Kembali ke ikhtisar item
SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

Judul Asli: “Life of Christ”

BUKU III - PANGUWASA LAN PIWULANGÉ SANG KRISTUS

George Ford

(Diterjemahkan dari bahasa Inggris)


WONG LARA BUDHUGEN (SARAAT) DIWARASAKÉ

Tumuli ana wong lara budhugen sowan ing ngarsané Gusti Yésus, banjur jèngkèng sarta nyuwun tulung marang Panjenengané, aturé: “Manawi Paduka karsa, temtu saged mbirat najis kawula.” Gusti Yésus trenyuh ing galih marga saka welas, banjur mulung astané, ndemèk marang wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu !” Sanalika iku uga ilang lelarané budhug temah wis birat najisé. Wong mau banjur énggal kadhawuhan lunga kanthi kaweling wanti wanti: “Poma, kowé aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa baé, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisungsung birating najismu, kaya kang wus kadhawuhaké déning Nabi Musa, minangka paseksi marang wong kabèh.” Ewadéné wong mau saundure banjur martak-martakaké lelakon mau, disuwuraké menyang ing endi-endi, satemah Gusti Yésus ora bisa kanthi ngedhèng lumebet ing kutha. Panjenengané lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, nanging wong-wong saka ing ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsané. ( MARKUS 1: 40-45).

Akèh banget wong lara budhugen ( saraat, kusta) sing diwarasaké déning Gusti Yésus. Jaman biyèn lelara iki dianggep dadi pratandha yèn sing nandhang kadunungan dosa lan najis. Mulané, sing diwarasaké diarani “sinucèkaké” mratélakaké yèn pulihé amarga anggoné wus kalis saka paukumané Gusti Allah tumrap dosané. Resep Yahudi kang tinulis ing buku kanggo nambani lelara manéka warna, kejaba siji sing ora kamot, yaiku bab lelara budhug iki. Lelara iki bisané mari, amung amarga mujizaté Gusti Allah. Saka penemu kang mangkono tetéla lan kanthi wijang kagambaraké ing lelakoné Raja Yoram, ing jaman paladosané Nabi Élisa nalika nyarasaké Naaman wong Siria (II Para Raja 5: 7).

Sing nyandhang lara budhug kudu misah saka wong akèh. Malah uga misah karo brayaté dhéwé. Wong budhugen kang wanuh wani lumebu ing kutha, bakal kena ukuman sabet ping patang puluh. Wong nandhang lelara budhug dianggep wis mati; sing sapa gepok sénggal bakal uga dianggep najis. Sing lara mau, kudu ngatonaké kasedhihané kanthi nyuwèk nyuwèk penganggoné, sirahé kudu gundhulan, cangkemé kudu ditutupi, ora kena adus lan nalika lumaku kudu ngucap seru: Najis, najis ! Supaya wong liya ngerti yèn ana kang najis lagi liwat ing kono. Saupama ana wong nandhang lara budhug banjur bisa mari, kudu nuduhaké marang imam. Birating najisé sah Manawa wis diakoni déning para imam. Para imam nitipriksa anggoné dadi waras.

Ing sawijining dina, Gusti Yésus rawuh ing sawijining kutha. Ana wong kang nandhang lara budhug nyedhaki Gusti Yésus, sanajan ana pranatan yèn ora kena nyedhaki wong liya. Wong wong padha lumayu manawa dicaketi wong lara budhug, kuwatir yèn katut dadi najis uga. Kahanané wong lara budhug ( kusta), banget memelas. Coba ta. Gundhul tanpa tutup sirah, penganggoné rowak-rawèk, suwarané serak lan mbengok: najis, najis ! Mangka awak sekujur ora wutuh amarga virus budhug. Gawé kagèté wong sing weruh, nalika ketemu Gusti Yésus banjur sumungkem ing ngarsané. Nyawang kahanané badané, dianggep wis ora bisa katulungan manèh amrih warasé. Mesthi déning panuntuning Rohing Allah, menawa wong lara kuwi banjur nyedhaki Gusti Yésus lan jèngkèng sumungkem sarta ngarani Gusti Yésus iku Guru.

Sadurungé Gusti Yésus disungkemi déning wong lara budhug mau, pancèn ana uga kang tau sujud sumungkem marang Gusti Yésus, yaiku para Sarjana saka tanah wétan, wektu miyosé Gusti Yésus ing Bètlehèm. Sawisé, kaya padha nulad marang wong lara budhug mau, para bangsa akèh sing wis padha sumungkem ing ngarsané Gusti Yésus Kristus.

Mesthiné kita kabèh isih éling nalika Gusti Yésus ngendika kanthi panguwasa lan kawibawan, nalika nyaruwé marang Iblis pangandikané: “ Kowé amung kudu nyembah Sang Yéhuwah, Allahmu. Lan amung marang Panjenengané baé kudu ngabekti.” Nanging kena apa Gusti Yésus nampa sujud sumungkemé wong lara budhug kuwi? Para Rasul apa déné para malaékat waé uga ora kena sinembah. Amung Allah kang kudu sinembah. Nyatané Gusti Yésus nampa sujud sungkemé wong mau. Ora ana sing mèri marang Gusti Yésus merga enggoné sinembah sinuyudan, amarga pancèn Panjejengané kang pantes sinembah mangkono, amarga kadunungan bab-bab kang Illahi. Mulané Gusti Yésus marengaké wong lara budhug mau nyembah Panjenengané.

Carita bab lelakoné wong nandhang lara budhug iki ngéram-éramaké banget, déné bisa thukul iman, tuwuh precaya ing sajroning atiné. Saben wong lara kang olèh pitulungané Gusti Yésus padha ngucap: “ Manawi Panjenengan karsa nindakaken, kawula nyuwun sih welas pitulung Panjenengan.” ( Markus 9: 22 ). Mangkono panguwuhé wong akèh, nyatané akèh lelara kang ditambani lan dadi waras. Wong sing nandhang lara budhug kang sajak wis ora bisa diwarasaké kuwi, matur: “Manawi Panjenengan karsa, Panjenengan saged mbirat najis kawula.” Kanthi matur mangkono, amarga anané rasa precaya, menawa Sang Kristus bisa marasaké lelarané. Sawijining pakaryan kang kudu kanthi panguwasa, kang kelakoné amung saka pakaryaning Allah.

Wong budhugen kang sowan ing carita iki, duwé watak andhap asor, kang ora meksa marang Gusti nyuwun diwarasaké, nanging malah mung pasrah marang Sang Kristus. Ya amarga anggoné andhap asor sarta pasrah marang karsaning Sang Kristus kuwi, wong lara mau pantes nampa pitulungané Gusti Yésus, pinaringan waras. Nyata imané tulus, mula Gusti Yésus uga ora semaya maringi kewarasan. Gusti Yésus ngyakinaké wong mau kanthi ngendika: “Aku karsa.” Sing lara, waluya waras.

Gusti Yésus ora naté semaya yèn maringi pitulungan. Uga marang wong kang percaya sing nyuwun ingapura dosané. Nalika maringi pangapuraning dosa, iya ing wektu iku uga Gusti Yésus maringi waluya pulihing kauripan iki. Gusti ora mung maringi pulihing karohanèn, nanging uga maringi kang disuwun déning wong precaya. Babar pisan Gusti Yésus ora golèk kondhang sawisé marasaké wong nandhang lara. Malah ngawisi marang kang kapitulungan waras, aja kandha-kandha karo mitrané. Kabèh mau ditindakaké déning Gusti Yésus merga welasé marang umat manungsa kang nandhang dosa. Iya saka welas asihé iku, Gusti Yésus Kristus mulung astané lan ndemèk wong lara mau. Temah waluya jati lan birat najisé, merga Gusti kang nulungi. Ing titi wanci iku, ngemu teges Gusti mbiwarakaké sihing Allah. Gusti Allah iku sih katresnan.

Merga saka iman precayané, wong lara budhug mau nampa sih rahmat, sawisé birat najisé kang mataun-taun kaanggep najis déning masyarakat lan pinisah karo brayat. Ilang rasa girisé merga lelarané, malah olèh kanugrahan merga saka precayané. Gusti Yésus paring lipur saka pamulunging astané kang kebak asih, kanthi ngendika: “ Aku karsa, mbirat najismu.” Iba senengé sing lara amarga kapitulungan birat najisé. Pangandikané Gusti Yésus njalari pulihé wong lara budhug mau, pulih waluya jati kahananing uripé lan dadi anyar, kaanyaraké déning Gusti Yésus ya jasmani lan iya rohaniné. Waras njaba njero.

Gusti Yésus luwih ngutamakaké sih katresnan katimbang pranataning agama.“ Kang Sun karsakaké iku kawelasan, dudu kurban.” ( Mat l2: 7). Gusti Allah rawuh nyarira kadagingan, karsa dadi kurban kang sampurna. Srana mulung astané ndemèk wong lara budhug iku, mratélakaké pakaryan dadi Juru Panebus dosa. Kaya kang katulis ing layang II Korinta 5: 2l, mengkéné: “Panjenengané kang ora tepang karo dosa wus kadosakaké saka kita, supaya ana ing Panjenengané kita kabeneraké dénig Allah.”

Gusti uga priksa yèn pawarta bab warasé wong lara budhug krana Panjenengané iku sumebar akibaté mitunani. Nanging sing kapitulungan waras iku, kang ora kena dipenggak semangaté, mbiwarakaké kabar enggoné nampa berkah. Mangka Gusti ya wis dhawuh: “Diéling, kowé aja kandha kandha tumrap bab iki marang sapa baé ….” Bisa baé Gusti Yésus merga ndemèk wong lara budhug mau, banjur kaanggep dadi najis, bab iki bakal dadi pepalang bab paladosan lan pakaryané. Gusti uga ora ngersakaké wong pirang pirang banjur ngupengi Panjenengané, ngrubung anggoné lagi paring wulang. Pakaryan bab anggelar kabar kabungahan uga dadi kaganggu sawetara. Senajan mangkono Gusti karsa paring pulihing kewarasan. Sejatiné, karsané Gusti, supaya wong wong kang wus kaparingan pitulungan banjur meneng. Meneng tegesé duwé ati andhap asor lan urmat, mengkono manut Bapa Gréja John C. Chrysostom. Semono uga, supaya wong wong ora golèk kondhang, satemah dadi sombong. Dadi sombong amarga dadi pusating gunem, merga wong akèh kepéngin ngerti luwih akèh bab anggoné dadi waras.

Gusti Yésus uga paring dhawuh, supaya awaké sing dadi waras katuduhaké marang Imam. Kuwi kuwajibané wong Yahudi manut marang préntahé Nabi Musa. Para imam bakal nitipriksa bab larané. Yèn nyata wis waras, bakal sah diakoni yèn wus birat najisé. Sabanjuré, bisa ngumpul urip bareng ing brayat lan masarakaté. Olèh pangaku saka Imam iku perlu, najan ora gampang. Sadurungé ngabaraké bab warasing lelarané marang wong liya, supaya bisa diaku sah déning Imam luwih dhisik. Amarga bisa baé kadadéyan, lamun para Imam ngerti yèn sing marasaké Gusti Yésus, ora diakoni birating najisé amarga para Imam pancèn wis kadhung sengit karo Gusti Yésus.

Wong sing wis kawarasaké mau ora ngestokaké dhawuhé Gusti. Saben ketemu karo uwong, nyaritakaké bab sih rahmat kewarasané. Iki sing njalari Gusti Yésus banjur disowani wong akèh, mrana mréné digolèki uwong, mulané asring sumingkir menyang papan kang sepi. Supaya bisa nunggal karo Sang Rama lan ndedonga. Ana pangandika kang tinulis ing Injil Lukas, mengkéné: “Ewadéné pawarta bab Gusti Yésus mau sumebar nganti adoh, lan banjur akèh wong gumurudug kang padha sowan ing ngarsané, arep ngrungokaké piwulangé lan nyuwun kawarasaké lelarané. Nanging Gusti Yésus banjur sumingkir ing papan papan kang sepi ndedonga.” (Lukas 5: l5, l6)

Para maos kang kinasih, wong budhugen kang kapitulungan waras mau ora kena diduwa olèhé kepéngin nyaritakaké bab anggoné Gusti Kristus paring waras. Semangat banget. Nanging njalari ribet tumrap pakaryané Gusti Yésus Kristus. Sing bener, ya kudu manut mbangun turut dhawuhé sing nulungi. Supaya ora gawé kapitunan.

Gusti Yésus paring pangapuntening dosa marang kita kabèh temah kita kabèh nampa kaslametan amarga sih rahmaté. Kita kabèh kudu ngalembana marang Gusti ngaturaké panuwun syokur. Wujudé atur panuwun lan pangalembana mau kepriyé? Kita kabèh wajib mbangun miturut, wajib taat marang pangandika lan dhawuhé Gusti mergasaka sih rahmat lan kamirahané Gusti Kristus Yésus.

MUJIZAT ING KAPERNAUM

Mujizat nangkep iwak

Ing sawijining dina Gusti Yésus pinuju jumeneng ana ing pinggiring segara Genesarèt, wong akèh padha ngangseg arep ngrungokaké pangandikané Gusti Allah. Nuli mirsa prau loro ing pinggir segara, juru amèk iwak wis padha mentas lagi ngumbah jalané. Panjenengané banjur minggah ing salah sijiné prau iku, yaiku prauné Simon, lan dhawuh, supaya prauné rada didohaké saka dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akèh mau mau saka ing prau. Bareng wis rampung tumuli ngendika marang Simon: “ Mancala menyang panggonan kang jero, jalamu tibakna supaya olèh iwak.” Simon mangsuli, unjuké: “Guru, sampun sédalu muput anggèn kawula nyambut damel kanthi saèstu, boten angsal punapa-punapa, ewadéné margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhé ndhawahaken jala.” Sawisé ditibakaké, padha olèh iwak akèh banget, nganti jalané bedhah. Kancané kang ana ing prau sijiné padha diawé, dikon teka ngrewangi. Iya banjur padha teka, prauné loro pisan diemoti, kebak nganti mèh kerem. Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkuné Gusti Yésus sarta munjuk: “Gusti, mugi Paduka kersaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”Amarga Simon lan sakancané kabèh sumlengeren, déné semono akèhé iwak sing kena. Semono uga Yakobus lan Yokanan, anak-anaké Zebedéus, kang padha dadi rewangé Simon, Gusti Yésus tumuli ngendika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowé bakal padha amèk uwong.” Sawisé minggiraké prauné, banjur padha ninggal samubarang kabèh sarta ndhèrèkaké Gusti Yésus. ( Lukas 5: l-ll).

Pétrus, Yakobus lan Yohanès, sewengi natas golèk iwak nanging ora éntuk iwak. Dina ésuké padha menyang gisik kanthi tanpa kasil. Nuli padha ngumbah jalané. Gusti Yésus rawuh ing kono. Wong akèh tumuli ngrubung ngumpul kepéngin ngrongokaké piwulangé. Sang Kristus tumuli munggah ing prau, marang Simon Pétrus dhawuh, supaya prauné rada didohaké karo dharatan supaya ora didheseg déning wong akèh. Wong akèh ngrongokaké piwulang nganti rampung.

Sawisé paring piwulang, Gusti Yésus ndhawuhi simon supaya jalané diuncalaké menyang segara, supaya olèh iwak. Dhawuh iki ora kalebuing nalar, merga lagi baé ngumbah jala kanggo mengko bengi. Wis sewengi natas ora olèh iwak, mengko ndadak ngumbah jala manèh. Mangka Pétrus kalebu tukang golèk iwak sing sugih pengalaman.

Kawitané rada aras-arasen uncal jala manèh, nanging merga Sang Guru kang dhawuh, anané amung manut lan yakin. Nanging, sanyatané pancèn ngéram éramaké. Manut dhawuhing Guru, nyatané olèh iwak akèh banget. Wong akèh padha mbiyantu Pétrus, Yakobus lan Yohanès, merga prau kebak iwak kasiling njala. Pétrus kedhodhog atiné lan kagèt. Mula banjur ambyuk ing ngarsané Sang Kristus, sujud ing ngareping jengkuné Gusti, klayan matur: “ Gusti, Paduka kula aturi jengkar sumisih saking mriki, amargi kawula menika tiyang ingkang kebak dosa “ – kita kabèh bisa nduga isi atiné Simon Pétrus. Krasa isin sajroning atiné, merga kawitané setengah nulak dhawuhing Guru, nanging nyatané olèh iwak semono akèhé. Wiwit éring lan tumungkul, déné aneksèni yèn ing Gusti Yésus ana kamulyan lan kasucèn sarta panguwasa kang ngédab-édabi.

Sang Mesih, Sang Mésias kang bisa mriksani karingkihaning umat manungsa, lagi tétunggalan bareng karo Pétrus nalika iku. Tur lenggah ana ing prauné. Sapa kang bisa ngadeg ing ngarsané Gusti tanpa rasa éring lan ajrih? Sang Kristus ora nyaruwé marang Simon, najan saklébatan Simon kaya nundhung Sang Guru. Amarga Sang Kristus priksa apa sejatiné kang thukul jroning atiné Simon Pétrus. Kang ora liya enggoné rumangsa asor, rumangsa ora pantes katenggan Gustiné kang Maha Suci lan kagungan panguwaos linuwih kuwi. Gusti priksa, yèn aturé Pétrus mau isi pangéman. Déné kang Maha Suci kok lenggah nunggal karo wong dosa. Sajroning pikiraning umat manungsa, sétan asring banget nyipta rasa bingung lan mangro penemu kaya ngono kuwi, sejatiné kabèh akalé iblis kanggo ngalang-alangi umat kang bakal sowan Gusti Yésus.

Gusti Yésus uga ora nuruti panyuwuné Pétrus. Amarga Gusti priksa, sing bakal katindakaké kanggo beciké para umat kang ditresnani. Nalika Pétrus ngaturi Gusti supaya jengkar nilar papan kono, Gusti malah saya nyedhaki Pétrus. Lan paring pangandikan lipur: Aja wedi ! Malah déning Sang Guru Simon Pétrus pinaringan ayahan luhur, kang luwih mulya katandhing karo pagawéyané sekawit yaiku tukang golèk iwak. Simon Pétrus dipangandikani déning Gusti: Kowé bakal dadi juru njala jiwa-jiwa. Ora mung juru amèk iwak segara, nanging dadi juru njala jiwaning umat manungsa, supaya padha olèh urip wilujeng. Iki pakaryan kang luhur lan mulya banget.

Wong akèh wus padha mulih, sawisé kawucal déning Gusti Yésus. Déné para murid banjur narik prauné, kagawa menyang gisik. Bareng prauné wis tekan ing dharatan, para murid ninggal samubarang darbèké, banjur ndhèrèk Gusti Yésus.

Wong Lumpuh Dadi Pulih Saras.

Let sawetara dina, bareng Gusti Yésus wis rawuh manèh ana ing Kapernaum, pawartané énggal sumebar, yèn Panjenengané ana ing dalem. Wong akèh kemrubut banjur padha sowan, nganti ing omah kono kekurangan papan. Malah ing ngarep lawang uga wis ora ana panggonan. Gusti Yésus banjur medhar sabda marang wong akèh. Tumuli ana kang nyowanaké wong sing lumpuh, digotong wong papat. Nanging ora bisa tekan ing ngarsané, merga saka sesak akèhé uwong. Mulané banjur mbukak payon sing ana ing sandhuwuré Gusti Yésus. Sabanjuré kasur paturoné sing lumpuh banjur dikèrèk mudhun menyang ngarsané Gusti Yésus. Bareng Gusti Yésus nguningani pangandelé wong wong mau, banjur ngandikani kang lumpuh, pangandikané: “ Hé, nggèr, dosamu wus kaapura.” Nanging ing kono uga ana ahli Torèt sawatara, lan nggagas: Yagéné wong iku kok muni mengkono ? Iku rak ateges nyènyamah marang Gusti Allah. Sapa sing wenang ngapura dosa kejaba mung Gusti Allah piyambak ? Gusti Yésus mirsa, apa isining gagasané wong wong iku, mula banjur dipangandikani: “Kepriyé déné kowé padha duwé gagasan kaya mangkono ing sajroning atimu ? Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuh mau, dosamu wus kaapura, apa kandha : Tangiya, lumakuwa lan paturonmu angkaten ? Supaya kowé kabèh padha mangerti yèn Putraning Manungsa ana ing ndonya duwé panguwasa ngapura dosa,” lan banjur ngendika marang kang lumpuh: “Aku kandha marang kowé, tangiya, paturonmu angkaten lan muliha !” Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturoné diangkat banjur lunga metu saka ing ngarepané wong wong mau. Temahan wong akèh padha kaéraman lan banjur ngluhuraké Gusti Allah pangucapé: “Kaya mangkéné iki aku durung tau tumon.” ( Markus 2: l-l2).

Sakunduré Gusti Yésus saka gisik segara, banjur manggèn ing sawijining omah. Paring wulang marang wong akèh kang ngupeng Panjenéngané. Sadurungé, Gusti Yésus naté memulang ana ing sapinggiring sumur. Uga naté memulang saka ing sandhuwuring prau. Saiki memucal wong akèh ana ing sawijining omah, lan akèh wong sing sowan Gusti kepéngin mèlu ngrungokaké piwulang bab pangandikané Gusti Allah. Omah kuwi kebak lan sesak. Uga ana wong Farisi lan para ahli kitab kang teka mrono. Ana sing teka saka désa lan kuthané tlatah Yudéa lan Galiléa. Bakal krungu piwulangé lan bakal nyumurupi mijizat-mijizaté Gusti Yésus. Para wong Farisi lan ahlining kitab, mesthi baé lenggahé ana ing papan kang kajèn kinurmatan. Kabèh padha kanthi gumun sajroning ati, déné kelakon ngumpul ana ing sacedhaké tabib kang istimewa kang bisa damel waras, mulihaké sing ringkih lan paring pitulung kang merlokaké.

Dumadakan ana rame rame, awit tekané wong papat kang ngusung kadange sing lumpuh bakal nyuwun warasing lumpuhé marang Gusti Yésus. Nanging saka sesaké merga akèhing wong, ora bisa ngusung sing lara mau nyedhak Gusti Kristus. Banjur nggunakaké akal. Sing lara mau digawa munggah menyang payoning omah. Kira kira pas sandhuwuring papan lenggahé Sang Kristus, payoné dibukak. Sing lara mau sisan kasur paturoné dikèrèk mudhun, mlebu ing tengah tengahing kumpulan kuwi. Bisa nyedhaki papan lenggahé Gusti Yésus. Sing nyawang banget padha gumuné, malah sawisé isih dadi rembug nganti pirang pirang dina. Sing lara lumpuh mau, ora bisa guneman, ora bias obah, amung turu baé ing kasur paturoné. Mirsa kasengsarané wong lumpuh mau, Gusti Yésus priksa kanthi tatas, apa sing disuwun déning sing lara kuwi. Gusti Yésus kagungan daya panguwaos, bisa maca panyuwuning uwong senajan ora diaturaké. Gusti mirsa, yèn atiné wong lara iku perlu pinaringan pulihing semangat luwih dhisik. Mula ngendika: “ Hé, nggèr, dosamu wus kaapura.” Tegesé, Gusti Yésus nyarasaké ati luwih dhisik, supaya thukul panglipur lan iman. Atiné sing lara mau kadunungan katrenyuhan lan isi pamratobat.

Gusti mirsani isi atining saben wong. Gusti Yésus kagungan raos welas, kepareng mitulungi wong lumpuh mau. Wong lumpuh kuwi precaya yèn Gusti Yésus wis kasusra kabaré kang sumebar, kagungan panguwaos mulihaké laraning badan lan mulihaké jiwa. Para wong padha ngangkat ngusung sing lara mau uga nduwèni pengarep arep lan precaya menawa Gusti Yésus Kristus kagungan panguwaos bisa mulihaké laraning badan lan nulungi lungkrahing jiwa.

Nalika Gusti Yésus paring apuraningdosa, mesthi baé rasaning atiné sing lara dadi bungah banget. Senajan ora bias guneman dhéwé, amarga bias uga lelarané njalari wong mau dadi bias ora bias guneman. Nanging ing atiné kadunungan iman precaya. Sadhar menawa badané nandhang lara. Nanging precayané ing ati nyuwun Gusti Yésus kersa melasi, amarga sadhar uga yèn uripé najis nandhang dosa. Iba senengé, nalika krungu yèn Gusti Yésus paring apuraning dosané kanthi ngendika: “ Anggèr, dosamu wus kaapura.” Ing layang Para Rasul uga mbiwarakaké bab iku, Rasul Pétrus paseksi: “ Inggih Panjenenganipun punika ingkang sinengkakaken ing ngaluhur déning Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumemengaken dados panuntun tuwin juru-wilujeng, supados Israèl saged mratobat saha tampi pangpuntening dosa.”

Nalika Gusti Yésus nyarasaké wong lumpuh mau akèh uga wong Yérusalèm ana ing omah kono, padha ngrungokaké piwulangé. Para ahli kitab lan para Farisi, kurang cocok atiné, nalika krungu Gusti Yésus ngendika: Dosamu wus kaapura, marang wong lumpuh mau. Merga wong wong Yérusalèm, wong Farisi lan para ahli kitab iku nganggep menawa Gusti Yésus iku mung manungsa lumrah kang ora kagungan wenang ngapura dosa.

Sing bisa ngapura dosa lan kagungan wenang iku amung Gusti Allah piyambak. Mulané Gusti Yésus diarani nyawiyah, utawa menghujat marang Gusti Allah. Wewenangé Gusti Allah ing ngapura dosaning uwong, didhaku. Kuwi nyawiyah. Manut angger-anggeré Agama Yahudi sing sapa ngaku kadunungan panguwasané Gusti Allah iku kudu kaukum ing rajam watu.

Anggoné Gusti ngendika marang wong lumpuh mau bab pangapurané dosa, pancèn Gusti Yésus ngersakaké mratélakaké panguwaosé minangka Allah, lan ora mung manungsa salumrahé. Adeging Kaallahan lan ing wujud Insan Sampurna, kagungan panguwaos ngapura dosa, sanyatané Gusti Yésus ora nyènyamah.

Pancèn sing dilakoni, nganti rawuhé ing jagad iki, yaiku rancanganing Allah Sang Rama piyambak. Pratélan kanthi mulihaké sarta marasaké wong lara lumpuh iku, duwé pangertèn kang nunggal misah karo nalika ana ing Dalem Pamujan naté maos kitab Yésayah kang kawaos piyambak déning Gusti Yésus. Ya ing kono sejatiné Gusti nerangaké menawa sing diweca Nabi jaman Kuna bab bakal rawuhé Sang Mésias, Sang Mesih, sanyatané pancèn Gusti Yésus pribadi. Nabi Yésaya meca bab Gusti Yésus ana ing kitab Yésaya ll: 2,3 kang diwaos Gusti ing Padaleman Suci, mengkéné: “ Iku bakal kathedhakan Rohé Sang Yéhuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi asih marang Sang Yéhuwah. Malah wedi asih marang Sang Yéhuwah iku kang dadi karemenané, Panjenengané ora bakal ngadili mung waton katon satléraman baé, utawa ndhawahaké putusan manut paturané uwong.”

Padatan lumpuh kang wus mataun taun angèl bisané waras pulih. Nanging Gusti kuwasa mulihaké sing lumpuh sakedhèp nétra dadi waras. Iki dadi buktiné panguwasa lan mujizaté Gusti Yésus. Kabuktèn nyata, ora ana sing nulak. Lan akèh sing padha krungu nalika Gusti ndhawuhi kang lumpuh mau: “ Aku kandha marang kowé, tangiya lan paturonmu angkaten sarta lumakua.” Yèn ana pangandikan “Dosamu wus kaapura” lan sabanjuré ana bukti menawa “ wong lumpuh mau dadi sanalika waras” - sing ngendika iku wajib diprecaya. Wong akèh nulak yèn Gusti Yésus kuwasa ngapura dosa. Nanging Gusti Yésus mbuktèkaké menawa bisa mbirat najis lan marasaké lelara, mujizat iku mratélakaké yèn Panjenengané pancèn kagungan purba wasésa lan wewenang.

Wong akèh mauné nulak wong lumpuh kuwi digawa mlebu omah. Bareng saikiné nyata bisa waras, wong akèh mènèhi dalan, supaya sing lagi waras iku bisa metu. Kasur paturon, kang kaya déné dadi lambang karingkihaning urip, malah dipikul sing mauné ngenggoni kanggo turu. Iku bukti kekuatan mujizat lan panguwaosé Gusti. Wong lumpuh kadhawuhan tangi, ngangkat paturoné lan banjur mlaku. Malah mikul kasur paturoné dhéwé. Iku bukti kang nyata menawa Gusti Yésus kuwasa ngapura dosaning umat manungsa. Pangandikané Gusti: Nggèr, dosamu wus kaapura” – ana uwohé, yaiku sing lara sanalika pulih dadi waras.

GUSTI YÉSUS NIMBALI MATÉUS

Sawisé Gusti Yésus tindak menyang ing pinggiring segara manèh, akèh wong kang padha sowan ing ngarsané, banjur padha diparingi piwulang. Wasana nalika Panjenengané langkung ing kono, mirsa Lèwi anaké Alféus linggih ana ing pabéyan, banjur dipangandikani: “ Mèlua Aku “ – Lèwi tumuli ngadeg ndhèrèkaké Panjenengané. Kacarita nalika Gusti Yésus dhahar ana omahé wong mau, akèh wong dosa lan juru mupu béya kang padha ndhèrèk bebarengan ing dhaharé Gusti Yésus, bebarengan karo para sakabat. Amarga akèh wong kang padha ndhèrèkake tindaké. Nalika para ahli Torèt saka golongan Farisi weruh menawa Gusti Yésus dhahar bebarengan karo juru mupu béya lan wong dosa iku, banjur kandha marang para sakabat: “ Yogéné iku kok mangan bebarengan karo juru mupu béya lan wong dosa?” Gusti Yésus mireng, lan banjur ngendika marang wong wong mau: “ Kang butuh dokter iku dudu wong waras, nanging wong lara. Tekaku iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.” ( Markus 3: l3-l7).

Gusti Yésus jumeneng ana ngareping kantor pajeg, kang ngumpulaké pajeg saka para bakul. Panjenengané uluk salam marang Lèwi, yaiku Matéus, salah sawijining petugas tukang narik pajeg kang nyambut gawé ing kantor kuwi. Lan Gusti Yésus paring dhawuh marang Lèwi: “ Mèlua Aku.” Gusti Yésus dina iki uga nimbali kita kabèh, kaya déné Gusti Kristus wus kepareng nimbali Matéus, yaiku Lèwi tukang tagih pajeg.

Manawa kita kabèh ngerti marang tegesing timbalan iki, banjur tumandang anglakoni, nukulaké rasa ora seneng marang kang padha nyawang. Ingatasé juru tagih pajeg, nunggal karo Sang Kristus.

Katoné sepélé, nanging njalari pamaidoné wong akèh. Pegawé kantor pajeg jaman semana padatan ora disenengi déning wong. Kaya déné Matéus, iki jeneng Yunani sing tegesé “sih rahmaté Allah”, déné jenengé ing basa Ibrani Lèwi, magnané: Imam. Jeneng Lèwi kuwi nélakaké yèn turun bangsawan, tedhak turuné kulawarga Imam. Matéus pinter tur manèh sugih. Déné sing dianggep dadi cacat siji, yaiku nyambut gawéné dadi tukang tagih pajeg, diarani ngabdi marang kaisar Roma. Para muridé Gusti Yésus uga mesthi wis wiwit kuwatir lamun Matéus uga dadi murid. Yèn Gusti nimbali Matéus dadi murid, para wong sing gething karo Matéus bakal keplok keplok, padha seneng atiné, merga bisa nduding cacaté Gusti Yésus, déné nunggal karo wong dosa, dhahar bareng karo wong ala.

