Kembali ke ikhtisar item
KEHIDUPAN KRISTUS

KEHIDUPAN KRISTUS

Judul Asli: “Life of Christ”

Buku I : MIYOSÉ LAN TAUN TAUN AWAL SUGENGÉ GUSTI YÉSUS

John Ford

All Rights Reserved

(Diterjemahkan dari bahasa Inggris)


PAMBUKA

Saben Titah Butuh Gusti Yésus

Taun gilir gumanti, manut lakuning mangsa kala. Umat manungsa ora bisa ngrasakaké kaadilan lan sengsarané saya wuwuh wuwuh. Sing dadi sababé amarga manungsa bebasan saya adoh saka kayektèn, ibaraté kaya kèli ing banjir bandhang, adoh saka kasampurnan. Manungsa kepéngin mangun uripé. Nanging kawruhing titah lan nglèmu filsafat sing diudi, ora bisa dadi prabot anggoné nggayuh kasampurnaning urip.

Sokratès, filsuf Gerika (Yunani) kondhang mratélakaké marang Alkibiades muridé: “ Aku ora bisa nuduhaké dalan marang kowé supaya bisa nggayuh kabecikan kang luhur dhéwé, amarga aku dhéwé ya ora ngerti. Nanging aku percaya yén sing nitahaké jagad raya iki pancèn sing becik dhéwé. Saka kahanané kang becik kuwi, Panjenengané bakal ngutus nurunaké guru sejati ing wanci kang wis katemtokaké, supaya memulang marang umat manungsa kepriye bisané nggayuh kabecikan lan kasampurnaning urip iki.”

Adhedhasar pengalamaning uripé, sang filsuf ngakoni lan paring paseksi menawa titah manungsa kang wus dadi nistha lan rusak, ora bakal bisa pulih kaya sejatining awalé. Ana syair utawa saloka ing basa Arab, mengkéné:

“ Kepriyé bisané pulih sabarang kang wis rusak morat-marit. Madu ora bakal metu saka woh apel kang pait.”

Para pemimpining bangsa-bangsa wis gawé pranatan werna-werna kanggo memangun kahanan lan uriping kawula. Ya kaya mengkono kuwi kang ditindakaké déning Hamurabi, para filsuf Gerika, para wong pinter saka Mesir, para ahlining undhang-undhang Romawi, para wicaksana saka Persia, para Brahmin asal India, lan isih akèh manèh liyané. Nanging sakèhing hikmat rekadayané gagal ngranggèh gegayuhan.

Malah nganti tataran angger-anggeré Nabi Musa kang sipat ilahi uga gagal ngowahi lan mangun sawutuhé uriping umat manungsa kang mbudidaya nglakoni. Amarga sing dadi ancasé angger-angger kuwi supaya manungsa ngilo, temah rumongsa anggoné ora sampurna banjur ngakoni kaluputan lan dosané. Angger-angger iku kanggo mimpin lan nganthi umat lumaku nuju marang sumbering kasampurnan sejati kang kuwasa maluyakaké umat manungsa saka karusakan lan uripé kang nistha.

Dadiné, dalan kang ngener marang kasampurnan iku amung saka peparingé kang Maha Kuwasa. Babar pisan manungsa ora bisa nggayuh kabecikan lan kasampurnan saka rékadayané dhéwé. Amung ana dalan siji kang wus katemtokaké dening Gusti Allah, yaiku: Guru Kasuwargan, Putrané Allah kang kinasih, Yésus Kristus. Mung dalan iki kang njalari umat manungsa pulih kaya wingi uni. Panjenengané kang kuwasa ndhawuhaké lan nyipta angger-angger agung sampurna, Panjenengané uga nyata agung sampurna. Guru kasuwargan iki uga nglakoni apa kang kadhawuhaké. Ora mung mulang, nanging uga nindakaké sabarang kang kakersakaké dilakoni déning wong liya. Panjenengané kasil nyalarasaké lair lan batin, pangandikané kabuktèn ing laku. Sing bisa nglakoni kaya mengkono mau ya mung Gusti Yésus baé. Para guru kadonyan kang kepéngin nggayuh kasampurnan ing sadurungé wis gagal kabeh .

Awit saka iku wis nyata, menawa umat manungsa kabèh mbutuhaké banget mitra panuntun kang ora mung mulang bab kasampurnan, nanging panuntun sing bisa mimpin lan lumaku bareng sarta bebarengan maringi urip sampurna. Pemimpin kang bisa dadi tuladha, dadi paugeran lan conto kang bisa ditiru ing laku. Ora ana liya, kejaba amung Sang Juru Wilujeng , Yésus Kristus Putraning Allah kang wus tumurun anèng bumi.

Saiba adohing sungsaté ing antarané bisa mulang lan bisa nglakoni dadi tuladha. Memulang amung ingaran téori, déné memulang kanthi nuladhani iku, dadi panuntun ing tumindak.

Gusti Yésus mulang lan uga nglakoni dhéwé kang kawulangaké. Amung Panjenengané guruning para guru lan nyata guru sejati. Jagad kang rusak iki wus pinaringan sabarang kang becik, kabegjaning urip, uga antuk paugeraning kasampurnan.

Déné kang wigati banget sajroning urip iki, yaiku: Ngerti apa sing wis ditindakaké dening Gusti Yésus kanggo umat manungsa kabèh, lan ngerti apa kang kawulangaké déning Gusti. Sabanjuré, amrih urip iki pulih kabangun saka karusakan, banjur ngerti lan nemu dalaning urip sejati, prayogané nyinau Kabar Kabungahan lan wanuh sugengé Gusti Yésus, ya iki dalané ngener gegayuhan sejati. Wajib ngerti marang sawutuhing kamulyaNé. Ora ana tembung lan ukara basaning manungsa kang kuwagang nyaritakaké kanthi sampurna bab kaunggulan lan kaluhuraNé sarta sih tresnaNé. Mula, sih rahmat kang luhur dhéwé kang ditampa umat manungsa, manawa umat saguh dadi lantaran lan sarana nuntun saben wong sowan marang Gusti Kristus. Yaiku Sang Pangon kang sejati, sing milujengaké sakèhing jiwaning umat manungsa, sing nyarirani piyambak ngasta kabar kabungahan saka kaswargan. Amung Panjenengané kang bisa nganthi urip iki nggayuh kasampurnan. Satemah urip iki bakal bisa ngrasakaké kaslametan kang pinaringaké marga kaberkahan. Amung Panjenengané kang kuwasa nyantosakaké urip iki. Yèn nunggil karo Gusti Yésus kita kabèh bakal pinaringan kabisan ngalami sucining urip lan ngrasakaké urip langgeng ing kamulyaning kaswargan.

Ana sastrawan kang nggambaraké Gusti Yésus, mangkéné:

Payo tangi, hé sang swarawati,

Tembangna asmaNé Sang Panebus kang élok,

Mulyakna nganggo basa kang alus memes,

Pribadi kang ngéram éramaké iki,

Panjenengané kang Agung lan Mulya,>

Kamulyakna kang Maha Agung,

Kang akarya barang sakalir,

Anggoné lembah manah ing saranduning kauripan,

Panjenengané kang langgeng, kang wus ana

Sadurungé gunung gunung dumadi,

Suci murni ngagem busana kamulyan,

Lintang Wétan kang sumunar,

Amung Panjenengané kang Maha Sampurna,

Tan ana kang kuwawa angluwihi,

Siji baé ora ana.

Nabi Yésaya, pitung atus taun sadurungé Sang Al Masih miyos, wis meca bab bakal rawuhé. Pameca iki uga kapethik ing Injil Lukas. Ana ing Padaleman Suci Gusti Kristus maos bab pameca tumrap Panjenengané anggoné bakal rawuh ing jagad:

“ Sang Roh Suci dumunung ana ing Aku. Awit Pangeran wis milih Aku supaya ngabaraké Injilé Allah marang wong miskin. Pangeran ngutus Aku mertakaké pangluwaran marang wong sing dikunjara lan mulihaké pandelengé para wong wuta; sarta ngluwari wong sing ditindhes, tuwin ngundhangaké bakal tekané jaman keslametan peparingé Pangeran marang umaté.”(Lukas 4: l8, l9).

Bab Gusti Kristus, Injil prejanjian anyar ngandikakaké mengkéné:

“Kita tansah padha nyenyuwuna marang Gusti Yésus awit precaya kita mung ana ing Panjenengané, wiwitan nganti tekan wekasan. Gusti Yésus ora semplah sajroning nandhang sengsara ing kayu salib. Malah merga saka kabungahan kang bakal katampi, Panjenengané ora ngétang kanisthaning pati ana ing kayu salib. Lan saiki Panjenengané ngasta sakèhing panguwasa ana ing Papréntahané Gusti Allah. Padha ngélingana prekara prekara sing dialami dening Gusti Yésus nalika ngadhepi wong dosa kang ngesokaké sengiting atine marang Panjenengané. Jaganen supaya atimu aja nglokro lan semplah. Awit wnggonmu perang nglawan dosa kuwi durung nganti mutahaké getihmu.” (Ibrani l2: 2-4 )

“Sabab ya kuwi karsané Allah enggoné nimbali kowé. Awit Sang Kristus piyambak wis nandhang sengsara krana kowé, maringi tuladha supaya kowé uga nglakoni kaya Panjenengané.” ( I Petrus 2: 21 )

Saora-orané ana limang sabab sing njalari kita kabéh mbutuhaké Gusti Kristus:

  1. Amarga Gusti Yésus iku Sabdaning Allah kang wujud manungsa. Gusti Yésus citraning Allah kang kapenuhan ing sih katresnan. Sih katresnan iku ganeping angger-anggering Torét kang dilakoni jangkep. Katresnan ora mbédak-mbédakaké kalebu tresna marang kang nggethingi uga. Marang mungsuh ya isih tresna.

