Kembali ke ikhtisar item
Kehidupan Kristus

Kehidupan Kristus

Judul Asli: “Life of Christ”

Buku II - KAGODHA DÉNING IBLIS LAN KAWITANING PALADOSANÉ

George Ford

All Rights Reserved

(Diterjemahkan dari bahasa Inggris)


GUSTI YÉSUS KAGODHA DÉNING IBLIS.

Wiwit jaman miyosé Gusti Yésus nganti ing yuswa mudhané, raja Hérodès dadi ujuding trekahe si sétan nglawan Gusti Yésus. Senajan kita kabèh durung pati paham bab sétan Iblis kuwi sapa? Ana sesebutan kanggo si sétan. Sétan ingaran tukang nggodha ( panggodha ), jeneng sétan kuwi isi teges juru dakwa. Diarani si pengawak dursila ( si jahat ), déné Iblis tegesé: Mungsuh utawa sang panantang. Injil ngendikakaké menawa Iblis nggodha Gusti Yésus amrih nindakaké dosa. Iki tinulis ing carita: Gusti Yésus kagodha déning Iblis ana ing ara-ara samun. ( Matius 4: l-11 lan Lukas 4: l-13).

Piwulanging Injil mratélakaké menawa Iblis iku pancèn nyata ana. Lan ujud roh. Ora duwé badan wadhag utawa kadagingan, lan wataké ala, jahat lan dursila banget. Iblis iku sesirahing sakabèhing malaékat kang mbaléla. Ing Injil Matius 25: 41, Gusti Yésus ngendika menawa: Geni langgeng wis dicawisaké kanggo Sétan lan para malaékaté. Ing layang Yudhas ayat 6 tinulis: “ Anadéné Panjenengané nahan malaékat kang ora padha netepi wates-watesing panguwasané, nanging padha ninggal papan padunungané, srana blenggu kang langgeng ana ing pepeteng nganti tekaning pangadilan ing dina gedhé.”

Sétan uga diarani : Sing nguwasani jagad ( Yokanan l6: 11); uga diarani ilah jaman iki (2 Kor 4:4); lan sing nguwasani awang-awang ( Efesus 2:2) Sarta sétan nguwasani umat manungsa kanthi cara sing julig mawa karosan kakuwatan. Mula saka iku Gusti Yésus mucal para murid ana ing pandonga, supaya uwal saka si pengawak dursila. Iki bukti menawa kekuwatané Iblis kuwi nyata lan mbuktèkake yèn Sétan kuwi sawijining pribadi kang kudu dilawan. ( Matius 6: l3 ). Piwulang ing pandonga iku mengkéné: Ora kok banjur uwal babar pisan saka bab-bab lan samubarang kang ala, pancèn iki sing dadi pandonga kita kabèh. Semono uga ora supaya kita kabèh iki babar pisan aja nganti cacat lan kalis saka laku ala, ora mengkono. Nanging: Supaya inguwalna saka kang ala, yaiku si pengawak dursila. Amarga, si pengawak dursila mau tansah ngincer kita kabèh, nedya ngiket pikiran kita lan nggodha urip iki supaya tumiba ing kaluputan lan dosa. Begja banget déné Gusti Kristus piyambak ngalami bab iku lan paring tuladha amrih kita kabèh waspada lan wani ngadhepi godhaning Iblis kanthi iman kang teguh.

Sétan utawa Iblis uga ngerti menawa sing ngalang-alangi anggoné bakal nguwasani manungsa iku siji, yaiku idin utawa palilah saka Gusti Allah. Mulané Iblis ngrekadaya bisané antuk palilah, olèh idin keparengé Gusti Allah bisané nggodha umat manungsa. Ing urip iki nyatané ana panggodhaning Iblis. Yèn ngono apa pancèn Gusti Allah ngeparengaké sétan nggodha manungsa ? Apa sababe ?

Menawa Gusti Allah marengaké Iblis nggodha manungsa, saprakara sing awaké dhéwé kabèh kudu bisa paham, amarga Gusti Allah banget anggoné nresnani umat manungsa kang bakal nampa panggodha mau. Amarga lumantar cobaning urip panggodhaning Iblis kuwi, para wong kang precaya marang Gusti Yésus bakal olèh kaunggulan lan precayané dadi luwih mencorong luwih murni. Imané saya teguh, lan nampa kamulyaning Gusti Allah. Sajroning umat manungsa kang ditresnani déning Gusti Allah iki nampa panggodhaning Iblis yaiku cobaning urip, kuwi bakal dadi ujian. Sajroning Iblis nyoba manungsa, pacoban mau kaagem déning Gusti Allah dadi Ujian.

Sing lulus ujian, yaiku sing unggul, bakal weruh kang éndah lan sampurna kang kapratélakaké déning Gusti Allah marang umat kang dadi keparenge Gusti. Asih lan katresnan kang murni iku dumunung ana ing oyod lan ros-rosaning ujian Ilahi iki.

Umat manungsa kang ingaran wong precaya bakal tansah kinanthi déning Sang Roh Suci. Aja lali menawa nalika Gusti Kristus kagodha déning Iblis ing pasamunan, kuwi awit saka panuntuning Sang Roh Suci supaya olèh godhaning Iblis.

Godha Kang Kapisan: Rasa Luwé.

Sawusé mangkono Gusti Yésus katuntun déning Roh menyang ing ara-ara samun supaya kagodha déning Iblis. Salebaré siyam patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kerapan. Juru panggodha banjur sowan ing ngarsané sarta munjuk mangkéné: “ Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga séla-séla punika Panjenengan sabdakaken dados roti.” Nanging Gusti Yésus paring wangsulan, pangandikané: “ Ana tulisan mangkéné: uripé manungsa iku ora mung saka roti baé, nanging saka sakabèhing sabda kang miyos saka ing lésaning Allah.” ( Matius 4: l-4 )

Ana godha werna loro sing nyata banget bédané. Sing sepisan, ana pacoban wujud kasengsaran sing ajiné positip lan dadi sumbering pitulungan. Yakuwi ujuding ujian, kanthi tujuwan murnèkaké, nguwataké lan mulyakaké urip kita. Iki kaya kang katindakaké déning Gusti Allah marang Rama Abraham. Rasul Yakobus mratélakaké keyakinané, menawa pacoban lan godha kaya mengkéné iki, dadiya wanciné bungah sukarena. “Hé, para sedulurku, anggepen sawijining kamulyan menawa kowé padha kataman ing panyoba warna-warna.” ( Yakobus l: 2).

Panggodha utawa pacoban kang kapindho, yaiku godha supaya nglakoni dosa. Iku bakal njalari tekané wirang isin lan sengsara. Ing bab iki rasul Yakobus nyerat mengkéné: “Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkéné:” Aku digodha déning Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha déning piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.” ( Yakobus l: l3).

Godha kang dialami déning Gusti Yésus, narik kawigatèn banget disinau. Ana pangandika ing Ibrani 4: l5 :” Imam Agung kita iku, bisa ngrasakaké sakèhing kaapesan kita, nanging malah padha karo kita. Panjenengané wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.” Pancèn ora gampang mbandhingaké panggodha kang dialami Gusti Yésus kang tanpa dosa, karo panggodha kang tumama ing kita kabèh para wong dosa. Kita umat manungsa ora kuwagang mikir, déné Panjenengané kena ing godha. Nanging kabèh mau kudu kita tampa dumadiné ora mung diréka-réka, amarga ora ana seksi kang ana ing kana nalika godha tumama. Sing mesthi, Gusti Yésus ora bakal ngendikakaké samubarang kang dora, bab ketemuné karo sawijining pribadi juru godha yaiku Iblis kasebut, nyata dialami déning Gusti Yésus.

Para panulis Injil utawa para murid, ora bakal nulis carita gawé-gawé utawa mung rerékan baé. Gusti Kristus kanthi hikmating panguwaosé, satemah anggoné ketemu karo godhaning Sétan kuwi bisa pinercaya lan dingertèni kanthi paham déning para pandhèrèké. Tumrap wong precaya ora perlu nuruti kanalaraning kamanungsan. Luwih prayoga andhudhah pengalaman rohani kang dialami Gusti Yésus kang mesthi baé ngemu wewadi jero lan perlu. Gusti Yésus piyambak kang mratélakaké marang umat, amarga sing ana kana nalika Gusti Yésus kena godha iya mung Gusti piyambak. Kanthi urmat lan pakéring tulus, mara kita sinau kanthi tliti.

Ana penemu sing sejatiné mung kanggo mbeneraké awaké dhéwé, menawa uripé sing rusak lan tumiba ing dosa kuwi merga sétan. Njalari saben manungsa nindakaké dosa. Nanging penemu kaya ngono mau ora bisa ditrapaké ing Gusti Yésus, anggoné nandhang godha ora merga dosaNé. Tegesé ing dhiri pribadiné Gusti Yésus, murni, suci tulus wutuh ora ana sing cacat apa déné rusak. Yèn mengkono, godha sing dialami ora asal sajroning Gusti Yésus. Godha kang dialami Gusti Yésus, asal usulé saka sanjabaning Gusti, yaiku saka Iblis asalé. Lan Gusti bisa ngrampungi sarta menang.

Ing kawitaning pakaryan anggoné leladi, yaiku anggoné jumeneng Sang Mésias, kang kapisan Gusti ngadhepi panggodha. Lan kudu unggul, supaya nyata menawa Gusti Yésus sembada lan layak jumeneng Sang Juru Wilujeng. Panjenengané kudu nglawan lan ngadhepi pemimpining kadursilan, yaiku pemimpining piala lan kejahatan. Lan kudu unggul ngremuk mungsuh. Supaya ganep maujud pameca kang ana ing kitab Prejanjian Lawas, kuwi prasetyaning Allah kang pinaringaké marang leluhur kita kapisan ing Taman Firdaus, Bapa Adam lan Ibu Kawa. “ …. Turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira …” ( Purwaning Dumadi 3: l5).

Panguwaosé Gusti Sang Mésias bakal ngremuk endhasé si ula, si juru godha yaiku sétan. Kanthi kaunggulané Sang Kristus, mbukak dalan, ngengakaké lawang supaya wong precaya ndhèrèk unggul ana ing asmané Gusti Yésus Kristus. Mung ana ing Gusti Yésus kanthi pakaryané Sang Roh Suci kang dadi pamomong kita kabéh, kang nalika Gusti Yésus kagodha iya Sang Roh Suci uga kang nuntun Gusti menyang ing ara-ara samun, supaya kagodha. Sang Rama piyambak ing pakaryaning Sang Roh Suci kang paring makutha kaunggulan marang Gusti Yésus. Satemah Gusti Yésus wus pinasthi unggul kagodha.

Gusti Yésus ing kalenggahan Putraning Manungsa, nelukaké dhiri pribadiné dadi padha kaya kahananing manungsa ing bumi lan ngalami uga sabarang kang dialami umat. Pancèn ora kalis saka pengalamaning manungsa. Sisihing gunung kang dhuwur uga ana ngare kang ajurang jero, sawisé kabungahan uga kadadéyan kasusahan. Gusti Yésus pancèn wus kaluhurakè lan kamulyakaké nalika kabaptis. Kaya wus tekan titimangsa kaplorotaké lan ngrasakaké pacoban ing ara-ara samun.

Kitab Suci mratélakaké, menawa sétan ngentèni nganti manungsa nyandhang bungah sukarena, lan wektu sembrana bakal dikalahaké. Mengkono njalari senengé Sétan. Banjur sesanggan kang luwih abot katamakaké marang para wong kang tumiba ing panggodha. Mengkono kuwi uga ditindakaké déning Iblis nalika nggodha Musa, Eliya, Petrus lan uga Yudas. Nabi Musa tiba ing dosa anggoné nesu lan ora sabar. Dosané iki njalari Musa ora bisa mlebu ing tanah prasetyan. Mangka nganti patang puluh tahun mimpin bangsané ing pasamunan. Nesuné, nyandhungi lakuné mlebu ing kamulyan. (Wilangan l2: 3 lan 20: 8-l3 ).

Ing gunung Karmèl, Éliya wis unggul saka raja sarta imam imam Baal, sesembahané para wong sing nyingkur Gusti Allah. Dina sawisé, Éliya kaserang godha lan atiné dadi nglokro, banjur umpetan ing Sinahi. Éliya ngedohi ayahan leladi sarta mung sambat péngin mati. ( I Para Raja l8: 30-40 lan l9: l-l0 ).

Pétrus rumangsa kaya wus nggegem kasuwargan nalika Gusti Yésus ngalem Pétrus. Nanging ora betah suwé tumiba ing dosa sombong angkuh. Sétan remasuk ing atiné, mbisiki Pétrus supaya nduwa anggoné Gusti Yésus nandhang sengsara ing palang salib. Petrus uga ora sadhar yèn aturé marang Gustine kuwi saka karepe Iblis. Supaya pakaryané Gusti Yésus bakal dadi Juru Slamet kaalangan. Mulané Gusti Yésus nyaruwe Petrus kanthi mandhes, pangandikané: “ Hèh sétan sumingkira. Kowé iku dadi sandhunganKu, sabab kowé ora mikir apa kang kagalih déning Allah, nanging mung sing dipikir déning manungsa.” (Matius l6: 23)

Yudas Iskariot sawisé mataun-taun nampa berkat rohani sajroning ndhèrèkaké Gusti Yésus, dilorobaké déning sétan si juru godha marang watak: kasrakahan. Lan jenengé nganti seprené dadi julukaning laku khianat, ajiné asor lan dadi lambanging kéwangkotaning ati. ( Para Rasul l: l5-20 )

Bengis dursilaning Iblis padha cakriké kaya kang katujokaké marang Gusti Yésus. Iblis nyawang kahanané Gusti Yésus nalika kaluhuraké wektu kabaptis, nampa pamujiné Sang Rama lan atiné bungah merga kapenuhan ing Roh Suci. Sabanjuré Iblis nyerang Gusti bakal njiret supaya kena digodha. Tan kendhat anggoné ngincer Sang Kristus. Sajroning patang puluh dina patang puluh wengi. Sadurungé kuwi, Iblis wis kasil njiret kanthi panggodhané sakabèhing umat manungsa. Temahan kabèh manungsa wus nglakoni dosa. Saikiné, Iblis ngangkah bisané ngasoraké Sang Putra Maryam, Sang Kristus, kang kanggep kaya gampang ditelukaké. Amarga kasawang saka kang kasat mripat.

Godhaning Iblis Marang Adam Katandhing Karo Godha Marang Gusti Yésus.

Sétan nggodha marang Adam kawitan, lan njalari tumiba ing kaluputan. Nalika Adam manggon ing taman Firdaus kang éndah, bisa ginambar iba senenging uripé. Ora ana dosa, lan ora ana lingkungan kang rusak. Malah sakèhing kéwan-kéwan uga rukun lan tutut. Adam ora ngrasakaké lan ora mikir bab lelara, ora ana kasusahan lan kesel sayah. Adam uga ngerti lan sadhar, menawa pamanggoné tetep ana taman iku kaya kang wus katemtokaké déning Gusti Allah, bakal langgeng rasa tentrem lan mulyaning uripé.

Sétan nggodha marang Gusti Yésus, iki Adam kang kapindho, ana ing ara-ara samun. Ora ana kasenengan, malah kinepung déning kéwan galak. Sugengé Gusti Yésus nalika kagodha déning Iblis, béda banget karo kahanané Adam nalika kena godha. Yén Adam kawitan ngrasakaké swasana seneng ing Firdaus, nanging Adam kang kapindho mapan ana ing satengahing umat manungsa kang nyandhang dosa. Luwih manèh, Gusti Yésus priksa lan sadhar menawa ayahan jumeneng Juru Wilujeng kuwi dilakoni nganti tuntas sampurna.

Mangarep lakuning urip bakal nemu rekasa lan sayah, kasengsaran, diina dirèmèhaké. Sing mesthi kasengsaran gedhé wis ngentèni. Malah akhiré Panjenengané uga wis priksa menawa bakal tekan séda ing kayu salib. Ingatasé Gusti Yésus iku kinasih déning Sang Rama lan ngampil panguwaos gedhé, sejatiné gampang banget ngéndhani lelakon kang njalari sédané ing Golgota. Nanging Sang Mésias tetep setya nuhoni rancangan keslametaning umat manungsa.

Ana ing pasamunan, sing ngancani Gusti Yésus amung kéwan kéwan galak. Nalika Adam kawitan ana ing Firdaus, wanuh lan caket salaras karo kéwan galak utawa kéwan sing tutut uga, banjur Adam kélangan swasana rukun karo kéwan-kéwan galak kuwi merga dosané. Ing nalikané Gusti Yésus ginodha ing Iblis, uga cecaketan karo kéwan-kéwan galak. Bab iki ana sing duwé panemu, Gusti Yésus wis ngrebut manèh panguwaosé, bisa nguwasani alam saisiné. Semono uga lelakoné Daniel ( Daniel 6 ), Olèh pengayomaning Gusti Allah, slamet nalika kajeblosaké ing guwa singa.

Kasucèning Gusti Kristus, dadi tamèng saka pangincering siyungé kéwan galak ing ara-ara samun. Iki ngemu teges, menawa uwohing Gusti Kristus dadi kurban panebusing dosa iku, manungsa nduwèni kuwasa manèh marang alam kéwan-kéwan. Sikep nglestarekaké kéwan-kéwan, sabanjuré dadi piwulang agama, supaya manungsa duwé sikep sing apik lan ngopèni marang kéwan-kéwan. Iki pulihing sikep lan laku.

Gusti ora dhahar lan ora ngunjuk sajroning patang puluh dina patang puluh bengi. Kahanan iki déning Iblis digawé piranti gawé godha, mumpung jasmani lagi lemes luwé. Sing dadi ancas panggodhaning Iblis, bisaa njalari saya ringkihé Gusti Yésus. Gusti Yésus puwasa, pancèn ing ara-ara samun ora ana dhaharan. Semono suwéné nyatané tetep kiyat. Bab panganan ora kagalih, merga ngayahi kang rohani. Ora ana niyat nilar ara-ara samun amung kanggo golèk dhaharan. Amarga Roh Suci kang nganthi Gusti tumeka ing pasamunan ing kawitané, uga ora nuntun Panjenengané supaya nilar ara-ara samun. Sugengé salaras karo panuntuning Sang Roh Suci, nganti sepira baé suwéné, Gusti bakal unggul ngadhepi.

Sétan maujud ing rupa ula naga, nalika nggodha Ibu Kawa. Amarga ora ana titah manungsa kang kanggo lantaran nggodha. Nalika manungsa ( Adam lan Kawa sarta keturunané ) wis tumiba ing dosa, Iblis ninggal ula, lan salin nggunakake manungsa dosa. Godhaning Iblis bakal krasa luwih nggitep aboté, menawa Iblis anggoné nggodha manungsa nggunakaké para sedulur, wong sing ditresnani sarta sahabat raket. Iblis uga tau nggunakaké murid kang rumaket marang Gusti Yésus kanggo nggodha, yaiku nalika Pétrus sesumbar bakal mbélani Gusti nganti tekan pati. ( Markus 8: 33 ).

Kitab Suci ora nerangaké, nalika Iblis nggodha Gusti Yésus, nganggo ujud apa? Kalebu nalar, menawa Iblis ora nggunakaké kawujudan Roh Jahat nalika nyaketi Gusti Yésus. Amarga Gusti Yésus bakal kanthi gampang banget nundhung piala. Iblis nemoni Gusti Yésus sacara pribadi. Lan ora mokal yèn ana penyèngguh, Iblis nyaketi Gusti Yésus wujud manungsa kang mreduli marang rasa ngelih ing sarirané Gusti Yésus. Malah kanthi sikep kang merak ati lembah manah. Banjur kanthi julig ngrimuk penggalihé Sang Kristus. Bisa baé kanthi ngémutaké menawa dhahar kuwi perlu, mangka kéné ora sing nyediyani.

Sang Rama kang kanthi Roh Suci nuntun Gusti tumeka ing kono, mesthiné wis ora pati nggatèkaké manèh marang Sang Kristus. Utawa banjur ngemutaké menawa Sang Kristus bebarengan Sang Rama ing kawitané bisa nitahaké watu-watu, mesthiné saiki uga kagungan panguwaos supaya watu-watu mau didadèkaké roti, saperlu kagem dhahar. Iblis ngojok-ojoki supaya Sang Kristus thukul rasa pamangu-manguné marang Sang Rama, mulané luwih becik ngrubah watu dadi roti kagem dhaharan. Mesthi dadi. Nanging Gusti Yésus ora nanggapi pambujuking Iblis supaya ngrubah watu dadi roti.

Anggoné Gusti Yésus nulak pretikelé Iblis mau, ora merga asalé saka Iblis. Ora merga panguwasané kang bisa nahan rasa ngelih. Nanging Gusti nulak pambujuking Iblis mau adhedhasar Kitab Suci. Gusti Yésus ngadhepi prekara, tansah adhedhasar Kitab Suci. Amarga Kitab Suci iku Sabdaning Gusti Allah ( Firman Allah ).

Pangandikan kawitan mangsuli si sétan, Gusti ngendika: “ Ana tulisan mengkéné, uriping manungsa iku ora mung saka roti baé.” Pangandikan “ana tulisan” ing kéné kita kudu ngerti manawa Gusti Yésus ora jumeneng kaya kang kagungan panguwaos, nanging ana ing ngarepé manungsa lan Iblis, Gusti nedahaké menawa sugengé mbangun turut marang pranataning agama lan angger-angger. Kanthi methik surasaning Kitab Suci, Gusti Yésus mratélakaké menawa pangandikaning Allah iku tansah dadi dhasar ngadhepi samubarang prekara sajroning kauripan iki. Semono uga, dayaning kayektèn sarta argumentasi agamawi ora lambaran kawruhing manungsa, nanging kudu landhesan Firman, Sabdaning Gusti Allah. Sabdaning Gusti Allah kaya pedhang ligan kang landhep ngiwa nengen, kang dadi praboting manungsa unggul anggoné nglawan sétan. Gusti Yésus uga nggunakaké sanjata Firman, kang uga kepareng dianggo sapa baé. Gusti unggul saka panggodhaning Iblis.

Iblis ngerti menawa Gusti Yésus iku Putraning Allah. Nanging ora sadhar, menawa Putraning Allah kanthi panguwasané bisa nahan rasa luwé, malah bisa uga ilang rasa ngelih merga ora kagalih déning Gusti. Iblis ora kelingan panguwaos iki. Mula gagal anggoné nggodha Gusti Yésus. Malah ora nggubris yèn Putraning Allah ora bakal bisa dicoba lan ora bakal kena panggodha. Senajan julig, nyatané kasoran karo Gusti Yésus. Nalaré si Iblis, landhesan merga “ Yésus Putraning Allah” – mesthi bisa yasa apa baé sing dikersakaké. Leganing ati, mesthiné ora mung bab bisa nahan luwé, nanging luwih lega lan bombong yèn bisa kaujudan panguwasané Putraning Allah mau.

Iblis rumangsa cingak, kecelik merga rancangané, amarga Gusti ngadhepi Iblis ora ing kalenggahan Putraning Allah, nanging ing kalenggahan “ Anaking Manungsa” – Ing kalenggahan Anaking Manungsa, Gusti ngresakaké ngalami piyambak kasengsaraning manungsa, kalebu ngelak lan ngelih. Nanging tetep nulak nyipta watu malih dadi roti. Senajan uga kraos ngelih. Anggoné nulak, dadi patuladan kita, amung landhesan dhawuhing Allah ing Kitab Suci.

Godha kapisan iki, kaya godha kang digunakaké Iblis marang Ibu Kawa. Yaiku gawé pamangu-manguning iman marang Gusti Allah. Yèn Ibu Kawa tumindak klèru amarga ora manut marang dhawuh pangandikané Allah, kuwi wis thukul mangu-manguning ati. Ora kepareng mangan uwohing wit pangawruhing ala lan becik, nekad dipangan. Ateges wis ora manut manèh marang Allah. Kuwi sing jeneng mangu-mangu. Banjur ora ngandel, lan ora wedi marang Allah. ( Purwaning Dumadi 3:3 ).

Nalika umat Israèl ginodha déning Iblis, uga bab pangan lan ombèn. Kanthi siasat padha. Temah wong Israèl ngresula lan ngundhamana, atiné kuciwa lan gela. Kawitané uga anggoné mangu-mangu marang panguwaosé Gusti Allah. ( Pangentasan l6: 3 ).

Iblis nyawang Gusti Yésus Kristus ora ngresula lan ora maido marang Gusti Allah, nalika ngraosaké ngelih ngelak. Amarga Gusti kagungan Sabdaning Allah kang gesang. Tumrap Gusti Yésus, bab karohanèn, Sabdaning Allah iku luwih perlu lan luwih wigati katimbang karo bab roti, bab kabutuhaning jasmani. Gusti Yésus ora bakal tumindak misah karo karsaning Gusti Allah. Ora bakal ngéndhani rasa luwé kanthi nyingkur Sang Firman. Marang para murid, Gusti uga ngendika: “ Sing dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsané kang ngutus Aku, sarta ngrampungaké ayahané.” Sing digalih déning Gusti dudu bab rasa luwé, nanging bab manut dhawuhing Allah.

Sétan gagal mbujuk Gusti Yésus supaya ngutamakaké kaperluan pribadi luwih dhisik. Nalika mujizat kapisan katindakaké, menawa kuwi kanggo kaluhuran pribadi, Iblis seneng banget merga menang. Nanging nyatané ora. Mijizat kapisan katindakaké kanggo mitulungi wong akèh. Nalika Gusti ngowahi banyu lumrah dadi anggur. Nyata yèn Gusti Yésus sugengé ora kanggo dhiri pribadi, nanging kanggo wong liya. Menawa Gusti Yésus damel mijizat, kuwi demi wong liya, malah uga kanggo amrih beciké saben uwong lan para kang gething karo Gusti pisan. Kupingé Malkus, uga dipulihaké, nalika ana ing taman Gètsémané, mungsuh uga diparingi pitulungan. ( Lukas 22: 5l ). Mula Rasul Paulus ing serat Roma bab l5:3, seratané ngendika: “ Sang Kristus uga ora ngudi keparengé penggalihé piyambak …” Malah nalika diolok-olok lan diina, uga ora mung ngutamakaké dhiri pribadi. Lukas 23: 35, “ Wong-wong akèh padha dipitulungi, cik bèn saiki nulungi Awaké dhewé, menawa pancèn Sang Kristus pilihané Gusti Allah.”

Dadi saraté ndhèrèk Gusti, lan tuntunaning piwulangé Gusti, mengkéné: “ Kratoning suwarga lan kasampurnané iku upayanen dhisik, nuli sabarang kabéh mau bakal kaparingaké marang kowé.” ( Matius 6: 33 ) Srana piwulang lan lampah, Gusti Yésus nyaruwé kanthi mandhes ora nyarujuki wong sing ngutamakaké dhiri pribadi. Déné juru godha kepéngin supaya Gusti Yésus ngutamakaké samubarang kaperluwan ing kajasmanèn, luwih utama katimbang bab kang rohani. Mula, akalé si Iblis, ngangkah amrih Sang Kristus gawé seneng lan maremé wong akèh, supaya olèh pandhèrèk luwih akèh uga. Kuwi dalané nggayuh suksès.

Siasat utawa akal sing mengkono mau, Gusti Yésus ora bakal kersa ngagem. Piwulangé Gusti mengkéné:” Padha tumindaka ing gawé, aja supaya olèh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya olèh pangan kang tahan tumeka ing uripp langgeng, kang bakal diparingaké marang kowé déning Putraning manungsa, awit iya Panjenengané iku kang wus disahaké kalawan dicapdéning Sang Rama Allah.”

Kanthi pangandika iki Gusti Yésus mucal, supaya ayahan katujokaké nglayani kang rohani luwih saka kaperluwan jasmani. Welas asih kang tulus kuwi nekakaké paédah kajiwan, luwih gedhé ajiné katimbang leladi kang mung kanggo kaperluwan badan jasmani. Leladi ing bab kajasmanèn utawa tata lair, iku gunané dadi sarana kanggo ayahan leladi ing kaperluwané jiwa kang bakal langgeng.