Nanging panemu kaya mengkono iku ora ana sambung rapete karo rancanganing Sang Kristus nimbali Matéus. Gusti Yésus nimbali Matéus, iku nélakaké kaagunganing pénggalih lan kamulyané. Iki dadi pratélan bab sifat Illahi kang ana ing Gusti. Wong akèh lumrahé padha ora seneng karo Matéus, nanging Gusti malah nimbali. Anggoné Gusti Yésus ora kuwatir kaya lumrahé wong akèh, amarga Gusti Yésus kadunungan kuwasaning Allah.Wiwit jaman Nabi Yésayah, Gusti Allah wus paring dhawuh: “ Awit rancanganing-Sun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu margining-Sun.” Mangkono pangandikané Allah ing kitab Yésaya 55: 8.

Menawa kang katindakaké déning Gusti Yésus iku ora padha karo sing dilakoni para wong ing jaman iku, iku mratélakaké manawa asal-usulé Gusti iya béda karo asalé wong akèh iku. Wong Farisi, nganggep para juru mupu béya, utawa tukang tagih pajeg iku sadrajat karo para botoh, sing senengané judhi. Dianggep padha èlèké karo para kang mematèni, para kang laku sèdhèng slingkuh, padha karo maling lan wong kafir. Wosé dianggep wong ala. Sumbangan social baé ditulak, lan hak hukum ing pangadilan babar pisan ora diakoni. Paseksiné dianggep goroh lan ngapusi. Sing sapa wor lungguh sapajagongan lan mangan bareng bakal ketularan pialané. Nyatané, penganggep kaya mengkono iku ora njalari para petugas tagih pajeg iku mratobat, ora. Malah saya ndadra anggoné nindakaké laku sing ora jujur. Bisa uga merga rumangsa wis kadhung klebus.

Dadi gumuné para murid uga, luwih gumun manèh wong Yahudi lan para Farisi kang wus kadunungan rasa ora seneng karo Gusti Yésus. Kena ngapa, Sang Guru Yésus nimbali Matéus sing dianggep ala iku dadi muridé ? Jawabané nyata. Wangsulané pitakonan kuwi cetha. Yaiku, amarga Gusti Yésus ora ménggalih kaya pikirané wong akèh ing jaman semana. Penggalihé Gusti ora padha karo pikirané wong Farisi.

Sih Katresnané Sang Kristus, marang kabèh uwong. Malah ngutamakaké marang kang disingkiri, kang katindhes lan kang sangsara. Iki sing ora dingertèni déning wong Farisi, mulané padha kaancam ing ukuming dosa, merga olèhé netepaké alaning liyan. Gusti Kristus nandukaké pakaryan becik, kanthi lembah pénggalih, merga Gusti Allah pancèn mreduli banget marang para wong kang kabuwang kasingkiraké. Mulané Gusti Yésus nimbali Matéus, dadi murid lan rasul, ndhèrèk Panjenengané.

Ana ing paningalé Sang Kristus, paukuman kang bakal ditampa wong Farisi luwih abot katimbang kaluputané para juru mupu béya ( = Pemungut cukai, Ind.). Wong Farisi kang tansah rumangsa bener dhéwé, amarga rumangsa bisa nglakoni dhawuhing Agama, ketemuné dadi nistha ana ing panguwasané Gusti Allah. Wong kang sadhar lan mratobat rumangsa dosa, banjur precaya marang Sang Yésus Kristus, bakal luwih cedhak karo Kraton Suwarga, amarga pinaringan sih rahmat. Kasuwargan lan kawilujengan iku peparingé Gusti Allah, dudu uwohing nglakoni paréntahing Agama. Manungsa kang katoné setya tuhu nglakoni dhawuhing Agama, mangka amung nengénaké pranatan Agama baé kanggo mbiji lan ngakimi pepadhané, sangsaya suwè wataké dadi munafik. Nengénaké hukum agama nanging ora bisa nglakoni sih tresna marang pepadha. Gusti Yésus bola-bali mulang lan nuduhaké luputé manungsa, merga padha ora gelem diparingi pangertèn. Gusti nuduhaké luputing laku, ngakimi, pancèn kagungan wewenang. Supaya uamat manungsa mratobat. Ewosémono padha angèl sadharé. Saiki wis gamblang banget, apa sababé Gusti nimbali murid kadadekaké rasul, sawijining wong kang pakaryané dadi juru mupu béya kaya Matéus utawa Lèwi .

Wong sing kabuwang kasingkiraké saka pasrawungan wus dislametaké, yaiku wanita Samaria, sawisé kagulawenthah déning Gusti banjur mratobat lan duwé iman. Saiki nimbali Matéus nunggal ing kratoning Karohanèn. Gusti Yésus iku dokter utawa tabib agung, nggatosaken banget marang kang nandhang lara. Matéus prasasat nandhang lara, yaiku nyandhang dosa. Matéus dhéwé rumangsa sugih dosa, nyatané ya akèh sing padha ngarani yèn juru mupu béya iku wong dosa. Uripé rumangsa cacat, pancèn dosa iku lelara rohani. Rawuhé Gusti Yésus ora nggolèki wong séhat, sing diparani wong lara. Gusti madosi sing rumangsa mbutuhaké pitulungan. Ana ing pamirsané Gusti Yésus, para Farisi iku manungsa kang nyandhang dosa uga, ora béda karo para juru tagih pajeg.

Sejatiné Gusti Yésus iku jumeneng juru wilujeng kanggon saben uwong. Ya juru tagih pajeg, ya wong Farisi, ya sapa baé kang nampa pitulungané Gusti Yésus, bakal slamet rahayu. Gusti Yésus naté ngendika marang wong Yahudi, mengkéné: “Satemené pituturku ing kowé, para juru mupu béya lan wanita tuna susila bakal ndhisiki kowé lumebu ing Kratoning Allah. Sabab Yohanès anggoné teka iku saperlu nuduhaké dalaning kayektèn marang kowé, ewadéné kowé ora precaya marang dhèwèké. Nanging para juru mupu béya lan wanita tuna susila padha precaya marang dhèwèké. Nanging kowé kabèh sanajan weruh, ora banjur keduwung lan uga ora banjur precaya marang dhèwèké.” Ing ayat kasebut, ana kang sinirat ing tulis, Manawa Gusti Yésus uga kaya Yohanès (Yokanan ), tinampa déning para wong dosa kang mratobat. Nanging ditampik déning para pinisepuhing bangsa Yahudi sing padha ora gelem mratobat.

Bisa uga, Matéus wus nyawang mujizat kang katindakaké Gusti, utawa wis tau krungu kotbah piwulangé, lan wis tau krungu pawarta bab Gusti Yésus, mula atiné wis binuka. Kaya wong wong liyané, Matéus mesthiné wis duwé pangandel, wis precaya. Bisa uga, Matéus dhéwé wis ora seneng karo pagawéyané dadi tukang tagih pajeg iku, lan kepéngin ngoncati pagawéyan kuwi. Ing kahanan kaya mangkono mau, Gusti mirsa atiné Matéus. Mula ditimbali ndhèrèk Panjenengané.

Pakaryané Sang Roh Suci, lan berkah panguwasaning Allah makarya ing uripé Matéus, kuwi sih rahmat lan berkah sejati. Mulané Matéus wis ora kapilut bandha ora gandrung marang dhuwit manèh. Kabèh mau ditinggal. Ngurbanaké samubarang kang katon, demi ndhèrèk Gusti Yésus. Ora mung ninggal samubarang lan banjur ndhèrèk Gusti Yésus, nanging Matéus uga nyawisaké pangayubagya pasegahan dhahar kagem Gusti Yésus. Matéus ngulemi para mitrané mèlu mangan bebarengan. Padatan, sing padha rumangsa dhiri kinurmatan, adaté ora gelem teka. Sing teka uga akèh, nyata yèn Matéus duwé pepénginan supaya mitra-mitrané wanuh karo Gusti Yésus. Supaya nemu pepadhang kaya sing ditampa Matéus dhéwé.

Ya kaya mangkono iku watak wantuné wong kang rumangsa wis nampa pepadhang, tansah kepéngin ngedum pepadhang mau marang saben uwong. Nganti wektu semana, ing antarané para muridé Gusti Yésus, ya lagi Matéus kang mahargya Gusti Yésus nyawisi dhahar, dadi cihnaning atur panuwun déné Gusti wus karsa nimbali Matéus mlebu ing gegelitaning para murid. Pancèn bener. Matéus wusanané kélangan pagawéyan juru tagih pajeg kang sejatiné nekakaké kauntungan. Nanging ora diétung tuna, amarga olèh pangapuraning dosa. Sabarang kang mauné kaanggep dadi kauntungan, demi Gusti Matéus nganggep bandha donya ora ana paédahé tumrap keslametaning jiwané. Berkahé Gusti Yésus marang Matéus, ngarum-arum uripé ing sadawaning jaman.

Iya Matéus iki kang kawitan nulis Injil, yaiku kabar kabungahan kang nyaritakaké bab Gusti Yésus anggoné rawuh ing jagad. Jeneng Matéus abadi, ngluwihi asmaning para raja, para ilmuwan kalah, kondhangé para wong sugih ora ngluwihi Matéus. Akèh jiwa kang kapitulungan rahayu amarga padha olèh pawarta satuhu saka Injil Matéus. Sapa baé bisa nampa berkah kaya Matéus, lamun saguh nyingkur awaké dhéwé lan jagad saisiné, saperlu lumados kagem Gusti Kristus Yésus, juru slameting jagad. Sing sapa mungkur saka pialaning donya lan ora rumaket marang jagad, bakal pinaringan ayem sejati.

Uripé Matéus nguwohaké bukti nyata, wataké kabangun dadi anyar. Sing dadi pikirané ora bab bisané tampa samubarang, nanging gegayuhané bisaa mènèhi samubarang marang pepadha. Injil Matéus diedum marang jagad, ora ana entèké. Kabar kabungahan bab pangapuraning dosa, ginelar warata sajagad raya.

Ing jaman saiki akèh uga umat manungsa kang sinebut wong ibadah, padha gawé senengé Gréja. Nanging duwé pepénginan bisaa olèh piwales, bisa olèh kasil kadonyan. Pancèn nggumunaké yèn Pétrus dhéwé uga tau duwé pikiran klèru. Kaya kang katulis Ing Injil Matéus l9: 27, mengkéné: “Kawula sédaya sampun sami nilar samukawis saha lajeng ndhèrèk Paduka, ingkang punika kawula sami badhé angsal punapa ?” Nulada marang Matéus, ngaturaké dhahar pasegahan kagem Gusti Yésus amarga tinampa dadi murid lan pinaringan apuraning dosa, kepriyé tumrap sikeping urip jaman iki?

Katimbang ngétung-étung tuna lan bathi, wong Kristen dadi warganing Gréja, mikir-mikir bakal olèh apa? Luwih becik lan prayoga ngaturaké panuwun kagem Gusti. Yaiku sapérangan berkahé Gusti kang wus ditampa, kapisungsungaké marang Gréja. Apa iki ora sing luwih mulya? Mangkono iku kang mbatek kangené ngaturaké pamatur nuwun lan pangalembana kagem Gusti. Sabanjuré, nindakaké kabecikan iya dadi pisungsung kang utama.

Sajroning kitab Injil kang ditulis déning Matéus, gamblang lan wijang kepriyé anggoné Matéus katimbalan dadi murid. Kagawa saka wataké kang andhap asor, sajroning Injil Matéus ora nyaritakaké lan ora kuméngsun ngaku yèn demi Gusti Yésus wani ninggal samubarang. Ora. Sing nyebut yèn pagawéyané iku tukang tagih pajeg, malah Matéus dhéwé. Mangka sesebutan iku nalika semana ajiné asor lan rèmèh, merga disengiti wong akèh. Matéus dhéwé kang ngarani dhiri pribadiné dadi juru mupu béya. Ing Injil liyané, Lukas utawa Markus ora ngarani Matéus nganggo jeneng kuwi. Kabuktèn yèn sejatiné Matéus kadunungan watak andhap asor? Kaya kaya Matéus dhéwé kepéngin nglenggahaké Gusti Yésus ing luhur, déné kang luhur kok karsa nimbali dadi murid marang Matéus kang sejatiné manut sesebutané nyata rèmèh lan asor, si juru tagih pajeg.

Wong Yahudi lan Farisi, ngritik Sang Kristus. Yèn pancèn dadi Guru Agung, kena ngapa gelem awor lungguh karo wong dosa lan mangan bareng? Wong Farisi apal anané wulang paribasan ing leluhuré, mengkéné: “ Manuk kang anduwèni swiwi sing padha bakal nunggal dadi siji.” Ing penemuné wong Farisi, yèn Sang Kristus nunggal karo wong dosa, ateges swiwiné padha. Ateges ya pancèn kalebu wong ora bener. Yèn nunggalé Gusti Yésus karo manungsa dosa ing jagad iki ditegesi kaya wulang paribasan kasebut, kuwi sing jeneng klèru tafsir. Mlèsèt olèhé negesi. Amarga, anggoné Gusti Yésus karsa nunggal karo wong dosa iku amarga gedhéning sih katresnané. Lan anggoné awor tétunggilan mau dadi rancanganing Gusti Allah, supaya ambangun uriping umat manungsa, nuntun manungsa wanuh marang pepadhang kang nylametaké.

Kaya kang katulis ing kitab, layang Para Rasul l0: 35, Gusti Allah ora mbédak-mbédakaké suku bangsa lan bangsa apa baé. Bébasan bètèng pamisah wis jugrug amarga Gusti Yésus kang paring tuladha. Sugih miskin, asor lan luhur, sarta wong bodho lan pinter. Kabèh dikasihi déning Gusti Allah. Nyatané, sanajan Matéus dianggep wong dosa déning masarakat Yahudi, Gusti karsa nampi segahan kang kacawisaké déning Matéus. Ing jaman sugengé Gusti Yésus, wong Yahudi ora bisa nampa sikep kaya ngono. Mula dianggep klèru, amarga Gusti Yésus karsa dhahar kembul bareng karo wong dosa mau.

Piwulangé Gusti Yésus kang ndhawuhi supaya kita kabèh becik marang saben uwong, supaya tresna marang saben uwong, bakal dadi piwulang kang langgèng lan prinsip. Yèn Gusti Yésus nunggal karo Matéus ing omahé, kasawang saka penemu Yahudi dadi sawijining sesawangan kang aèng, anèh lan nylenèh. Sasisih Gusti Yésus kang wineca déning para Nabi kuna ngagem asma Sang Maha Suci, sasisih nyawang Matéus wong dosa. Nalar Yahudi banjur duwé pepunton, duwé kesimpulan: Loro loroné rèmèh kabèh. Pikiran kaya mangkono iku kang kawuwuhan penemu penemu kadonyan liyané kang njalari Gusti Yésus ditulak déning para pinisepuh lan pemimpin Yahudi lan Farisi.

Mangka iblis lan sétan baé nagkoni kawibawan lan panguwaosé Gusti Yésus. Ing Injil Markus l: 24, roh jahat, si sétan nyebut Gusti Yésus kanthi tembung: “ Dhuh Gusti. Juru wilujeng kang suci saka Nasaret, Sang suci saka Allah ….” Mangkono, awit sétan uga ngerti sapa sejatiné Sang Kristus. Mung sétan iblis pancèn nglawan karsaning Allah.

Kena ngapa sing suci bisa tétunggilan karo sing nistha? Wangsulané wijang, kaya pangandikané Gusti piyambak. Menawa rawuhé Gusti Yésus ing jagad iki ora nggolèki wong sing resik bener lan suci, nanging sing diupadi para wong dosa supaya gelema mratobat. Wong Yahudi lan para Farisi muring muring lan serik atiné, déné sang Guru Yésus karsa srawung karo Matéus saprikancané. Gusti Yésus dikritik lan disaruwé. Sing dikritik para murid. Amarga wis tau ngritik langsung, diwangsuli kanthi pangandika kang kebak wibawa. Yaiku nalika Gusti nyarasaké wong lumpuh. Mulané pitakoné marang para murid: Kena ngapa gurumu kok mangan bareng karo wong dosa ? Pitakon iku ora langsung katur Gusti Yésus, mangka sejatiné Gusti sing dipétani luputé.

Para murid uga ora siap, ora siaga njawab kritik mau. Nanging Sang Kristus mirsa atining uwong. Mula Gusti Yésus banjur paring tanggapan. Paring katrangan manawa kabèh kang katindakaké kang bisa kasawang wong akèh, kuwi amung gegambaran pakaryané kang sejati. Rawuhé minangka dokter lan tabib karohanén. Ora mung nyarasake lelaraning badan, nanging utamané nyarasaké lelaraning rohani. Maluyakaké lelara sing wujud dosa, kanggo nylametaké jiwaning manungsa. Sang Kristus iku dokter rohani, kang kagungan panguwaos mitulungi apa kaperluwané umat.

Rawuhé ing jagad ora supaya diladèni, nanging malah ngladèni. Lan ora ngupadi wong bener, nanging kang digolèki wong dosa. Ora nggolèki wong kang rumangsa bener lan suci. Pangandikan kang magnané mangkono mau sejatiné katujokaké marang sapa? Sejatiné uga katujokaké marang para wong Yahudi lan para ahlining kitab. Akèh sing rumangsa wis bener, rumangsa wis bisa nglakoni dhawuhing Allah. Dupèh ngerti Kitab Suci, dupèh apal Angger-angger Torèt, apa manèh rumangsa pinunjul amarga wis wenang sinebut dadi ahli agama. Rumangsa bisa nglakoni pranataning agama. Katon yèn angkuh lan sombong sabab rumangsa wis bener uripé. Mula ora padha mbutuhaké juru slamet. Banjur nulak Gusti Yésus. Nampik marang piwulanging pamratobat, merga rumangsa bener.

Sejatiné, sing bener kuwi kepriyé? Menawa uwong rumangsa urip ing bebener sejati, yèn wong duwé ati kang tulus murni, bakal dadi bungah banget, déné ana wong dosa lan ana wong lara olèh pitulungané Gusti Yésus. Ora banjur malah mèri lan memungsuhi. Kudu matur nuwun marang Sang Kristus, déné ana wong dosa kang bisa manut lan mratobat. Sing wigati lan utama iku “pamratobat.” Mulané Gusti naté mratélakaké: “ Tekaku ora nggolèki wong sing rumangsa bener, nanging nggolèki wong dosa. Supaya kinanthi marang pamratobat.” Pamratobat iku, thukulé saka rasa keduwung, krasa lan rumangsa, sadhar manawa uripé babar pisan ora sampurna. Ngrumangsani yèn sajroning urip kebak kaluputan lan dosa sarta kanisthan. Lan dosa iku njemberi kauripan iki.

Mula yèn wis keduwung, banjur ngakoni gedhéning kaluputan lan dosa. Nelangsani kahananing urip iki. Duwé tékad lan janji sajroning ati, thukul sing diarani komitmen, yèn ora bakal nglakoni dosa lan kaluputan manèh. Iki sing jeneng mratobat. Lakuning urip ora ngliwati dalan nalisir manèh, nanging milih dalan anyar ing urip kang anyar uga. Ing kahanan kaya mengkono iku urip iki banjur krasa yèn ringkih banget. Mula butuh pitulungané sang juru wilujeng.

Urip anyar iku, kanthi laku nyingkiri laku dosa, sarta nunggal karo Gusti Juru Wilujeng, diparingi kekuwatan nyandhang urip anyar. Urip ing pamratobat, ing kéné tumuruné sih rahmat. Ngungsi marang Gusti pinaringan apuraning dosa, nampa urip anyar. Manut ing pangrèhing Sang Roh Suci kinanthi mring urip langgèng.

WONG LARA ING BLUMBANG BÈTÈSDA

Sawusé mangkono kabener ana riyayané wong Yahudi, Gusti Yésus nuli tindak menyang Yérusalèm. Ing Yérusalèm sacedhaké sekèthèng wedhus, ana blumbang kang ing basa Ibrani diarani Bètèsda, kang ana bangsalé lima. Ing bangsal bangsal kono akèh wong lara pating gléthak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngentèni kocaking banyu. Awit samangsa mangsa ana malaékating Pangéran tumedhak ing blumbang kono ngocakaké banyuné, sarta manawa banyu mau kocak, wong sing nyegur dhisik dhéwé, dadi waras, sanajan apa baé lelarané. Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawasé. Bareng Gusti Yésus mirsa wong mau gumléthak ana ing kono, sarta mirsa manawa wong mau mangkono, wong mau dipangandikani: “ Kowé apa kepéngin waras?” Atur wangsulané sing lara: “ Dhuh, Gusti, mboten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng ing blumbang samasa toyanipun wiwit kocak. Déné manawi kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanès ingkang ngrumiyini kawula.” Pangandikané Gusti Yésus: “Tangiya, paturonmu angkaten, lan lumakua.” Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturoné lan banjur mlaku. Nanging nalika iku pinuju dina Sabat. ( Yohanès 5: l-9).

Lumpuh wis telung puluh wolu taun, disarasaké déning Sang Kristus. Injil Yohanès nyaritakaké bab iki. Wong mau manggon ing pinggir blumbang Bètèsda, ing salah sawijining bangsal. Ngentèni kocaking blumbang. Kapan blumbang mau kocak banyuné? Ing wektu malaékat tumedhak, ngocak-ocak blumbang mau. Banjur? Sing sapa dhisik dhéwé nyegur ing blumbang, wong nandhang lara apa baé, bakal waras. Kocaking blumbang mau, amarga ana sumberé sing mobal terus. Mili terus. Mesthi baé ana mobaling banyu sing gedhé, lan bisa uga mobal normal baé. Nalika ana mobaling banyu gedhé, blumbange kocak. Kuwi dipercaya menawa ana panguwasa kasarasan, waluyaning wong lara bakal maujud. Sing sapa nyegur dhisik dhéwé, lelarané waras. Diyakini yèn ing wektu iku, malaékating Pangéran tumedhak. Pancèn Gusti Allah piyambak kang ngendhalèni jagad raya iki. Panjenengané mahamirah lan mahaasih. Sing padha golèk tamba, sawatara padha mapan ing bangsal cacah lima ing pinggir blumbang.

Sawijining dina Sabat, Gusti Yésus rawuh nuwèni sing padha nandhang lara ing bangsal bangsal pinggir blumbang mau. Panjenengané mirsa sing lagi padha nandhang lara. Ana sing wuta, pincang, lumpuh lan lelara liyané. Ana priya tuwa kang wis telung puluh wolu taun ngarep-arep bisané waras saka lumpuhé. Lelarané wis kronis. Rekasaning atiné sing lara mau katambahan kanthi anané penganggep menawa larané amarga akèhing dosané. Rawuhé Sang Kristus mirsa bab rong prekara kuwi. Badan lumpuh, lara. Ati lan rohaniné ora tentrem. Ana lelara rong prekara kang disandhang. Laraning badan lan lara rohani. Nanging wong mau isih duwé pengarep-arep. Isih kepéngin séhat. Sejatiné wong lara yèn wis ora kepéngin waras, pancèn angèl warasé.

Gusti Yésus paring pendangon: “ Apa kowé kepéngin waras? – Sing lumpuh mau sejatiné durung wanuh karo Gusti Yésus, durung tahu weruh sadurungé. Bisa baé wong lumpuh mau ngrèmèhaké pandangoné Gusti, merga durung wanuh. Apa manèh yèn sajroning atiné wis ora ana pepénginan waras manèh, mesthi ora nanggapi. Nanging nyatané wong mau isih duwé pengarep arep bab bakal warasé. Gusti uga diurmati lan atiné uga nggayuh waluya. Mesthi kepranan marang suwarané Gusti kang wibawa lan nentremaké, mula wong lumpuh mau banjur nglairaké rasaning ati kanthi yakin. Kaya kaya olèh pengayoman kanggo wadul kahanané. Aturé: “ Bandara, mboten wonten tiyang ingkang ngangkat nyemplungaken kula dhateng blumbang manawi toyanipun saweg kocak. Tiyang sanès sampun ngrumiyini nyemplung.”

Saprakara kang njalari tumuruning berkah pitulung kewarasan lan bisa pulih jati uni, lamun wong duwé “pengarep-arep” .Manawa wong lara isih kepéngin waras, yèn wong lara isih butuh kewarasan, kuwi sawijining kalodhangan – lan isih bisa waras. Sabanjuré gumantung panguwaosé Gusti Allah piyambak. Lan pandonga, utamané panyuwunan sacara pribadi marang Gusti Allah. Sabanjuré, obat-obatan, dokter lan tabib amung dadi lantarané berkah waras mau.

Yèn dirasakaké, ngrudatin banget wong lumpuh kuwi. Ora duwé sapa-sapa. Mula ora ana sing nyemplungaké menyang blumbang, nalika malaékat ngocak banyuné. Urip ijèn ora ana sing mreduli. Ora ngerti ing ngendi sumbéring pitulungan. Sang Kristus juru wilujeng madosi wong lara kang sadhar, tegesé krasa lan rumangsa yèn sejatiné mbutuhaké pitulungan lan kawelasan. Lan pitulungan mau ora cukup saka kang sipat titah, awit ora kuwasa paring waras. Kaya Masmur Dawud ngendikakaké: “ Aja precaya marang bangsawan, marang manungsa kang ora bisa awèh kaslametan.” – Tumrap wong lumpuh ing pinggiring blumbang Bètèsda kuwi, nyata yèn kepéngin waras. Pandangoné Gusti Yésus uga mangkono: “ Kowé apa kepéngin waras ?” Pandangon iku perlu, amarga bisa uga wong lumpuh mau wus kélangan semangat, wis ndelelah lan nglokro, ngélingi kahananing badané pancèn lumpuh wis suwè. Mesthiné wong lumpuh mau sing wis suwè dhéwé ngantu antu bisané waras ing blumbang kono.

Pandangon mau mbangun semangat, supaya thukul iman precayané sarta ngarep arep bisané kapitulungan. Gusti memulang marang wong, supaya aja kesèt. Sing utama nggayuh, nyuwun kanthi precaya, ora dhedhasar ritual lan upacara agamawi. Wong lara aja mandheg nyuwun pitulungané Gusti Allah. Kuwi sababé Gusti merlokaké ndangu kang nyuwun diwelasi. Gusti Yésus iku bakal maringi sih rahmat marang kang temen-temen nyuwun. Gusti ora meksa maringi pitulungan marang kang ora butuh ditulungi.

Sejatiné wong lumpuh mau uga mbudidaya dhéwé bisané mari. Yaiku, saben dina mandeng banyuné blumbang. Supaya aja telat lamun malaékat tumedhak. Nanging nyatané tansah kalah karo sing nyemplung dhisik. Kaya upacara agamawi, kitab suci lan pandongané para kang dianggep pemimpin suci, gawé upacara supaya waluyaning lelara. Nanging sing dadi lambaran, sing dadi kunciné, panguwasané Gusti juru wilujeng. Gusti Yésus kang sinembah uga déning para malaékat, ing sacedhaking blumbang kono ora ngutamakaké upacaraning agama. Sing bakal ditindakaké anggoné paring sih piwelas marang kang lara kanthi panguwaosé. Banjur ngendika marang wong lumpuh mau: “Tangia, angkaten paturonmu, lan mlakua.”

Manawa Gusti Yésus paring dhawuh kaya mangkono, kuwi ateges Gusti Yésus ngersakaké wong lumpuh mau dadi waras lan rosa. Ninggal papan kumpule wong lara iku, lunga lan banjur nunggal karo mitrané ing masarakat awor sing padha ora lara. Ninggal papan lawas, kumpulané wong lara. Lumebu ing papan anyar, pasamuwané wong kang binerkahan.

Wong dosa semono uga. Sacara umum, sapa baé kang wus pinaringan apuraning dosa lan kaslametan jasmani lan rohani awit katebus déning Gusti Yésus, kudu ninggal urip lawas, lan lumebu ing urip anyar, masamuwan ing patunggilané Gusti .

Mbalèni carita sadurungé sing lumpuh dadi waras. Bisa uga sawisé Gusti ndangu, banjur malah duwé usul karo Gusti: “ Mila bandara, Panjenengan mugi karsa ngancani kula tiyang lumpuh, kula aturi wonten mriki ngantos blumbangipun kocak. Lajeng kula nyuwun tulung kacemplungna ing blumbang supados mboten kawon rumiyin kaliyan tiyang sanès.” Bisa uga usul mangkono. Nanging merga ing atiné wus kathukulan rasa urmat lan ngajèni marang kang ndangu, sing thukul malah precayané. Sing gedhé malah semangaté. Gusti mirsa bab iku, mula sing lumpuh diparingi waras lan pulih.

Kuwi dadi piwulang, yèn Gusti karsa marasaké wong lara ora ndadak nganggo upacara jangkep kaya pranataning agama, amarga Gusti sing ngasta panguwasa. Mari lan waras pulihé wong lara, kuwi dadi pralambang bab keslametan saka paukumaning dosa-dosa. Najan dina iku dina Sabat, Gusti makarya paring pitulungan. Kuwi katresnan.

Sih katresnan ajiné ngungkuli pranataning agama apa baé. Ora semaya, dina iku uga makarya. Sanajan ing dina Sabat, Gusti paring dhawuh supaya wong lumpuh kang wis mari lumpuhé mau kudu nindakaké pakaryan kang bisa dilakoni. Yaiku: Ngadeg, ngangkat paturon lan mlaku. Iki sing dadi sumbéring kritiké wong Yahudi lan Farisi. Dina Sabat, wong Yahudi ora kena nyambut gawé. Mung kudu mugen marang samubarang kang gegayutan karo kaagamaan. Manut pangrèhing Gusti, mulyakaké marang kang paring pitulungan uga kewajibané para umat. Nanging ora kena gawé sandhungan kang ngribeti paladosané Gusti Yésus. Nindakaké kabecikan lan nyaritakaké marang jagad bab panguwasa lan sih katresnané Gusti Allah marang jagad, kanthi maringi Juru Wilujeng Gusti Yésus Kristus. Nanging kabèh mau kudu empan papan, supaya ora gawé pepalanging laku.

Kita kabèh kudu nelakaké paladosan marang Gusti lan marang pepadhaning urip. Srana ninggal urip lawas kang kebak kaluputan lan dosa, milih dalan anyar panuntuning Gusti Allah, nuju marang urip anyar ing pangrèhing Rohing Allah, Sang Roh Suci. Nalika kita kabèh nampa pangandikané Allah lan ing sajroning ati nampa kanthi iman sejati, ya nalika iku Sang Roh Suci karsa nunggil ana ing urip iki sarta makarya ing urip iki.

Wong lumpuh mau, sawisé mari saka larané, kanthi paseksining tembungé, kanthi tumindaké mratélakaké bab sihing Sang Kristus, dadi wujud anggoné mulyakaké Gusti ing panuwun syokur lan pangalembanané.

Gusti Yésus ngagem papan pinggiring blumbang Bètèsda dadi papan kanggo mratélakaké panguwasaning Allah marasaké wong lara. Tegesé Gusti Yésus Kristus ngeparengaké papan pandonga, ing ngendi ana pamratobat, uga papan ibadah dadi papan thukuling kaslametan. Panggonan kaya ngono uga dadi papaning pandongan lan pamratobat. Dina iki uga dinané Gusti maringi berkah marang para umat kang ngungsi marang Panjenengané. Kaya kang katulis ing Injil Yohanès 5: l0-l8, apa kang kadadéyan?