  2. Gusti Kristus iku kang katemtokaké déning Gusti Allah kudu séda ing kayu salib kanggo nebus dosaning manungsa, prasetyaning Allah wiwit jaman purwa biyén.

  3. Gusti Kristus iku Sang Juru Wilujeng kang ngrasuk sarira manungsa. Supaya mélu ngrasakaké kasengsaraning liyan kang tinebus.

  4. Gusti Kristus, pemimpining agama kang kondhang merga kurbaning katresnan.

  5. Gusti Kristus iku kabar kabungahan kang ora ana sing ngluwihi. Wujuding kawigatosaning Allah marang manungsa. Kanthi lila legawaning penggalih dadi kurban. Lan anggoné kasil mitulungi manungsa kadhasaran sih katresnaNé.

Kabar kabungahan saka Injil, medharaké bab kasucèn, kawicaksanan lan palimirmaning Allah. Luwih saka kuwi, Injil ngutamakaké bab Gusti Yèsus kang jumeneng Sang Mesias kanggo milujengaké manungsa dosa. Yaiku citra tresnaning Allah marang manungsa, supaya manungsa kang precaya ora nemu karusakan nanging nduwènana urip langgeng. (Yokanan 3: l6). Rancanganing Allah pancèn éndah, yaiku ngersakaké keslametaning umat. Katresnaning GustiAllah ana ing Sang Kristus Yésus iku kanggo para umat kabèh.

Sing pantes sinebut dadi wong Kristen iku lamun sajroning dhiri duwé paugeran yen sih katresnan iku kanggo saben uwong. Wong Kristen sejati iku menawa tansah saguh sarta mbudidaya leladi lan bisa kurban tresna . Ora mung ngutamakaké dhiri pribadi, nanging mreduli marang uripé pepadhané.

KAPRIBADÈNÉ GUSTI KRISTUS

Menawa ana wong kang saya gedhé nampa pengalem lan pamuji, saya abot sanggané tumrap wong iku kanggo mbuktèkaké ing laku . Kosok baliné wong liya bakal saya gampang mbiji lan naliti ing wong mau, gampang ngonangi cacat kekurangané. Mulané wong wicaksana ora seneng nampa pengalem lan pamuji kang ora nyata. Sabab yen ora bisa mbuktèkaké ing kanyatan, malah dadi kanisthaning dhiri pribadi. Yèn nganti gagal mujudaké penganggepé wong akèh, bakal ngundhuh wirang lan kanisthan.

Piwulang Kristen ngalembana memuji Sang Yésus merga kasampurnané ora ana sing nandhingi. Kabuktèn, kekristenan iku sawijining agama kang luhur dhewe. Sarta pemimpiné, yaiku Yésus Kristus, pemimpining para pemimpin ora ana sing ngluwihi kaluhurané, sarta pantes nampi pangalembana kang luhur dhéwé uga. Mulané saben wong padha gelema naliti lan nyinau kanthi tumemen bab Yésus Kristus, sing sapa temen bakal nemu.

Ana ing Injil Matéus bab 7: l6, Gusti Yésus piyamak ngendika: Ketitiké wong mau saka panggawéné. Apa ana thethukulan eri ngetokaké woh anggur lan apa ana rerungkudan ngetokaké woh anjir ( ara) ? Wit sing waras ngetokaké woh sing becik, lan wit sing geringen ngetokaké woh ala. Sing sapa ngudi bakal ngundhuh lan nemu bukti. Sing sapa bakal nguji mbuktékaké kaagungan, kaluhuran lan kasucèning Sang Yésus luwih prayoga kanthi nglakoni, yaiku naliti lan banjur precaya pangandikané Gusti. Mengkono luwih migunani, katimbang amung ngrongokaké carita. Yén amung nggatekaké gunem lan kritik utawa pamaidoné para sing nggethingi Panjenengané., ora ana guna paedahé. Luwih becik ngrasuk lan nglakoni ing pangandika.

Nalika Gusti Kristus kang nyatané miskin, medhar piwulang ing tanah Galiléa, para pemimpining agama Yahudi nyekel Gusti Kristus banjur kaladèkaké marang sang gubernur kejem, Pilatus.

Supaya Yésus Kristus diadili lan diukum salib. Sang Pilatus naliti kanthi pitakonan werna werna, lan pungkasané netepaké manawa Gusti Kristus ora tinemu luput, sarta diumumaké marang wong wong sing ndakwa.

Lukas 23: 4 ngendika: “Yen manut aku, wong iki ora salah apa-apa.”Nanging para pemimpin Yahudi ndheseg supaya Panjenengané diukum salib. Mulané Pilatus naliti lan mriksa manèh marang Sang Kristus. Marang para imam lan pemimpin sarta rakyat Yahudi , Pilatus paseksi mengkéné:

“Kowé kabèh padha ngladèkaké wong iki marang aku, lan kowé kandha yèn wong kuwi guru nyasaraké wong akèh. Wong kuwi wis tak priksa ana ngarepanmu nanging mungguh ing aku, ora ana kaluputan kaya panggugatmu. Semono uga Sang Prabu Herodès, nyatané panjenengan ngirim wong kuwi mréné menèh. Wong iki ora nglakoni apa apa sing pantes nampa ukum pati.” (Lukas 23: l3-l5)

Garwané Sang Gubernur Pilatus nampa pangimpèn, menawa Gusti Kristus ora nglakoni kaluputan. Mulané panyuwuné marang ingkang kakung, aja nandukaké paukuman apa-apa marang Gusti Yésus. ( Matius 27: l9 ) Gubernur Pilatus nganti rambah kaping telu mratelakaké marang wong kabèh: “Wong iki salahé apa? Aku ora nemokaké kaluputané. Ora ana luputé sing banjur pantes nampa ukum pati.” Akhiré, amarga pandhesegé wong akèh mau, Pilatus masrahaké Sang Kristus marang wong Yahudi yèn pancèn arep diukum pati. Ewasemono, Pilatus isih ngudi golèk resiking ati, kanthi wijik tangan, sarta ngucap: “ Aku ora duwé salah karo wong iki, iki urusan lan tanggung jawabmu kabèh.” ( Matius: 27: 24).

Wigati banget déné katetepan bab anggoné Sang Kristus “ora luput “ iku dadi putusané Gubernur Pilatus lan garwa, ing akhir sugengé Gusti Yesus ing donya iki. Iki sing sejatine kudu kita sinaoni lan dadi kawigatèn. Sabanjuré jagad iki ngakoni menawa Gusti Yesus ora kadunungan kaluputan lan dosa. Wong Yahudi ngakoni, wong Muslim ngakoni, wong kafir – kaum atheis – ngakoni uga,yèn Gusti Yésus Kristus kuwi suci tanpa dosa, ora ana kaluputan lan kanisthan ing sugengé Gusti. Penganggep lan panemuning donya iki werna werna bab Gusti Yésus, tur menèh béda-béda. Banjur katerangan sing bisa ditampa nalar, kepriyé? Kepriyé anggon kita nyalarasaké penemu sing béda-béda, gegandhèngan karo bab kasucèn sarta tulus lan kajujurané Sang Kristus. Sambung rapeté karo bab ing ngisor iki kepriyé ?

  1. Paseksi lan pangandikané Gusti piyambak bab dhiri pribadiné Gusti.

  2. Lampah sarta pakaryané Gusti.

  3. Gunem lan sikep tumindak jagad marang Panjenengané.

Saben wong sarujuk lamun ana wong sing rumongsa bisa, nanging yen paseksiné ora nyata iku goroh, dadi kaangkuhan lan mujudaké bodhoné. Nanging kanthi énak baé blak-blakan kanthi ati wangkot. Tékad kang kaya mengkono iku, sanyatané ora pantes disandhang yèn duwé niyat sowan lan ngener marang Gusti Kristus. Amarga Gusti Yésus ora kaya mengkono iku. Gusti Yésus lembah manah lan andhap asor.