Menawa para wong precaya kena panggodha, Panjenengané kang wis ngalami kagodha kaya kita kabèh, lan Panjenengané kang wis unggul saka godhaning Iblis, bakal tansah nunggil karo para kagungané. Panjenengané bakal paring kaunggulan sajroning kita kabèh ginodha, menawa wong precaya sadhar krasa lan rumangsa Yèn Gusti nunggil karo para kagungané. Wong precaya kudu landhep ing graita, yakin yèn Gusti kang nganthi. Ing kéné dalaning kaunggulan ngadhepi panggodhaning sétan. Kita kabèh bakal bisa mèlu ngrasakaké bungahé Rasul Paulus kang mratelakaké andharané mengkéné : “ Nanging puji sokur kunjuk ing ngarsané Gusti Allah, kang paring kaunggulan marang kita marga saka Gusti Yésus Kristus, Gusti kita.” Paseksi kita uga kudu mangkono.

Gusti Yésus unggul ing godha kang kapisan, yaiku keparengé nulak ngrubah watu dadi roti, amarga mung kanggo nyènengaké manungsa lan mung kanggo pemaremé wong luwe. Panjenengané unggul ing pacoban iki, amarga anggoné lelandhesan marang kang tinulis ing Kitab Suci. Jumeneng dadi sejatining kang menang, nalika ngendika: “ Uripé uwong iku ora mung amarga roti baé, nanging saka sakabèhing sabda kang miyos saka ing lisaning Allah.”

Panggodha Kapindho Godha Sensasionalisme.

Iblis tumuli nggawa Gusti Yésus menyang ing Kutha Suci lan dijumenengaké ana ing ndhuwur payoné Padaleman Suci, banjur munjuk mengkéné : “ Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaékat e tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.” Pangandikané Gusti Yésus: “ Ana manèh tulisan mengkéné: Sira aja nyoba Pangeran Allahira.” (Matius 4: 5-7 ).

Sanajan wis kalah nalika nggodha Gusti Yésus kang sepisanan, yaiku supaya Gusti Yésus ngrubah watu dadi roti; nanging Iblis ora banjur mandheg. Kanthi kajuligané, Iblis golèk rékadaya liya anggoné bakal nggodha Gusti Yésus. Iblis nggunakaké cara kang luwih rumit. Nyaketi Gusti Yésus ora mung kanthi cara prasaja, akalé kanthi ngatonaké kawigatèn anggoné Gusti Yésus setya marang “kang katulis”. Iblis réwa-réwa nyèngkuyung patunggilané Gusti Yésus karo Sang Rama. Iblis uga wus sadhar menawa Gusti Yésus tansah ngutamakaké kang rohani katimbang karo kang sipat jasmani. Iblis nyuwun marang Sang Kristus supaya nglampahi bab kang ora sesambungan karo urusan rohani manèh, senajan bakal duwé akibat ing sariraNé . Lan pancèn isi bebaya sing abot lan gedhé. Supaya Gusti nglampahi tumindak sing bisa mrebawani kauripan agamawi. Kaya nalika nggodha kang kapisan, Iblis nggunakaké tembung kalenggahané Gusti minangka Putraning Allah. Sing bakal kelakon, bakal disumurupi wong akèh kang ana ing Padaleman Suci.

Injil ngendika, menawa Sétan nggawa Gusti Yésus menyang ing payoning Bait Suci ing Yérusalèm. Gusti Yésus dijumenengaké ing sandhuwuring payon. Lan matur: “ Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga Panjenengan anjlog mangandhap. Awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaékaté tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”

Kaya kaya Iblis mémba dadi malaékating pepadhang. Rasul Paulus nyerat ing layang Korinta: “ ..sabab Iblis uga memba-memba dadi malaékating pepadhang.” Kalebu nalar menawa Iblis nyaketi Gusti Yésus mémba-mémba dadi salah sawijining malaékat, kaya pratélané Mazmur 91: l2 “ Kowé bakal ditadhahi ing tangané, supaya kowé aja nganti kesandhung ing watu,” lan kaya kaya Iblis kepéngin ngyakinaké Sang Kristus menawa dhèwèké kang bakal nylametaké Sang Kristus saka papacintraka.

Yèn Gusti Yésus nuruti banjur anjlog temenan saka payon Bait Suci, lan nyatané para malaékat nadhahi, jagad mesthi bakal precaya yèn Panjenengané asal Kasuwargan, saka Allah. Pambujuking Iblis nggunakaké landhesan rohani, manut kang katulis. Iblis duwé landhesan saka pangandika kang katulis ing kitab, semono uga Gusti anggoné paring wangsulan uga nggunakake pangandika kang katulis ing Kitab Suci. Iki isi teges, menawa pangandika ing Kitab Suci kudu tinampa sacara wutuh salarasing kayektèn, ora mung punggelan sapérangan, lali marang sesambungané perangan liyané. Gusti ngendika: “ Ana manèh tulisan mengkéné: Sira aja nyoba marang Pangéran Allahmu.”

Kitab Suci uga dadi panafsir ulung. Ayat ing sawijining bagéyan, bakal ditafsir lan diterangaké déning ayat ing pérangan liyané. Alkitab iku panafsir kang élok. Iki dadi kuncining bebener. Yèn ana wong kang nggunakaké ayat-ayat ing kitab mangka ora salaras karo sesambungane utawa kontèks sawutuhé, bakal nukulaké kaluputan kang gawé rusak.

Sétan ngrékadaya Gusti supaya nindakaké pakaryan kanthi kuwasa kang wus tinampa. Yèn Gusti Yésus nuruti akalé si sétan, mesthi bakal katon anggoné angkuh, dupèh ngasta panguwasa. Iki akalé Iblis ing panggodha kapindho. Nanging Rohing Kitab Suci, lan isining piwulang, ora marengaké manungsa sengaja mapan ing bebaya kang tanpa alesan kang migunani. Nalika manungsa nékad sengaja nyegur ing bebaya kang ora nalar, ora pantes lamun ngarep-arep pitulungané Gusti Allah. Apa manèh yèn sing dilakoni mau isi angkuhing ati. Semono uga bakal dadi luput, menawa manungsa nglakoni samubarang karya kang amung sensasional, yaiku sabarang kang ora nalar lan ora lumrah dilakoni. Pancèn, Gusti Yésus pinasthi sengsara lan séda anggoné mbélani manungsa dosa. Nanging nganti tumeka ganeping mangsa kala rampunging ayahan Mésiani, Sang Yésus Kristus bakal nyingkiri tindak sensasi. Ora bakal nindakaké sabarang kang ora ana paedahé, mangka sabarang mau ora lumrah dilakoni.

Yèn dirasakaké kanthi premati, sétan uga ngakali Gusti Yésus supaya nindakaké pakaryan kaya gawéyané tukang sihir. Alesané: Yèn wong akèh katarik kawigatèné lan dadi gumun, mesthi bakal precaya marang Gusti Yésus iku asal saka Allah lan Mésias. Saupama Gusti Yésus nuruti nglakoni mengkono ateges: Gusti luwih gumantung marang panggawéning titah manungsa. Ora nganggep manèh marang kayektèn utawa sabarang kang bener. Ateges luwih ngutamakaké pamilutane kapinteran intelektualita kamanungsan. Ora gumantung marang nurani kang padhang. Yèn nuruti godhaning Sétan, Gusti nyata luwih remen dirubung wong akèh lan kapuji puji, lan kesupèn marang ayahan memulang saben uwong.

Menawa kelakon Gusti Yésus anjlog saka payon Bait Suci, ateges Gusti ménggok ndalan lan ora nuntun wong akèh kanthi cara rohani manèh, nanging nggunakaké cara kadagingan lan kajasmanèn. Yèn mengkono, sétan tetep mbekem kanthi bakuh anggoné nguwasani manungsa. Nanging Gusti Yésus ora katarik olèh puji saka anggoné damel mijizat kang gawé gawoking wong akèh. Gusti Yésus ora kena ing kalajiret gawéhané sétan. Saupama Gusti damel mijizat sarta kaélokan, ora merga ambisi olèh pandhèrèk akèh utawa damel sensasi, ora babar pisan. Utawa ora merga supaya wong gelema precaya. Dudu kuwi rancangané Gusti. Luwih saka kuwi Gusti Yésus ngersakaké menawa manungsa precaya marang Panjenengané ora mung merga mijizat, nanging amarga kuwasa ing kasucèné sarta amarga ngasihi Gusti Yésus.

Dununging urip agamawi, ora ana ing pikiran, nanging ana ing telenging ati. Uwong ora bakal kelakon nyawang pepadhanging Allah, yèn atiné ora kajamah ing sih rahmat. Mulané, Gusti Yésus tansah nulak panyuwuné wong Yahudi, nalika wong Yahudi nyuwun buktining mujizat kang saka ing langit.

Godha Kang Kaping Telu: Asipat Politeisme.

Gusti Yésus banjur digawa Iblis manèh munggah ing gunung kang dhuwur bangétlan diaturi mriksani sakèhing krajan ing ndonya dalasan kamulyané, nuli munjuk mengkéné: “Menika sédaya badhé kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula. ”Ing kono Gusti Yésus banjur ngendika marang Iblis: “Wis, lungaa, Sétan ! Sabab ana tulisan mengkéné:Pangéran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengané piyambak kang kudu sira bektèni. ”Iblis banjur mundur saka ing ngarsané Gusti Yésus; lah ing kono tumuli ana malaékat malaékat kang padha sowan lan ngladosi Panjenengané. (Mateus 4 : 8-ll)

Wis kaping pindho Iblis gagal nggodha Gusti Yésus. Bataling trékahé kang julig kuwi malah njalari Iblis saya kendel lan nékad. Ngowahi panyuwunané marang Sang Kristus. Iblis duwé usul marang Gusti Yésus, supaya sujud sumungkem. Yèn Gusti Yésus kersa sujud sumungkem marang Iblis, sakèhing krajan ndonya bakal diaturaké marang Gusti Yésus. Nalaring manungsa pancèn ora ndungkap, ora nyandhak, kepriyé bisané Iblis nggawa Gusti Yésus munggah ing gunung kang dhuwur banget. Krajan ndonya lan kamulyané bisa katon satléraman. Banjur matur marang Gusti: Sédaya menika badhé kula aturaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sujud sumungkem dhateng kula.” ( Matius 4: 9 )

Ing nalika pacoban iki dileksanani, ora ana titikané yèn Iblis amung goroh. Uga ora kawistara lamun janjiné amung janji palsu. Sejatiné, malah Gusti Yésus sing kagungan wenang lan kuwasa, supaya Iblis kudu menuhi janji. Gusti Yésus nulak pambujuking Sétan, amarga panembah iku amung kagem Gusti Allah baé. Yèn panembah ora tulus saka ati, lan banjur dadi ibadah kang mangro tingal (munafik), ora bakal bisa katarima. Gusti Yésus priksa, yèn kanggo nggayuh bebener ora bisa kompromi karo kadursilan. Manungsa kang seneng sekuthon, seneng kompromi, bakal gampang banget kena pamiluting Iblis. Lan watak mengkono bakal kelangan berkahing Gusti Allah. Godha kang kaping telu iki, Iblis ngrimuk Gusti Yésus supaya nampa kamulyan lan pengarep arep kadonyan. Pacoban kaya kuwi uga tumama marang muri-murid, lan uga Yokanan Pambaptis. Para pandhèrèké Gusti uga duwé pepenginan supaya Gusti bisa jumeneng raja kadonyan, kang diyasa déning Gusti piyambak. Sétan uga ngrekadaya, supaya pangimpèné wong Yahudi kuwi diwujudaké, kanthi kersa nampa sakèhing krajan ndonya. Panguwasa kadonyan iki bakal nylametaké Sang Kristus ana ing ndonya, ora dirèmèhaké lan uwal saka kasengsaraning salib. Semono uga, pengarep arepe wong akèh ngentèni Sang Mésias, ora kesuwèn. Bisa gawé marem. Mangka krajan ndonya wis dikuwasani déning sétan sawisé manungsa tumiba ing dosa. Lan donya dadi papan padunungané Iblis. Rancanganing Allah mesthi bakal kaujudan.

Pancèn ngéram-éramaké, déné Iblis wani nantang marang Gusti Yésus, supaya nyembaha. Bisané Gusti Yésus digawa Iblis tekan papan dhuwur kuwi uga ora ana sing bisa njlèntrèhaké kepriyé kabèh kuwi kelakon. Nyembah marang liyané Gusti Allah, kuwi awisaning Agama. Ing kéné sétan nglakoni kaluputan kang njalari cilakané dhéwé. Nanggapi usulé si Iblis, kanthi mandhes, Gusti dhawuh: “ Iblis, lungaa !” Ing pangandika iku, Gusti tetep ngagem Kitab Suci dadi sumbering pikir lan tumindak. Methik kitab Musa, mratélakaké yèn Putraning Manungsa pancèn pantes dadi tuladha. Pangandikané: “ Kowé wedi-asiha lan ngabektiya marang Pangéran Yehuwah, Gusti Allahmu, amung marang Panjenengané anggonmu manembah ngabekti.” ( Pangandharing Torèt 6: l3 ) .

Sétan lunga, amarga ditundhung déning Gusti Yésus. Balatantra kasuwargan sowan Gusti Yésus lan ngladosi Panjenengané. Para malaékat sukabagya, amarga kaunggulané Gusti Yésus. Padha ngalembana sarta nyeksèni keparenge Gusti Allah marang ingkang Putra, Sang Yésus. Kabuktèkaké kanthi memuji klawan bungah. Ing ara-ara samun Gusti Yésus ngadhepi godha telung prekara. Yaiku: hardaning kadagingan lan kasenengané, pepenginané mripat lan kaangkuhan lan sombonging urip.

Pacoban uriping kadagingan, sipate jasmaniah, bab pangan, bab rasa luwé. Pacoban marang kasenenganing mripat, godha ing bab mentalitas lan sensasional. Pacoban sing sipat rohani: Bab panguwasa, kamulkyan ndonya lan kaangkuhan.

Gusti Yésus ngersakaké ngalami ngrasakaké aboting godha kang dialami déning manungsa. Mula Gusti ngrasuk sarira insani, amarga mreduli marang umat. Saka panggodha kang kapisan, supaya ngrubah watu dadi roti, Iblis ngerti iba gedhé panguwaosé Gusti Yésus. Upamaa dilakoni, kelakon bisa ngrubah watu dadi roti, mesthiné ora ana alané. Nanging Gusti ora kersa amarga mriksani trékah lan akal ala saka sétan, kang bakal nyenyuwèk lan ngrusak rancanganing Allah. sétan kalah.

Godhaning sétan ing ara-ara samun, mujudake baptisan kang kaping telu. Sepisan: Kabaptis srana banyu, déning Yokanan Pambaptis, manut pranatan agama.Sabanjuré, baptisan kapindho: Baptisan Roh Suci. Lan godhaning Iblis dadi sarana baptisan kang kaping telu. Ana baptisan kang kaping papat, yaiku baptis rah lan salib. Adam kapisan tumiba ing dosa, nalika kagodha déning Iblis, makili umat manungsa. Satemah manungsa pantes nampoa paukuman naraka, amarga kabèh anak turun Adam Kawa iya padha nglakoni dosa lan kaluputan.

Gusti Yésus Kristus, sinebut Adam kang kapindho, makili umat manungsa, nalika ngadhepi godha, Sang Kristus tetep setya lan unggul saka godha. Yèn Adam kapisan gagal nuntun manungsa ngabekti lan lumebu ing kasuwargan (kejaba mratobat) Taman Firdaus rusak, maujud ara ara samun, ya jagad iki. Déning Adam kang kapindho. Taman Firdaus pulih manèh, dadi taman kayektèn, dalaning kaslametan binuka. Déning apuraning dosa kang kaparingaké déning Sang Kristus Yésus, pasamunan gething sengit, owah dadi tresna asih. Pangancaming paukuman naraka, malih dadi kasuwargan, Firdausé Gusti Allah, kang isi bungah sukarena lan kamirahané Gusti Allah. Manungsa kang kaancam pati merga dosané, malah pinaringan urip langgeng karana Gusti Yésus. Sing mauné manungsa nyingkur Gusti Allah, waluya dadi para putraning Allah kang dicawisi Firdaus kasuwargan. Ibarat urip ing taman kang ancur lebur, dadi wilujeng. Manungsa kang pepes lan tanpa daya, pinaringan keslametan langgeng.

GUSTI YÉSUS NIMBALI MURID-MURID KAWITAN

Ésuké Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono manèh, karo sakabaté loro. Nalika padha weruh Gusti Yésus langkung, Nabi Yokanan ngendika: “ Lah iku cempéning Allah.” Sekabat loro mau padha krungu anggoné Nabi Yokanan ngendika mangkono iku, Banjur ndhèrèkake tindake Gusti Yésus. Gusti Yésus banjur nolèh mriksa yèn sekabat mau padha ndhèrèkake, banjur didangu: “Kowé padha golèk apa ?” Unjuke kang didangu: “Rabbi, pakendelan Paduka wonten pundi ?” Pangandikané Gusti Yésus: “ Ayo, kowé bakal padha weruh !” Tumuli padha mara lan weruh pakendelane, sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan karo Panjenengané, mungguh wayahe iku wetara jam papat. Déné sekabat loro kang wus krungu pangandikané Nabi Yokanan lan banjur ndher ekake Gusti Yésus iku, kang siji yaiku Andréas, sedulure Simon Petrus. Sabanjuré Andréas ket emu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani: “ Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih .” Simon mau banjur diirit menyang ngarsané Gusti Yésus. Gusti Yésus banjur mandeng Simon, lan ngendika: “ Kowé iku Simon anake Yokanan. Kowé bakal dijenengake Kefas “ ( tegese: Petrus ) - ( l Yokanan l: 35-42 )

Nalika Yokanan Pambaptis karo muridé loro, weruh Gusti Yésus tindak ing sacedhaké, marang murid-murid mau Yokanan ngendika: “ Lah iku cempéning Allah.” Salah sijiné murid mau jeneng Andréas asal kutha Bètsaida, saéloré segara Tibérias ing laladan Galiléa. Adoh adoh tumeka ing Yudéa, dadi muridé Yokanan Pambaptis. Sing sijiné jeneng Yokanan, putrané Zebedéus, uga asal Bètsaida. Ing Yokanan 1: 36, ana pangandikan:

“ Delengen iku Cempéning Allah kang ngilangi dosané jagad.” Iki salaras karo pamecané Nabi Yésayah ( Yes 53: 8 )

“ Panjenengané kinaniaya, nanging kèndel baé sajroning katindhes iku lan ora mbikak tutuké, kaya cempé kang katuntun menyang ing pasembelèhan; kaya wedhus kang ora nyuwara ana ing ngarepé para wong kang padha ngguntingi wuluné, kaya mangkono enggoné ora mbikak tutuké.”

Yokanan Pambaptis iku putra imam Zakharia. Ngerti apa ayahaning para imam. Yaiku ngaturaké kurban. Déné kurban mau cempé kang tanpa cacat, tegesé pilihan.. Nalika Yokanan mratélakake menawa Sang Kristus iku Putraning Allah, sarta ingaran Cempéning Allah, Yokanan nerangaké yèn Gusti Yésus iku sampurna lan suci. Kurban–kurban ing Bait Allah, iku dadi pralambang, utawa dadi wewayangané kurban kang asli lan sejati, yaiku Cempéning Allah. Gusti Yésus Kristus iku kurban kang sejati. Yokanan ngerti bab iku, merga uripé kapenuhan ing Roh Suci. Yèn kita kabèh maca layang Petrus ( l Petrus l: l8-20 ), kapratélakaké menawa kurban mau disembelèh kaya kang wus katemtokaké déning Gusti Allah wiwit sadurungé jagad gumelar.

Yokanan uga mulangaké menawa kurban kéwan kuwi ora njalari slamet, amarga mung wewayangan baé. Déné kurban sejati ing salib Golgota, iku kang nylametaké. Yaiku kurban kang maujud ing sédané Gusti Yésus Kristus, kurban ing kayu salib.

Katrangané Yokanan marang murid loro kuwi gedhé banget daya paédahé. Kabuktèn Andréas lan Yokanan anaké Zebedéus, banjur ndhèrèk ngetut wingking Gusti Yésus, kang diarani Sang Cempé déning Yokanan Pambaptis mau. Ing Yokanan l: 38, Gusti bareng priksa ana kang ndhèrèkaké paring pandangon: Kowé arep golèk apa ? Marang sapa baé kang ngetut wingking, padatan banjur didangu. Lan nyatané sing dadi alesané para kang ndhèrèk, béda-béda manéka warna. Alesan mau, kudu maton.

Sawijining wektu Gusti Yésus ngendikakaké : “ Satemen-temené pituturKu ing kowé, kowé padha nggolèki aku iku ora awit kowé padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.” (Yokanan 6: 26). Sing padha ndhèrèk ana sing ditampa lan ana sing ditulak dadi murid, marga Gusti priksa isining atiné saben wong.

Nalika Andréas lan Yokanan didangu, aturé kanthi urmat sarta nélakaké yèn wis cumawis, kepéngin nunggil lan nampa piwulangé. Aturé: “ Guru, pakendelan Paduka wonten ing pundi ?” – Gusti ora ngendikakaké ana ing ngendi papan paleremané, amarga Gusti Yésus ngersakaké sapa baé sing arep ndhèrèk, banjur ngetut wingking ora ndadak semaya, supaya ndhèrèk Panjenengané “saiki” uga. Gusti ora ngersakaké kang bakal ndhèrèk ndadak semaya lan alesan werna-werna. Nanging diénggal ndhèrèk Gusti, saiki.

Mula pangandikané Gusti: “ Ayo, kowé bakal padha weruh.” Amarga ana pamanut lan pambangun turut, mulané Gusti ngersakaké Andréas lan Yokanan dina kuwi tetunggilan karo Gusti. Precaya iku ora merga dipeksa utawa merga paseksiné wong liya, nanging thukulé iman merga “ ngalami nunggal “ karo Gusti Yésus. Sacara pribadi nyawang lan ngrasakaké ngalami dadi siji. Ing Mazmur Daud, tinulis ana pangandika: “ Mara padha ngrasakna lan nyawanga sepira gedhéné lan kasaénané Pangéran Yéhuwah iku ! Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengané.” ( Mazmur 34: 9)

Sawisé ketemu Gusti Kristus, uripé Andréas lan Yokanan kabangun, bebudené salin anyar babar pisan. Pancèn Andréas ora banjur kondhang, nanging uwohé nggawa seduluré, Simon, dadi muridé Gusti Kristus. Mesthiné ing sadurungé, Simon uga padha padha dadi muridé Yokanan Pambaptis. Simon digolèki nganti ketemu. Andréas nuli nyaritakaké yèn wis nemu bandha kamulyan lan kasugihan bebarengan Yokanan.

Gunemé marang Simon: “ Aku wis padha ketemu karo Sang Mesih.” (Yok l: 4l). Rasa bungahé kuwi dadi dalan keslametan. Gusti Yésus Kristus iku kaya kang wus kaweca ing Kitab Mazmur 23 : “ Sang Yehuwah iku pangènku, aku ora kekurangan apa-apa.” Kitab Yokanan l4: 6: “ Aku iki dalané sarta jatining kayektèn lan kauripan.” Ora ana wong kang bisa sowan Gusti Allah yèn ora ngliwati Gusti Yésus Kristus. Sing sapa wus nemu bandha telung werna iku, ateges wis duwé samubarang, sepisan dalane sowan Gusti Allah. Kapindho, nunggal karo jatining kayektèn ( bebener), lan sing angka telu nduwèni bandha kauripan langgeng. Urip langgeng iku bandha kasuwargan.

Andréas ora mung mandheg ngrungokaké, nanging Andréas nglakoni. Mulané seduluré, Simon, digawa ndhèrèk Gusti Yésus. Keslametan ora mung kanggo awaké dhéwé. Titikané wong kang wus ketemu lan nunggal karo Gusti Yésus iku, tansah kepéngin ngajak sapa baé dadi muridé Gusti. Mesthiné kawiwitan saka sing caket srawungé. Sawisé Gusti Yésus mriksani Simon, banjur paring jeneng Pétrus, basa Yunani. Utawa ingaran Kéfas, yèn basa Aram. Sakaroné duwé teges “ watu “ – watu karang. Jeneng iki kena kasandhang déning Simon, kuwi salaras karo pakaryané Roh Suci, yaiku sawisé Simon kanthi nyata niyat lan tékad makarya, yaiku bakat lan kabisan peparingé Allah. Kabisané kaujudaké kanthi laku.

Kaya déné pawitan kang kudu nukulaké bathi. Metu uwohé. Sadurungé Simon sowan Gusti Yésus Kristus, wus kapirsanan apa bakat lab kabisané, watak wantu lan kapribadèné. Kabèh wus kapirsanan déning Gusti. Malah ing tembé lelakon apa kang bakal dumadi kasandhang dadi nasibé Simon, Gusti wis priksa.

Ésuké manèh Gusti Yésus karsa tindak menyang ing Galiléa. Panjenengané pinanggih karo Filipus, banjur ngendika: “Mèlua Aku.” Filipus mau wong Bètsaida, kuthané Andréas lan Pétrus. Filipus ketemu Natanaèl, banjur dipituturi mengkéné: “ Aku wis padha ketemu karo kang kasebutaké Nabi Musa sajroning Torèt sarta déning para Nabi, iya iku Gusti Yésus putrané Bapa Yusuf, saka ing Nazarèt.” Pangucapé Natanaèl: “Saka Nazarèt apa ana barang kang becik?” Wangsulané Filipus: “ Ayo, ndelenga.!” Bareng Gusti Yésus mriksa Natanaèl sowan ing ngarsané, banjur ngendika bab dhèwèké: “ Lah, iku wong Israèl sejati, kang ora kadunungan cidra.”

Natanaèl banjur munjuk: “ Paduka nguningani kawula saking pundi ?” Gusti Yésus mangsuli pangandikané: Sadurungé kowé diajak déning Filipus, Aku weruh kowé ana ing sangisoring wit anjir.” Natanaèl munjuk manèh: “ Dhuh Rabbi, Paduka menika Putraning Allah, Paduka menika Ratuning Israèl.” Gusti Yésus mangsuli pangandikané: “Anggonmu precaya kuwi apa amarga anggonku pitutur ing kowé: Aku weruh kowé ana ing sangisoring wit anjir ? Kowé bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih élok katimbang iku.” Banjur dipangandikani déning Gusti Yésus mengkéné: “Satemené pituturku ing kowé, kowé bakal padha weruh langit menga, lan para malaékating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.” ( Yokanan l: 43-5l ).

Simon banjur bebarengan karo Andréas lan Yokanan, manjing dadi muridé Gusti Yésus. Karsané Gusti rawuh ing Bètsaida wus kaujudan. Ésuké ngersakaké wangsul menyang Galiléa. Nanging sadurungé, Gusti nimbali dadi murid wong sing jeneng Filipus, uga asal Bètsaida. Ditimbali dadi murid kang kaping papat. Nalika Gusti Yésus ketemu Filipus banjur ngendika: “ Mèlua Aku.” ( Yokanan l: 43 ).

Paugeran bab bakal ndhèrèk Gusti Yésus iku mengkéné: “ Padha nyenyuwuna temah bakal padha kaparingan. Padha golèk-golèka, temah bakal olèh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.” (Matius 7:7) Lumantar Nabi Yérémia Gusti Allah uga paring dhawuh: “Samangsa sira ngupaya marang Ingsun, manawa sira nakokaké marang Ingsun, kalawan gumolonging atinira, Ingsun bakal marengaké sira ketemu marang Ingsun.” (Yeremia 29: l3, l4) Nanging, anggoné Filipus lan Matius ditimbali ora kaya pathokan iki. Tumrap wong loro kuwi, Gusti piyambak ingkang manggihi lan ndhawuhi. Bener apa kang dingendikakake Nabi Yésaya: “ Wus dadi keparenging penggalihingSun, paring pituduh marang wong kang ora nakokake marang Insun. Ingsun wus ngandika: “ Iki Ingsun, iki Ingsun, marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun.” (Yesaya 65:l).