“Nanging, nalika iku pinuju dina Sabat. Amarga saka iku wong-wong Yahudi ngaruh-aruhi sing lagi baé waras mau, pangucapé: Iki dina Sabat, kowé ora kena ngangkat paturonmu !” Nanging wangsulané wong mau: “Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: “ Paturonmu angkaten, lumakua!” Sanalika wong mau kang dadi waras, nuli ngangkat paturoné lan lumaku. Wong Yahudi tumuli pitakon: “ Sapa kang ngakon ngangkat paturonmu lan lumaku?”

Nanging wong kang lagi baé waras mau ora ngerti, sapa kang wus marasaké lumpuhé. Amarga Gusti Yésus wus nylimpet, tindaké nlesep ing satengahing wong akèh kang ana ing kono. Sawisé mangkono, Gusti Yésus mrangguli wong mau ana ing padaleman suci, banjur dipangandikani: “ Kowé wus waras, aja gawé dosa manèh, supaya kowé aja nganti ketaman sing luwih banget.” Wongé tumuli lunga awèh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasaké iku Gusti Yésus. Lan amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yésus. Amarga nindakaké kang kaya mangkono ing dina Sabat. Nanging Gusti Yésus ngendika: “ Ramaku nindakake pakaryan nganti sepréné, mulané Aku iya uga nglakoni pagawéyanKu.”

Kang mangkono iku wong Yahudi mundhak nemen manèh anggoné ngarah nyédani marang Gusti Yésus iku, awit ora ngemungaké nerak Sabat baé, nanging uga merga mastani yèn Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirané dipadhakaké Gusti Allah. ( Yohanès 5: l0-l8 ).

Akèh wong sing nganggep Manawa Gusti Yésus iku Guru, duwé panguwasa gawé mujizat, suci lan piwulangé ngéram-éramaké. Nanging ora saben uwong ngudi bisané wanuh lan gawé pasrawungan becik. Malah wong Yahudi bakal nganiaya Gusti Yésus. Balik wong lumpuh kang diwarasaké, senajan ngerti dina iku dina Sabat, lan wis olèh panyaruwé saka wong Yahudi, dhèwèké nuruti paréntah sing marasaké. Paturoné diangkat, lan lumaku. Nalika ditakoni sapa sing marasaké, dhèwèké kandha yèn ora ngerti, nalika iku Gusti Yésus wis tindak sesidheman. Ketemu manèh karo wong lara lumpuh sing diwarasaké mau ana ing Padaleman suci. Ora akèh nalika iku, sing padha ngurmati Gusti Yésus, lan ora kabèh wong bisa ngaturaké panuwun.

Fanatik kanthi ati wuta. Mengkono wong Yahudi jaman kuwi. Gusti Yésus bakal dihakimi, amarga mréntahké wong lumpuh sing kawarasaké mau ngangkat tilam paturoné lan lumaku. Amarga dina Sabat. Sajroning atiné wong Yahudi ora mreduli apa tegesé déné wong lumpuh wis telung puluh wolu taun, diwarasaké. Ora mreduli bab iku, malah demi angger-angger Torèt, Gusti Sang Maha Asih bakal diadili, bakal dianiaya.

Gusti Yésus ora banjur babar pisan nilar sing lagi waras saka lumpuhé.Buktiné ditemoni ana ing Bait Suci. Wong sing lagi waras mau diwéling aja gawé dosa manèh. Amarga Gusti mirsa, manawa aboting kasusahan lan kasengsaran sing dialami déning manungsa, durung karuwan yèn manungsa banjur ngedohi dosa. Sanajan awit saka dosa, manungsa ngrasakaké sengsara mau..Bareng wis ngerti sapa sing marasaké, wong mau ora lèrèn lan ora mandheg anggoné nyaritakaké bab Gusti Yésus.

Wong Yahudi ngrancang bisané nyédani Gusti Yésus, amarga anggoné ngaku manawa Gusti Allah iku Ramané. Pangandikané Gusti kuwi dianggep nyawiyah, menghujat marang Allah. Lan wong Yahudi saya mempeng olèhé nampik Sang Kristus.

Nyatané, sacara tinarbuka ing ngareping umum, Gusti mratélakaké sipat IllahiNé, sarta kepareng mbiwarakaké manunggaling Sang Kristus lan Sang Rama. Iku kacihna ing pakaryan mulya, anggoné nulungi marasaké wong lumpuh ing Bètèsda.

Kitab Suci nerangaké:

“ Ing kono Gusti Yésus mangsuli, pangandikané: Satemen-temené pituturKu ing kowé : Sang Putra ora bisa nindakaké apa-apa saka awaké dhéwé, manawa Panjenengané ora weruh apa kang katindakaké déning Sang Rama. Sabab apa kang katindakaké déning Sang Rama iku kang katindakaké déning Sang Putra. Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengané nedahaké sabarang kang ditindakaké piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengané iya bakal nedahaké marang Kang Putra pandamel kang luwih agung manèh katimbang karo iku, supaya kowé padha gumuna. Awitdéné kaya Sang Rama kang nangèkaké sarta nguripaké wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya bakal nguripaké sok wonga kang dikarsakaké. Déné Sang Rama ora ngadili sapa baé, nanging pangadilan iku wis dipasrahaké marang Sang Putra, supaya kabèh wong padha ngurmatana marang Sang Putra, kayadéné anggoné ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengané. Satemené pituturku ing kowé: Wong kang ngrungokaké ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduwèni urip langgèng, tuwin ora bakal katut kaukum. Jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip. Satemen temené pituturKu ing kowé: Bakal tumeka ing wektuné, malah wus tumeka ing wektuné, wong mati padha krungu suwarané Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokaké iku bakal urip.

Sabab padha kaya Sang Rama anggoné kagungan gesang piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus dikeparengaké kagungan gesang piyambak. Sarta wus pinaringan pangwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengané iku Putraning manungsa. Aja padha gumun marang prakara iku mau, sabab bakal tumeka ing wektuné: Sakèhing wong kang padha ana ing kubur padha krungu suwarané, banjur metu, kang kalakuané becik bakal tangi lan urip salawasé, kang kalakuané ala tangi lan bakal kaukum. Aku ora bisa nindakaké apa-apa saka awakku dhéwé, anggonku ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanku adil. Amarga ora nuruti karepKu dhéwé, nanging manut karsané kang ngutus Aku. ( Yohanès 5: l9-30 ).

Gusti ora sélak marang pangandikané lamun Panjenengané iku sadarajad karo Sang Rama. Gusti ora kéndel baé. Sabab manawa kèndel baé, bisa baé dianggep sarujuk karo penemuné wong akèh. Mula Gusti Yésus nandhesaké pangandikané, manawa apa sing ditindakaké iku uga kang katindakaké déning Kang Rama, merga pancèn mirsani apa kang katindakaké déning Sang Rama. Sang Rama uga kang maringi priksa. Sang Putra ora bisa nindakaké apa-apa, lamun ora katindakaké Sang Rama. Gusti nindakaké apa baé kang katindakaké Sang Rama kang ngutus Sang Putra mau. Ora sélak mung supaya ora digethingi. Nanging malah nerangaké kang bener.

Panguwasa nangèkaké wong mati, nguripaké wong mati, iku panguwasané Allah. Iku uga ana ing astané Gusti Yésus. Gusti Allah kuwasa ngadili, lan panguwasa iku uga kang kaasta déning Gusti Yésus. Gusti Allah ora bakal ngasta pangadilan apa-apa, amarga panguwasa ngadili wus kapasrahaké marang Sang Putra. Sang Rama kang gesang, Sang putra uga pinaringan gesang ing sarirané piyambak. Sing sapa ora ngurmati Sang Putra, iku uga ora ngurmati Sang Rama. Gusti Yésus ora mbantah lan ora sélak. Manawa Gusti Allah iku Ramané Gusti Yésus. Panjenengané sadarajat karo Sang Rama, bab kuwi ora ditulak déning Gusti Yésus. Mulané Gusti paring pratélan kang tandhes, wijang lan tégas, pangandikaNé:

“Manawa Aku neksèni mungguh awakKu dhéwé, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhéwé, nanging manut karsané kang ngutus Aku. Manawa Aku neksèni mungguh awakKu dhéwé, putusanKu mau ora bener. Ana liyané kang neksèni mungguh ing Aku lan Aku weruh yèn paseksèn kang dilairaké mungguh ing Aku iku bener. Kowé wus padha kongkonan marang Nabi Yokanan, lan iku wus neksèni kayektèn. Nanging Aku iki ora mbutuhaké paseksèn saka manungsa. AnggonKu tutur mangkono iku supaya kowé padha kapitulungan rahayu. Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowé iku amung sawatara mangsa baé anggonmu gelem nikmati padhangé. Nanging Aku iku nduwèni paseksi sing ngungkuli paseksèné Nabi Yokanan, iya iku sakabèhing ayahan kang kaparingaké Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakaké. Ayahan mau iya kang Daktindakaké saiki, kang dadi paseksèn anggonku kautus déning Sang Rama. Karodéné Sang Rama kang ngutus Aku iku, wus neksèni piyambak ingatasé Aku. Kowé ora tau krungu suwarané, utawa nyumurupi citrané, apadéné pangandikané ora tetep dumunung ing kowé, awit kowé padha ora ngandel marang kang diutus. Kowé padha nitipriksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengané kowé nduwèni urip langgèng. Nanging sanajan Kitab-kitab Suci iku neksèni ing bab aku, suprandéné kowé padha lumuh marani Aku supaya nduwénana urip iku. Aku ora kepéngin diurmati déning manungsa. Nanging tumrap kowé, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah. TekaKu iki atas asmané RamaKu, nanging ora kok tampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenengé dhéwé iku bakal kok tampani. Kowé iku anggonmu padha bisa precaya kepriyé, déné padha purih pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha Tunggal iku, ora kok gayuh. Kowé aja padha duwé pangira yèn Aku kang bakal nggugat kowé ana ing ngarsané Sang Rama, kang nggugat kowé yaiku Nabi Musa, yaiku nabi Musa dununging pangarep-arepmu. Sabab saupama kowé padha precaya marang Nabi Musa, mesthi iya precaya marang Aku, amarga Aku wus diwecakaké ana ing tulisané. Nanging manawa kowé padha ora ngandel marang tulisané Nabi Musa, kepriyé anggonmu bakal padha precaya marang kang Dakkandhakaké?” (Yohanès 5: 3l-47 )

Ing kalenggahané minangka Putraning Allah, ana limang prakara paseksèné Gusti Yésus kang kapratélakaké:

  1. Paseksiné Yokanan Pambaptis. Wong akèh kang padha ngrungokaké wulangé Gusti Yésus, bisa uga wong wong sing tau krungu kotbahé Yohanès ( Yokanan ) Pambaptis, Manawa Gusti Yésus kang bakal rawuh iku Putraning Allah. Gusti miji paseksèné Yohanès, amarga wong akèh ngajèni Yohanès lan pancèn paseksèné bener. Supaya wong padha ngandel manawa Panjenengané iku Putrané Gusti Allah.

  2. Paseksèn Manawa Panjenengané iku Putraning Allah, awujud pandamel lan mujizat mujizat kang katindakaké.

  3. Paseksèné Gusti Allah piyambak. Yaiku dhawuh pangandikané Sang Rama kasuwargan. Wong akèh ora bisa krungu Sabdané Sang Rama lan ora ngerti bab Sang Rama merga wong akèh wus kajiret déning dosa lan kanisthan.

  4. Pangandikané Kitab-kitab Suci jaman sadurungé, kang tinulis déning para Nabi saka dhawuhing Allah Sang Rama. Nanging sanajan wong padha nyinau kitab suci, nanging ora bisa ndungkap magnané, mangka Kitab Suci meca bab Gusti.

  5. Paseksèné Nabi Musa, srana mulangaké Angger-angger sepuluh peparingé Allah. Gusti Yésus uga ngendika, manawa wong Yahudi precaya marang Nabi Musa, kuduné uga precaya karo Sang Kristus. Amarga Nabi Musa nulis weca bab Gusti Yésus uga. Nanging, manawa wong wong padha ora precaya marang kang ditulis Nabi Musa, mangka iya nulis bab Sang Putra, kepriyé bisané wong akèh ngandel marang Gusti Yésus?

Ana ayahan wigati kang dadi jejibahané Gusti Yésus kanthi panguwasaning Sang Rama, yaiku: Ambangun kauripan lan nglebur kauripan. Gusti Yésus paring andharan, manawa sing sapa nampik Panjenengané wus kaukum, yaiku nalika wong akèh padha milih karepé dhéwé. Ana pangandikan: “ Kowé padha lumuh teka marang Aku, saperlu ngudi karahayon.”

Gusti mratélakaké bab kalenggahané kang Ilahi, senajan uga nandhesaké manawa rawuhé nyata ngagem sarira manungsa. Uga kapratélakaké, manawa Panjenengan kang ngasta panguwasané Gusti Allah saperlu dilakoni dileksanani sakabèhing rancanganing Allah. Lan Panjenengané iku uga Putraning Manungsa. Filipi 2: 5-ll, ngendika:

Dadi sarèhning sajroning Sang Kristus iku ana pepéling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih katresnan lan piwelas, mulané padha ngganepana kabungahanku kalawan mengkéné: Dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tunggal sedya, sepi ing pamrih ora golèk pangalem kang tanpa guna. Nanging kosok baliné klawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijiné luwih utama tinimbang awaké dhéwé; lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhané dhéwé, nanging élinga uga marang kabutuhané liyan. Ing sajroning enggonmu padha urip bebarengan, padha kadunungana pengangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus Yésus. Kang sanajan ngagem sipating Allah, ewadéné enggoné sajajar karo Gusti Allah iku ora kaanggep kadidéné bab kang kudu dikekahi, nanging wus nyuwungaké sarirané piyambak lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.

Apamanèh ing sajroning wujud manungsa iku Panjenengané wus ngesoraké sarirané lan sumuyud nganti séda ana ing kayu salib. Iya iku Gusti Allah banget anggoné banjur ngluhuraké Panjenengané lan maringi asma marang Panjenengané kang ngluwihi sadhengah jeneng. Supaya ana ing asmané Gusti Yésus Kristus, kang ana ing langit lan kang ana ing bumi padha jèngkènga lan sakèhing ilat padha ngakonana manawa: “ Gusti Yésus Kristus iku jumeneng Gusti,” murih kaluhurané Gusti Allah Sang Rama.

Gusti Yésus nyaruwé para wong akèh kang padha ngrungokaké, supaya padha mikirna bab kamulyaning urip iki saka peparingé Bapa, sarta ngalembana Sang Rama. Gusti mirsa yèn wong akèh amung butuh kamulyan kadonyan, mangka sejatiné sing utama dhéwé kudu nggayuh kamulyan sejati. Yaiku nunggal karo Gusti salawasé.

Apa panemu kita kabèh, mungguh Gusti Yésus Kristus ? Apa awaké dhéwé kabèh iki wis precaya marang surasaning Injil ?

PIWULANG BAB PASA

Ing sawijining dina, nalika para sakabaté Nabi Yokanan Pambaptis lan para muridé wong wong Farisi lagi padha pasa, ana wong kang sowan marang Gusti Yésus sarta matur: “ Punapa sababipun déné para sakabatipun Nabi Yokanan kaliyan murid-muridipun tiyang Farisi sami siyam sakabat Panjenengan kok boten?” Paring wangsulané Gusti Yésus marang wong mau: “ Apa bisa para mitrané pengantèn lanang pasa, nalika mantèné isih ana ing kono? Sasuwèné pengantèn isih ana, wong wong ora bisa pasa. Nanging bakal teka ing titi mangsané, pengantèn lanang bakal kapethal saka wong wong mau, ing kono banjur bakal padha pasa. Ora ana wong kang nambal sandhangan lawas nganggo suwèkan anyar, awit manawa mangkono suwèkané kang anyar mau bakal nyuwèkaké, kang anyar nyuwèkaké kang lawas, temahan saya amba suwèké. Mangkono uga ora ana wong kang ngisekaké anggur anyar ing impes lawas, amarga yèn mangkono angguré bakal ngamohaké impes mau. Satemah angguré lan impese loro-loroné bakal tanpa guna. Mulané anggur anyar kuduné diwadhahi ing impes anyar.” (Markus 2: l8-22)

Nalika Gusti Yésus nimbali Matéus dadi murid, mangsané wong Yahudi padha pasa. Muri-muridé Yohanès Pambaptis uga padha pasa kaya pranatan sarta tradisi agama Yahudi. Nanging para sakabaté Gusti Yésus ora padha pasa. Malah Matéus nyawisi dhaharan ana ing omahé, sarta Gusti karsa dhahar bebarengan. Iki dadi kritik, dadi pawadan panyaruwéné wong Yahudi marang Sang Kristus. Nganti sepréné, pasa iku dianggep pranatan perlu banget tumrap wong Yahudi. Angger-anggeré Nabi Musa ndhawuhaké saben uwong kudu pasa saben Riyayaning Dina Panebusan. Wong Yahudi ngira, menawa kanthi nglakoni pasa kuwi, Gusti Allah saya tambah rena penggalihé. Mulané wuwuh pranatan pasa liyané, iku sawisé wong Israèl bali saka pambuwangan Babil. Saben taun tambah pranatan, pasa iki, pasa iku lan liya-liyané.Padha meksa awaké dhéwé-dhéwé nglakoni pasa seminggu kaping pindho.

Saka paring pangandikané Sang Kristus, nglakoni pasa iku ibadah sing kadhasaran lila legawaning ati sarta ngenut kahanané. Yèn pancèn wajib lan cocok kahanané, becik pasa. Nanging ora ana peksan, sanajan pranatan ora bisa ngudokaké. Amarga kawilujengan kuwi ora gumantung marang apa kang dilakoni umat manungsa. Nanging kaslametan iku peparingé Gusti Allah. Wong Yahudi akèh kang anggoné nglakoni pasa mung merga ngenut umumé. Anut grubyuk marang angger-angger. Supaya antuk biji becik saka masyarakat, anggoné pasa ora amarga nelangsani dosa kanisthaning urip. Mula Gusti Allah asring ora nampa pamratobaté wong Yahudi.

Jaman Nabi Yésaya luwih pitung atus taun sadurungé masèhi, kaum Yahudi kaya-kaya brontak marang Gusti Allah, kanthi ati isi panggrundel rumangsa ora kagatosaké déning Allah. Mangkéné kitab Yésaya 58:3-7:

“Punapa sababipun déné kawula sami siyam? Paduka kok ugi boten nggatosaken? Punapa sababipun kawula sami ngesoraken badan, Paduka kok boten karsa nguningani?” Nalikané sira padha pasa nyatané sira isih tetep ngurus urusanira, sarta sira padha ngerasi buruhira. Sanyatané enggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegan sarta klawan ngantemi tanpa réringa. Manawa enggonira pasa kaya saiki iki swaranira ora bakal kapirengaké saka ngaluhur. Lah apa pasa kang kaya mengkéné iki kang Sun karsakaké, tuwin nganakaké dina kanggo ngesoraké badan? Manawa sira ndhingkluk kaya glagah lan njèrèng bagor sarta awu sira anggo lèmèk turu ? Apa iku kang sira arani pasa? Apa nganakaké dina kang dadi keparengé Pangéran Yéhuwah ? Dudu ! Pasa kang Sun karsakaké iku, yaiku yèn sira nguculi blengguning ambeg siya, lan ngudhari tali-talining pasangan. Manawa sira ngluwari wong kang kinaniaya, tuwin mutungi sakèhing pasangan. Yèn sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong kaluwèn sarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma, lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wènèhi panganggon tuwin ora nyingkiri sedulurira dhéwé. ( Yésaya 58: 3-7)

Puwasa utawa pasa kang tinarimah ing Allah, yaiku pasa kang kanthi keduwung sarta panelangsaning ati. Roh kabungahan iku ana. Roh kasusahan iya ana. Nalika uwong ora bisa mangan, roh kasusahan ngreridu pencernaané. Nanging nalika Roh kabungahan paring kekuwatan, bisa ngrasakaké mangan énak kanthi ati sing kepénak. Prihatin, tegesé ngesoraké awak, bisa uga kanthi pasa lan kudu tekan jiwa. Ora mung pasa badani. Nanging tekan jiwani lan rohani, jiwa tulus bungah lan andhap asoring ati.

Pasa kang bisa tinampi déning Gusti Allah, manawa pasa mau kagem kaluhurané Gusti Allah. Sing nglakoni kanthi jiwa tulus lab bungah rohani. Yaiku pasa kang ora disumurupi déning uwong, kejaba déning Gusti Allah piyambak. Lan sing pasa, iya uwongé dhéwé. Pasa ora bisa diwakilaké wong liya. ( Matéus 6: l6-l8).

Murid-muridé Yohanès Pambaptis pancèn pasa, merga prihatin. Guruné mlebu pakunjarané Herodès. Sekabaté Gusti Yésus ora kudu pasa nalika iku, amarga Sang Guru, kang ingaran Sang Pengantèn isih tétunggilan. Bakal tekan wanciné guru pisah karo murid, ing kono wektuné nglakoni pasa. Pangandikan iku, sejatiné nyaruwé isining atiné wong Yahudi kang ala. Kang tansah golèk akal ngluputaké Gusti Yésus. Ya niyat ala kuwi sing njalari Gusti kasalib. Pancèn bener, Gusti Yésus séda kasalib kuwi kanthi sukalila merga tresnané Gusti Allah marang umat. Nanging sing dadi lantaran, tumindak kejem lan kasare wong Yahudi sing sejatiné bangsané dhéwé. Nabi Yésaya uga wus meca bab iku, kaya kang katulis ing kitab Yésaya 53: 8. Uga Pétrus, ana ing sangareping bangsa Yahudi kotbah: “Panjenenganipun ingkang kaulungaken déning Gusti Allah miturut karsa sarta rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sédani lumantar tangan-tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka.” (Para Rasul 2:23)

Pangandikané Gusti Yésus mau uga dirungokaké para muridé Yohanès Pambaptis. Yaiku para wong Yahudi kang wus nampa piwulangé Yohanès, lan bisa uga kabaptis déning Yohanès utawa Yokanan iku. Mesthiné para muridé Nabi Yokanan éling, menawa kang bakal rawuh, yaiku Sang Mésias diibarataké kaya déné Sang Pengantèn Kakung. Déné para pandhèrèk, kaya déné tamu ing riyaya pawiwahan. Rak ora perlu pasa, ing mangsané para tamu nunggal karo pengantèn kang lagi suka bungah. Ibarat pengantèn lan para tamu dalasan sapa baé kang dadi gegelitaning pista pawiwahan, ora kudu pasa. Kudu bungah nalika manunggal karo Gustiné.

Manunggaling Gusti Yésus karo para umat kagungané, kanthi prasaja bisa kagambaraké kaya rumaketing sih katresnané pengantèn lanang lan pengantèn wadon. Kabèh umat manungsa kang precaya marang Panjenengané, lanang wadon – tuwa enom-bodho pinter, sing sugih lan sing miskin, yèn precaya marang Sang Kristus kaibarataké kaya pengantèn wadon. Déné Gusti Yésus Kristus iku kaibarataké Sang Pengantèn Kakung. Gusti Yésus kang sejatiné Allah Piyambak kang manjalma ngagem sarira insani, jumeneng Juru Wilujeng, iki wujuding MANUNGGALING GUSTI MARANG KAWULA. Manunggaling Gusti lan kawula kuwi dadi dalan, dadi lawang bisané KAWULA MANUNGGAL KARO GUSTI. Dadiné manunggaling kawula lan Gusti, iku bisané kélakon manawa Gusti wus kalampahan nunggal karo kawula. Yaiku rawuhé Sang Kristus Yésus nebus dosaning manungsa lan paring apuraning dosa. Loro dadi siji. Wong sajagad raya karoban ing katresnané Gusti Allah. Para wong kang katebus dadi pasamuwan, dadi brayaté Gusti Allah, déné sing mangrèh Sang Juru Wilujeng. Para umat uga kaibarataké BADAN, déné Sang Kristus iku SESIRAH.

Gusti nunggil karo para kawula kagungané, lan ora naté nilar para umat. Amarga para umat iku wis kaparingaké déning Gusti Allah marang Sang Putra, anggoné wus dadi kurban panebusing dosa séda sinalib ing Golgota. Manungsa dosa kang ibaraté duwé utang dosa, lan kudu mbayar kanthi nampa paukuman naraka, déning Sang Kristus Yésus tinebus babar pisan. Lunas utange, lan bébas merdika saka pangancaming paukuman naraka utawa kang diarani pati langgèng. Malah para kang dadi kagungané Gusti Yésus, dicawisi urip langgèng ing Kraton Suwarga. Nunggal karo Gusti jroning kamulyan.

Gusti Yésus uga paring piwulang kang sesambungan karo pranatané Nabi Musa. Yaiku angger-angering Torèt lan saisining Torèt pisan. Kabèh mau kaibarataké kaya déné impes lawas, lan kain lawas. Uga ana pangandikan bab anggur anyar lan kain suwèkan tambalan anyar. Iku kabèh kagungan karsa, manawa Gusti kepareng nerangaké bab paugeraning agamawi lan paugeraning kayektèn kang anyar kanggo urip anyar.

Penemuné wong Yahudi, lan uga murid muridé Yohanès Pambaptis, amarga guru agama Yahudi wis mulang, banjur ana Sang Guru Yésus kang uga paring wulang, kang piwulangé Sang Kristus bakal dadi wuwuhan, dadi tambahan, kaimbuhaké ing piwulangé Nabi sadurungé. Nanging Gusti ora medharaké mangkono kuwi.

Gusti medhar sabda, manawa paugeran lawas, ora kacampur karo paugeran anyar. Amarga bakal dadi rusak kabèh. Kang anyar bakal nglebur sing lawas, amarga luwih rosa. Ora ana wong nambal kain lawas nganggo suwèkan anyar. Utawa ora bisa anggur anyar diwadhahi impes lawas. Loro loroné bakal tanpa guna. Déné sing migunani iku Manawa sakabhe kabangun anyar. Rawuhé Gusti Yésus bakal mbangun urip iki dadi anyar. Wong kang kadunungan kawicaksananing Allah, ora bakal nindakaké kuwi mau, ora bakal nyampur adhuk kang lawas lan kang anyar. Urip lawas mesthi ora bisa lumaku manunggal karo urip anyar. Ibaraté wong menganggo pakéyan. Sing lawas, wis nanem labuh labet marang kang nganggo. Merga wus lungset lan tuwa, disèlèhaké. Banjur ganti penganggo kang anyar. Penganggo sing anyar kuwi kang trep kanggo PISTA KASUWARGAN. Malah sejatiné, para guru sing urip ing wektu sadurungé, padha memulang ngentèni rawuhé Guru Sejati Kang jumeneng Guru Anyar. Mula ingaranan, sakabèhing piwulangé nabi nabi jaman kuna, kalebu Nabi Musa, piwulangé mesth ngener bab bakal rawuhé Sang Mésias. Sang Mésias iku Gusti Yésus Kristus.

Semono uga, bab pratandhaning kaimanan, bab precaya. Piwulang Agama Yahudi, mranata marang wong kang ibadah lan precaya marang Yéhuwah Allah, ditandhani: SUNAT. Nanging ing pranatan nalika Sang Guru Sejati Rawuh, wong pracaya ditandhani kanthi pratandha: BAPTIS. Baptis iku sunat ati, ora mung sunat jasmani. Sunat jasmani iku dadi pralambang lan piwulang menawa sing wigati kuwi SUNAT ATI. Sunat ati iku sing nindakaké Sang Roh Suci, Gusti Allah piyambak. Ya ana ing pratandha baptis kuwi wujudé. Sing lawas sunat jasmani, sing anyar baptis suci.

Semono uga piwulanging Nnabi Musa ing kitab Torèt, kuwi wus labuh labet gedhé marang umat manungsa. Torèt wis mageri, ngélingaké, nuntun lan dadi pangiloning urip. Amarga pancèn wus dadi lawas, sarta nyatané ya ora ana sing bisa nglakoni kanthi sampurna temah njalari mlebu suwarga, nyatané ora bisa. Mula banjur ana rawuhé kang diantu antu. Yaiku Gusti Yésus, Sang Cempé kurban kang asal Swarga. Labuh labeté Torèt nuntun, mageri lan nuduhaké kaluputané umat mau. Rawuhé Gusti Yésus mangun anyar kauripaning umat manungsa. Umat manungsa ora dituntut nglakoni pranatan kang abot kuwi, nanging ana dhawuh supaya mratobat lan precaya. Pamratobat lan precaya iki, paugeran anyar. Sing sapa setya tuhu lan manut mbangun turut, bakal kaparingan rahayu. Dhasar urip lawas: Nglakoni dhawuh. Lan nyatané ora tau ana manungsa kang kanthi sampurna nglakoni dhawuh mau. Déné paugeran kang anyar: Katresnan. Angger-anggering katresnan. Iki uga angèl dilakoni. Uga ora ana sing bisa sampurna nglakoni. Nanging sing sapa mratobat lan precaya, tinunggil déning Gusti, pinaringan Sang Roh Suci. Rong Suci iki bakal mitulungi manungsa kang precaya marang Sang Mésias, Roh Suci paring kabisan lan kekuwatan.

Kanthi kawicaksanan kang saka ing Gusti Allah, yaiku panuntuning Sang Roh Suci, para wong precaya, bakal anggelar anggur anyar, kabar kabungahan kang anyar. Kabar kang ora kaiket déning pranataning adat tradisi werna werna kang nyandhungi lakuné urip anyar ing pangrèhing Gusti Yésus sesirahing para jemaat utawa pasamuwan. Semono uga bab pasa. Ora mung nglakoni tradisi utawa nglakoni kaya padatan kelakuané para bangsa. Nanging pasa kuwi kagem Gusti Allah, sing nglakoni memuji lan ngalembana Gusti Allah kanthi andhap asoring ati sarta jiwa kang bungah. Ora mung kanggo paméran, pasa dudu tradisi, lan kang bakal tinarimah ing Gusti Allah yaiku pasa kang sipat rohani. Dilakoni amarga nyandhang prihatin, nanging kebak pengarep arep amung marang panguwasané Gusti Allah piyambak.

“AKU IKI DALANÉ SARTA JATINING KAYEKTÈN LAN KAURIPAN. ORA ANA WONG SIJI-SIJIA KANG BISA SOWAN MARANG SANG RAMA, MANAWA ORA METU ING AKU. ( Yohanès l4: 6 ).

ANDHARAN BAB DINA SABAT

Nalika pinuju dina Sabbat, Gusti Yésus tindak kadhèrèkaké para sekabat ngliwati patégalan. Para sekabat padha nyethuti wulèn gandum. Wulèn mau dipusus (diremes)* ing tlapakaning tangané, isiné nuli dipangan. Mulané ana wong Farisi sawetara sing padha ngaruh-aruhi: “Yagéné kowé kokpadha nindakaké prekara sing manut prenataning agama ora kena ditindakaké ing dina Sabbat?” Gusti Yésus ngandika: “Apa kowé padha ora tau maca sing ditindakaké déning Sénapati Dawud lan wong sing padha ndhèrèkaké, nalika lagi padha keluwèn? Sénapati Dawud mlebu ing Pedalémané Allah, mundhut roti saosan, sing kagem Gusti Allah, nuli didhahar. Sawisé kuwi roti mau uga diparingaké marang para wong sing padha ndhèrèkaké. Mangka manut prenataning agama kita, rak mung para imam waé sing olèh mangan roti saosan mau? Wong liya rak ora kena?” Gusti Yésus banjur ngandika: “Putrané Manungsa kuwi sing kagungan dina Sabbat.” ( Lukas 6: 1-5 ).

Tindaké Gusti Yésus kadhèrèkaké para murid, ngliwati patégalan gandum. Para sekabat methik wulèn gandum mau sethithik lan dipangan. Angger-anggeré Nabi Musa ngeparengaké bab iku. Pangandaring Torèt 23: 25: “Yèn kowé mlaku ngliwati patégalan gandumé wong, kowé kena mangan gandumé sing kena kokranggèh nganggo tanganmu, nanging enggonmu njupuk ora kena nganggo arit, senajan mung sethithik.”