Nulad marang Sang Guru, para murid, para nabi jaman semana, merga uripé saya asipat rohani, wataké saya andhap asor. Padha ngakoni anggoné ringkih lan sugih dosa. Andhap asoring urip, kuwi berkah kang gedhé pengajiné. Wani ngakoni kaluputan, krasa lan rumangsa nistha kuwi dadi sih rahmat, iku wigati banget. Tata susila njalari mekaring bebudèn lan tajeming rasa, banjur ngerti sing bener lan sing luput. Contoné: Wong sing uripé mblasar ora tatanan, nganggo pranatan alasan, atiné kepénak baé merga ora krasa yèn klèru lan ora rumangsa luput. Uripé ora mreduli liyan, ora wanuh apura ingapura. Ing kitab Injil tinulis bab wataké para nabi anggoné sujud manembah lan ndedonga marang Allah kanthi urmat lan andhap asor. Amarga uripé wis mekar dadi sipat rohani. Kaya ta: Nabi Musa, nabi Danièl, rasul Pétrus, Paulus padha nduweni watak andhap asor.

Urip kang wus mekar sipat rohani ora ana sing rumangsa yèn uripé sampurna. Ana kang luwih sampurna manèh yaiku Sang Kristus.

Panjenengané Sang Maha Sampurna. Satemené, saben umat kudu ngerti ngerti lan kudu wanuh sapa sejatiné Gusti Yésus iku? Ora kena lali, yèn sing awèh paseksi bab kasampurnané Sang Kristus iku – para murid – kang tansah bebarengan karo Gusti Yésus rina lan wengi sajroning telung taun ora tau pisah tansah cecaketan lan rumaket karo Gustiné sarta rumaket supeket banget. Wong-wong iku ora nduweni watak dadi tukang nutup-nutupi barang luput lan sawernaning kegagalan. Uga ora duwé watak meneng anteng yen nyipati prekara kang élok wigati.

Saliyané ngalembana sarta memuji kaluhurané Gusti Kristus, para murid malah kanthi andhap asor ngakoni karingkihané dhéwé lan ngaku sakèhing kaluputané. Kuwi dadi bukti menawa anggoné nyaritakaké lan awèh paseksi bab kasampurnané Gusti Yésus Kristus, dadi sumber pawarta kang kena dipercaya.

Ngéram- éramaké, menawa Kekristenan mekar ngrembaka warata sajagad raya, sanajan katempuh ing panglawan manéka warna. Wiwit biyèn nganti saiki Kekristenan tansah nampa panantang kang kerep banget nglarani ati, nanging malah saya mekar sumebar ngrembaka. Para panglawan tansah gawé réka daya ngalang-alangi, nindhes lan sumedya numpes Kekristenan. Nanging nyatané tetep saya subur . Kaya jamané raja Herodes ing Yérusalèm nalika matèni para bayi, lan rékadaya liyané akèh manèh. Mungsuh mungsuhe Kekristenan kanthi ancas siji, yakuwi nedya numpes kekristenan kaya raja Herodes. Ora tau mandheg anggone nglawan marang Gréja lan piwulangé.

Sapa sing nyinau sejarah bakal ngerti. menawa rékadaya nglawan kekristenan wis wiwit jaman para rasul biyèn. Pancèn sejarah nyatet yèn tau mandheg kaya keturon, nanging banjur ana sing nggugah lan ngélingaké, mula banjur tangi, lan nglawan manèh. Mengkono saka jaman ganti jaman, generasi tumimbal marang generasi turuné Sapérangan gedhé panglawan lan kritik kasebut, wujudé dadi pamoyok, ngécé lan ngrèmèhaké marang Kekristenan.

Sanyatané gawé tatuning ati kamanungsan. Pancèn, Kekristenan kauji. Para panglawan sok sesumbar, menawa wis kasil nglebur luluh, pangucapé: “ Kekristenan mung kari ngentèni musnané. Piwulangé wis ora payu, Kitab Suci Injil wis ora ana maneh sing nampa”. Nanging sanyatané Kekristenan wis lulus ngadhepi ujian ujian kuwi. Piwulangé Injil bab Gusti Kristus saya jembar kukuh, bakuh lan saya teguh .

Pandonga Gusti isi piwulang lan tuladha: “ Gesang sejatos inggih menika manawi tiyang wanuh dhateng Paduka, Allah ingkang sejatos ingkang mboten wonten tunggilipun, sarta tepang kaliyan Yésus Kristus utusan Paduka. (Yoh 17:3).

Raul Paulus paseksi mangkéné: “… kabèh prakara saiki tak anggep mitunani yèn katandhing karo sing luwih aji, yakuwi kawruh bab Sang Kristus Yèsus, Gustiku. Merga demi Sang Kristus kabèh prekara tak buwang, lan kabèh mau tak anggep uwuh, supaya aku bisa nampa Sang Kristus.” (Filipi 3:8). Ana tulisan paseksi kang éndah ing Injil Yokanan, pangandikané: “Anané tinulis ing Kitab Suci iki, supaya kowé padha precaya yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, Putraning Allah. Lan saka precayamu kuwi, kowé padha urip saka panguwasané” (Yoh 20: 31).

Yèn maujud saiba éndahé, menawa saben uwong sowan Gusti Kristus Sang Juru Wilujeng kang élok lan ngéram éramake. Allah sejati, ngrasuk sarira insani kang suci tanpa dosa. Sapa kang nduwèni Sang Juru Wilujeng, ditanggung antuk urip langgeng. Nerangaké bab Gusti Yésus Rasul Paulus nyerat ing serat Filipi:

“ Mulané Panjenengané wis diluhuraké déning Gusti Allah ana ing papan kang dhuwur dhéwé, lan diparingi panguwasa sing ngungkuli sakèhing panguwasa. Supaya sakèhing titah sing ana swarga lan ing bumi padha sujud. Lan ngakoni yen Yèsus Kristus iku Gusti, lan srana cara mengkono Gusti Allah, Sang Rama kaluhuraké. ( Filipi 2: 9-ll ).

SUMBER-SUMBER BAB RIWAYATÉ GUSTI KRISTUS

Ana sumber papat sing sing bisa dadi landhesan bener lan nyata dadi paugeran, kanyatan ngenani sugengé Gusti Kristus. Riwayat kang bener lan nyata bab Gusti Kristus, tinulis ing sajroning Injil, sing ditulis déning Matéus, Markus, Lukas lan Yohanes. Tembung Injil asalé saka basa Gerika ( basa Yunani) , ing basa Arab: INJIL. Tembung Injil duwé teges “kabar kabungahan.” Uga nduwèni makna kabar becik bab keslametan déning Sang Kristus. Injil uga ngemu teges isining piwulang piwulang kang ngolèhaké keslametan. Injil uga nyaritakake bab sugenge Gusti Kristus sing dadi sumbering kaslametan. Gusti Yésus iku wujuding keslametan mau.

Kabar Kabungahan iku, ing kawitané ora wujud kitab, nanging ya wujud kabar kang sumebar. Lan maujud ing gumelaré kuwi. Maujud merga pancèn “kagelar.” Sadurungé ana Injil tinulis, ana Injil lisan kang diwulangaké déning para rasul lan para muridé Gusti Kristus kang wus mencar sumebar warata ing laladan laladan bawahané karajan Roma. Gusti Yésus piyambak ora nyerat riwayat ing Injil. Panjenengané uga ora paring dhawuh marang para murid supaya nulis. Pratélan lan tumuruning wahyu ing kekristenan, ora nduwèni teges harafiah “wujud buku”, pinaringaké wujud kitab marang para murid. Ora mengkono. Nanging, wahyu lan pratélan suci maujud ing pribadi kang gesang, yaiku sugengé Gusti Yésus piyambak.

Rasul Paulus, rasulé Gusti Kristus ngandharaké menawa ing jaman biyèn Gusti Allah paring “dhawuh pangandika” lumantar para leluhur, sarta kanthi kawicaksanan werna werna paring sabda lumantar para Nabi, nanging ing jaman wekasan iki Gusti Allah paring sabda pangandika marang kita kabèh lumantar ingkang Putra, sing sejatiné ingkang Putra mau Sang Sabda (Firman, Kalimatullah Ibrani 1: 1,2).

Rasul Yokanan nulis ing kawitaning layangé, menawa para rasul ngabaraké pawarta marang jagad iki bab samubarang kang wis dirungu, kang wis disipati lan samubarang kang wis dirasakaké lan dialami (1 Yohanes 1: l). Kabar kabungahan kang ginelar ing jagad mau, kabar utawa pawarta bab pengarep-arep lan keslametan.

Para pengareping kekristenan ngrasakaké yèn ana sawenehing kaperluwan kang banget dibutuhaké tumrap masarakat Kristen, yaiku riwayat lan carita lelakoné Gusti Kristus kang kena diugemi lan dadi paugeran kang pinitaya, sing ora owah gingsir ora suda lan ora diwuwuhi, sarta isining carita lan sejarahé kena dipercaya. Ing bab mujudaké kabutuhan kang perlu iki, para rasul ora kena mingkuh, lan kudu ngayati nyatet pengalaman pengalamané kabèh. Amarga para rasul dadi “seksi urip “ lan nyeksèni sarta wis ngalami dhéwé nampa kabar kabungahan saka Gusti Kristus, sadurungé kawartakaké marang wong liya. Nah, kanthi mengkono para abdi kang pinilih sarta kailhaman déning Sang Roh Suci, banjur nyathet lan nulis lelakon sarta riwayat bab kabar kabungahan sing diarani Injil iku. Kang saiki dadi duwèké para umat kang ingaran ALKITAB (KITAB SUCI).