Ing jiwa-ragané Andréas lan Filipus thukul semangat lan gegayuhan supaya wong liya uga bisa antuk keslametan. Filipus nggolèki Natanaèl, asal Kana ing Galélia. Lan nyaritakaké menawa Gusti Yésus iku kang dijanjèkaké Gusti Allah ana ing kitabé Nabi Musa, ing kitab Torèt. Uga kaya kang wus kaweca déning para Nabi. ( Yok l: 45 ). Natanaèl ora gampang precaya, manut penganggepé, yèn Sang Mésias ora rawuh ana ing Nazarèt, kutha kang ora becik lan para pedunungé padha nglakoni sing ora bener. Natanaèl mbatah, penemuné: Ora ana samubarang kang becik tekané saka Nazarèt ! –Mulané Filipus amung mangsuli: “ Ayo, ndelenga!” – ( Yok l: 46 ) Filipus paham, yèn sing luwih prayoga , sapa baé amrih bisa ndeleng lan ngalami dhéwé.

Nganti jaman saiki uga, èyèl-èyèlan lan rebut bener, akibaté ora becik. Ora perlu débat, sing perlu ngalami lan ndeleng dhéwé. Kuwi semangaté Filipus. (Yok l: 39). Marang para murid sadurungé, Gusti uga ngendika: Ayo, kowé mengko bisa weruh. Roh Suci piyambak kang paring dhawuh ana ing Gusti Yésus. Roh Suci piyambak lumantar Filipus uga ngendika: “ Ayo, ndelenga.” – Rahayuné, Natanaèl nurut marang Filipus, sarujuk yèn bakal disowanaké Gusti Yésus. Ketemu Gusti ateges antuk urip rahayu.

Gusti Yésus priksa, yèn ing atiné Natanaèl isi kawruh, anggoné Natanaèl paham bab bakal rawuhé Sang Mésias. Kuwi saka anggoné ngrasuk lan nyinau piwulang agama. Gusti priksa nalar budiné Natanaèl jujur anggoné precaya yèn Sang Mesih bakal rawuh. Pangandikané Gusti: “ Sawangen, iki Israèl sejati kang ing atiné ora kadunungan cidra.” – Gusti priksa yèn olah pikiré Natanaèl, ngenani sing klebu nalar lan duwé dhasar.

Natanaèl kaget, déné Gusti Yésus priksa samubarang kang wis dilakoni. “ Kados pundi Paduka saged priksa kawula ?” pitakoné Natanaèl, nggumunake banget déné Gusti Yésus wis priksa nalika Natanaèl ana ing sangisoring wit anjir, lan uga priksa sadurungé Filipus ngajak dhèwèké kuwi. Natanaèl yakin, Gusti Yésus mahamirsa. Mula paseksiné: “ Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israèl.” ( Yokanan 1: 49 ). Ing bab iki, bisa uga Natanaèl wis tau krungu kotbahé Yokanan Pambaptis, menawa Sang Mésias iku Putraning Allah. Utawa saka wong liyané. Iya Natanaèl sing sepisanan nyebut lan ngaturi gelar asma marang Gusti “ Ratuning Israèl.”

Paseksiné Natanaèl malah tinanggapan déning Gusti Yésus, mengkéné: “ Kowé bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih élok katimbang iku.” Sing dikarsakake déning Gusti, menawa swarga bakal binuka amarga anané apuraning dosa, sawisé katutup merga dosaning jagad. Gusti kang bakal dadi pantara, ngrukunaké jagad lan swarga, malah para malaékat bakal kautus ngladèni umat manungsa. Manut layang Ibrani, para malaékat bakal njaga wong precaya lan nganthi menyang swarga sawisé tilar donya. (Ibrani l: l4) ; (Lukas l6: 22 ). Injil ngendika, menawa para malaékat bakal ngladosi Gusti Yésus, Putraning Manungsa. ( Yokanan l: 50, 5l )

Pratélan saka suwarga, yèn Gusti Yésus iku Putraning Allah, nalika mentas saka banyu sawisé kabaptis déning Yokanan Pambaptis. Lan sabanjuré Natanaèl uga paseksi mangkono, menawa Gusti Yésus Putraning Allah. Gusti Yésus uga ngendika bab sarirané piyambak, sinebat Putraning Manungsa. Nyatané, anggoné kepareng rawuh ing jagad ngrasuk sarira manungsa, dadi anak turun Adam. Senajan uga Putraning Allah. Nabi Yehezkièl uga wis nyebut asma kuwi. Yeh 2: l, ngendika: “ Hé, anaking manungsa, sira tangiya lan ngadega, nuli sira Supangandikani ….” - lan Gusti Yésus ngagem sesebatan iku, kanthi ora menggalih yèn bakal dadi asor. Natanaèl uga dialem déning Gusti déné anggoné precaya yèn Panjenengané Putraning Allah, lan Ratuning Israèl. Saupama Natanaèl ora ngucapaké sing bener sing condhong karo karsaning Allah, mesthiné Gusti Yésus ora paring pangalem mau. Nyata yèn Gusti nampi sesebatan iku. Najan nyatané masyarakat nganggep yèn Sang Kristus iku putrané Rama Yusuf kang miyos saka Ibu Maryam. Natanaèl precaya lan nyebut Sang Kristus iku Ratuning Israèl lan Putraning Allah. Apa yèn ora bener banjur Gusti kèndel baé? Kabèh mau bener.

Sadurungé Natanaèl apaseksi, ora ana siji baé sing ngarani Gusti Yésus iku nabi utawa rasul utawa ratu, ora ana. Yèn wong nyaritakaké apa anané bab dhiri pribadiné dhéwé, pancèn perlu banget kabuktèkaké. Gusti uga wus ngendikakaké apa anané kang bener bab sarirané, nanging jagad njaluk buktiné. Ing Yokanan 8: l4, Gusti ngendika: “ Senajan aku neksèni awakKu dhéwé, nanging paseksènKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan paranKu. Nanging kowé padha ora sumurup sangkan paranKu iku.” – Ing kawontenané, Gusti Yésus ora bakal ngendika kang dora utawa goroh. Kawicaksanané bakal nguwohaké kang bener lan sayekti, ora bakal klèru ngendikan. Wong kang kajen keringan, bakal nulak tampa pujian lan pengalem kang ngluwihi ing sanyatané. Apamanèh Gusti Yésus, mesthi bakal nulak yèn disebut kanthi asma kang ora nyata. Sajagad ngakoni kasucèné, sadonya nyawang lan ngakoni éloking mujizat lan kuwasané. Mesthi ora bakal goroh. Lan ora kersa disebut kanthi asma kang ora bener.

Adat Yahudi, pinisepuh Yahudi ngajèni banget marang pangandikané para kang kinurmatan, yèn ngendika bab dhiri pribadi padha digatèkaké. Mulané tau ana sing takon marang Yokanan Pambaptis, sejatiné Yokanan iku sapa ? Déné kotbahé narik atiné wong akèh ? Ana utusan sarombongan sowan Yokanan lan pitakon. Yokanan Pambaptis nerangaké bab dhiri pribadiné kaya ing kitab Yokanan l: 22. Yokanan Pambaptis iku suwara kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan, kaya kang katulis déning Nabi Yésaya ing kitabé. Kang bakal nyawisake margi ambah-ambahane Sang Mésias. Yokanan uga nerangaké, menawa kang bakal rawuh nungka Yokanan, iku luwih gedhé panguwasané. Yokanan mbaptis kanthi banyu nanging kang pinasthi rawuh nungka Yokanan, mbaptis wong kang kang precaya ing baptisan Roh Suci.

Nyata, saliyané Gusti Yésus yèn ana paseksiné wong kang ngegungaké beneré awaké dhéwé, bakal diserang panyéda lan pangina saka para winasis ing ndonya iki. Contone: Wong athéis ing negara Inggris, wawanwicara karo pengarang kondhang Carlyle. Si athéis mau paseksi kanthi murangtata, mangsuli patakon, sarta ngaku: “ Aku paseksi bab awakku dhéwé, kaya paseksiné Yésus: Aku karo Sang Rama iku siji.” Krungu gunemé si athéis mengkono iku, Carlyle ngucap: Iku bener. Lan donya bisa nampa paseksiné Sang Yésus. Nanging yèn gunemanmu, sapa sing bakal ngandel ?”

GUSTI YÉSUS NGENDIKA; “ Aku iki pepadhanging jagad, sing sapa ngetut buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduwèni padhanging urip. ( Yohanes 8: 12 ).

MUJIZAT KANG SEPISANAN

Nalika ing dina kateluné ing désa Kana tanah Galiléa ana mantèn, sarta kang ibuné Gusti Yésus ana ing kono. Gusti Yésus dalah para sakabaté, uga diulemi mrono. Bareng padha kekurangan anggur, kang ibuné Gusti Yésus tumuli ngandika marang Panjenengané: “ Padha kentèkan anggur.” Pangandikané Gusti Yésus: “ Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng Kula ? Dereng dumugi wekdal Kula.” Nanging kang ibuné Gusti Yésus banjur dhawuh marang para paladèn: “ Apa sadhawuhe marang kowé padha lakonana .” Ing kono ana genthong watu wadhah banyu nenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adaté wong Yahudi, isiné saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing. Gusti Yésus tumuli dhawuh marang para paladèn mau: “ Genthonge padha kebakana banyu !” Tumuli iya diiseni nganti kebak. Gusti Yésus banjur ngandika:” Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawé !” Banjur kalakon digawa. Pitayaning gawé bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau lan dhèwèké ora sumurup pinangkané, awit kang sumurup mung para paladèn kang padha nyidhuki banyuné. Tumuli ngaturi pangantèn lanang sarta matur: “ Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang saé rumiyin. Déné manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang saé. Nanging panjenengan kok nyimpen anggur ingkang saé ngantos sapunika.” Prakara mau katindakaké déning Gusti Yésus, ana ing Kana tanah Galiléa. Dadi wiwitané mujizat-mujizat, lan srana mangkono Panjenengané wus mbabarake kaluhuraNé. Para sakabaté tumuli padha pracaya marang Panjenengané. ( Yokanan 2: l-11)

Tumindak apa baé, kena ingaran mujizat lamun bisa ketemu katrangané sing alami. Saya suwé umat manungsa bisa precaya marang mijizat amarga wus saya taliti marang bab kang magepokan karo kang asipat alami. Lan nguwohaké paedah gedhé. Para ilmuwan jaman iki bisa makarya kanthi ngéram-éramaké, yèn ing jaman kuna banjur baé ingaran mujizat. Upamané, rokèt diluncuraké menyang rembulan lan liya-liyané manèh. Para ilmuwan bisa nyipta bab kang gawé gumun. Manungsa kang asipat titah bisa gawé sing ngédab-édabi. Apa manèh kang nitahaké jagad raya iki, apa ora luwih luhur manèh? Sang Maha Agung kang nyipta hukum alam lan nemtokaké pranatan kanggo nata, mesthi luwih mulya katimbang titah. Saya akèhé pakaryané umat manungsa, lan sanyatané bisa saya suwé saya manéka warna, iki dadi lambaran lan dadi paugeran, menawa ora mokal lamun ing jaman semana mujizat Ilahi bisa kabuktèn ana. Iki perlu banget kita pahami, duwé teges menawa sing Maha Kuwasa naliti lan ngreksa para umat. Bukti nyata iku perlu banget. Mujizat dadi sarana pratélan marang titah supaya padha ngerti lan wanuh Gusti Allah.

aagungané Gusti Allah, pancèn ora kudu srana anané mujizat supaya katon. Para panulis Injil papat pisan uga ora musataké kawigatèn marang bab mujizat ing sadurungé Gusti Yésus miwiti ayahan nggelarake Injil. Sing ditulis kabar apa anané. Mulané bab aslining Injil kena pinercaya, ora ana carita kang digawé-gawé. Awaké dhéwé kabèh precaya menawa para rasul lan para sakabat bisa gawé mujizat kanthi daya panguwasa peparingé Gusti Allah. Apa manèh marang Allah kang manjalma dadi sarira manungsa, mesthi ora bakal kasoran ing bab mujizat ilahi, nyondhongi wewenang lan panguwaosé Gusti Allah, mesthi ngluwihi samubarang. Mujizaté Gusti Yésus, bisa ingaran mujizat welas asih, dudu mujizating dhendham lan gething sengit anggoné bakal ngasoraké lawan. Mujizat welas asih. Pancèn ana mijizaté Gusti Yésus kang ngakibataké kapitunan. (Luk 8: 26-33; Mark bab 11: l2-l4, 20-24 ). Nanging kuwi kabèh kagem mucal marang umat manungsa.

Yèn Gusti Kristus akarya mujizat, babar pisa ora kagungan tujuwan mung kanggo narik atiné uwong, utawa kanggo kaperluwan dhiri pribadi, kanthi mujizat mau supaya uwong-uwong saya akèh sing precaya marang Gusti Yésus Kristus. Nanging mujizat iku kanggo nguwataké lan saya paring mantebing imané wong precaya. Mula Gusti nulak panyuwunané wong Yahudi supaya gawé mujizat kanggo bukti dadiya pratandha, kang njalari wong Yahudi precaya. Gusti ora kersa nindakaké mujizat kang mangkono iku.

Damel mujizat kang sepisanan, Gusti mratélakaké kamulyané. Murid murid dadi luwih manteb precayané. Déné marang sakèhing mujizat kang kadamel, Gusti kagungan karsa kang jero makna karohanèné. Lumantar sakèhing mujizat, Gusti Yésus mratélakaké: PenggaliHé, paugeraning karsané, kamulyaning piwulang, sarta mratélakaké kaélokan sarta kasucèn. Piwulang sabanjuré, kanthi mujizat iku kita kabèh bisa nyawang lan pinaringan bukti bab samubarang pakaryané. Gusti Yésus nindakaké kaélokan mujizat nalika tindak menyang Tirus lan Sidon. Kita bisa ngerti merga ana cathetané. Para panulis Injil nyathtet bab mujizat, sawisé Gusti miwiti ayahan rohani. Kita kabèh bisa ngerti anggoné Gusti Yésus kagungan raos welas asih, ya merga anané cathetan mujizat. Bab nyarasaké wong lara, nulungi kang rekasa. Iki pratélan bab panguwaosé Gusti Kristus, kaya nalika wong lumpuh didhawuhi lumaku bisa waras. Senajan kaluhurané Gusti ora gumantung marang mujizat, nanging tulisan bab cathetan mujizat ana uga paédahé. Dadi sumbering piwulang rohani. Nyata menawa Gusti kagungan panguwaos, mula sembada paring apuraning dosa. Upama ora ana tulisan bab mujizaté Gusti Yésus, kita kabèh bakal dadi bingung, ora gampang mangertèni bab pathi sari piwulanging Injil. Mujizat iku pratélan panguwaosé Gusti. Kanthi anané bukti tinulis kèhing mujizat kang kadamel déning Gusti Yésus, nambahi saya teguhing iman, menawa Gusti Yésus sayekti asal suwarga rawuh ing jagad, jumeneng Mésias.

Para wong Yahudi kang atiné tulus akèh kang precaya marang Gusti Yésus. Malah dikuwataké kanthi nyawang mijizat mau. Tumrap wong Yahudi kang gething marang Gusti Yésus, pancèn ora precaya, senajan sajroning ati gumun, ngakoni panguwaosé Gusti Yésus anggoné bisa damel mujizat. Nanging tetep ora precaya.

Banyu Dadi Anggur.

Banyu kang malih dadi anggur mujizaté Gusti Yésus, pancèn ora bisa katerangake sacara alami. Kuwi mujizat kapisan ing désa Kana, tanah Galiléa, kutha asal usulé Natanaèl muridé sing anyar. Yaiku murid kang paseksiné bab Gusti Yésus wijang lan tatas tuntas tanpa mangu-mangu manèh. Kalandhesan urmat lan tresnané Natanaèl, Sang Guru lan para sakabaté kang isih anyar, diaturi pinarak Kana, kutha désané. Kaya nalika Matius uga nyuwun supaya Gusti Yésus pinarak ing omahé, nalika wiwit manjing precaya ( Lukas 5: l9-39). Kaya Lidia ngundang para rasul, mampir ing pondhoké ( Para Rasul l6: l5 ). Ya nalika pinarak ing omahé Natanaèl mau, Gusti Yésus lan ingkang ibu bebarengan para murid liyané, olèh ulem ngrawuhi resèpsi pengantèn ing désa Kana.

Para sekabat ngira manawa Sang Kristus ora bakal ngrawuhi uleman mau. Dikira padha baé kaya guru-guru liyané sadurungé, padha ngedohi kasenengan pista resèpsi duniawi. Mangka saka Nazarèt tumeka désa Kana ana lakon rong jam.

Guru rohani kaya déné Yokanan Pambaptis lan Élia, sugengé uga ngedohi kasenengan kadonyan, kerep nglakoni tindak nyepi kaya lakuné para wong tapa. Bawahan manton kaya ngono bisa nganti pitung ndina lagi rampung. Ing resèpsi kaya mengkono mau, semangat agamawi kasilep déning swasana pista andrawina model kadonyan. Nanging Gusti Yésus kersa ngrawuhi. Wis dadi adat Yahudi, pengantèn lanang sedina wutuh sadurungé resèpsi nganakake upacara pandonga, pasa sarta ana wektu ngakoni dosa-dosané.

Pancèn, kang katindakaké déning Gusti Yésus Kristus, béda karo lakuné Yokanan. Juru slameting umat sajagad ora damel pratélan anggoné nglakoni ritual agamawi sing pranatané rupa-rupa, nggiri-giri gawé girising uwong supaya wedi ukuman geni naraka. Sing utama, Gusti mratélakaké anggoné rawuh ing jagad iki anggoné bakal mèlu ngrasakaké seneng lan susahing umat, kanthi nélakaké sih katresnané. Kanthi gawé bungah, kanthi èsem kebak raos sih, supaya padha ngerti yèn Sang Kristus iku kawitaning Injil, uga paraga utama ing kabar kabungahan kang winartosaké. Pranatan agama déning Gusti Yésus kaujudaké ing tumindak, mekaring sesambungan bebrayan, urip bebrayan ing babagan sosial kamasarakatan, lan perluné ana tetunggilan. Kabèh kuwi dadi bukti kabungahan rohani, wujuding saka guru Kraton Kasuwargan.

Menawa Yokanan Pambaptis ngatonaké pamerdining agamawi kanthi keras amrih pranatan agama dipenuhi déning para pangrasuke. Nanging Gusti Yésus, béda. Panjenengané nélakaké tuladha, laku kang dadi conto, dadiya laku utama ngrasuk agama kanthi kebak asih katresnan. Yokanan Pambaptis memulang supaya saben wong wani mratobat. Nanging Gusti Yésus nimbali umat supaya duwé rasa pangrasa, duwéa kasadharan ing bab nelangsani dosa-dosané.

Yokanan Pambaptis ora gampang lan ora kersa mangan lan ngombé awor wong akèh. Nanging Gusti Yésus nglampahi srawung rumaket ing bebrayan sosial masarakat. Mulané, nalika nampa ulem resèpsi pengantèn ing désa Kana, Gusti Yésus ngrawuhi. Yokanan Pambaptis ngagem penganggo saka walulang lan wulu onta, nanging Gusti Yésus ngagem busana jubah lenan kang becik kwalitasé. Mulané para prajurit Roma gawé undhian. Jubahé Gusti Yésus dilotré, sapa begja bakal nduwèni. Kuwi nalika Gusti Yésus Kristus sinalib ing Golgota.

Nalika kotbah. Yokanan Pambaptis nyaruwe wong Yahudi, gunemé: Hèh, tetesaning ula bedudhak, sapa sing akon kowé nyingkiri paukuman kang bakal tumeka ? Nanging Gusti Yésus paring piwucal: “ Rahayu wong kang rumangsa miskin ana ing ngarsaning Gusti Allah, amarga wong kaya ngono iku kang nduwèni Kratoning Suwarga.” ( Matius 3: 7) lan ( Matius 5: 3).

Para sakabaté Gusti Yésus nulad lan manut marang guruné sing anyar, Gusti Yésus Kristus. Nalika Gusti Yésus ngrawuhi resèpsi pengantèn ing désa Kana, para murid padha ndhèrèk Gusti Yésus, tetunggilan karo Panjenengané.

Ing tengah-tengahing bawahan manton diadani, anggur ujukan entèk. Sing duwé gawé kentèkan anggur. Ibu Maryam priksa kahanan iku, merga srawung raket karo sing duwé gawé, begjané tamu tamu liyané padha ora sumurup. Ibu Maryam ngendika karo ingkang putra, menawa angguré entèk. Nyata ing penggalihé ibu Maryam, kadunungan rasa simpati lan rasa welas, merga sing duwé gawé bisa kawirangan. Bisa uga, sawisé nyipati apa sing kadadéyan ing pinggir kali Yordan bab panguwasané Sang Roh Suci, ibu Maryam kagungan pengarep arep, sing duwé gawé kapitulungan. Bisa uga, ibu Maryam kepengin supaya Sang Yésus ngatonaké kaluhurané, amarga asalé kang saka suwarga. Sapa wongé sing ora bombong lan mongkok, dadi biyung sing putrané bisa tetulung ?

Lan, bisa uga, prihatiné thukul merga rombongan ibu Maryam mèlu njalari kekurangan anggur mau, wong ya mèlu ngombé lan mèlu pista. Nanging sakabèhing bab kang bisa kita pikir, sing bener sayekti lan sing priksa ya mung Gusti Allah piyambak.

Ana owah-owahan ing sesambunganing brayat, ana owahing panguwasa. Gusti Yésus ngetingalaké kabèh mau sesambungan karo ayahan kang bakal disangga, enggoné jumeneng Sang Mésias. Bakal ana wates wates karohanèn, ing antarané Gusti Yésus karo kulawargané. Mulané krasa yèn ibu Maryam wis mèlu-mèlu ngurus, intervensi ing panguwaosé Gusti Yésus. Yaiku anggoné duwé pepénginan mitulungi wong duwé gawé sing bakal kewirangan kentèkan anggur. Bab iku tetéla saka atur wangsulané Sang Kristus marang ingkang ibu: “ Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng Kula ? Dereng dumugi wekdal Kula ?” - Yokanan 2: 4 ).

Pangandikan iku sengaja kapilih krasa rada keras. Bab kuwi kanggo mratélakaké menawa bakal ana owah total, ana wates kang tumata ing antarané Sang Kristus lan kulawargané. Brayat ora bisa nyampuri wewenanging Gusti Allah. Wektu kang kawuri, bakal ana bates marang wanci kang bakal lumaku. Nalika matur mangkono, Gusti priksa menawa ibu Maryam ora nyandhang wewenang kanthi penuh manèh minangka biyungé. Sekawit, Sang Kristus digulawenthah déning ibu Maryam. Nanging saiki, malah ibu Maryam sing kudu ngangsu piwulang marang Panjenengané.

Ibu Maryam antuk panyaruwé alus kuwi mau, ditampa klawan andhap asor urmat lan precayané gedhé. Kabuktèn, anggoné banjur ndhawuhi para paladèn, supaya nurut apa kang bakal didhawuhaké Gusti Yésus.

Gusti uga wis priksa sarta wis ngrancang, manawa wanciné tumandang ing kaélokan wus teka. Mula, Panjenengané uga damel pratélan bab panguwaosé. Wong akèh padha sumurup, luwih-luwih para murid, menawa inkarnasi utawa panjalmané nyarira manungsa linampahan kanthi lila legawaning penggalih. Ora karana kapeksa. Panjenengané bakal nguwataké imané para murid. Gusti Yésus uga mgersakaké kamulyan lan kaagungané dingertèni wong akèh, supaya akèh wong sing nggolèki lan ngrungokaké piwulangé. Kuwi ora ateges kagem dhiri pribadi, nanging malah dadi margané uwong akèh nemu karahayon. Béda banget karo manungsa lumrah kang menawa golèk kondhang, amung kanggo kepentingan pribadi.

Asmané kang banjur kondhang, kena ingaran dadi uleman, supaya wong akèh nemu keslametan ana ing Sang Yésus, kanthi lelandhesan iman. Sarta anggoné bakal mratélakaké sih tresnané marang kabèh uwong, kaya katresnané Allah Sang Rama kang ngutus Panjenengané. Anggoné damel mujizat lan paring pitulung, ora ndadak ngentèni nganti manungsa gagal ing penggayuh, lagi tumurun pitulungan Ilahi. Mulané ing saénggon-enggon Gusti Yésus mratélakaké kayektèn lan sih katresnaNé.

Ana genthong nenem, kanggo sesuci manut adat Yahudi, saben genthong bisa isi udakara wolung ember, utawa rong klenthing utawa telung klenthing. Sawisé kothong, amarga wis kanggo wijik suku para tamu, kadhawuhan ngisèni nganti kebak banyu. Ing panguwaosé Gusti Yésus, banyu ing genthong mau malih dadi anggur kang becik. Malah wong kang diprecaya ngatur pawiwahan, bareng ngicipi kaget. Déné anggur kang becik dhéwé kok isih disimpen. Umumé, wong nyuguh anggur kuwi sing becik dhisik, banjur sing rada sangisoré. Nanging anggur karyané Sang Yésus Kristus anggur kang nomor siji lan tanpa tandhing. Sing duwé gawé kapitulungan, ora kewirangan.

Gusti Yésus kepareng nylametaké sing lagi kaancam bebaya kewirangan, merga kentèkan anggur. Mujizaté wijang gamblang, ora perlu diterangaké wis cetha gamblang. Nyata saka genthong kothong, diisi banyu. Banyuné malih dadi anggur. Dudu banyu banjur dicampur anggur. Nanging mujizat murni, owahing banyu dadi anggur. Lan wong akèh ya weruh, yèn Gusti Yésus ora nggawa anggur becik mau saka ngomah. Para paladèn nyeksèni, merga para paladèn kang ngebaki genthong kothong srana banyu.

Dudu para murid sing didhawuhi ngisèni genthong mau, nanging para paladèn. Kanthi mengkono ora ana wong sing bisa ngucap lan ndakwa yèn mujizat mau ngapusi. Anggoné ngisèni banyu kanthi kebak, supaya kanthi seksi para paladèn, ora bisa genthong mau diimbuhi anggur banjur kanggo nyampur. Mujizat iku, ora wurung uga disumurupi wong akèh, kalebu para paladèn sing pancèn durung tau ketemu Gusti Yésus sadurungé. Dadi upama bakal sekuthon sekongkol ora kelakon.

Pitayaning gawé memuji lan ngakoni yèn anggur mujizaté Gusti mau nomor siji. Wong pinitaya duwé tanggung jawab gedhé. Ora kaya wong mendem, banjur anggur ala dikandhakaké anggur becik. Paseksi kuwi dadi bukti menawa mujizat iku murni, ora ana rekayasa. Amarga kang nyeksèni pitayaning gawé. Saben wong sumurup menawa Gusti Yésus wus damel mujizat. Injil Yokanan 2: 11, uga mratélakaké: “ .. lan srana mangkono Panjenengané wus mbabarake kaluhuraNé.

Para sakabaté tumuli padha precaya marang Panjenengané.” – Wong akèh ngrasakaké murnining mujizat iku, merga nyipati, mèlu ngrasakké, lan angganda aruming anggur murni kang nomor siji. Iki dadi uwosing piwucalé. Menawa Gusti Yésus bisa ngrebah memangun kang becik dadi kang becik dhéwé utawa luwih becik. Iki dadi filsafat piwulangé Gusti. Tegesé, pancèn Gusti Yésus uga kang mbangun Angger Angger ing Prajanjian Lawas, marang sih rahmat ing Prajanjian Anyar. Semono uga, menawa kang becik sing dilakoni Yokanan mbaptis srana banyu, Gusti Yésus nindakaké kang sampurna, mbaptis kanthi Roh Suci. Malah kepareng paring wuwuh piwulang lan tuntunan bab “ tuwung langgeng keslametan ” kanggo para pandhèrèké kabèh.

Bab kang bisa dadi conto, Gusti paring anggur, Gusti damel anggur asal banyu lumrah, ateges Gusti marengaké wong akèh ngombé anggur. Nanging babar pisan Gusti ora marengaké wong ngombé anggur nganti mendem mabuk. Yèn kanthi ngombé anggur ing pista, mangka Gusti kang damel mujizat lan njalari karusakan, mesthi Gusti Yésus ora nyarujuki. Lan Gusti ora bakal nulungi sing duwé gawé. Iki dadi piwulang, menawa ing sarak anggering agama ana dhawuh kang dadi sandhungan menawa dilakoni, luwih becik ora ditindakaké. Kuwi dadi sandhungan. Kayadéné wong ngombé anggur kanthi tujuwan dadi mendem, kuwi luput banget.