Senajan mangkono nalika para murid nindakaké iku mau mbeneri dina Sabat, lan manèh para pinituwa Yahudi wus gawé katetepan menawa tumindak mau padha karo panèn, lan panèn ora kena dileksanani mbeneri dina Sabat. Ngremet wulèn gandum ing tlapakan tangan, uga dianggep padha karo nggiles ing panggilesan. Nggiles gandum ing dina Sabat ora dikeparengaké. Mula para pnituwa netepaké menawa tumindaké para muridé Gusti mau nerak salah sewijiné angger-angger sepuluh, dhawuhé Gusti Allah kang wus kaparingaké marang Nabi Musa ing gunung Sinai. Kawibawaning angger-angger mau katitik anané gludhug lan guntur nalika tumuruné ing Sinai. Nanging para pinituwa Yahudi ngutamakaké bab kang sipat ritual. Kang banjur dimangertèni menawa angger-angger mau kudu dilakoni sacara lahiriah uga. Patrapé nglakoni keras lan kudu. Nemtokaké pranatan sing ngluwihi ukur, sabeneré ora cocok karo maksudé kang sejati.

Wong Farisi uga ngluputaké marang apa kang wus ditindakaké para muridé Gusti Yésus. Panyaruwéné: “Kena ngapa kowé nindakake pagawéyan sing dadi larangan ing dina Sabat?” Gusti Yésus priksa menawa wong Farisi kuwi paham banget marang surasaning Torèt. Mula paring wangsulan uga adhedhasar Torèt. Gusti Yésus ngélingaké bab apa kang ditindakaké leluhur Dawud, Raja lan Pemimpin sarta Nabi. Nalika Sang Prabu Dawud karo para balatantrané keluwèn, ndhahar roti sesaji kang sejatiné mung kena didhahar déning para imam. Yèn ngono, Sang Prabu Dawud kalebu luput, amarga welasé marang andhahané ing kahanan luwé mau, paring dhawuh mangan sesaji. Apa Sang Prabu wus kalebu nerak angger-angger? Nyatané Sang Prabu ora kaanggep luput.

Menawa Gusti Allah ora ngawisi kang katindakaké Prabu Dawud, Putraning Allah uga kang sinebut Putrané Dawud, uga ora ngawisi para muridé methik wulèn gandum ing dina Sabat. Apamanèh methiké mung nganggo tangan. Ora nganggo arit utawa ani-ani.

Tresna marang Gusti Allah kang dadi paréntah kapisan, ora kosok balèn maksudé karo préntah kapindho, yaiku supaya tresna marang pepadha kaya marang awaké dhéwé. Semono uga, bab nyucèkaké dina Sabat, ora kena cengkah karo préntah kapindho. Kanthi pawadan anggoné nresnani Gusti Allah, nanging ora tresna lan ora duwé welas marang pepadha, kuwi cengkah. Apa gunané nyucèkaké Sabat, nanging ora welas karo pepadha?

Gusti Yésus ngèngetaké wong sing padha ngrungokaké piwulangé marang pameca kang katulis ing kitab Hoséa 6: 6. “ Aku mundhut katresnanmu sing tetep, dudu kurban kewan. Aku luwih seneng yèn umat-Ku wanuh karo Aku, ketimbang karo kasaosan kurban obongan.” Yèn padha ngerti marang magnané pameca mau, mesthiné wong akèh ora bakal ndakwa para murid nerak angger-angger ing dina Sabat iku.

Uga ana pangandika ing Injil Matéus 12: 5. “Apa kowé padha ora maca ing prenatané Agama sing diparingaké déning Nabi Musa, yakuwi yèn saben dina Sabbat para imam kang ana ing Pedalémané Allah satemené padha nerak prenataning dina Sabbat. Ewasemono tindaké para imam kuwi ora salah.” Apa sababé? Amarga ing dina Sabat, ngurupaké geni kanggo mbakar kurban, sarta nindakaké ayahan mempengé tikel pindho kanggo leladi. Apa kuwi uga kalebu nerak pranatan?

Para Imam nerak pranatan Bait Suci, ora ana sing ngluputaké. Yèn mangkono, sing panguwasané luwih luhur katimbang Bait Suci, Gustining Sabat lan Gustining Bait Allah, apa kalebu nerak angger-angger kang mung ditata déning wong Yahudi nalika iku?

Kanyatan kang sejati, Gusti Yésus iku Gustining Sabat lan sejatining Bait Suci. “ Sébab iya ana ing Sang Kristus kono, ana ing kamanungsané, dumunung sipat ka-Allahané Gusti Allah kabèh sawetahé.” ( Kol 2: 9). “ Awit Gusti Allah kuwi siji lan iya siji sing ngrukunaké Gusti Allah karo manungsa, yaiku Kristus Yésus. ( 1 Timotius 2: 5 ).

Bait Suci luwih agung katimbang dina Sabat. Iba anggoné luwih agung mulya, Gustining Sabat lan Bait Suci, katandhing karo saka Bait Suciné. Gusti uga paring andharan, menawa dina Sabat kuwi, tinata kanggo umat manungsa. Ora kok umat manungsa katitahaké kanggo dina Sabat.

Gusti Yésus mbacutaké pangandikané: “Dina Sabbat kuwi gunané kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabbat.( Markus 2: 27, 28 ). Mula Putraning Manungsa kuwi uga kwasa ing ngatasé dina Sabbat.” Sakaroné, Sabat lan Bait suci kuwi kanggo ngladèni umat. Gusti Yésus iku Gustining dina Sabat. Lan Gusti Yésus ngaosi dina iku. Gusti maringi magna paédahing Sabat kanggo umat, lan babar pisan Gusti uga nglepas iketaning pranatan gawéyané wong Farisi, sing ngiket umat manungsa ngenani dina Sabat mau. Lamun Sang Kristus iku insan lumrah, ora bakal kersa paseksi menawa Panjenengané iku Gustining dina Sabat.

Menawa kita sinau kanthi tuntas ayat-ayat pangandika kang ana ing Injil Prajanjian Anyar sing magepokan karo bab “wunguné Gusti Yésus,” – wijang banget menawa Gusti Yésus ngagem panguwaosé tumrap dina Sabat. Satemah, pangibadah kang mauné ing dina Sabat, kanthi pangertèn dina Setu ( dina kapitu), déning Gusti Yésus dikeparengaké lan kadhawuhaké dileksanani ing dina kapisan dina Minggu (= Akad ).

Dina Minggu wus kasusra dadi dina kang piniji, supaya nindakaké katresnan, kawelasan lan kabecikan, mujudaké kamurahaning ati, ngibadan lan dinaning pangasoan (istirahat). Kita kabèh iya nglakoni dhawuh bab dina Sabat lamun ing sajroning seminggu, saguh mligekaké dina kang diutamakaké kanggo ngabekti lan leladi, yaiku dhawuh Illahi mau. Kanthi semangat “wunguné Gusti,” para Rasul kailhaman Sang Roh Suci, nemtokaké pangibadah Sabat dadi ana ing dina Minggu. Bab iki babar pisan ora cengkah karo kang dadi karsaning Allah ing Prajanjian Lawas. Lumantar pakaryaning Roh Suci, Gusti Allah milih dina pangasoan ing dina kapitu ing Injil Prajanjian Lawas, banjur ngeparengaké pangibadah Sabat mau ana ing dina Minggu ing piwulanging Injil Prajanjian Anyar. Salaras karo wunguné Gusti Yésus uga ing dina Paskah, ing dina Minggu.

Sabat Yahudi, kanggo ngurmati anggoné Gusti Allah nyipta alam jembar saisiné. Déné Sabat Prajanjian Anyar, dina pangibadah Minggu dadi pakurmatan bab panebusing dosa, satemah manungsa dosa pinaringan pangapura amarga mratobat lan precayané. Sabanjuré dina Minggu sinebut Dinané Gusti. Amarga iya ing dina Minggu iku uga Gusti bangkit, Gusti wungu saka séda, Gusti unggul saka pepati. Kuwi dina kang utama.

Ibadah dina Minggu, uga ngélingaké marang umat, marang tumuruné Sang Roh Suci ing dina Minggu. Sèket dina sawisé Gusti wungu. Ing dina kuwi, para murid Kristen nampa tumuruné Sang Roh Suci, ing kadadéyan kang ngéram-éramaké: Dina Pentakosta. Ing sejarah lan budayaning manungsa uga ngegungaké dinaning pangibadah mau. Dina kang olèh kawigatèn banget. Sejarah ora ngrèmèhaké bab dinaning ibadah iku.

Gusti Yésus banjur tindak saka ing kono menyang sinagogé. Ing kono ana wong sing tangané céko siji. Ana wong sawetara sing pancèn nedya arep nggolèki salahé Gusti Yésus. Wong mau padha matur marang Gusti Yésus: “Menapa kénging nyarasaken tiyang ing dinten Sabbat?” Pangandikané Gusti Yésus: “Menawa ing antaramu ana sing duwé wedhus siji, lan wedhusé mau kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabbat, apa sing duwé wedhus mau ora nuli setiar ngentasaké wedhusé mau saka ing luwangan? Apa manungsa kuwi ajiné ora ngungkuli wedhus? Mulané kena waé nulungi wong ing dina Sabbat.” Nuli ngandika marang wong sing tangané céko mau: “Tanganmu athungna!” Wong céko mau tumuli ngathungaké tangané, lan tangan kuwi nuli waras kaya tangan sijiné. Wong Farisi tumuli padha metu, sarta padha rembugan enggoné arep nyédani Gusti Yésus. ( Matéus 12: 9-14).

Wis ambal kaping papat Gusti mucal bab dina Sabat. Sing kapisan ing Bait Suci. Kaping pindhoné ing papan umum, dirungokaké wong akèh. Kaping telu ing dalem pamujan, lan sing kaping papat ing sawijining dina Sabat ing dalem pamujan. Wong Yahudi lan wong Farisi sawetara uga ana ing kono. Lan wis padha ngerti yèn Gusti Yésus tansah paring pitulungan marang wong wong sing nandhang lara. Apamanèh yèn wong lara kuwi padha sowan ing ngarsa-Né.

Wong Farisi lan wong Yahudi, ing sawijining dina Sabat mau katon yèn nggatèkaké, ngarep-arep supaya Gusti Yésus iya karsa marasaké sing nandhang lara. Pengarep-arepé wong Yahudi lan Farisi mau, ora merga welasé marang sing lara, nanging amung anggoné arep gawé dhadhakan lan gawé bukti yèn Gusti Yésus marasaké wong lara ing dina Sabat. Perluné bakal kanggo nyèngkolong ndakwa, yèn Gusti Yésus nerak angger-angger, Nindakaké pagawéyan ing dina Sabat. Dadiné mung anggoné bakal golèk jalaran supaya bisa ngluputaké Gusti Yésus. Sabanjuré supaya bisa dilapuraké menyang para pemimpining agama lan pinituwa Yahudi. Mulané banjur matur pitakon marang Gusti: “ Ing dinten Sabat menapa kepareng nyarasaken tiyang sakit?” Gusti Yésus ora paring wangsulan ananggapi, merga wis priksa isining batiné wong Yahudi lan wong Farisi iku.

Gusti Yésus nyata ora ajrih marang wong golongan Yahudi Farisi mau, pranyata paring dhawuh marang sing lara supaya ngadeg ing satengahé wong akèh. Kanthi mangkono sing padha memungsuhi Gusti Yésus kabungkem gunemé. Banjur paring pandangon: “ Kepriyé sing bener? Ing dina Sabat, nindakaké sing bener apa nglakoni sing ala? Nylametaké, apa nyilakakaké?” Kaya pangandika ing Lukas 6:9.

Ing dina Sabat iku para wong Yahudi lan wong Farisi duwé niyat bakal nyilakakaké lan bakal nyekel Gusti, yèn perlu disédani. Kuwi nyata niyat ala. Nanging marasaké wong lara, nyata kuwi laku bener. Tékade wong Yahudi lan wong Farisi bakal ngurmati lan nyucèkaké dina Sabat, nanging niyate ala, dene bakal nyédani Gusti Yésus uga ing dina Sabat. Nyata banget, endi sing bener lan endi sing ala sarta nistha.

Gusti uga melèhaké marang wong akèh, kanthi pandangon: “Yèn wedhusmu ing dina Sabat kecegur sumur, kok entasaké apa ora?” – Ora ana sing cemuwit, merga padatané yèn ana wedhus kecegur sumur banjur dirékadaya dientas senajan dina Sabat. Sejatiné, uwong kudu nylametaké jiwaning pepadha luwih perlu katimbang karo nylametaké bandha donya, wedhus utawa ingon-ingon liyané. Sing sapa ora nindakaké kabecikan mangka sejatiné bisa nindakaké, kuwi wis nglakoni sing ala. Menawa bisa dadi lantaran njalari wong liya olèh keslametan, mangka ora nindakaké, bakal mèlu tanggung jawab bab paukumané. Nglirwakaké nindakaké kabecikan iku nglakoni piala. Marang pandangoné Gusti Yésus, wong Farisi lan wong Yahudi padha bungkem tanpa gunem. Anggoné padha meneng baé iku ateges ngakoni yèn Gusti Yésus kagungan prebawa lan kwasa.

Mung émané, sajroning atiné wong Yahudi lan Farisi ora ana rasa rumangsa, ora ana rasa kaduwungé, yèn marang wong céko kang kawarasaké mau sejatiné tanpa welas. Apa manèh banjur silaturahmi njaluk apura. Lan uga ora nyuwun apura marang Gusti, merga pancèn atiné wangkot. Emoh ngakoni kaluputané. Sejatiné Gusti Yésus duka ing pénggalih, amarga wangkoté wong Yahudi lan wong Farisi. Dukané Gusti iku amarga mbélani kayektèn. Mulané dukané Gusti Yésus utawa dukaning Gusti Allah marang umat, sinucèkaké déning pénggalih kang kebak kawelasan lan palimirma. Satemah wong sing tangan céko, nampa kawelasan lan dadi waras. Kanthi mujizat marasaké wong céko kuwi, mratélakaké ke-Allahané Gusti Yésus. Panjenengané iku Gustining dina Sabat.

Sing lara mau padatan ora kuwat ngangkat tangané kaya salumrahing pepadhané. Ewosemono, merga pengarep-arep lan imané gedhé, nalika ana dhawuh: “ Tanganmu ulungna mréné !” – tangané diangkat lan dadi waras. Sacara nalar, didhawuhi mengkono uwong mau mesthiné bakal matur: “Boten saged Gusti. Boten saged. Menawi saged kula mboten nyuwun pitulungan Paduka.” Kuduné bakal mangsuli mangkono. Nanging ora, merga imané, kang kadhawuhaké déning Gusti dilakoni. Lan dadi waras. Tangané pulih sampurna. Kaya mangkono pitulungané Gusti bab pulihing kauripan, iya pulih wutuh lan sampurna. Warasé wong mau ora merga rekadayané sing lara anggoné kepéngin waras. Ora. Nanging mligi saka keparengé Gusti Yésus kang mitulungi ing sawutuhé.

Bab kasebut ngemu piwulang iman. Bab keslametan langgèng, babar pisan ora gumantung marang pangudining umat manungsa, nanging gumantung marang sih rahmaté Gusti Allah. Gumantung marang pakaryané Gusti Kristus Juru Wilujeng. Gusti Yésus nyarasaké wong lara kanthi sabda. Amarga pangandikané Gusti iku Roh lan Kauripan. ( Yohanès 6: 63 ) . Ana gegandhèngan kang salaras karo pangandika ing 2 Korinta 3: 6, mangkéné: “Sing nguripaké manungsa kuwi Rohé Allah. Kekuwatané manungsa ora ana paédahé babar-pisan. Tembung-tembung sing Dakkandhakaké marang kowé iki saka Rohé Allah lan tembung-tembung kuwi sing nguripaké.”

Gusti sembada memangun urip kita dadi para paladosing Allah, amarga Roh Suci. Kaya tinulis ing 2 Kor 3: 6 – “Iya Panjenengané sing marengaké aku dadi peladosing prejanjian anyar, sing ora wujud angger-angger sing katulis ( angger-angger: Pangentasan 20:1-17 ugi dipun wastani Torèt.) nanging saka Rohé Allah. Sébab angger-angger sing ditulis kuwi matèni, nanging Rohé Allah nguripi.” Pangandikané Gusti Yésus njalari kanepsoné wong Yahudi lan wong Farisi. Manut Injil Lukas 6: 11, wong Yahudi lan Farisi banjur ngrancang bakal nyédani Gusti. Dadiné, niyat anggoné kepéngin nyucèkaké dina Sabat, wis kablentongan lan dirusak dhéwé kanthi nglakoni piala, amarga anggoné bakal nyédani Gusti Yésus.

Nganti ing jaman saiki isih ana uga, patrap kaya lakuné wong Yahudi Farisi kang kaya mangkono mau. Patrap lan tumindaking wong ing jagad iki enggoné sengit marang para kagungané Gusti Yésus, magnané padha uga kaya patrap lakuné wong Yahudi lan Farisi. Para muridé Gusti ing jaman iki, uga nampa paniksa, lan dianggep kesasar. Jagad iki anggoné mbélani agama lan karep kamanungsané rumangsa bisa nindakaké kasucèn bakal gawé renaning penggalihé Gusti Allah, nanging kanthi cara gawé cilakané para pandhèrèké Gusti Yésus. Sing diarani luput, kafir, kang dianggep nyawiyah marang Gusti Allah, merga nganggep Gusti Allah kagungan Putra lan liya liyané. Semono uga jaman biyèn, para Nabi, para Rasul, para kang ambangun pasamuwan, para martir, uga dimungsuhi déning wong Yahudi lan Farisi. Jaman saiki uga ana ambeg angkara murka kang tansah duwé trékah ala marang wong pracaya. Nanging yèn dirasakaké, malah nguwohaké bathi: Wong pracaya bakal saya waspada, imané sumunar saya teguh lan saya kumandel lan dadi luwih kèndel dadi seksiné Gusti Yésus Sang Juru Slamet.

Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara. Tekaku ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat. (Lukas 5 : 31, 32)

PARA MURID IKU PILIHANÉ GUSTI YÉSUS PIYAMBAK

Kacarita nalika semana Gusti Yésus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggoné ndedonga. Bareng wus raina para sakabaté padha ditimbali, banjur dipilih rolas, kang padha dijènengaké rasul, yaiku: Simon, kang uga diparingi jeneng Pétrus, lan Andréas seduluré Simon, Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartoloméus, Matéus lan Tomas, Yakobus anaké Alféus, lan Simon kang karan wong Zélot. Yudas anaké Yakobus, lan Yudas Iskariot kang ing tembé laku cidra. Sawisé iku Gusti banjur mandhap kadhèrèkaké para sakabaté, tumuli kèndel ana ing sawijining papan kang rata, akèh banget wong kang banjur padha nglumpuk ana ing kono, para sakabat lan wong wong liyané, kang teka saka ing tanah Yudéa kabèh lan saka ing Yérusalèm, sarta saka tanah pesisiré Tirus lan Sidon. Anggoné padha mrono iku merga bakal ngrungokaké pangandikané lan supaya kawarasaké lelarané, apadéné wong-wong kang kasurupan ing roh reged iya padha kawarasaké. Lan wong akèh iku mau kabèh padha mbudidaya bisané ndemèk Panjenengané, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengané, temah kabèh padha diwarasaké. ( Lukas 6: l2-l9)

Para pemimpiné bangsa Yahudi manunggal dadi barisan gething sengit marang Gusti Yésus. Senajan saka aliran kang béda béda, nanging saiyeg saeka kapti anggoné bakal nyédani Sang Kristus. Gethingé wong Farisi amarga Gusti Yésus dianggep nerak pranatan Sabat, gawé pengaruh jahat lan nyawiyah marang Gusti Allah. Gusti disengguh kaya Samaria sarta tukang goroh. Luputé amarga srawung karo wong dosa. Gusti Yésus wis dianggep nglawan angger-angger lan ora ngajèni Bait Suci manèh. Déné para balané Herodès, yaiku kaum Herodiani kuwatir manawa Gusti Yésus ngrebut panguwasané Sang Herodès. Gusti Yésus mirsa yèn ana komplotan mungsuh kang bakal ngangkah sédané. Misi ayahan luhur lagi kawiwitan, mula Gusti Yésus sumingkir dhisik, nuju menyang gisiking segara Galiléa. Ing kono Gusti Yésus memulang lan mitulungi wong akèh sarta milih piyambak para murid kang bakal kagladhi leladi, ngayahi pakaryan luhur. Para murid kacawisaké dadi Rasul kang bakal anggelar Kabar Kabungahan, yaiku bab apuraning dosa marang saben wong kang mratobat. Para Rasul bakal dadi dutaning Gusti, sawisé Gusti séda sinalib déning wong Yahudi. Bab kaunggulané Gusti kang wungu saka séda, lan anggoné sumengka marang suwarga, supaya jagad ngerti.

Sing teka ing Galiléa akèh. Saka Yudéa, Iduméa, saka Tirus lan Sidon lan Béréa. Kabèh padha kapitulungan waras. Sing padha sowan lumrahé para sing mbutuhaké pitulungan bisané waras larané. Akèh uga kang sowané anggoné bakal ngrongokaké kotbahé. Sing karasukan sétan, katundhung sétané. Roh Iblis kang ngrasuki wong, uga wanuh marang Gusti Yésus. Lumantar cangkemé sing dirasuki, si Iblis ngucap: “Paduka punika Putraning Allah ….” Sétan kang ngrasuki wong, sejatiné wedi marang Sang Kristus. Mula uga ngucap: “ Paduka badhé menapa …?” Sétan ngerti panguwasané Gusti Allah ana ing Gusti Yésus.

Nalika wong akèh saya ndheseg Panjenengané, para murid didhawuhi nyawisaké prau. Perluné, Gusti Yésus ngadhepi sing sowan kanthi lenggah ing prau kang rada ditengahké, déné wong akèh lungguh ing gisik kaeletan banyu. Supaya ora kadheseg banget amrih rada longgar. Sabab Gusti Yésus piyambak asring ngraosaké kesayahan, lan kudu ngudi pulihé daya kekuwatan kanggo nulungi wong pirang pirang.

Para murid dadi Rasulé Gusti Yésus, bakal ngayahi leladi werna werna. Marasaké wong lara, ing Asmané Gusti Yésus nundhungi dhemit sing ngrasuki uwong, anggelar piwulangé Gusti, ngimpun wong precaya, nyathet lan nyimpen piwulang sing sabanjuré kudu langgèng dingertèni déning wong sajagad kabèh. Kepriyé pamilihé para Rasul?

Gusti ora milih para Rasul amarga jeneng kondhangé utawa wasisé utawa olèhé sugih kawruh. Ora. Amarga kang mangkono iku lumrahé padha nguyak pakurmatan kanggo dhiri pribadiné dhéwé. Lan ora bisa mulyakaké Asmané Gusti Allah. Mangka amung Gusti Allah piyambak kang wajib pinuji lan sinembah. Mulané Rasul Pulus ing layangé uga paseksi: “ Ananging rajabrana kita iki kawadhahan ing grabah, supaya tetélaa manawa kakuwatan kang ngédab-édabi iku asalé saka Gusti Allah, dudu saka awaké dhéwé. ( II Korinta 4: 7) Gusti Yésus milih para murid, asalé saka wong cilik, wong ringkih lan ora kalebu golonganing sarjana . Nanging Gusti kang nguwataké supaya padha bisa rosa ngayahi pakaryan.

Senajan mangkono, prebawané para murid ngluwihi panguwasané “wong gedhé” ing jaman semana. Para Rasul pinilih ing taun kapisan saka telung tahun lawasé Gusti makarya ing jagad iki. Ing taun kapisan iku para murid kagladhi linatih dadi duta kasuwargan, sadurungé Sang Kristus sumengka menyang suwarga. Supaya imané mekar rosa, sarta saya wanuh rumaket marang Gusti, mula ndhèrèk menyang endi-endi tindaké Gusti Yésus. Nyatunggil tunggal panggonan ing wektu kang nganti suwè. Para murid ngrasakaké banget iba sihé Gustiné iku luhur banget, sarta sasuwèné ndhèrèk para murid uga ngrasakaké sengsara lan kangèlan demi Gustiné. Gunggungé padha kaya akèhé suku-suku Israèl turun Yakub, yaiku rolas murid. Kanthi mangkono, kang kawulangaké ora cengkah.

karo sejarah leluhur ing Kitab Prejanjian Lawas. Sadurungé milih, Gusti uga ndedonga sewengi natas. Pandongané Gusti iku, isi magna lagi nyebar wiji rohani, ana ing uripé para murid. Mulané pakaryan lan tulisan cathetané para rasul, bakal ngetokaké uwoh kang maédahi kanggo wong sajagad, lan ibaraté dadi lantarané panèn jiwa jiwa kang padha kepareng mlebu ing kratoning swarga. Panèn iku, yaiku saya akèhé para wong kang mratobat, dumadi terus nganti sepréné. Kabèh mau kagem kamulyané Sang Kristus.

Gusti Allah ngersakaké, supaya umat manungsa mulyakaké Sang Putra. Mangkéné pangandika kang ana ing Injil Markus 3: l3-l5):” Sawisé iku Gusti Yésus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikersakaké lan iya banjur padha sowan ing ngarsané. Ana rolas kang ditetepaké dadi kanthiné, kang kautus nggelaraké Injil sarta kang diparingi panguwasa nundhung sétan.”Murid cacah rolas iku déning Gusti Yésus sinebut Para Rasul. ( Basa Gerika: tegesé kang kautus). Amarga pancèn bakal kautus kagem Asmané Gusti lan maédahi uripé para rasul iku uga. Gusti ngendika: “Padha kaya Sang Rama ngutus Aku, semono uga saiki Aku ngutus marang kowé.” (Yohanès 20: 2l ).

Sadurungé Gusti kundur sumengka menyang swarga, adoh sadurungé iku para murid wis kapilih. Supaya ombèr wanciné, para murid ngerti marang kayektèn lan ora kesasar ngugemi piwulang palsu. Uga supaya para murid atul lan kèndel ngadhepi samubarang kang mung tradhisi adat tata cara kang wis ditampa wiwit cilik, nanging tanpa paédah kanggo keslametan langgèng. Mulané kuwi kudu ditinggal senajan ora gampang, mulané perlu latihan. Lan uga, supaya pasrawungan guru murid dialami, ngrasakaké nikmaté ditunggoni Guru. Amrih para murid uga ngalami marem sacara rohani. Ngisep pengalaman rohani anyar saka Sang Kristus Yésus- Sang Guru Sejati, olèh pengalaman rohani, kuwi kaya déné “pangan kasukman “kang njalari thukuling pangertèn bab kamulyan lan kasucèné Gusti.

Ing ombèring wektu mengkono, para rasul bakal bisa ngrasuk piwulang anyar, bakal dirasakaké bédané karo piwulang lawas. Ana patunggilan anyar, rolas murid ngadhep marang Guru Sejati. Bisa ginambar iba wibawa lan asihé Sang Guru mriksani para muridé kang wus pinilih Para murid nggatèkaké pangandikané kang lembah pénggalih. Gusti ngandharaké pakaryané kang luhur bakal milujengaké manungsa saka pangancaming ukum naraka. Ngandharaké bab misi lan ayahan agung kang butuh kasabaran lan katresnan, kang kudu dilakoni déning para rasul iku. Para murid nggatèkaké kanthi temen, ngrasakaké tresna asihé Gusti kang kapenuhan kawibawan sarta kasucèn iku.

Wong akèh sing ana ing kono, mesthiné padha ngarep-arep kepéngin pinilih dadi murid. Yèn pinilih mesthi baé bakal olèh piwulang luwih akèh, bakal nampa hikmat luwih manèh. Iba bungahing atiné para rasul, nalika mbaka siji jenengé disebut déning Sang Guru kang nimbali. Bisa kagambar, manteping ati ngluwihi pegawé kang nampa s.k. yaiku “ surat keputusan” saka pemimpiné. Dhawuh Katetepan Rohani luwih kuwasa. Bisa uga ana sing mèri déné ora pinilih. Bisa uga wong akèh sing bungah, yèn bisaa cedhak, mesthi padha nyalami marang kang kapilih dadi rasul.

Gusti Yésus milih Simon, bisa uga merga olèhé trengginas makarya. Simon energik. Jeneng Simon sinebut kapisan, apa iku ateges sing pinunjul? Sabanjuré pinaringan jeneng anyar, Pétrus. Supaya pilah karo murid liyané sing uga Simon. Sing sepisanan ndhèrèk Gusti Yésus jenengé Andréas, dadi penginjil kang kapisan manut sejarahé. Amarga, ngajak seduluré sing jeneng Pétrus kuwi. Carita bab Andréas ing Injil pancèn ora dawa. Nanging Andréas kacathet wong kapisan kang ngajak seduluré ndhèrèk Gusti Yésus, mula ingaran kang kapisanan anggelar kabar kabungahan. Apa para umat Kristen jaman saiki bisa nulad pakaryané Andréas ngajak mitra, kanca lan seduluré sowan Gusti supaya olèh karahayon? Sabanjuré Gusti Yésus nimbali murid loro manèh, yaiku anak anaké Zebedéus, jenengé Yakobus lan Yohanès ( = Yahya, Yokanan ). Asalé padha karo Andréas lan Simon, pakaryané padha. Tukang golèk iwak, ingaran uga pamisaya mina. Yakobus luwih tuwa. Tembé mburiné, sawisé Gusti Yésus sumengka menyang ing suwarga, Yakobus dadi sesepuh pasamuwan ( Gréja Kawitan).

Yudas bisa jadi bukan seorang yang jahat, pada saat pertama kalinya dia mengikut yesus. Tetapi sesudah dia menjadi seorang rasul, dia tersesat seperti mereka yang memulai dengan baik tetapi berakhir dengan menyedihkan, sebagai akibat dari kegagalan mereka untuk memahami anugerah atau kasih karunia Illahi. Yudas adalah bendahara dari kelompok, dan penempatannya ke dalam kedudukan itu barangkali atas persetujuan rekan-rekannya. Mereka barangkali mendapatkan bahwa dia memiliki jiwa petualangan dan kemampuan berdagang.

Dengan pengertian dan pemahaman sepenuh tentang apa yang akan terjadi pada murid-muridNya di masa depan, Yesus menjalankan pemilihan terhadap rasul-rasul dengan secara teliti. Dengan roh nubuat, Dia tidak hanya melihat kelemahan-kelemahan dan kesalahan-kesalahan mereka, tetapi juga semangat, enerji, dan kemenangan atas kesukaran-kesukaran dan aniaya. Lebih dari itu, Dia akan melihat adanya pengaruh yang tertanam dari pemberitaan mereka selama kehidupan mereka. Dia juga melihat akibat dari tulisan-tuhsan mereka dan lembaga-lembaga yang mereka akan dirikan, pengaruhnya terhadap orang lain sesudah kematian mereka. Dia melihat mereka dimahkotai dengan kemuliaan yang besar di antara para martir, duduk di sebelah kanan dari takhta Ilahi, menghakimi dua belas suku Israel (Matius 19:28).

Supaya gawé senengé wong Yahudi raja Herodès ngukum pati marang Yakobus. Yohanès luwih enom, nanging kasinungan umur nganti tuwa, mimpin lan nuntun gréja-gréja sawisé Gusti Yésus sumengka menyang swarga, luwih manèh nalika rasul liyané wis padha mati. Jeneng papat kuwi sinebut ana ngarep amarga pancèn murid papat kuwi kang wiwitan dadi rasulé Gusti Yésus.

