti ora mung kèndel baé, nanging mirsa apa kaperluwan kita. Para sakabat ing nalika iku kang imané dadi nipis. Amarga kagelan, nyèngguh Gusti Yésus ora mreduli. Kita kabèh ing jaman iki uga mangkono, sok maido marang sih katresnané Gusti Allah. Yèn panyuwuné ora katurutan banjur nantang takon, Gusti mirsa apa ora ta ? Yèn Gusti mirsa, kena apa aku ngalami kaya ngéné?

Rasa éring lan niyaté caos pakurmatan marang Sang Guru Sejati, para murid ing kawitané ora duwé niyat mungu Gusti. Gusti ora bakal diganggu anggoné ngaso lan saré. Para murid ngudi lan mbudidaya amrih wilujenging prau sacara gotong royong ngetog kabisan. Nanging nyatané saya kuwalahen. Lésus kaya pinusus. Prahara ora mendha , malah muncrating banyu segara wus nyiram prau malah jroning prau wis klebon banyu. Lakuné prau mobat-mabit. Layar wis ora bisa manèh dadi prabot ngerèh lakuné prau. Atiné para murid saya miris, nyawang prahara dadi giris, lan rasa ketir-ketir kuwatir nukulaké rasa wedi, saya giris lan saya miris anggoné kuwalahan ngadhepi prahara.

Banjur nyaketi Gusti, bakal ngaturi priksa yèn lagi ana prahara. Para murid duwé pangarep-arep yèn Sang Guru bisa gawé sirep. Aturé: “ Guru, punapa Paduka mboten nggalih, menawi kawula sami badhé tiwas?” Panjenengané banjur wungu saka saré.

Banjur ngandika marang segara: “ Menenga, lan dadia anteng.” Sawisé didukani mengkono, angin prahara dadi mendha, lan segarané anteng manèh. Banjur ngandika marang para sakabat: “ Yogené kowé padha wedi mangkono? Yogéné kowé padha ora pracaya ?” Déné wong-wong ing prau liyané padha gumun, sapa ta Gusti Yésus iku, dalasan segara baé uga manut dipréntah.

Menawa alam uga manut prentahé Gusti Yésus, iku wus kaweca ing Mazmur , tinulis: “ Masa iya kowé ora wedi marang Ingsun. Kok kowé ora gemetar marang Ingsun. Apa dudu Ingsun kang numpuk wedhi kanggo batesing gisik? Dadi papan pungkasané alun, ora bakal bisa nglumpati gisik wangunaningSun?”

Ing kitab Mazmur 65: 7 uga tinulis : Paduka ingkang njejegaken sakathahing redi ngagem kekiyatan Paduka, Paduka ingkang apaningset karosan, Paduka ingkang nyirep gumuruhipun seganten, sarta gumlegering alun punapa déné gègèring para bangsa.” Iya Panjenengané iku kang ndukani segara Galiléa, kang mauné gawé prahara banjur dadi bali sirep lan anteng. Iya Panjenengané uga kang paring kekuwatan marang Nabi Musa, bebarengan wong Israèl nyabrang segara kabelah ing segara Suf. Menawa para murid setya tuhu marang Guru, mula banjur ndhèrèk tekan ngendi-endi. Semono uga alam bakal manut miturut marang kang nyipta. Sabarang kang ana iki kacipta déning Gusti Yésus, Panjejengané iku Sang Sabda kang ing kawitané dumadi nunggal karo Allah, pancèn Sang Sabda iku Allah. Lan Sang Sabda, utawa Sang Firman iku wus rawuh ing jagad manjalma wujud insan sejati kang sampurna.

Semono uga ing jaman saiki, kauripaning pasamuwan utawa Gréja kang kena prahara, asring diombang-ambingaké lan kabuncang déning samodraning jagad raya kang dikebur déning Iblis. Rahayuné Gréja amung gumantung marang Sang Kristus Yésus sesirahing pasamuwan. Manawa Adam ngrusak taman Firdaus amarga tumiba ing dosa, ana ing mujizat Gusti nyirep prahara dadi wutuh baliné panguwasa ingatasé alam kang bisa teluk manèh marang manungsa. Nanging kang kuwagang mréntah alam iki amung Putraning Manungsa kang sampurna sejati. Kekuwatan peparinge Gusti Kristus, bisa dadi sanjata tumrap para wong pracaya kanggo ngadhepi bebaya sasuwéné urip ana ing donya iki. Angin dadi gegambaran samubarang kang njalari manungsa ora nemu begja, amarga ginawe bosah basèh. Ombak lan alun segara, pepindhané bebaya manéka warna kang ngincim wong pracaya. Kabèh mau kang ngrusak kapribadéning manungsa.

Pancèn ana hikmaté, sakabèhing kasengsaran lan momotaning urip, dadi kaya déné besalèn kang nyepuh tembaga utawa emas, supaya mencorong. Semono uga, lamun wong pracaya rekasa sawatara, iku mamrihaké mencoronging imané, supaya dadi murni. Bebasan kawah Candradimuka kang nggemblèng urip iki, ora banjur ngowahi emas dadi tembaga, utawa tembaga dadi emas. Nanging, supaya tembaga utawa emas kuwi dadi murni. Tembaga ya tembaga murni. Yèn emas ya emas murni. Iku iman kang mencorong, iman kang urip. Iman kang duwé nafas. Iman kang katon setya tuhu ana ing ibadah lan pandonga. Pandonga iku nafasing iman. Tanpa pandonga, iman wis mati. Gusti Yésus banjur nggatosaké prahara ing jeroning ati. Ana lésus lan prahara kang ana ing jroning atiné para murid. Gusti nyirep prahara batin mau kanthi pandangon: “ Kena ngapa kok padha wedi ? Apa wis ora ana iman babar pisan ?” Katoné sepélé. Nanging pitakonan kuwi njalari para murid mikir. Sajroning mikir olèh panggraita, prahara rada lerem. Sabanjure Gusti Yésus bakal nyirep prahara batin mau.

Kaya kita kabèh ing jaman saiki. Gusti uga ngersakaké nyirep prahara kang ana ing ati kita. Gusti uga ndangu. Nanging manungsa ora krungu pandangoné. Pitakonan werna werna, lumantar sakèhing kedadéyan, sejatiné dadi kawitaning lereming batin. Nanging manungsa ora gampang ngrungokaké pitakonan mau. Malah ora ngerti menawa Gusti ndangu. Nganti dina iki umat ora ngrungokaké. Kena ngapa padha wedi? Kena ngapa kuwatir? Kena ngapa kowé nesu? Kena ngapa kowé wangkot? Kena ngapa kowé ora mratobat? Kena ngapa kowé ora ngrumangsani yèn ringkih lan luput?

Pandangon pandangon kuwi mau sejatiné pandangon peparingé Gusti bakal ngleremaké batin kita kabèh, prahara bakal kasirep.Lumantar kadadéyan werna-werna Gusti maringi pengalaman batin marang kita kabèh. Kabèh kedadéyan bisa dadi piwulang kang ajiné dhuwur, ingaran hikmating urip. Sejatiné urip iki tansah kauji ngadhepi ujian. Pancèn akèh wong guneman, menawa ujianing urip iki, kanggo srana nggayuh cita-cita. Nanging kang ora mung gegayuhan kang mandheg ana ing bab kabutuhaning urip kadonyan. Yèn mengkono luput banget.

Jarené kena ujian, amrih sabar olèhé golèk pagawéyan. Jarené kauji supaya prihatin, lan olèh pangkat gedhé. Bareng kelangan jaré kauji, lan kudu sabar sapa ngerti bakal olèh gantiné entuk rejeki akèh. Iki kleru. Ujian sing mupangati, ujian batin kang nguripi, menawa sing dadi ancas gegayuhan utamané bab karohanen. Sing sapa lulus ujian, kacawisan urip langgeng. Sing sapa lulus ujian bakal olèh urip kaswargan. Ujian kanggo nemtokaké, urip ing swarga apa mati ing naraka. Ujian iku bab milih. Nggayuh urip langgeng, apa milih pati langgeng. Ujian sing sejati ora mandheg ana bab-bab kang amung kanggo kasenengan ing ndonya.

Aja lali, Rasul Paulus paring piwulang kang bisa dadi sangu ngadhepi ujianing urip. Layang l Korinta l0: l3, ngendika: “ Kang padha kok alami iku pacoban-pacoban kang lumrah kang ora bakal ngluwihi kekuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setyatuhu, ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka kekuwatanmu. Manawa kowé kena ing coba, Panjenengané bakal maringi margining luwar, satemah kowé padha bisa mbetahaké.”

GUSTI NGENDIKA MARANG PARA SAKABATÉ: ” PANÈNÉ GEDHÉ NANGING KANG DEREP MUNG SATHITHIK.” MULANÉ PADHA NYUWUNA MARANG KANG KAGUNGAN PANÈN, SUPAYA KARSAA MARINGI WONG DEREP KANGGO PANÈNANÉ IKU. “ ( Matéus 9: 37, 38 )

GUSTI YÉSUS NUNDHUNG DHEMIT SING NGRASUKI WONG

Sawusé mangkono banjur wis padha tekan ing sabranging sagara ing tanahé wong Gérasa lagi baé mandhap saka ing prau, Gusti Yésus disowani ing wong kapanjingan dhemit saka ing pakuburan. Wong mau manggon ana ig kono lan wis ora ana wong siji-sijia manèh kang saguh mbanda dhèwèké. Sanajan nganggo ranté. Amarga wis kerep dibanda lan diranté, nanging ranténé dipedhot lan blengguning sikil dirucat, temahan ora ana wong siji-sijia kang bisa gawé tututé. Rina wengi wong mau klambrangan ana ing pakuburan lan ing gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awaké dhéwé nganggo watu.

Bareng wong mau ndeleng Gusti Yésus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ing ngarsané sarta nyembah lan mbengok seru: “ Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yésus Putraning Allah ingkang Mahaluhur ? Demi Allah sampun ngantos nyiksa kawula !” Jalaran sadurungé iku Gusti Yésus wus ngandika marang wong mau: “ Heh, dhemit lungaa saka wong iku !” Wasana Panjenengané banjur ndangu: “Sapa jenengmu ?” Atur wangsulané: “Nama kawula, Légion, jalaran cacah kawula kathah sanget.” Wong mau nyuwun kanthi adreng supaya dhemit-dhemité aja ditundhung saka wewengkon kono. Nalika iku ing èreng-èrenging gunung kono ana babi akèh banget kang pinuju golèk pangan. Dhemit-dhemit mau nyuwun marang Panjenengané: “ Kawula mugi sami kadhawuhana murugi babi-babi punika, sami badhé kawula lebeti.” Gusti Yésus marengaké.

Dhemit-dhemit banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Grombolan babi kang cacahé kira-kira rong èwu iku banjur gemrudug mudhun saka ing pinggiring jurang, ambyur ing sagara, wasana padha mati klelep ana ing kono. Pangon-pangoné babi-babi mau banjur padha mlayu lan nyritakaké lelakon iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengené. Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kelakon iku wong wong mau padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan ndeleng wong kang mauné kapanjingan dhemit Légion, liggih ing kono, wis menganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi.Wong-wong kang padha nyumurupi dhéwé lelakon mau padha nyritakaké marang wong-wong kang padha teka iku.

Bab apa kang tumindak tumrap wong kang kapanjingan dhemit lan bab babi-babi mau. Wong wong mau banjur padha nyuwun kalawan adreng marang Gusti Yésus, supaya Panjenengané nilar wewengkoné. Nalika Gusti Yésus minggah ing prau, wong kang mauné kapanjingan dhemit, nyuwun kalilanana ndhèrèk satindaké. Nanging Gusti Yésus ora marengaké, pangandikané marang wong mau: “Muliha menyang omahmu, menyang ing omahé wong-wong ing kampungmu lan critakna kabèh apa kang wis katindakaké déning Allah tumrap kowé lan bab anggonmu diparingi sih kawelasan déning Allah.”

Wong mau ya banjur mangkat lan wiwit martak-martakaké ana ing wewengkon Dékapolis, apa kang wis ditindakaké déning Gusti Yésus tumrap dhèwèké, wong-wong padha éram kabèh. ( Markus 5: l-20 )

Prahara ing segara sirep. Gusti kadhèrèkaké para sakabat mudhun saka prau, wis tekan sabrang. Sétan kang tansah memungsuhi Gusti Yésus, isih terus gawé trékah anggoné bakal nyilakakaké. Panggodhané ing ara-ara samun ora mempan. Ngrasuki uwong isih kalah karo Gusti Yésus. Ana ing bumi Gérasa, ngerigaké dhemit lan sétan balané, ngrasuki uwong nganti pedunung ing kono wis kewalahan, wong kerasukan mau wis diranté isih bisa ngrantas ranténé. Nyiksa awaké dhéwé, awaké dipilara dhéwé niba tangi mbanting-mbanting awak. Kuwi pokalé sétan yèn ngrasuki manungsa. Ora wurung sing dadi sengsara ya sing dirasuki. Wong kerasukan mau nyaketi Gusti Yésus. Pangandikané Gusti: “ Dhemit, lungaa saka wong iku !” Sétan kang nunggal karo wong mau, ngucap bebarengan sing dirasuki. Pancèn nggunakké awaké sing karasukan. Pangucape seru banget: “ Dhuh Yésus Putraning Allah ingkang Mahaluhur ! Demi Allah ampun niksa kawula.”

Ing gisik papan Gusti lagi rawuh jumujug ing kono, kadadéyan sesawangan kang nrenyuhaké. Wong kerasukan sétan niba tangi nyiksa awaké dhéwé kanthi nuthuki awak lan sirahe nganggo watu. Kuwi trékahing sétan sing ngrasuki, nanging sing dadi rusak awaké sing kerasukan. Memelas banget. Nanging wis sawatara mangsa, ora ana sing bisa nulungi. Diiket lepas, diranté rantas. Nanging sanyatané katon butuh kawelasan. Gusti ndangu: “ Kowé sapa ?” Sétan mangsuli nggunakaké guneme sing karasukan: “ Nami kula Légion, amarga kula kaétang kathah sanget.”

Dhemit dhemit mau nyuwun marang Gusti, aja ditundhung saka wong iku. Nanging panguwasané Gusti ora bakal ana kang bisa nglawan. Mula panyuwuné: Mugi kula kepareng manggen ing badanipun babi.” Ing sacedhaké kono ana babi umbaran, ingon-ingoné uwong. Sejatiné ngingu babi iku wektu kuwi dadi larangan. Amarga babi kalebu kéwan najis. Mula pancèn duwé kaluputan sing ngingu kuwi.

Mula Gusti marengaké dhemit-dhemit mau pindhah ninggal wong iku, ngalih menyang babi. Ana kurang luwih babi rong èwu, dadi kranjingan dhemit kabèh. Sanalika mawurahan mlayu anggendring niba tangi mlumba-mlumba nggegirisi. Gemrudug mlayu menyang pinggir gampèng cedhak segara. Babi-babi mau ambyur nyegur ing segara, dadi lan patiné. Gusti Yésus paring paukuman marang wong kang nerak wewaler, yaiku ngingu babi.

Ana piwulang kang bisa kita pethik, menawa Gusti kagungan panguwaos tumrap barang darbéning umat kang ora halal. Gusti marengaké baé barang darbé mau musna. Mula minangka wong pracaya, kudu yakin menawa samubarang kang becik iku asalé saka Gusti Allah. Gusti Allah kang paring, upama dikersakaké kaya karsané, umat sing iman kudu pasrah mbangun miturut. Kaya keyakinané Nabi Ayub ing sejarahé.

Sing ditulungi katundhung dhemité, ora nyuwun pulihing kapitunané. Wis mataun taun ora nyambut gawé, mesthiné kelangan asil. Wis suwé ora manggon ing omahé, mesthiné kangen awor sanak seduluré. Nanging sing disuwun ora supaya bisa nyambut gawé manèh golèk rejeki lan bandha donya. Utawa bakal mulih lan bali urip kaya wong lumrah. Ora.