Mung ana kabar becik utawa kabar kabungahan siji. Mung ana Injil siji. Yaiku Injil utawa kabar kabungahan kang maujud utawa cinitra ing sugengé Gusti Yésus Kristus. Injil iku pinaringaké marang kita kabéh. Tembung Injil tinulis ing Alkitab kanthi pangertèn tunggal. Pancèn Injil mung siji. Senajan, wujuding carita lumantar babon papat ( patang Injil), éwosemono kabéh lelakoné rujuk, salaras lan cocok. Bab isiné, padha. Pathi sari sarta uwosing pawartané, padha. Isining piwulang lan maknané sing utama, padha. Dadiné, sing nyathet lan nulis ngriwayataké ana abdi pinilih papat, yaiku: Matéus, Markus, Lukas lan Yokanan (=Yohanes = Yahya ), nanging isi lan pokoking carita padha, rujuk lan salaras.

Matéus lan Yokanan, kalebu panunggalané murid rolas siswané Gusti Yésus. Markus iku muridé rasul Pétrus. Déné Lukas kuwi muridé rasul Paulus. Markus lan Lukas nulis riwayaté Gusti Kristus kanthi parampara ( bimbingan) Petrus lan Paulus.

Riwayat Injil kang tinulis, dening Matéus katujokaké marang bangsané dhéwé, bangsa Yahudi. Mateus nggatèkaké banget pameca-pameca kang ana ing kitab suci wasiat lawas ( Injil Prajanjian Lawas) sarta nandhesaké menawa pameca-pameca mau wis maujud lan kaujudan ana ing sugengé Gusti Yésus Kristus.

Markus, nulis riwayat Injil katujokaké marang wong wong sing gegayutan karo bangsa lan karajan Romawi. Pawartané ngutamakaké bab panguwaos lan kaagungané Gusti Kristus, mula narik kawigatèné bangsa Romawi.

Lukas, nulis riwayat Injil katujokaké marang para wong sing kalebu darah Yunani ( Gerika ), panulisé ngutamakaké bab: kekarepan lan ati. Amarga saka kekarepan lan ati , kawitaning pambanguning urip, sarta ya ana ing kekarepan lan ati iki Allah mratélakaké sih katresnan. Injil kang katulis déning Lukas diarani uga “ Injiling Sih Rahmat.” Injil Lukas ditulis nalika piwulang Kristen wis warata sumebar ing ngendi-endi. Sing dadi ancas tujuwan panulisé, Lukas kepéngin nerangaké bab wewaton wewaton kekristenan supaya para wong Kristen ngerti paugeran, sarta kanggo ngadhepi penemu penemu kang ora salaras karo Injil lan mènèhi wangsulan katrangan kang wijang. Amarga wis krasa anané piwulang lan panemu kang nalisir saka maknaning Injil kang sejati, kang nyusup lan mblentongi piwulang Kristen.

Kabar Kabungahan Miturut Matéus

“ Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus, thedhaké Sang Prabu Dawud, thedhaké Rama Abraham.” (Matéus 1: 1)

Matéus, kalebu panunggalanémurid rolas. Anggoné nulis Injil katujokaké marang bangsané, yaiku bangsa Yahudi. Sugengé Gusti Kristus rawuh ing ndonya, ana sambung rapeté karo sejarah lan pamecané para nabi jaman kuna. Gusti Yésus iku dadi ganep lan wujuding sakabèhing weca lan prasetyaning Allah. Mulané Matéus nulis Injilé kanthi methik sabda pangandika kang ana ing kitab Prejanjian Lawas isi wecaning para nabi.

Rawuhé Gusti mujudaké kabèh mau, Matéus nulis bab miyosé Gusti Yésus Kristus, putra Sang Prabu Dawud, putrané Rama Abraham. Gusti Yésus dadi wujuding sadhéngah bebener. Dadiné, Gusti Kristus iku, Sabdaning Allah. Mujudaké apa karsaning Allah kang kamot ana ing kitabé Nabi Musa lan kitabé para Nabi liyané ing jaman kuna. Gusti Allah paring prejanji marang Rama Abraham lan turuné, tinulis ing kitab Prejanjian Lawas. Matéus methik pangandika pangandika lan prasetya mau nganti pitung puluh lima ayat, kang tinulis ing wasiat lawas sarta nerangaké menawa rawuhé Gusti Yésus dadi wujuding kayektèn, tegesé, sakabèhing prasetya lan karsaning Allah kang lumantar para nabi jaman kuna, jangkepé lan wujuding sampurnané,ana ing rawuhé Gusti Yésus.

Panjenengané Gusti Yésus, maringi wewaton lan paugeran bab kratoning Suwarga. Pikiran lan penemuné wong Yahudi sing klèru, dibeneraké kanthi piwulang. Wong Yahudi precaya banget menawa rawuhé Sang Mesih, yaiku Sang Kristus, bakal ngasta panguwaos kanthi ngedegaké kraton kang kutha karajané ing Yérusalèm.

Kabar Kabungahan Miturut Markus.

“Iki wiwitané Injilé Gusti Yésus Kristus, Putraning Allah.” ( Markus 1:1)

Markus, ora kalebu ing golonganing murid rolas. Jenengé ora kocap ing Injil cacah papat. Jeneng Markus iku manut basa Yunani Romawi. Yèn ing basa Ibrani karan Yokanan. Dikenal dening wong akèh sawisé sawetara taun sawisé Gusti mikrad menyang swarga. Ingkang ibuné asma Maryam , kalebu wong precaya ( Para Rasul l2: l2). Markus kuwi ponakané Barnabas, merga ibuné seduluré Barnabas. Barnabas iku wong Lèwi asal saka pulo Siprus sing kotbah kotbahé becik lan narik ati.

Rasul Pétrus yèn ngarani Markus “anakku”, ( 1 Petrus 5: l3) Iku ateges anggoné Markus dadi Kristen saka panuntuné Rasul Pétrus. Pratélané para sesepuh Kristen kawitan ngakoni lan sarujuk ing penemu, menawa Injil kang ditulis Markus, olèh tuntunan uga saka Rasul Pétrus. Mulané, Pétrus dhéwé ora nulis Injil kang tinengeran ing jenengé Pétrus dhéwé, amarga wis dadi paramparané Markus.

Kawitaning Injil Markus kawiwitan ing ukara: “ Iki wiwitane Injilé Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.” Iki nelakake menawa carita lan riwayaté Gusti Kristus iku INJIL, yaiku “ kabar kabungahan” kang manunggalaké asma tetelu. Ana ing tulisan pambuka sinebut: YESUS – KRISTUS - PUTRANING ALLAH. Asma tetelu kang manunggil kuwi, katrangaké mengkéné:

YESUS, Sang Mésias, Sang Kristus, tumuruning asma iki lumantar malaekat Gabriel. Tegesé: JURU WILUJENG. Sadurunge miyos, malaékat ngabaraké bab asma iki marang Maryam (Maria) lan nerangaké maknané: “ ….dheweké bakal mbabar putra kakung, lan bakal kok jenengaké Yesus, amarga Panjenengané bakal milujengaké umat saka dosa dosané.” ( Matéus 1: 2l). Keslametan kuwi, karahayon kang langgeng.

KRISTUS, Gusti Yésus iku sinebat Putraning Sang Prabu Dawud, mula sinebut Kristus. Ya mangkono prasetyaning Allah jaman Adam. Gusti Allah misudha Gusti Yésus minangka: nabi, imam lan raja. Panjenengané rawuh ing jagad raya iki, dadi wujuding prasetya, ngganepi prejanjining Allah , lan dadi ganep tinemu maujudé wecaning para nabi jaman kuna, kang wis diluntakaké marang anak turuné para leluhur.

PUTRANING ALLAH, asma iki peparingé Allah kang dipratélakaké dening malaékat marang ibu Maria (Maryam). Jejuluk Rajani iki ora saka umat manungsa, nanging saka Allah. Malaékat nerangaké, yen Panjenengané dadi Putraning Kang Maha Luhur. Gusti Allah bakal njumenengaké Panjenengané dadi raja, kaya leluhur Dawud uga raja. (Lukas 1: 32). Nalika ibu Maria nyuwun mantebing ati, amarga pawarta kang tinampa kaya ora klebu nalar. Gabriel nandhesaké sepisan maneh bab dhawuhing Allah mau.

Ora ana kabar utawa pawarta ing jagad iki kang kena diarani Injil, saliyane bab carita RAWUHE SANG KRISTUS YESUS. Iya Panjenengane kuwi wujuding KABAR KABUNGAHAN. Mulane ora mokal menawa nabi Yesaya sing sugenge wetara pitung atus taun sadurungé Sang Kristus miyos, wis meca bab Panjenengané:

“Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsung; Ingsung kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepase para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjaran marang wong kang padha kaukum, ngundhangake taun sih rahmate Sang Yehuwah lan dina tumibane piwalesing Allah kita, nglipur sakehing wong kang nandhang susah. ( Yesaya 6l: 1,2).