Sabanjuré kapilih murid loro manèh, Filipus lan Natanaèl. Ana caritané bab Filipus ing Injil Yohanès. Déné Natanaèl uga duwé jeneng Bartoloméus. Dadiné rasul kawitan ana wong enem, kabèh tau dadi muridé Yohanès Pambaptis. Kabèh nunggil karo Gusti Yésus, amarga wis ngugemi pathi sarining karohanèn piwulangé Sang Kristus. Mesthi njalari bungahing ati, merga kapilih dadi rasul.

Ana manèh kang kapilih dadi Rasul. Ngéram-éramaké. Ingatasé “ tukang tagih pajeg, “ wong sing disengiti déning wong Yahudi merga dianggep dadi gedibalé Kaisar Roma, mentalé dianggep mata dhuwiten sarta moralé dianggep asor, merga dadi tukang tagih pajeg mau. Bisa dadi sugih, merga olèhé mbathi tarikan pajeg. Nanging Gusti karsa nimbali dadi rasul. Nalar manungsa, mesthi nganggep anèh. Wong iku luwih pas nyambut gawé dadi juru mupu béya mau. Jenengé Matéus. Gusti Yésus milih Matéus dadi kanyatan lan bukti menawa wong kang wus kasingkiraké déning manungsa, nanging ana ing pamirsané Gusti Allah isih gedhé paédahé. Kuwi sih rahmaté Gusti Allah anggoné kepareng mreduli marang sing kabuwang kasingkiraké déning umum. Gusti Allah malah ngangkat dadi rasul temah luhur martabating kamanungsané. Nganti jaman saiki akèh wong kang kapitulungan rahayu amarga nampa sih rahmat sawisé maca Injil tulisané Matéus, uga sing duwé jeneng Lèwi iku. Sabanjuré Gusti Yésus uga nimbali Tomas dadi rasul. Bab Tomas, pancèn ora akèh sejarahé kang katulis.

Ora let suwè Gusti uga nimbali rasul kapitu, jenengé Yakobus. Ana sing ngarani dhèwèké seduluré Matéus. Uga ana kang nyebut, Yakobus cilik. Bisa uga merga badané luwih cilik katimbang Yakobus anaké Zebedéus. Diarani uga Yakobus anak Alféus.

Gusti Yésus uga nimbali rasul manèh jenengé Simon, wong Zélotis. Simon kuwi dadi mungsuhe bangsa Romawi merga padha mbrontak marang penjajah Roma. Diarani Zélot, merga padha mbrontak penjajah. Wong Yahudi nresnani kaum Zélot mau. Gusti karsa nampa wong kaya Simon dadi rasul, pancèn Gusti Yésus ngersakaké kagungan murid kang jangkep manéka warna kahanané. Banjur nimbali rasul manèh jenengé Yudas. Diarani Yudas sanaké Yakobus. Uga duwé jeneng Tadéus, uga duwé alias Lebaus. Banjur luwih kondhang sinebut Yudas sanaké Yakobus.

Déné sing pungkasan ditimbali murid kang jeneng Yudas Iskariot. Asalé saka tanah Yudéa. Rasul rasul liyané kabèh saka tanah Galiléa. Wataké uga béda karo rasul-rasul liyané. Pancèn duwé kaluwihan kawruh katimbang rasul liyané. Bab étungan dhuwit uga ngerti lan mesthiné tliti saèmper kaya ahlining ékonomi. Mula oara jeneng mokal yèn nindakaké samubarang kanthi tliti anggonbé ngétung tuna utawa bathi. Ana ing Injil, jenengé dadi cacat. Sinebut “ murid kianat “ – amarga pancèn Yudas Iskariot sing ngedol Gusti Yésus marang para pemimpin Yahudi. Satemah Gusti Yésus séda sinalib. Gusti ya mirsa manawa Yudas Iskariot iki kang bakal gawé kianat, njalari sengsarané Gusti Yésus. Anané ditimbali dadi rasul, amarga kanggo mujudaké rancanganing Gusti Allah. Karsaning Allah bab kaslametaning umat manungsa, kudu kelakon lan kudu ana kurban sejati. Déné sing kakurbanaké Gusti Yésus minangka cempé kurban kang asal kasuwargan. Sing dadi lantaran ya kianaté Yudas Iskariot mau. Iku kalebu rerangkèning RANCANGAN AGUNG. (Priksanana Masmur 4l: l0; Masmur l09: 7, 8 – lan diwaos).

Kanthi milih Yudas Iskariot Gusti uga paring tuladha nyata, amrih anané lantaran kanggo nylametaké umat kinasih kang ilang. Sejatiné Yudas banget ora mungguh, upama banjur gawé kianat. Dalaning patobat isih kabukak, isih ana wanci kanggo ngowahi uripé bisaa kabangun dadi anyar. Kabèh mau kalirwakaké, satemah kelakon lan nyata gawé kianat ngedol. Dadi conto lakuning urip, miwiti laku kanthi becik, nanging pungkasané kesasar. Mesthiné angèl nemu urip tentrem. Kaya mengkono yèn klèru nyinau berkah lan sih rahmat, lakuné dadi keblinger. Duwé kawruh bab Gusti Allah, nanging ora ngerti sayektining dhawuhing Allah. Pinter nanging keblinger. Yudas Iskariot duwé kalenggahan penting, béndahara pakumpulan. Kahartakan ing antarané para murid. Ngatur dhuwit lan urusan pakumpulan. Mesthiné para rasul liyané ya sarujuk, yèn mitra asal Yudéa kuwi dadi béndhahara. Pancèn duwé jiwa dagang lan wasis bab mikir ékonomi. Mesthiné uga wasis bab organisasi lan politik.

Gusti Yésus kanthi premati milih para rasul, salaras karo kaperluaning pakaryan agung nylametaké umat manungsa, jumeneng juru wilujeng. .siji-sijiné kahanané para murid kapirsanan, ora ana kang karempit ora ana sing keslempit, bakal kaya apa dadiné mengko. Gusti mirsa kabèh. Kalebu bab enggoné milih Yudas Iskariot. Gusti iya mirsa, yèn ing akhiring lelakon, murid iki bakal gawé kianat. Gusti mirsa kabèh.

Kang pinilih uga kacawisaké kanggo ngadhepi aniaya, kasengsaran lan dalan rumpil kang bakal diliwati sajroning ngayahi dadi rasul. Gusti mirsa bab iku. Saliyané sing pinilih duwé kaluwihan lan trengginas sarta temening ati, Gusti Yésus uga mirsa karingkihané saben murid siji lan sijiné, kabèh pinirsanan. Gusti uga mirsa, sabanjuré nalika Gusti wangsul dhedhampar manèh ing Kraton Swarga, wus kapirsanan sepira prebawaning kabar kang kagelar déning para Rasul. Semono uga sawisé para rasul tilar donya uga, apa kang bakal mekar dumadi ing jagad raya iki, Gusti ya wis mirsa. Kalebu nganti jaman iki. Uga akibat saka anané fondasi pasamuwan wiwit jaman para rasul. Bab iki Gusti uga wis mirsa. Mulané para Rasul pinaringan makutha Illahi, ing antarané para martir, para kang dadi kurban mbélani keyektèning Allah. Pinaringan wenang ngakimi rolas suku turun Yakub, yaiku bangsa Israèl. “Satemené pituturku marang kowé, mbésuk ing jaman pambangunan (* Ing wekasaning jaman, nalika Gusti rawuh lan nganyaraké samubarang - Traslt), manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowé kang wus padha ndhèrèk Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israèl rolas. ( Matéus l9: 28 ).

PANÈNÉ GEDHÉ NANGING KANG DEREP AMUNG SETHITHIK. MULA PADHA NYUWUNA MARANG KANG KAGUNGAN PANÈN, SUPAYA KARSAA MARINGI WONG DEREP KANGGO PANÈNANE IKU.” (Matéus 9: 37, 38 ).

SABEN WONG KANG NGAKONI AKU ANA ING NGAREPANING MANUNGSA, IKU IYA BAKAL DAK AKONI ANA ING NGARSANÉ RAMAKU KANG ANA ING SUWARGA. NANGING SING SAPA NYELAKI AKU ANA ING NGAREPANING MANUNGSA, IKU IYA BAKAL DAKSÉLAKI ANA ING NGARSANÉ RAMAKU KANG ANA ING SUWARGA. ( Matéus l0: 32-33 )

KOTBAHÉ GUSTI YÉSUS ING GUNUNG

Sawisé milih para Rasul, Gusti Yésus paring kotbah piwulang sing wijang lan gamblang, kang ingaran: KOTBAH ING GUNUNG. Piwulang ing gunung iki wigati banget, perlu banget lan kudu olèh kawigatèn gedhé, amarga isi karsaning Allah ngenani bab Agama, dikotbahaké kanthi ringkes nanging nyrambahi marang samubarang prekara penting. Punthuk utawa gunung papan kotbah mau dumunung saeloré segara Tibérias. Ora adoh saka Kapernaum, ing sawijining gunung kang ingaran punthuk Hattin. Kotbah kasebut kasusra banget, mujudaké kotbah kang katulis ing Injil, piwulangé Gusti Yésus kang dawa dhéwé. Malah agung mulyané kotbah ing gunung kasebut, olèh pengalem lan uga diakoni déning para wong kang nglawan marang Kekristenan.

Kotbah kasebut dadi angger-angger anyar ing Kraton Rohani, kadhawuhaké déning Gusti Yésus Ratuning para ratu. Ya piwulang kuwi kang njangkepi lan nyampurnakaké weca lan piwulangé para Nabi Jaman biyèn, kalebu Nabi Musa. Gusti Yésus Kristus kang mujudaké ana ing urip lan laku nyata. Pangandikané Gusti bab Kraton Rohani kuwi, lumantar Nabi Dawud, Gusti Allah uga wus paring Sabda Pangandikané. Mazmur 2: 6: “Ingsun kang ngadegaké ratuningSun, ana ing Sion gunungingSun kang suci.” - Mulané perlu banget paring dhawuh marang para rasul lan para duta, supaya para abdi ngerti apa kang dadi paugeraning Kraton. Dadiné, piwulangé Gusti ing gunung iku, kaya dadi katrangan lan paugeran anyar, dadi tuladha nindakaké ing laku tumrap angger-angger lawas sing angèl dilakoni, kaya pranatan kang kadhawuhaké ing Kitab Torèt. Kabèh kawengku ing Kotbahé Gusti ana ing gunung kuwi. Ora mung paring kotbah, para rasul pinaringan: kuwasa lan kabisan werna werna, kanggo ngayahi wajib.

Piwulang Apa Undang Undang

Isining kotbah bakal kita sinaoni. Nanging, sadurungé ngasah wawasan ayo ngrasak-rasakaké bab kotbah kuwi kanthi rasa pangrasa. Kotbah iki ora kawulangaké kaya déné ngumandhangaké angger-angger. Ora kaya nalika Angger-angger sepuluh ditampa Nabi Musa ing Sinai. Ora ana getéring guntur lan thathit kaya ing Sinai, tanpa lindhu-lindhu lan cloroting geni. Nalika Nabi Musa nampa angger-angger, wong Israèl nalika semana ora kena nyaketi Sinai, sing nékad bakal kena ukum rajam watu.

Béda karo tumuruné kotbah ing gunung. Gunung Hattin subur eloh ijo royo-royo, idhum lan adhem tentrem. Sesawangan éndah nengsemaké. Kembang ing punthuk Hattin mekar, ana ganda aruming sekar kang nyegeraké napas. Manuk kang padha ana ing kono, ngocèh sesautan, nambahi asrining kahanan. Pangandikané Gusti Yésus pinaringaké kanthi lembah pénggalih, kanthi pasrawungan rumaket marang kang padha ngrungokaké. Saben uwong ora dipenggak sowan, saben uwong kena séba ing kana. Sing padha ngrubung Sang Guru teka saka para pedunung kiwa tengené lan uga teka saka papan kang adoh, nggatèkaké banget marang kotbahé Gusti Yésus. Sang Guru kinupeng para rasul kang tansah sumuyud Sang Guru, kang sejatiné Gusti Allah kang ngejawantah. Wong modern ngarani, Gusti Yésus iku rinkarnasi Allah.

Ing caritané leluhur Yahudi marang para anaké, bakal ana rawuhé Sang Mésias. Jumeneng ing gisik sacedhaké Jaffa. Leluhur Yahudi crita marang anak putuné, yèn Sang Mésias bisa paring dhawuh marang segara, supaya ngetokna rejeki kanggo kauripan, ngetokaké kasugihan. Segara banjur bakal nyuntak bandha berkah, kang ingaran harta-karun. Ana ing ngareping sampeyané Sang Mésias. Segara ngetokaké mutiara lan bandha kang kang élok sing wis suwè kasimpen. Sang Mésias paring penganggo lan asesoris marang para pandhèrèké. Sang Mésias maringi para pandhèrèké, pangan manna surgawi. Ngluwihi nikmaté manna ing ara-ara samun, nalikané para leluhur mulih saka Mesir. Lah yèn kaya mangkono piwulangé wong Yahudi bab Mésias kang diantu-antu bakal rawuh, pangertèn mau klèru lan nyasaraké iman. Amarga sing diarep arep amung bab kadonyan, kanggo nyukupi kaperluwané ing ndonya baé. Klèru yèn kaya mangkono iku kang dadi gegayuhaning urip.

Mutiara Lan Bandha Kang Sejati

Sepisan manèh, yèn padha ngentèni rawuhé Sang Mésias, nanging gegayuhané supaya olèh berkah kang amung bakal nyènengaké ati, klèru banget. Sejatiné, kedhunging kasugihan lan samodraning berkah iku ya Gusti Yésus piyambak. Nanging ora mung mandheg bab kabutuhan kadonyan. Apa pangandikané Gusti Allah kalah karo éndah sarta kasugihaning alam. Apa mutiara adi kuwi ana sing ngluwihi pengajining Sabda Pangandikané Gusti Allah? Sang Sabda, iya pangandikané Gusti Allah iku wus tumurun, maujud ana ing sugengé Gusti Yésus Kristus. Bandha sarta penganggo becik lan éndah , apa bisa ngluwihi kauripan kang kabangun déning Gusti, satemah dadi watak kang pinuji sarta ngrasuk sipat asih tresna ? Gusti Yésus dadi tuladha. Iba luhuring pangwasa kongsi bisa mréntah segara lan alam jembar. Gusti kagungan panguwaos nundhung dhemit lan iblis sétan, nangèkaké wong mati, nyarasaké wong lara lan nulungi kang sengsara sarta paring kamardikan marang kang katindhes.

Gusti Yésus memulang supaya para pandhèrèké bisa ngapura marang luputaning liyan. Kuwi kabèh mujudaké lakuning ajaran bener. Ora kabèh piwulang ing gunung iku piwulang anyar. Nanging ana kang sumberé saka jaman para Nabi, nanging umat ora bisa mujudaké ing laku kanthi ceples sarta bener. Mulané rawuhé Gusti Yésus mujudaké sakabèhing piwulang lan wecaning para Nabi jaman biyèn.

Kaya kang katulis ing layang Roma, Paulus ngandharaké: Wong kafir uga duwé prinsip urip sing kaya kaya dadi cihnané karsaning Allah. Najan nyatané patraping laku ora ketemu. Duwé kawruhé nanging lakuné cengkah. Mulané piwulangé Gusti Yésus ing gunung iku, populer banget. Luwih luwih para kang wus nyinau pangandika ing Injil Prajanjian Lawas, kalebu ngerti marang Torèt, kotbah ing gunung iku tinampa dadi piwulang kang bener lan diakoni déning jagad raya iki, dadi piwulang kang utama banget. (Wong Jawa bakal ngerti iba luhuré piwulang kang ingaran Wasita Arga. Nadyan ora bisa kasajajaraké karo Wasitaning Sang Kristus ing Arga Hattin-Transl).

Ana piwulanging Agama supaya manungsa nglakoni dhawuh angger-angger peparingé Gusti Allah. Sapa ta sing bisa nglakoni? Nyatané ora ana sing bisa. Nanging pancèn ora klèru menawa ana penemu: Manawa bisa nglakoni dhawuhing Allah, mesthi wilujeng. Mula manungsa kudu kanthi temen mbudidaya nglakoni. Pancèn bener. Manawa bisa nglakoni, slamet. Yèn bisa !. Manawa bisa!. Nanging nyatané, apa ana sing bisa ? Sing sapa rumangsa bisa, malah bakal dadi sing ora katarima.

Kaya jasad jasmaniné Rama Adam sawisé cinipta dadi titah, bisané napas amarga ana daya urip kang asal saka panguwasané Gusti Allah. Napasing Allah remasuk marang Adam. Satemah Adam dadi insan kang urip. Ora saka rekadayané si manungsa, nanging saka kekuwatan peparingé Gusti Allah kang nitahaké manungsa. Pranatan Agama kang ana sadurungé Gusti Yésus rawuh, mung kaya déné jasmaniné Rama Adam. Semono uga angger-angger kang ditampa Nabi Musa. Pancèn iku peparingé Gusti Allah. Bisané jasad mau urip, kudu pinaringan roh, nyawa. Semono uga pranatan lawas ing bab ibadah, kuwi mung kaya jasmani kadonyan. Bisané ngolèhaké urip, nguwohaké kaslametan, kudu duwé roh kang nguripi.

Angger-anggering Agama ing Kitab Prejanjian Lawas, kuwi mung kaya déné jasmani. Déné Kotbahé Gusti Yésus ing gunung kuwi Rohing Agama. Kabèh piwulangé para Nabi ing jaman kuna, bakal njalari kauripan, manawa kadunungan Roh, yaiku Piwulang Anyar saka Gusti Yésus. Iki kang diandharaké, menawa rawuhé Gusti Yésus ora nyuwak angger-anggering Torèt, nanging malah mujudaké. Mujudaké ing kéné, uga duwé teges nguripi, maringi Roh. Manunggaling pangertèn Kitab Injil Prejanjian Lawas lan Injil Prejanjian Anyar, uwoh bandha rohani kang nguripi. Torèt iku jasadé, kotbah ing gunung iku nyawané. (Matéus 5)

Wong apa kang rahayu ?

Tumuli Gusti Yésus medhar pangandika, paring piwulang :

Rahayu wong kang padha mlarat ing budi, awit iku kang padha nduwèni Kraton Swarga.

Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.

Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku bakal tampa warisan bumi.

Rahayu wong kang kaluwèn lan ngelak marang kasampurnan, awit iku kang bakal padha kawaregan.

Rahayu wong kang ambeg welasan, awit iku bakal padha olèh piwelas.

Rahayu wong kang resik atiné, awit iku bakal padha sumurup marang Allah.

Rahayu wong kang dhemen ngrukunaké, awit iku bakal kasebut para putraning Allah.

Rahayu wong kang dikaniaya merga saka kayektèn, awit kang bakal padha nduwèni Kratoning Swarga.

Rahayu kowé, manawa merga saka Aku kowé diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah. Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhé ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggoné wong-wong padha nganiaya para nabi sadurungé kowé.

Mirsa wong akèh, Gusti Yésus minggah gunung lan lenggah. Para sakabat padha ndhèrèkaké. Miwiti pangandikan piwucalé, Gusti Yésus ngendika ing kawitaning kotbah, kanthi tembung: RAHAYU. Sing bakal kawulangaké bab KARAHAYON. Iki piwulang anyar, rohing piwulang lawas kang ibaraté mung jasad tanpa nyawa. Piwulang anyar bakal medhar bab: Rahayu. Tentrem, ayem, kawaregan, kalipur lan kabungahan kang rohani.

Béda banget karo piwulang jaman lawas. Pancèn ana dhawuhing Allah wujud angger-angger. Para guru jaman iku, miwiti mulang kanthi tembung: Kenaa ing laknat. (Terkutuklah, Ind.). Sing kawulangaké bab DUKANING PANGÉRAN . Gusti bakal paring laknat, ipat-ipat lan paukuman, manawa manungsa ora bisa kanthi sampurna nglakoni dhawuh. Kaya piwulangé Nabi Musa, mangkéné: Kenaa ing laknat wong kang ora netepi ing pangandikaning angger-angger Torèt iki kalawan panggawé. (Pangandaring Torèt 27: 26)

Ing jaman biyèn, akèh piwulang sing gawé giris lan rekasaning umat manungsa. Saben dina kaancam ing paukuman, amarga tansah nglakoni kaluputan. Lan nyatané ora ana wong siji baé sing suci lakuné. Kabèh gawé dosa. Angger guneman bab kaluputan lan dosa, banjur diélingaké anané pangancam paukuman. Banjur thukul angkuh lan sombong tumrap para kang nduwèni kawruh lan pangertèn, rumangsa wis nglakoni kabecikan. Banjur kanthi sakepénaké dhéwé ngarani wong liyané luput. Dhiri pribadi kaya sing wis becik sampurna. Banjur nduding klilipé wong liya, mangka mung lebu. Mangka mripaté dhéwé klilipén tatal ora krasa.

Piwulangé Gusti Yésus medhar bab lakuning urip kang andhap asor. Lembah manah lan kang resik ati. Tanpa kaangkuhan lan ora rumangsa bener dhéwé. Mulané sanajan sepira gedhéning dosa angger mratobat, bakal olèh apuraning dosa. Rawuhé Gusti Yésus ing ndonya ora nyebar laknat lan ipat-ipat sarta “kutukan” – ora. Rawuhé Gusti paring usada, paring obat laraning kauripan. Urip iki nandhang lara rohani, yaiku dosa. Mangka sacara jasmani ya wis akèh banget lelara sing tumama. Gusti ngendika marang Nikodémus, lan pangandikan iku uga kanggo kita kabèh: “ Awitdéné Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iki kongsi masrahaké Kang Putra ontang anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgèng.” Semangat nggayuh “rahayu” sarta pangertèn bab “urip langgèng” wiwit jaman Nabi Dawud , wis dadi kekidungan lan pepujian éndah. Mazmur tansah nyeksèni Manawa Gusti Allah iku kebak ing palimirma, remen paring apura. Iki kang njalari Kotbah ing gunung, piwulangé Gusti Yésus iku dadi Kabar Kabungahan tumrap manungsa dosa. Sing sapa mratobat lan pracaya, olèh urip langgèng ing Swarga.

Gusti Yésus miwiti kotbahé kanthi tembung tembung “ sih rahmat “ – Ora memulang lan ngebruki préntah-préntah, angger-angger lan “hukum.” Gusti mucal kanthi paring semangat, supaya umat manungsa bisa bali nemu karahayon manèh, sawisé uripé dirusak déning dosa lan kanisthan. Dadi titikaning piwulangé Gusti, yaiku bab kabungahan. Kabungahan kang nyata, kang maujud ing urip kebak pengarep-arep, jujur, bungah sukarena, memuji lan ngabekti kanthi ayem. Sing diarani angger-angger utawa dhawuh anyar baé, wujudé ora kaya angger-angger kadonyan gawèyané manungsa kang tansah ngutamakaké disiplin kadonyan. Piwulangé Gusti Yésus pinitaya dadi dhawuh anyar, uga dadi angger-angger. Gerbané mung tembung siji, bab: TRESNA, ASIH.

Manungsa wajib nresnani Gusti Allah kanthi tulus. Lan manungsa wajib nresnani pepadhané, dikaya marang awaké dhéwé. Pancèn kuwi ya angger-angger. Nanging irah-irahané baé wis nengsemaké: “ ANGGER-ANGGERING KATRESNAN.” Ana ing kawitaning piwulangé, Gusti Yésus ngudi amrih piwulang palsu kang nyasaraké uwong kabuwang disingkiraké. Amarga piwulang palsu iku asal saka akaling manungsa. Akaling manungsa ora tau padha karo karsaning Allah. Ing jaman Nabi Yésaya, Gusti Allah uga wus dhawuh: “Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira lan dalanira iku dudu marginingSun, mangkono pangandikané Pangéran Yéhuwah. (Yes 55: 8). Nyata Manawa Gusti Allah iku dudu sumbéring paukuman, nanging sejatiné Gusti Allah nyawisi sih rahmat marang umat manungsa, Allah iku sih katresnan.

Rahayu Wong Kang Mlarat Ing Budi

Mlarat ing budi, ing ngarsané Gusti Allah, aja mung dipikir kaya déné wong mlarat kang ora duwé bandha donya. Jaman sugengé Gusti Yésus pancèn ana panyèngguh, yèn wong mlarat ora bakal bisa mlebu suwarga, merga amal baé ora bisa. Utawa ibadahé uga ora pantes merga pirantiné iya ora duwé. Kuwi pikiran klèru. Penganggepé wong akèh sing “ rumangsa dadi barisan ngarep nuju kasuwargan “ kuwi mung wong wong sing sugih kawruh agama, para pemimpin Yahudi, kaum Farisi lan para wong wasis. Kawruh bab Mésias pancèn wis ngerti, nanging pengarep-arepé winatés ing bab-bab kaperluan ndonya, kalebu nikmating urip duwé pangkat, darajad lan semat. Wohé kaangkuhan.

Nanging Gusti Yésus ora paring kotbah kaya ngono, malah Kraton Swarga bakal kaparingaké marang wong-wong kang mlarat ing budi ing ngarsané Gusti Allah. Gusti uga ngendika ana ing Padaleman Suci ing wektu sadurungé, manawa ROHING ALLAH ANA ING PANJENENGANÉ, rawuhé anggelar kabar kabungahan marang wong miskin. (Lukas 4: l8 ). Tegesé miskin ing sajroning Roh. Yaiku para wong kang tansah butuh pengayomané Gusti Allah, amarga rumangsa ora duwé daya kekuwatan apa-apa manawa tanpa Gusti Allah. Wong kang miskin sajroning Roh iku, ora angkuh lan ora sombong, ora mung ngenut kareping ati lan ora mung ngudi kasenenganing ati, tansah rumaket marang Gusti Allah lan ora nuruti kasenengané mata.

Rahayu Wong Kang Prihatin

Sajroning urip kang sarwa angèl, sarwa ruwet lan ing kahananing jagad kang ora nentremaké iki, wong kang isih duwé ati prihatin, bakal kalipur. Mula cedhak karo karahayon. Ana panganggep, manawa sing bakal kalipur atiné amung sing sugih.

Amarga wong sugih atiné seneng, duwé bandha donya lan ngrasakaké urip seneng. Nanging sing dikersakaké Gusti Yésus ora mangkono. Sapa sing prihatin? Sing bakal rahayu yaiku kang nandhang prihatin, amarga anggoné nelangsani lakuné sing klèru. Iku bakal kalipur. Wong sing nelangsani dosa lan kaluputané, iki kang bakal kalipur. Para wong kang rumangsa asor lan nistha ing ngarsané Gusti Allah, iki kang bakal kalipur.

Uwong sing sadhar, manawa dosa lan kaluputané njalari uripé isi kanisthan. Rumangsa dosa, rumangsa nistha, rumangsa ringkih lan butuh pitulungané Gusti Allah, nelangsani dosané lan dadi prihatin. Iki kang bakal kalipur. Upama ana wong kang ngalami kasengsaran lan kasusahan, kang sababé amarga klèruning laku, lan banjur nandhang prihatin, iki kang bakal olèh panglipur. Panglipur iku sumberé amarga saka anané pangapuraning dosa. Gusti Allah nggatosaké kang prihatin. ( Yésaya 40: 2 ).

Wong Kang Alus Bebudéné Bakal Rahayu

Karahayon utawa kabagyan kang katelu yaiku wong kang alus ing budi. Mula sing bakal rahayu dudu wong sing ngegungaké panguwasa lan kalenggahan. Uga dudu wong sing saya rosa anggoné numpuk prebawa numpuk kadonyan. Dudu wong sing kanthi gagah katon kumawasa naliti ala beciking wong liya. Dudu wong kang gulu gedhé utawa ngendelaké kewanèn dupèh otote rosa. Dudu, nanging karahayon bakal pinaringaké marang wong kang alus ing budi. Sih katresnan luwih utama yèn katandhing karo panguwasa. Bakal olèh warisaning bumi, tegesé, bakal pinaringan bumi anyar lan langit anyar sanajan jagad raya iki kinelun musna. Wong kang alus ing budi bakal olèh warisan, yaiku urip langgèng nunggil karo Gusti ing bumi anyar lan langit anyar, urip kasuwargan. Sang Raja Dawud ing Mazmur uga nyerat: “ Awit wektuné mung kari sethithik wong duraka nuli bakal sirna, sarta papan panggonané baé yèn kok gatèkake iya wus ora ana manèh. Balik wong kang andhap asor iku bakal olèh warisaning bumi. Sarta bakal bungah-bungah amarga ngrasakaké katentreman kang linuwih.”

Rahayu Kang Luwé Lan Ngelak Marang Kasampurnan.

Iki dudu bab kasugihan kadonyan, dudu bab matéri. Nanging bab kaleganing batin, santosaning ati. Dudu bab kebaking isi weteng, ora bab nduwèni ombèn linuwih. Nanging bab pemarem, bab gegayuhan utama. Luwé lan ngelak, tegesé isih tansah butuh mangan lan butuh ngombé. Nanging ora amarga butuh wareging weteng lan telesing gurung. Nanging bab anggoné tansah nggayuh, bisaa pinaringan “hikmat kawicaksanan” saka Gusti Allah. Pangan lan ombèn-ombèn kasukman iku pangandikané Gusti Allah. Lan gegayuhané tansah dijampangi, diayomi lan kinanthi Sang Roh Suci. Tansah ngudi bisané rumaket marang Gusti Allah. Wong kang tansah nggolèki Gusti Allah, ibaraté kaya wong luwé lan ngelak. Nanging yèn mung ngudi marang ilanging rasa luwé jasmani, lan rasa ngelak jasmani, ing pungkasané malah nandhang kekurangan. Amarga barang donya bakal sirna. Mula marang kang mungkur ninggal bab kadonyan, ngutamakaké kasukman – karohanèn, ing tembé bakal ora kekurangan. Nabi Yésaya pitung atus taun sadurungé Masèhi, uga wus mulangaké dhawuhing Allah mangkéné: “ Lah para abdiningSun bakal mangan, nanging sira bakal padha kaliren. AbdiningSun bakal padha ngombé. Nanging sira bakal padha kasatan. Para abdiningSun bakal padha bungah-bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang. ( Yes 65:l3)

Wong Kang Ambeg Welasan Bakal Rahayu.

Wong kang mreduli marang pepadhané sarta nduwèni ambeg welasan, bakal nemu kabegjan. Gusti bakal melasi para kang duwé watak welasan. Ora téga marang kasengsaraning pepadha. Penganggep sing klèru ngarani manawa sing bisa duwé watak ambeg welas iku amung wong-wong sing sugih, sing duwé kawibawan lan panguwasa. Sejatiné wong wong kaya iku malah asring nindhes lan anggoné diurmati kanthi pakurmatan kapeksa. Sing ngurmati uga ora kanthi lair batin. Apa wong sing duwé watak keras, ngugemi prinsip agamawi. Satemah gampang banget kanthi kawruh lan kapinterané, wong liya dihakimi dijeksani. Banjur mbélani sing disenengi, mbélani sing nekakaké bathi. Apa kaya ngono kuwi sing diarani ambeg welasan merga mbélani wong liya? Dudu, ora kaya ngono kuwi. Ambeg welasan nduwèni kunci batin, sih katresnan lan jujur tulusing ati. Kratoné Allah madeg, kanthi para warganing kraton sing padha nduwèni lembah manah lan wataké welasan marang pepadha.