Piwulang liyané mengkéné. Neningkahan iku pranatan sing wis wiwit jaman biyèn ana. Ateges Gusti mangèstoni lan mberkahi neningkahan. Nyatané rawuh lan malah mitulungi karepotané sing duwé gawé. Ningkah suci kang kawitan, kaleksanan ing taman Firdus, Rama Adam lan Ibu Kawa. Sabanjuré, upacara ningkah suci, kaleksanan sawisé manungsa tumiba ing dosa, kapranata manut angger anggering agama. Gusti piyambak ora nglampahi émah-émah, demi kalenggahan Juru Wilujeng kanggo wong sajagad, Gusti nresnani wong sajagad. Mula kasebur Gusti Yésus iku pengantèn kakung kang kebak tresna lan pangurbanan kanggo kang ditresnani, yaiku wong sajagad. Dadiné wong sajagad ibarat kaya pengantèn putri ing karohanèn, tumrap Gusti Kristus. Gusti nyartujuki pranatan ningkah ing bebrayan sosial, kabuktèn kersa ngrawuhi resèpsiné. Mulané Rasul

Paulus uga nandhesaké: “Ningkah iku ajenana, sarta aja njemberaké paturon …” Injil memulang, neningkahan kuwi dudu bebungah, dudu kado, dudu hadiah kanggo gawé mareming manungsa kang ringkih, supaya ora tansah gawé dosa. Banjur ana panemu sing klèru, menawa ora ningkah utawa laku wadat iku, sawijining kayektèn. Ora mengkono manut sikep lan patuladan kang ana ing Sang Kristus. Penemu kang luput iki akibaté ana pawongan kang nahan dhiri demi kasucèn ora perlu ningkah lan ora omah omah, dadi wadat utawa selibat. Iki penemu kang klèru.

Neningkahan kadhawuhaké déning Gusti Allah marang Adam lan Kawa sadurungé dhumawah ing dosa, kaya kang tinulis ing Purwaning Dumadi 1: 28, mengkéné: “ Padha anak bebranahana tangkar tumangkara. Ngebakana bumi lan telukna.”

Rawuhé Gusti Yésus ing bawahan manton Kana, dadi tuladha becik marang wong precaya ing dhaup suci kang binerkahan ing pasamuwan. Ing akhir jaman, bakal ana pista agung neningkahané Panjenengané kang wus ngrébah banyu dadi anggur ing Kana. Pista Agung Sang Pengantèn Kakung – Gusti Kristus -, nalika Panjenengané lenggah ing dhampar kamulyan, lenggah dadi Pengantèn Kakung Surgawi. Déné sing dadi pengantèn putri, yaiku Gerejané Gusti Yésus, patunggilaning para wong precaya. Pista kasebut ora mung sajroning pitung ndina, nanging langgeng salawase. Kitab Wahyu bab l9: l-l0, ana pangandikan: “ Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempé.”

Sing sapa ngajèni neningkahan, iya kudu bisa ngajèni rumaketing kulawarga. Ora bener, yèn ana penemu sarta panyèngguh, amarga anggoné ngutamakaké leladi marang Gusti Yésus, banjur kaya kaya renggang bab anggoné nggatèkaké kulawarga. Ing rawuhé Gusti Yésus ing bawahan manton désa Kana, karsané bakal memulang marang kita kabèh, yèn neningkahan dalah kulawarga kudu salaras, harmonis. Ana ing guyuping kekrabatan mau, Gusti Yésus mapanaké bab karohanèn dadi sing utama. Gusti maringi kekuwatan anyar, semangat anyar, kaya kang mauné amung banyu bisa owah dadi anggur. Supaya bisa mekar kabangun sesambungan kita kabèh karo Gusti Allah, kanthi ngutamakaké kang rohani. Amarga, kang Rohani, mapan ing sak ndhuwuré kang sakral. Uga bakal kabangun tetunggilan kita karo Gusti Yésus Kristus, lan tetunggilan kita karo para wong precaya ing salumahing bumi dadi sedulur rohani, kang kaiket déning pakaryaning Sang Roh Suci.

GUSTI YÉSUS NYUCÈKAKÉ PADALEMAN SUCI

Sawusé mangkono Gusti Yésus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhèrèké tuwin para sakabaté, nanging ana ing kono mung kèndel sawetara dina baé. Nalika ngarepaké riyayané Paskah wong Yahudi, Gusti Yésus tindak menyang Yérusalèm. Ana ing padaleman Suci Gusti Yésus mirsa wong wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apa déné wong wong préyalan padha dhasar ana ing kono. Panjenengané mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong wong mau kabèh dalah wedhusé lan sapiné, saka ing padaleman suci. Dhuwité préyalan-préyalan padha disuntaki, méjané padha digolingaké. Bakul bakul dara padha kadhawuhan mangkéné: “ Kabèh iki padha singkirna saka ing kéné ! Padalemane Ramaku aja kok gawé omah padagangan .” Para sakabaté tumuli kèlingan manawa ana tulisan mangkéné: Katresnan kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken kawula.”

Wong wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yésus: “ Panjenengan saged damel mujizat pun apa ingkang saged Panjenengan katingalaken dhateng kula sadaya, déné Panjenengan kok nindakakén pratingkah kados makaten ?” Gusti Yésus mangsuli pangandikané:” Padaleman suci iki bubrahen sajroning telung ndina bakal dak edegaké manèh .” Unjuke wong Yahudi: “ Padaleman suci punika kabangun ing salebetipun kawan ndasa enem tahun, mangka Panjenengan kok badhé ngadegaken salebeting tigang dinten ?” Nanging kang dipangandikakaké padaleman suci iku sariraNé piyambak. Ing tembé sawusé Gusti Yésus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabaté lagi padha kelingan, yèn Panjenengané wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang kitab suci lan marang pangandika kang kadhawuhaké déning Gusti Yésus. Nalika Gusti Yésus ana ing Yérusalèm, sajroné riyaya Paskah, akèh wong pracaya marang Panjenengané marga padha weruh mujizat-mujizat kang katindakaké. Ananging Gusti Yésus piyambak ora nganggep marang pracayané wong wong iku mau, amarga kabèh wus diuningani, sarta ora perlu ana wong kang nyaosi paseksèn bab manungsa marang Panjenengané, jalaran Panjenengané wis mirsa piyambak apa kang ana ing batiné manungsa. ( Yokanan 2: l2-25 ).

Gusti Yésus duka banget marang para imam Yahudi amarga Padaleman Suci kagawé endheg-endheganing begal. Bait Suci kasucekaké, ngemu teges menawa ing kawitaning paladosané Gusti Yésus ngresiki atining uwong. Manungsa iku sejatiné Padalemané Gusti Allah. Gusti Yésus ora semaya miwiti pakaryané. Para wong kang sejatiné ora pantes ana ing Padaleman Suci, ditundhung metu nggunakaké pecut kang kagawé saka tali. Sing ditundhung mau para kang padha dagang lan padha bukak papan tukar dhuwit. Racaké uwong padha ijol dhuwit sing bisa kanggo caos pisungsung.

Gusti oratumindak kejem marang para wong mau, mung supaya tetela yèn tumindak mangkono mau ora kanggo kaperluwan pribadi. Nanging sing dilawan tumindaké wong akèh kang murangtata. Kéwan-kéwan sing padha didhasaraké déning para bakul, diuyak dipecuti. Méja-méja sing kanggo nggelar tukar dhuwit dijungkir-jungkiraké. Wong liyané ora ana sing kuwagang nindakaké sing kaya mengkono mau. Manuk dara ora banjur diaburake, nanging bakulé dikongkon nyingkiraké. Supaya manuk dara mau isih ana gunané. Panjenengané banjur ngendika marang wong akèh: “ Padalemané Ramaku aja kogawé papan padagangan.” Sapa ta pawongan sing misah karo pasamuwan ing Padaleman Suci banjur ngendikané kanthi tembung “ dalemé Ramaku.?”

Para Nabi, rasul lan malaékating Allah apa tau ngendika mengkono ? Sapa wong iki sing jumeneng ing Padaleman Suci ing pengarepané wong akèh ? Banjur mulang supaya ngowahi carané urip ibadah ? Sapa Panjenengané iku déné wani nglawan para pemimpin agama? Satemah ngisruhaké prajanjèn ing antarané para bakul dhuwit lan para sing bakal ijol dhuwit ? Apa ta wewenangé, déné wani nundhung kéwan kéwan lan ngobrak abrik méja tukar, dalah ngawut-awut cathetan administrasi dedagangan ? Sajroning ana riyaya ing Bait Suci, kok malah gawé giris, natoni atiné para pemimpin agama lan para bakul ?

Kebangeten anggoné wani ngrèmèhaké pemimpining bangsa Yahudi. Kepriyé kok ana kadadéyan kaya ngono, mangka para imam lan wong Lewi, kanthi taberi saben dina ngayahi wajib? Imam Agung rak wis paring palilah, menawa fasiltas Bait Suci kena dipigunakaké kanggo para bakul sing diusir ditundhung déning Gusti Yésus ? Malah tentara Roma uga wis olèh wenang ngatur tertibé Bait Allah.

Kepriyé bisané kasil sawisé Gusti Yésus tumindak mengkono iku? Nuraniné para wong sejatiné uga sarujuk, yèn Bait Suci, kudu suci.. Emané, para wong kang wus padha nandhang dosa, ora tau tulus karo nuraniné dhéwé. Munafik lan mlincur atiné. Nanging, wong sing jujur, nuraniné bening bakal wani. Bener pangandikané Sang Prabu Soléman: “ Wong duraka mlayu sanajan ora ana kang nguyak uyak. Nanging wong bener tentrem.”

Nuraniné para panguwasa Bait Suci isih urip, sawisé ana dhawuhé Gusti Yésus supaya Bait Allah aja padha kanggo bebakulan, banjur padha nurut. Para pemimpin Yahudi, wis tau utusan marang Yokanan, nakokake bab Sang Mésias. Yokanan mesthiné wis nerangaké lan paseksi. Bab mujizat ing désa Kana uga wus kasebar akèh sing krungu. Sadharing karohanèné wong akèh, padha bisa ngrasakaké panguwasa rohani ana ing Sang Kristus. Kuwi mau merga saka upaya kang wus dilakoni Yokanan Pambaptis anggoné ngrata lan nyawisaké margi kang bakal diliwati Sang Mésias.

Yokanan Pambaptis wus sawetara nyawisaké atiné wong akèh, padha wanuh marang Gusti Yésus. Atiné wong akèh wus olèh tuntunan bab bakal ngadhepi owah-owahaning kahanan. Senajan durung akèh cacahé, para pemimpin Yahudi uga duwé panimbang bab bakal anané réaksi utawa tumanggaping sikepé wong sing setya marang agama, ing antarané bangsa Yahudi. Bab iki njalari laju lancaré pakaryané Gusti Yésus, nglawan sing ora bener. Bab kasucèné banget diajèni uwong, lan anggoné ora madharupa kaya wong liyané. Malah kawiyos pangandikané kanthi panguwaos, anggoné nyebat “ Dalemé Ramaku “, tumrap Bait Allah. Uwohing kasucèn wujud pakurmatan, ora gampang kacaritakaké.

Nanging imam-imam kepala nulak. Ora sarujuk karo sing ditindakaké Sang Kristus. Penemune para imam kepala, sapa baé ora wenang mèlu-mèlu ngurusi prekara ing Bait Suci, kejaba Nabi utawa Rasul kang kautus déning Allah. Yèn kaya mangkéné kedadèyané, Gusti Yésus apa ora prayoga banjur damel mujizat kanggo nélakaké panguwasaning Ilahi ? Supaya panguwasa ing bab agama diakoni déning uwong akèh ? Marang para wong dursila Gusti ora kersa nedahaké panguwasané sepira ajiné. Gusti ora gawé mujizat, malah kèndel baé. Ya kuwi ujuding sikep kang prakosa lan teguh, kang ajiné padha karo karosaning mujizat. Pancèn, kapribadèné mujudaké mujizat kang agung ngéram-éramaké. Yèn pancèn bakal ngukur panguwaosé Gusti Yésus, wong Yahudi kudu nyédani Gusti Yésus. Lan bakal kapenuhan pamecané para Nabi, ing telung ndinané bakal wungu saka ing antarané wong mati. Mula Gusti banjur ngendika: “Padaleman Suci iki bubrahen, sajroning telung ndina bakal dak edegaké manèh.” ( Yokanan 2: l6 ).

Yèn ora merga saka wangkoting atiné para imam kepala, mesthiné ngerti apa tegesé pangandikané Gusti mau. Amarga Gusti Allah lumantar Nabi Yésaya uga paring dhawuh:

“Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampéyaningSun; sira arep ngedegaké padaleman suci kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun ? Apa dudu astaningSun kang akarya iku kabèh, satemah kabèh iki banjur ana ? Nanging kang Ingsun pirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes, lan kang lemes semangaté, lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.” (Yes 66: l,2 ).

Stéfanus, sang murid kang dadi Diaken paseksi bab iku, nalika ngucap: “Nanging kemawon ingkang Mahaluhur mboten dedalem ing yeyasaning tanganipun manungsa” ( Para Rasul 7: 48 ). Wong Yahudi krungu pangandikané Gusti Yésus kang ngendika: “Bubrahen Bait Allah iki ….” Nganggep menawa Gusti Yésus nyawiyah marang Allah.

Ora tinampa kanthi nalar, déné ana Guru uga bangsa Yahudi nantang mbubrah Bait Allah kang dadi sumbering rasa bombong lan kabungahaning bangsa ? Sapa ta uwong iki kok saguh mbangun wewangunan kaya Bait Suci kuwi sajroning telung ndina? Wong Yahudi kang sinengkuyung raja Herodès kang duwé panguwasa lan kasugihan baé, mung bisa mbangun tambal sulam ngopèni, nyatané ya ora sampurna. Lah kok ana wong enom saka Galiléa tur miskin pisan, saguh mbangun sing kaya mengkono ? Tumrap para murid, pangandikan bab mbubrah Padaleman Suci kuwi, uga durung bisa dingertèni. Lagi kaungkap tegesé pangandika mau, sawisé Gusti Yésus disalib déning wong Yahudi.

Sawisé wungu utawa bangkit saka séda, tangi saka antarané wong mati ing telung ndinané, lagi mudheng. Sing dikarsakaké déning Gusti Yésus, Bait Suci lan kang dadi Padalemané Gusti Allah iku sejatiné: Sarirané piyambak, sarirané Gusti Yésus. Sarira kang sinalib, iya kuwi Bait Suci kang dibubrah. Banjur séda lan kasarèkaké. Nanging sajroning telung ndina bangkit. Wungu, tangi saka antarané wong mati. Bait Suci wus kaedegaké manèh. Ya kuwi wunguné Gusti Yésus saka séda. Sawisé kadadéyan kuwi mau maujud, para murid lagi padha ngerti tegesing pangandika.

Nalika Gusti Yésus kanthi tatag wani nglawan marang para pinituwa lan para panguwasa, sejatiné iku jangkeping ujud kang tinulis ing Mazmur 69: 9, kang ngendika: “ Margi anggèn kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula sarta tembung-tembung panacat dhumateng Paduka sampun namani kawula.” Pangandikané Gusti Yésus iku, kanggo dhadhakan ndakwa ( telung taun manèh sawisé Gusti Yésus diajokaké ing pangadilan kadonyan ). Nalika wong Yahudi nudhuh lan usul supaya Gusti Yésus kaukum pati, amarga nggunakaké alesan menawa Gusti Yésus nyawiyah marang Allah. Amarga ngéling-éling marang pangandika mau, mulané wong Yahudi nyuwun marang Pilatus supaya para prajurit njaga pasarèyané Gusti Yésus, yakuwi makam kang katutup kanthi watu gedhé. Tembung “ BUBRAHEN PADALEMAN SUCI IKI …..” yaiku pangandikané Sang Kristus, kuwi nukulaké nesuné wong Yahudi, nganti usulé supaya katetepaké paukuman salib ing Golgota.

Gusti mirsa, sanajan Padaleman Suci dina Paskah iki kasucèkaké, nanging ora suwé bakal bali manèh dadi endheg-endheganing para dagang. Mula Gusti nyucèkaké manèh, ing Paskah kang bakal tumeka. Lan sampurnané, anggoné Gusti nyucekaké Bait Allah, sampurnaning panebusing dosa, yaiku nganti séda ing kayu salib. Iki uga dadi piwulang, menawa nindakaké kabecikan mangka kabecikan mau kaya kaya dadi musna, wajibé urip iki miwiti manèh nindakaké kabecikan lan dilestarèkaké sarta diugemi.

Gusti Yésus iku maha sampurna. Nanging kepriyé déné bisa nesu, bisa muntab dukané ? Wangsulané yaiku, menawa dukané Gusti Kristus kuwi isi hikmat lan kawicaksanané Gusti Allah. Amarga anggoné duka kuwi ora kagem kaperluwan dhiri pribadi, mula kanepson mau kena ingaran nesu suci. Rasul Paulus uga nulis ing layangé bab nesu, mengkéné: “ Menawa kowé nesu, aja kongsi gawé dosa. Aja nganti srengéngé angslup sadurungé nesumu ilang.” ( Efesus 4: 26, 27 ).

Asmané Gusti Allah, PadalemaNé, dina-dinaNé, SabdaNé, para abdiNé iku suci. Kabèh kuwi kudu ingurmatan, demi kasucèning Allah. Lan nalika kang suci mau dirèmèhaké umat manungsa, Gusti Yésus duka banget. Amarga Bait Suci iku papan palerebané Gusti Allah. Iku kabèh kudu diurmati demi kasucèning Allah. Sing sapa ngrèmèhaké bakal nampa bebendu, amarga njemberi kasucèn.

Manungsa nguyak kauntungan rupa dhuwit, nyingkiraké katresnané Gusti Allah saka jroning ati. Ya amarga manungsa luwih tresna marang dhuwit iku, mula Gusti Yésus duka. Pangandikané: Padaleman suci ora pantes lamun kanggo bebakulan. Paulus uga nulis ing Timotius 6: l0, menawa dhuwit iku dadi sumbering kaluputan lan kadursilan. Gusti piyambak uga ngendika: “ Dalemé Ramaku aja kanggo bebakulan.” - Dadine cetha, menawa dukané Gusti Yésus amarga wong wong padha luwih nresnani bebathèn dhuwit, katimbang tresnané marang Gusti Allah. “Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendara kang siji bakal disengiti, sijiné ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Kowé ora bias ngawula marang Allah lan marang Mamon.” (Mat 6: 24).

Tumindak kita bakal dadi titikan, apa nglayani Gusti Allah apa nglayani dhuwit. Dhuwit iku perlu lan becik. Nanging yèn nresnani dhuwit nganti gawé jembering kasucèn, utawa agama kanggo piranti golèk bathi, iku kaluputan gedhé. Kuwi dadi laku jahat dursila. Sajroning paladosan agamawi lan karohanèn, yèn banjur ngutamakaké dhuwit kuwi padha baé karo patrap nyembah brahala.

Gusti Yésus unggul anggoné nglawan para panguwasa Yahudi. Gusti Yésus uga unggul saka godhaning sétan asal usuling kadursilan. Senajan Panjenengané ora nuruti panyuwuné wong Yahudi supaya gawé mujizat sing ngyakinaké. Nanging sejatiné mujizat uga wus dumadi, déné akèh wong Yérusalèm sing padha precaya marang Gusti Yésus. Apa kanyatan bab saya akèhé sing padha precaya iku njalari bungahing penggalihé Gusti Yésus ?

Wong akèh bakal ngira mengkono, upama Yokanan Pambaptis durung ngandhakaké menawa: “ Nanging Gusti Yésus piyambak ora nganggep marang precayané wong wong iku mau, amarga kabèh wus diuningani, sarta ora perlu ana wong kang nyaosi paseksèn bab manungsa marang Panjenengané, jalaran Panjenengané wis priksa piyambak apa kang ana ing batining manungsa.” ( Yok 2: 24, 25 ) . Kaya kaya precayané wong akèh iku mung tekan ing pikir, ora nganti tekan ati lan roh. Imané ibarat tanduran kang tanpa oyot. Iman mangkono ora bisa tahan nganti suwé. Amarga samasa ngadhepi cobaning urip lan panganiaya, imané bakal alum lan banjur mati.

Akèh sing padha mundur anggoné dadi murid, amarga kena tantangan lan aniaya lair lan batin, saka kalangane dhéwé. Utawa mundur merga nyawang yèn wong Kristen ora bisa bebas nyandhang kanikmatan kadonyan. Padha mundur olèhé dadi murid, wis ora setya manèh marang Gusti Yésus, sawisé nyata yèn rawuhé Gusti Yésus ora “Yasa Kraton Yahudi,” sing sacara politis bakal dadi piranti nglawan penjajah Romawi.

Saka kitab Injil kita kabèh olèh kabar kabunganan sejati, sing ora tinemu jangkep ing sumber liya. Yaiku pawarta lan carita bab Gusti Yésus. Mung Injil kang dadi paseksèn bener. Ora butuh paseksèning manungsa. ( Yok 2: 25 ). Katrangan mangkéné iki, durung tau ana ing sadurungé senajan saka nabi lan rasul pisan. Manunggaling watak Ilahi lan insan sejati maujud ing sugengé Sang Kristus saya nambahi mekaring pangertèn. Kita kabèh uga saya paham yèn ing manunggaling sipat Ilahi lan sipat

Insani amung ana ing Gusti Yésus Kristus. Pangertèn iku dadi kasugihaning batining manungsa, nyata dadi kaendahan lan kamulyan. Lan kawruh karohanèn iku tansah nukulaké samubarang kang becik.

SABAB PUTRANING MANUNGSA IKU RAWUHÉ PRELU NGGOLÈKI LAN MITULUNGI RAHAYU MARANG WONG KANG KETRIWAL ( Lukas l9: l0 )

NIKODÉMUS NYOWANI GUSTI YÉSUS

Nuju sawijining bengi, ana wong Yahudi kang kondhang sowan Gusti Yésus. Jenengé Nikodémus. Dhèwèké wus kalebu dadi “guru Israèl” sarta sinebut “ pemimpin agama Yahudi “, anggota majelis utawa dhéwan agama: Sanhédrin. Sanhédrin iku bebadan agamawi Yahudi, dumadi saka pitung puluh ahli kitab. Nikodémus anggota dhewan Sanhédrin, kang sepisanan nampa piwulang saka Gusti Yésus bab kang perlu banget. Malah piwulang mau dadi pilar saka guruning piwulang Kristen.

Bisa kagambaraké, dumadakan swasana dadi horeg. Ing sawijining bengi, Gusti Yésus lan para sakabat, sakunduré saka Kapernaum nginep ing sawijining papan. Banjur ana tekané Nikodémus. Wong Farisi kang agemané busana jubah pakurmatan. Tumrap para Farisi penganggo jubah lan surban tutup sirah kaya sing dienggo Nikodémus kuwi, dadi mongkok lan bombonging ati, dadi “kebanggaan “. Jubahé amba dawa, mawa tandha atribut Farisi, nélakaké yèn duwé kalenggahan penting.

Kanthi wibawa lan urmat sarta uga diurmati, nalika Nikodémus mlebu omah papan nginepé Gusti Yésus lan sakabat. Katon yèn ing uripé Nikodémus, dadi conto citraning kasugihan, katon sugih kawruh, duwé pangkat darajat, lan pemimpin. Malah nyata yèn Nikodémus pinituwa, lan pantes yèn duwé laku utama lan becik. Kanthi tan kinira babar pisan yèn bakal nekani papan kono. Pancèn tekané kanthi becik, mula iya olèh pakurmatan becik. Masarakat weruh ana wong agung teka mangkono, wis dadi gumun. Saya manèh tekané wanci bengi. Apa baya kang bakal kelakon déné banjur sowan Gusti Yésus, sawisé Gusti Yésus nyucèkaké Padaleman Suci Yérusalèm sarta nundhung para sing bebakulan, nglawan para panggedhéning imam ing Bait Suci. Ana apa ? Tekané ing wanci bengi, krasa yèn nyalawadi.

Saben uwong kang weruh mlebuné, banjur ngadeg caos pakurmatan marang tekané Sang Nikodémus. Gusti Yésus lan para murid, nampa tekané tamu pakurmatan kuwi. Enggal bakal kawiwitan wawanwicara kaya sing dadi niyaté sing teka mrono. Kanthi urmat Nikodémus matur marang Gusti Yésus, nggunakaké sesebutan “ Rabbi”, sing tegese : Guru. Gelar iku, sawijining asma gelar kang luhur ing masarakat Yahudi. Padatan gelar kuwi kanggo para lulusan seminari, lulusan theologia Yérusalèm. Wong akèh mesthi ora ngira, yèn Nikodémus bakal nggunakake gelar kasebut marang Gusti Yésus kang isih enom lan ora lulusan pawiyatan luhur theologia.

Aturé Nikodémus paseksi: “ Kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus déning Gusti Allah …..” – Kanthi atur mengkono iku, Nikodémus ngurmati banget marang Sang Kristus. Nikodémus nglenggahaké Sang Yésus luwih dhuwur luwih luhur katandhing karo guru-guru ing bangsa Yahudi kang durung karuwan kautus déning Gusti Allah. Nanging sinebut “guru” – amarga déning para panguwasa lan amarga lulus sekolahé bab kawruh agama. Nikodémus nyebut Sang Kristus kanthi gelar iku, lelandhesan bukti nyata. Menawa ora ana sing bisa gawé mujizat kaya kang wus kadamel déning Gusti Yésus, yèn ora tinunggil déning Gusti Allah.

Nikodémus ngerti bab prasetyaning Allah bakal paring Sang Mésias, kaya Simeon kang wus tuwa kang uga ngantu-antu rawuhé Sang Kristus, Sang Mésias. Nikodémus mbuktèkaké, guru anyar sing lagi rawuh iki, Sang Mésias apa dudu ? Satléraman, ing ngarsané Sang Yésus Kristus, Nikodémus kaya kaya nuduhaké anggoné duwé kaluhuran batin, wus nglakoni angger anggering agama kaya piwulangé Nabi Musa lan nindakaké amal kabecikan sajroning uripé. Kuwi dadi mongkoking atiné. Anggoné ngrasuk agama setya banget lan nyatané uripé kaberkahan kasugihan. Apa urip mangkono kuwi dudu urip sing sukabagya lan urip bener?

Nyatané kaberkahan nampa kabagyan lan darajat ? Dadi ahlining angger angger agama, ngerti kawruh Ilahi lan memulang bab Kitab Suci. Apa ora kalebu wong kang kapilih dadi wong utama? Nikodémus, lan para ahli kitab liyané mesthiné ngira yèn urip mangkono iku kang bakal olèh keslametan langgeng , kang bakal wenang mapan ing Firdaus bebarengan karo wong suci liyané. Akèh penemu kaya mengkono, yaiku ngira yèn kawruh agama lan amal kabecikan bakal nguwohaké keslametan sejati. Anggoné sowan Gusti Yésus, bisa uga bakal golèk mantebing ati. Yèn olèhé seba kanthi urmat lan trapsila becik, bakal olèh pangalem saka Gusti Yésus yèn laku uripé wis bener lan sampurna. Mesthiné guru anyar iku bakal memuji lan nyeksèni, yèn ibadahé wis bener, mula bakal olèh suwarga.

Ing pangrasané Nikodémus, aturé wis pantes kanggo ngurmati Gusti Yésus. Gusti Yésus priksa yèn ing atiné tamuné kadunungan lelara rohani. Pancèn Gusti doktering para dokter lan tabib rohani, mulané priksa. Bisa uga Gusti Yésus damel tatu atiné Nikodémus, manawa anggoné uluk salam memuji Sang Yésus ora ditanggapi. Pancèn Gusti Yésus bakal paring obat rohani, supaya penemuné sing klèru bab keslametan langgeng bisa didandani. Amrih angen-angené dadi bener. Bisa uga pinaringan tamba, nanging atiné dadi gela. Amarga Nikodémus wis yakin banget yèn lakuning ibadahé bakal uwoh keslametan sejati.