Mula saka iku pancen ora nggumunaké, nalika malaékat paring kabar marang para pangon ing sacedhake kutha Betlehem martakake: “ Aja padha wedi, lan kowe padha dak wartani kabungahan gedhé, kang bakal tumrah marang sabangsa kabeh; Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthané Dawud. ( Lukas 2: l0, ll). Pambuka cekak ing Injil Markus iki, dadi ringkesaning kabar kang perlu kita pahami bab Gusti Yésus Kristus.

Nyawaku ngluhuraké Pangéran lan atiku bungah marga saka Allah Juruslametku. ( Lukas 1: 46-47)

Kabar Kabungahan Miturut Lukas.

“ Sampun kathah tiyang ingkang sami ndhapuk cariyos bab lelampahan -lelampahan ingkang dumados wonten ing kalangan kita, kados déné ingkang sami kita tampéni saking tiyang tiyang, ingkang wiwit sekawit sami nyumerepi piyambak lan sami dados paladosing Pangandika. Awit saking punika, sasampunipun kulanitipriksa sadaya kadadosan wau wiwit wiwitanipun kanthi saèstu, kakencenganing manah kula, lajeng kula dadosaken buku ingkang isinipun tumata saha ingkang lajeng kula aturaken ingngarsa panjenengan punika, dhuh, Sang Thèofilus, ing pangangkah supados panjenengan saged nguningani, bilih sadaya ingkang sampun kawulangaken dhateng panjenengan menika saestu leres.” (Lukas 1: l-4).

LUKAS, uga kaya Markus, jenengé ora kapacak ing Injil cacah papat. Ana ing buku kang katulis dening Lukas kang kaping pindho, buku Para Rasul, ana sisik melik sethithik bab lelakoné. Lukas tau ngancani Rasul Paulus nalika lelungan anggelar Injil.

Ana katrangan uga ing Kolose 4: l4, menawa Lukas iku sawijining tabib utawa dokter. Lukas kalebu wong sing pinter lan intelekt, kanyatan basa Yunani ( Gerika) ing tulisané, basa sing becik banget.

Bebuka kang ditulis Lukas, awujud reringkesaning pawarta, kanggo mitrané sing jeneng Theofilus kalebu wong percaya marang Gusti Kristus, kanthi ancas supaya bisa nguwataké imané Theofilus kang isih anyaran anggoné ndhérék Gusti.

Lukas ngyakinaké Theofilus, menawa wis nganakaké pasinaon, panaliti kanthi jangkep. Tembungé: Supados panjenengan saged nguningani, bilih sadaya ingkang sampun kawulangaken dhateng panjenengan menika saéstu leres. ( Lukas 1: 4).

Kabar Kabingahan Miturut Yokanan.

“ Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, déné Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. Wiwitané Panjenengané iku nunggil karo Gusti Allah. Samubarang kabèh dumadiné déning Sang Sabda. Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhang. (Yokanan l: 1-4).

Panggelar Injil kang kaping pat yaiku Rasul Yokanan. Ing kawitane muride nabi Yokanan Pambaptis. Yokanan salah sijiné saka murid loro kang kawitan dadi muridé Gusti Yésus. Yokanan iki murid kang oleh julukan “ sekabat kang dikasihi dening Gusti Yesus “ ( Yokanan l3: 23). Senajan Yokanan iku kalebu nelayan, tukang golèk iwak ing segara, nanging ora kapétung miskin. Amarga bapaké Yokanan, aran Zebedéus, duwé kapal nelayan akèh, duwé pegawé akèh sing taberi lan mugen nyambut gawé . Ingkang ibuné Yokanan, uga ndhèrèk Gusti, mbiyantu para murid ing bot répoting kabutuhan dhuwit. Gusti Yésus remen penggalihé kagungan murid Yokanan. Dhéwéké tansah cedhak karo Sang Guru, malah nalika bujana pungkasan, tansah suméndhé caket Gusti Yésus ( Yokanan l3: 23). Sadurungé Gusti Yésus séda, masrahaké ibu Maria ( Maryam ) ingkang ibu marang Yokanan supaya direngkuh dadi ibuné lan kulawargané. ( Yokanan: 19: 27). Pathi sarining Injil kang ditulis déning Yokanan, njalari kekuwataning pracaya, mentes banget isi bab sih katresnan lan kabecikan.

Sawisé injil Matéus, Markus lan Lukas ana, luwih saka rong puluh taun Yokanan lagi miwiti nulis Injil. Ing keyakinané wong precaya sing ndhèrèk Gusti, bab rawuhé Gusti Yésus nyarira manungsa wis katanem jero dadi keyakinan iman. Ora was sumelang yen iman bakal nglokro lan miyar miyur. Ewosemono, ana uga pawarta kang mulangaké menawa Kristus Yésus mung manungsa lumrah. Supaya wong Kristen duwé paugeran sing bakuh, bisa nggelar katrangan marang saben wong. Lan kuwi kabèh jumedhul amarga saka dayaning kefanatikan agama. Malah ana sing nyélaki, ora ngakoni bab Ka-Allahane Gusti Kristus. Mula saka iku anggoné martakaké Injilé, Yokanan nandhesaké lan ngantebaké bab Ka-Allahané Gusti Kristus. Yokanan kepéngin banget nglencengaké, gawé korèksi marang pikiran lan panemu sing klèru kang wis wiwit nggremet nlesep lumebu ing tengahing pasamuwan. Ukara kawitan ing Injil Yokanan dadi sawijining pathi sari pangandikaning Injil kang wigati lan éndah banget. Ukara kang rumesep ing nurani lan kondhang banget, katanem jero bakuh ing atiné saben insan kang ngrasuk agama apa baé.

Ing kitab Purwaning Dumadi l:l ngendika: “ Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaké langit lan bumi ,” nanging rasul Yokanan nyerat Injil, ukara kawitan ngluwihi kuwi mau. Ing awal Injil Yokanan sinerat: “ Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, déné Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. Wiwitané Panjenengané iku nunggil karo Gusti Allah. Samubarang kabéh dumadiné déning Sang Sabda, lan sabarang kang dumadi ora ana sawiji wijia kang ora didadèkaké déning Sang Sabda (Yokanan 1: 1-3).

SARASILAHÉ GUSTI KRISTUS

Para maos kang tliti bakal mrangguli cathetan sarasilahé Gusti Yésus kang ditulis Matéus lan kang ditulis Lukas, ana bedané. Cathetan sarasilahé Gusti Kristus ora katulis ing Injil Yokanan, amarga Yokanan ngutamakake nulis “asal usul kang langgeng” bab Gusti Kristus. Senajan béda ing antarané sarasilah cathetané Matéus lan Lukas, nanging sanyatané ora kosok balèn. Mulanè bakal kita sinau bebarengan.

Sarasilahé Gusti Yésus miturut Yohanès.

Yokanan (Yohanes) mratélakaké asma lan kalenggahan anyar kagem Gusti Kristus. Panjenengané iku SANG SABDA, yaiku Sang Firman. Pancèn cocok banget, amarga “pangandika” iku citraning “kang ngendika.” Tegesé, anggoné Gusti Kristus ngagem badan kadagingan iku, dadi pangejawantahé Gusti Allah kang ora katon, nanging maha mirsa. Dadiné, pangandika lan kang linampahan dening Gusti Kristus iku, babaring sipat Ilahi, kayata: Panguwasa, hikmat / kawicaksanan, kabecikan lan kasucèn. Mula pancèn pas lan cocok banget yèn salah sawijining asma kalenggahané Gusti Kristus iku ingaran: Sang Sabda utawa Firman .

Ing pambukaning Injil Yokanan perangan akhir, ana pratélan: Gusti Allah kang ora katon ngéjawantah ana ingkang Putra ontang-anting, yaiku Sang Sabda kuwi. Panjenengané kang ana ing pangkoné Sang Rama, nyatunggil lan wanuh marang Sang Rama, manjalma dadi manungsa sejati, mratélakaké kahanané Gusti Allah lan manggon ing antara kita para manungsa. Sang Sabda wus manjalma dadi manungsa, lan kita bisa nyawang kamulyaNé, yaiku kamulyan kang pinaringaké marang Panjenengané minangka Putra Tunggal Sang Rama, kang kapenuhan ing sih rahmat lan bebener ( Yoh 1: l4).

Sarasilahé Gusti Yésus Miturut Cathetané Matéus

Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus,

tedhaké Sang Prabu Dawud,

tedhaké Rama Abraham.