Nalika dhiri pribadi wus rumangsa nampa berkah sih rahmaté Gusti Allah arupa panguparaning dosa, wong kang ambeg welasan iya ora téga marang pepadhané yèn ngantiya wong liya ora antuk pangapura. Wong kang ambeg welasan bakal tansah ngudi, supaya saben wong manuh Sang Kristus banjur mratobat. Banjur pracaya marang pangrèhing Allah. Iku sumbéring karahayon. Lan wong kang ambeg welasan tansah kepéngin kanthi temen, supaya wong liya uga olèh kaslametan ana ing panebusing Sang Kristus. Raja kondhang ing Praja Yérusalèm, Sang Parabu Soléman ngendika ing Wulang Bébasan ( Amsal Salomo ) ll: l7, mangkéné: “ Wong kang ambeg darma iku mbeciki awaké dhéwé, nanging kang ambeg siya iku nyiksa awaké dhéwé.” Ingkang Ramané, Sang Prabu Dawud uga ngendika ing Mazmur: “Tumrap tiyang ingkang setya, Paduka ugi tumindak setya, tumrap tiyang ingkang tanpa cacat, Paduka ugi tumindak tanpa cacat. Tumrap tiyang ingkang suci, Paduka inggih tumindak suci, nanging tumraping tiyang para cidra, Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.” (Maz l8: 26,27).

Rahayu Wong Kang Atiné Resik.

Tanpa kasucèn, umat manungsa ora bakal weruh mring Allah. Kasucèn iku katitik ana ing ati kang resik, kang resik atiné bakal nyawang Gusti Allah. Iki mbingungaké. Apa bisa mamungsa kadonyan kaya kita iki bakal bisa nyawang Gusti Allah ? Gusti Allah priksa kahanan kita kabèh. Nanging Gusti ora katon saka panyawang kita. Injil Yohanès nulis pangandikané Gusti Yésus: “ Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting iku kang nerangaké kawontenaNé.”

Mesthi baé, manungsa kepéngin nyawang Gusti Allah kanthi mripat pancandriyané. Nanging kuwi tangeh lamun. Para sing ngrungokaké kotbahé Gusti Yésus, padha duwé pangira yèn bisa nyawang Allah bakal dadi sugih mbrewu, katurutan sabarang karepé. Ana ing ndonya bisa makmur.

Luwih luwih wong kang kawruhé bab agama wis bebles. Gusti Yésus kotbah, manawa wong kang suci atiné bakal nyawang marang Allah. Nyawang Gusti Allah, ora banjur ditegesaké harafiah. Nanging sejatiné apa kang wus katindakaké déning Gusti Yésus, anggoné nresnani jagad iki, kuwi dadi citrané wujuding katresnané Gusti Allah. Gusti Allah kagungan sih katresnan, Gusti Yésus iku kebabaring sih katresnan. Sing sapa neksèni lan precaya marang apa kang katindakaké déning Gusti Yésus, sejatiné uga wus nyawang sipat lan pakaryaning Allah. Nyawang Gusti Yésus ateges weruh marang sejatining Allah. Ing Mazmur 24: 3, 4 ) ngendika:

“ Sapa kang kepareng munggah ing gunungé Sang Yéhuwah ? Sapa kang kepareng ngadeg ing Padalémané kang suci? Wong kang resik tangané lan kang suci atiné. Kang ora masrahaké nyawané marang kaculikan, lan ora nglairaké sumpah goroh.”

Samubarang kang katindakaké déning Sang Kristus, kuwi pasuryan lan wadananing Gusti Allah. Nyawang mring Allah, tegesé bisa nampa lan ngrasakaké sih-katresnané Gusti Allah. Kang ditindakaké Gusti Yésus iku kabèh katresnané Gusti Allah marang jagad.

Kang Dhemen Ngrukunaké Nemu Kabegjan.

Akèh banget uwong sing ngaku sarta paseksi dadi Putraning Allah. Nanging ora kabèh sayekti wus bener dadi putra. Durung karuwan. Dupèh wis nyinau Injil, dupèh wus dibaptis ing Gréja, dupèh wiwit cilik wus Kristen, banjur otomatis dadi Putraning Allah. Ora gampang kaya mung malik lumah kureping tlapak tangan. Para turuné Rama Abraham pisan ta, ora banjur kanthi gampang ngaku dadi putraning Allah. Senajan katon olèhé berjuwang nglawan bangsa penjajah Romawi, nggayuh kamardikaning Israèl. Wong kanthi nyebut Asmané Gusti Allah, nindakaké panggawé banjur wus bener yèn kuwi mbélani kasucèning Gusti Allah. Durung karuwan. Gusti Yésus ngendika, para putraning Allah iku wong kang dhemen ngrukunaké.

Mesthi baé, rukun karo Gusti Allah, tegesé sesambunganing pangabekti rumaket. Lan rukun karo pepadhané, mangkono awitdéné anggoné bakal nindakaké katresnan. Banjur bisa rukun karo dhiri pribadiné dhéwé. Uripé ayem lan tentrem sugih pengarep-arep kang ginayuh kanthi suméndhé marang Gusti Allah.

Wong sing dhemen ngrukunaké, mesthi ora nindakaké kadursilan. Tentrem rahayu iku saka guru lan lelambaraning Kratoning Allah. Urip kang pinayungan tentrem rahayu iku mbangun turut pangrèhing Gusti Allah. Ing layang Efésus kapratélakaké, Manawa rawuhé Gusti Yésus iku nyawijèkaké lan ngrukunaké. (Efésus 2: l5). Layang Yakobus mulang kita kabèh: “ Sarta mungguh uwohing kayektèn iku kasebaraké sajroning tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.” ( Yakobus 3: l8 ).

Dikaniaya Merga Mbélani Sing Bener Iku Rahayu

Manawa ngugemi sing bener, nanging malah olèh kasengsaran, iku wong begja lan rahayu. Dikaniaya amarga mbélani kayektèn. Kuwi Kratoning Allah kang langgèng. Wong akèh ing ndonya iki ngira, manawa kasuwargan iku dadi duwèké para kang katon ibadahé becik, sing laku pasa sarta taberi sembahyang lan amalé gedhé. Wong Yahudi uga tansah ngantu-antu rawuhé Sang Mésias, Sang Juru Pembébas supaya paring pitulungan, satemah uripé manungsa bakal saya ngrasakaké kanikmatan. Supaya ana ndonya ora sengsara, bisa seneng lan saya wibawa. Rawuhé Sang Mésias, bakal gawé makmuré Israèl. Satemah ana ndonya urip bisa seneng lan kacukupan kabutuhan padinan.

Nanging Sang Kristus Yésus malah paring gegambaran, manawa Kraton Suwarga kasediyakaké marang wong kang dikaniaya merga ngugemi bebener. Wong miskin ing ngarsaning Allah bakal nemu kabegjan, pinaringan apuraning dosa. Pancèn wong kaya iku, ana ndonya katon ringkih, katon ora duwé kekèndelan. Pancèn kudu lembah manah, sabar darana, ambeg welasan lan ati resik. Wong kang kangené marang Gusti Allah ora tau suda. Wong becik seneng ngrukunaké. Iku pambanguning watak luhur. Pancèn, ora banjur nyata olèh bathi kadonyan – malah tuna kadonyan. Malah olèh panyéda, pamaido, éntuk kaniaya lan liya-liya. Asring banget malah nandhang susah. Rekasa, sengsara, dipaido lan nampa kaniaya, nanging amarga kabèh mau ngugemi sing bener, uwohé berkat kasuwargan. Yaiku urip langgèng nunggal karo Gusti Yésus.

Yèn ana wong lakuné ala banjur olèhpaukuman sengsara, kuwi adilé mangkono. Nanem piala maranguwong, banjur ngundhuh urip rekasa, kuwi kaadilan. Sing nanem ngundhuh. Nanging, ora owah gingsir, sing ngugemi kayektèn bakal nemu karahayon.

Sarining Piwulang

Sabda Mulya wolung prekara kasebut, ora sesambungan karo upacara agama kang lahiriah. Bisa baé, sing katoné mlarat dhéwé ing ndonya, nanging nduwèni kasugihan kasuwargan tanpa étungan. Wong sing prihatin malah sing pungkasané ayem tentrem. Tangis malah malih dadi esem lan bungah sukarena. Sing ngalah malah olèh kaunggulan. Sing sabar setya tuhu malah pinaringan kuwasa. Sing luwé lan ngorong bakal ngrasakaké wareg lan kalegan. Sing welas asih malah sing bakal nampa akèh. Sing loma ora kentèkan, Dudu pahlawan perang, nanging merga seneng ngrukunaké malah sing unggul. Sing kaya bocah, malah dadi duwé pangertèn, kaya pangandika kang tinulis ing ( Matéus ll: 25 ). Kang katindhes lan katundhung kacawisan omah langgèng ing kratoning suwarga. Kabèh mau amarga anggoné wani ngugemi kayektèn utawa bebener. Ora ana liya sumberé: Sabdaning Allah ( Firman ), ing Kitab Suci Injil.

Piwulang ing gunung kuwi, kaya wadung landhep kang meper lan mapras oyoding kekayon, yaiku piwulangé para leluhur kang kawulangaké klèru. Bab bakal rawuhé Sang Juru Wilujeng, Sang Ratu Adil kang ingaran Sang Mésias, utawa Sang Al Masih. Pangertèn lawas, tansah nuju marang nikmat kamanungsan, senenging daging lan wibawaning panguwasa, kang bakal mbélani kabébasan lan urip cukup. Pancèn bener, rawuhé Sang Mésias bakal paring kasantosan, nanging ora mung bab-bab kang winatés kadonyan.

Kata-kata bahagia ini merupakan pendahuluan dari pelajaran0pelajaran berikutnya, dan semuanya dimaksudkan untuk mereka yang akan menjadi rasul-rasulNya. Seperti Dia memberitahu mereka: “Sesudah kalian memiliki syarat-syarat dasar ini, kalian akan dibenci bahkan oleh saudara-saudaramu sendiri. Kalau kalian diperlakukan seperti itu, kalian akan berbahagia. Jangan sedih atau mengeluh bilamana semua hal yang tidak menyenangkan ini terjadi pada kalian demi Anak Manusia. Sebaliknya, bersukacitalah karena pahala kalian di sorga adalah besar. Dalam hal ini, kalian akan menjadi sama seperti para nabi yang mendahului kalian. Mereka semua mendapatkan kehormatan sebagai utusan-utusan Allah dan menderita aniaya karena hal itu.”

Kang bakal kabangun iku kraton langgèng, kang ngluwihi tanpa ukur katandhing karo kraton jagad. Katentreman sejati ora gumantung marang “laku agama sacara tata-lair” – ora gumantung marang suksès kadonyan, nanging kudu maujud nuju marang: Kauripaning batin, kajiwan lan kauripan rohani ing katentreman langgèng.

Nalika Gusti Yésus wawan pangandikan karo Nikodémus, sabdaNé ngener marang Kraton langgèng, kasuwargan. Nalika wawan sabda karo wanita Samaria ing sacedhaké sumur Yakub, Gusti Yésus paring pangandikan: Manawa Gusti Allah iku Roh, lan Kratoné Rohani. Pangandikan Kotbah ing gunung, prekara kasebut dadi utama banget. Yaiku bab karahayon langgèng, karohanèn lan bab kang ora mung gumantung ing upacara agama lahiriah. Nanging kudu rumesep tekan batin lan jiwa.Ukuran kang sipat matéri kadonyan, salin nganggo ukuran kang rohani.

Sabda Firman Wasita Arga Hatin, ing Matéus bab 5, kuwi piwulang kawitan kang katujokaké marang sapa baé kang dadi dutaning Gusti. Pangandikan iku uga, kaya-kaya dadi paugeran tumrap kita kabèh. Sing sapa mbélani Gusti Yésus, bisa uga digethingi déning wong akèh. Bisa uga uripé bakal nampa kaniaya.

Gusti paring lipur: Aja sedhih. Demi mbélani sing sejati, sing utama sayekti, kuwi dadi kamulyan ing tembé. Lan aja lali iku bakal nampa KANUGRAHAN gedhé ing kraton swarga. Kaya kaya Gusti uga ngélingaké, yèn sing sapa dadi dutaning Gusti, uripé bakal kaya para Nabi jaman kuna, bisa uga olèh panganiaya, saka panguwasaning jagad sing wis dikuwasani déning Iblis iki. Para nabi jaman kuna iku anglenggahi ayahan dadi DUTANING GUSTI ALLAH, lan padha nampa panganiaya amarga kalenggahan mau. Isih akèh manèh piwulangé Gusti ing gunung kang kudu dingertèni.

Sawisé kita kabèh nyinau kanthi taliti kotbahé Gusti ing gunung, supaya kita kabèh nduwèni paugeran bakuh, apa sababé kok kita kabèh ndhèrèk Gusti. Duwé gegayuhan apa déné dadi pandhèrèké Gusti Yésus ? Butuh kasenengan apa kabungahan?

Uyahing Bumi Lan Pepadhanging Jagad

“ Kowé iku padha dadi uyahing bumi. Lan yèn uyah iku ilang asiné, apa kang kanggo mulihaké asiné? Wis ora ana gunané manèh kejaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong. Kowé iku padha dadi pepadhanging jagad, Kutha kang ana ing ndhuwur gunung, iku ora bisa kaling-kalingan. Lan manèh wong nyumet diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangaké ing ajug-ajug, supaya bisa madhangi wong saomah kabèh. Semono uga padhangmu iya sorotna marang saben wong, supaya iku padha sumurup marang tindak tandukmu kang becik, temah padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing swarga.” ( Matéus 5: l3-l6).

Gusti Yésus paring dhawuh, Manawa para murid iku uyahing bumi lan pepadhanging jagad. Senajan jagad nampik, ora perlu kélangan asiné si uyah lan padhangé si diyan. Ora perlu kélangan panguwasa. Uyah, ing sajroning panganan ora kasat mripat. Nanging bisa dirasakké asiné. Pengaruh prebawané gedhé. Gawé énak. Sayur yèn kurang uyah rasané cemplang. Utawa lelawuhan sarta panganan kang kurang uyah, uga ora nikmat. Semono uga wong Kristen. Kudu ana pengaruh prebawané sing becik. Masyarakat dadi cemplang, yèn sawijining lingkungan ana wong Kristen nanging ora ana pengaruhé apa-apa. Padha baé karo sing ora Kristen. Senajan ora perlu kasawang lan dialem, nanging wong Kristen iku uyah lan pepadhanging lingkungan. Yèn wong Kristen mapan ing sawijining laladan, apa njalari tentremé lingkungan, apa malah gawé onar dadi sumbéring prekara? Lan kudu wani disawang. Masarakat umum bakal nyawang lan iku ateges nitèni lan nguji. Apa wong Kristen ngabekti marang Gusti.

Ibaraté nyumet diyan ora mung kanggo sesawangan, nanging kudu manfaat padhangé. Lakuné wong Kristen kudu bisa gawé tuladha padhang. Nanging kosok baliné, bisa uga dadi sandhungan, njalari pepeteng. Akèh wong ing jagad iki sengit marang Kekristenan, sing njalari malah wataké wong Kristen dhéwé ing sawijining lingkungan kono. Bisa uga kadadéyan kaya iku. Wong Kristen kudu bisa dadi uyah lan dadi pepadhang. Ora mung ing antarané wong Kristen dhéwé, nanging marang wong kabèh.

Gusti Njangkepi Dadi Sampurnaning Torèt

“Kowé aja padha duwé pangira, yèn tekaku iku bakal nyuwak Torèt utawa kitabé para nabi. Tekaku ota nyuwak, malah nindakaké. Awit satemené pituturku marang kowé: Nganti sirnaning langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurungé kabèh iku kelakon. Mulané sing sapa ngorakaké salah sawijining pepakon iki, sanajan kang cilik dhéwé, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal olèh papan kang asor dhéwé ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing mulangaké sarta nindakaké kabèh pepakoning Torèt, iku bakal olèh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga. Mulané pituturku marang kowé: “Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowé mesthi ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga.” ( Matéus 5: l7-20)

Nabi Musa mranata bangsa Israèl nggunakaké angger-angger Torèt dadi paugeran utama. Musa gawé pranatan werna werna, kanthi lambaran angger-angger sepuluh kang ditampa saka Gusti Allah ing gunung Sinai, nalika Israèl ngumbara ing ara-ara samun.

Angger-angger utawa hukum Torèt pinaringaké marang umat, supaya umat manungsa ngerti marang gedhéning dosané. Banjur mratobat. Sabanjuré Torèt kaya déné ngawal umat, supaya ketemu karo Sang Mésias. Torèt ngawal ngawat-awati lakuné bangsa kaya déné dadi pager, aja nganti lakuné padha nalisir. Lan isiné, dadi paugeran kabeneran. Umat manungsa kepéngin nglakoni isining Torèt, supaya bisa nggayuh pepénginané. Nanging ora ana sing bisa nglakoni kanthi sampurna.

Dadiné Manawa Sang Kristus rawuh ing jagad sinebut mujudaké angger-angger mau, tegesé Gusti Yésus nindakaké angger-angger mau nganti sampurna. Sanajan bisa nglampahi kanthi sampurna, anggoné nggentèni manungsa dosa, kalebu nggentèni nampa paukuman. Paukuman kang dilampahi Gusti séda sinalib ing Golgota, amarga manungsa wis nglakoni dosa sadurungé angger-angger katulis ing Torèt. Déné sawisé katulis ing kitab uga, manungsa iya ora bisa nglakoni kanthi sampurna. Mula manungsa kaancam ing ukum naraka. Gusti Yésus nggentèni manungsa dosa nyangga paukuman, mangka Panjenengané piyambak tanpa dosa, amarga sampurna anggoné nglampahi angger-angger mau. Sampurnané amarga nganti masrahaké rah lan nyawa. Angger-angger Torèt iku sejatiné uga bab nglakoni tresna tulus, nanging manungsa ora ana sing bisa. Gusti uga nggentèni manungsa anggoné “ damel bukti “ manawa angger-angger wis linakonan. Ora déning umat, nanging déning Sang Juru Wilujeng.

Gusti Yésus ora nyuwak, ora ngilangi angger-angger Torèt, rawuhé malah mujudaké. Yaiku anggènteni manungsa dosa, nggentèni NGLAMPAHI lan nggentèni KAUKUM. Sejatiné sing kudu nglakoni Torèt sarta nampa paukuman iya manungsa dhéwé. Manut katrangan kang ana ing Layang Roma bab 8: l, Gusti Yésus wus kanthi sampurna nindakaké lan mujudaké dhawuhing angger-angger. Mulané manungsa dadi mardika.

Gusti Yésus ora bakal nyingkiraké angger-angger kang ing jaman kuna wus kaparingaké marang Nabi Musa. Ora banjur ibaraté mbuwang isi saka woh-wohan. Panjenengané mujudaké ing laku, lan ngrembat akibat kanisthaning umat. Iya ing kono, Gusti Yésus unggul amarga sembada ngremuk “éndhase” si ula, ngalahaké Iblis. Kabuktèn anggoné kepareng wungu saka séda. Banjur kundur marang Swarga Mulya.

Para ahli kitab lan para Farisi, amarga ngerti kawruh Torèt, banjur rumangsa wis bisa nglakoni dhawuhing Allah, lan precaya manawa bisa golèk suwarga kanthi laku agama. Nanging mengkono kuwi ora cukup, suwarga ora bisa binuka déning lakuning umat manungsa. Mula Gusti paring piwucal: “ Yèn laku agamamu mung kaya wong ahli kitab utawa kaya wong Farisi, kowé ora bisa mlebu swarga. Yèn laku agamamu ora ngungkuli apa kang ditindakaké kaum Farisi lan wong Yahudi, kowé ora bakal nunggah suwarga.”

Bisané ngungkuli, manawa para murid lan umat manungsa precaya marang Sang Mésias. Lakuné uga kudu ngluwihi, yaiku saben dina urip kanthi pamratobat. Uripé kabangun salin laku, dadi tumemen lan adil, setya tuhu, kebak sih tresna, kanthi iman lan andhap asor. Wiwit jaman kuna lelandhesan iki wis kadhawuhaké. (Maca: Mikha 6:8).

Tentrem Rukun Ing Bedhamèn

“ Kowé wus padha krungu yèn para leluhur padha kaparingan pangandika mangkéné: “ Sira aja mematèni. Sing sapa mematèni kudu diukum.” Nanging Aku pitutur marang kowé, sing sapa nesu marang seduluré, kudu diukum. Sing sapa ngunekaké seduluré: Kapir ! Kudu diukum déning pengadilan agama. Lan sing sapa ngunekaké gemblung, mesthi kacemplungaké ing naraka murub. Mulané manawa kowé nggawa pisungsung menyang misybah, mangka kélingan yèn kowé lagi sengit karo sedulurmu, utawa sedulurmu lagi sengit karo kowé, pisungsungmu tinggalen ing ngarepé misybah kono, nuli balia marang sedulurmu mau, rukuna dhisik. Sawisé banjur balia nyaosaké pisungsung. Diénggal rukuna karo lelawananmu mumpung lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowé aja nganti diladekaké déning lelawananmu mau marang jeksa. Jeksa banjur masrahaké kowé menyang pembantuné, temahan kowé dilebohaké ing pakunjaran. Satemené pituturku marang kowé: Kowé ora bakal metu saka ing kono, sadurungé kowé nyaur utangmu kanthi sah.” ( Matéus 5: 2l-26).

Paring piwucal lan dhawuhé Gusti Yésus magnané ngluwihi kang tinulis. Angger-angger kang mréntahaké supaya: Aja mematèni, aja nyatur ala, aja nesu lan liya liyané kuwi, aja amung tinampa minangka dhawuh kang wajib dilakoni. Nanging sing luwih utama ora bab laku, saya jero tegesé marang bab SIKEPING URIP. Yèn ora tau matèni, mula kudu resik atiné, ora gething sengit marang uwong. Yèn wis ora tau nyatur ala, kudu tulus atiné anggoné duwé sih katresnan. Iki ros, utawa atining angger-angger. Yaiku sih katresnan. Tulus ikhlas, lair batin. Gunemé padha kaya lakuné. Lakuné padha kaya kang diomongaké. Yèn isih nyimpen rasa gething sengit, saupama misungsung marang Gusti Allah sowan ing ngareping misybah altar tanpa guna. Rukun karo sedulur sing disengiti utawa sing nyèngiti luwih dhisik, sabanjuré lagi ngaturaké pandonga.

Angger-anggering Kasucèn.

Kowé wus padha krungu pangandika mangkéné: “ Sira aja laku jina.” Nanging aku pitutur marang kowé: “ Sing sapa mandeng wong wadon kanthi nduwèni krenteg utawa nduwèni sir marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné.” Mulané manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah sawijining péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka. Lan manèh Manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah sawijining péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka. ( Matéus 5: 27-30).

Akèh wong ngakoni dosa, nanging ora tekan ati. Lan uripé iya ora owah dadi becik. Aja lali, yèn wong mikir mikir lan nyèngguh wong liya laku lènjèh, utawa pikirané lékoh marang wong liya, iku padha baé karo wus tumindak jina sèdhèng marang liyan. Pikiran iku dadi oyoding tumindak. Yèn sajroning ati ana thukulé oyot pait, lakuné bakal pait.

Oyod mau kudu dijabel sadurungé ngrembaka dadi dosa. Tumrap urip iki, sejatiné luwih becik kélangan kasugihan lan samubarang kang ditresnani, kalebu kang ditresnani mau péranganing badan, katimbang kélangan urip langgèng ing swarga mulya. Iki sejatiné bebener. Nanging manungsa, sanajan ngerti kawruh iku, lakuné tansah keblinger. Senajan pinter kawruhé, nanging keblinger lakuné. Pambangun turut marang Panjenengané, nganthi kita kabèh nuju marang ayem tentrem langgèng.

Bab Pepisahan Utawa Pegatan.

Lan uga ana pangandika mangkéné: “Sing sapa megat bojoné, kudu mènèhi layang pegat. Nanging aku pitutur ing kowé: Sing sapa megat bojoné ora jalaran saka laku jina, iku njalari bojoné laku jina. Lan sing sapa ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.” ( Matéus 5: 3l-32)

Nabi Musa ngeparengaké wong Yahudi pegatan karo sisihané, amarga wangkot sajroning ati, lan nggugu kareping kadagingan. Pawadané werna-werna. Apa manèh jaman saiki, pikirané manungsa malah golèk akal gawé pawadan kang tehnis. Gusti Allah ora naté marengaké. Gusti Allah iku ora rena ing nggalih mirsani wong pegatan karo sisihané. GustiYésus uga ora nyarujuki. Kaya mangkono mau aja nganti kadadéyan ing brayat Kristen. Mung kanthi pawadan sepélé baé, sisihané dipegat. Aja kaya ngono.

Sejatiné Nabi Musa uga ora nyarujuki, nanging merga saka wangkoting ati mau, nuruti hardaning kanepson. Kanthi paring dhawuh supaya sing megat mènèhi layang pamegat, kaya déné sawijining rekadaya, supaya wong jejodhowan sadhar, lan ora perlu pegatan. Nanging dhasar ati wangkot, mula nékad ngrusak brayaté dhéwé. Kekristenan dhawuh, supaya langgèng lan sucining ningkah, kudu diajeni ing pambangun turut. Senajan kanthi pawadan anané jinah slingkuh seksualitas uga, sejatiné pangiketing ningkah tetep ana. Amarga wong wadon sing wis dipegat sing lanang, banjur ana sing gelem ngrabeni wong wadon mau, kuwi thukul jinah sèdhèng anyar.Tambah dosa uga. Amarga, manawa sing lanang isih urip, iketan mau isih tetep ana. Mulané ora ana tali tresna kang ngluwihi sampurnané, kejaba pangabekti marang Gusti kanthi ajrih-asih. Amrih kélangan rumaketing katresnan karo sisihan, manungsa kudu nglebur si aku, rasa kuméngsun kudu sumingkir, wong modern ngarani ora kena egois.

Sing Bisa Tulus, Aja Sumpah Lan Supata.

Kowé wus padha krungu yèn para leluhur wus nampa pangandika mangkéné: Aja nglairaké sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira, ana ing ngarsaning Pangéran. Nanging Aku malah pitutur marang kowé: Aja supata babar pisan. Dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah. Dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampeyaNé, dadia demi Yérusalèm, awit iku kuthané Sang Nata Agung. Iya aja supata demi sirahmu, awit kowé ora bisa mutihaké utawa ngirengaké rambutmu sealer baé. Yèn iya, kandhaa iya. Yèn ora, kandhaa: Ora. Saluwihé saka iku, asalé saka si pengawak dursila. ( Matéus 5: 33-37).

Piwulang Yahudi nuntut supaya yèn sumpah, dilakoni tenan. Nanging Gusti Yésus malah paring piwulang: AJA SUMPAH BABAR PISAN. Ora kepareng sumpah, demi apa baé senajan bener utawa luput. Ora dikeparengaké sumpah. Padatan kanggo golèk kapitayan, supaya wong liya precaya lan mrecaya dhiri pribadiné. Sajroning sumpah nyata ana campur adhuking bebener lan lelamisan. Wong Kristen wajib paseksi nyata. Yèn iya, kandha iya. Yèn ora kudu kandha ora. Luwihe saka tembung iya lan ora, asalé saka pengawak dursila, iya si Iblis kang tansah ngajak urip lelamisan. Pancèn Iblis iku bapaké si goroh. Manungsa dadi “munafik” merga nuruti pamilutané sétan. Kakristenan, merdi kauripan iki amrih jujur, tulus lan nglakoni samubarang kang bener lan nyata. Ora perlu ngucap sumpah. Janji kena, nanging kanthi niat manawa Gusti Allah marengaké. Upama duwé janji, aja mung lamis, nanging wujudna kanthi tulus.

Tansah Males Kabecikan.

“Kowé wus padha krungu pangandika mangkéné: “Mripat winales mripat, untu winales untu.” Nanging aku pitutur ing kowé: “Kowé aja nglawan marang wong kang gawé piala marang kowé. Malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan. Lan Manawa ana wong kang arep prekaran karo kowé, sedyané ngepèk klambimu, jubahmu pasrahna pisan. Apadéné manawa kowé dipeksa dikon ngiringaké lakuné wong sa-mil adohe, iringna nganti rong-mil. Yèn ana wong njejaluk marang kowé, wènèhana. Lan aja nulak wong kang arep utang marang kowé.” ( Matéus 5: 38-42).

Kaya kang tinulis ing kitab Pangentasan 2l: 24, ana pranatané Nabi Musa bab kaadilan. Sing dianggep adil iku upamané: Mripat ganti mripat. Utang untu wales untu. Ukurané matéri kadonyan, kareping manungsa golèk kaadilan. Nanging kaukur saka sabarang kang katon. Sajroning atiné wong, aja nganti ana roh males ukum. Piwulang kuna, kaadilan kuwi ora béda karo wales winales. Utang getih nyaur getih, utang nyawa nyaur nyawa. Sing saya thukul sajroning batin, rasa dhéndham pangigit igit. Kepénginé menang sawisé males supaya lega rasaning ati.

Gusti Yésus paring piwulang anyar. Jiwaning piwulang ora bab males merga golèk kaadilan. Nanging piwulangé Gusti Yésus adhedhasar sih katresnan. Pranatan nagara sing becik, mesthi ana Hakime lan ana Jeksané. Putusaning sidhang kang bakal nemtokaké bener luputé ( Roma bab l3 ). Bab kaadilan, iku panguwasané Gusti Allah. Manungsa ora ana sing bisa tumindak adil. Mung Gusti Allah baé kang adil. Mula Rasul Paulus ing layang Roma l2: l9, paseksi: “Para sedulur kang kinasih, aja nganti kowé dhéwé nindakaké piwales. Nanging iku pasrahna marang bebenduning Gusti Allah. Sabab ana tulisan mangkéné: “ Pamalés iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesaké.” Mangkono pangandikané Pangéran.

Gusti ngersakaké, ing antaraning umat manungsa aja nganti ana tukar padu. Aja ana papérangan, supaya rukun nggegulang bedhamèn. Supaya bisa nganggep utama marang pepadha, ora mung ngutamakaké dhiri pribadi. Kuwi becik kanggo karukunan.

Angger-anggering Katresnan.

Kowé ya wis padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira! Nanging Aku malah pitutur marang kowé: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet. Supaya kowé padha katitika, yèn dadi putrané Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethèkaké srengéngé marang wong ala lan kang becik, sarta nurunaké udan marang wong kang ambeg adil lan kang ora. Déné manawa tresna marang wong kang nresnani kowé, iku kowé olèh pituwas apa? Para juru mupu béya rak iya tumindak mangkono, ta? Lan manawa kowé awèh salam mung marang sedulur-sedulurmu baé, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya tumindak mangkono, ta? Mulané kowé padha sampurnaa, kaya Ramamu ing suwarga iya sampurna. ((Matéus 5: 38-42 ).

Pangirané uwong akèh, manawa gething marang wong sing nyèngiti awaké dhéwé kuwi adil lan bener. Sengit kawalés gething, isin diwales wirang dianggep sawijining kaadilan. Sejatiné semangat utawa jiwaning angger-angger, wiwit sekawit iku adil. Kaya sipat kang ana ing pribadi kang paring angger-angger mau. Semono uga Gusti Allah, paring adil marang sapa baé ing wektu isih diparingi wektu supaya mratobat. Nuju marang pamratobat, Gusti Allah paring sih. Paring adil. Paring berkah lan pengayoman – marang sapa baé padha. Panas lan soroting srengéngé uga pinaringaké marang wong ala lan wong becik. Udan uga kaparingaké marang wong ala lan wong becik, kanthi sih katresnané Allah kang sarwa adil iku, karsaning Allah supaya umat manungsa weruh marang asal-usulé sekawit, banjur kangen bali marang mula mulanira, mratobat.