Apa sing disuwun? Dhèwèké nyuwun, yèn Gusti marengaké, bakal ndhèrèk Gusti menyang endi baé tindaké. Iki dadi pratélan, yèn Gusti anggoné paring pitulungan ora mung waras jasmani, nanging nganti tekan rohani. Nanging Gusti paring dhawuh supaya wong sing wis waras kuwi bali menyang kampungé, banjur paseksi nyaritakaké sih rahmat lan kawelasané Gusti Allah. Wong mau mbangun mirturut.

Saka kadadéyan wong karasukan iki, kita kabèh ngerti menawa uwong bisa dadi owah, merga jiwané sing owah, lan badané mèlu rusak, mula dadi wong édan. Lan jiwa kang ora waras kaya ngono kuwi njalari rusaking rohani. Lan kabèh mau katitik saka pikiran kang ora lumrah, utawa panggraita kang ora lumrah uga. Édaning pikir, rasa lan jiwa bakal mahanani édan kang sejati, yaiku dosa. Dadi kena ingaran wong dosa iku wis édan jiwa lan pikirané.

Sih katresnan lan palimirmaning Allah kang paring usada, yaiku wujud pangapuraning dosa, lumantar kurban sejati, Gusti Yésus séda sinalib ing gunung Golgota dadi juru slamet tumrap umat manungsa kang precaya marang Sang Kristus. Wong karasukan mau dadi gegambaran panindhesing iblis marang manungsa. Lan manungsa kang kaiket déning sétan presasat mlebu pakunjaran sétan. Lan kaya wecaning para nabi jaman kuna, Sang Mésias, Gusti Yésus Kristus rawuh ing jagad iki bakal paring pangluwaran lan mitulungi kang kinunjara, sarta paring pitulungan marang kang katindhes. Sing sapa precaya lan nunggil Gusti Yésus, olèh karahayon. Amarga. Kalis saka paukuman pati langgeng lan olèh pangluwaran sakèhing dosané.

NGURIPAKÉ ANAKÉ WADON YAIRUS LAN NYARASAKÉ WONG NGGRAJAG GETIH

Sawisé Gusti Yésus nyabrang manèh kalawan nitih prau banjur akèh banget wong padha nglumpuk ing ngarsané ana ing pinggir segara, tumuli ana sawijining lurah papan pangibadah, kang jeneng Yairus, sowan ing ngarsané. Bareng ndeleng Gusti Yésus banjur sujud lan nyuwun kanthi adreng aturé:” Anak kawula estri saweg sakit meh pejah, mila mugi Paduka karsaa ngrawuhi lan numpangi asta supados wilujeng lan lestantun gesang.”

Gusti Yésus banjur tindak bareng karo lurah mau. Wong akèh padha ndhèrèkaké, padha suk-sukan ing sacedhaké Panjenengané. Nalika samana ing kono ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun. Wis bola-bali ditambani dhukun pirang-pirang, nganti kabèh barang darbéké entek, nanging ora bisa waras, malah kosok baliné, larané saya banget. Dhèwèké wis krungu pawarta bab Gusti Yésus, mulané banjur ndhesel-ndhesel ing satengahé wong akèh nyedhaki Gusti Yésus saka ing mburi lan ndemek jubahé. Sabab pamikire: “ Angger aku bisa ndemek jubahé baé, aku mesthi mari.”

Padha sanalika anggoné nggrajag getih mampet lan krasa yèn awaké wis waras, larané wis mari. Ing sanalika iku uga Gusti Yésus mangertos, yèn ana daya kang metu saka ing sarirané, banjur mengo ana satengahé wong akèh iku sarta ndangu: “Sapa sing ndemek jubahKu?” Para sakabat padha munjuk: “ Paduka mirsa anggenipun tiyang sami suk-sukan ing sacelak Paduka, lah kok ndangu: Sapa sing ndemok jubahKu ?”

Panjenengané banjur mirsani mubeng, karsa nguningani sapa kang tumindak mangkono. Wong wadon mau saréhné nyumurupi apa kang kalakon tumrap ing dhèwèké, dadiné banjur wedi, mulané tumuli maju lan sujud ing ngarsané Gusti Yésus sarta munjuk sablakané. Pangandikané marang wong wadon iku: “ He ngger, pangandelmu kang mitulungi kowé. Wis mundura kanthi tentrem rahayu, lan lestaria mariné lelaramu iku.”

Nalika Gusti Yésus isih ngandika, ana wong saka ing omahé lurah papan pangibadah mau, kang teka lan matur : “ Ingkang putra sampun tilar. Punapa perlunipun taksih ngribeti Sang Guru?” Nanging Gusti Yésus ora karsa maelu marang pawarta mau, lan banjur ngandika marang lurah papan pangibadah: “Aja wedi, kumandela baé !” Sawisé mangkono ora ana wong siji baé kang diparèngaké ndhèrèk, kajaba Pétrus, Yakobus, lan Yokanan sadulure Yakobus. Bareng wis padha tekan ing omahé lurah papan pangibadah, padha ndeleng wong-wong kang pating jlerit, padha nangis lan padha sesambat kanthi suwara sora. Bareng Gusti Yésus lumebet banjur ngandika marang wong-wong mau: “ Yogené kowé padha ribut lan nangis ? Bocahé ora mati, lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu. Kabèh wong banjur padha didhawuhi metu, banjur nimbali bapa biyungé bocah mau lan kang padha ndhèrèk sarta lumebet ing kamaré bocah mau.

Tangané bocah nuli kaasta kalawan ngandika: “ TALITA KUM .” Tegesé: He ngger kowé tak kandhani: Tangia !” Sanalika iku uga bocahé tangi, ngadeg sarta lumaku, sabab umuré wis rolas taun. Kabèh wong kang ana ing kono padha kaéraman. Banjur padha diparingi piweling wanti-wanti, aja nganti ana wong kang ngerti bab iku, tumuli dhawuh mènèhi mangan bocah mau. (Markus 5: 2l-43).

Gusti Yésus jengkar saka tanah Gérasa. Amarga wong wong ing Gérasa rumangsa kapitunan. Awit nalika Gusti Yésus nundhung dhemit kang ngrasuki wong, dhemité ngalih ngrasuki babi. Babiné padha mati merga nyegur njurang lan ambles ing segara.

Ana ing tanah Kapernaum, ana wong sing jeneng Yairus lurahing omah sembahyang, nyuwun ditulungi déning Gusti Yésus, anaké wis meh mati, lan sawernaning tamba ora tumama marasaké. Anak wadon tur mung siji wis meh mati.

Yairus ora kongkonan uwong, supaya ngaturi Gusti Yésus rawuh ing omahé. Anaké uga ora diusung digawa sowan Gusti, merga larané wis kritis nemen. Mula mangkat dhéwé, mlayu mlayu tekan gisik segara ing papan rawuhé Gusti, banjur sumungkem ing ngarsané, nyuwun tulung marang Gusti Yésus, amrih warasé anaké wadon. Gawé kagèting wong akèh, kang padatan padha ibadah ing papan ibadah pimpinané Yairus mau. Kagèt déné pemimpin sembahyang, ing sangareping anak buah, sumungkem ing ngareping anak tukang kayu tur miskin asal Nazarèt iku ? Lan kondhangé Sang Guru iku dadi mitrané juru mupu béya si Matéus, lan tau mangan bebarengan karo wong dosa. Yèn Yairus nganti tumindak kaya mangkono, sejatiné wis krungu kabar bab kaélokan-kaélokan kang ditindakaké déning Gusti Yésus. Sawijining musibah kasengsaran merga anaké wadon meh mati, kang njalari Yairus nggolèki Gusti Yésus. Ibaraté nemu dalaning sih rahmat kang njalari mariné lelarané si anak wadon. Atur Yairus marang Gusti Yésus: “ Anak kula estri taksih alit sakit sampun meh pejah. Kula suwun karsaa ngrawuhi, sarta numpangaken asta Paduka, kawula pitados badhé saras anak kula punika.”

Gusti Yésus tansah miyarsakaken pandonga lan panyuwunan kang kita aturaké kanthi iman tulus murni. Roma l: l7 ngendika: Injil mratélakaké kayektèn kang saka Allah, lan wong sing uripé bener bakal urip merga imané. Pancèn dadi pitakonan, kena ngapa Gusti Yésus ora paring dhawuh saka “ jarak jauh “ – nyarasaké anaké Yairus saka kadohan, wong nyatané kagungan panguwaos. Sadurungé wis kaping pindho nyarasaké wong saka kadohan, ora perlu ngrawuhi. Nanging nyatané Gusti rawuh ing omahé Yairus. Sabab Gusti mirsa menawa nalikané bapaké mau mangkat sowan Gusti Yésus, bocah mau ora let suwé wis mati. Kang katindakaké déning Yairus kuwi aneh yèn disawang umum, amarga lumrahé Pemimpin omah sembahyang Yahudi kaya Yairus kuwi, gething marang Gusti Yésus. Nanging nyatané Yairus malah nyuwun pitulungan marang Gusti Yésus. Kuwi tegesé ana niyat ngurmati lan Yairus precaya marang Gusti Yésus. Mulané Gusti Yésus ngrawuhi omahé, sawijining conto sambung tresna ing antarané Gusti marang wong kang mesthiné sengit marang Panjenengané, amarga pangkat kedudukané. Gusti mesthi paring pitulungan marang wong kang nindakaké kabecikan, nanging ora kasinungan watak angkuh.

Ana patang bab kang dadi lambaran tumuruning berkah:

  1. Sowan nggolèki Gusti Yésus.

  2. Duwé sikep andhap asor ana ing ngarsané Gusti Yésus.

  3. Ngaturaké panyuwunan kang utama, kanthi iman kang temen,

  4. Duwé rasa precaya kang urip ngrembaka ana ing Gusti Yésus.

Nalika Gusti tindak menyang omahé Yairus rada rendhet merga wong akèh kang padha ngetutburi, gemrudug padha mèlu mrana. Njalari atiné Yairus kuwatir lan trataban, mangka lakuné ora bisa cepet énggala tekan ngomah. Apa manèh ana tekané wong wadon kang lara nggrajag getih. Kandheg manèh tindaké Gusti sabab uga paring pitulungan marang wong wadon iku. Merga wus nandhang lelara iku rolas taun, ngentekaké bandha lan ngentekaké wragad, éwosemono ora ana dhukun lan tabib kang marasaké. Wong wadon mau tekané ana ing samburiné Gusti Yésus, senajan akèh sing ngalang-alangi merga akèhe wong. Keyakinané, yèn bisa ndemok jubahé Sang Guru Juru Pitulung kuwi, yakin yèn bakal mari larané. Dhèwèké kelakon ndemok jubahé Gusti Yésus.

Lan Gusti Yésus ndangu: Sapa ndemok jubahKu ? – Nanging Pétrus matur: “ Guru, tiyang kathah jejel riyel kados makaten kok Panjenengan ndangu sapa sing ndemok jubah ?” - Nalika iku pancèn sing padha suk-sukan wong akèh. Nanging Gusti nggolèki sapa sing ndemok jubahé. Gusti mirsa, kuwi merga precaya. Sanajan lagi bisa ketemu, iman wis thukul ing atiné. Nanging bakal kadadéyan, malah sing tansah ndhèrèk Gusti Yésus, imané malah rusak. Apa ora kaya mengkono iku sing kelakon ing uripé Yudas Iskariot kang gawé kianat ? Mangka nunggal saben dina, nanging nyilakakaké. Kuwi sing njalari paukumané tikel tekuk

Anggoné Gusti Yésus merlokaké nulungi wong wadon sing lara nggrajag getih mau ana bab sing wigati, mangkéné:

- Wong wadon mau olèh pitulungan awit saka iman precayané.

- Supaya Yairus yakin, yèn Gusti Yésus bakal nulungi anaké.

- Gusti Yésus kepareng paring saya kuwat teguhing precayané para murid.

- Dadi piwulang menawa kasabaran iku ateges pasrah lan mbangun turut.

Condong karo piwulangé Paulus ing layang Roma l0: l0. Amarga iman precaya iku ana ing ati, lan banjur olèh kayektèn. Lan kanthi cangkem guneman wong mratélakaké iman, lan kanthi mangkono bakal olèh keslametan. Ngerti menawa Gusti Yésus madosi sapa sing ndemok jubah, wong wadon mau banjur paseksi ing ngarepe wong akèh. Ora wedi najan dipaido apa dinesoni. Banjur ambyuk ing sampéyané Gusti, sarta ngaku yèn wis ndemok jubahé. Lan paseksi menawa kanthi ndemok jubah, lelarané sanalika wis mari. Pangandikané Gusti: Ngger, precayamu kang mitulungi kowé. Mundura kanthi tentrem rahayu.

Yairus kang sajroning ati trataban, merga anaké nalika ditinggal mau larané nemen, rumangsa lega déné Gusti Yésus bisa laju nerusaké tindaké menyang omahé sawisé nulungi wong wadon kang nggrajag getih mau. Kagèt banget Sang Yairus, nalika ana sing sumusul lan caos kabar, gunemé: “ Anakmu wadon wis mati. Apa isih perlu gawé repoté Sang Guru Yésus ?” Gusti Yésus mirsa apa sing dadi bingunge atiné Yairus.

Apa cuwa déné anaké kadhung mati? Apa gela déné wis kadhung sujud ing ngarsané Gusti Yésus, ora wurung anaké wis mati? Apa banjur mikir yèn bakal dikroyok diluputaké déning para mitrané wong Farisi, merga sowan sujud marang Gusti Yésus, mangka wong Farisi sengit lan memungsuhi? Gusti mirsa kabèh mau, mulané paring pangandikan panglipur: “Yairus, aja wedi, precayaa.”

Nalika tekan omahé Yairus, para murid lan wong akèh ora dikeparengaké mlebu ngomah. Sing didhawuhi ndhèrèk mlebu murid telu, Pétrus, Yakobus lan Yohanès. Ing njero omah kono umyung suwarané sing padha nangis, amarga ana adat pancèn dibayar kanggo nangis yèn ana wong mati. Kabèh didhawuhi supaya padha meneng lan metu. “Bocah iki ora mati nanging mung turu.” - Juru tangis bayaran mau padha mencep lan gumuyu, merga nganggep Gusti Yésus ora mirsa bédané turu lan pepati. Kabèh didhawuhi metu. Sing ana njero kamar mung bapaké bocah mau, Gusti piyambak, sing lara karo murid telu.

Ing Kitab Yésaya, kitab Hoséa lan Layang Timotius, ana pangandikaning Firman mangkéné pathi sariné: Panjenengané bakal ngesoraké pati ing salawasé. Pepati, bakal musna ..! Awit déné Injil Panjenengané wus nelukaké pepati, lan maringaké kauripan kang langgeng ….” Bab anggoné séda kasalib, sejatiné ora merga pati unggul saka Gusti Yésus, nanging merga Gusti Yésus masrahaké dhiri pribadiné jumeneng Mésias, dadi kurban panebusing dosa, kurban Cempe kaswargan peparinge Gusti Allah, iku kanggo nebus manungsa kang ngugemi lan precaya, supaya aja nemu karusakan. Gusti Yésus masrahaké nyawa ing paukuman salib. Nanging Gusti piyambak kang mundhut wangsul, dadi kaunggulan. Kaya kang kita pengeti ing Riyaya Paskah. Iku dina kaunggulan lan dadi Sabate wong precaya ing jaman Prajanjian Anyar.

Biyèn ing agama Yahudi, dina Sabat iku ing dina Sabtu, dina kapitu. Nanging Ing prajanjian anyar, para wong kang precaya marang Gusti Yésus, ngriyayakaké kaunggulan sarta wunguné Gusti Yésus utawa “ bangkit “ saka séda, ing dina Minggu. Kuwi dina SABAT ing jaman anyar. Lan iku dadi Sabat tumrap wong Kristen, Dina Minggu dadi dinaning ibadah, dina leladi ing ayahan anggelar Kabar Kabungahan, bab Gusti Yésus kang paring urip.

Gusti wus ngalahaké pepati, Iblis wus kasoran. Dadi ganeping pangandika kang katulis ing Kitab Purwaning Dumadi bab 3, kitabe Nabi Musa, ana pangandika menawa “ turune wong wadon iki “ bakal ngremuk endhase si ula. Endhase si ula remuk, tegesé Iblis kalah. Lan Gusti Yésus unggul. Semono uga anaké Yairus, pinaringan tangi manèh lan urip. Banjur mlaku dhéwé merga wis umur rolas taun.