Nanging ora ana pratélan kang cocok karo angen-angené. Malah nalika Gusti Yésus paring wangsulan, babar pisan ora ana sambungé karo penemuné Nikodémus. Pangandikané Gusti: “Satemené pituturKu ing kowé: Wong menawa ora kalairake manèh mesthi ora bisa weruh Karatoning Allah.” – Nikodémus sejatiné wis ngerti bab iku, amarga ing kitab prejanjian lawas uga ana. Nanging para ahlining kitab agama Yahudi padha nafsir klèru. Lair manèh kuwi, mung kanggo para wong sing durung wanuh Gusti Allah. Kejaba yèn wong kang mengkono iku banjur ngrasuk piwulang Yudhahismé, mlebu dadi Yahudi. Yèn ora, wong wong kang ora wanuh marang Allah kuwi, ora bisa olèh keslametan. Banjur disunat, sarta nglakoni angger-anggering Nabi Musa. Racaké wong Yahudi ora merlokaké lair manèh kuwi, merga saka rumangsané wis padha duwé keslametan saka lakuné sing rumangsané wis sampurna.

Nikodémus iya mengkono penemuné. Padha duwé keyakinan yèn wong Yahudi wis mesthi olèh karahayon. Amarga: Sepisan turun Abraham lan Yakub. Kapindho wis disunat, lan kateluné: Saguh nglakoni angger-anggering Torèt. Mula bingung nalika krungu pangandikané Gusti Yésus. Wulangan agama mesthiné wis bener, nanging guru anyar saka Gusti Allah iki memulang, manawa wong kudu lair manèh. Nikodémus matur: “Tiyang sampun sepuh mekaten anggènipun saged lair kados pundi?” Atur mengkono kuwi katon yèn Nikodémus bingung lan mangu-mangu. Sajroning pikir lan pangrasané bab lair manèh mau, mung sacara jasmani. Piwulangé Gusti Yésus nuntun pangertèné Nikodémus, cocok kaya kang dadi wecané Nabi Yésaya: “ Rayung kang pepes tumèlung ora bakal kakethok, tuwin uceng-uceng kang melik-melik ora bakal dipatèni, nanging iku bakal ngundhangaké kabeneran klawan setya.” (Yésaya 42: 3 ).

Pameca iki diganepi maujud ing nalikané Gusti Yésus nenuntun Nikodémus lumebu ing iman anyar. Nikodémus duwé lagéyan ati-atos. Kalebu duwé ati wangkot. Anggoné nafsir kitab suci, njalari thukulé ajaran sing mung harafiah. Mangka kuduné diterangaké sacara rohaniah. Nanging, Gusti Yésus ora nyaruwé lan ora ngritik bab iku. Nanging malah mbalèni manèh pangandikané nandhesaké bebener, yaiku lair sacara surgawi, iku lair kanthi banyu lan roh. Banyu, ngemu teges pamratobat. Baptisan banyu, dadi simbul lan dadi meterai. Kanthi roh, tegesé déning Roh Suci kang njalari urip lair anyar, lair kang kapindho, batiné dadi batin kang sinucèkaké. Kanthi pratandha kang kasat mripat, yaiku baptisan ing banyu. Banyu dadi lambanging kasucèn. Iku uwohing urip anyar sajroning kayektèn lan merga “mati saka dosa “ ( Roma bab 6 ).

Ora ana sing dadi ahli warising kraton suwarga yèn dudu Putraning Allah. Supaya bisa dadi Putraning Allah, ora ana dalan liya kejaba lumantar dilairaké déning Sang Putra. Iki mung bisa kelakon sacara rohani. Awit manungsa wus kalairaké déning bapa biyungé sacara jasmani. Déné lair kapindho, iku kalairaké amarga Sang Roh Suci. Ing bab iki, Gusti priksa yèn nalaring manungsa winates, mula angèl ngertèni “ lair sacara rohani “ kuwi, merga ora nyandhak. Nikodémus uga ora gampang mudheng, malah ora kasil bisa ngerti. Gusti uga ora ngluputaké. Gusti dhawuh marang Nikodémus, supaya precaya senajan angèl mangertèni bab iku. Gusti paring gegambaran kanthi ngendika: “Menyang ngendi midité angin iku miturut ing sakarepé, lan kowé krungu sumiyuté, nanging ora sumurup pinangkané lan parané. Kaya ngono iku kahanané saben uwong kang kalairaké ing Roh Suci !” (Yokanan 3: 8 ).

Dingendikani kaya mengkono, rasa pamangu manguné Nikodémus ora ilang, mula banjur munjuk, kepriyé bisané kelakon, déné wong wis tuwa kadhawuhan lair manèh. Pancèn Nikodémus lulusan sekolahan, kaetung kaum intelekt mulané pinter. Pitakoné mengkono, merga landhesane nalar. Gusti Yésus Kristus banjur ngandharaké bab pawarta wigati “berkah langgeng,” kanggo wong sajagad. Amarga Nikodémus sajak ora nyandhak nalaré, mula Gusti Yésus paring panyaruwé alus: “ Kowé iku rak guruné wong Israèl, déné kok ora mangerti prekara iku ?” Ing kéné Gusti banjur maringi piwulang kang gedhé ajiné, pangandikané kang dadi ayat emas, sajagad raya nampa pangandika iku dadi ayat endah lan wigati .

““Awit déné Gusti Allah enggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang precaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwénana urip langgeng.” ( Yok 3: l6 ).

Wiwit sekawit, Gusti Yésus ngendika marang Nikodémus wus mratélakaké panguwaosé, kanthi ngendika: “ Ora ana wong siji-sijia kang sumengka menyang ing suwarga, kejaba mung Panjenengané kang wus tumurun saka ing suwarga, iya iku Putraning Manungsa.” ( Yokanan 3: l3 ). Pangandika iku ngemu magna, bab lair kapindho iku hikmat kasuwargan, mula kudu ditampa kanthi dhasar rohani.

Amarga, sejatiné ing uripé titah manungsa iku kebak kaluputan lan dosa-dosa, sarta kebak laku nistha, samubarang adhedhasar nalar kajasmanèn. Ya kaya ngono kuwi kang ingaran rohani kang mati. Mati sajroning dosa. Ora ana papan kanggo sing mati, ana ing alaming kauripan. Lan ora ana nikmating kauripan lan sucining kasuwargan tumrap umat manungsa kang uripé kaiket kinunjara déning kaluputan, dosa lan kanisthan. Yèn ana penemu, senajan ing urip iki wis dadi nistha lan dosa, angger ambudidaya bisané mlebu suwarga, wong mau bisa suwarga. Nanging apa bisa, wong kasuwargan iku rohani? Mangka utamaning angen angen mung bab kaperluwan jasmani. Angen angen kaya mengkono iku ora ana uwohing kasuwargan, lan ora olèh enggon. Para kang wus mapan dadi pedununging Kraton Suwarga, ya padha nulak yèn suwarga dileboni wong kang pengangen-angené mung tata lair lan kajasmanén. Amarga padha gila lan jijik marang sifat gawé rusak. Jijik lan nampik marang sifat kang isi kanisthan mengkono, ngluwihi jijiké para wong sing urip ing ndonya kang mambu banger blarongan gandaning mayit. Kratoning Suwarga iku mung isi arum kasucèn.

Piwulang agama kang nyondhongi ajarané Sang Kristus, sifat batiniah, ora mung lahiriah. Lan iku dadi berkah sih rahmaté Gusti Allah marang titah manungsa. Uwohé laku rohani, amarga sih rahmat mau. Yèn nalaring manungsa kabangun salin urip anyar iku kanthi nalar menawa kelakoné amung saka panguwasané Sang Roh Suci, ateges wis olèh dalan lumebu ing lawanging kamulyan, srana olèh kanugrahan saka Gusti Allah.

Bisané olèh sih rahmat nugrahaning Allah, pikiran kudu antuk pepadhang. Emosi rasa pangrasa kudu nampa kasucèn, kekarepan kudu salin budi anyar, laku jantraning urip iki kudu lelandhesan kayektèn utawa samubarang kang bener. Yèn urip iki durung kabangun kaya mangkono, ora bakal manungsa bisa nyawang Kutha Kasuwargan. Mulané wong precaya kudu bisa paseksi kaya Rasul Paulus ( Filipi 4: l3 ), mengkéné: “ Sakabèhing prakara bisa dak sangga ana ing Panjenengané kang paring kekuwatan marang aku.” - Manungsa sing maune tanpa daya, ora kuwagang ngadhepi aboting urip. Sawisé kabangun anyar, dadi rosa lan bisa nyangga ngadhepi sesanggan. Mulané bisa ngasihi pepadha kanthi tulus, malah bisa ngasihi mungsuh, ngurbanake uripé kanggo mbélani pepadhané, uripé dadi marem amarga pandongané kang sambung karo sesembahané lan anggegilut sarta nyinau prekara prekara karohanèn.

Gusti Yésus uga ngendikakaké menawa umat manungsa nulak marang pepadhang kang saka Sang Kristus, bakal tansah manggon ana ing pepeteng. Jalaran, manungsa padha nglakoni tumindak ing sajroning pepeteng. Wong-wong dadi ora tahan ngadhepi soroting pepadhang. Kosok baliné, wong bener lakuné ayem amarga nresnani pepadhang peparingé Gusti Yésus, sarta kanthi tinarbuka ora wedi ngaku dadi anaking pepadhang, supaya wong wong padha weruh lan bisa nyawang pakaryaning Allah.

Sajroning memulang Nikodémus, perlu dadi kawigatèn kita kabèh, menawa Gusti Yésus mratélakaké kahanané minangka Putraning Manungsa. Kepareng mblakakake menawa Panjenengané iku Putraning Allah, Putra tunggal, ontang-anting. Kita kabèh bisa nemu piwulang bab TRINITAS kang sejatiné Allah Kang Maha Tunggal. Malah ana piwulang sing perlu banget, yaiku menawa Gusti Yésus Kristus kagungan telung kalenggahan: Nabi, Imam lan Ratu. Ayahaning Mésias nyakup iku kabèh.

Umat mbutuhaké anané Nabi, supaya bisa ngudhari tegesé weca jaman kuna, sarta padha mbutuhaké anané Imam supaya duwé wakil ana ing ngarsané Gusti Allah sarta mimpin ibadah kurban panebusing dosa. Semono uga umat manungsa merlokaké anané Ratu kanggo mangrèh lan mranata nagara lan kraton. Kalenggahan Nabi, Imam lan Ratu kasebut, bisa nyampeti kaperluwan kanggo nata Karajan sarta Agama. Lan, telu-teluné kalenggahan utawa jabatan kuwi, wus manunggal maujud ing sugengé Gusti Yésus. Salumahing bumi sakurebing langit, durung tau ana sawijining pribadi kang ngasta kalenggahan telu iku manunggal dadi siji.

Saben ana kalenggahan kang sesambungan karo kalenggahan iku, mesthi ngener marang Sang Kristus. Ing nalika Gusti Yésus rawuh ing jagad, jumeneng Juru Slamet lan uga ingaran Sang Mésias, yaiku Sang Al Masih, kalenggahan telu iku kanthi sampurna ganep ana ing Gusti Yésus Kristus. Sang Kristus Yésus iku NABI. Amarga medharaké bab kratoning suwarga. Panjenengané mratélakaké lan mbabar gelar kaluhurané Gusti Allah sarta rancangaNé. Sejatiné pangertèn bab kasuwargan iku uga dumunung ana ing ati. Sing durung ngerti padha butuh ngerti. Gusti Yésus sejatining guru lan juru panggulawenthah. Sang Roh Suci peparingé Gusti Yésus iku kang memulang umat manungsa, satemah manungsa ngerti apa sing perlu kanggo urip kang ayem tentrem.

Sang Kristus iku IMAM. Gusti Yésus misungsungaké sugengé, ngurbanaké rah lan nyawa kanggo manungsa dosa. Jumeneng Imam tumrap manungsa. Ayahaning Imam iku mimpin ibadah lan ngleksanani gawé kurban. Ing jaman biyèn sing dikurbanaké iku korban sembelèhan lan kurban obaran, sapi utawa wedhus pilihan. Nanging ing kalenggahan Imam sejati, Gusti Yésus misungsungaké dhiri pribadiné dadi kurban sejati, séda sinalib ing Golgota. Minangka Imam, Gusti Yésus ora ngubanaké kéwan kurban, nanging sugengé piyambak, dhiri pribadiné kang kakurbanaké. Mula Gusti Yésus iku uga ingaran cempé kurban kang asal suwarga. Anggoné dadi kurban mau, kanthi séda sinalib ing Golgota. Rerékan ula tembaga kang digawé Musa ing ara-ara samun dhek semana, anggambaraké bab sedané Gusti Yésus kang sinalib. “ Nabi Musa tumuli damel rerékan ula tembaga sarta kapanjer ing cagak, wasana saben wong kang kacakot ing ula, mangka banjur mandeng rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.” (Wilangan 2l: 9). “ Kayadéné Nabi Musa anggoné manjer rerékan ula ana ing ara-ara samun, iya mangkono uga Putraning Manungsa anggoné pinasthi kapanjer.” (Yokanan 3: l4, l5 ).

Marang saben uwong kang mratobat, Gusti Yésus kuwasa sarta wenang maringi apuraning dosa. Dosaning umat manungsa ingapura kanthi tanpa béya, gratis, lelahanan. Yèn umat duwé panyuwunan marang Gusti Allah, asmané Gusti Yésus kang nanggung. Gusti Yésus dadi juru safaat kita kabèh. Lan samubarang ana ing asmané Gusti Yésus Kristus, iku sing dadi karsaning Gusti Allah.

Gusti Yésus iku RATU. Kanthi sukalila, Gusti Yésus dhedhampar utawa dedalem ana ing uripé wong kang padha precaya marang Panjenengané. Gusti uga mberkahi lan nyediyani kaperluwaning urip. Gusti paring kiyat, satemah wong precaya unggul saka mungsuh kang nggodha. Sarta mangrèh para wong precaya, nyambut gawé katur Gusti Allah dadi péranganing Kraton Suwarga kang langgeng. Yèn Gusti Yésus dudu Ratu ora bakal nyaguhi paring keslametan marang wong precaya. Kaya piwulangé para Nabi sadurungé Gusti Rawuh, mung bakal ana dhawuh supaya saben uwong nyuwun marang Gusti Allah. Panyuwunan mau tumuju marang Kraton. Ing Kraton iku sing nguwaosi Sang Raja, Ratu. Gusti nanggel, paring pangayoman amarga kagungan kalenggahan Ratu. Gusti Yésus iku Ratuning para ratu.

Amarga Gusti kagungan jabatan utawa kalenggahan Nabi, Imam lan Ratu, mula wenang damel mujizat kang luwih ngéram éramaké, kapenuhan ing panguwasa, sawusé Gusti sumengka menyang suwarga, mujizat mau luwih gedhé katimbang sing kadamel nalikané Gusti isih ana ing ndonya. Sing sapa precaya pinaringan suwarga.

Dhuh Allah, Paduka mugi kersa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka anyaraken klayan roh ingkang santosa. Kawula sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka, saha Roh Paduka ingkang suci sampun ngantokapundhut saking kawula. ( Mazmur 51: 12, 13 )

GUSTI YÉSUS KETEMU WONG WADON SAMARIA

Panjenengané tumuli nilar tanah Yudéa, tindak wangsul menyang ing tanah Galiléa. Anadéné tindaké mau kudu miyos ing tanah Samaria. Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyèn diparingaké déning Rama Yakub marang kang putra Yusuf. Ing kono ana sumuré Rama Yakub. Gusti Yésus sarèhning kraos sayah saka anggoné tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira kira wayah jam rolas. Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yésus ngendika marang wong mau: “ Aku wènèhana ngombé !” Awit para sakabaté lagi padha menyang kutha tuku pangan.

Wong wadon mau banjur munjuk: “ Kados pundi déné Panjenengan tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria ?” ( Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria ). Gusti Yésus mangsuli, pangandikané: “ Manawa kowé sumurup ing peparingé Allah, lan sapa wongé kang tutur ing kowé: Aku wènèhana ngombé. Mesthi kowé kang njaluk marang wong iku, tumuli kowé diwènèhi banyu urip.” Unjuké wong wadon mau: “ Bendara, Panjenengan mboten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, dados saking pundi anggèn Panjenengan angsal toya gesang punika ? Panjenengan mesthi mboten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Déné panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika. Samantèn ugi para putra lan kéwanipun.” Gusti Yésus mangsuli pangandikané: “ Sapa wong kang ngombé banyu iki bakal ngelak manèh, nanging sing sapa ngombé banyu pawèwèhKu , bakal ora ngelak ing salawas-lawasé. Malah banyu pawèwèhKu mau ana ing njeroné wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip langgeng.” Unjuké wong wadon mau: “ Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta mboten sisah ngangsu mriki malih !”

Pangandikané Gusti Yésus: “ Lungaa, undangen bojomu, tumuli baliya mréné !” Unjuké wong wadon: “ Kula mboten gadhah sémah .” Pangandikané Gusti Yésus: “ Bener kandhamu, yèn kowé ora duwé bojo iku. Sabab anggonmu bebojowan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancèn bener ujarmu kang mangkono iku .” Unjuké wong wadon: “ Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika Nabi. Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggènanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yérusalèm.”

Pangandikané Gusti Yésus: “ Hé, wong wadon ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektuné anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yérusalèm. Kowé iku padha sujud marang kang ora padha kok weruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dak weruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.

Nanging tumeka ing wektuné, malah saiki wus tumeka ing wektuné para wong sujud kang sajati iku anggoné padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayektèn, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakaké déning Sang Rama. Gusti Allah iku Roh, mulané kang padha sujud marang Gusti Allah, anggoné sujud iku kudu ing sajroning Roh lan kayektèn .” Unjuké wong wadon: “ Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhé rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhé nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya .” Pangandikané Gusti Yésus: “ Iya Aku iki panjenengané kang lagi ngandikan karo kowé iki .” (Yokanan 4: 3-26)

Saka Yudéa, Gusti Yésus tindak menyang Galiléa. Dalan sidhatan sing cedhak kudu liwat tanah Samaria sing ana ing antarané Yudéa (Yérusalèm) lan tanah Galiléa. Nalika semana Gusti Yésus isih dedalem ing Galiléa, ing Nazarèt. Gusti Yésus ngersakaké ngliwati tanah Samaria.

Umumé wong Yahudi ora liwat kono, nanging padha metu ing sawétané bengawan Yardèn, supaya ora ngidak tanah Samaria. Amarga wong Yahudi ora seneng karo wong Samaria, gethingé saya suwé saya ndadi. Bab iki merga ana sejarahé kang dumadiné sacara alami naluriah. Senajan gething sengit iku sawijining racun sing pait dhéwé, ing antarané rasa. Wong Yahudi nganggep wong Samaria iku najis. Dianggep ora wanuh marang Gusti Allah. Wong Yahudi ora gelem sapajagongan lan ora sapa aruh karo wong Samaria.

Wis bola bali kadadéyan sabotasé sarta pasulayan ing antarané wong Yahudi karo wong Samaria. Malah tumrap wong Yahudi, tembung “samaria” iku, tembung sing gawé abanging kuping nglarani ati. Nanging, malah Gusti Yésus ngersakaké tindaké ngliwati tanah Samaria.

Apa sababé Gusti Yésus malah milih ngliwati tanah Samaria? Amarga Gusti Yésus ora menggalih kaya penemuné wong Yahudi. Iki ngemu hikmat menawa Gusti Yésus ngersakaké supaya para murid aja cethèk penemu, aja nganti munafik lan ora perlu fanatik.

Gusti ngersakaké nyebar wijining kayektèn, nyebar wijining kabecikan ing tanah kang dianggep remeh lan tanpa aji déning wong Yahudi. Iki dadi piwulang marang para murid kabèh, menawa Kratoning Allah ora mung kanggo para anak turuné Rama Abraham baé.

Ing tanah Samaria ana sumure kang ingaran Sumur Yakub, ing sapinggiring dalan gedhé cedhaké Sikhèm ( Nablus ). Mapané ana ing antarané punthuk loro. Yaiku ing antarané gunung Ebal lan gunung Gerizim. Papan iku kondhang banget. Sawisé karawuhan Gusti Yésus luwih-uwih manèh. Amarga Gusti Yésus kraos sayah, karo ngentèni para murid sing lagi tuku pangan menyang kutha Sikhar, Gusti Yésus ngaso ing sacedhaké sumur Yakub mau.

Nyata ing lelakon iki, senajan cara kadonyan Gusti Yésus lan para murid isih kalebu urip kekurangan, nanging bab pangan, ora gumantung lan ora njagagaké pitulunganing liyan. Apa manèh banjur golèk-golèk kanthi saru, njejaluk utawa ngarep-arep pawèwèhing uwong. Babar pisan ora. Anggoné para murid padha nglumpukaké dhuwit kanggo tuku pangan, kuwi saka pawèwèhé wong sing padha ngurmati lan nresnani Gusti Yésus, padha misungsung kanthi sukalila. Kanggo nyukupi kabutuhan, iya barang darbé lan dhuwit “asung-asih” iku. Ana salah sawijining murid sing dipasrahi mranata kayadéné bendahara, ngurusi kabutuhan padinan.

Gusti Yésus kagungan karsa mèlu ngrasakaké prihatining manungsa, ya ngelak, ya luwé lan sengsarané umat. Apa sababé Gusti Yésus ora damel mujizat kanggo ngatasi kahanan? Mangka Panjenengané sarta para murid lagi butuh pangan, ngombé, apa manèh wis krasa sayah ? Yèn kersa damel mujizat rak ora perlu tuku kabutuhan. Gusti Yésus ora naté damel mujizat yèn mung kanggo kaperluwané piyambak. Samasa isih ana pasediyan kang alami kanggo nyukupi kaperluwan, ora perlu kanthi mujizat. Nalika Gusti Yésus kagodha déning Iblis ing ara-ara samun, dhèk semana babar pisan ora ana bahan alami kang kena didhahar lan uga ora nemu banyu. Ewosémono, wektu iku Gusti uga ora damel mujizat kagem kaperluwan pribadi. Mulané Gusti sinebut unggul saka godha. Pungkasané, para malaékat kang ngladosi Panjenengané.

Nalika Gusti ngaso ing sacedhaking sumur iku, sinambi nyrantos para murid kang lunga tuku pangan, ana tekané wong wadon Samaria arep ngangsu. Sajaké, wong wadon iku luwih manteb ngangsu menyang sumur Yakub, amarga dianggep banyu sumur warisané Rama Yakub kuwi dipitaya banyu kang suci. Bisa uga, wong wadon iku ora patiya disenengi tangga teparoné, amarga kelakuwané. Mulané yèn ngangsu ndhéwé menyang sumur Yakub. Mesthiné kaget sajroning atiné wong wadon iku, nalika weruh ana wong Yahudi ing sacedhaké sumur. Katon yèn dudu wong sabaéné, pantes yèn ta Panjenengané piyayi kinurmatan, satatar karo guru agama. Lumrahé para ahli agama wong Yahudi gething banget karo wong Samaria.

Sing dadi sesandhungan pasrawungané wong Yahudi karo wong Samaria, uga dina iku kaya-kaya dadi sesinggetan rasané wong wadon iku. Yaiku:

  1. Sepisan, wong wadon iku sadhar yèn dhèwèké wong Samaria, mangka sing ana ing sacedhaké sumur kuwi guru agama wong Yahudi. Rumangsa asal usulé wong Samaria iku campuran Yahudi karo suku bangsa sing dudu Yahudi. Ing bab ibadah agama uga dadi tetandhingan lan saingan. Wong Yahudi semono uga, rumangsa dadi anak turun kang murni bangsa Israèl. Bab iki nukulaké pasulayan agamawi.

    Nalika wong Yahudi bali saka pangawulan ing Babilonia, uga nampik lan nulak babar pisan anggoné wong Samaria bakal mbiyantu mbangun Padaleman Suci. Wong Samaria ora kena cawé-cawé ing bab mbangun témbok Yérusalèm utawa nalika mbangun Bait Allah. Wong Samaria kaanggep rèmèh lan diadhepi kanthi tanpa kaadilan. Mulané wong Samaria males kanthi cara sing émosional banget, najisaké Padaleman Suci. Malah kelakon nguncal-nguncalaké balung balung jrangkong menyang njeroning Bait Suci. Mesthiné bab iki saya njalari tajeming memungsuhan. Wong Yahudi ora nglilani wong Samaria ibadah utawa mlebu ing Bait Suci Yérusalèm. Mulané wong Samaria banjur yasa dhéwé papan pangibadah ing gunung Gerizim. Sarta dibiwarakaké yèn Gerizim luwih suci katandhing Yérusalèm. Gerizim duwé sejarah luwih tuwa, laladan iku dadi papané nalika Ishak kinanthi ingkang rama Abraham, bakal digawé kurban ing kono. Ya ing Gerizim kuwi, manut caritané wong Samaria, papan ibadah sing luwih suci.

  2. Kang kapindho, kang njalari wong wadon kuwi mangu-mangu nalika weruh Gusti Yésus, bab anané adat tatacara lan bab kasusilan. Wong Yahudi luwih luwih sing aran guru agama, ora bakal kelakon katon ing umum mlaku utawa jagongan bebarengan karo wong wadon. Sanajan, wong wadon kang bebarengan mau bojoné dhéwé, utawa wong wadon kang isih seduluré. Ora bakal kadadéyan bebarengan ing pasrawungan padinan. Malah ing sajroning ibadah lan pandonga, para wong lanang ora kena bebarengan karo wong wadon. Ana panemu yèn drajating wong lanang ngluwihi para wong wadon. Luwih luwih karo wong wadon bangsa Samaria.

  3. Ongka telu, sing njalari wong wadon Samaria mau, rumangsa ora aji. Sadhar yèn dhèwèké duwé laku sing ora suci. Mokal banget, lamun piyayi luhur kaya Gusti Yésus karsa rembugan karo wong wadon kaya dhèwèké kang wus rumangsa tumiba ing urip kebak dosa. Rak ora bakal kelakon ta ? Akèh sing ngarani yèn dhèwèké kuwi sundel.

Kalebu nalar, menawa saka sabab telung prekara iku, njalari bingungé wong wadon Samaria mau nyaketi sumur. Mangka adoh adoh mrono arep ngangsu. Kok tekan kono atiné dadi gorèh ora kepénak banget ketemu wong Yahudi. Wong wadon mau yakin banget yèn wong Yahudi kuwi ora bakal nyapa aruh dhèwèké, semono uga ing sajroning atiné wis thukul niyat yèn ora bakal guneman karo wong Yahudi kuwi.

Gusti Yésus nresnani jiwané wong Samaria, ora béda karo anggoné nresnani jiwané wong Yahudi. Gusti Yésus nresnani kabèh uwong. Bakal nebus saben uwong kang precaya marang Panjenengané. Ora mbédakaké wong Yahudi apa sing dudu Yahudi. Kalebu uga tresna banget karo wong bangsa Jawa, lan bangsa apa baé. Gusti Yésus uga ngajèni drajating wadon, ora kaya sikepé wong Yahudi kang nganggep menawa wong wadon kuwi luwih asor darajaté. Sajroning ibadah, piwulanging agama sayekti, sing utama iku iman. Iman iku thukul jroning ati. Angger-angger lan hukum agama, thukul saka pikiran. Lan kamulyaning urip katon buktiné ing watak lan sikep.

Kita kabèh uga isih éling karo Sang Yokanan Pambaptis. Yokanan malah isih kaiket ing adat hukum Yahudi uga, demi nglakoni pranatan. Nyingkiri wanita, amarga kaiket déning adat Yahudi. Luwih luwih putraning Imam, mesthiné kagulawenthah kanthi premati bab pranatan. Mula Yokanan uga paham bab pranatan Yahudi. Béda karo Gusti Yésus Kristus, guruning para guru. Panjenengané ngersakaké kabèh wong bisané olèh keslametan langgeng, lanang wadon lan suku bangsa apa baé. Sapa baé kepareng dadi muridé. Sapa baé ditampa pisungsungé kanggo kaperluwaning leladi, angger kanthi sukalila lan pakurmatan. Gusti nggatosaké banget marang patobating para wanita, semono uga nalika ketemu karo wong wadon Samaria iku.