Manawa sing mangrèh kita kabèh kagungan sipat luhur kaya ngono, kita para umat, babar pisan ora kena sengit lan gething marang pepadha. Apa manèh gawé wales ala marang pepadha. Malah kudu ngalahaké piala kanthi kabecikan. Nulad marang penggalihé Gusti Allah, umat manungsa wajib ngudi rukun lan bedhamèn supaya urip ayem tentrem. Geni sesatron kudu disiram kanthi kabecikan lan sih katresnan. Sih katresnan kang tulus iku tanpa melik. Tanpa ngétung bathi lan tunané. Sih katresnan iku ora ngarep-arep piwales. Sih katresnan kuwi ora egois – tegesé – ora mung mikiraké marang awaké dhéwé. Sih katresnan iku sugih pangapura lan andhap asor.

Manawa angger-anggering Pangéran dilakoni ing urip sadina-dina, manungsa bakal pantes sinebut dadi putraning Allah. Amarga kang becik iku asalé amung saka Gusti Allah. Nglatih dhiri nglakoni angger-anggering Allah, kudu kawiwitan saka tulusing batin, yèn ati wis ambuka lawang, kuwi uga merga pitulunganing Allah, berkah tumurun. Berkah iku wujudé bisa arupa kabisan lan kekuwatan paringing Allah temah manungsa pinaringan roh pambangun turut. Pinaringan roh katresnan, lan liya-liyané manèh. Satemah sacara jasmani, ing tata lair urip iki olèh kekuwatan, manut marang dhawuhing Gusti.

Bab Sedhekah Lan Pasa.

"Padha diéling, aja padha nglakoni kuwajibaning agama ana ing ngareping wong supaya: katona ing wong iku. Awit yèn mangkono kowé ora bakal olèh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga. Mula yèn kowé dedana aja kok juwarakaké kaya adaté para wong lamis ana ing papan papan pangibadah lan ing lurung-lurung. Pamrihe supaya dialem ing wong. Satemené Aku pitutur marang kowé iku wus padha tampa pituwasé. Nanging manawa kowé dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakaké tanganmu tengen. Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon. Ramamu kang nguningani tumindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowé. ( Matéus 6: l-4).

Gusti Yésus sarujuk banget yèn pranatan lawas kang wujud laku amal sarta tindak dedana, dilestarèkaké. Iku dadi kuwajibaning uripé para umat kang sanyatané tansah nampa berkah lan kaadilan saka Gusti Allah. Nanging aja nganti nukulaké gumunggung lan angkuh sombong. Amal, ora bisa mbukak lawaning kaswargan. Melasi wong miskin pancèn kudu dilakoni. Nanging aja ngira yèn mangkono iku njalari urip iki banjur kabangun dadi suci. Swarga iku peparinging Allah, dudu amarga amalé titah.

“Anadéné manawa kowé padha pasa, ulatmu aja kok gawé aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyrengungusaké ulaté supaya wong wong padha weruh yèn lagi pasa. Satemené pituturku marang kowé: Iku wus padha tampa pituwasé. Nanging kowé manawa pasa, sirahmu lenganan lan raupa, supaya enggonmu pasa aja ketara marang uwong, ngemungna kauningan déning Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowé.” ( Matéus 6: l6-l8 )

Pasa pancèn becik dilakoni. Supaya pangabekti kita dadi setya tuhu lan disiplin, mula kita kabèh perlu nglakoni pranataning agama. Pandonga, perlu. Sedhekah lan dedana perlu. Pasa iya gedhé manfaaté. Sanajan mangkono, Gusti Yésus memulang kabèh mau aja mung golèk pengalem, supaya dianggep yèn wis becik ibadahé merga katon yèn nglakoni. Pandongané, sembahyangé ditindakaké ing ngarepé wong akèh supaya katona yèn nglakoni dhawuhing agama. Pancèn ora diawisi ndedonga ing satengahing wong akèh, nanging aja merga golèk pengalem. Olèhé sedhekah lan nglakoni pasa, ora perlu dikétok-kétokaké marang wong. Ulaté digawé nyrengungus lan digawé aclum. Supaya wong akèh weruh yèn lagi pasa. Temah bakal diarani déning uwong, yèn wus pantes dadi wong ibadah – banjur seneng merga dialem.

Dedana lan pasa, prayogané dilakoni kanthi sesidheman, supaya mung Gusti Allah baé kang priksa. Yèn golèk alem, supaya dipuji kuwi jenengé munafik. Gusti Yésus ora marengaké para pandhèrèké nglakoni dedana lan pasa, amung supaya disawang wong liya. Banjur rumangsa marem merga wis nglakoni. Apa sanyatané bisa sampurna ? Ora !

Sejatiné apa kang bisa ditindakaké manungsa iku, durung pantes olèh kanugrahan berkah kaswargan? Sing cetha, Gusti Allah ora karsa nampa ibadahé umat kang lamis. Aja kaya para pemimpin Yahudi jaman sugengé Gusti Yésus. Gusti Allah ora karsa nampa ibadah kang mung tata lair thok.

Bab Pandonga.

Déné manawa kowé padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan papan pangibadah ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemené Aku pitutur ing kowé, iku wus padha tampa pituwasé. Nanging yèn kowé padha ndedonga, lumebua ing kamar, lawangé inebna, banjur ndedonga marang Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowé. Apamanèh, sajroning ndedonga, aja nganggo tembung akèh-akèh kaya adaté wong kafir, awit iku padha nduwèni pangira yèn merga saka akèhing tembungé pandongané bakal kabul. Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa kang kok butuhaké, sadurungé kowé matur. Tembung tembung kang kaucapaké ora duwé kasektèn. Kekuwatan kang nyata amung saka Gusti Allah baé. Aja kita kabèh ngira yèn pandonga iku kudu apal lan dadi apalan, yèn nganti klèru tembungé ora afdol kurang sekti. Ora mangkono. Donga iku béda banget karo japa mantra. Ana wong ndedonga basané ndakik, gunemé lancar, suwarané kèndel lan ukarané dawa. Katarimané pandonga ora gumantung marang iku.

Marga saka iku ndedongaa mangkéné:

Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucèkaken, Kraton Paduka mugi rawuh, Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga, kawula mugi kaparingan rejeki kawula, sacekapipun ing dinten punika. Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapadéné kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. Awitdéné Paduka ingkang kagungan Kraton saha Wisesa tuwin Kamulyan salami-laminipun. AMIN.

“Sabab manawa kowé padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowé. Nanging yèn kowé ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.” ( Matéus 6: 5-l5)

PANDONGA iku oyoding kekristenan kang perlu lan wigati banget. Wong pracaya , imané kudu urip. Uriping iman katitik saka NAFASÉ. Nafasing iman iku PANDONGA mau. Sang Putra lan Rohé kang suci, dadi pantara kita. Yèn awaké dhéwé ndedonga, Gusti Yésus kang jumeneng ana ing satengahing donga mau. Ngrukunaké manungsa lan Gusti Allah. Yèn sajroné kita kabèh ndedonga, kinanthi ing Roh Allah, lelandhesan pananggelé Gusti Kristus, manungsa dikeparengaké matur marang Allah: RAMA. Gusti Allah dadi Rama kita, awit iman kita marang Sang Kristus Yésus Putraning Allah

Apa sing dadi kabutuhaning urip, ya jasmani ya rohani bakal kaujudan, angger pandonga kita mujudaké keyakinan kita marang Sang Putra kang nunggal karo Sang Rama. Pandonga kita kudu manut panuntuning Firman. Roh Suci mangrèh urip kita, ana ing patunggilané Sang Putra lan Sang Rama. Sang Putra kang kadunungan Rohing Allah, Sang Putra iku Sabdaning Allah. Gusti Yésus Kristus, nyatunggil karo Gusti Allah, kaya rumaket lan manunggaling PANGANDIKA nunggal karo KANG NGENDIKAAKÉ. Manunggalé Gusti Yésus karo Gusti Allah, kaya manunggaling BADAN lan ROHÉ.

Gusti Yésus paring conto pandonga. Sing diarani DONGA RAMA KAWULA. Kasektèné ora dumunung ing uniné, ORA GUMANTUNG BASANÉ, ukara lan apalaning tembungé. Nanging daya kekuwatané gumantung marang panguwaosé Gusti Allah piyambak. Sajroning ndedonga, manawa imané tumuju marang Allah kang nunggal karo Sang Kristus, pengarep-arepé uga tumuju marang Panjenengané, sarta katresnan kita rumaket marang Panjenengané, apa kang kita suwun bakal pinaringaké. Amarga kang kita suwun ora mung bakal kanggo nyènengaké ati lan kadagingan. Wong Kristen nunggal karo wong Kristen liyané ing patunggilaning pasamuwan. Ing pasamuwan katuntun déning Roh Suci, kang dadi sesirahing patunggilan Gusti Yésus Kristus.Mula pandonga kita, marang Gusti Allah kita matur: Dhuh, Rama kawula …” Amarga Sang Rama kuwi ora dadi ramaku dhéwé, nanging rama kita kabèh wong precaya. Gusti nyontoni ndedonga nyuwun apuntening dosa, kaya kita kabèh iya kudu ngapura marang kaluputaning pepadha. Gusti Yésus wus paring apuraning dosa, srana karsa rawuh ing ndonya madosi umat kang nandhang dosa. Pancèn uga ana piwulang Yahudi, manungsa kudu olah tresna marang pepadha. Nanging ora cetha. Ing kanyatan, wong Yahudi ngaku nresnani wong liya, nanging isih duwé ati tegelan lan ora duwé welas marang kang ringkih. Sajroning pandonga kang kawulangaké déning Gusti Yésus, ana semangat paseduluran lan semangat patunggilan dadi Putraning Allah.

Kita kabèh diwulang, supaya nyuwun marang Sang Rama, supaya kauwalna saka panggodha. Tegesé, kita kabèh kudu sadhar, manawa kekuwataning Iblis iku pancèn ana lan rosa banget. Kosok baliné, kita kabèh sadhar lan precaya, yèn panguwasané Gusti Allah ngungkuli kekuwatané Iblis lan ngalahaké daya karosan apa baé. Gusti Allah kagungan kraton, panguwasa lan kamulyan kang langgèng. Iki nuntun marang kita kabèh, manawa kekuwatan liyané bakal kasoran karo daya panguwaosé Gusti Allah. Ing pandonga piwulangé Gusti Yésus, mratélakaké marang umat manungsa, supaya paseksi yèn sing utama iku amung Gusti Allah piyambak.

Semangat iman kaya kang ana ing bocah cilik, tresna tinresnan kaya sedulur, semangat ngabekti kanthi andhap asor nyata dadi jiwaning pandonga. Nalika Gusti Yésus mulang bab pandonga iku marang para murid, kalenggahan minangka pantara durung kanthi nyata kawiwitan. Mulané pungkasaning pandonga mau durung ana ukara donga kang linambaran ing asmaNé. Sawisé Gusti Yésus sumengka menyang swarga, sakabèhing pandongan kang bakal kinabulaké dipiyarsakaké déning Sang Rama, kudu linandhesan ing asmaNé. Padatan wong padha mungkasi kanthi ukara: “ Wonten ing pananggelipun Gusti Yésus Kristus. Amin.” Anané ing pandonga Rama Kawula Gusti durung nyebat asmané Sang Roh Suci, amarga bab tumedhaké Sang Roh Suci, durung bisa dingertèni déning para rasul.

Wong Precaya Lan Bab Rumaket Marang Dhuwit.

“Aja padha nglumpukaké bandha ana ing ndonya; ana ing ndonya bakal kena ing renget lan taiyèng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong. Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan taiyèng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong. Amarga ing ngendi dununging bandhamu, iya ana ing kono dununging atimu. Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan. Nanging manawa mripatmu cacat, badanmu dadi peteng kabèh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowé dadi peteng, saiba ta petengé iku. Ora ana wong kang bisa ngrangkèp pangawulan, awit ora wurung bendarané kang siji bakal disengiti; sijiné ditresnani, utawa bakal setya kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.

Mulané Aku pitutur marang kowé: “ Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kok pangan utawa kok ombé, lan badanmu, apa kang bakal kok anggo. Ajiné urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajiné badan ngungkuli sandhangan? Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyènyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewodéné padha kaparingan pakan déning Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowé ora kinacèk luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku ? Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umuré saasta baé marga saka sumelang ? Mangkono manèh yagéné kowé padha sumelang bab sandhang panganggo ? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggoné tumuwuh, ora nganggo nyambut gawé lan ngantih. Ewadéné Aku pitutur marang kowé: Sanajan Raja Soléman sajroning sagunging kaluhurané, pangagémané ora madhani salah sawijining kembang iku. Mulané yèn suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sésuk diobong. Iku dipanganggoni nganti kaya mangkono déning Allah. Saya manèh kowé, hèh, wong kang cupet ing pangandel!

Awit saka iku aja padha sumelang lan celathu: “ Kang padha dak pangan apa ? Utawa kang padha dak ombé apa ? Lan manèh kang padha dak sandhang apa?”Awit iku kabèh diupaya déning para wong kafir; kowé aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wis mirsa yèn iku mau kabèh dadi kabutuhanmu. Ananging Kratoning Allah lan kasampurnané, iku padha upayanen dhisik nuli samubarang iku mau kabèh bakal diparingaké marang kowé. Mulané aja padha sumelang ing bab dina sésuk, amarga dina sésuk iku kadunungan kasusahan dhéwé. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.” (Matéus 6: l9-34)

Semua itu dicari oleh bangsa-bangsa yang tidak mengenal Allah. Akan tetapi Bapamu yang di sorga tahu, bahwa kamu memerlukan semuanya itu. Tetapi carilah dahulu Kerajaan Allah dan kebenarannya, maka semua itu akan ditambahkan kepadamu. Sebab itu janganlah kamu kuatir akan hari besok, karena hari besok mempunyai kesusahannya sendiri. Kesusahan sehari cukuplah untuk sehari (Matius 6:19-34).

Gusti Yésus ngélingaké marang para murid, supaya aja rumaket marang dhuwit. Bandha donya kadonyan iki, lelahanan. Kadonyan bakal sirna. Amung bandha rohani kang langgèng salawasé. Rahayu wong atiné ora rumaket marang samubarang ing bumi nanging rumaket kang tumuju marang bab kaswargan. Tumrap wong iku bakal luwih gampang nindakaké kabecikan. Kosok baliné, yèn manungsa wus kadhung rumaket marang dhuwit, bakal kangèlan nglakoni kabecikan. Lan angèl bisa ngasihi Gusti Allah kanthi tulus. Mangka yèn kita kabèh bisa ngasihi Gusti Allah kanthi tulus, katuntun ing Roh bisa nglakoni kabecikan kang metokaké uwoh. Lan uwoh iku ingaran bandha kasuwargan. Uwoh kabecikan iku, kalebu yèn manungsa nresnani marang pepadhané.

kabecikan. Lan angèl bisa ngasihi Gusti Allah kanthi tulus. Mangka yèn kita kabèh bisa ngasihi Gusti Allah kanthi tulus, katuntun ing Roh bisa nglakoni kabecikan kang metokaké uwoh. Lan uwoh iku ingaran bandha kasuwargan. Uwoh kabecikan iku, kalebu yèn manungsa nresnani marang pepadhané.

Manawa Gusti ngendikakaké bab iku marang para murid, amarga para murid iku dadi pepadhang uga. Lan sabanjuré kakersakaké nuntun wong liya supaya padha olèh pepadhang. Ngerti marang kayektèn, kaya déné duwé mripat kang mèlèk. Ibaraté badan nduwèni diyan sing jeneng mripat. Kuwi sing ngolèhaké pepadhang. Yèn para murid kélangan padhangé, ibarat kélangan mripaté, kepriyé anggoné padha nuduhaké bab sing bener marang para wong sing kurang pangertèné? Mulané Gusti Yésus mulang. Supaya bisa mènèhi padhang marang wong liya. Bisané mènèhi padhang marang pepadha, manawa urip iki amung gumantung marang Gusti Allah. Sang Rama kaswargan bakal nyampeti sawernaning kaperluwan rohani lan jasmani kita. Priya lan wong wadon kang cinipta manut citrané Gusti Allah piyambak, mesthi bakal diayomi lan diopèni. Amarga manuk ing awing-awang lan kembang kembang ing ara-ara baé diopèni lan dipaèsi déning Gusti Allah kanthi katresnan. Panjenengané mesthi nyawisi samubarang kaperluwan kita kabèh. Gusti Allah paring badan jasmani, apa iya yèn ora bakal paring papan lan sandhang sarta pangan kang sipat jasmani uga? Kaperluwan jasmani lan rohani kita kabèh, mesthi dicawisi déning Rama kita. Pancèn, manungsa kudu nyambut gawé kanggo nyukupi kabutuhan, nanging bab kuwi kudu dilakoni kanthi: Tanpa kuwatir. Pasrah sawutuhé marang Gusti Allah. Panyambut gawé kita mesthi bakal pinaringan berkah. Dadiné saiki kudu mangertèni, Manawa Gusti Allah ngarsakaké, kita kabèh kudu ngutamakaké kang rohani, ngutamakaké kang bener lan ngener marang utamaning Kraton Swarga. Sabanjuré, Gusti kang bakal ménggalihaké, nyawisi lan paring berkahing kajasmanèn ana ing bumi iki. Sing utama, ngudi marang bab karohanèn kang sinebut ngupaya dhisik kraton swarga. Sawernaning kaperluwan kita bakal kawuwuhaké déning Gusti Allah marang urip iki. Iki pangandikane Gusti Yésus ing Injil Matéus 6 ayat 33. Coba diwaos!

Aja Ngakimi Pepadhamu.

“ Aja padha netepaké alaning wong, supaya kowé iku aja katetepaké alamu. Amarga wewaton kang kok anggo ngukumi ala beciking wong, yaiku kang bakal ngukumi ala becikmu. Sarta takeran kok anggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowé. Kapriye déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sedulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé kok ora weruh? Kapriye déné kowé kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana mripatmu iku dak ilangané, mangka mripatmu dhéwé ana glondhongé. Hèh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana mripatmu, mengko kowé bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripaté sadulurmu.” Barang kang suci aja kok wènèhaké marang asu, lan mutiaramu aja kok uncalaké marang ngarepé babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowé. ( Matéus 7: l-6 ).

Gusti Yésus ora ngersakaké, kita kabèh ngakimi lan ngukumi wong liya. Apa sing kita lakoni katrap marang wong liya, uga bakal mbalik kanggo matrapi kita kabèh. Sing sapa ndumuk kaluputaning liyan, bakal mbukak uga kakurangan kita dhéwé. Padatan, marang wong liya iku kita keladuk ngakimi, amarga gething sengit utawa males ukum. Apa manèh manawa nalika nyawang luputing liyan mau banjur digedhèk-gedhèkaké. Nanging marang kaluputané dhéwé, akèh sing nutupi. Sing sapa nyandhang kaluputan, ora bakal bisa melèhaké kaluputané wong liya. Nuturi wong liya ora bakal kasil becik, yèn awaké dhéwé uga nglakoni kaluputan. Apa manèh yèn lakuné sing nuturi luwih nistha katimbang kang dituturi. Mula, ayo dirasak-rasakaké lan dihayati pangandika kang surasané: Hèh wong lamis, etokna dhisik glondhong ( klilip kang rupa balok kayu ) ing mripatmu luwih dhisik, sabanjuré kowé bisa nulungi sedulurmu sing klilipén tatal ing mripaté. Gusti Yésus uga paring dhawuh supaya kita kabèh bisa wicaksana.

Yesus juga menghendaki kita untuk bijaksana dan bisa menimbang-nimbang dalam percakapan keagamaan kita, supaya jangan sampai kita dijadikan sasaran olokan dan ejekan karena perkataan-perkataan kita sendiri. Jika kita tidak berhati-hati, kita akan menjadi seperti mereka yang memberikan hal-hal yang kudus kepada anjing-anjing atau melemparkan mutiara kepada babi. Perkataan-perkataan kita harus sesuai dengan suasana dan keadaan yabng dihadapi, dan tepat bagi mereka yang akan mendengarkan apa yang kita katakan.

Sajroning rembugan bab agama, aja nganti gunem kita kabèh njalari pamoyok lan pangolok-olok. Apamanèh yèn gunemé ndakik nanging lakuné ngisin-isini. Kuwi sing jeneng malah gawé sandhungané wong liya kang bakal golèk dalan padhang. Yèn kita sepi ing kawicaksanan, ora empan papan, ora angon wanci lan gawé laraning atiné pepadha, mangka banjur nguwohaké pangina sarta gunem kita banget dirèmèhaké, ibaraté nguncalaké mutiara marang papan kang mubazir. Upamané mutiara diuncalké menyang ngarepé kewan babi. Kewan mau ora butuh paweweh kita mutiara. Bareng rumangsa kareridhu, malah nglawan lan nyundhang marang kang mènèhi. Mulané kudu wicaksana, kaya pangrèhing Sang Roh Suci, sabar lan lembah ati.

Nyuwuna, Bakal Kaparingan.

“ Padha nyènyuwuna temah bakal kaparingan. Padha golèk-golèka temah bakal olèh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenangan. Sabab saben wong kang nyuwun bakal tampa, sing golèk balk olèh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang. Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok mènèhi watu. Utawa yèn dijaluki iwak, kok mènèhi ula ? Dadiné yèn kowé kang ala padha mangerti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya manèh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyènyuwun marang Panjenengané.” Mulané apa sing kok karepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya etrapna marang wong amarga iya mangkono iku surasané Torèt lan kitabé para nabi. ( Matéus 7: 7-l2)

Satemené Sang Rama kang ana ing swarga tansah nanggapi pandonga. Sing jeneng manungsa lumrah baé, yaiku bapa cara manungsa, wong tuwané awaké dhéwé kabèh sing mung manungsa lumrah baé ngerti barang becik sing disuwun anak-anaké. Apa manèh Sang Rama Kang Maha Asih lan Mahamirma, mesthi bakal maringi panyuwuné para umat kang nresnani Panjenengané. Sing kangen bakal diusadani rasa kangené. Sing nothok lawang, bakal ditampa becik lan diwengani lawang supaya sing nggolèki mau banjur mlebu. Gusti Allah mesthi maringaké samubarang kang becik, lan kang akibaté becik uga tumrap urip kita kabèh. Peparing kang becik dhéwé wus nyata, yaiku ingatasé awaké dhéwé kabèh iki ringkih kaya grabah lemah, ala kebak kanisthan, ewadéné diparingi panuntuning Sang Roh Suci. Kang dadi karsané, kanthi panuntuning Sang Roh Suci mau kita kabèh ngerti karsaning Allah lan wanuh sarta banjur anduwèni Sang Juru Wilujeng Yésus Kristus.

Sabanjuré Gusti uga paring pepakon kang ana sing ngarani iku “ Pepakon Emas,” amarga ajiné luhur banget. Sabdaning Allah kang mangkéné pangandikané: “ Mulane apa sing kok karepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya etrapna marang uwong.” Pancèn dhawuh iki ana ing wulang agama kang bener kudu kabuktèn dadi laku lan piwulangé para Nabi iya mangkono iku. Dadiné kudu nganggep yèn wong liya iku uga duwé pepénginan. Sing lantip ing graita lan duwé tepa salira. Amarga Gusti Allah kang tansah ngasihi marang kita kabèh, urip iki prayogané uga duwé uwoh katresnan marang pepadhaning urip. Iki amarga Gusti Allah tansah nresnani kita kabèh. Panyuwun kita mung siji, yaiku supaya tansah kinanthi Gusti siyang lan ratri.

Lawang Loro, Sing Ciyut Lan Amba

Saklébatan kaya prekara sing gampang, nanging dadiné angèl. Yaiku bab milih. Milih dalan, milih lawang lan nemtokaké pilihan liyané. Prekara-prekara sing rohani lan urusan ndonya padatan njalari bingung anggoné nemtokaké pilihan.

Milih Lawang Sing Endi? Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit amba lawangé lan jembar dalané kang anjog ing karusakan, mangka akèh wong kang padha metu ing kono. Kosokbaliné, ciyut lawangé lan rupit rumpil dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku. Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowé kanthi nyamar dadi wedhus gèmbèl, mangka sejatiné iku asu ajag kang galak. Iku bakalé padha katitik marang kowé saka wohé. Apa ana thethukulan eri kok tuwuh anggur. Utawa rerungkutan kok metokaké woh anjir? Dadiné wit kang becik metokaké woh becik. Awit kang géringen wohé iya ora apik. Wit kang becik ora bisa metokaké woh kang ala, lan wit kang géringen ora bisa metokaké uwoh kang becik. Sarupané wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungaké ing geni. Dadiné wong-wong mau bakal katitik saka uwohé. Kang bakal lumebu ing kraton swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti! Nanging mung wong kang nglakoni sakarsané Ramaku kang ana ing swarga. Ing dina wekasan bakal akèh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas Asma Paduka? Punapa malih sampun ngawonténaken mujizat kathah atas asma Paduka? Ing wektu iku bakal padha Dakblakani mangkéné: “ Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, hèh, wong kang padha gawé duraka.” ( Matéus 7: l3-23).

Lawang utawa dalan loro, saben uwong bisa lumebu ing kono sawisé nemtokaké pilihan. Gusti Yésus ngendika: Dalan sing sawiji, ciyut. Ing awalé angèl diliwati, amarga dalan kuwi rumpil. Nanging pungkasané nemu berkah sing rahmat lan kabungahan. Dalan kapindho, jembar bawéra. Diliwati nyènengaké. Ing awalé gampang banget dileboni. Nanging ing pungkasané nggiring marang urip sengsara lan papa cintraka.

Gusti Yésus paring sabda, supaya kita milih dalan sing ciyut. Amarga dalan iki tumuju marang kamulyaning urip kang bakal kelakon ing tembé. Wong akèh pancèn milih dalan sing kawitané jembar bawéra lan nyènengaké. Yèn awake dhéwé kepéngin nggayuh urip tentrem mulya, aja milih dalan kang jembar bawéra lan nyènengaké. Gusti Allah babar pisan ora ngersakaké rusaking urip iki. Guneman bab dalan, utawa bab lawang, asring dirèmèhaké wong ing ndonya iki. Manungsa kelalen, yèn urip iki bébasan wong ngumbara, bébasan kaya musafir kang nuju marang gegayuhaning urip. Yaiku urip langgèng ing kasuwargan. Pancèn ana sing komentar: Kanggo apa isih urip ana ndonya kok susah-susah mikir bab akhérat. Ana ndonya ya mikir butuhing kadonyan. Bab akhérat gampang !

Nah, guneman mangkono kuwi wis kalebu wong mau milih dalan kang gampang. Wis milih dalan utawa lawang sing nyènengaké. Yèn kesuwèn ora krasa lan rumangsa, yèn kesuwèn anggoné ora sadhar, bisa mbebayani. Lakuné nuju marang urip kang kesasar. Ora bisa nemu lawang gegayuhan tentrem, nanging malah nemahi kasengsaran langgèng. Amarga ora bakal bisa ketemu karo Gusti Allah. Jroning lumaku, yèn nuruti kareping ati sarta adoh saka panganthining Allah, ing ujung laku ketemu karo sing jeneng: Kasengsaran langgèng. Sétan wis ngentèni ana ing ujung dalan jembar kuwi.

Gusti Yésus paring pangandikan, ibaraté urip iki kaya uwit, uwohé iya kudu kaya jinising uwit. Yèn ngaku uwit kagungané sing Maha Kuwasa, ya kudu uwoh woh-wohan kang kakersakaké déning kang kagungan. Pelem, awoh pelem. Jeruk legi, ya awoh jeruk legi. Kalakuan tata lair, iku dadi citraning batin. Ora pantes, wong ibadah agama nanging lakuné kebak jejember lan gawé sandhungan amarga lakuné saru dinulu. Uwit kang ora bisa metokaké uwoh becik, bakal ditegor lan diobong ing geni langgèng. Bisa uga, mbésuk tekaning dina pangadilan ana sing protès: “ Gusti, wonten ing ndonya kula ngladosi Paduka, nindakaken padamelan lan kaélokan atas asma Paduka Gusti.”

Karepé, najan akèh dosané supaya aja diukum. Amarga nalika uripé ana ing ndonya tansah NYEBUT ASMANÉ GUSTI. Tumindak ya ora lali yèn iki ATAS ASMANÉ GUSTI ALLAH. Saben dina pangucapé tansah nggunakaké tembung-tembung agamawi.

Anggoné protès mau, supaya Gusti kang ngadili ora kesupèn yèn uripé laku agama.

Sang Yésus Kristus, ratuning dina kiyamat kang ing rawuhé manèh bakal ngasta pangadilan, sawisé nangèkaké wong mati ing dina Kiyamat. Marang wong lamis Gusti bakal ngendika: AKU ORA WANUH KARO KOWÉ. LUNGAA SAKA NGARSAKU, HÈH KOWÉ KANG TANSAH LAKU DURSILA ! Wong lamis iku ora liya wong kang ibadahé amung ana ing lambé, nanging sipat lakuné tanpa asih. Kaya uwit kang ngaku jeruk manis, nanging uwohé jeruk asem kecut.

Bedané Wong Wicaksana Lan Wong Gemblung

“Mulané saben wong kang ngrungokaké pituturKu lan banjur dilakoni, iku kaya déné wong pinter kang ngadegaké omahé ana ing padhasan. Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhé, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing padhas. Nanging saben wong kang ngrungokaké pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamané kaya wong kang gemblung, kang ngadegaké omahé ana ing pawedhèn. Bareng udan deres, temah banjir, sarta ana angin gedhé kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusaké. (Matéus 7: 24-27)

Wong wicaksana yèn gawé omah mbangun fondasi padhas, fondasi beton. Supaya omahé bakuh. Kosok baliné sing amrih gampange, ditindakaké déning wong gemblung. Wong gemblung, yèn mbangun omah golèk gampang angger dadi. Gawé fondasi ing sandhuwuring pasir. Pasir utawa wedhi, gampang olèhé ngrata. Gampang olèhé ndhudhuk. Béda karo watu padhas. Wong gemblung, milih fondasi pasir.

Kuwi piwulang ibarat, kaya déné wong ibadah kang nggayuh kasuwargan, tegesé nggayuh urip tentrem ayem lan abadi, langgèng. Kang gawé fondasi pasir, upamané wong kang mung ngrungokaké baé marang pangandikaning Allah. Nanging ora dilakoni. Katoné ngutamakaké pranatan lan ngudi banget kawruh bab agama, nanging lakuné tanpa prikamanungsan lan tanpa katresnan. Iku uripé wong gemblung. Nalika ana banjir lan kaserang prahara lésus, omahé ambruk amarga pondhasi wedhi, dudu padhas.

Kosok baliné wong sing wicaksana, yaiku kang gawé pondhasi padhas, watu kali apa beton rosa, omahé tetep bakuh. Sanajan ana prahara, kaserang lésus lan ana lindhu.

Iku ibaraté wong kang ngrungokaké pangandikané Allah, sregep nyinau Kitab Suci, lan dilakoni ing uripé sadina-dina. Dadi wong ibadah, imané teguh, ngabekti kanthi ajrih asih marang Allah, kawruhé jero bab Kitab Suci, lan sing utama dhéwé: Nglakoni Firman. Senajan uripé kebak dosa lan kanisthan kang njalari ringkihe, nanging tansah ngudi, supaya uripé sadina-dina mbangun miturut manut pangrèhing Gusti Allah. Mangkono uripé wong wicaksana. Ora mung nyinau lan ora mung ngrungokaké piwulang agama baé, nanging nglakoni sing dadi dhawuhing Allah. Sanajan nyatané ringkih tanpa daya, nanging Sang Roh Suci kang nguwataké lan paring panuntun. Temah dadi kuwat. Wong wicaksana bakal kalis saka pangancaming paukuman pati langgèng. Nanging wong gemblung, ora bisa nduwa lan ora bisa éndha, mesthi nampa paukuman nalika tekané dina pangadilan ing akhir jaman. Ibaraté, prahara lésus ngrubuhaké omahé.