Wong Wuta Loro.

Sawisé nguripaké anaké Yairus, kadhèrèkaké para sakabat lan wong liyané ya akèh sing ngetut buri, Gusti Yésus ngersakaké kundur. Ing ndedalan ketemu wong wuta loro kang nyuwun ditulungi supaya bisa ndeleng. Saka wingkinge Gusti wong wuta mau ngucap kanthi seru: “ Nyuwun kawelasan dhuh Putraning Sang Prabu Dawud …” Kepriyé déné wong wuta iku bisa ngucap mangkono?

Para guru Yahudi sejatiné uga mulangaké yèn bakal tumedhaké Sang Mésias, Sang Al Masih, iku lumantar dadi tedhak turuné Sang Prabu Dawud. Dadiné wong Yahudi uga ngerti kawruh kuwi. Kabèh wong ngarep-arep bakal tekané Sang Mésias, bakal jumeneng Ratu Adil ing Israèl. Semono uga wong wuta mau, uga ngarep-arep rawuhé Sang Mésias. Dhèwèké uga ngerti Panjenengané Sang Mésias iku tedhaké Sang Prabu Dawud. Mula bisa ngucap mangkono. Tegesé, ing atiné wong wuta mau thukul IMAN marang Mésias Putrané Dawud. Ing kitab Injil kacaritakaké mangkéné:

Nalika Gusti Yésus nglajengaké tindaké saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nguwuh-uwuh unjuké: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi.”

Bareng Gusti Yésus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep ing ngarsané, tumuli dipangandikani déning Gusti Yésus: “Apa kowé padha ngandel yèn Aku bisa nindakaké mangkono?” Atur wangsulané: “Inggih Gusti, kawula sami pitados.” Banjur padha didumuki mripate, sarta dipangandikani: “ Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” Mripate banjur kaelèkaké banjur padha diwanti-wanti: “ Poma aja nganti bab iki kaweruhan ing wong.”Ewasemono saundure tumuli padha nyuwuraké Panjenengané ana ing sawratané tanah kono. ( Matéus 9: 27-3l ).

Ing Mazmur 72: l3, Sang Prabu Dawud uga nyerat mangkéné: “ Panjenengané ngasihi lan nresnani wong ringkih lan wong miskin, nyawané bakal dislametaké.” Wong wuta mau uga tau nampa piwulang manawa Panjenengané Sang Mésias bakal nyarasaké wong picak, lan banjur bisa ndeleng. Wis tau krungu piwulang iku, senajan sejatiné tinampa wuta iku amung picaking mripat jasmani, lan miskin iku mlarating kadonyan. Senajan kita kabèh yakin, menawa Gusti bisa maringi kabutuhan kita kang rohani lan kang jasmani.

Wong wuta mau ngetutburi terus. Senajan ora énggal dipitulungi. Malah wong akèh ngira, yèn Sang Guru Yésus ora karsa nulungi. Nanging kang katoné ora kapreduli déning Gusti iku, amarga gedhéneing imané, Gusti banjur paring pitulung. “ Apa kowé precaya yèn Aku kwasa nindakaké iku ?” - Wong picak mau ora weruh Gusti. Mula astané Gusti Yésus banjur mulung njamah mripate wong loro mau, sanalika dadi waras lan bisa ndeleng. Pangandikané Gusti Yésus: “ Kelakona ing kowé kaya kang dadi precayamu.” Karahayon, kelakoné ora merga pambudidayaning umat manungsa nanging saka iman. Iman iku uga peparinge Gusti Allah, déning panuntuning Sang Roh Suci tumrap kang padha precaya marang Gusti Kristus Yésus.

PASEMON PANÈN. MURID ROLAS KAUTUS ANGGELAR INJIL

Gusti Yésus tumuli tindak njajah kutha lan désa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelaraké Injil Kratoning Allah, apa déné nyarasaké sakabèhing memala lan lelara. Mirsa wong akèh iku, trenyuh banget penggalihé marga saka welas. Awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopen kaya wedhus kang ora ana pangoné. Banjur ngendika marang para sakabaté: “Panèné gedhé, nanging kang derep mung sathithik. Mulané padha nyuwuna marang kang kagungan panèn, supaya karsaa maringi wong derep kanggo panènané iku.” ( Matéus 9: 35-38 )

Gusti Yésus jengkar saka Nazarèt, anggelar kabar kabungahan marang désa ngadésa nglayani wong pirang-pirang. Gusti mirsani akèh wong kaya wedhus kang tanpa pangon. Gusti memulang ing papan ibadah, nyarasaké wong lara lan paring panglipur marang kang kasusahan. Ibaraté wedhus, para kawula cilik kuwi pancèn uga duwé pangon, nanging pangon bayaran. Tegesé dadi pangon nanging ora merlokaké sing diengon, nanging sing digayuh bab martabat, darajat lan pakurmatan kanggo dhiri pribadi. Para pemimpin mau ora nuntun wong akèh iku bisané nemu banyu tentrem. Nanging utamané nguyak kauntungan.

Rawuhé pangon kang sejati, bakal nggolèki para kawula kang kesingkir, sing ketriwal, sing katindhes lan sengsara. Raos welasé Gusti Yésus runtuh, lan bakal ngrentahaké palimirmaNé. Ibarat pategalan kagungané Gusti Allah, wong akèh iku kaya déné pari utawa gandum kang kari ngeneni lan panèn. Nanging aja nganti mlebu ing lumbunging Iblis, yaiku naraka, nanging Gusti menggalih bakal ngusung panènan jiwa-jiwa mau diusung menyang lumbung kaswargan. Mulané para murid banjur kagladhi leladi. Sakabat rolas diutus lunga menyang papan dununging umat kang mbutuhaké pitulungan. Akèh banget kang kudu ditulungi, kaya gandum supaya bisa mlebu lumbung kasuwargan. Panèné akèh lan panèn gedhé. Nanging sing derep, sing mbantu panèn mung sathithik. Mula Gusti paring dhawuh supaya padha nyuwun marang Sang Rama kang kagungan panèn, supaya ngimbuhi tenaga kang saguh ngrampungaké panènan mau.

Ing jaman iki, perlu banget menawa para pemimpin rohani sadhar menawa panèn gedhé wis tekan mangsané. Kabèh kudu siyaga ing gati, ngayahi panèn gedhé iki. SEPISAN: Kudu kanthi suka lila, lila legawa tulus lan temen. KAPINDHO: Sing derep kudu wong trampil, kang ora nulak kinanthi déning Roh Suci piyambak. Kasil orané ayahan karohanen, ora gumantung marang kapinteran lan wasising uwong, ora gumantung marang sekolah-sekolah luhur, ora gumantung marang para kang sugih kawruh agama, uga babar pisan ora gumantung marang piranti, lan upamané: marang dhuwit. KATELU: Para sing ngayahi tugas derep iku kudu KAUTUS déning Allah, apa kang ginayuh bakal maujud.

Para Sakabat Kautus.

Wong rolas mau padha diutus déning Gusti Yésus sarta diparingi piweling mangkéné: “Kowé aja padha nyimpang menyang dalané wong kafir, lan aja lumebu ing kuthané wong Samaria, nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhuse Banisraèl kang padha ketriwal. Padha mangkata lan padha memulanga mangkéné: Kratoning swarga wus Cedhak. Wong lara padha sarasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen, dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowé padha nampani kanthi lelahanan, mulané wenehna kanthi lelahanan uga. Aja padha nggawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu. Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan, aja padha nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut gawé iku wus sapantesé yèn nampa pituwas. ( Matéus l0: 5-l0)

Para sakabat kang nampa gladhèn gemblèngan rohani, kautus loro-loro saben sajurusan. Utusan mau pinaringan kwasa bisa gawé mujizat, marasaké wong lara, nundhung dhemit, lan nangèkaké wong mati. Supaya kabar kabungahan kang kagelar, katon kabenerané. Uga pinaringan tuntunan laku nandangi ayahan, kaya déné “juklak” – kanthi gamblang. Aja kaya para tokoh agama Yahudi, anggoné kotbah golèk kauntungan sing bisa nekakaké bathi lan leganing ati.

Para murid ora kepareng kaya mangkono iku. “ Kowé padha olèh kanthi lelahanan, mula kudu kok edum marang pepadha kanthi lelahanan uga.” Para murid wis olèh apa kang gratis utawa lelahanan? Para murid wus nampa URIP LANGGENG. Wis wanuh marang keslametan kang saka suwarga, yaiku kabar kabungahan bab pangapuraning dosa. Yèn sajroning tumindak becik mangka ora olèh panarima saka sapa baé ing donya iki, precayaa yèn bakal olèh kanugrahan gedhé ing tembé saka Sang Rama ing swarga.

Kewajibané para murid, ngayahi kewajiban anggelar Injil, yaiku kabar kabungahan mau. Déné kaperluwan ing urip kadonyan, para murid kudu yakin, menawa Gusti kang maha mirsa lan maha mirah bakal nyawisi samubarang sing dibutuhaké. Pangandikané ing Matéus 6: 33. Samubarang bakal kawuwuhaké marang sira, nanging Kratoning Swarga lan KAUTAMANÉ iku upayanen dhisik. Kang utama iku ngrampungi ayahan rohani, kaperluwan jasmani bakal ana dalan peparinge Gusti. Pangandikané Gusti sabanjure mangkéné:

Manawa kowé mlebu ing kutha utawa ing ndésa, nitik-nitika wong kang pantes, banjur nginepa ana ing kono nganti salungamu. Manawa kowé lumebu ing omahé uwong, uluka salam. Manawa pantes anggoné nampani, salammu tumanduka ana ing kono, nanging manawa ora, salammu balia marang kowé mènèh. Déné manawa ana wong kang ora nampani kowé, lan ora ngrungokaké tembungmu, énggal lungaa lan metua saka ing omah utawa ing kutha kono, sarta ketabna lebuning sikilmu. Satemené pituturku marang kowé: “ Bésuk ing dina pangadilan, kang sinangga déning Sodom lan Gomora, bakal luwih entheng katimbang karo kutha mau.” ( Matéus l0: ll-l5 ).

Gusti ndhawuhi, manggoné para murid aja ngalih-ngalih saka sawijining omah ing sawijining désa. Yèn pindhah-pindhah, angèl bisa nanem wiji kabar kabungahan mau, merga pancèn mbutuhaké wanci lan kasabaran. Ing antarané omah lan omah, kulawarga lan kulawarga, thukula sesambungan becik kang semangaté asal saka Injil yaiku Kabar Kabungahan.

Supaya sapungkure para murid ngayahi pakaryan, tetunggilané wong-wong mau bisa dadi pepadhang ing sakutha kono. Dadi duta, sejatiné duwé wewenang ngleksanani karsaning Ratu. Dadi duta iku wakiling Ratu, ya Sang Rama kaswarga kuwi Ratu kita kabèh. Para duta supaya kanthi kèndel lan tatag, ngelingaké lan melehaké sapa baé kang nampik tekané, lan bakal nulak kotbah piwulangé.

Sing nulak para muridé Gusti Yésus, ateges nampik Sang Raja kang ngutus. Lan Gusti Yésus ing dinaning pangadilan bakal paring paukuman marang kang padha nulak lan padha gawé sengsarané para duta mau. Sing nampik Kabar Kabungahan, ing tembé bakal ngrasakaké sengsara, nangis lan ana keroting untu nahan papa cintraka.

Kaya Wedhus Ing Satengahing Asu Ajag

“ Lah kowé padha daklakokaké kayadéné wedhus gèmbèl menyang ing satengahing asu ajag, mulané sing ngati-ati kaya ula, lan sing bares kaya manuk dara. Nanging sing waspada marang wong kabèh, sabab ana kang bakal ngladèkaké kowé marang pradata agama, kang banjur nyabet sapu kowé ana ing papan-papan pangibadahe. Lan marga saka Aku kowé bakal padha diirid menyang ngarsané para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kafir.

Anadéné yèn kowé padha kelakon diladèkaké, aja padha sumelang ing bab kepriyé lan apa kang bakal kok aturaké, amarga iku kabèh sanalika iku uga bakal kaparingaké marang kowé. Awit dudu kowé kang caturan, nanging Rohé Ramamu kang ngendika lumantar kowé. Sadulur bakal masrahaké padha sadulur marang paukuman pati, semono uga bapa masrahaké anaké, lan anak-anak bakal ngwanèni wong tuwané lan banjur dipatèni. Lan kowé bakal disengiti déning wong kabèh marga saka Aku.

Nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet. Manawa kowé dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané, awit satemené Aku pitutur marang kowé: “Sadurungé kowé ndlajahi kutha-kutha Israèl kabèh nganti kemput, Putraning Manungsa wus rawuh. Mungguh sakabat iku ora ngungkuli guruné, utawa abdi iya ora ngungkuli bendarané. Tumraping sakabat wus cukup, yèn nganti nemu lelakon padha kaya guruné, lan tumrap abdi, yèn nemu lelakon kaya bendarané. Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, aluwung wedia marang Panjenengané, kang bisa ngrusak karo-karoné ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu. ( Matéus l0: l6-24, 28 )

Gusti Yésus wis ngendika sadurungé, menawa demi Injil para murid bakal nampa panganiaya saka para wong kang dilayani, yaiku anggoné nggelar Injil. Kaya wedhus kang dilakokaké ana ing gerombolané asu alas an kang galak. Senajan sing digelar iku Kabar Kabungahan, nanging para duta bakal dianiaya déning Raja-Raja ing ndonya lan para panguwasaning jagad iki. Mula kudu watak becik, memes kaya cempé anaking wedhus, alus lan ora gething sarta ora niyat males. Aja lali, Rohing Allah ora bakal nilar para utusan kaswargan mau. Sang Roh iku kang bakal mbélani para duta ing sadhéngaha kahanan. Tegesé bakal bisa dadi kuwat, ngadhepi akibat apa baé.

Sajroning ayahan anggelar Injiling Kraton, saupama kudu nampa aniaya, kuwi ora timbang karo berkah kanugrahan kang bakal katampa ing tembé, yaiku urip langgeng. Gusti Yésus uga bakal ngalami kasengsaran gedhé, ora béda karo para murid. Malah angluwihi kaluwih-luwih, déné rawuhé pancèn masrahaké rah lan nyawa kanggo panebusing dosa.

Gusti Yésus pranyata kelakon séda sinalib temenan. Gusti kasalib temenan. Sejarah nyathet, lan seksiné akèh. Nanging tetap baé ana piwulang kang nerangaké menawa Gusti Yésus ora séda kasalib, piwulang kuwi pancèn sumberé saka wong sing nglawan Gusti Yésus wiwit sekawit. Sing padha mulangaké, pancèn olèh kabar kang sumberé saka para guru sing nglawan piwulangé Gusti Yésus. Tekana kapan baé, piwulang kuwi tetep nglawan.

Sih palimirmaning Allah bakal tansah ngayomi lan ngopèni kauripan kita kabèh iki, tumrap para wong kang kanthi temen paseksi ngugemi imané marang Sang Kristus. “ Gusti ngopeni, nganti tekan rambut sirah iki uga dietung kabèh, mangka ora ana sing bisa ngetung rambuté dhéwé ing sirahé.”

Sing wigati ngugemi iman kita marang Gusti. Sing sapa ngakoni Gusti Yésus ana ing bumi, uga bakal diakoni déning Gusti Yésus ana ing Pangadilan Akhir, bakal olèh pangluwaran. Mangka Gusti Yésus Kristus kang bakal ngasta panguwaos ngadili saben umat manungsa ing akhir jaman. Gusti Yésus kang nemtokaké siji-sijining wong iku olèh neraka apa pinaringan swarga.

Kayektèn Iku Uga Kaya Pedhang

“ Kowé aja padha ngira yèn tekaKu nggawa pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawa pirukun nanging pédang. Sabab tekaku njalari wong crah karo bapakné, anak wadon karo embokné, mantu wadon karo embokné maratuwa, lan wong bakal dimungsuh déning wong kang nunggal saomah kabèh.

Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngluwihi Aku, lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku. Sing sapa ora manggul salibé lan ngetut buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku. Sing sapa ngéman nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nampani nyawané. Sing sapa nampani kowé, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. Sing sapa nampani nabi merga anggoné dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid merga saka anggoné mursid, bakal tampa pituwasé wong mursid. Apadéné sing sapa awèh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanajan mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowé satemené: Wong iku mesthi bakal tampa pituwasé. ( Matéus l0: 32-42 ).

Gusti Yésus iku Ratuning Ayem Tentrem. Kedhatoné: Kraton Kaayeman. Senajan rukun lan ayem tentrem iku asring kaselipan prekara pasulayan rohani. Kuwi njalari kaayeman mau bisa lestari, supaya katon padhang lan suciné. Amarga sing nglawan mesthi balané kaluputan, Gusti uga nate ngendika, tumrap jagad iki, rawuhé Gusti ora ngasta pirukun. Merga nyatané sing ora seneng marang bebener tansah nglawan, lan njalari ora rukun. Pakaryané Gusti njalari pisahing kulawarga. Sababé, ana sing milih bener lan pirukun, nanging ana sing nglawan. Tegesé ana sing rumangsa bener dhéwé manut pikirané jagad. Mula nglawan.

Uripé adhedhasar akal lan kanalaran. Ora sumendhé marang Gusti Allah kang maringi pepadhang lan pirukun mau. Ora rukun merga anggoné manungsa ngugemi kepéngin urip seneng lan aja nganti kelangan barang darbéké kadonyan. Mula kudu pisah, dadi ora rukun karo kang ngugemi sing bener. Ora rukun ing antarané kang setya marang Gusti Yésus, lan pasulayan karo sing gawé kianat. Sing sapa setyatuhu, bakal nampa sih rahmat. Sing gawé khianat kaukum.

Lan sing sapa nglawan bakal nampa paukuman. Sing sapa mbiyantu marang pakaryané Allah ing ayahané para duta, bakal olèh berkah. Malah kang mènèhi ngombe najan mung sacangkir marang kang lagi kautus déning Gusti Yésus, bakal nampa kanugrahan. Sawisé para murid pinaringan wejangan werna-werna kasebut, banjur mangkat marang ayahané dhéwé-dhéwé, saben ayahan dumadi saka murid loro. Ayahan kaswargan kaamanataké marang para sakabat.

Para Murid Bali, Nunggil Gusti Sawisé Makarya.

Para murid sawisé anggelar kabar kabungahan marang ngendi-endia papan ing satanah Israèl, bali ngumpul manèh sowan Gusti. Ngaturaké palapuran bab apa kang wus katindakaké minangka dutaning Gusti. Injil nyaritakaké mangkéné:

Sawisé mangkono para rasul padha nglumpuk ana ing ngarsané Gusti Yésus lan padha matur apa kang wus ditindakaké kabèh lan kang diwulangaké. Banjur padha dipangandikani: “Ayo padha menyang papan kang sepi, supaya bisa ndhéwé lan padha ngaso sadhela.”

Amarga pancèn akèh banget wong kang padha teka lunga. Nganti mangan baé padha nganti ora kober. Banjur padha mangkat nunggang prau menyang panggonan kang sepi, ndhéwé. Nanging nalika padha mangkat, akèh wong kang padha weruh lan nyumurupi sedyané. Ora suwé banjur akèh wong kang padha teka saka ing kutha-kutha kabèh, kang padha lumaku dharat menyang ing panggonan kono, ndhisiki tekané. Nalika Gusti Yésus ndharat, mirsa wong kang cacahé akèh banget iku, trenyuh penggalihé merga saka welasé, jalaran padha katon kaya wedhus kang tanpa pangon. Panjenengané nuli miwiti memulang bab prakara akèh marang wong wong mau. ( Markus 6: 30-34 ).

Sabaliné para murid saka ngayahi anggelar Kabar Kabungahan ( Injil ), banjur ngaturaké kang dialami. Bebasan kurang wanci nglayani kotbah lan liya-liyané. Kang padha kawulang padha ngetut buri uga. Ing kahanan kaya ngono mau, Gusti Yésus mirsa yèn para murid bakal dikanthi golèk papan sepi lan ndedonga bareng lan sawetara ngaso.

Para sakabat kagèt banget nalika krungu pawarta, menawa Yohanès Pambaptis wus katigas janggané déning Sang Prabu Hérodès. Yohanès dikunjara merga anggoné nyaruwe, ngritik slingkuhe Sang Prabu Hérodès karo Hérodias, yaiku sisihané seduluré kang asma Filipus. Temah Yohanès katigas janggané ing pungkasaning paukuman. Sabab swasana lagi kaya mangkono, Gusti ndhawuhi para murid ndhèrèk, Gusti Yésus bakal sumingkir sawetara saka laladan kono. Wong kang padha nglumpuk sakiwa tengené Gusti didhawuhi bubaran. Supaya ora disujanani déning Petugas Pamarentah Hérodès, menawa Gusti ngimpun kakuwatan kanggo males bab matiné Yohanès. Wong akèh didhawuhi bubaran, lan Gusti sumingkir menyang daerah liya. Amarga kahanan iku bakal kena kanggo pawadan lan alesan enggoné bakal nangkep Gusti Yésus. Mangka Gusti mirsa yèn durung tekan wektuné.

Prau kang dicawisaké kanggo sumingkir budhal tekan tengah segara. Gusti lan para sakabat wus ana ing prau. Segara pancèn cocok banget kanggo ngleremaké penggalih, saka swasana sing rusek utawa saka akèhing pakaryan. Ngaso lan rilex iku perlu uga. Segara dadi papan nyepi, nyingkiri laladan panguwasané Hérodès kang ngukum pati marang Yohanès Pambaptis, yaiku Nabi Yahya utawa kang asma Nabi Yokanan. Ditugel guluné merga saka pamothahe Salome, anak kuwaloné gawan Hérodias, njaluk hadiah sirahe Yohanès. Kuwi merga Hérodias ibuné Salome kang mbisiki supaya nyuwun hadiah merga olèhé mbeksa kanthi trengginas. Hadiah mau “sirahe Nabi Yohanès” – merga Hérodias pancèn dhendham lan gething sengit marang Yohanès Pambaptis. Hérodias nandhang wirang isin, merga dikritik olèhé laku slingkuh karo Sang Prabu Hérodès. Tindaké gusti ngoncati laladan panguwasané Hérodès, merga anggoné bakal mulang marang para muridé. Yèn ana ing kutha pancèn wis ora tentrem manèh. Apa manèh ana sujananing para petugas, sing padha ngumpul ndhèrèk Gusti bisa baé disengguh bakal brontak, males bab patiné Yohanès Pambaptis. Mangka sejatiné ora kaya ngono kuwi. Bisa ngaso ing tengah segara, amarga lakuné prau ora banter.

Ngerti parané menyang endi, wong akèh padha laku dharat, ngiteri segara Galiléa, lan nyusul Gusti Yésus tekan ing Betsaida. Mula Gusti ora téga lamun ora nanggapi tekané wong akèh mau. Gusti uga banjur nulungi wong lara, paring wulang lan kotbah sarta gawé bungahé sing padha ngudi bisané ketemu Gusti Yésus. Kaya wedhus kang tanpa pangon. Mulané Gusti trenyuh. Sing dadi pikiran yaiku, kepriyé anggoné bisa maringi mangan wong ewon cacahé kuwi. Nalika sayah lan wong akèh uga perlu ngaso, Gusti lan para murid banjur minggah ing gunung, bakal ndedonga. Wong akèh uga padha nusul munggah ing punthuk mau lan ngupeng papan lenggahe Gusti Yésus. Senajan sayah ing sarirané, nanging Gusti ora duka – sing padha teka ngumpul tinanggapan kanthi kebak sih katresnan kang murni. Wong akèh mau nunggal karo Gusti nganti wanci bengi.

WONG LIMANG ÈWU LUWIH, DIPARINGI MANGAN

Bareng wis wiwit peteng, para sakabat padha sowan ing ngarsané lan matur: Panggenan punika sepi, mangka sampun wiwit peteng. Tiyang-tiyang menika mbok dipun dhawuhi mundur, supados tumbas tetedhan dhateng ing dhusun-shusun saha ing kampung-kampung sa kiwa tengenipun papan punika.” Nanging paring wangsulané Gusti Yésus: “ Kowé baé padha mènèhana mangan.” Unjuké para sakabat: “ Dados kawula sami kadhawuhan kesah tumbas roti namung kalih atus dinar, lajeng kadhawuhan nyukani tedha dhateng tiyang-tiyang punika?” Pangandikané Gusti Yésus: “Kowé duwé roti pira?” – Sawisé dititi priksa, banjur padha munjuk: “ Wonten roti gangsal sarta ulam kalih.”

Banjur padha kadhawuhan nata wong-wong mau gegrombolan ana ing pasuketan. Wong-wong banjur padha lungguh gegrombolan ana kang nyatus ana kang nyeket. Sawusé Gusti Yésus mundhut roti lima karo iwak loro iku, banjur tumenga ing langit lan mberkahi, rotiné nuli dicuwil-cuwil diparingaké marang para sakabat supaya didum-dumaké marang wong kabèh, mangkono uga iwak loro mau uga didum-dumaké nganti wrata. Wong kabèh padha mangan nganti wareg. Turahan cuwilan-cuwilan padha diklumpukaké, dadi rolas wakul kebak. Mangkono uga turahané iwak. Anadéné kang mèlu mangan roti iku cacahé wong lanang limang èwu. * (Markus 6: 35-44 )

Nyawang wong pirang-pirang sing durung mangan bengi iku, para murid kemrungsung atiné. Para sakabat rundhingan. Mikir uga sabenere luwih becik wong akèh iku dikon mulih. Nanging ana sing usul matur Gusti Yésus dhisik. Mula banjur ngaturaké usulan. Para murid ora sabar ngentèni dhawuh, anané mung anggoné bakal énggal ngrampungi gawé.

Sabar iku tegesé, bisa ngentèni kang bakal kadadéyan saka dhawuhing Allah, lan saguh nampa sabarang kang bakal kelakon. Para murid ngaturaké penemu kang rumangsané para murid wis cocok karo nalar bener. Aturé: “ Papan punika sepen Guru, sampun mlebet saya dalu. Prayoginipun tiyang kathah punika kadhawuhana sami mantuk. Supados tiyang-tiyang punika taksih saged tumbas tedha ing kampung-kanpung mrika. Amargi tiyang-tiyang menika mboten sami sangu tedha.”

Lumrah yèn ta para murid kuwatir menawa wong akèh iku sambat njaluk pangan marang para sakabat. Saya manèh ing antarané sing ngumpul kuwi ana para wanita, bocah cilik lan wong lara. Ing ara-ara kono tur keluwén, iba rekasane yèn tekan bengi.

Panggonan kang kaagem Gusti memulang lan nyarasaké wong lara kono, pancèn sepi banget, luwih luwih wanci bengi. Golèk warung sing dodol panganan mesthi ya ora nyukupi kanggo wong limang ewonan iku. Para murid, luwih luwih Yudas Iskariot sang bendhahara, wiwit ngetung-etung, iba akèhe dhuwit sing diperlokaké kanggo nukokaké pangan wong semono akèhe. Lagi tuku roti baé wis pira, bisa dietung. Apa Gusti Yésus kagungan dhuwit semono akèhe? Papan baé ora kagungan, kanggo nyarekaké mustakané baé ora kagungan papan. Upama ana barang sing dituku, ngangkute saka kampung kana, digawa mrono tekan ngara-ara kono, nganggo apa? Wah akèh banget tetimbangan pikiran. Banjur padha matur marang Gusti Yésus: “ Punapa kita kedah numbasaken tetedhan kangge tiyang ingkang kathahipun semanten punika?” Pitakonan iki dikira déning para murid bisa ngeluk penggalihé Gusti, satemah karsa ndhawuhi wong pirang-pirang kuwi mulih menyang papané dhéwé-dhéwé lan uga ngopeni butuhe dhéwé-dhéwé. Nanging ana dhawuhé Gusti Yésus ora kaya sing dikarepaké para murid. Aturé para murid: “ Menapa kawula kedah tumbas roti pengaji kalih atus dinar sarta nyukani tedha?” Pandangoné Gusti: “ Pira akèhe roti kang ana, coba titinen.” - Para murid banjur kelingan sawisé ditakoni kaya ngono, menawa Gusti Allah bisa maringi lan bisa nindakaké apa baé nyondhongi rancangané.

Gusti mirsa menawa ora ana pangan. Nanging kahanan apa baé kaagem déning Gusti Allah, kalebu uga ngutus umat dadi piranti anggoné Gusti Allah ngetingalaké panguwaosé. Gusti bisa baé, nyipta roti ngebaki jagad. Bisa. Nanging ora karsa mangkono, Gusti Yésus paring tuladha becik, nggunakaké prabot sing ana kanggo nyukupi kaperluwaning kauripan. Lan ora ngulinakaké ngarep-arep pitulungané liyan. Sing wis ana kanggo miwiti ngentasi prekarané. Sing wis ana uga sejatiné asalé saka Gusti Allah. Ora perlu gumantung wong liya, nalika dhiri pribadi isih bisa obah, iku saru. Gumantung marang Gusti Allah sadurungé ngayahi pakaryan nganti purna, njalari keset, dadi males. Gusti Allah tansah bakal cawe-cawe mberkahi kita kabèh nalika kita kabèh taberi ing ayahan sarta ngrampungi kewajiban. Uwohé bakal njalari marem lan tentrem.

Manut Injil Yohanès, murid sing jeneng Andreas niti kahanan. Ngerti ana bocah lanang duwé roti mung lima, lan iwak loro. Bisa uga bocah lanang kuwi dikongkon biyunge adol panganan ing satengahe kumpulan para wong ing ara-ara kuwi. Andreas matur karo semu ragu marang Sang Guru, merga ing pamikire, roti semono tekan sepira kanggoné. Sidané matur Gusti yèn ana roti lima karo iwak loro digawa bocah lanang.

Tanpa komentar ngandika, Gusti paring dhawuh: “ Rotiné gawanen mrené.” Dhawuh iki Isi piwulang: Supaya murid padha ngerti menawa Gusti Yésus iku kang dadi sumbering sabarang. Gusti iku sing kagungan samubarang. Lan supaya murid murid ngerti menawa Gusti bisa nindakaké apa baé.

Gusti nenuntun wong akèh supaya nglakoni sabarang karya iku kudu: tertib, nganggo aturan. Manut pranatan lan sabar nunggu wektuné. Wong akèh kadhawuhan lungguh pantha-pantha, kelompok-kelompok.

Saben sapantha ana sing selawe uwong, seket lan satusan, manut papan lungguhe ing pasuketan mau. Yèn ora mengkono, uwong akèh bisa rebutan, sing ringkih ora kebageyan sing rosa ngumbar srakahe. Kuwi sing jeneng ora adil. Adil kuwi ora gumantung marang cacahing barang kang banjur diedum adil, nanging kaadilan kuwi gumantung marang kabutuhan kang bisa dicukupi. Kanthi golongan sapantha-pantha mengkono anggoné ngedum pangan uga bakal saya rancak. Gusti Allah iku ngersakaké samubarang iku harmonis, salaras lan tertib.

Gusti Yésus mundhut roti lan iwak mau, tumuli tumenga mandhuwur, ndedonga. Kuwi sejatiné mulang para murid, paring conto supaya bisa ngaturaken panuwun marang Gusti Allah. Amarga sabarang kang bisa dadi darbék kita kanggo nyampeti kabutuhaning urip iku kabèh peparinge Allah. Kaya kang katulis ing kitab Injil layang Yakobus l: l7. “ Saben peparing kang becik lan ganjaran kang sampurna iku, asalé saka ing ngaluhur, kaparingaké déning Ramaning sagung pepadhang marang Putrané, tanpa ana sing kleru lan tansah ora owah gingsir.”(Yakobus l: l7).