Menawa ing purwaning dumadi, Ibu Kawa tumiba ing dosa merga kapilut godhaning Iblis. Ing kawitaning ayahané minangka Sang Juru Slamet, Gusti Yésus Sang Mésias ngersakaké para putri para wadon anak turuné Ibu Kawa bangkit, mratobat. Satemah para wong wadon sacara pribadi uga duwé hak nampa keslametan. Iki dadi titikan khas, tumrap piwulang Kristen. Kekristenan ngangkat darajating wanita, sacara moral, sosial lan kemasarakatan sarta sacara karohanèn. Amarga Ibu Kawa tumiba ing dosa ing taman Firdaus, para wong wadong kaya nyandhang wirang. Mula nalika miyosé Gusti Yésus lumantar prawan Maria, iki dadi bukti yèn Gusti Allah ngangkat drajating wanita supaya ora tansah karèmèhaké.

Ngayahi pakaryané kang Agung jumeneng Mésias, darajat lan ajining wadon kaangkat ing saben paladosané Gusti Kristus ing ndonya iki, nganti sengsara lan sedané ing kayu salib. Gusti tansah ngajèni drajating wadon. Nalika bangkit yaiku nalika wungu saka séda tangi saka antarané wong mati, wanita antuk kawigaten gedhé. Kang kawitan olèh kesempatan ngurmati Gusti Yésus. Malah kepareng ngabaraké kabar kaunggulané Gusti Yésus marang para murid liyané. Uga kawiwitan saka wanita, yaiku para wanita kang dadi pandhèrèké Gusti Yésus. Akèh buktiné, menawa wanita ing ngarsané Gusti Yésus pinaringan kaluwihan. Yaiku kasetyan sarta nduwèni semangat agamawi kang gedhé ngladosi Gusti Yésus.

Wong wadon Samaria iku wong dosa. Kena ngapa Gusti Yésus kersa lenggah jejagongan, paring kawigatosan lan ngendikan karo dhèwèké ? Mangsuli prekara iki, ana kang tinulis ing kitab paseksiné Rasul Paulus ing 2 Korinta 6: l4, mengkéné: “ Ing antarané kayektèn lan sing luput, rak ora padha? Kepriyé déné pepeteng kok bisa nunggal karo pepadhang ?” Gusti Yésus kagungan prinsip kang dadi piwulang: “ Putraning manungsa rawuh saperlu ngupadi sarta nylametaké kang ketriwal .” ( Lukas l9: l0). Semono uga pangandikané Gusti nalika ana ing omahé Matius si juru mupu beya, mengkéné: “ Rawungingsun ora nggolèki wong sing bener, nanging wong dosa supaya mratobat.”

Sing dadi sababé wong merlokaké dokter, amarga rumangsa yèn lara. Dudu wong sing rumangsa waras-wiris. Dokter nggatèkaké sing nandhang lara, ora sing sehat. Malah wong sing larané wis kritis, wis nemen, luwih kagatekaké déning dokter. Semono uga Gusti Yésus. Marang para anom, nggatosaké banget. Para bocah lan wong miskin lan para wong sing uripé prasaja. Golongan golongan kuwi kagambar ing para murid, kaya wis makili saben golongan mau. Malah marang wong kaya Nikodémus, Gusti Yésus mulangaké dalané olèh kaslametan. Mangka Nikodémus kuwi ahlining agama, wong sugih lan nglakoni urip suci kaya wulanging agama Yahudi.

Nalika Gusti Yésus ketemu karo wong wadon Samaria, Gusti ngetingalaké anggoné nggatosaké banget marang wanita kang kesingkir, kaya kasebrataké amarga dianggep akèh dosané. Dhèwèké dudu wong Yahudi, malah diarani kafir. Marang wong wadon iku Gusti mulang menawa jiwa iku bisa langgeng, senajan wis tumiba ing dosa gedhé, yèn mratobat bakal olèh pangapura. Lan Panjenengané mratélakaké menawa kersa lan wenang nylametaké wong sing precaya.

Gusti miwiti pangandikan, kanthi ngersakaké ngunjuk, lan mundhut banyu marang wong wadon kuwi. Iki tegesé, Gusti Yésus ora menggalih alangan sosial kang dadi sesinggetan, matesi guneman karo pepadhaning urip. Kang dadi alesané, merga Gusti Yésus salit. Déné sing dadi karsané, supaya wanita Samaria iku wanuh dalaning keslametan sarta kapitulungan rahayu. Gusti Yésus paring pakurmatan marang wong wadon Samaria iku, kanthi ngendika: Aku wènèhana ngombé. Sejatiné, wong wadon Samaria iku bakal bisa ngalami mareming ati lamun bisa ngaturaké pisungsung “ unjukan “ – iki pakurmatan. Senajan atur wangsulané wong wadon mau semu ora precaya lan maido. “ Kados pundi sagedipun kelampahan bandara, Panjenengan punika priyantun Yahudi, kok mundhut toya dhateng kula tiyang Samaria ?” Sing dadi karsaning penggalihé Gusti Yésus kang utama kuwi anggoné bakal paring banyu kauripan, ora merga anggoné dicaosi banyu wong wadon kuwi. Malah kosok baliné yèn wong wadon mau gelem nyuwun, Gusti bisa maringi kauripan peparingé Gusti Allah. Peparingé Gusti Allah iku, banyu kauripan. Nalika wong wadon mau ngatonaké gumuné, Gusti banjur ngendika, menawa banyu kang kaparingaké déning Gusti, béda karo banyu kang metu saka sumur Yakub.

Banyu kauripan gawé pemarem ing salawasé. Amarga sing sapa ngombé banyu peparingé Gusti Yésus, ing sajroning uwong iku bakal thukul sumber banyu sing ora mampet salawasé. Wong wadon iku banjur matur, nyuwun banyu kuwi. Ya wong wadon Samaria kuwi kang kacathet sepisanan nyuwun banyu kauripan marang Gusti Yésus: “ Bandara, mugi Panjenengan maringi toya kasebat dhateng kula, supados kula mboten ngraosaken ngelak malih, sarta mboten wongsal-wangsul ngangsu mriki .”

Supaya manungsa bisa nampa keslametan, sing utama kudu thukul kasadharan. Bisa krasa lan rumangsa bab dosané, satemah mbutuhaké pitulungané Gusti Yésus. Ibarat dokter, marang wong wadon Samaria mau, kaya-kaya Gusti Yésus maringi tatu, sadurungé ngobati. Sarta gawé tatuning atiné, sadurungé paring kawaluyan lan karahayon. Uripé dioperasi. Nalika paring dhawuh nyeluk bojoné, sejatiné mbukak wewadi, atiné dioperasi iya nalika wong wadon mau supaya nyeluk bojoné. Nanging wong wadon mau ngaku yèn ora duwé bojo. Iku padha baé karo ngakoni kaluputané. Atiné dadi keduwung. Amarga Gusti uga priksa yèn wong lanang sing saiki awor saomah karo wong wadon mau pancèn dudu bojoné. Wong wadon mau ngandel menawa Sang Kristus priksa isining ati lan uriping saben uwong.

Yèn ana wong sing uripé nyandhang kanisthan, supaya olèh pangapuraning Gusti Allah, ora kudu diwulang kanthi serangan keras amrih mratobat. Nanging bisa dicedhaki kanthi lembah manah. Gusti priksa cacat lan dosané wong wadon mau, nanging Gusti Yésus ora ngadhepi kanthi sikep keras lan gunem sengol utawa kaku. Iki kudu ditiru. Pancèn, kudu waspada, menawa Iblis tetep bakal ngreridhu. Kabuktèn wanita Samaria mau banjur katarik marang pitakonan débat. Bédané ibadah Samaria lan ibadah Yahudi. Yaiku bab papan sing trep sarta bener kanggo sujud ngabekti. Ing Gunung Gerizim, apa Yérusalèm. Manut panemu umum, Agama kuwi warisaning leluhur. Mula bab laku bener iku, menawa manungsa ngenut lan niru apa sing wis dilakoni para leluhur. Bisa nemu pamarem. Marem, merga manut leluhur. Iki panemu sing lumrah keprungu.

Kaya uga wong wadon Samaria mau, uga akèh wong kang diwulang déning sétan lan banjur duwé panemu menawa agama iku warisaning leluhur. Mulané akèh wong sing rumangsa marem lamun wis bisa ngenut adat tata carane leluhur. Sejatiné ora mangkono.

Gusti Yésus memucal kanthi nukulaké iman, mbangun imané wong wadon Samaria iku. Kuwi sawisé atiné katuwuhan rasa pangrasa, yaiku kasadharan yèn uripé nandhang dosa. Wong wadon Samaria iku duwé kapitayan yèn wong Yahudi sing diadhepi iku sawijining Nabi. Tuwuhé iman iku bebasan mbuka lawanging kanugrahan kang nuntun wong wadon mau marang kayektèn, bab ngrasuk agama sing bener. Gusti mulang wong wadon mau, ana ing alam binuka témbok sumur dadi mimbar. Sing ngrungokaké piwulangé ya mung wong siji, yaiku wong wadon Samaria . Gusti uga wis priksa yèn wong wadon iku kebak dosa. Piwulangé Gusti Yésus kang cekak aos, nyakup pathi sarining Kekristenan. Kotbahé Gusti Yésus ing sacedhaké sumur Yakub mau mratélakaké, menawa kasucèn iku ora dedunung ana ing magrong-magronging Bait Suci, uga ora dumunung ing prabot prabot agamawi sing kaanggep suci. Nanging dumunung ing ati. Wong agama padha nyembah Gusti Allah umumé kaiket ing papan lan wektu. Banjur padha ngumpul ana ing kono caos kurban. Malah sesembahané wong kafir isih olèh papan ana ing Dalem Pamujan. Rawuhé Gusti Yésus, mbabar pangerten anyar, yèn ibadah ora kaiket ing papan lan wayah.

Amarga Gusti Allah iku Roh. Kang kudu sinembah ing Roh lan kayektèn. Yèn ora manembah sajroning Roh lan kayektèn ( =kebenaran, Ind.) panembahing umat mau ora bisa tinarima. Senajan manembah ana ing papan kang kaanggep suci pisan. Saiki, ing jaman iki wanciné manembah jroning Roh lan kayektèn. Nabi Maleakhi uga tau meca bab iku:

“ Awitdéné saka kéblat pletheking srengéngé, nganti tekan kéblat surupé, asmaningSun luhur ana ing antarané para bangsa, sarta ana ing saénggon enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarané para bangsa, mangkono pangandikané Pangéran Yéhuwah Gustiné sarwa dumadi.” (Maleakhi l: 11).

Senajan, aja nganti klèru panampa. Piwulang yekti kuwi ora kok banjur duwé teges supaya papan papan kang wus katetepaké kanggo manembah banjur dibuwang. Ora. Malah apa baé praboting panembah mau kudu dilestarekaké, nanging ora sinembah. Dadiya adat agamawi, nanging aja banjur dadi keblinger nganggep menawa papan suci, praboting panembah, gambaré para suci, utawa gambaring piranti suci kuwi dadi sumbering berkah. Malah bab sakramen gréjawi, ora banjur dadi sumbering berkah, senajan lumantar sakramen gréjawi kuwi, Gusti Allah prasetya, yèn sakramen kuwi dadi sarana tumuruning berkah rohani. Upamané, saya njalari teguhing iman lan liya-liyané. Semono uga klèru menawa nganggep bakal antuk berkah lamun cedhak sesénggolan karo para wong sing dianggep suci lan bangunan suci.

Sejatiné umat bisa manembah marang Allah ing ngendi-endi papan, mulané Gusti Yésus ora nyebut Yérusalèm kudu dadi papan panembah. Amarga Gusti Allah iku Roh, lan kudu nyembah Panjenengané sajroning Roh. Ora gumantung marang samubarang kang katon sacara tata-lair. Niyating panembah kita, kudu thukul saka jroning ati. Gusti memulang marang wong wadon Samaria mau, menawa saben umat kang nyembah marang Allah sajroning Roh lan kayektèn bakal nemu dalaning keslametan, karahayon bakal dadi duwéké. Uga para wong kang karemehaké kasingkir saka Padaleman Suci Yérusalèm. Gusti Allah isih kersa nampi panembahé para wong dosa angger mratobat.

Bangkiting ati, bebudéné wong wadon Samaria mau kaya kabangun dadi anyar, anggoné mbukak atiné nampa pepadhang. Sabanjuré pinaringan pepadhang. Pawartaning kabungahan iku, iya piwulangé Gusti Yésus marang wong wadon Samaria iku.

Pangandikan kang sadurungé durung naté dingendikakaké marang para murid, yaiku nalika Gusti ngendika: “ Iya Aku iki Panjenengané kang lagi ngendikan karo kowé iki.” – Pangandikan iku nanggapi penemu lan keyakinan wong wadon Samaria bab bakal rawuhé Sang Kristus, yaiku Sang Mésias, kaya piwulanging agama. Nganti wektu semana, Gusti Yésus ora ngendikakaké marang sapa baé, menawa Panjenengané iku Sang Mésias, Sang Kristus. Nanging wus dipangandikakaké marang wong wadon Samaria, merga dhéwéké precaya yèn Gusti Yésus iku sawijining Nabi.

Sawisé ngendika mengkono, ketungka tekané para murid, kang lagi bali saka tuku pangan menyang kutha. Kaya kang tinulis ing Injil Yokanan 4: 27 – 42 , mengkéné:

Nalika samana para sakabaté teka, sarta padha gumun déné Gusti Yésus imbal pangandikan karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijiya kang munjuk: Ingkang Paduka karsakaken punapa? Utawa: Tiyang punika Paduka pangandikani punapa? Wong wadon mau tumuli ninggal juné ana ing kono, banjur menyang kutha lan crita marang wong wong ing kono: “Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakaké lelakonku kabèh marang aku. Apa kirané iku Sang Kristus? Wong wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sanjabaning kutha sowan marang ngarsané Gusti Yésus. Nalika samana para sakabaté tumuli matur marang Gusti Yésus, unjuké: “ Rabbi, sumangga Paduka dhahar.” Nanging Gusti Yésus ngendika: “ Aku duwé pangan kang ora padha kok sumurupi.” Kang iku para sakabat padha sapocapan: “Apa ana wong kang nyaosi dhahar ?”

Pangandikané Gusti Yésus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsané kang ngutus Aku, sarta ngrampungaké ayahané.” Rak ana ujarmu kang mengkéné: “ Kurang patang sasi nuli panen. Nanging pituturKu ing kowé: “ Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning iku wus kena dieneni. Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukaké woh kang tumuju marang urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-loroné padha bungah. Awit prekara iki bener bebasan kang muni mengkéné: “ Kang siji nyebar, sijiné kang ngeneni. Kowé padha Dak utus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowé kang padha ngundhuhi pametuning garapané.”

Kacarita akèh wong Samaria kang ana ing kutha kono kang padha precaya marang Panjenengané awit saka paseksené wong wadon mau: “Panjenengané wus mbedhek sakabèhing lelakonku.” Wong wong Samaria mau bareng wus sowan ing ngersané Gusti Yésus, padha duwé atur panuwun, muga kersowa lereb ana ing omahé. Panjenengané uga banjur lereb ana ing kono rong dina, sarta mundhak akèh manèh sing padha manjing precaya awit saka pangandikaNé, lan padha tutur marang wong wadon mau: “ Anggonku padha precaya wis ora saka ujarmu iku, awit aku dhéwé wus padha ngrungokaké Panjenengané, lan aku wus padha sumurup yèn sanyatané Panjenengané iku Pamartaning jagad.” (Yohanes 4: 27-42)

Pancèn, nalika Gusti Yésus ngendikan karo wong wadon Samaria mau, murid siji baé ora ana ing kono. Anané Yokanan panulis Injil iki bisa gawé paseksi tinulis, mesthiné Yokanan uga wis krungu dhéwé piwulang kuwi, bisa uga saka wong wadon Samaria, utawa dipangandikani déning Gusti piyambak. Nalika para murid bali saka kutha Sikhar tuku pangan, nyawang guruné wawan pangandikan karo wong wadon manca, dadi gumuning atiné para murid. Nyata yèn para sakabat tanggap marang kang lagi kadadéyan. Uga nyipati bungahé wong wadon Samaria mau, anggoné banjur lumayu lunga nggolèki mitrané, gita gita anggoné bakal ngabaraké pawarta wigati. Para murid ora nyuwun katrangan marang Gusti Yésus, anggoné ketemu karo wong wadon Samaria iku ana wigati sing kepriyé. Ora ana sing matur miterang.

Nalika para murid ngaturi dhahar marang Gusti Yésus merga antuk pangan olèhé tuku ing kutha Sikhar, Gusti Yésus ora énggal dhahar. Mula aturé para murid: “ Guru, mangga kadhahar .” Saya tambah bingung atiné para sakabat, déné Gusti ora dhahar. Dadi bingung manèh, nalika Gusti mangsuli kanthi ngendika: “ Aku duwé pangan kang ora padha kok sumurupi .” Sejatiné para murid ora paham bab pangan kang ora kasumurupan iku. Para murid ora nyandhak bab pangandikané. Kaya nalika Gusti Yésus ngendikan karo Nikodémus bab keslametan lan bab lair kapindho, Nikodémus ya ora nyandhak, ora tekan mikire. Semono uga wong wadon Samaria nalika kawulang déning Gusti bab “banyu kauripan “ – sejatiné ya ora pati ngerti, merga uga ora nyandhak. Malah para murid ngira yèn ana pawongan kang nyaosi dhahar kagem Gusti Yésus. Gusti Yésus priksa apa kang kasimpen ngganjel ing jroning atiné para murid, mula énggal nerangaké menawa kang dadi dhaharan tumrap Panjenengané, yaiku kaya paring wangsulané Gusti: “ Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni kang dadi karsané kang ngutus Aku, sarta ngrampungaké ayahané .” (Yokanan 4: 32 ).

Wong wadon Samaria iku wis ngerti bab caritané Sang Mésias kang bakal rawuh. Dhéwéké seneng banget, déné kelakon ketemu karo Sang Mesih. Banjur precaya marang Panjenengané. Wadhah banyu kang bakal kanggo ngangsu ditinggal, banjur mangkat menyang kutha Sikhar papan dunungé, saperlu menehi kabar kabungahan marang para seduluré. Nanging sapa ta sing precaya marang kabar kang diwertakaké wanita sundel ? Wong akèh mesthiné padha mikir, apa mungguh yèn Sang Mésih ngetingal lan methuki wanita kaya dhéwéké kuwi ? Nanging nyatané pekabarané nemu kasil, katulusané katon ing rainé, sorot mripaté lan owahing kanalarané, lan gunemé ngyakinaké wong akèh. Gunemé: “ Ayo padha ndelenga ! Ing kana ana wong kang ngandhakaké kabèh lelakonku marang aku. Apa kirané iku Sang Kristus ?” Wong wadon iku wus paseksi, nanging karepé supaya wong wong padha methuki dhéwé sowan Gusti Yésus, supaya nalare padha yakin salin dadi anyar. Wong wong padha mangkat sowan Gusti.

Kadadéyan iku dadi tuladha marang kita kabèh sajroning anggelar kabar kabungahan, luwih nyata kanthi paseksi katimbang kanthi mulang lan kakèhan nasihat. Wong sing kasil ngedum kabungahan marang pepadha, bakal ngamini apa kang tinulis ing Mazmur: “ Mara padha nyawanga lan ngrasakna sepira gedhéné kasaénané Pangeran Yehuwah iku !”(Mazmur 34: 9). Nalika Gusti Yésus pepisahan karo para murid amarga Gusti sumengka (mikrad) menyang suwarga, paring dhawuh: “ ….kowé bakal padha dadi seksiKu ana ing Yérusalèm lan ing satanah Yudéa kabèh sarta ing tanah Samaria nganti tumeka ing pungkasaning bumi .”

Ana ayahan kanggo para murid, yaiku dadi seksi. Lan uwohé nyata, para murid mbangun turut sarta gunemé para sakabat olèh kawigaten gedhé. Sing padha krungu lan kaberkahan bisa methik paseksiné para sakabat. Piwulang, kothbah utawa nasihat yèn tanpa paseksi, asilé kurang teguh. Wong wadon Samaria olèh banyu kauripan peparingé Sang Mesih ( = Sang Mésias, Sang Kristus ), yaiku: thukuling kasadharan. Lan precayané, mbangun bebudéné, ninggal sumur Yakub kang dianggep suci, banjur anggelar kabar mau. Sajroning uripé wis thukul sumber kauripan langgeng, banjur dikabaraké marang wong liyané uga. Paseksiné wong wadon Samaria mau, kuwagang narik atiné wong Sikhar, metu saka kutha banjur padha nggolèki Gusti Yésus.

Nalika Gusti Yésus mriksani tekané rombongané wong wadon Samaria mau sowan Gusti Yésus, Panjenengané ngendika marang para sakabat: “ Rak ana ujarmu menawa patang sasi manèh wayahé panen.” Pangandikané Gusti : “ Padha delengen lan tamatna pategalan-pategalan, kang katon kuning kuwi wus kena dieneni.”

Wong Samaria sing padha teka sowan Gusti Yésus iku sing dikersakaké pategalan kang tandurané wus kuning, wus tuwa, lan wayahe panen. Pategalan kang wayah panen iku, ora liya akèhe para wong kang sumadiya ngrungokaké piwulangé Gusti, kang bakal nampa kabar kabungahan bab keslametan langgeng. Gusti Yésus banget karenan ing penggalih, merga mriksani panen gedhé kang kawitan kanthi anané para murid asal suku bangsa sing dudu wong Yahudi, kang nalika semana diarani lan dianggep wong kafir, merga dudu bangsa Yahudi. Anggoné sowan, ora merga mujizaté Gusti utawa weruh anggoné Gusti Yésus nyarasaké sarupaning lelara. Lan ora merga golèk kauntungan kadonyan. Anggoné padha sowan, merga bakal mbuktekaké lan ngrungokaké piwulangé.

Wong wong sing padha teka sowan iku, dadi uwohing pakaryan anggoné Gusti mulang kanthi tlaten marang wong wadon Samaria sing nyandhang dosa lan banjur mratobat olèh kawilujengan sarta duwé iman. Ngasilaké pategalan kang wayah panen. Amarga paseksiné wong wadon Samaria mau, akèh wong Samaria sing padha manjing precaya dadi muridé Gusti Yésus. Sing nampa Sang Kristus saya akèh. Gusti Yésus uga nuruti panyuwuné wong akèh mau, supaya sawetara kersa lerem ana ing kutha Sikhar. Bab iki wus kaweca déning nabi Yésaya, luwih pitung atus taun sadurungé Gusti Yésus rawuh ing ndonya. Pamecané Sang Nabi, ngluntakaké pangandikané Gusti Allah ing kitab Yésaya 65: l, pangandikané: “ Wus dadi keparengé penggalihingSun paring pituduh marang uwong kang ora nakokaké marang Ingsun, wus dadi keparenging penggalih Ingsun, Ingsun ditemu déning uwong kang ora ngupaya marang Ingsun. Ingsun wus ngandika: “ Iki Ingsun, iki Ingsun !” – marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun.”

Gusti Yésus lerem ana ing Samaria nganti rong ndina. Para murid kakersakaké nulad Sang Guru. Iki kawitaning panen, bakal ana panen kang luwih gedhé kang diayahi déning para murid sawisé Gusti sumengka menyang suwarga. Aji banget paseksiné wong Samaria bab Gusti Yésus. Padha precaya menawa Gusti Yésus iku Sang Kristus, juru slamet kang kajanjekaké déning Sang Yehuwah Allah. Sang Mesih, yaiku Sang Mésias. Kang paring keslametan marang saben wong kang precaya marang Panjenengané. Sumur Yakub wus dadi lantaraning berkah lan dadi papan paleremaning badan insani suci, yaiku Gusti Yésus Kristus kang mijil saka Allah kang mratélakaké kawontenané Gusti Allah, kaya kang tinulis ing Injil Yokanan l: l8 mengkéné: “ Ora ana wong siji-sijya kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkoné Sang Rama, iku kang nerangaké kawontenaNé.”

Iba begjané wong wadon Samaria senajan uripé kebak dosa, nanging antuk kaslametan, olèh banyu kauripan langgeng ing sacedhaké sumur Yakub. Mangka sejatiné uripé kacadhangaké ing ukum naraka. Nalika nyuwun marang Gusti supaya pinaringan banyu, sing disuwun banyu kang dadi pamareming jasmani. Nanging Gusti Yésus malah paring banyu langgeng kang nguripi rohani lan dadi berkah jasmani uga. Malah uripé wong wadon mau dadi sumber kang ora bakal asat tumeka urip langgeng.

Satemen-temené pituturKu ing kowé, wong menawa ora kalairake manèh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah. ( Yokanan 3: 3 )

GUSTI YÉSUS , GURU LAN TABIB

Gusti Kristus Sang Mésias, ora srana gawé akèhing mujizat anggoné ngayahi pakaryan ing Galiléa. Nanging miwiti anggelar kabar keslametan srana medhar piwulang ing papan-papan ibadah. Kotbah lan piwulangé ora nggiri-giri ora gawé wediné sing krungu srana ngabaraké paukuman, nanging srana anggelar kabar becik lan mbiwarakaké sih katresnan kasuwargan. Mratélakaké katresnaning Gusti Allah marang wong dosa. Rawuhé bakal yasa kratoning bebener, ayem tentrem lan pirukun sarta kabungahan. Saben wong sing krungu ngurmati Sang Kristus, senajan wus padha ngerti saka ngendi asal-usulé, yaiku saka brayat Yusuf asal Nazarèt lan urip prasaja banget. Gusti Yésus memulang bab Kratoning Suwarga. Wanciné wis teka lan wus cedhak ( Markus l: l5 ).

Bab rawuhé wus kaweca ing kitab Prajanjian Lawas wus kaweca déning para Nabi. Rawuhé Gusti Yésus dadi ganeping wanci, kaya kang tinulis ing Kitab Suci. “ Nanging bareng wus tekan ing ganeping mangsa, Gusti Allah ngutus ingkang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Torèt. Gusti Yésus, anggoné anggelar kabar kabungahan, ora béda karo Yokanan Pambaptis: “Padha mratobata, amarga Kratoning Suwarga wus cedhak.” ( Matius 3: 2).

Marasaké Anaké Abdi Dalem Kraton

Gusti Yésus tumuli tindak manèh menyang ing Kana tanah Galiléa, panggonan Panjenengané nyabdakaké banyu dadi anggur. Anadéné ing Kapernaum ana priyayi kedhaton duwé anak lanang kang lagi lara. Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yésus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galiléa, banjur seba marang ngarsané Gusti Yésus sarta darbé panyuwun muga karsaa tedhak nyarasaké anaké, awit anaké mau wus arep mati. Gusti Yésus banjur ngendika marang priyayi mau: “ Manawa ora ndeleng pratandha lan kaélokan, kowé ora bakal padha pracaya.” Unjuké priyayi mau: “ Dhuh Gusti mugi kersaa tindak sapunika mumpung anak kawula dèrèng pejah.” Pangandikané Gusti Yésus: “ Balia, anakmu urip.” Priyayi mau pracaya marang pangandikané Gusti Yésus iku, tumuli bali. Nalika isih ana ing ndalan priyayi mau kepethuk karo abdi-abdiné. Kang padha nusul ngaturi pawarta, menawa anaké urip. Tumuli padha didangu, wayah apa anaké wiwit waras. Aturé: “ Kala wingi wanci jam setunggal siyang, anggenipun mantun benter.” Bapaké mau banjur kelingan yèn ing wayah iku, anggoné dipangandikani déning Gusti Yésus: “ Anakmu urip.” Priyayi mau tumuli precaya dalah sabrayate kabèh. Iku pratandha kang kapindho kang katindakaké déning Gusti Yésus nalika kundur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galiléa. (Yokanan 4: 46-54)

Sesasi meneh Gusti Yésus lagi tindak manèh menyang Galiléa, ing panggonan nalika Gusti nindakaké mujizat kapisan, banyu kasabda dadi anggur. Gusti Yésus damel mujizat kang kapindho uga ing désa Kana, sanajan sing dipitulungi saras iki dudu wong désa Kana, nanging wong Kapernaum.