Rama Abraham peputra Iskak,

Iskah peputra Yakub,

Yakub peputra Yéhuda sasedhèrèké,

Yéhuda peputra Pères lan Zérah,

Patutan saka Tamar,Pères peputra Hèrzon,

Hèrzon peputra Ram, Ram peputra Aminadab,

Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon,

Salmon peputra Boas patutan saka Rakhab,

Rakhab peputra Obèd patutan saka Rut,

Obèd peputra Isai, Isai peputra Sang Prabu Dawud,

Sang Prabu Dawud peputra Sang Prabu Soléman,

patutan saka tilas bojoné Uria,

Sang Prabu Soléman peputra Réhabéam,

Réhabéam peputra Abia,

Abia peputra Asa, Asa peputra Yosafat,

Yosafat peputra Yoram,Yoram peputra Uzia,

Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas,

Akhas peputra Hizkia, Hizkia peputra Manasyé,

Manasyé peputra Amon, Amon peputra Yosia,

Yosia peputra Yékonya sasedhèrèké,

Nalika jaman pambuwangan menyang Babil.

Sawisé pambuwangan menyang Babil,

Yékonya peputra Sealtièl, Sealtièl peputra Zèrubabel,

Zèrubabel peputra Abihud, Abihud peputra Elyakim,

Elyakim peputra Azor, Azor peputra Zadok,

Zadok peputra Akhim, Akhim peputra Eliud,

Eliud peputra Eléazar, Eleazar peputra Matan,

Matan peputra Yakub, Yakub peputra Yusuf bojoné Maryam (Maria),

Kang mbabar Gusti Yésus, kang jejuluk Sang Kristus.

Dadi gunggungé saka Rama Abraham tumeka Sang Prabu Dawud iku ana pat belas turunan, saka Sang Prabu Dawud tumeka ing jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus pat belas turunan. ( Matéus 1 : 1-17).

Matéus (Matius) iku wong Yahudi kang nyambut gawé kanggo pamaréntah Romawi dadi tukang tagih pajeg. Ing basa Ibrani, jenengé Lewi. Jenenge Basa Yunani aran Matéus, bapaké jeneng Alféus. Matéus pinter ing bab ngèlmu dagang lan pinter ngurusi prekara dhuwit, tur kalebu dadi wong sugih.

Ing pambukané nulis sarasilah ana tembung tembung: “ Iki sarasilahé Gusti Yesus Kristus, tedhaké Sang Prabu Dawud, tedhaké Rama Abraham. Rama Abraham peputra Iskak, Iskak peputra Yakub, Yakub peputra Yehuda sasedhèrèké …….”. Sabanjuré nyebut jenengé patang puluh priya lan wanita, sing pungkasan priya kang jeneng Yusuf, bojoné Maryam, kang lumantar panjenengané Gusti Yésus kang jejuluk Kristus miyos.

Pancèn, tumrap para maos kang mung maos saklébatan, daftar sarasilah iki gawé bosen. Kosokbaliné, sing maos kanthi kawicaksanan, bakal ngerti saiba wigati banget sarasilah iki. Amarga gegayutan karo penemu bab asal usulé Pribadi kang Elok, Gusti Yésus, kang wus manggon ing antara kita para manungsa. Mung sarasilahé Gusti Kristus baé, kang kataliti nganti tumeka manungsa kawitan, Adam. Ya mung sarasilahé Gusti Yésus baé sing pantes ditlusuri nganti semono, kanggo saya mimbuhi kamulyaning Ilahi, gegandhèngan karo bab keturunan para leluhur. Kang tinemuné menawa Panjenengané iku putra keturunan Sang Prabu Dawud, kang wineca menawa saka Sang Prabu Dawud iku bakal miyosé Sang Mésias.

Sarasilahé Gusti Yésus Miturut Cathetané Lukas

Nalika Gusti Yésus wiwit makarya iku kurang luwih yuswa telung puluh taun.

Lan manut pangirané wong-wong:

Panjenengane iku putrané rama Yusuf,

tedhaké Eli, tedhaké Matat, tedhaké Lewi,

tedhaké Malkhi, t edhaké Yunai, t edhaké Yusuf,

tedhaké Matica, tedhaké Amos, tedhaké Nahum,

tedhaké Hésli, tedhaké Nagai, tedhaké Maat,

tedhaké Matica, tedhaké Simei, tedhaké Yosèkh,

tedhaké Yoda, tedhaké Yohanan, tedhaké Résa,

tedhaké Zerubabel, tedhaké Sealtièl, tedhakè Nèri,

tedhaké Malkhi, tedhaké Adi, tedhaké Kosam,

tedhaké Elmadam, tedhaké Er, tedhaké Yèsua,

tedhaké Elièzer, tedhakè Yorim, tedhaké Matat, tedhaké Lèwi,

tedhakè Simèon, tedhaké Yéhuda, tedhaké Yusuf,

tedhaké Yonam, tedhaké Elyakim, tedhaké Méléa,

tedhaké Mina, tedhaké Matata, tedhaké Natan,

tedhaké Sang Prabu Dawud, tedhaké Isai,

tedhaké Obèd, tedhaké Boas, tedhaké Salmon, tedhaké Nahason,

tedhaké Abinadab, tedhaké Admin, tedhaké Arni,

tedhaké Hèzron, tedhaké Pèrès, tedhaké Yéhuda,

tedhaké Yakub, tedhaké Iskak, t edhaké Rama Abraham,

tedhaké Térah, tedhaké Nahor, tedhaké Sérug,

tedhaké Réhu, tedhaké Pèlèg, tedhaké Eber, tedhaké Salmon,

tedhaké Kénan, tedhaké Arpakhsad, tedhaké Sèm,

tedhaké Nuh, tedhaké Lamékh, tedhaké Métusalah, tedhaké Hénokh,

tedhaké Yarèd, tedhaké Mahalaleel, tedhaké Kenan,

tedhaké Enos, tedhaké Sèt, tedhaké Rama Adam,

Putraning Allah. ( Lukas 3: 23-38).

Dhaftar sarasilah miturut Lukas, krasa rada béda karo cathetané Matéus. Pancèn kena diarani rerangkèn jeneng pungkasan karo-karoné ketemu ing jeneng Yusuf, bojoné Maria (Maryam), ingkang ibuné Gusti Yésus. Karo karoné ya cocok menawa rerangkèning jeneng wiwit Rama Abraham tumeka Sang Prabu Dawud, sarta jeneng jeneng wiwit Sèaltièl lan Zérubabél gegayutan karo jaman pambuwangan menyang Babilonia. Nanging sarasilah kasebut tinata kanthi mathis satemah para pangritik ora bisa nggunem manèh. Contoné: Matéus nlusuri sarasilahé Gusti Yésus kawiwitan saka Abraham, déné Lukas nlusuri urutaning sarasilah iki nganti tekan Adam, nyata luwih adoh tekan jaman kuna.

Matéus, ngurutaké rerangkèn jeneng jeneng wiwit saka Soléman, putrané Dawud. Déné Lukas, miwiti rerangkèning jeneng jeneng kawiwitan saka jeneng Natan, putrané Sang Prabu Dawud liyané. Matéus nyebut jeneng Yusuf ( bakal bojoné Maryam) putrané Yakub, déné Lukas ngarani anaké Eli, ingkang ramané Maria. Padatan, nlusuri sarasilah ing bangsa Yahudi kuwi, kawiwitan saka salah sawijining bojoné si bapa) . Iki iya kadadéyan ing riwayaté Barzilai, kitab Ezra 2: 6. lan ing Néhémia 7: 63.

Ing Injil Matéus, rerangkén saka Dawud tumeka Yusuf luwih cendhak yén katandhing karo ing Injil Lukas. Kuwi wis cetha yen ora kabéh jeneng disebut. Iki kabuktèn saka tembung tedhaké ( = turuné,anak turuné ), lan tembung bapaké si anu., dipigunakaké ing pangertèn kang jembar. Upamané ngarani: Kristus putrané Dawud, putrané Abraham. Matéus mung nyebut rerangkén jeneng papat antarané rerangkèn saka asma Rahab nganti tumeka Dawud. Kuwi wetara 450 taun ngliwati jaman Para Hakim. Lukas ngutamakaké alur naluriah Maria (Maryam), déné Matius ngutamakaké Yusuf. Lan karo-karoné kuwi dadi sumber sing wigati banget.

Cathetan rong werna dhaftar sarasilah iku migunani banget lan nerangaké asal usulé Gusti Kristus sacara Ilahi. Matéus ora nulis yèn Yusuf sing peputra Yésus, nanging “Yusuf bojoné Maryam, kang nglairaké Yésus kang dijuluki Kristus.” Déné Lukas miwiti nulis daftar sarasilahé Gusti Kristus lan mratélakaké menawa “Manut penganggepé wong wong, Yésus iku putrané rama Yusuf.”

Yén dhaftar sarasilah loro kuwi pancèn pantes dilawan lan dikritik, para pemimpiné wong Yahudi ora bakal meneng baé, ora bakal ngetog baé saka sekawit, apa manèh sarasilah kuwi nlusuri lan naliti nganti tumeka jaman Dawud,kang dadi underaning pamecané para nabi biyèn, kang bakal mutrakaké Sang Mésias. Yèn para pemimpiné wong Yahudi meneng lan ngetog baé marang anané daftar sarasilah rong werna kuwi, ateges yèn sarasilah kuwi kena diprecaya yèn bener lan nyata.