Roti lan iwak kang wus kadongakaké mau, banjur diberkahi déning Gusti Yésus, banjur diparingaké marang para murid supaya diedum marang wong akèh. Iki sawijining piwulang, menawa wong precaya, kudu mikiraké mènèhi pangan marang wong liya kang mbutuhaké. Sajroning roti lan iwak diedum marang wong akèh, mujizat nikelaké pangan kelakon maujud. Roti lima lan iwak mung loro nyukupi nganti wareg dipangan wong limang èwu luwih. Iki paring pangertèn marang para murid sajroning leladi, menawa Gusti Yésus wenang paring daya kabisan lan wenang maringi kabisan marang para sekabat nglakoni mujizat. Semono uga menawa kita masrahaké urip kita iki marang Gusti Yésus, Gusti bakal gawé tikel matikele sabarang kang mupangati. Iya talenta kita, kabisan kita, barang darbé kita, jasa, tenaga bandha lan apa baé, bakal kaberkahan bisa tikel matikel déning mujizate Gusti. Kang gawé gedhéning semangaté para murid, déné kanyatan Gusti damel mujizat kagungan panguwaos, paring pangan marang wong semono akèhe amung kanthi roti lima lan iwak mung loro.

Panganan Kang Isih Turah.

Gusti ngersakaké supaya pangan kang turah aja nganti disepélékaké. Ngrèmèhaké sing sepélé dupeh Guruné bisa damel mujizat ngéram-éramaké. Piwulang gamblang kang kudu dadi paugeran kita, Gusti Yésus ngersakaké kang wus dadi kagungané aja nganti ilang. Semono uga, para wong precaya kagungané Gusti Yésus, Gusti ngersakaké aja nganti ilang. Supaya kabèh tetep olèh keslametan.

Ora Kersa Jumeneng Raja.

Sawisé wong akèh meruhi mujizat semono gedhéné, wong akèh duwé niyat bakal njumenengaké gusti Yésus dadi Raja ing Israèl. Pikirané wong akèh, yèn duwé Raja kaya ngono, adil makmur murah sandhang murah pangan, kawula bakal tentrem lan bisa sugih sarta waras wiris lan mulya wong sanagara.

Gusti Yésus mirsa, yèn wong akèh ora mudheng marang pathi sarining piwulangé. Padha ora nyandhak apa sing diarani urip langgeng iku. Nyatané akèh wong mung mikiraké bab kabutuhan jasmani lan kadonyan baé.

Gusti ora bakal nuruti pepenginané wong akèh mau. Mulané reaksi kawitan kang kadhawuhaké déning Gusti marang para murid, supaya para murid énggal misah saka kumpulané wong akèh mau, padha ndhisikana munggah prau. Déné Gusti kang bakal ndhawuhi wong akèh mau bubaran mulih, sawisé nampa pangan nganti wareg. Gusti tetep kanthi lembah penggalih, lan pepisahan sawatara nanging gedhé kawigatené Gusti Yésus marang wong akèh mau. Kanthi sabar lan wicaksana, sawisé para murid misah saka wong akèh, banjur ndhawuhi wong akèh mau mulih menyang papané dhéwé-dhéwé.

Bab kang katelu kang katindakaké déning Gusti, miyambak menyang papan sepi, ndedonga. Asmané kang saya kondhang kumbul ing satengahing wong akèh, malah bakal ingangkat jumeneng Raja, ngelingaké marang godhaning Iblis ing ara-ara samun dhek semana. Nanging Gusti ora gelem nyembah sétan, amarga mung Gusti Allah kang wajib sinembah. Lan ora melik marang kalenggahan, merga iku uga dadi pirantiné Iblis gawé godha.

Sanyatané uga, Gusti bisa gawé tikel akèhe roti. Sejatiné yèn Gusti Yésus karsa, nalika ana tantangan supaya watu kadadekaké roti, uga mesthi bisa. Nanging Gusti ora kersa. Amarga Sabdaning Allah kang luwih migunani njalari urip katandhing karo roti. Gusti Yésus piyambak sejatiné Roti kauripan kang sejati, lan Sang Sabda, Sang Firman sejatiné uga Gusti Yésus piyambak. Sabdaning Allah iku cihna panguwasaning Allah. Tegesé, Sang Sabda iku Allah. Lan manut kitab Yohanès, Sang Sabda wus rawuh ing jagad raya, manjalma ing sugengé Gusti Yésus Kristus, jumeneng Sang Mésias.

Gusti ngutamakaké ndedonga lan milih nyepi sawisé maringi mangan wong akèh mau, ana kaprihatinan sawetara.

SEPISAN, anggoné wus kepareng maringi mangan wong akèh, kudu ngaturaké panuwun.

KAPINDHO, ndedonga sesambungan karo prihatose Gusti, merga sanaké Yohanès Pambaptis katigas guluné déning Hérodès.

KATELU, prihatos merga wong akèh ora nyandhak piwulangé, sing diarep-arep bab kamulyan kadonyan, lan manèh para murid kaya kaya mengkono uga pangertèné.

KANG ANGKA PAPAT, Gusti mirsa menawa wong akèh sing katoné memuji lan ngalembana Panjenengané, uga wus dipirsani yèn ing tembé uga bakal akèh sing mèlu gawé khianat. Padha mbengok ing ngarsané Pilatus: Yésus kasaliba, kasaliba !.

Gusti uga mirsa kang bakal kadadéyan kaya mangkono iku. Mula ngutamakaké ndedonga. Pandongané tumuju marang Sang Rama kang sejatiné tetunggilan karo Panjenengané uga, yaiku Allah kang asipat Roh, iya Roh kang dhedhampar ing sugengé Gusti Yésus iku kang ingaran Sang Rama, lan Rohing Allah iku Sang Roh Suci. Sang Rama nunggil karo Sang Putra ana ing tetunggilané Sang Roh Suci.

GUSTI YÉSUS MULANG BAB: IMAN

Gusti Yésus tindak napak ing sanduwuring banyu

Sawisé iku Gusti Yésus dhawuh marang para sakabaté, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindaKé menyang ing sabrang. Déné wong akèh padha kadhawuhan mulih. Bareng wong akèh wus kadhawuhan mulih, Gusti Yésus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengané piyambakan baé ana ing kono. Nalika iku prauné para sakabat wis sawatara stadi saka ing pinggir lan lagi montang-manting katempuh ing ombak, amarga anginé nampek. Bareng wis jam telu bengi Gusti Yésus tindak nusul para sakabaté, tindaké napak ing sagara. Nalika para sakabat sumurup Panjenengané tindak ing sandhuwure banyu iku, padha kagèt lan alok: “ Ana memedi !” Banjur padha jerit-jerit marga saka wediné. Nanging tumuli padha dipangandikani déning Gusti Yésus: “ Padha diénak atimu, iki Aku. Aja wedi !” Pétrus banjur munjuk kalawan mbengok: “ Gusti manawi saéstu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka, kalayan mlampah ing sanginggiling toya.” Dhawuhé Gusti Yésus: Mreneya !

Pétrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yésus. Nanging bareng kena angin gedhé, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “ Gusti, nyuwun tulung !” Gusti Yésus énggal-énggal mulung astané, nyepeng Pétrus sarta ngendika: “ Heh, wong kang cupet ing pengandel, yogené kok mangu-mangu ?” Banjur padha munggah ing prau, anginé tumuli mendha. Wong saisining prau padha sujud ana ing ngarsané sarta matur: “ Paduka punika saéstu, Putranipun Allah.” ( Matéus l4: 22-33 )

Ing wektu Gusti Yésus ndedonga ing pepunthukan, para murid ana tengahing segara numpak prau. Lésus kenceng banget dumadakan teka, mobat-mabit anginé lan nampek prau. Nem sasi kepungkur, Gusti Yésus uga nate ngadhepi prahara lésus ing segara kono. Nalika iku Gusti Yésus saré ing buritan kapal. Nanging saiki, mangsané lésus ngamuk, Gusti ana gunung ndedonga. Soré mau para murid kadhawuhan ndhisiki mancal prau, menyang sabrang.

Gusti Yésus bisa nyarasaké wong lara saka kadohan. Nanging bab prahara kang nempuh manèh iki. Apa bisa Gusti Yésus nyirep prahara iki saka kadohan? Apa Gusti mirsa kahanané para murid saiki ? Apa bener, sanajan saiki Gusti ora nunggal saprau karo para murid, nanging Gusti tetep ngopeni para sakabaté? Nganti meh esuk, para murid berjuwang nahan pengamuké ombak lan prahara. Nanging tanpa mendha tanpa ana kasile.

Gusti isih ndedonga ing gunung, nanging mirsa menawa para murid lagi ngadhepi kahanan kang sulit. Gusti ora bakal negakaké. Sanajan nandhang rekasa sawetara, kuwi demi kabecikaning para sakabat kabèh. Panjenengané banjur mudhun saka punthuk, turun gunung banjur tindak menyang gisik segara. Gusti banjur tindak ana sandhuwure ombak banyu kang katoné lagi ngamuk. Marani para murid kang nyata lagi bingung. Tindak ing sandhuwuring banyu ora béda kaya tindak ing dharatan baé. Gusti banjur tumandang nulungi para sekabat. Pitulungané Gusti ora nate telat. Gusti nututi lakuné para murid, saka gunung tumurun menyang banyu lan tindak ing ndhuwur segara. Sapa kang ora gumun campur bingung nyipati kaélokan kaya iku?

Gusti Yésus iku “Sang Firman” yaiku Sang Sabda. Panjenengané iku Sabdaning Allah kang maujud ing “gesang”. Kitab Yohanès l: 3 ngendika: Samubarang dumadiné saka Panjenengané. Kitab Ayub uga ana pangandika: Gusti Allah piyambak kang mbeber langit, lan nglangkahi aluning segara …. ( Ayub 9: 8).

Gusti Yésus tindak nglangkahi ombak segara. Ora sigra munggah prau, nanging tindak njejeri lakuning prau, kaya kaya bakal ndhisiki. Ing wektu semana, akèh carita lan dedongengan menawa ing segara iku bisa baé dumadakan timbul “ memedi segara” – lan carita kaya mangkono mesthi wis tau dirungokaké déning para murid kang sejatiné uripé ana ing segara amarga golèk iwak. Sajroning pikiran lan rasané isih kacampuran dongeng bab memedi segara mau. Ing uripé para murid uga isih kelingan marang tahayul bab lelembut kang ana ing segara. Mula para murid uga ngira yèn sing disawang mlaku ing ndhuwur banyu kuwi, mesthi memedi segara. Saya dikuwasani carita tahayul iku, banjur njerit lan kanthi ancas, krungu pambengoké para murid, memedi mau ilang ora ngganggu lakuning prau. Njerit amarga wedi, nanging sejatiné duwé pangajap supaya memedi musna.

Keprungu ana pangandikan kanthi suwara kang alus nentremaké, suwarané dadi panglipuring ndriya, pangandikané: “ Tentrema ! Ayema ! Aku iki, aja wedi !” – Ora pangling, para murid ngerti kuwi suwarané Sang Guru kang ditresnani lan disuyuti. Dudu memedi, nanging Gusti Yésus.

Pancèn wong precaya ing jaman modern iki, isih kena pengaruhé tahayul uga. Amarga rasa kuwatir lan jirihe, sejati kaya kelalen yèn duwé juru slamet kang ngalahaké sakabèhing trékahing Iblis. Kuwatir thukul kuwi merga kahanan dosa lan nistha wus kasandhang ing urip jasmani iki. Nanging, wong precaya kudu bisa milih ngugemi suwarané Gusti.

Pétrus kang duwé sipat kèndel banjur nanggapi lan matur: “ Guru, manawi Paduka, kula supados kadhawuhan murugi Paduka lan saged mlampah ing toya.” Apa Gusti marengaké? Nyatané pangandikané nimbali Pétrus: “ Iya”. Apa baé bisa kadadéyan menawa Gusti ngersakaké. Gusti ngeparèngaké Pétrus ndhèrèk nyaketi Gusti lan mlaku ing ndhuwur banyu segara. Pétrus kasil mlaku ing ndhuwur banyu ing kawitané, yaiku wiwit mudhun saka prau tekan sacedhaké Gusti Yésus kang isih tindak ing sisihing prau ing sandhuwuring banyu. Amarga, pikirané lan panyawange Pétrus ngener Gusti Yésus. Apa sing mokal linakonan bisa kadadéyan, merga nyawang Gusti Yésus.

Nanging bareng Pétrus nyawang ombak lan lerab-lerabing segara kasaput bengi, atiné ngedhap. Panyawange marang Gusti, mbalik nyawang segara thukul rasa kuwatir lan kagèting ndriyané. Anggoné kasil bisa mlaku ing banyu, nukulaké sombong. Lan anggoné nyawang ombaking segara gumulung nukulaké ati ngglewang. Kawitané bisa, owah dadi batal lan kagagalan. Pétrus ambles kesilep ing banyu. Blesss!! - Najan bisa nglangi, nanging tetep ambles lan atiné dadi was sumelang. Sambat marang Gusti: “ Gusti, nyuwun tulung !” Sanalika iku Gusti nyandhak tangané Pétrus lan nulungi. Kanthi ngendika: Heh, wong kang kurang precaya, kena ngapa atimu was was?” - Yogené urip iki ragu ragu lan mangu-mangu marang panguwasané Gusti Yésus? – Gusti uga wus paring pangandikan: Kang mitulungi iku precayamu.Mazmur l8: l7, ngendika: “ Panjenengané mulung astané saka ing ngaluhur, aku banjur diasta, lan kaéntasaké saka ing banjir.” – Para wong precaya ing jaman iki, kudu tansah ngandel, menawa Gusti Kristus bakal ngentas kita kabèh saka ombaking jagad, saka ing banjir bandhang, satemah kalis saka panandhang lan tansah teguh ing iman.

Pétrus slamet ora klelep, ora merga olèhé gondhelan astané Gusti Yésus. Nanging slamete Pétrus amarga Gusti Yésus nganthi tangané Pétrus. Kaya urip kita kabèh. Sejatiné urip iki keseret marang pepati naraka. Gondhelan kita marang astané Gusti wus ucul. Tangan kita wis lungkrah ringkih ora kuwat cekelan apa baé. Mripat kita wuta ora ngerti sing bener. Kuping iki wis ora ngrungokaké manèh pangandikané Gusti. Ing kahanan kaya mangkono iku lakuné umat manungsa ngener marang naraka langgeng. Saka satengahing ombak segara, rawuhé Gusti ngentas kita kabèh supaya slamet.

Mauné para murid njerit kanthi suwara seru karo wedi marang sing dikira memedi segara. Bareng wis ngerti yèn kuwi Sang Guru Gustiné, para murid duwé pengarep-arep supaya Gusti énggala lumebu ing prau. Saka banyu, Gusti minggah ing prau nunggil para sakabat. Ing nalika sampéyané Gusti Yésus tumapak ing prau, segara dadi sirep lan anteng. Kadhèrèkaké para murid Gusti nerusaké tindaké tekan ing papan kang katuju. Ibaraté prau kang lelayaran, menawa Gusti Yésus ana ing tengahing kulawarga, slamet. Praharaning kulawarga, bandhanging prekara ing tengahing brayat bakal sirep, Gusti Yésus ngentas kulawarga mau saka banjir bandhang. Brayat pinayungan rahayu.

Dina iku, para murid isih ngambang pangertèné, nalika Gusti kuwasa maringi mangan wong limang èwu luwih mung kanthi roti lima lan iwak loro. Nanging lagi bengi iku murid murid kagum nyawang mujizat gedhé, ngéram-éramaké. Mangka nem sasi kepungkur, Gusti nate nyirep prahara uga ana ing segara kono. Nanging para murid kaya kaya isih ganggam.

Bareng nyawang Guruné tindak ing sandhuwuring banyu segara, lan tetep kagungan daya panguwaos nyirep prahara atiné kaya dadi kagum, mongkog, bingung nanging isi pengarep arep lan kabungahan. Nalika durung padha duwé keyakinan mantep, iku merga wangkoting ati. (Martkus 6:52).