Injil ngendika:“Kacarita, bareng Gusti Yésus wus mungkasi pangandikané iku mau, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé. Jalaran anggoné mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Torèt.” ( Matéus 7: 28,29)

Wong akèh kang padha nampa piwulangé dadi gumun. Ing atiné krasa lan duwé manawa pamulangé kanthi kawibawan. Krasa piwulang mangkono amung kalair saka kang sanyatané ngasta panguwasa. Kanthi tégas, kanthi tandhes anggoné paring paugeran pinasthi. Ora kaya para ahli Torèt, kang kawulangaké tuntutaning pranatan agama. Sing akèh mulangaké bab paukuman manawa umat manungsa ora urip suci sampurna. Anggoné ngajèni agama, ngluwihi anggoné ajrih asih marang kang Maha Kuwasa. Luwih wedi marang angger-anggering agama, katimbang marang Gusti Allah. Béda karo Gusti Yésus, anggoné mulang wijang, lan paring dalan amrih manungsa milih karahayon. Sarta Sang Kristus saguh nulungi lan nanggung.

Ing piwulang sadurungé, manungsa kaya digegiri déning para ahlining Torèt, tansah diwulang bab Gusti bakal ngukum marang kang ora ibadah suci. Nanging Gusti Yésus memulang bab ngudi katentreman, kawitané kanthi panelangsané ati. Nelangsa amarga anggoné padha ora bisa nglakoni pangandika kanthi sampurna. Iki kang malah banjur nampa pitulungan dikuwataké. Piwulangé ahli Torèt, ngajak para umat supaya ngudi lan ngrekadaya bisa nglakoni sasampurnané. Kanthi pambudidaya sakuwaté manungsa, yèn gagal bakal nampa paukuman saka Gusti Allah. Mangkono iku béda banget karo piwulangé Gusti Yésus. Sing sapa rumangsa ringkih tanpa daya, lan banjur ngungsi marang Gusti Yésus, bakal pinaringan kekuwatan ngabekti. Tumemen lan andhap asoring ati, dadi dalan kawitan nemu dalan rahayu. Dadiné, kawilujengan kang katampa déning manungsa iku peparingé Gusti Allah amarga kaapura dosané. Ora saka nglakoni kanthi panggawé. Nanging kabèh mau sih rahmat. Déné sing sapa wus pinaringan berkah rahmat keslametan langgèng, sapantesé nglakoni kabecikan. Laku becik lan laku bener mau ora merga anggoné golèk suwarga, nanging nglakoni kang bener lan becik kuwi amarga wus rumangsa nemu kabegjan yaiku kaapura dosané sawisé mratobat. Malah kacawisan urip langgèng ing suwarga.

GUSTI NYARASAKÉ ABDINÉ PRIYAYI KAPERNAUM

Bareng wis rampung anggoné ngadika marang wong akèh, Gusti Yésus banjur lumebet ing kutha Kapernaum. Ing kono ana sawijining opsir panatus kang duwé batur, kang banget kanggep, iku lara banget lan wis mèh mati. Bareng opsir mau krungu bab Gusti Yésus, tumuli kongkonan pinituwané wong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsané, nyuwun supaya Panjenengané karsa rawuh nyarasaké batur mau. Wong-wong mau iya banjur sowan sarta nyuwun tulung kanthi adreng aturé: “ Tiyang punika pantes kapitulungan, amargi tresna dhateng bangsa kita, saha inggih tiyang punika ingkang ngyasakaken kita papan pangibadah.” Gusti Yésus banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis cedhak karo omahé opsir iku, opsir iku kongkonan mitrané matur marang Panjenengané: “Dhuh Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten pantes Paduka rawuhi; awit saking punika kawula inggih sampun rumaos boten pantes sowan ing ngarsa Paduka. Nanging Paduka mugi karsaa ngandika satembung kemawon, réncang kawula tamtu badhé saras. Amargi kawula piyambak inggih tiyang ingkang kapréntah, sarta inggih mbawahaken prajurit. Manawi kawula aken dhateng salah satunggaling prajurit punika: Lungaa, piyambakipun inggih lajeng késah. Punapadéné menawi kawula aken dhateng satunggalipun: Mrénéya, inggih lajeng dhateng. Utawi dhateng réncang kawula: Iki tindakna. Inggih lajeng dipun tindakaken.” Bareng Gusti Yésus midhanget atur mangkono iku, Panjenengané éram, nuli minger mirsani wong akèh kang padha ndhèrèk, lan ngandika: “ Aku pitutur marang kowé, pangandel kang saméné gedhéné iki Aku durung tau tumon, sanajan ing antarané wong Israèl !” Bareng kongkanan mau wis padha bali, lan wis tekan ing omah baturé wis ketemu waras. ( Lukas 7: l-l0).

Rawuhé Gusti Yésus ora ngersakaké dilayani. Nanging bakal leladi. Gusti Yésus, tansah mbuktèkaké yèn pangandikané nyata, sarta apa kang dingendikakaké uga dilampahi déning Gusti uga. Béda karo para ahli Torèt, Gusti Yésus yèn mulang kanthi kawibawan. Kaélokan kang katindakaké nyata dadi buktining panguwasaNé.

Rawuh ing Kapernaum, disuwuni tulung sawijining opsir tentara Romawi kang kinurmatan ing lingkungané. Abdiné kang kinasih lara, mèh mati. Banjur opsir mau ngutus abdi liyané ngaturi rawuhé Gusti Yésus. Ora susah rawuh baé, opsir mau precaya yèn Gusti Yésus bisa nyarasaké. Opsir utawa penatus Roma kuwi, duwé rasa welas lan nresnani abdiné. Arang bandara ngasihi kanthi trenyuh banget marang baturé. Luwih luwih wong pangkat opsir.

Nanging opsir siji iki béda karo liyané, Gusti mesthi mirsa bab iku. Opsir mau dibantu sesepuh Yahudi ing Kapernaum, supaya ngaturi Gusti Yésus. Kanthi mangkono tetéla, manawa ing Kapernaum para Pemimpin Yahudi durung thukul rasa ora seneng lan ora memungsuhi Gusti Yésus. Kabuktèn gelem dikonkon sang opsir sowan marang Gusti Yésus. Opsir kasebut yakin banget yèn Gusti Yésus karsa nulungi.

Pimpinan Yahudi asal Kapernaum mau matur marang Sang Kristus manawa Opsir sing abdiné lara mau wong becik. Malah mbantu olèhé yasa papan pangibadah.

Sejatiné utusan kaya para sesepuh Yahudi ing Kapernaum mangkono mau ora diperlokaké déning Sang Kristus. Amarga Gusti Yésus mirsa kabèh kang kadadéyan ing omahé Opsir Romawi mau olèhé duwé rasa tresna marang pembantuné. Amarga Gusti Yésus iku Allah piyambak kang rawuh ing jagad, ngagem sarira manungsa sampurna. Rohing Allah, Sabdaning Allah kang manjalma dadi insan Maha Sampurna.

Apamanèh jaman saiki. Kita kabèh ora merlokaké pantara saliyané Sang Kristus piyambak. Para suci, utawa malaékat uga, jaman iki wis ora diperlokaké manèh dadi pantara kita. Anggon kita bisa manunggal karo Gusti Allah, amarga Gusti Allah kang luwih dhisik kagungan karsa, kagungan inisiatif ngrawuhi manungsa ing jagad iki. Manunggaling kawula Gusti, kelakoné amarga Gusti karsa nunggil madosi kawula.

Ing layang l Timotius 2: 5, Rasul Paulus nerangaké: “Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, semono kang dadi pantara ( pantawis) ing antarané Gusti Allah lan manungsa iku, iya mung siji. Yaiku Sang Manungsa Yésus Kristus.” Yèn tanpa pantara, manungsa ora ngerti lawang lan dalané. Dalané nunggal karo Gusti Allah iku wus kabukak lan wus kabangun warata, yaiku Gusti Yésus Kristus, kang kagungan sipat Manungsa Sejati, Allah Sejati lan Suci tanpa dosa. Mulané sembada bisa nulungi.

Gusti Yésus iku Sang Firman. Sang Firman iku Allah piyambak. Amarga Gusti Allah iku Roh, kang bisa kita tampa Sabdané. Pangandikané tumurun marang manungsa lumantar para Nabi kang kapilih dadi duta kaswargan. Dadiné, Gusti Allah ngutus pribadiné piyambak ana ing wujud Sang Sabda. Iya Sabdané piyambak. Sang Sabda kang ora naté pisah karo kang ngandika. Dadiné kang mijil saka Allah kang sinebut Putra iku, ora naté pisah karo Sang Rama, kaiket ing Roh Suci siji, ya Rohing Allah.

Ing kalenggahan sarta kuwasa semono luhuré, pancèn ora mokal lamun Opsir Roma mau rumangsa ora pantes yèn ngaturi Gusti Yésus kudu rawuh pinarak mangka mung bakal disuwuni tulung. Mula pancèn mungguh lamun amung nyuwun supaya Gusti Yésus karsa ngandika saka kadohan baé, sing lara mesthi mari pulih dadi waras. Semono keyakinané Opsir Romawi mau. Malah Gusti Yésus iya mratélakaké: “ Iman kang semono gedhéné mau durung naté dipanggihi, sanajan ing antarané wong Israèl pisan.” Gusti mirsani samubarang. Gusti Yésus uga mirsa manawa pratélan mau gawé cuwaning atiné wong Yahudi, déné iman precayané durung duwé pengaji. Malah Sang Kristus nandhesaké, manawa kratoning swarga iku bisa dileboni déning bangsa apa baé, ora ngemungaké suku-suku Israèl. Ing Kratoning Swarga, bakal akéh sing teka saka kulon, saka wétan, saka ngendi-endi lan bakal kembul dhahar saméja karo Abraham, Iskak lan Yakub. Malah para anaking kraton kabuwang menyang njaba, keprungu tangis lan keroting untu, nahan paukuman. ( Matéus 8: ll,l2).

Kanthi tégas, Gusti Yésus uga ngendikakaké, supaya bisa slamet mlebu swarga, ora kudu dadi wong Yahudi. Nanging, sapa baé kang precaya marang Panjenengané, najan wus mati bakal urip manèh. ( Maos: Yohanès 3: l6; Yohanès ll: 25 )

Mulané duwé makna kang jero, sarta dadi pawarta kabungahan wigati anggoné Gusti Yésus mitulungi nyarasaké abdiné Opsir Romawi mau, Yèn keslametan uga kasediyakaké kanggo para bangsa liya, senajan dudu bangsa Yahudi. Anggoné nyarasaké sing lara kanthi panguwasa, saka kadohan uga sing lara dadi waras. Mung kanthi paring dhawuh. Kaya kang katulis ing Injil Matéus 8: l3 .

Penggalihé Gusti dadi rena banget sanajan Opsir Romawi iku, Prawiraning Tentara Rum kalebu wong kafir, precaya marang Sang Kristus. Iku panèn kapisan saka bangsa kafir, uwoh kang kapisan pracaya, saka antarané dudu darah Yahudi. Ingatasé bangsa Romawi nanging malah gelem nampa Panjenengané, nanging uga mirsa yèn bangsané dhéwé wong Yahudi wis ngemohi Panjenengané. Panulaking bangsa Yahudi marang Sang Kristus kang jumeneng Mésias, ora mung kadadéyan ing jaman sugengé Gusti Yésus, nanging nganti sepréné uga.

Mangka bangsa Yahudi tansah nampa piwulang saka para leluhur lan para Nabi, yèn bakal tumurun Sang Mésias, kang bakal merdikakaké umat manungsa. Pancèn sing diarep-arep wong Yahudi kamardikan kadonyan, urip kepénak lan kecukupan kabutuhan ing urip kajasmanèn. Kalebu mardika saka penjajah Roma. Sejatiné kang luwih utama iku : Karahayon langgèng ing Swarga, malah ora dadi gegayuhan sing perlu.

Para maos kang kinasih ing Gusti, Apa kraos ing pénggalih manawa urip kita iki ora pantes nampa pangapuraning dosa?

Yèn rasa rumangsa kaya mengkono iku thukul sajroning ati kita, kuwi berkah kawitan kang sabanjuré nuju marang urip rahayu. Amarga rasa rumangsa kang mangkono iku kawitaning berkah iku panuntuning Allah piyambak. Kosok baliné kang rumangsa bisa ngudi kaslametan dhéwé, lan rumangsa wis pantes ana ngarsané Gusti Allah kanggo nampa ampunan, amarga rumangsa wus ngrasuk agama, wah bilai kang rumangsa bisa !

Saiki awaké dhéwé mung bisa nyuwun kawelasan marang Gusti Allah kang wus nebus urip kita saka cengkeremaning Sétan, kanthi katebus déning Gusti Yésus Kristus, srana nglampahi séda sinalib. Kuwi kang katindakaké Sang Mésias Juru Wilujenging jagad. Ayo pasrah marang Sang Kristus, nyuwun kawelasan ing panguwaosé kang agung. Kanthi andhap asoring ati, nyuwun pangapuraning dosa, mratobat.

PADHA TRESNAA MARANG MUNGSUHMU; WONG KANG NGANIAYA KOWÉ PADHA DONGAKNA SLAMET, SUPAYA KOWÉ PADHA KATITIKA, YÈN DADI PUTRANING RAMAMU KANG ANA ING SWARGA, KANG MLETHÈKAKÉ SRENGÉNGÉ MARANG WONG ALA LAN WONG BECIK, SARTA NURUNAKÉ UDAN MARANG WONG KANG AMBEG ADIL LAN KANG ORA. ( Matéus 5: 44.45)

GUSTI YÉSUS NGURIPAKÉ BOCAH SING WIS MATI

Sawisé iku Gusti Yésus tindak menyang ing sawijining kutha kang aran Nain. Para sakabaté padha ndhèrèkaké lan iya ana wong akèh kang padha gumrudug mèlu ndhèrèk uga. Bareng tindaké wis cedhak karo sakèthènging kutha, ana layon kapikul metu, iku anak ontang-anting, embokné wus randha. Akèh wong saka ing kutha kang padha ngiringaké. Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welasé. Banjur ngandika marang randha mau: “ Aja nangis !” Gusti Yésus banjur nyelaki bandhosa, lan didemèk. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “ He, bocah anom, Aku dhawuh marang kowé: Tangiya !” Kang mati tumuli njenggèlèk, linggih lan wiwit guneman. Banjur dipasrahaké marang embokné. Kabèh wong padha wedi lan banjur padha ngluhuraké Gusti Allah. Pangucapé: “ Ana Nabi Agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wus nuwèni umaté.” Pawarta bab Gusti Yésus iku banjur sumebar ing satanah Yudéa, lan ing tanah-tanah sakiwa tengené kabèh. ( Lukas 7: ll-l7 )

Gusti nglajengaké tindak saka Nazarèt nuju menyang kutha Nain. Rombongané Gusti Yésus pinanggih karo iring-iringan kang lagi ngusung jenasah, anaké mbok randha ing Nain kono. Sedhih banget ditinggal mati anaké ontang-anting kuwi. Lan Gusti mirsa isining atiné sing lagi prihatin. Anak kang banget ditresnani ninggal donya.

Wektu iku iring-iringan kang dipengarepi malaékating pati, ketemu karo rombongan Ratuning Kauripan. Sang Kristus iku patangèn lan kauripan, selaginé rajaning pepeteng baé sejatiné wedi ngadhepi Sang Kristus. Senajan Sétan kaya kaya lagi lungguh ing sandhuwuring peti jenasah nguwasani bocah enom kuwi bakal kagawa menyang alam pati. Dumadakan ketemu karo tindaké Sang Kristus kang kadhèrèkaké para wong kang precaya sarta para rasul. Akèh uga wong golongan kawula kang ndhèrèkaké. Ing samburiné rombongan jenasah, wong Yahudi uga akèh kang nglayat kaya adat Yahudi mèlu ngiring jenasah dadi kewajiban nglipur kang kasripahan. Padatan padha ngeteraké tekan pamakaman.

Tumrap adaté wong Yahudi, tumindak mangkono mau kalebu laku sakral, kang ora kena ditindakaké kanthi sembrana. Lan tumindak kaya mangkono mau diyakini laku becik, bakal olèh berkah saka Gusti Allah. Njalari kagèting atiné wong akèh, nalika dumadakan Gusti Yésus ngendheg iring-iringan palayatan mau. Mangka lumrahé, malah kudu manunggal gabung dadi siji. Adat ing Galiléa, wong wadon malah mlaku béla sungkawa ing sangareping usungan jenasah. Iku ngemu teges, manawa asal dosa kapisan merga uwohing kaluputané wong wadon ngélingaké sejarah leluhur lelakoné Ibu Kawa.

Rombongan pandhèrèké Gusti Yésus ora nggabung, nanging Gusti Yésus malah ngendheg sarta astané ndemèk usungan jenasah mau. Ing pénggalih Gusti Yésus ngraosaké banget sedhihe biyung kang wus randha iku. Apa manèh lagi ketemu rombongan liya, padatan sing padha béla sungkawa saya sora anggoné béla tangis.

Angger ketemu karo rombongan kang mèlu nggabung béla sungkawa saya seru anggoné padha nangis lan panelangsané saya nggares. Gusti ngendika: “ Aja nangis.” Iku nglipur, ora ateges tangis iku ora dikeparengaké. Nanging iku nglipur sing prihatin. Iba éndahé eluh kang tumètès, yèn wutahing eluh iku wujuding katresnan lan mreduli pepadhaning urip. Yèn Gusti Yésus dhawuh “aja nangis” supaya kawigatèning uwong akèh tumujua marang kaélokan kang bakal dumadi. Gusti nyaketi usungan jenasah mau, banjur paring pangandikan: “ Hé, bocah anom, Aku dhawuh marang kowé, tangiya !” Gusti Yésus nimbali sing mati, supaya tangi. Lan bocah mau tangi, urip temenan.

Gusti Yésus uga wus naté paring pangandikan mangkéné: “ Satemené pituturku ing kowé, bakal tumeka ing wektuné, malah wus tumeka, wong padha krungu swarané Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokaké iku bakal urip.”(Yohanès 5: 25 ). Pangandika mau wus kabuktèkaké ana ing kutha Nain. Bocah sing wis mati krungu swarané Sang Kristus urip manèh. Nyata Panjenengané iku Patangèn lan Kauripan.

Wong Yahudi ora bisa sélak manèh, kanyatan iku dumadi ing sangareping umum. Mujizat kang kasat mripat. Sadurungé pancèn wis padha krungu yèn ana Guru Agung kang kuwasa damel mujizat. Dhemit ditundhung, lelara diwarasaké lan sing lumpuh mlaku, sing cacat olèh pitulungan. Ing kutha Nain kabuktèn: Nguripaké wong mati.

Ing kitab Torèt uga ana piwulang manawa mujizat iku kekiyatané Gusti Allah. Nabi Agung kang pinaringan kekuwatan saka Allah kang bisa mujudaké mujizat. Mujizat uga kadadéyan sangang atus taun sadurungé Masèhi, nalika Nabi Elia pinaringan kekuwatan saka Allah, uga maujud. ( I Para Raja l7: l7-24 ). Sang Nabi kaberkahan olèh kekiyatan saka Sang Yéhuwah. Sadurungé mujizat maujud, Sang Nabi kanthi khusuk ndedonga lan nyuwun. Amarga dudu Sang Nabi dhéwé sing duwé panguwasa mau.

Nanging tanginé bocah anom anak randha Nain kuwi, amarga dhawuh Gusti. Sing ndhawuhi nyata ngasta panguwasa. Gusti Yésus kagungan panguwaos. Ora ndadak nyuwun lan ngesoraké dhiri. Sanyata yèn Sang Kristus kagungan lan ngasta panguwasa nguripaké wong mati.

Kadadéyan iku ngemu magna kang winadi lan jero – yaiku yèn Sang Kristus iku kagungan panguwaos ngapura dosa. Pati, iku opahé si dosa. Yèn Gusti Yésus nelukaké pati, tegesé si dosa ora bisa nglawan Gusti Yésus. Gusti Yésus unggul. Mula nalika sinalib lan séda, ing telung dinané wungu. Tangi manèh saka pasaréyan saka ing antarané wong mati. Pati iku antupe si Iblis, wis ora duwé kekuwatan manèh.

Sawisé urip manèh, bocan anom mau banjur lungguh lan wiwit guneman. Mesthi baé kagèt, kok wis diusung ana ing usungan jenasah. Nyawang akèh wong padha nangis, ngerti embokné olèhé ngrudatin. Lan luwih kagèt manèh nalika bocah mau weruh ana wong sing durung tau ketemu, yaiku Gusti Yésus. Sing mentas nampa kauripan ngerti yèn wong kang jumeneng sarta astané ndemèk usungan jenasah iku kagungan kasucèn. Cahya surgawi, mreduli marang liyan, paningalé nyunaraké sih tresna kang murni. Kaya sumbéring kabecikan, kaya kali kang mili terus. Kita ora bisa nggambaraké kaya apa pasuryané Gusti Yésus wektu kuwi. Apa narik ati, apa éndah luhur, apa tulus murni? Amarga Nabi Yésaya ing kitab Yésaya 53: 2, paseksi mangkéné: “ Panjenengané iku thukul kaya trubusan ing ngarsané Yéhuwah, tuwin kaya semen kang saka ing lemah garing, Ora bagus ing warna sarta ora kagungan kaéndahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi, kang njalari kita kepéngin.” (Yésayah 53: 2)

Ati kamanungsan nyawang Panjenengané ora katarik, ora sugih kadonyan lan ora klebu étunganing para umat, kaanggep rèmèh. Nanging kanyatan mbuktèkaké, yèn Panjenengané iku Sang Mésias sing kagungan otoritas kaswargan lan panguwasa Manungsa ora kasengsem marang Sang Kristus, merga ora ngerti sejatiné. Mazmur Dawud anggambaraké mangkéné: “ Panjenengan ndalem punika ingkang bagus piyambak ing antawisipun sakathahing anakipun manungsa, lathi Panjenengan dalem kasokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi, déning Gusti Allah ing salami-laminipun.” ( Masmur 45: 3 ).

Gegambaran kaya ngapa pasuryane Sang Kristus Yésus, ing kitab Mustikaning Kidung Sang Prabu Soléman uga anggambaraké, mangkéné: “ Kekasihku iku putih menthur lan abang sumringah, katon menjila dhéwé ana ing antarané wong puluhan ewon. Pangandikané tuhu manis. Sapari- polahé ngresepaké, kaya mangkono iku kekasihku. Iya kaya mangkono iku, hé, para putri ing Yérusalèm ” ( Must Kid 5: l0, l6).

Kanthi pakurmatan lan déning katresnan, pikiran lan angen-angen kita kabèh mesthi milih nggambaraké manawa Gusti Yésus iku nyènengaké, gawé bungah, kagungan dedeg piyadeg sembada prakosa. Nanging Gusti Allah remen marang kang salaras. Kang salaras, kang harmonis bakal isi daya tarik kang rosa.

Paseksiné Raja Dawud:

“Saprakara kang dak sumun marang Sang Yéhuwah, yaiku kang dak péngini, muga bisa manggon ana padalémané Sang Yéhuwah ing salawasé urip, nyawang kadarmané Sang Yéhuwah sarta ngrasakaké nikmaté ana ing pasucèné.” ( Mazmur 27: 4).

Tanpa pamangu-mangu, sakabèhing rancangan lan pakaryané Sang Yéhuwah iku éndah lan salaras. Kalebu anggoné Gusti Allah maringi urip kita iki. Nyata yèn kang ora mbungahaké kuwi si dosa lan kanisthaning urip. Semono uga sajroning leladi ing pakaryan kagem Gusti – nyalarasaké urip sarta mranata kaéndahan, bakal nguwohaké samubarang kang merak-ati, narik kawigatèn lan prayoga diudi, demi anggon kita leladi.

Ing masyarakat Yunani ( Gerika) ing jaman kuna, ngutamakaké banget bab kaéndahan. Émané samubarang kang éndah mau banjur malah dadi sesembahan, mangka kabèh mau kadonyan. Kawitané amarga bombonging ati lan anggoné ngajèni sing éndah mau. Seni sarta budaya dadi maju ngrembaka. Malah sejarah nyathet, yèn kabudayan Yunani kondhang lan kasusra ing bawana ngendi baé.

Mung émané, amarga keladuk anggoné ngutamakaké kaéndahaning jagad, mula malah dadi nyembah brahala. Nanging Sang Prabu Dawud ing Mazmur 27 ayat 4 amung nyawang siji ora ana liyané, yaiku Padalémané Sang Yéhuwah lan pasucèné – iku kang salaras lan éndah dhéwé

Pasuryan kang kaagem déning Sang Kristus, mesthi salaras lan éndah. Lantaran wiyosé baé ora kinandhut ing angger wadon. Nanging ing guwa garbané Sang Prawan Maria, luwih-luwih déning panguwaosé Sang Roh Suci. Ana ing iman kita, Gusti iku Ratuning kaéndahan sejati. Sarira lan pasuryané Gusti kita Yésus, ngluwihi éndahing alam jembar iki. Saya manèh, Roh sarta penggalihé Gusti bakal kacihna ing sugengé tata lair. Mesthi kagungan kaéndahan tanpa tandhing, pantes sinebut Sang Maha Sampurna.

Sanajan Gusti Yésus bisa nguripaké wong mati, babar pisan ora kagungan karsa ngorakaké pati tumrap umat kang adilé sacara kadagingan pancèn kudu ngrasakaké salib. Manungsa mesthi ngalami pati, nanging déning Sang Kristus, saben kang precaya, bakal kapitulungan rahayu sanajan kudu mati cara jasmani ( Yaiku pisahing sukma lan raga ).

Gusti Yésus ora banjur mbatalaké patining daging, amung kanggo mratélakaké panguwasa. Malah sanajan anak randha Nain iku diuripaké manèh saka anggoné wus mati, kuwi merga katresnan lan welasé Gusti Yésus marang kang nandhang prihatin. Semono uga nalika Lazarus kang wus kakubur patang ndina diuripaké manèh, kuwi amarga Gusti nresnani Lazarus sabrayaté kabèh. Nanging ora ateges mbatalaké pati. Amarga sejatiné pati raga iku sawijining kawitaning berkah anggoné umat manungsa bakal pinaringan badan kang anyar. Gusti Yésus tetep jatining kayektèn lan kauripan.

Anggoné Gusti Yésus ngrentahaké raos welas marang mbok randha Nain mau, sejatiné dadi wujudé papérangané Gusti nglawan Iblis. Gusti Yésus menang lan unggul. Amarga Iblis kang ngolah pepati bébasan ngiris uriping umat manungsa sarta ndhedher prihatin bisa kasoran ngadhepi Gusti Yésus. Nanging kanthi kawelasané Gusti Yésus, pepati wis dikalahaké. Pandamelé Gusti Yésus iku ngalahaké trékahe si Iblis. Lan Sawisé bocah mau urip manèh, banjur dipasrahaké marang wong tuwané. Bocah mau anduwèni kauripan manèh. Gusti ngendika marang mbok randha:

“ Kowé ngerti ta saiki, apa sababé Aku dhawuh marang kowé: Aja nangis !?” .

Kita kabèh ora kena wedi marang rekasaning urip, aja mangu mangu manggul salib. Amarga Gusti Yésus mesthi paring kauripan langgèng. Manggul salib, ora mung dadi gunem. Manggul salib, utawa dadi wong Kristen aja banjur mung mikir bab urip énak kepénak. Tur manèh, ing kitab suci ana pangandikan kepriyé? Apa ana pangandika yèn dadi wong Kristen kuwi mesthi uripé ana ing ndonya iki nemu nikmat mupangat, ora bakal sengsara lan uripé mesthi seneng kacukupan bandha ndonya? Rak ora ta ?

Mantebing iman teguhing precaya kita marang Gusti Yésus, ora amarga kita mélik barang kang ana ing ndonya iki, nanging anggon kita duwé gegayuhan kaya Sang Prabu Dawud. Kepéngin dikeparengaké manggon ndhèrèk Gusti ing salawasé urip ana ing Padalémané Sang Yéhuwah. Yaiku kang ingaran Kratoning Swarga.

Dadiné wong Kristen kudu bisa ngorakaké, utawa nyingkur marang awaké dhéwé, banjur ndhèrèk Gusti lan manggula salibé. Wani ngadhepi kanyatan ing urip kita dhéwé-dhéwé, kanthi lelakon manéka warna, iku manggul salib, kanthi iman teguh lan bakuh. Bisa nampa lelakon sing njalari ngrudatin sajroning brayat, lan masrahaké marang Gusti ing sabanjuré, iku manggul salib. Kabecikan, welas asih lan katresnané Gusti kita, nyawiji ing urip iki, satemah kanthi bungah kita kabèh kuwat manggul salib kita dhéwé-dhéwé. Kanthi kebak ing pengarep-arep nemu urip langgèng peparingé Gusti Sang Juru Wilujeng. Mulané Paulus uga memulang ing Layang Roma l2: l5, mangkéné: “Wong kang bungah biyantonana bungahé, wong kang nangis biyantonana panangisé.”

Nyata banget manawa bibit iman kang tau kasébar ing kutha Nain, thukul ngrembaka ana uwohé amarga padha pracaya marang Gusti Yésus. Kelakon dumadi kaélokan kang njalari asmané Gusti Yésus saya kamulyakaké. Ing Nain, kutha kang cilik wus kadadéyan mujizat kang gedhé. Bocah anom kang wus mati urip manèh. Bocah lan biyungé iku, mesthi wong sing precaya marang Sang Kristus. Iki dadi piwulang marang umat manungsa, yèn pracaya marang Gusti Yésus Kristus, bakal nampa urip langgèng.

Mujizaté Gusti Yésus gawé éraming wong akèh. Wus rawuh Nabi Agung nuwèni umat manungsa.

Appendix A. PITAKONAN NGUJI PANGERTÈN

Manawa panjenengan wis maos buku iki kanthi tliti, mula panjenengan bakal kanthi gampang mangsuli pitakon iki.

  1. Sing wigati, apa karsané Gusti Yésus Kristus tumrap ibadahé wong kang nandhang lara budhug?

  2. Apa sababé Gusti kersa njamah ( mulungaké astané) marang wong budhugen ( lara saraat ) ?

  3. Apa sababé Pétrus nyuwun supaya Gusti Yésus ngedohi dhèwèké ?

  4. Gusti Yésus paring ayahan anyar apa marang Pétrus?

  5. Critakna ana cara telung werna, yèn sawijining mitra nulungi wong lumpuh bakal sowan Gusti Yésus disowanaké kanthi cara kepriyé ?

  6. Gusti Yésus paring apura marang wong lumpuh. Terangna apa magnané ?

  7. Aranana telung werna baé, ngemu piwulang apa ing timbalané Gusti Yésus marang Lèwi utawa Matéus si tukang tagih pajeg ?

  8. Sawisé Matéus mratobat, Gusti Yésus maringi amanat ayahan apa ?

  9. Minangka Putraning Allah, paseksi apa kang kapratélakaké déning Gusti Yésus. Critakna, yèn bisa nganti limang werna.

  10. Apa magnané lan tegesé tembung: RAHAYU utawa BEGJA iku ?

  11. Nemu piwulang apa ing kadadéyan bocah anak randha Nain, wis mati diuripaké manèh déning Gusti Yésus ?

  12. Terangna, apa sababé kita kabèh ora merlokaké pantara iya yèn kita bakal sowan marang Sang Kristus ?