Piwulang Kang Bisa Kapethik Saka Nyinau Sarasilah Iki

Ana kang duwé panemu kanthi anané jeneng Rut, wong Moab, mlebu ing daftar sarasilah, ateges wong miskin lan wong manca ( asing ), mèlu dadi tokoh ing dhaftar sarasilah Mesianis, kang asipat Rajani. Jeneng Rahab, mauné sundel, Tamar lan Bètsyéba kuwi uga nelakaké menawa wong kang nandhang dosa kang mratobat, bisa olèh papan ana ing daftar sarasilah kang kaurmatan iki, déné lelakon kang wus kawuri ora diéling éling manèh.

Gusti Kristus paring pangapura marang wong-wong kang nglakoni dosa sarta ngapura para umat kang mauné adoh saka kayektèn. “ Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara.” ( Matius 9: l1)

Injil ing sawutuhé nerangaké kanthi terwaca lan wijang bab pangandika kang diwartakaké déning Yokanan: “Anadéné Sang Sabda iku wus dadi daging, sarta makuwon ana ing antara kita …”. Ora ana liya sumber kang bisa diprecaya bab sejarah lan riwayaté Gusti Kristus liyané Injil, ora ana. Amarga Injil cacah papat padha salaras lan cocok panulisé bab miyosé Gusti Yésus Kristus. Mula wus samesthiné yèn Injil iku dadi sumber katrangan bab kedadéan nyata sugengé Gusti Kristus sarta sipat ka-Allahané. Ya mung Injil sing bisa nerangaké kanthi wijang, pinercaya lan bener.

Awitdéné Allah anggoné ngasihi marang jagad iki kongsi maringaké kang putra ontang-anting, supaya saben wong kang ngugemi aja nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. ( Yohanes 3: 16 ).

GABRIEL MARTAKAKÉ KABAR KABUNGAHAN MARANG ZAKHARIA

Nalika Herodès dadi ratu ing Yudéa, ana imam saka golongan Abia, asmané Zakharia. Bojoné uga keturunan nabi Harun, jenenge Elizabèt. Sakarone dadi wong ibadah kang ora cacat ana ing ngarsane Gusti Allah. Mung émané durung duwé anak. Wis padha tuwa, sarta Elizabèt gabuk. Ing sawijining dina, Zakharia éntuk giliran ngayahi wajib, saka kalangané olèh giliran dadi imam, Zakharia kudu mlebu ing Bait Suci lan ngobong kurban ukupan. Déné para umat padha ngumpul ing njaba, sembahyang. Nalika ing wanciné ngobong kurban ukupan, dumadakan ngaton ana rawuhé Sang malaékat. Jumeneng ana satengené mezbah. Zakharia rada kagèt lan katon yèn wedi. Nanging Malaékat mau ngendika: “Aja wedi Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elizabèt bojomu, bakal nglairaké anakmu lanang, iku jenengna Yokanan ( = Yohanès). Iku bakal ndadèkakè bungah lan renamu, apadéné akeh wong kang bakal bungah marga saka lairé bocah mau. Mulané mangkono awit iku bakal pinunjul ana ing ngarsané Pangéran, lan bakal ora ngombé anggur utawa liya liyané kang mendemi, sarta bakal kepenuhan ing Roh Suci, wiwit saka ing guwa garbané ibuné. Apadéné bakal njalari akéh wong Israèl padha mratobat marang Pangéran, Allahé. Tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindaké Pangéran kanthi Roh lan panguwasané Eliya, supaya bisaa mbalèkaké atiné para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadiné nyawisaké umat kang sembada tumrap ing Pangéran.” Zakharia banjur munjuk marang Malaékat mau: “ Kados pundi anggèn kawula saged mangertos, bilih bab punika saèstu badhé kalampahan? Sabab kawula sampun sepuh, saha sémah kawula sampun lungsé ing wanci.” Paring wangsulané malaékat: “ Aku iki Gabrièl sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowé, sarta nglantaraké pawarta kabungahan iki marang kowé.

Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kelakoné iku kabèh, amarga kowé ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokaké.” Kacarita wong akèh, kang padha ngentèni imam Zakharia,padha gumun, déné suwé temen anggoné ana ing Padaleman Suci. Bareng metu, ora bisa ngucap marang wong akèh iku, banjur padha mangerti yen Zakharia mentas tampa wahyu ana ing Padaleman Suci. Wasana mung awèh sasmita baé. Jalaran tetep bisu. Bareng ing dina rampunging kawajibane, Zakharia banjur mulih. Kacarita ora let suwé Elizabèt, bojoné, nuli ngandheg lan sajroning limang sasi ora tau metu metu, pangucapé: “ Ya iki pandamelé Pangeran marang aku anggoné karsa ngluwari aku saka ing kawiranganku ana ing ngareping wong.” ( Lukas 1: 5-25)

Timbulé nabi kondhang, kaya timbulé lintang. Ngerti ngerti ana. Béda karo mlethèké srengéngé, nganggo pratandha bang wétan ana trontong-trontonge. Timbulé nabi Abraham, Musa lan Dawud, tanpa pameca sadurungé. Kejaba Yokanan Pambaptis.. Nanging rawuh Sang Mesih, Sang Kristus kang sugih asma jejuluk, kalebu dijuluki asma “ Srengéngé Kayektèn,” ora gawé kagét, amarga wis kaweca sadurunge. Eloke Sang Timur wis akeh kaweca. Wanci sadurunge Sang Fajar timbul, jagad raya peteng. Pepadhang kang asal saka Kasuwargan ngetingal lan sumunar nalika jagad mbutuhaké banget marang pepadhang, nalika wong kang lakuné bener ngarep arep rawuhé

Sakèhing pameca, wajib disinaoni kanthi premati lan taliti. Nanging ing buku iki winates banget, mula mung bisa mbabar weca kang ngendikakaké menawa dina rawuhé wus cedhak banget. Wetara limang atus taun sadurungé, ora ana rawuhé malaékat ing bumi, samasa saya cedhak bakal rawuhé Sang Yesus Kristus, saya kerep malaékat tumeka ing bumi dinuta ing Pangéran. Anggoné saya kerep teka, malaékat mau mikul ayahan martakaké bab bakal rawuhé Sang Mesih, Sang Mesias, yaiku Ratuning para Ratu sarta Gustining para Gusti. Pangéran ngéjawantah wujud manungsa, demi kratoné kang ana ing bumi. Gegayutan bab kuwi, Injil ngendika: “ Nalika Panjenengané ngirid ingkang putra rawuh ing jagad, pangandikané: Kabèh para malaékat kudu nyembah sujud marang Panjenengané.”

Iki pamecané Nabi Danièl bab Gusti Kristus: “ …tumuli pinaringan panguwaos lan kaluhuran sarta panguwaosing karajan, wong wong saka sakèhing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengané. Panguwaosé iku panguwaos kang langgeng. Kang ora bakal sirna, sarta karajané iku karajan kang ora bakal rusak”. (Dan7:l4).

Mulané banget pantesé, menawa bakal rawuhé Sang Raja mau ana kang nyawisaké marga, mlaku ndhisiki ngrata dalan, sang cecalaning laku. Sadurungé rawuh wis ana kabar bab bakal rawuhé saka suwarga. Pawartané ngebaki langit kang ngungkuli sawernaning langit, para malaékat padha surak surak amarga geter sadurungé pawartos kabungahan iku dikumandhangaké ing salumahing bumi. Yaiku rawuhé Sang Kristus, amrih para turun Adam krungu bab kabar kabungahan kuwi.

Nalika imam Zakharia ngayahi leladi dadi imam ing Bait Suci ing Yerusalèm, banjur ing satengenè mesbah jumeneng malaékating Pangéran, Zakharia ora wani nyedhaki malaékat mau. Rumangsa yèn uripé akèh gawé kaluputan lan dosa, lan saka ibadah lan kasalèhanè Zakharia ngerti yen sing diadhepi iku kebak kasucèn. Mangka ing uripé krasa yèn adoh saka kasampurnan. Zakharia uga duwé pangrasa menawa rawuhé malaékating Pangéran kuwi bakal nandukaké panguwaosé Gusti Allah kanggo ngukum marang Zakharia amarga dosa-dosané. Nanging nyatané ora.

Sadurungé malaekaté Pangéran ngetingal marang Zakharia, tinulis ing Kitab Suci menawa jaman kepungkur malaekaté Pangeran ngetingal marang nabi Daniél. Yaiku limang atus taun sadurungé ngetingal marang Zakharia iku. Daniél nyaritakaké kahanané malaekat mau, mengkéné: “Sarirané kaya sesotya Tarsis sarta pasuryané kaya cahyaning kilat, paningalé kaya obor murub; astané lan sampeyané gumilap kaya tembaga ginebeg, sarta swantening pangandikané kaya gemuruhé wong akèh.”