Lan nalika tekan ing gisik, padha ndharat, para murid bebarengan lan iku kang kawitan kelakoné, padha sujud ing ngarsané Gusti Yésus, ngalembana lan paseksi kang durung tau kaucapaké sadurungé, paseksiné: Sayektos, Paduka Putraning Allah.

Pangan Kasukman Lan Roti Kauripan.

Esuké wong akèh kang isih ana sabranging sagara, padha sumurup yèn ing kono ora ana prau manèh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yésus ora nitih bareng karo sakabaté, mung para sakabat dhéwé kang mancal. Nanging tumuli ana prau liyané sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhaké panggonan mangan roti sawusé Gusti caos sokur mau. Bareng padha weruh yèn Gusti Yésus ora ana ing kono dalah para sakabaté, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum nggolèki Gusti Yésus.

Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengané ana ing sabranging sagara, tumuli padha munjuk: “ Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing mriki?” Gusti Yésus mangsuli pangandikané: “Satemen-temené pituturku ing kowé, kowé padha nggolèki Aku iku ora awit kowé padha weruh pratandha, nanging merga wus padha mangan roti nganti wareg. Padha tumindaka ing gawé, aja supaya olèh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya olèh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingaké marang kowé déning Putraning Manungsa, awit iya Panjenengané iku kang wus disahké kalawan diecap déning Sang Rama Allah.

Wong-wong mau banjur padha munjuk: “ Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken déning Allah?” Dhawuh wangsulané Gusti Yésus marang wong-wong mau: “ Iki pagawéyan kang dikarsakaké déning Gusti Allah, yaiku supaya kowé padha pracaya marang kang kautus déning Allah.” Unjuké wong-wong mau: “ Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa? Para leluhur kawula sami nedha manna wonten ing ara-ara samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga.”(Yohanès 6: 22-3l).

Wong golongan akèh, padha nginep ing ara-ara pasuketan, sawisé diparingi mangan dina wingi. Esuké, nalika padha tangi, padha mikir yèn Gusti Yésus isih ana ing laladan kono. Amarga dina wingi soré, sing mancal lunga nganggo prau mung para sakabat. Sang Guru munggah ing gunung. Lan nganti bengi ora ana prau sing lelayaran saka papan kono menyang sabranging segara Tiberias. Mulané wong akèh nggolèki Gusti Yésus.

Karepé wong golongan akèh mau, bakal bali menyang kutha lan kampunge kaya iring-iringan olèhé mboyong Gusti Yésus bakal kajumenengaké Raja Israèl. Iba begjané duwé Raja sekti mandraguna, akèh mujizate lan daya panguwaosé gedhé. Ya iki sing dienteni bakal gawé mulyaning negara Israèl. Nanging Gusti mirsa, pengangen angen kuwi mau kabèh mandheg ana ing kaperluwan kadonyan, kawibawan lan nikmat ndonya.. Gusti malah prihatos, déné wong akèh ora ngerti lan ora nyandhak marang piwulangé.

Nalika iku Gusti wis ana ing sabranging segara, najan ora nitih prau, nanging mau bengi Gusti nututi para murid kang kena prahara ing tengah segara, kanthi tindak ana ing sandhuwuring banyu. Saiki nunggil karo para sakabaté. Akhire wong akèh padha ngerti yèn Gusti Yésus wis ana ing sabrang. Wong akèh kagum. Nanging Gusti ora kengguh penggalihé najan olèh kawigaten lan dipepuji wong akèh. Wong wong banjur padha matur pitakon: Anggen Panjenengan rawuh mriki kala menapa, lan nitih menapa? - Gusti paring wangsulan pangandikané marang wong akèh kang padha nggolèki Gusti Yésus mau: “ Satemené Aku pitutur marang kowé, anggonmu padha nggolèki Aku ora amarga weruh pratandha, nanging merga anggonmu wus wareg mangan roti.” Gusti priksa batining uwong. Pancèn, ana roti karohanen, roti kasuwargan. Lan ana roti pangan kadonyan. Sejatiné Gusti Yésus rawuh ing jagad iki bakal paring ROTI KASWARGAN, dudu roti kadonyan. Nanging sing digolèki umat manungsa, luwih utama roti kang sipate pangan.

Pancèn pangan rohani iku ana, yaiku Sabdaning Allah, iku kang kudu digolèki déning manungsa, nanging manungsa luwih ngutamakké golèk pangan jasmani. Mangka Gusti Yésus iku Roti Kauripan. Roti kang asalé saka gandum kasukman. Wiwit bibit, katanem ing bumi, kaya Gusti Yésus miyos ngagem sarira manungsa, thukul dadi gandum. Ditandur, panèn lan digiling. Dadi adonan ginawe roti. Sawijining proses kasangsaran utawa dawaning lelakon kang nandhang pangurbanan. Déné roti kudu diolah ngadhepi geni open lan panasing panantang. Pungkasané kakurbanaké ing kayu salib nganti séda. Nanging ing telung dinané unggul saka pepati, Gusti wungu – tangi saka antarané wong mati – lan unggul ing dina Paskah. Sumengka menyang suwarga nyawisi papan marang para kagungaNé. Yaiku wong pracaya, kang saiki maujud ing pasamuwan Kristen. Gusti piyambak sesirahing pasamuwan iku.

Precaya, tegesé nampa Sang Roti Kauripan dadi juru slamete. Precaya tegesé mangan roti kauripan, yaiku setya tuhu marang prasetyaning Allah. Gusti Yésus iku Roti Kaswargan, Rotining Kauripan. Amarga Gusti Yésus iku Sabdaning Allah, uga Allah piyambak kang manjalma dadi manungsa maha sampurna jumeneng Juru Panebusing dosa. Sing sapa precaya, sing sapa nampa lan mangan Roti Kasukman, Rotining Kauripan, bakal olèh urip langgeng ing swarga mulya. Ana pangandikané Gusti ing Injil Yohanès 6: 35:

“ Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku iku ora bakal luwé manèh. Sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak manèh.”

“Roh iku kang nguripaké, daging iku ora ana paédahé. Sabda kang Daktuturaké marang kowé iku ROTI lan URIP.” ( Yohanès 6: 63).

Gusti Yésus uga paring pangandikan, kanggo mbuktèkaké menawa Panjenengané iku asal saka swarga, mbésuk bakal kabukten menawa Gusti bakal sumengka menyang suwarga, sawisé wungu saka séda. Lan para sakabat bakal dadi seksi bab kamulyaNé.

Gusti Yésus uga bisa mbédakaké ing antarané para pandhèrèké, endi sing precayané temen, lan endi sing precayané mung lamis. Wong lamis bisa uga mung dadi Kristen amarga ana ing KTP ( Kartu Tanda Penduduk ) baé. Dadi Kristen mung amarga melik kauntungan bandha, utawa enggoné kepéngin olèh jodho pilihan, nanging ati tansah ngetung kadonyan. Kuwi lamis. Wong lamis yaiku wong kang precayané ora temen, ora setya tuhu, malah kèndel banget lakuné gawé sandhungan, malah mirang-mirangaké pasamuwan. Njalari blentonging Gréja. Tegesé nyalib manèh marang Gusti Yésus. Wong lamis iku gampang banget nulak pangrèhing Sang Roh Suci.

Marang para sakabat, Gusti uga ngendikakaké menawa bakal sinalib, nandhang sangsara kanggo nebus dosaning jagad. Ing pamikire para sakabat, kaya kaya dadi “ kosok balen “ – saiki akèh kaélokan kang pinuji puji, najan uga akèh trékahing satru kang memungsuhi. Ingatasé kagungan panguwaos, nanging Gusti kok ngendika menawa bakal kacekel mungsuh lan disédani. Malah kaukum pati. Gawé njegreg lan njalari judheg, semu owel lan ora precaya yèn lelakon kudu dadi kaya mangkono.

Mula wong akèh kang diblakani bakal dumadiné lelakoné Gusti, nuli akèh para pandhèrèk kang bubar mundur ora nerusaké anggoné ngetut wingking Gusti Yésus. Merga sing diarep-arep ora cocok. Imané para murid mesthiné iya kabuncang lan bisa goyang, merga nyawang akèh wong kang padha mundur dadi murid. Gusti Yésus paring kamardikan milih.Para sakabat kena nemtokaké sikep. Para murid bakal mundur, kaya wong wong liyané, apa bakal nganyaraké kasetyan, gawé komitmen anyar? Pétrus, makili para murid rolas matur:

“ Gusti ingkang kawula purugi sinten ? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng. Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep bilih Paduka punika Sang Suci kagunganipun Allah.” (Yoh 6: 68,69).

Gusti Yésus ngetingalaké raos bungahé marang para sakabat, amarga kelaire paseksi iku. Sanajan ana uga raos prihatose. Amarga Gusti Yésus mirsa, menawa Yudas Iskariot kang ing tembé bakal gawé kianat marang Sang Guru. Iku uga kapratelakaké ana wijiling pangandika: “ Rak Aku dhéwé kang milih kowé wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku, Iblis.” ( Yoh 6: 70).

TATANAN AGAMA LAN KASUCÈN

Sawisé iku banjur ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara saka ing Yérusalèm kang padha sowan marang ngarsané Gusti Yésus sarta matur: “ Punapa sababipun déné sakabat Panjenengan kok sami nerak adat tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhé nedha kok sami mboten wisuh tangan rumiyin?”

Nanging paring wangsulané Gusti Yésus marang wong-wong mau: “ Yogené kowé kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah? Marga saka anané adat tatacaramu dhéwé? Sabab Gusti Allah ngendika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan manèh sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge kudu mati. Ewodéné kandhamu: Sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaken kangge ngopeni Panjenengan, punika sampun kangge kurban katur ing Pangéran. Wong iku banjur wis ora kuwajiban ngajeni bapakné utawa biyunge manèh. Dadiné kowé wis ngorakaké pepakoning Allah marga saka adat tata caramu dhéwé. Heh, wong lamis, ceples temen pamecané Nabi Yésaya tumrap kowé: “ Bangsa iki anggoné ngluhuraké Ingsun kanthi lambené, déné atiné adoh karo Ingsun. Tanpa guna anggoné padha ngabekti marang Ingsun, déné piwulang kang diajaraké iku pepakoning manungsa.”

Gusti Yésus banjur nimbali wong akèh, kang dipangandikani mangkéné: “ Padha ngrungokna lan mangertiya: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.” Ing nalika iku para sakabaté padha sowan ing ngarsané lan munjuk: “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?” Paring wangsulane Gusti Yésus: “ Sadhengaha thethukulan kang dudu tanemané RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyodé. Aja kok rewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yèn wong picak nuntun wong picak, loro-loroné mesthi padha kecemplung ing luwangan.” Pétrus tumuli munjuk marang Panjenengané: “ Kawula mugi kaparingana katrangan bab pasemon menika wau.” Dhawuh pangandikané Gusti Yésus: “Dadi kowé iya padha durung mangerti ? Apa kowé padha ora mangerti, yèn samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parané menyang ing weteng, banjur dibuwang menyang ing pakiwan? Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asalé saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong. Amarga kang thukulé saka ing ati iku kayata: Pikiran kang ala, gawé pepati, laku jina, cabul, nyènyolong, sumpah palsu lan pitenah. Yaiku kang gawé jembere wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi.” ( Matéus l5: l-20 ).

Kaélokan lan mujizat sing katindakaké déning Gusti Yésus, narik kawigatené para pemimpin Yahudi ing Yérusalèm kepéngin mbuktèkaké. Mula pengajape supaya kelakon ketemu ing wanciné riyaya Paskah, kuwi menawa Gusti Yésus ngrawuhi riyaya mau. Déné kang dadi tujuwan utama, yaiku supaya bisa nemokaké kaluputané Gusti, banjur bisa nuntut lan banjur diadili. Nanging Gusti Yésus ora ngestreni riyaya. Mulané para pemimpin Yahudi ing Yérusalèm, krana kuciwaning ati, banjur ngutus andhahané dadi mata-mata, supaya ngawasi Gusti Yésus. Yèn bisa gawé dhadhakan, supaya wong golongan akèh sing padha nglawan Gusti Yésus. Lan supaya akèh wong sing nulak piwulang lan ngemohi tumindaké.

Nanging kaya buntet dalané, amarga angèl banget bakal nuntut Gusti Yésus dhedhasar kaluputané bab agama. Kejaba gawé aturan dhisik, sing kena kanggo gawé cilakané Gusti Yésus. Pranatan tambahan gawéhané para pemimpin Yahudi mau diarani “ Tradisiné Sesepuh Yahudi.” Angger-anggere Nabi Musa pancèn tliti banget marang bab : Karesikan, kasucèn rohani lan jasmani. Sejatiné kuwi linambaran ing kasucèning ati. Mulang marang umat aja nganti gawé kanisthan kanthi nindakaké dosa. Angger-anggere Nabi Musa mulangaké menawa regeding badan bakal njalari uga mrembet marang regeding batin. Mulané, wong Yahudi emoh srawung karo sing dianggep wong kafir, sing dianggep wong dosa disingkiri, kalebu wong sing dudu Yahudi disingkiri. Utamaning piwulang, supaya wong Yahudi kang dadi Bangsa Pilihan kuwi, ora kena pengaruhé para wong kang ora wanuh marang laku agama.

Gegandhengan karo angger-angger kang mangkono mau, mula upacara agama kang ngudi sucining urip wigati banget, senajan kuwi dadi beban lan momotan kang abote nggitep. Apa manèh marang angger-angger mau diimbuhi katetepan gawéhané para pemimpin Yahudi sing rumangsa dadi wong penting, njalari saya abot dilakoni. Contoné: Mangan ora wijik tangan luwih dhisik, kuwi dosané padha karo dosa laku jina utawa sedheng. Iku dosa kang sumberé saka panuntuné roh jahat sing jeneng “Sheta” - Ana pemimpin sing sumbar, luwih becik mati katimbang nglanggar pranatané leluhur Yahudi. Upacara agama, ora kena telat, supaya katarimah lan dibeneraké déning Gusti Allah. Olèhé nglakoni kudu tepat, yèn ora bakal kena ipat-ipat.

Gusti Yésus ora kersa nglakoni pranatan gawéhané manungsa kang tanpa guna. Samubarang kang ora duwé dhasar lan ora genah karepé, Gusti ora kersa nglampahi. Iki kang banjur kanggo dhadhakan, kanggo alesan anggoné bakal ngluputaké Gusti Yésus, déné wis nerak pranataning para pemimpin. Dianggep ngrusak tradisi lan adat Yahudi. Sabanjuré, bakal melehaké Gusti, bakal ngritik Gusti samasa ana ing ngarepané wong akèh. Kena ngapa para muridé Gusti Yésus kok ora manut marang tradisiné sesepuh lan para rabbi? Bab kuwi, Gusti mirsa isining batiné wong Farisi lan Yahudi mau. Gusti mirsani wong mau sipate munafik, kaya ilating ula crenggeng loro. Sumbare mbélani kayektèn, nanging sing dilakoni malah nistha banget. Menawa Gusti nyaruwe luputing uwong, ora ana sing luwih pedhes katandhing karo dukané Gusti ing bab iki, yaiku kemunafikan. Jagad iki butuh pemimpin kang nulad marang Gusti Yésus anggoné nulak watak munafik, watak mangro tingal. Iku dosa kang nggegirisi banget.

Amrih salarasing lair batin, harmonise laku agama lan wataking manungsa, satemené jagad iki butuh pemimpin sing nulad sipating Sang Kristus, nulak marang komprominé ireng putih. Iku sipat kang ambangun umat. Watak uga kudu kabangun, kaanyaraké. Gusti Yésus mbangun samubarang dadi anyar. Sing sapa precaya marang Gusti, tegesé urip anyar.

Ironis banget anggoné Gusti nyaruwe para sesepuh Yahudi, lan nganti semono iku arang kawedal saka Gusti. Kaya ing Markus 7: 9, mangkéné: “ Pinter banget kowé nyingkiraké pepakoné Allah, supaya bisa netepi adat tata caramu dhéwé.” - Yèn ora wis kebangeten Gusti ora nate ngendika nganti tajem mengkono. Tradisi Yahudi ngutamakaké sing ora perlu, nanging nyepelekaké sing utama.