Sawijining dina, pegawé kratoné raja Herodes Antipas sowan Gusti. Anaké pegawé kraton mau wus meh mati. Nyuwun supaya Gusti Yésus paring kesarasan. Sadurungé iku Gusti Yésus durung nate damel mujizat nyarasaké lelara ing Galiléa. Pegawé kraton mau omahé ing Kapernaum, rada adoh saka ibukota Galiléa, Tiberias. Pegawé kraton mau sawisé krungu yèn Gusti Yésus ana ing Kana, banjur sowan mrana. Nyuwun marang Gusti Yésus supaya kersa pinarak ing omahé bareng salaku, mumpung anaké durung mati.

Bapa mau nyuwun marang Gusti Yésus nyarasaké anaké. Pegawé kraton mau priyayi sing kinurmatan ing lingkungan kraton, yèn duwé karep bebasan mung kari prentah sedyané gampang kelakoné. Pangirané, Gusti Yésus uga bakal nuruti apa gunemé lan panyuwuné. Ngira yèn Gusti nesthi kersa, amarga nulungi wong penting pegawé kaya dhéwéké iku, asmané bakal saya kondhang. Kuwi pamikire wong pegawé kraton mau. Mesthiné bakal gampang diundang, kanggo marasaké anaké. Gusti Yésus dikira bakal rumangsa olèh begja, déné nampa pakurmatan marasaké putrané wong pangkat.

Nyatané, sing dipenggalih Gusti Yésus béda karo pikiran lan pangirane pegawé kraton mau. Sejatiné Gusti Yésus malah mulang atiné pegawé kraton kuwi amrih duwé krasa rumangsa lan andhap asor. Kanthi mangkono, berkah rohani tumurun bakal kaparingaké. Gusti uga bakal nélakaké manawa rawuhé ing bumi dinuta ing asmané Gusti Allah lan ambabar panguwaosé. Kuwi sing perlu dingertèni déning pegawé kraton mau. Sanajan Gusti Yésus uga nindakaké kaélokan lan mujizat. Sing utama demi kaluhurané Gusti Allah Kang Maha Luhur. Pangandikané Gusti Yésus marang wong pegawé kraton mau: “ Kowé yèn ora ndeleng pratandha lan mujizat, ora bakal pracaya.” Pancèn Gusti Yésus ngersakaké, iman pracaya aja mung thukul amarga nyawang kaélokan lan mujizat. Nanging iman thukul amarga precaya marang kalenggahan sarta panguwaosé Gusti Yésus. Iman iku, thukule sing prayoga amarga anggoné nekseni lan nyawang kaluhurané Gusti, kasucèné lan piwulangé “ Gusti kula aturi tedhak, mumpung anak kula dereng pejah.” – Kaya kaya pegawé kraton iku ora sabar. Sacara rohani sikep mangkono duwé teges enggoné enggal kepengin ngrongokaké piwulang, Gusti diaturi pinarak rawuh. Nyuwun rawuhé Gusti, tegese padha karo kepengin rawuhé Sang Sabda, iku pangandikané Gusti Allah..

Gusti Yésus ngabulaké panyuwuné. Anaké pegawé kraton mau bisa waras. Nanging carané ora nurut kaya pikirané sing nyuwun, nanging Gusti Yésus kagungan karsa, kagungan panguwaos lan rancangan. Gusti ora rawuh mbarengi bapaké bocah iku, nanging ngendika: “ Balia, anakmu urip.” – Ing kéné Gusti Yésus katon panguwaosé.

Berkah tumurun, amarga pegawé kraton kuwi precaya marang dhawuhe Gusti Yésus. Banjur mulih. Mlaku dharat nganti dina ésuké. Ana ndalan ketemu karo para abdiné sing nusul lan ngaturi kabar yèn anaké waras. Nalika takon karo para abdi kang nusul mau, kapan warase, para abdi matur yèn anggoné ilang panase lan banjur waras, dina wingi jam siji. Bab iki nguwataké precayané pegawé kraton mau. Dicocokaké, anggoné anaké waras lan urip iku, ngepasi nalika dina wingi Gusti Yésus ngendika: “Balia, anakmu urip.” Para abdi mau adoh-adoh saka Kapernaum nusul bendarané kang sowan Gusti ing Kana, mung saperlu ngabari yèn anaké dumadakan dadi waras.

Saisining omahé, sabrayat kabèh dadi mèlu precaya, ngenut kepalaning brayat kuwi. Padha precaya marang Gusti Yésus. Menawa salah sawiji anggotaning kulawarga precaya marang Gusti Yésus bakal ana daya pengaruhe marang saisining omah antuk berkah. Iki ngemu piwulang kang sejatiné dadi rabuking iman. Kaprihatinan anané lelara, owah dadi berkah kabungahan tumrap kulawarga. Sajroning kasengsaran kang kasandhang déning urip iki, uga kasimpen berkah rohani. Dadi lantaran anggoné pinaringan kaprihatinan malah bisa wanuh lan nampa keslametan langgeng. Dadi berkah tumrap wong akèh, dadi berkah kanggo kulawarga. Iki hikmating Allah.

Gusti Allah Sang Rama ing suwarga, ngidini kasengsaran nindhih lan dadi beban abot ing urip iki, iki amarga hikmat lan asih tresnané Gusti Allah, amrih kita kabèh bisa nampa kanugrahan lan berkah karahayon langgeng lan ajrih asih marang Allah.

Ing Nazarèt Paring Piwulang.

Gusti Yésus nuli rawuh ing kutha Nazarèt, panggonané nalika kagulawenthah, lan kaya adaté bareng dina sabat banjur rawuh ing papan pangibadah sarta jumeneng arep maos Kitab Suci ( Sing dikarepaké: Kitab Prajanjian Lawas ). Nuli dicaosi kitabé Nabi Yésaya. Bareng dibukak, manggih ayat kang surasané mangkéné:

“ Rohé Pangéran ngayomi Ingsun awit Panjenengané wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakaké kabar becik marang wong wong miskin; lan Panjenengané wis ngutus marang Ingsun martakaké luwaré para wong kinunjara, sarta pulihé pandelengé wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangaké taun kang dadi keparengé Pangéran.”

Sawisé mangkono kitabé banjur kagulung kaparingaké manèh marang kang kawajiban, nuli lenggah. Kabèh wong kang ana ing papan pangibadah padha mandeng marang Panjenengané. Gusti Yésus banjur paring piwulang, pangandikané:” Ing dina iki pangandika iki wis kayektènan, sajroning kowé padha ngrungokaké.” Kabèh wong padha nganggep bener marang Panjenengané apa déné padha kaéraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakaké, banjur padha cluluk mengkéné: “ Apa iku dudu anaké Yusuf?” Gusti Yésus tumuli ngandika: “ Kowé mesthi bakal ngucapaké paribasan marang Aku mangkéné: “Heh dhukun, warasna awakmu dhéwé. Kabèh kang padha dak rungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kéné, ana ing tanah asalmu kéné.” Lan pangandikané manèh: “ Aku pitutur marang kowé, sanyatané ora ana Nabi kang kajèn ana ing tanah asalé. Sarta Aku kandha marang kowé, lan kandhaku iki bener: “Dhek jamané Nabi Eliya, nalika langit mineb lawasé telung taun nem sasi, kang njalari anané pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabèh, sanajan ing Israèl akèh randhané, ewosamono nabi Eliya ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahé wong wadon randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon. Apadéné nalika jamané nabi Elisa ing tanah Israèl, akèh wong kang budhugen, nanging siji baé ora ana kang kabirat najisé, kajaba Naaman wong Syiria.” Kabèh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku. Banjur padha ngadeg, Gusti Yésus dilarak menyang ing sanjabaning kutha, t erus didabyang menyang ing pinggiring gunung, kang didegi kutha mau, arep dijorogaké saka ing kono. Nanging Panjenengané banjur tindak nratas ing tengahé wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono. (Lukas 4: l6-30)

Limalas sasi Gusti Yésus tindak menyang njaban laladan Nazarèt. Sajroning semono suwéné lelungan, bisa kaseksenan akèh prekara rohani kang kadadeyan, katon saka carané Gusti tumindak lan ngayahi pakaryan. Nalika rawuh manèh ing Nasaret saka Kana, wong akèh ngarani menawa Sang Yésus wus salin ing solah bawa. Wis dadi sawijining pribadi kang gawé éram, merga padha krungu uga apa kang kadamel déning Gusti ing kutha liya. Wong akèh uga kepengin sumurup, supaya Gusti Yésus uga nindakaké kaélokan lan mujizat ana ing Nasaret kutha asalé. Nanging Gusti Kristus luwih merlokaké paring wulang, katimbang damel mujizat. Ing dina Sabat, yaiku dina Sabtu, Gusti Yésus kotbah kang kawitan ana ing Nazarèt ing papan ibadah. Padatan dina mengkono Gusti Yésus uga rawuh ing papan ibadah, nanging lagi sepisan kuwi mulang.

Papan pangibadah ora ana owahe, isih kaya nalika Gusti Yésus nilar Nazarèt limalas sasi kepungkur. Ibadahé ya kaya padatan. Ana pandonga lan pujian. Tekan wanciné maca kitabé para Nabi. Gusti Yésus jumeneng. Kuwi ngemu teges, menawa Gusti Yésus kersa ngayahi maos kitab suci, menawa imam maringi palilah. Nyatané diidini. Saka kang mranata pangibadah Gusti Yesus dicaosi kitabé Nabi Yésaya. Ayat pangandika kang bakal kawaca dina iku, isining kitab kang wus kasediayakaké kagem Panjenengané. Tegese, nalika Nabi Yésayah nulis kitabé isi weca kaya kang katulis, ganepe ana ing Gusti Yésus. Pangandika iku pancèn Gusti Yésus piyambak kang kudu ngumandhangaké. Amarga isi pameca bab Panjenengané.

Kang kawaos, kitab Yésaya bab 1 ayat l lan 2. Kuwi pamecané Nabi Yésayah 700-an taun kepungkur, pameca marang sugengé Gusti Yésus. Tinulis ing kitabé Nabi Yésaya: - Menawa Sang Kristus, Panjenengané iku kang jinebadan ( olèh urapan, pinilih winisuda ), jumeneng Mésias. Satléraman, kalenggahané Gusti Yésus pisah kalawan kalenggahané Allah, banjur rawuh ing jagad minangka : Nabi, Imam lan Ratu. Ayahané Sang Mésias yaiku: Ngabaraké kabar becik marang wong miskin, mardikakake wong kang katindhes sarta damel pulih warase mripat kang wuta. Bakal ngluwari kang padha katawan, sarta mbiwarakaké taun rahmating Gusti Allah.”

Tumrap taun rahmating Gusti Allah, wong Yahudi ngarani taun Yobel. Wanciné kelakon saben seket tahun sepisan. Sing padha krungu ngira, yèn mardikakaké kaum kang katindhes kuwi bakal katindakaké déning Gusti Yésus, srana merdikakaké bangsa Yahudi saka panjajahan Romawi. Satemah ratu-ratu kafir katawan kaasoraké. Lan akèh sing ngarep-arep menawa bakal madeg Kraton gedhé ing ndonya. Kuwi taun “ampunan” kang manut piwulangé Gusti Yésus ora kedadeyan seket taun sepisan, nanging taun Yobel iku kaleksanan ing saben wanci, saben dina jroning taun.

Rawuhé Gusti Yésus ing ndonya, saperlu nylametaké manungsa saka trekah panindhesing Iblis. Dudu panindhes kang asipat politik lan kadonyan. Senajan nalika ngadhepi bab kasebut Gusti Yésus paring kekuwatan marang umat, supaya iman ora runtuh. Sing utama rawuhé Gusti bakal nylametaké manungsa saka cengkeremaning sétan, kang dadi jalaran kasengsaraning jagad, maujud panindhesing politik lan kadonyan. Sétan nyèngkerem lan nindhes manungsa, bakuh banget. Manungsa ora bisa uwal saka sesanggan abot, amarga uriping karohanèn uga tanpa daya.Dadi gedibaling sétan Kawitané ora katon. Manungsa ora krasa. Mangka sétan banjur golèk srana anggoné nyrimpung manungsa kanthi kasengsaran lan panindhes, nggunakaké donya iki, kalebu manungsa kang jahat dadi pirantiné. Manawa Sang Kristus bakal merdikakaké umat, sing diarep arep manungsa iku bisané uwal saka panindhesing penjajah lan sengsara kadonyan. Banjur mardika uga saka kejeme penjajah.

Nanging, manungsa ora ngerti yèn ana panindhes kejem sing ora katon, yaiku Iblis. Iki sing bakal dilawan déning Gusti Yésus Kristus kanggo nylametaké manungsa saka panindhes kang sejatiné ora dipahami déning para umat. Sang Kristus wus rawuh lan unggul saka Iblis. Mangka Iblis luwih rosa katimbang penjajahan donya. Mesthiné Gusti Yésus kanthi gampang bakal bisa mitulungi. Kejaba sengsarané Gusti Yésus piyambak anggoné nggenteni paukumaning manungsa dosa, kuwi kang ora bakal diendhani. Mula nganti séda ing kayu salib. Senajan kita kabèh ngerti lan yakin, yèn pungkasané Gusti Yésus unggul saka Iblis. Menawa kita kabèh wus olèh kaslametan rohani, kuk utawa pasangan donya, momotan donya iki bakal entheng kasangga angger kita kabèh setya tuhu nunggal karo Gusti Yésus. (Matius ll: 30).

Anggoné Gusti Yésus ngendikan, kanthi kawibawan sarta isi asih katresnan. Lembah manah nanging wibawa. Iki sing dadi titikaning kotbahé. Kaya banyu kang gawé adhem, kabèh ngrasakaké lega lan tentreming ati, kaya wong ngelak nemu pangombén. Rawuhé anggelar kabar kabungahan, kabar becik dadi kabar karohanèn kang anyar. Gusti priksa isining ati sakabèhing uwong kang ngrongokaké kothbahe. Kabèh nampa tembung tembung kang gawé ayem. Senajan, magnaning sih rahmate Gusti Allah, tinampa isih cethek. Sejatiné sing tansah dadi pengarep-arepe wong akèh, wibawaning kraton kadonyan lan sakabèhing bathi tata lair. Wong akèh padha éram marang kabar lan kasunyatan bab mujizat mujizaté Gusti. Marang wong akèh Gusti ngendika: “ Kowé mesthi bakal ngucap: Warasna awakmu dhéwé. Kabèh kang wis dak rungu lan kelakon ana ing Kapernaum, iku tindakna ana ing kéné.”

Bab maca Kitab Suci ing papan ibadah. Yèn ana wong sing saguh maca peranganing kitabé para Nabi ing Bait Suci, utawa ing papan ibadah, dipahami lan pinercaya menawa sing maca mau bisa nerangaké magnaning kitab sing diwaca mau. Karo lenggah, sing maca mau bakal ngandharaké piwulangé. Semono uga Gusti Yésus, sawisé maos Kitab Yésaya, banjur maringaké bali menyang sing kejibah, banjur lenggah. Kabèh wong nggatekaké lan nyawang Panjenengané. Akèh sing wis paham marang putrané Rama Yusuf iku. Uga akèh sing wis padha krungu bab kaélokan sarta mujizat kang wus katindakaké déning Gusti Yésus ing tanah liya. Pangandikané miwiti kothbahe: “ Ing dina iki, surasaning ayat iki wus ganep kaujudan, yaiku nalika kowé padha ngrungokaké.” Tegese, Gusti Yésus jumeneng lan mratélakaké pribadiné minangka Sang Mésias, Sang Kristus. Wong Yahudi ngerti menawa kalenggahané Sang Mésias iku, luwih luhur saka sakabèhing pangkat agamawi lan pangkat kadonyan apa baé. Mula banjur ana sing guneman: “ Iku apa dudu anaké Yusuf?”

Orang-orang di Nazaret menjadi sangat marah kepada Yesus. Mereka membawa Dia ke atas puncak bukit tempat di mana kota itu terletak dengan maksud untuk melemparkanNya ke bawah. Tetapi Yesus lewat di antara mereka, dengan tanpa mengalami gangguan apapun dan pergi menuju ke Kapernaum. Dia tentunya sangat sedih karena sikap dari orang-orang di kota asalNya. Orang-orang tidak bersedia untuk menerima kata-kataNya, menolak untuk menerima Juruselamat mereka. Kita bisa membayangkan Kristus menangis ketika meninggalkan Nazaret, sebagaimana Dia menangisi Yerusalem di kemudian. Bisa dimengerti kalau Dia sangat sedih untuk meninggalkan kota asalNya, sesudah selama sekian tahun Dia berada di sana. Sesudah bersaksi kepada orang-orang di kotaNya sendiri dengan perkataan dan perbuatan, Dia tidak membawa seorang muridpun bersama Dia, bahkan tidak juga dari antara saudara-saudaraNya.!

Kanthi pangandikan iki sanyatané Gusti wis priksa, menawa wong Nazarèt nuntut supaya Gusti Yésus damel mujizat sing luwih hebat ana ing kutha asal-usulé, Nazarèt. Gunemé wong Nazarèt: “ Kena ngapa kok ora gelem gawé mujizat ana ing Nazarèt kutha asalé dhéwé, supaya dadi leganing ati ?” Pancèn sasuwéné bali ana ing Nazarèt, wong wong durung weruh mujizat sing katindakaké déning Gusti Yésus. Pangandikané: “ Ana paribasan. Ora ana Nabi kang kajen ana ing tanah asalé.” Saka pangandikan iki, sejatiné Gusti wis priksa yèn wong Nazarèt nampik Panjenengané. Kaya kaya, senajan ora ngeblak, wong Nazarèt bakal ngucap: Kotbaha lan anggelara kabar becikMu, menyang para wong sing ora ngerti asal usulmu.! Aja ngira yèn aku bakal manut marang piwulangmu ….!”

Wong Nazarèt dadi nesu lan muring muring marang Gusti Yésus. Malah Gusti kadabyang kagawa menyang ndhuwur gunung njaban kutha, bakal dibuwang dijorogaké menyang njurang. Satekané ing papan sanjabaning kutha, Gusti Yésus tindak kanthi tanpa ana sing ngalang alangi, nrobos papan nglumpuké wong pirang pirang, kanthi sekeca nilar sing padha ndhabyang, banjur tindak nuju kutha Kapernaum. Gusti Yésus ngrudatin lan keranta-ranta, déné kaya mengkono tumanduking sikepe wong Nazarèt papan asal usulé. Padha nulak marang pangandikané.

Ateges nampik marang keslametan langgeng. Kasedhihan kang kuwawa ngruntuhaké waspa. Kaya ngrudatiné Gusti ing tembe, muwun nangisi bab dosané Yérusalèm. Kanthi sedhih nilar kutha asal-usulé sing sejatiné ditresnani, kang wiwit cilik Gusti dedalem ana ing kono. Saka Nazarèt, ora ana sing kinanthi manjing dadi murid, malah para sedulure uga ora ana sing nyawiji karo Gusti Yésus.

GUSTI YÉSUS NIMBALI MURID

Nalika Gusti Yésus tindak ana ing urut pinggiring segara Galiléa, mirsa Simon karo Andréas sedulure Simon, lagi padha nibakaké jala ing segara, amarga padha dadi tukang golèk iwak. Banjur padha didhawuhi Gusti Yésus mengkéné: “ Ayo, padha mèlua Aku, kowé bakal Dak dadekaké tukang golèk uwong .” Sakaroné nuli enggal-enggal ninggal jalané lan ndhèrèkaké Panjenengané. Bareng nglajengaké tindaké sawatara, Gusti Yésus mirsa Yakobus anaké Zebedeus lan Yokanan sedulure lagi ana ing prau ndadani jalané. Sakaroné enggal padha ditimbali déning Gusti Yésus, lan iya banjur padha ninggal bapaké, Zebedeus, ana ing prau karo para buruhe, lan banjur ndhèrèkaké Panjenengané .” ( Markus l: l6-20 )

Murid papat kang kawitan ditimbali ndhèrèk déning Gusti Yésus ana ing gisiking segara Galiléa, utawa kang katelah tlaga Tiberias. Yaiku: Andréas, Simon Petrus ( sedulure Andréas ), Yakobus lan Yokanan ( sedulure Yakobus, anak-anaké Zebedeus). Kabèh lagi padha nyambut gawé ing gisik golèk iwak utawa lagi ana ing prau. Gusti Yésus nimbali Petrus lan Andréas kanggo ayahan wigati, supaya dadi tukang golèk uwong. Sakaroné wasis olah njala golèk iwak, lan sabanjuré kadhawuhan golèk uwong. Déné kang dadi jalané, kabar kabungahan, pawartaning Injil, supaya akèh jiwaning manungsa dislametaké. Njala jiwaning manungsa, ngangkat jiwaning manungsa saka segaraning papacintraka, manggon ngalih ing karahayon, manggon ing papan kang ayem tentrem. Banjur maringi ayahan kang padha marang murid loro manèh. Padha ninggal barang darbeké, kalebu ninggal jalané lan bapaké sarta kulawargané. Banjur ndhèrèk Gusti Yésus. Sadurungé nampa ayahan mau, pancèn wis dadi pandhèrèké merga nampa wulang saka Yokanan Pambaptis, banjur ndhèrèk Sang Kristus. Dadiné sadurungé wis nunggal karo Gusti Yésus sajroning roh lan imané, lan ya wis sawatara tetunggilan. Wiwit dina iku, para murid bakal tansah ndhèrèk Gusti Yésus menyang endi baé tindaké. Dadi mitra, dadi kanca, dadi murid lan nunggal ing pakaryan. Gusti Yésus wis paring wulang, wis nyontoni carané “njala jiwa-jiwa “ kaya sing ditindakaké Gusti Yésus ana ing désa Kana, utawa ing tanah Samaria. Sateruse, Gusti Yésus ngersakaké para murid tansah sinau, nulad Sang Guru, ninggal sakabèhe kang sipat kadonyan, banjur cumawis ngayahi dhawuh kang anyar ayahan kasuwargan.

Zebedeus, ditinggal anak-anaké ing prau. Nanging Zebedeus uga bakal tansah nunggil Gusti ing pambiyantu kang wujud mèlu ngangkat bot karepotaning kabutuhan. Wong papat kuwi sing kapisan dadi barisaning murid kang wani ninggal kaperluwané dhéwé lan kulawargané, saperlu ndhèrèk Sang Guru Sejati. Para pemimpin agama ora ana sing duwé wenang, marentah sawijining uwong supaya ngutamakaké sing mimpin. Ora ana. Uga ora ana pranatan agama kang nata supaya manungsa nyingkur kaperluwaning brayat, kanggo nunggil Gusti Yésus. Nanging kita kabèh ora kena lali. Gusti Yésus iku dudu insan lumrah. Pancèn ujud manungsa, yaiku manungsa sejati. Nanging uga Allah sejati lan sipat suci. Kagungan wenang, milih lan paring dhawuh manut kang kakersakaké, supaya ngladosi Panjenengané. Pancèn Panjenengané pantes lan pas banget dadi kang utama dhéwé.

Yèn tanpa dhasar ayahan luhur karohanèn, Gusti Yésus ora bakal nampa anak-anaké Zebedeus kang ninggalké wong tuwané, banjur ndhèrèk Panjenengané. Amarga angger-anggering agama ndhawuhi supaya manungsa ngurmati rama lan ibuné. Para murid mbangun turut amarga sadhar, menawa ayahan iku dhawuh Ilahi. Mula manungsa wajib ngatonaké bekti setyané minangka umating Allah. Malah ingaran timbalan suci. Amarga Gusti kang mranata pranatan lan sing nguwasani sing gawé pranatan. Gusti kagungan hak lan wewenang, nindakaké samubarang amrih kaleksanané Rancangan Agung, anggoné bakal nresnani umat manungsa lan nebus dosané wong sajagad.

Ing jaman kuna, Rama Abraham ninggal tanah asal usulé, Ur Kasdim. Iku uga merga anggoné mbangun turut marang timbalan Ilahi. Amarga pracayané marang Gusti Allah, Abraham dadi leluhure bangsa Israèl, bangsa pilihaning Allah. Ing serat Roma 4: ll, Rama Abraham ingaran: Bapaké wong precaya. Ing kitab Purwaning Dumadi ( Kejadian, Ind.) bab l2: 3, ana pratélan kasuwargan, ngendikakaké: “….kanthi jenengmu saben brayat ing salumahing bumi bakal binerkahan …” Musa lunga saka kraton, metu saka kraton Mesir, ya amarga timbalan Ilahi mau. Mangka ana ing kedhaton Mesir, Musa dadi Putra mahkota, minangka putraning putri raja, urip seneng lan wibawa, nyandhang kasugihan. Dadi wong pinter lan jenenge mulya ing saindhenging tanah Mesir. Kabèh mau ditinggal, demi timbalan Ilahi kang suci. Gusti Allah paring ayahan marang Musa. Dadi Nabining Allah. Supaya mimpin bangsa Israèl kang manggon ing tanah Mesir bali menyang tanah prajanjian sing biyène dienggoni Rama Abraham, yaiku tanah Kanaan. Banjur nampa ayahan, nampa angger-angger sepuluh kang dadi dhasar teguh ing Kitab Suci Prajanjian Lawas. Lan dhawuh sing ditampa Nabi Musa iku uga kang dadi landhesan utama iman kita jaman iki.

Para murid papat sing ditimbali Gusti nalika ana ing tasik Tiberias, ninggal sakabèhing barang darbeké kalebu ninggal wong tuwané ing prau, ya amarga timbalan Ilahi kang suci iku. Mangka sing didhereki, Sang Guru kang cara kadonyan ingaran miskin. Gusti Yésus kapetung miskin kadonyan, nanging Kratoning Suwarga iku kagungané Gusti Yésus. Saben dinané tansah andhap asor lan lembah penggalih.

Saka para murid kang kinanthi déning Gusti Yésus iku, kaberkahan dadi bibit thukuling pasamuwan Kristen kang teguh bakuh. Déning tatanan karohanèn lan sikep urip kang kebak tresna asih sarta angger-angger kratoning suwarga, jagad iki binangun salin jagad anyar.

Sejarahe Sang Prabu Dawud raja gung nagri Israèl, katimbalan lan kapilih déning Gusti Allah saka enggoné dadi “pangon wedhus.” Lan karancang déning Gusti Allah dadi pangon umate Allah. Ing Injil Markus nyata, Gusti Yésus nimbali lan milih Andréas, Simon Petrus, Yakubus lan Yokanan saka ing alaming tukang golèk iwak, ingangkat dadi Rasul, supaya golèk jiwa-jiwa, amrih akèh jiwa kang nampa karahayon. Gusti nggulawenthah para murid supaya dadi abdi kang sembada, ngalami prekara kang élok lan ajaib sineksen murid murid. Para murid kinanthi déning Gusti supaya bisaa dadi conto lan dadi pepadhang sarta dadi abdi kang uripé lelandhesan Injil. Menawa Gusti njajah désa milang kori, tindak nganglang laladan saka désa ngadésa, saka kutha menyang kutha liyané, kotbah lan memulang. Sejatiné kuwi kabèh dadi gladhen, nglatih para murid supaya nulad Sang Guru. Murid papat iku digembleng amrih santosa.

Kotbahé Gusti Yésus dadi kawigatené wong pirang-pirang, amarga béda karo juru kotbah kang ana sadurungé. Lumrahe para guru Yahudi mung niru piwulangé guruguru sing mulang sadurungé. Kabèh padha, ora ana sing anyar sing pantes sinebut kabar kabungahan sejati. Béda karo kotbahé Gusti Yésus, narik atiné wong akèh. Para pengkotbah Yahudi, mempeng anggoné ngapalké piwulang sing wis ditampa saka guruné, seneng niru gunemé para tokoh, banjur kawulangaké marang pasamuwan.

Gusti Yésus paring piwulang, ora adhedhasar filsafat lan ajaran tradisi Yahudi utawa babar pisan ora gumantèng welinging leluhur utawa gunemé para tokoh jaman. Gusti Yésus ngendika kanthi nandhesaké: “ Satemen – temene pituturku …….”