Ana pangandikané Gusti kang katulis ing Matéus 23: 23, 24, mangkéné: “ Bilai kowé para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong wong lamis! Jalaran dalah godhong mardinah, adas tuwin jinten baé kok bayar persepuluhané, nanging kang wigati dhéwé tumrap angger-anggering Toret koklirwakaké, yaiku: KAADILAN, KAWELASAN lan KATEMENAN. Sing siji kudu ditindakaké, sijiné aja dilirwakaké. Heh, kowé, panuntun panuntun kang picak, lemut kok jupuk saka omben-ombenmu, nanging unta kok untal.”

Sesepuh Yahudi gawé tambahan aturan, malah sing sepélé dadi perlu banget, déné sing wigati dilirwakaké. Lemud dianggep unta, unta dianggep lemut. Nuding lan maido wong liya wasis banget. Ngatonaké enggoné dadi pemimpin, klilip sak lebu ing mripate wong liya diresiki nganggo upacara-upacara keagamaan sing dipimpin lan ditata dhéwé. Nanging nyatané klilipe dhéwé ibaraté tatal kayu dadi klilip ing mripate dhéwé, ora krasa.

Semono uga para murid uga durung pati paham, mula banjur nyuwun katrangan marang Gusti: “ Punapa Paduka mirsa bilih tiyang Farisi lan para sesepuh Yahudi runtik lan kuciwa ing manah nalika Paduka saruwe, Guru ?” Gusti paring wangsulan, pangandikane: “ Dadiné kowé uga durung mudheng ta ?”

Akèh wong kang ora paham menawa kang najisaké urip iki, dudu kang mlebu ing badan, nanging kang metu. Yaiku kang kawetu ing cangkem ngenani atiné uwong, kuwi sing gawé najis. Misuh-misuh merga nuruti kanepson kaanggep lumarah lan dadi bener, mangka sejatiné nglarani ati lan gawé najis. Dadiné kasucèn kuwi ora merga nglakoni upacara agama, nanging kasucèn iku bakal katitik saka uwohing laku. Ora merga olèhé mangan ora wijik dhisik banjur dadi najis, ora mengkono.

Nanging kang ngrusak kasucèn iku kayata: pikiran ala, memateni, slingkuh lan sedheng, lekoh lan laku palanyahan, nyènyolong, sumpah palsu lan panyènyamah marang kayektèn. Kuwi kabèh ngrusak kasucèn njalari najis.

INGSUN BAKAL MARINGI ATI KANG ANYAR MARANG SIRA LAN ROH KANG ANYAR ANA ING SAJRONING BATINIRA. Yekezkiel 36: 26

KABAR KABUNGAHAN KANGGO KABÈH WONG

Rawuhé Gusti Yésus kanggo nylametaké wong sajagad. Manut penganggepe wong Yahudi, kang dudu bangsa Yahudi kuwi diarani wong kafir. Amarga dudu bangsa pilihané Gusti Allah. Dudu turun Abraham.

Gusti Yésus tindak menyang tanah FENESIA. Kuwi dudu bangsa Yahudi. Nanging kabar kabungahan, yaiku Injil, uga kawulangaké déning Gusti Yésus ing Fenesia kono. Tegesé, kabar keslametan bab apuraning dosa, bisa ditampa déning para bangsa kang dudu bangsa Yahudi. Rawuhé ing tanah Fenesia bisa dadi wanci ngaso tumrap Gusti lan para murid. Amarga wong Fenesia ora banjur nglumpuk nggolèki Gusti Yésus.

Ing tanah Israèl, angger Gusti rawuh ing laladan ngendi baé, wong wong jejel riyel gemrudug nggolèki, anggoné kepéngin nyawang mujizat, kepéngin padha nampa piwulangé. Para pedunung ing Fenesia durung wanuh marang Gusti Yésus lan para sakabat. Lan swasana kaya mangkono iku kaagem déning Gusti memulang lan paring kekuwatan iman marang para sakabat, sadurungé ditinggal ing tembé. Kanthi nekani laladan anyar liyané, bakal nukulaké jembaring wawasané para sakabat.

Iku mau dadi pacawisan tumrap Amanat Agung kaya dhawuh ing Matéus 28: l9, 20. “Mulané padha lungaa, sakabèhing bangsa padha dadekna siswaKu, lah padha baptisen ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, apadéné padha wulangén bab apa kang wis Dak dhawuhaké marang kowé. Lah Aku tansah nunggal karo kowé, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”

Gusti Yésus uga paring pangandikan, menawa KESLAMETAN iku ora merga warisan keturunan, nanging merga saka IMAN marang Sang Mésias Juru Slamet. Kudu precaya sacara pribadi, tulus lan murni. Ora merga dipeksa lan ora isi melik kanikmatan kang sipate kajasmanèn lan kadonyan. Kuwi sing dadi sabab, déné Gusti ngrawuhi bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi. Tekan Tirus lan Sidon. Ing jaman semana kutha iku kondhang kutha sing becik.

Ing kana, Gusti Yésus lumebu ing sawijining omah. Gusti ngarsakaké ora ana sing ngerti. Nanging Gusti uga ora bakal dhedhemitan lan umpetan terus. Ana ing kutha kono sejatiné ya wis ana sing krungu bab Gusti Yésus. Amarga wong Fenesia uga akèh kang padha lelungan tekan Kapernaum ing sacedhaké segara Galiléa. Ora wurung iya digatekaké déning wong akèh. Lan manèh kepriyé bisa ngumpet, ingatasé rawuhé Gusti Yésus ing Fenesia nganthi rombongan, yaiku para sakabat rolas. Apadéné wong wong kang padha nandhang susah lan duwé persoalan, duwé masalah ditulungi. Carita bab Gusti Yésus wis dingerteni saperangan pedunung Fenesia.

Kaya déné sawijining wanita Fenesia kang lagi stress. Pikirané susah lan brayate ruwet. Kok ora iku kepriyé, wong anaké wadon kerasukan sétan. Ngomyang sadina-dina gawé susahing biyunge. Wiwit krungu critané Gusti Yésus Guruné wong Yahudi kang bisa nindakaké kaélokan rupa-rupa, wanita mau duwé pengarep-arep bisané ketemu lan nampa pitulungan kanggo anaké mau. Sanajan wong wadon mau sadhar, yèn dudu wong Yahudi.

Senajan dhèwèké dudu wong Yahudi, nanging duwé pengarep-arep lan precaya marang panguwasaNé. Krungu Sang Guru ana ing kuthané, wanita mau sowan nggolèki.

Precayané Wanita Fenesia Marang Gusti Yésus.

Gusti Yésus banjur jengkar saka tlatah kono ( Galiléa ) tindak menyang tlatahe kutha Tirus lan Sidon. Tumuli ana wong Kanaan saka jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paring kawelasan, anak kula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.” Nanging Gusti Yésus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabaté padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yésus: “ Tiyang punika kadhawuhana kesah, déné kok ngetutaken kita kalayan bengak-bengok.” Gusti Yésus banjur mangsuli pangandikané: “ Aku mung kautus marani wedhus-wedhuse Banisraèl kang padha ilang baé.”

Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud marang Gusti Yésus sarta matur: “ Dhuh, Gusti, nyuwun tulung.” Nanging Gusti Yésus mangsuli, pangandikané: “ Ora bener, wong njukuk rotiné anak-anak banjur diuncalaké marang kirik.”

Atur wangsulané wong wadon: “ Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bandaranipun.” Ing kono Gusti tumuli paring wangsulan, pangandikané: “Heh, wong wadon, kok gedhé pangandelmu, mulané katekana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga anaké wong wadon mau banjur waras. ( Matéus l5: 2l-28 )

Sanajan wong wadon Fenesia iku dudu wong Yahudi, nanging sujud marang Gusti nyuwun kawelasan kanggo anaké sing karasukan dhemit. Saora-orané wong wadon mau ngira menawa Gusti Yésus iku putraning bangsawan Yahudi. Sing mesthi isih diyakini yèn tedhaké Sang Parbu Dawud.

Sejatiné menawa keyakinan amung dhedhasar marang bab turuné Sang Prabu Dawud, kuwi mung politik lan sejarah. Mengkono iku ora bakal nekakaké berkah. Sing ngolèhaké berkah keslametan iku, menawa keyakinan Kristen ngutamakaké menawa Sang Mésias iku Sabdaning Allah kang maujud insan mahasampurna, Putraning Allah kang mahaluhur. Iki sing jeneng iman salugu.

Pikirané wong Yahudi, nganggep menawa bangsa kang dudu bangsa Yahudi iku kafir, lan darajade ora luwih aji katimbang wong nistha. Diupamakaké kaya asu. Wanita Fenesia mau ya ngreti bab penganggep kuwi. Gusti Yésus uga mirsa menawa wanita Fenesia mau uga wis ngerti yèn dianggep kaya mangkono déning wong Yahudi. Mula Gusti uga nggunakaké ibarat mau, kaya ngandharaké, menawa dhèwèké dianggep kaya mangkono déning wong Yahudi. Nanging tetep nyuwun kawelasan: “ Dhuh, Gusti nyuwun kawelasan.” – Gusti ngagem pengerten kang wus warata – ingatasé roti (pitulungan, katresnan lly ) rak mung kanggo anak-anak. Yèn diuncalaké marang kirik, apa ora kleru.

Sajaké, Gusti nguji marang wanita mau, yèn dianggep kaya mangkono déning wong Yahudi, kepriyé. Nanging kena ngapa isih ngarep-arep pitulungané. Atur wangsulané: “ Segawon rak inggih nedha saking cuwil-cuwilan roti ingkang dhawah saking mejaning bandara .” – Rasa pangrasa kang kaya mangkono iku kapirsanan déning Gusti, iya iku wujuding iman kang gedhé banget.

Keslametan kuwi pinaringaké ora merga pangrasuking agama, uga ora merga waris turunan, utawa ora merga katon ibadah. Keslametan iku peparing amarga precaya marang panguwasané Gusti Sang Juru Wilujeng, kuwi karsaning Allah. Anaké wadon wanita Fenesia mau pinaringan waras, amarga iman marang Gusti Yésus Kristus. Dhawuh pangandikané Gusti:” Heh wong wadon, imanmu gedhé. Katekana kaya kang dadi karepmu.” Sanalika anaké waras.

Perlu kita gatekaké, anggoné wong wadon mau nyuwun kawelasan, dadi titikan andhap asoring atiné. Nyènyuwun kanthi yakin banget, lan ora kendho. Tansah ngetutburi tindaké Gusti Yésus. Nganti para murid usul, supaya wong wadon kuwi didhawuhi lunga. Rinasa yèn ngrepoti lan nggriseni banget. Para murid rumangsa kaganggu – amarga para murid lagi mikir bab sing durung karampungan.

Wong wadon mau mesthiné wis krungu kabar bab panguwasané Gusti Yésus, saka wong wong Tirus kang saba Kapernaum. Sakèhing mujizat wis dadi carita lan dadi kabar kang ngéram-éramaké. Anggoné nyuwun tanpa kemba kuwi, merga wong wadon mau anduwéni pengarep-arep lan keyakinané. Senajan kabèh mau bisa uga kadhasaran saking gedhéning katresnané marang anaké wadon kang kerasukan dhemit. Ya amarga katresnan lan tulusing sih kuwi kang njalari penggalihé Gusti karenan mitulungi. Iman lan katresnan sarta pengarep-arep sejatiné nunggal misah, kang kabèh mau ora bisa dipilah-pilah.

Lan manèh, ora kalebu ing nalar rohani, yèn juru wilujenging jagad amung mligi nulungi bangsa siji. Jagad raya iki uga kagungané Gusti Allah. Pancèn akèh para wasis kang mulangaké, menawa Gusti Yésus Kristus iku Nabi, lan uga Raja sarta Mésias, nanging mung kanggo bangsa Israèl.. Kuwi ora kalebu nalar karohanen.

Juru wilujenging jagad, mesthi mitulungi umat sajagad. Malah Gusti Yésus uga kang bakal jumeneng Hakim Agung ing akhir jaman, ngadili saben wong lan sapa baé. Gusti Yésus kang nemtokaké sapa baé manungsa sing mlebu naraka, lan sapa sing mlebu suwarga.

Mulané begja kemayangan wong Kristen sejati para pandhèrèké Gusti Yésus. Mesthiné ora perlu kuwatir ing pengadilan akhir jaman, sing ngadili Gusti Yésus. Iku duwék kita, lan kita kabèh kagungané Gusti Yésus. Ing kené keyakinané wong Kristen, yèn duwé iman kang teguh betah tekan pungkasaning umur, bakal pinaringan swarga. Sing nanggung Gusti kita Yésus. Kang bakal kapitulungan rahayu iku kang setya nganti tekan wekasan.

Kawitaning ayahané, pancèn Gusti nglayani bangsa Yahudi, turun Israèl. Nanging nyatané bangsa Israèl nampik Gusti Yésus. Mula banjur uga ora perlu diundur-undur wektuné, bangsa kang dudu wong Yahudi uga pinaringan kabar kabungahan.

Kalebu wong Jawa, uga kalebu dudu bangsa darah Yahudi. Nanging Gusti Yésus rawuh ing uripé wong Jawa, saperlu mitulungi sing pracaya lan mbutuhaké pitulungané Gusti Yésus. Gusti Yésus ora mbédak-mbédakaké suku bangsa, kabèh wong precaya katanggel dadi kagungaNé, lan kacawisan papan nunggil Gusti Yésus ing swarga mulya. Haleluyah !

Anggoné Gusti uga nggunakaké pepindhan kaya adate wong Yahudi, déné wong wadon mau kaibaraté kaya “ ingon- ingon” sejatiné kuwi pangandikan kang nggunakaké cara utawa methode tégas, mandhes lan gamblang. Amarga wong Yahudi sing ngarani mangkono.

Nanging andhap asoring atiné wong wadon mau, kaya déné uwohing uwit becik. Wong wadon mau ora duwé ati serik lan ngerti apa sing dikarsakaké déning Gusti. Ing jaman saiki, katresnané Gusti Allah uga bisa ngagem dhawuh kang keras, gawé prihatin lan gamblang. Bisa uga pangandikan ing kitab suci, bisa uga lumantar kadadéyan kadadéyan kang nyata. Lumantar berkah, lan uga lumantar musibah. Yèn mangkono nyata, menawa iman kang teguh, kudu kabukten uwoh, moral becik lan mental kang kuwat. Ora mandheg nyènyuwun, ora kengguh kena godha, lan precayané ora mangro tingal. Wong wadon Fenesia mau dadi tuladha teguhing iman.

Saiki krasa ing pangertèné para murid, menawa Gusti nate ngendika ing Injil Yohanès l0: l6, pangandikané: “ Aku isih duwé wedhus liyané manèh kang ora saka ing kandhang kené, wedhus-wedhusKu iku iya perlu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokaké suwaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji.” – Para murid bisa ngerti manawa Gusti Yésus ora mung bakal nulungi nylametaké wong pracaya kang asal bangsa Yahudi baé.

Dadiné yèn ana penganggep yèn agama Kristen iku mung kanggo wong Israèl, kuwi ora bener. Kuwi piwulang kang nasar lan ngrusak kayektèn.

Ana piwulang kang magnané jero, Gusti tansah ngendikakaké marang wong akèh bab gedhéning iman. Imané wong wadon Fenesia mau kabiji gedhé lan teguh. Kosok baliné, kaping pira baé Gusti ngendika marang para murid: Heh wong kang cupet ing pengadel.! Utawa Gusti ngendika: Kena apa kowé ora precaya, lan liyané manèh. Kuwi nuduhaké menawa para murid dhéwé malah kerep banget tumindak kanthi iman sing ragu. Katandhing karo iman kang ana ing wong wadon Fenesia mau, imané para murid asring nglokro lan nyata ringkih. Kuwi uga dadi piwulang marang kita jaman saiki.

Ing jaman sugengé Gusti Yésus baé, akèh wong kang seneng ngrongokaké nanging ora banjur precaya. Utawa wiwit precaya, sedhela baé mundur lan mbalik ninggal Gusti Yésus. Iman iku kudu urip lan saya wuwuh-wuwuh, bisané amarga kita kabèh kang saben dina tansah kepéngin nunggil Gusti Yésus, kanthi tansah ngorong marang pangan kasukman, yaiku Sabdaning Allah ing Kitab Suci.