Menawa Gusti methik sabda pangandika kang ana ing Kitab Suci Prajanjian Lawas, Gusti Yésus mesthi nerangaké tegese lan trap-trapané ing urip anyar, kanthi pangerten anyar. Yèn memulang adhedhasar Kitab Prajaian Lawas, piwulang mau ngutamakaké marang PIWULANGÉ ROH. Sing utama bab karohanèn, ora mung kaiket déning kawruh apalan kang hurufiah saka Angger- Angger tinulis baé.

GUSTI YÉSUS NUNDHUNG DHEMIT

Gusti Yésus banjur rawuh ing kutha Kapernaum, sawijining kutha ing tanah Galiléa, tumuli mulang ana ing kono saben ing dina Sabat. Wong wong padha kaéraman krungu piwulangé, amarga pangandikané kanthi panguwasa. Ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthi suwara seru: “ Dhuh Gusti Yésus saking Nazarèt, Paduka tumut tumut punapa dhateng kawula ? Punapa rawuh Paduka badhé ngrisak kawula ? Kawula mangertos, Paduka punika sinten, inggih Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.” Nanging banjur didukani déning Gusti Yésus, pangandikané: “ Menenga! Metua saka wong iku !” Wongé nuli kalarak déning dhemit mau, kabanting ing satengahé wong akèh; dhemit nuli metu lan babar pisan ora njalari larané wong mau.. Kabèh wong padha éram, banjur rasanan: “ Tembungé kok ngédab-édabi banget! Kanthi wibawa lan panguwasa enggoné nundhungi para dhemit, temah padha metu.” Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing tanah kono. ( Lukas 4: 3l-37 ).

Ana ing Kapernaum, Gusti Yésus tindak menyang papan pangibadah. Sajroning pangibadah mau ana wong kang kapanjingan dhemit. Bareng ngerti rawuhé Gusti Yésus, banjur mbengok: “ Ampun ngganggu damel dhateng kula, wonten prekawis punapa Paduka kaliyan kawula, dhuh Yésus ?” Ing pambengoking roh reget kuwi, nyata yèn sétan gething banget karo Gusti Yésus. Ing basa asli, tembung “kawula sédaya” nélakaké yèn sing ngrasuki wong mau ora mung dhemit siji, nanging akèh. “ Punapa rawuh Paduka badhé nglebur kawula sédaya ?” Iki uga dadi bukti, manawa Gusti Yésus kagungan wewenang lan panguwasa marang para lelembut. Sétan dhemit ngerti bab kuwi. Ana pangakuné dhemit: “ Kawula mangertos, Paduka menika sinten ….” Bab iki dadi pangertèn menawa sétan iku luwih akèh kawruhé bab rohani, katimbang karo umat manungsa. Lan sétan wis wiwit sekawit nglawan Sang Kristus, nalika ijen ana ing ara-ara samun. Sétan uga nglawan Gusti Yésus nalika ana ing kutha Nazarèt, yaiku nyusup ing wong wong Nazarèt kang nulak piwulangé Gusti Kristus. Nalika iku Gusti Kristus didabyang menyang gunung arep diceguraké ing juranging gunung.. Nanging ora kelakon. Nalika ngrasuki wong ing Kapernaum wanciné ibadah, ateges nyata tetep ngrekadaya bisané nglawan marang Sang Guru Suci, Gusti Yésus.

Wosé, Iblis ora bakal mandheg anggoné nglawan Gusti Yésus, amarga Gusti Yésus tetep setya kanthi tresna memulang bab keslametaning umat manungsa. Gusti tansah nandhesaké menawa Kratoning Suwarega wus cedhak, lan memulang bisané manungsa olèh dalan mlebu suwarga. Sétan uga tansah nglawan ngreridhu. Iblis uga wis paham, menawa rawuhé Gusti Yésus ing ndonya, ateges anggelar paprangan. Wus katetepaké déning Gusti Allah, manawa Gusti Yésus kang kuwasa ngremuk endhase si ula. Kaya kang diprasetyakaké déning Gusti Allah ing lelakoné Adam Kawa ing taman Firdaus. ( Kitab Purwaning Dumadi 3: l5 ) Mula benér. Yèn rawuhé Gusti Yésus Kristus ing ndonya iki bakal nglebur kratoning Iblis si pengawak dursila, nganti lebur luluh.

Pancèn nggumunaké menawa sétan bisa ngucap paseksi kanthi tembung: “ Kang Suci saka Allah,” iki merga sétan ngerti marang panguwasané Gusti Yésus kang mesthi wenang nundhung Iblis. Ana pengaji rangkep menawa pengalem iku kawetu saka mungsuh. Iki kang kawitan anggoné Sétan ngakoni panguwasané Sang Kristus, lan kuwi dikersakaké déning Gusti supaya wong akèh padha ngerti. Pratélan bab panguwaosé Gusti Yésus iku bakal bola-bali diucapaké déning sétan. Ing papan pangibadah kono, sawisé nyebut panguwaosé Gusti, sétan dhemit kang sejatiné njalari rusaking manungsa mau, disentak déning Gusti Yésus, pangandikané: “ Meneng ! Aja ngucap, lan metua saka wong iki.” Sing padha nyipati ngentèni apa sing bakal kelakon. Wong mau banjur niba tangi, mengkono iku merga Sétan sing nyeret dhéwéké banjur dibanting mrana mrene. Sétan banjur metu saka wong sing dirasuki mau. Iki njalari gumuné wong akèh, mula padha takon tinakon, diya diniya siji lan sijiné. “ Sejatiné Panjenengané iku sapa kang wus ana ing tengah kita ?”

Dumadiné mujizat iku, ngemu piwulang anyar sing kepriyé ? Anak tukang kayu iku olèh panguwasa saka apa, déné roh roh lan dhemit teluk marang Panjenengané ? Ing mujizat damel anggur saka banyu ing désa Kana, kuwi nélakaké yèn Gusti nguwasani hukum alam. Nalika Gusti marasaké anaké pegawé kraton, Gusti nélakaké panguwaosé marang lelara lan memala. Ing mujizat kang kaping teluné iki, Gusti mratélakaké yèn kagungan panguwaos ingatase Iblis, mulané dhemit teluk marang Gusti Yésus. Mujizat mujizat mau kelakon kadamel ing kawitané paladosan lan pakaryané kang agung. Tegese, miwiti ayahan nebus manungsa dosa, Gusti Yésus sembada lan pantes ngasta kalenggahan Sang Juru Wilujeng, sembada jumeneng Sang Mésias.

Pawarta bab mujizat sing katindakaké déning Gusti Yésus, sumebar warata nganti tekan sanjabaning laladan. Wus kelakon kadadeyan paperangan ing antarané sing nguwasani pepadhang, karo sing nguwasani pepeteng. Sing nguwasani Bait Suci wus bandayuda karo sing ngregem lan nguwasni kadonyan. Lan sanyatané, Iblis sétan wis kalah. Wus sumebar saya jembar, menawa ing ara-ara Samun Gusti Yésus unggul saka godhaning Iblis. Ing Kapernaum, Gusti Yésus nundhung Sétan saka wong sing dirasuki.

Iki dadi piwulang marang murid murid sing isih anyar, anggoné mratélakaké wewenang lan panguwaosé. Uga dadi tantangan tumrap Iblis. Wong Galiléa uga dadi padha sumurup. Uga marang para umat ing tembe mburiné, sing padha nampa lan maca kabar kabungahan supaya padha ngerti, menawa Sang Kristus kuwasa lan bisa ngalahaké sétan. Kaunggulan Gusti, iku kaunggulan sacara pribadi tumrap Gusti, nanging uga dadi kaunggulan tumrap wong pracaya. Yaiku para umat tetebusané ndhèrèk dadi unggul.

Isih ana perluné, menawa kita kabèh paham marang kahanané wong sing dirasuki Sétan kuwi. Uwong iku, dadi piranti anggoné Iblis saya nguwati barisané, kanggo nglawan Gusti Yésus. Kanthi reka daya manéka warna Sétan bakal ngrusak rancangan agung karsaning Gusti Allah. Gusti Allah ngeparengaké trekahe Sétan iku, amarga supaya saya katon kaunggulané Gusti Yésus, wewenang lan panguwaosé Gusti Yésus. Iblis ngerti, menawa angen angening manungsa dadi peranganing badan kang bisa kanggo piranti. Mula pikiraning manungsa, diserang déning Iblis, tansah diakali déning Iblis bisaa dadi alat jahate.

Mula nyata akèh wong sing padha nandhang lara, banjur kaya kaya pikirané dadi owah lan dadi kaya wong edan. Kuwi merga Iblis sing nggarap pikiraning umat. Yaiku sing tinulis ing Injil kadidéné wong wong sing karasukan roh reged, karasukan lelembut. Banjur diarani wong edan utawa owah pikirané. Iki banjur dadi kaya dedongengan utawa dadi kabar imajiner, akèh sing banjur padha duwé pikiran khayal. Thukuling pikiran khayal iku, trekahe si Iblis. Nanging, samubarang pakaryané Gusti Yésus, kabèh nyata. Nalika sétan ngrasuki wong kaya kaya madeg dhéwé, tegese, ing sajroning uripé wong karasukan mau “ ana sing ngleboni “ pinisah karo sing dirasuki, amung manggon. Sing ngrasuki dumunung ana sing dirasuki. Ora mung pikirané sing dipengaruhi. Nanging wong karasukan kuwi dadi piranti dikuwasani sajiwa ragané

Gusti Yésus priksa, yèn ana sing manggon ngrasuki manungsa. Mula dhawuhe cetha lan wijang: “ Meta, saka wong iki !” - dadiné ana bédané karo lara edan ing jaman saiki. Senajan kita kabèh uga precaya, menawa wong lara owah, apadéné malah dadi edan iku, uga saka trekahe Iblis nggarap manungsa lan bakal dirusak pikirané.

Wong karasukan kang ana ing ngarsané Gusti Yésus, katon pinter. Malah ngajak diskusi, pitakon lan werna werna. Nyata kuwi sing guneman Iblis, dudu pikirané manungsa sing ingaran edan, utawa owah mau. Wong owah lan sing pikirané wis rusak, mesthiné ora bisa mratélakaké lan ora ngerti menawa sing lagi rawuh ana ndonya iku Putraning Kang Maha Luhur, Sang Maha Suci kang saka Allah. Yèn sing karasukan mau bisa ngucap mengkono, nyata lambening manungsa mung dienggo alat, dadi pirantiné Iblis. Nggunakaké wong mau, Iblis Sétan sing guneman. Gusti priksa, mula dhemit ditundhung. Iki panguwaosé Gusti Yésus, kang sembada dadi Mésias.

Menawa Gusti mung winates nulungi marasaké gangguan pikiran lan mental, mesthiné ora bakal kelakon kadadeyan konflik, ora njalari sengsaraning badan, ora perlu mbanting mbanting awak, yèn kuwi mung gangguan mental. Nyatané kadadeyané kadidéné paprangan kekuwatan. Ngadhepi lan nglawan pratingkahe roh-roh reged, dadi sawijining pakaryan kang kudu diadhepi déning Gusti Yésus lan para murid. Pancèn uga nyarasaké lan mitulungi para sing nandhang lara. Injil paring piwulang, nyata ana bédané bab nundhung roh sétan sing ngrasuki wong, katandhing karo jinis lelara owah mental pikiran. Sétan katundhung temenan, lan metu. Déné wong owang pikiran ya ana, lan iku uga bisa diparingi usada utawa tamba. Senajan bisa uga Iblis sing nggarap pikiraning manungsa, dadi rerangken panggawéné enggoné Iblis bakal gawé rusak.

GUSTI YÉSUS NYARASAKÉ WONG AKÈH ING KAPERNAUM

Sawisé iku Gusti Yésus jengkar saka ing papan pangibadah kono lan tindak menyang ing omahé Simon. Nalika iku ibu maratuwané Simon lagi lara panastis banget, banjur disuwunaké pitulungan marang Panjenengané. Gusti Yésus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarané didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladèni para tamuné.

Bareng wis surup wong wong padha nyowanaké sanak sedulure kang lara werna werna. Iku genti genti padha ditumpangi astaNé. Temah padha mari. Iya akèh wong kang dhemit e padha metu kalawan nguwuh: “ Paduka punika Putraning Allah.” Nanging banjur didukani, awit padha sumurup, yèn Panjenengané iku Sang Kristus. ( Lukas 4: 38-4l )

Gusti lan para pandhèrèké tindak menyang omahé Simon Petrus. Bisa uga Gusti pancèn lenggah ana ing kana. Utawa, Simon sing nyuwun rawuhé Gusti Yésus bakal diaturi dhahar bebarengan, minangka pakurmatan marang Sang Guru, ingatase Simon uga nampa ayahan “njala jiwa-jiwa”. Bisa uga, merga Simon duwé pengarep-arep, supaya Gusti uga paring pitulung marang wong sakiwa tengené. Supaya maratuwané uga antuk kasarasan déning rawuhé Gusti Yésus kanthi mujizat, kaya kang wus kadamel marang anaké pegawé kraton. Nanging Simon Petrus rumangsa ora pantes yèn ngantiya nyuwun marang Gusti Yésus supaya nyarasaké ibuné maratuwa. Rumangsa ora wenang nyuwun, apa manèh mrenata pakaryané. Gusti priksa kang dibatin Simon Petrus. Mula, Gusti banjur nyarasaké enggoné sang maratuwané Simon panastis banget. Panase ditundhung, ilang. Gusti nganthi tangané sing lara. Katangekaké. Lelarané ilang.

Iki mujizat rangkep. Sepisan: Lelaraning badan waras, uga lungkrahing badan kang sok dadi aras-arasen., ilang. Banjur bisa leladi marang para tamuné. Maratuwané Simon Petrus, dadi wanita sukarelawan kapisan, kang leladi marang Gusti Yésus ing kawitaning ayahaNé.

Saya sumebar bab mujizaté Gusti Yésus, kalebu nundhungi dhemit. Dina iku ngepasi Sabat, akèh wong lara sing disowanaké marang Gusti Yésus, senajan kudu ngentèni nganti bubar surup merga anggoné padha setya tuhu marang dina Sabat. Saben wong lara ing Kapernaum, kabèh diwaluyakaké. Sing sengsara kapitulungan.

Lukas nulis Injil kanthi ngutamakaké bab pitulunge Gusti marang kang karasukan dhemit. Sétan kang katundhung ngucap: “ Paduka punika Putraning Allah.” Marang sing padha lara, Gusti numpangaké astané. Nanging marang sing karasukan dhemit, ora. Metuné roh reged saka badané sing karasukan, amung kanthi parentah. Ana ing papan pangibadah, marang Iblis Gusti ngendika: “ Menenga!” Mangka lagi baé Sétan nguwuh: “Paduka ingkang Suci saking Allah.” – Nalika ana ing omahé Simon saya cetha manèh, sétan kang katundhung uga ngucap: “ Paduka punika Putraning Allah.” Lan Gusti ndukani, merga Iblis ngerti yèn Gusti Yésus iku Sang Kristus. Lan Gusti uga priksa manawa Iblis ora bakal memuji lan ngabekti, mula ditundhung lunga. Iblis katundhung merga nyata yèn ora bakal mulyakaké asmaning Gusti kang ngasta panguwaos Illahi.

Wong akèh kang ora nyuwun berkah pitulungan marang Gusti Yésus, kapitunan lan padha gela. Merga Gusti Yésus pancèn Sang Kristus, Sang Mésias, Putraning Allah Kang Suci. Para wong kang kapitulungan lan pinaringan waras, wus samesthiné yèn banjur paseksi nyaritakaké bab sang Mésias Juru wilujeng.

Semua mereka yang memiliki Roh Kristus sangat memperhatikan hal melepaskan penderitaan yang menindas manusia, yang mana sakit-penyakit merupakan penindasan yang terbesar. Adalah Roh Kudus yang memimpin pada dokter Kristen untuk mengorbankan uang, waktu dan kehidupan mereka dalam melayani orang-orang sakit. Mereka menganggap bahwa memerangi sakit-penyakit sama pentingnya dengan memerangi dosa, dan memelihara serta merawat tubuh manusia adalah sama pentingnya dengan perhatian mereka terhadap kerohanian jiwa manusia. Roh Kristus memimpin orang-orang Kristen untuk mendirikan rumah sakit dan rumah-rumah yatim-piatu dalam berbagai jenis yang tidak didapati di dunia sebelum Yesus berjalan di atas bumi. Kemana saja Kekristenan menyebar, lembaga-lembaga sosial sebagai wujud dari belas kasih dan kemurahan akan ditemui.

Ana gegambaran élok, nalika Gusti jumeneng ana ing ngarep lawang omahé Simon Petrus, kanthi asta ingangkat ngayomi lan paring berkah marang para kang sowan nyuwun pitulungan. Kaya kaya lagi andum sih katresnan lan jamahaning astané nulungi sing nandhang lara. Iki buktining penggalih kang mreduli marang sengsaraning liyan. Wong akèh diyakinaké kanthi nampa pitulungané Gusti Yésus sakabèhing lelara bisa diwarasaké. Gusti paring kekuwatan, kewarasan, sih tresnané. Pitulungané Gusti kaya mili saka driji-drijining katresnan sejati panguwaosé. Kuwajibaning urip iki pancèn mung siji. Nyuwun tulung marang Gusti. Gusti Yésus Kristus kagungan panguwaos kanggo nyegeraké karingkihan jasmani lan karingkihan rohani, paring waras kang nandhang lara. Iya laraning badan, uga lelaraning rohani yaiku dosa lan kanisthan. Mula bener kang tinulis ing kitab Yésaya 53: 4, mengkéné: “ Sanyatané lelara kita kang disangga, lan sengsara kita kang dirembat.”

Kawitaning pakaryan agung kang rinonce ing proses warasing badan lan pulihing kauripan, ngemu piwulang yèn pancèn ana sesambunganing urip kang tumindak dosa lan lelara. Lelara bisa uga dadi pirantiné Sétan kanggo ngrusak rancanganing Gusti Allah. Badan kang nandhang lara, nindakaké pagawéyan iya ora sampurna. Dadi cacat, dadi kelangan semangat lan sapanunggalané. Gusti mratélakaké, yèn wenang maluyakaké lelara “dosa” kang kasandhang déning umat manungsa.

Rawuhé kanggo nylametaké umat saka ancamaning paukuman mati langgeng ing naraka. ( Matius l: 2l ). Jumeneng Sang Mésias, lan kersa dadi Cempéning Kasuwargan, kakurbanaké kanggo mikul dosaning jagad. Tumurun saka suwarga menyang ndonya, saperlu paring apuraning dosa. Gusti ngayati pitulungané srana paring warasing lelara badan. Nanging sejatiné sing utama Gusti Yésus bakal paring “ kewarasaning karohanèn “ - srana apuraning dosa.

Déné makaryané, kawiwitan saka oyoding sengsara, yaiku paring kesarasan. Para wong kang tinuntun déning Roh Suci Rohing Sang Kristus, mreduli banget marang bab pulihing urip iki, kalis saka lelara. Lelara dadi ujuding sesanggan kang abot. Dokter Kristen uga kakersakaké déning Gusti, caos kurban wektu, tenaga lan bandha sarta kapinterané kanggo mitulungi pepadhaning urip. Merangi lelara, padha tegese kaya merangi dosa. Ngrawat pasien kaya kaya padha tegese karo ngopeni jiwa.

Sang Roh Suci uga nganthi para wong Kristen supaya ngedegaké Rumah Sakit lan Yayasan Yatim Piatu, kanggo mitulungi pepadha. Sadurungé Gusti Yésus rawuh nuladhani bab tresna, ing jagad iki kaya durung ana bebadan kang mreduli liyan. Ing ngendi ana mekaring Kekristenan, ya ing kono bakal tinemu bebadan bebadan sosial kang andum kewarasan lan pulihing kauripan, dadi citraning sih kamirahané Gusti Yersus Kristus. Iki kabèh pancèn wujuding tumindak panganthiné Sang Roh Suci.

Tabib Lan Dokter Kristen Ing Jaman Iki

“ Gusti Yésus iku dina wingi, dina iki lan salawas lawase ora owah gingsir.” (Ibrani l3: 8)

Pangandika iku dadi landhesaning karsa, menawa Gusti Yésus bakal mitulungi saben wong. Uga isih paring pamulihan sarta kawarasan, sanajan ora rawuh ing tengah kita ing jaman saiki. Nanging tansah nunggil karo kita kabèh ing peparinging Rohe kang Suci. Ora owah gingsir, Panjenengané uga ngersakaké para wong kang nandhang lara sowan ing ngarsané. Sowan nyuwun warasing badan. Kita kudu yakin, menawa dokter kang mitulungi awaké dhéwé kabèh, dadi astaning Gusti nulungi umat. Lan Gusti Yésus iku Dokter Pribadi kita. Amarga Gusti Yésus wus kersa dadi Juru Wilujeng sacara pribadi marang kita kabèh.

Kepriyé mujudaké sikep urip kang binerkahan ?

Kudu memuji marang Gusti Allah.

Panjenengané iku Dokter lan Tabib Agung kita kabèh.

Pulih lan warasing urip iki, kabèh peparingé Gusti Allah ing Sang Kristus.

Ana pangandika ing Yakobus 5: l4, l5 ), mengkéné: “ Manawa ana panunggalanmu kang lara, luwih becik iku ngaturi para pinituwaning pasamuwan, supaya padha ndongakaké dhéwéké sarta ngusapi lenga saka atas asmané Gusti. Sarta pandonga kang metu saka pracaya iku bakal nylametaké kang lara iku, lan bakal ditangekaké déning Gusti; sarta manawa wong iku nglakoni dosa, dosané iku bakal diapura.”

Wong Kristen kudu teguh anduwéni keyakinan manawa Gusti Yésus iku Dokter lan Tabib Agung. Dokter uga kudu duwé panemu menawa anggoné dadi dokter iku dadi paladosan kwarasan kagem Gusti kang katrapaké marang pepadhaning urip. Lan kudu nglakoni dhawuhing Gusti, Dokter Agung kita kabèh. Pamuji lan pangalembana bakal kaaturaké amung marang Sang Dokter Agung, Gusti Kristus. Kita kabèh kudu muji syukur, déning asihe Gusti nganthi para dokter bisa ngladèni kaperluwan kita.

Gusti Yésus Miyambak Nunggil Sang Rama

“ Bareng bangun ésuk nalika isih peteng, Gusti Yésus wungu lan banjur miyos, tumuli tindak menyang panggonan kang sepi, lan ndedonga ana ing kono. Simon lan kanca kancané iya banjur nusul. Bareng wis ketemu banjur matur: “ Sédaya sami madosi Paduka .” ( Markus l: 35-37 )

Kita kabèh wis paham, yèn Gusti tansah digolèki wong akèh, didherekaké mrana-mrené. Nanging sejatiné dudu kuwi sing dikersakaké déning Gusti Yésus.

Panjenéngané uga merlokaké ijen bebarengan karo Sang Rama, mulané Markus nulis kaya kang kasebut ngarep iku. Amarga ngladèni wong akèh, Gusti uga merlokaké banget ndedonga marang Sang Rama. Ing kono Gusti kasampurnakaké anggoné lumadi ngladèni wong akèh. Dadiné bakal luwih siaga lan cumawis. Anggoné ngladèni wong akèh, iya merga gedhéning katresnané marang Sang Rama. Sang Rama iku Gusti, yaiku Sang Roh kang Maha Kawasa, kang nunggil karo Gusti Yésus. Ing wanci kang wening tidhem sepi, saya sampurna manunggiling Sang Putra lan Sang Rama.

Sawisé ndedonga Gusti Yésus wangsul menyang tengahing ayahan mitulungi kaperluwané wong akèh. Gusti iya perlu ndedonga, supaya pakaryané sing agung ora kelangan panguwaosé, senajan Gusti kagungan kasucèn murni. Panjenengané iya isih merlokaké pandonga ing wanci wening. Ing kono sukarenaning penggalih rinasa. Lan iya kanthi pandonga, napasing karohanèn maujud. Umat kagungané Sang Kristus uga perlu banget nunggil karo Sang Rama ing wanci wening, nulad marang Gusti Yésus Kristus.

Sanyatané, wong wong utawa uga para murid sing isih anyar, ora seneng menawa Gusti Yésus miyambak. Mulané Petrus bebarengan para pandhèrèk liyané, nggolèki Gusti Yésus. Aturé: “ Gusti, sédaya madosi Paduka.” Mangkono merga sejatiné wong akèh iku emoh pisah karo Sang Kristus. Sing wigati kita mangertèni yaiku, menawa Gusti Yésus ora bakal paring wenang marang sapa baé, supaya samubarang kang katindakaké diawasi utawa tansah dimonitor. Amarga Gusti kagungan rancangan lan panguwasa. Wiwit sawisé Gusti Yésus kabaptis nalika semana, samubarang kang katindakaké nyondhongi kang ginaris lan kapimpin déning Roh Suci. Saupama nuruti apa baé kang dadi panyuwuné wong, déning Gusti katindakaké adhedhasar sih katresnan. Gusti ora kaiket déning titah. Ora tansah nuruti apa kang disuwun déning wong akèh. Akèh sing ora paham marang tujuwané rawuhé ing jagad iki. Mula banjur ngendika:

“ Ayo padha menyang panggonan liyané, menyang kutha-kutha sing cedhak, Aku bakal nggelaraké Injil mrono uga, awit iya iku perluné Aku teka .” ( Markus l: 38 ).

Wiwit wektu iku, Gusti damel rancangan ayahan sing béda karo para guru jaman Yokanan Pambaptis. Nganglang laladan anggelar kabar kabungahan. Yèn guru guru model Yokanan Pambaptis banjur gawé papan kang magrok, kaya déné padhepokan ing sawijining panggonan. Para kang kepengin sinau piwulang ngumpul mrono. Mulané sing padha ora mèlu ngumpul uga ora kabageyan kabar becik lan ora bisa nampa piwulang becik uga, merga ora golèk guru. Gusti Yésus ora mangkono. Pangandikané: “ Rawuhé Putraning Manungsa bakal nggolèki lan nylametaké kang ketriwal .” ( Lukas l9: l0 ).

Manut Yokanan, ana telung bab wigati pakaryan lan ayahané Gusti Yésus:

  1. Anggelar kabar becik bab kraton suwarga, kaya kang katindakaké ing Yudéa.

  2. Nglawan panguwasané Iblis, kanggo nylametaké manungsa. Kaya kang kabuktèn wis kelakon ing papan pangibadah ing Kapernaum.

  3. Marasaké lelara werna-werna, sarta mitulungi karingkihané wong akèh, kaya kang katindakaké ing sawijining wengi dina Sabat.

Pakaryan lan ayahan agung telung werna iku, bakal tinulis kababar ana limang buku Sugengé Gusti Yésus Kristus jilid saterusé sawisé buku iki.

Appendix A. PITAKONAN NGUJI PANGERTEN

Menawa panjenengan nyinau buku iki, bakal kanthi gampang bisa mangsuli pitakon pitakon ing ngisor iki:

  1. Sétan duwé jeneng utawa sesebutan telu. Sebutna lan tegesna siji siji !

  2. Ana panggodha rong werna. Sebutna ! Apa bédane ?

  3. Kanthi kaunggulané Gusti Yésus saka sétan, berkah apa kang tinampa déning umat manungsa ?

  4. Dosa lan kaluputan apa kang wus dilakoni déning Musa, Élia, Petrus lan Yudas Iskariot ?

  5. Panggodhaning sétan marang Gusti Yésus ing ara-ara samun kang sepisanan, iku apa ? Kepriyé tanggapané Gusti Yésus ?

  6. Godhaning sétan marang Gusti Yésus kang kapindho, apa? Apa tanggapane Gusti Yésus ?

  7. Godha kang katelu, apa? Lan kepriyé tumanggape Gusti Yésus ?

  8. Aranana Baptisan patang prekara sing wus dialami Gusti Yésus !

  9. Tulisen paseksi telung werna kang mratélakaké menawa Gusti Yésus Kristus iku Putraning Allah !

  10. Sabab apa Gusti Yésus kersa nyabda banyu malih dadi anggur ing désa Kana ?

  11. Apa pakaryané Roh Suci ing “lair kang kaping pindho ?”

  12. Apa bédané banyu asal sumur Yakub lan banyu kauripan peparingé Gusti ?