Pandonga kang dikeparengaké

Saka lelakoné wong wadon Fenesia kasebut, bab panyuwunan utawa pandonga kang bakal dikeparengaké, akèh kang bisa kita tulad:

  1. Kabule pandonga ora gumantung marang darajad lan kalenggahané kang nyuwun.

  2. Kabuling pandonga uga kudu kinanthenan semangat lan roh kang temen-temen.

  3. Pandonga kudu kanthi iman sacara pribadi saka kang nyuwun

  4. Pandonga bisa kaunjukaké marang Gusti kanggo kaperluaning wong liya.

  5. Pandonga uga bisa kaunjukaké kanggo kaperluan kolektif / safaat kanggo bangsa.

  6. Pandonga kang kinanthi ing Roh Suci, yaiku pandonga sing bener.

  7. Pandonga bakal kabul, yèn ora mung kanggo urip seneng lan ati marem.

  8. Panyuwunan kang dikeparengaké, menawa kang disuwun maédahi.

  9. Aja nyuwun samubarang kang bisa ngrusak berkah urip langgeng.

  10. Pandonga kita linandhesan pananggele Gusti Yésus Putraning Allah.

( Supaya Digalih, Apa Baé Sing Njalari Pandonga Kita Kabul?)

Saka lala dan kutha Tirus – Sidon, Gusti Yésus tindak mangetan ancase, menyang tanah Golan. Papan wrata kang dhuwur, sawijining kutha kang kondhang dadi pusat seni budaya Yunani (Gerika) ing Asia Alit. Uga kondhange dadi daerah bisnis. Golan, adoh saka prebawané Hérodès, uga adoh saka pengaruhé wong Yahudi kang luwih mbebayani katandhing Hérodès. Sejatiné kaya déné mung mampir pirang jam ngono, nanging rawuhé Gusti Yésus dadi kabar sumebar, merga ana kono Gusti damel mijizat nundhung dhemit kang ngrasuki uwong. Buktiné, nalika Gusti lenggah ana ing papan idhum ing pepunthukan, akèh wong kang sowan ngajak seduluré. Ana wong semper, wong wuta lan wong lumpuh, bakal nyuwun kasarasaké. Sing butuh waras, padha pasrah marang Gusti Yésus. Jaman semana nyata menawa panggawéné sétan warata uga nggarap gawé cilakané umat manungsa supaya uripé padha dadi rusak. Kitab Injil nulis bab tindaké Gusti Yésus saka Tirus-Sidon menyang Golan, mangkéné:

Wong Budheg Bisu Kasarasaké.

Sawisé iku Gusti Yésus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak menyang segara Galiléa, ing satengahe tlatah Dekapolis nglangkungi Sidon. Banjur ana kang nyowanaké wong kang budheg bisu, lan nyuwun supaya Gusti Yésus karsa numpangaké asta. Wong mau nuli kapisahaké saka wong akèh déning Gusti Yésus, didhéwékaké. Kupinge banjur dileboni racikané ( driji), nuli kecoh lan ndemok ilate wong mau. Sawisé mangkono Gusti banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngendika marang wong mau: “EFATA !” Tegesé: mengaa.

Sanalika kupinga padha kabuka, ilate kaudharan, banjur bisa caturan teteh. Wong-wong kang padha ana ing kono kaweling déning Gusti Yésus, supaya aja padha nyaritakaké lelakon iku, marang sapa baé. Nanging saya dilarang malah saya mempeng anggoné nyaritakaké. Kabèh uwong padha kaéraman banget lan padha celathu: “ Panjenengané iku ndadekaké becik samubarang kabèh, sing budheg dadi bisa krungu, sing bisu bisa caturan.” ( Markus 7: 3l – 37 ).

Ana wong budheg lan bisu, disowanaké déning para mitrané marang Gusti Yésus. Para mitrané mau kang nerangaké pepenginané, amarga sing lara ora bisa guneman lan kuping budheg. Panandhang kang dadi lawanging berkah, kaya mangkono iku dadi kawitaning wong bisa ketemu lan krungu bab Gusti Yésus. Ilat diberkahi, kuping diberkahi. Supaya bisa crita lan supaya bisa krungu. Wong kang durung tau krungu bab Gusti Allah, lan durung tau guneman bab Gusti Allah, déning Gusti Yésus dikanthi bisané tumenga marang Allah ing ngaluhur. Banjur kaberkahan pinaringan saras. Gusti paring tuladha tumenga marang kang Mahaluhur. Uga dadi tuladha marang wong kang sengsara lan butuh pitulungan. Menawa Gusti paring kasarasan lan mitulungi, kuwi dadi pangertèn yèn Gusti Yésus iku wenang lan sembada gawé pulihe wong dosa kaapura.

"Ing salebeting karupekanipun sédaya, sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari, Panjenenganipun ingkang nebus, margi saking tresna tuwin welasipun.” ( Yésaya 63: 9 ).

Ana ing laladan Dekapolis kono, Gusti Yésus ngendika ing basa Aram, Efata. Tegesé: Mengaa. Binukaa ! Wus ganep jangkep pamecané Nabi Yésaya ing kitab Yésaya 35: 5, wong bisu bisa guneman, lan wong budheg dadi krungu. Wong akèh ngerti yèn Gusti Yésus iku bangsa Yahudi.

Nanging katresnané uga kaparingaké marang saben bangsa, sanajan dudu wong darah Yahudi. Umume wong Yahudi ngarani bangsa liya kaanggep kafir. Nanging Gusti Yésus ngrawuhi lan nresnani. Supaya wanuh karo Gusti. Wanuh, tegesé ora budheg manèh rohaniné. Wanuh, tegesé ora bisu manèh rohaniné, supaya saben wong ngalembana kamulyaNé kanthi paseksining guneme. Wong akèh paseksi: “ Panjenengané ndadekaké kabèh dadi becik. Wong akèh nampa Gusti Yésus sajroning atiné. Lan weruh menawa jagad wus karawuhan Juru Slamet kang nulungi wong ing bumi. Bumi olèh kabungahan.

Kekristenan, uga duwé teges urip kang wus kabangun dadi anyar. Gusti kang nganyaraké. Urip lawas kang kebak kanisthan, ngalih marang urip anyar kinanthi déning Sang Roh Suci peparinge Gusti. Ana ing pangrèhing Roh Suci kabèh dadi becik.

Maringi Mangan Wong Patang Èwu.

ing laladan Dekapolis, sawijining daerah kang penduduk utawa pedununge ora wanuh marang Asmaning Allah, Gusti Yésus damel mujizat. Nalika ana ing Galiléa, Gusti Yésus maringi mangan wong limang èwu luwih mung saka roti lima lan iwak loro. Sarawuhé ing Dekapolis, sawisé jengkar saka Tirus Sidon lan tekan Golan, ing Dekapolis Gusti nindakaké mujizat, maringi mangan wong patang èwu. Kanthi ngedum roti kang wus diberkahi mung pitu lan iwak saanané.

Nalika semana ing kono uga ana wong akèh, kang akèh banget cacahé, padha ora ana kang dipangan. Gusti banjur nimbali para sakabaté lan ngendika: “ Atiku trenyuh banget merga saka welasKu marang wong akèh iki. Wis telung ndina anggoné padha ngetutaké Aku, mangka saiki ora ana kang dipangan. Lan menawa padha Dak kon mulih, mangka padha luwé mangkono, bakal padha ambruk ana ing ndalan, sabab ana kang adoh sangkané.” Para sakabaté padha munjuk: Kados pundi anggenipun saged angsal roti wonten panggenan sepen makaten kangge nedhani tiyang tiyang punika ngantos tuwuk? Gusti nuli ndangu: “ Kowé duwé roti pira ?” Unjuké para sakabat: “Wonten pitu.” Wong akèh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing palemahan, Gusti Yésus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawisé saos sokur, nuli dicuwil-cuwil diparingaké marang para sakabat banjur didum-dum marang wong akèh mau lan iya banjur diwaratakaké.

Para sakabat iya nggawa iwak sawatara, sawisé diberkahi, banjur dhawuh supaya didum-dum uga. Wong wong tumuli padha mangan nganti wareg. Turahané cuwilan cuwilan banjur diklumpukaké dadi pitung wakul. Anadéné wong kang padha mangan mau cacahé wetara patang èwu. Tumuli padha didhawuhi mulih. Gusti Yésus banjur énggal-énggal nitih prau kanthi para sakabaté lan tindak menyang ing tlatahe tanah Dalmanuta. (Markus 8: l-l0).

Wong golongan akèh, ngetut wingkingGusti wis telung dina. Lan padha kentekan sangu pangan. Ora ana manèh kang dipangan. Ing Galiléa Gusti maringi pangan wong limang èwu luwih, saka roti lima lan iwak loro. Ing Dekapolis Gusti uga paring mangan wetara wong patang èwu, saka roti pitu lan iwak sawatara. Turahané pitung wakul, déné sing padha mangan nganti wareg. Sawisé mangan padha dikeparengaké mulih. Gusti mirsa, yèn sing omahé adoh iya ana, nanging yèn bubar mangan wareg, mesthiné kanthi bungah tekan ngomah.

Gusti paring wareging karohanen, lan mesthi mberkahi paring wareging jasmani. Tegesé, kaperluwaning urip kadonyan uga dipenggalih déning Gusti. Wose samubarang kabèh ana ing penggalihané Gusti Allah.

Ing jaman saiki, menawa ana wong akèh kang kurang mangan, merga sumbering pagawéyan uga angèl, Gusti uga mirsa. Nanging kena ngapa Gusti ora paring cukuping kabutuhan padinan kanthi gampang? Apa Gusti Allah dudu sing kagungan panguwaos lan nguwaosi samubarang? Pancèn bener. Nanging Gusti Allah kagungan rancangan, nanging umat manungsa sok ora yakin lan ora ngert, pangertèné manungsa ora nyandhak Kabèh kang dumadi lan kang kadadéyan ana ing panguwaosé Gusti Allah.

Ing kadadéyan mujizat gedhé kaya kang kelakon ing Galiléa, kaya kaya para murid lali lan ora yakin menawa Gusti bisa nindakaké kapan baé, manut karsa lan rancangané. Senajan para murid uga mangu-mangu. Apa kira-kira Gusti Yésus karsa damel mujizat manèh? Gusti bakal tansah makarya ing ayahan kang mulya, kanthi landhesan katresnan lan welas asih. Uga ing jaman saiki. Gusti wis luwih dhisik nresnani kita kabèh. Kita kabèh uga wajib nresnani Gusti kanthi gumolonging ati jiwa lan nyawa. Ora mung tansah nyuwun lan supaya diturutana.

Nanging kita uga kudu ngaturaké panuwun. Aja lali, kita wajib nresnani lan setya tuhu. Pitakonan kita, nalika kita kabèh iki ora bisa nresnani Gusti kanthi tulus sarta manut sarta mbangun turut, apa kita kabèh iki wenang lan wani pitakon, kena ngapa jaman saiki kok isih akèh kasengsaran? Apa awaké dhéwé kabèh iki wani pitakon mangkono marang Gusti Allah? Mangka manungsa iki gampang lali marang Gusti.

Wong Wuta Ing Betsaida.

Gusti banjur rawuh ing Betsaida, tumuli ana wong picak kasowanaké ing ngarsané Disuwunaké supaya didemeka. Gusti nuli ngasta tangané sing picak mau lan dituntun menyang ing sanjabaning désa, tumuli dikecohi mripate lan ditumpangi asta sarta kadangu: “ Apa kowé wis bisa ndeleng apa-apa?” Wong mau banjur tumenga lan munjuk: “ Kawula ningali tiyang sami lumampah, naming sawanganipun kados wit-witan.” Gusti Yésus numpangaké astané manèh ana ing mripate wong mau, temahan bisa ndeleng temenan lan wis waras, wis bisa ndeleng apa-apa kanthi cetha. Banjur kadhawuhan mulih lan dipangandikani: “ Aja mampir ing désa kono.” ( Markus 8: 22-26 ).

Amarga wong sing waras mau ora mampir kampung kono, mulané kasebare kabar menawa Gusti Yésus ana laladan kono ora énggal ngambra-ambra, amarga Gusti Yésus bakal nerusaké lampah supaya ora kandheg merga digrudug wong akèh manèh. Dadiné ora ngowahi rancangan anggoné Gusti bakal jengkar. Sawetara Gusti nyingkiri gemruduging wong ngumpul nggolèki. Gusti banjur nitih prau lan para sakabat, bisa tekan ing wilayah Malda lan Dalmanuta kang isih tunggal distrik.

Perlu Kita Gatekaké: Ing Betsaida, papané wong akèh diparingi mangan, banjur ana wong wuta dikanthi mitrané nyuwun kasarasan. Banjur dikanthi Gusti menyang njaban désa, diparingi saras. Dikecohi, lan uga ditumpangi asta. Iki ana piwulang, lelara iku mariné butuh wanci, butuh nglwati proses uga. Iki lelaraning badan. Semono uga lelara rohani, nalika nuju marang pamratobat, iya butuh kasabaran lan proses. Sajroning kasabaran lan proses kuwi, pancèn perlu anané paladosan. Perlu anané pangopen karohanen. Ana duta kang kanthi sabar leladi ing pangrèhing Gusti.

Bab pangertèn rohani, kaya wong wuta kang remeng-remeng nyawang wong mlaku kaya ngregemenging wit-witan. Kaya mangkono uga wong kang bakal olèh pepadhang. Duwé pangertèn lan iman kang remeng-remeng, menawa kita kabèh sumuyud marang Gusti, kangen manunggal sarta tansah merlokaké Gusti Yésus, saya suwé bakal paham marang karsaning Sabda Pangandika. Sang Firman bakal mbangun urip kita olèh pepadhang. Ing panuntuning Sang Roh Suci, kita kabèh pinaringan wuwuh-wuwuh. Kang duwé sethithik, bakal diimbuhi nganti luwih lan kacukupan. Menawa kita nresnani marang Gusti, mangka katresnan kita kaya isih cilik, menawa kita tansah kangen nunggal ing Sang Sabda, katresnan kita bakal kabangun ngrembuyung. Ibaraté uwit bakal nguwohaké kasetyan lan katresnan sejati, déning panuntuning Roh Suci. Apa ing ati kita duwé katresnan marang Gusti? Apa ing urip kita iki duwé rasa kangen lan pangarep-arep marang Gusti? Ana pangandika ing Injil Matéus l3: l2, mangkéné: “ Amarga sapa kang duwé iku bakal kaparingan, malah nganti luber, nanging sing sapa ora duwé, apa kang didarbéki bakal kapundhut.

Appendix A. PITAKONAN NGUJI PANGERTÈN

Menawa kita wis nyinau buku iki, mesthi bakal kanthi gampang mangsuli pitakonan-pitakonan kanggo nguji pangertèn, kaya ing ngisor iki:

  1. Gusti Yésus maringi wangsulan pangandikan apa marang pitakoné Yohanès Pambaptis?

  2. Apa sababé Gusti ngrawuhi ulemané Simon wong Farisi?

  3. Wanita dosa luwih gedhé katresnané marang Gusti Yésus apa sababé?

  4. Sapa sejatiné sedhèrèké Gusti Yésus iku ?

  5. Katrangané kepriyé, yèn Gusti ora nundhung dhemit srana kakuwatané sétan?

  6. Sebutna sipat loro wiji sesawi, déné kok kanggo ibarating Kraton !

  7. Nemu piwulang apa saka pasemon mutiara adi ing Matéus l3: 45, 46?

  8. Kepriyé bisané nampa sih rahmat saka Gusti Kristus?

  9. Apa sababé Pétrus bisa mlaku ing sandhuwuring banyu?

  10. Roti dadi pasemoné Sang Kristus. Apa sing magnané saémper?

  11. Gusti ngendika marang wong wadon Fenesia: “ Ora bener njupuk rotiné anak-anak, banjur kauncalaké marang kirik ( asu ) . Terangna kanthi cekak baé, apa magnané?