Gusti Allah banget anggoné nggatosaké bumi lan para umat, pranyata saka keparengé ngutus malaékat Gabriél ngetingal marang Zakharia, martakaké bab enggoné Elisabèt bakal nglairaké anaké Zakharia, nglipur marang Zakharia, supaya aja wedi. Pangowaosing Gusti ngluwihi kahanané umur kang wus tuwa, Gusti kuwaos. Mujizat tumurun paring pawarta yèn panyuwuné dikabulaké déning Gusti Allah.

Gabrièl uga maringi katrangan bab jenengé bocah kang bakal lair iku, lan uga diterangaké kepriyé sabanjuré bab lelakon lan uripé bocah kuwi, bakal njalari senengé wong pirang pirang. Wiwit ana ing guwagarba bakal kapenuhan ing Roh Suci, lan bakal dadi gedhé ana ing ngarsané Allah Sang Yéhuwah. Uripé bakal sumaos kagem Gusti Allah, sajroning ngladosi Gusti Allah bakal nguwohaké kasil kang dadi kawigatosaning bumi lan suwarga. Yaiku: Nguwuh uwuh marang wong akeh, supaya mratobat. Supaya wong wong padha bali manèh ibadah marang Gusti Allah.

Ana janji lan katrangan saka malaékating Pangéran marang Zakharia tumrap anaké kang bakal lair, bocah iku ( Yokanan ) bakal dadi cucuking lampah sarta dadi perintis dalan kagem rawuhé Sang Juru Wilujeng, Sang Kristus, kaya kang wus kaprasetyakaké dening Gusti Allah marang para leluhur Israèl biyèn. Ana ing pamecané nabi jaman sadurungé, yén Eliya bakal teka ngrumiyini tindaké Pangéran, saperlu nyawisaké para wong kang bisa mangayubagya rawuhé Sang Kristus, nyawisaké dalan ambah-ambahané .

Pancèn jaman biyèn bola-bali anané pameca bab bakal lairé bayi utawa anak, nanging lagi sepisan siji sing kaya Yokanan, yen lairé kaweca bakal dadi sing ngrata dalan kang bakal kaambah sing nungka lakuné sing luwih luhur darajad lan panguwaosé katimbang Yokanan dhéwé. Tegesé kaluhurané Sang Kristus ora ana kang nandhingi lan ora ana kang ngluwihi.

Zakharia uga ngerti mujizat kang dumadi ing sugengé Rama Abraham lan Sarah, anggoné wis sepuh lagi pinaringan putra. Zakharia ora ngandel marang pawarta kang ditampa saka malaékat kang ngetingal. Ora bakal kelakon yén bojoné sing gabug kuwi bakal bisa ngandhut amarga umuré wis tuwa banget – mengkono angen-angené. Mulané ginawé bisu déning Gusti Allah sajroning sangang sasi. Nganti kabuktén nyata, apa sing wis diwartakaké déning Gabriél.

Rawuhé malaékat kang ora kanyana sadurungé, njalari Zakharia telat anggoné bali marang pasamuwan, mangka wong akéh padha ngentèni padha kepéngin nampahi berkah, sadurungé para warga mulih menyang dunungé dhéwé dhéwé. Nalika bali nemoni para sing lagi ibadah, ora mberkahi umat, jalaran ora bisa guneman. Wong akèh padha gumun, kena ngapa suwé banget anggoné mlebu ing senthong suci, lan bareng metu manèh ora bisa guneman. Ora paring berkah, nanging amung paring isyarat. Mulané wong akèh yakin menawa Zakharia mentas nampa wahyu lan weruh kaélokan.

Ngalami kadadéan kaya ngono éloké, Zakharia ora mandheg enggoné leladi ngimami pangibadah wektu iku. Ora kewetu pangresulané. Uga ora nuhoni tatakrama banjur nyuwun apura marang warga, nanging uga ora banjur mulih saperlu ngabari kedadéan élok kang dialami marang Elizabèt. Ora. Nganti rampung jangkep, Zakharia lumados dadi imam kaya pranatan kang wus katetepaké.

Iba kageté Elizabét, bojoné, bareng ngerti Zakharia dadi bisu. Luwih kaget lan saya gumun manèh nalika Zakharia nulis bab pawarta kang dialami saka Gabrièl, bab apa kang bakal dumadi dialami déning Elizabèt.

Mesthi baé, Zakharia kepéngin ngelingak bojoné, aja nganti ora precaya, kudu ngandel, supaya ora nampa ukum kaya awaké kuwi . Zakharia lan Elizabét, tansah mikir lan ngrasakaké bab pawartaning malaékat, yén anaké sing bakal lair bakal dadi cucuking lampah tumrap rawuhé Sang Mesias. Mulané tansah mikir lan ngangen-angen kapan bab kuwi bakal klakon ? Elizabèt bakal ngerti saka sanakeé dhéwé, Maryam, yèn tekan titimangsané padha ketemu ing silaturahmi.

Kalebu ing nalar, yèn umat manungsa angèl bisané nampa lan precaya bab dumadiné mujizat kang luhur, bab Sang Kristus kang ngéjawantah. Manungsa ngira yèn ora ana manèh mujizat mujizat kang tumurun. Upama kadadéan temenan apa titah manungsa gelem nampa sarta precaya ?

Pawarta saka Gabriél, bab anggoné bisu, lan bab anggoné Elizabèt wis tuwa bisa ngandhut, ya kuwi wujuding mujizat kang methukaké miyosé Sang Kristus Juru Wilujeng. Dumadiné mujizat kuwi, kanggo nulungi para umat supaya nduwènana iman lan precayaning ati. Lan yakin marang mujizat kang luwih agung, yaiku miyosé Sang Kristus saka prawan Maryam. Miyose Sang Bayi élok sarta sipat Ilahi . Sakabèhing wecaning para nabi jaman kuna lan sadhéngah lambang ritual ibadah ing jaman biyèn, wus kawujudan ana ing Sang Kristus, jangkep sampurna lan premati banget.

Dadiné, Yesus saka Nasarèt iku, Juru Wilujeng kang wiwit jaman biyèn kajanjèkaké bakal rawuh kanggo mitulungi umat, kaya kang tinulis ana ing Kitab Suci. Sapa baé kang naliti lan nyinau Torèt Yahudi piwulangé nabi Musa, bakal olèh pangertèn sarta keyakinan yèn Torèt Yahudi uga kitab kang ngilhamaké bab bakal rawuhé Juru Wilujeng Gusti Yésus Kristus, Sang Mésias. Semono uga kitabé para nabi jaman kuna, kabéh ngilhamaké bab bakal rawuhé Sang Mesih, yaiku Gusti Yésus Kristus. Rawuhé ora mung asipat manungsa lumrah, nanging manungsa sejati kang uga kagungan kalenggahan Nabi sarta Imam, lan Ratu. Panjenengané Manungsa sejati lan Allah sejati.

MARYAM NAMPA KABAR KABUNGAHAN SAKA GABRIEL

Ing sasi enem Gusti Allah utusan malaékat menyang Nazarèt, paring warta marang prawan Maryam sing lagi tunangan karo Yusuf saka kulawarga turuné Dawud. Nalika mlebu ing omahé Maryam malaékat uluk salam: “ Bagya kowé kang kinasihan, Gusti Allah tansah nganthi marang kowé.” Krungu pangandika kang kaya mengkono iku Maryam kagèt, lan nggagas, apa tegesé iku. Malaékat nuli ngendika: “Aja wedi Maryam, awit kowé olèh sih kanugrahan ana ing ngarsané Pangéran. Lah kowé bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung. Iku asmakna Yésus. Panjenengané bakal pinunjul lan bakal kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadéné Gusti Allah bakal maringi marang Panjenengané dhamparé Sang Prabu Dawud, leluhuré. Sarta Panjenengané bakal dadi Ratuning para turuné Yakub nganti salawas-lawasé, tuwin kratoné iku bakal ora ana wekasané.” Maryam banjur matur marang malaekat mau: “ Punika sagedipun kalampahan kados pundi, jalaran kawula dereng émah-émah?” Paring wangsulané malaekat: “Roh Suci bakal nedhaki kowé, sarta kuwasané Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowé, mulané Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah. Lah Elizabèt, sanakmu, kang wus tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, déné sepréné wis nem sasi, mangka wis diarani gabug. Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal. (Maryam banjur munjuk: “Sumongga, kawula punika abdinipun Pangéran, kadhatengana kadosdéné ingkang Paduka ngendikakaken.” Sawisé mengkono malaékat banjur tindak, nilar Maryam ( Lukas 1: 26 – 38 ).

Malaékat Gabrièl, ngrawuhi Zakharia, imam Galiléa sarta paring warta, menawa bojoné bakal nglairaké anak lanang, senajan wis tuwa lan dikira gabug. Zakharia iku pemimpin sing laku uripé bener, mula kajèn keringan ing satengahing bangsané.

Ana kang luwih gedhé saka imam kang wus sepuh iku bakal dirawuhi malaékat. Sapa? Apa Ratu? Apa wong sugih sing wibawa? Dudu. Nanging, ngrawuhi sawijining prawan kang miskin, nanging atiné andhap asor. Ing jaman kuwi, prawan mau urip prasaja banget, ora kaya prawan prawan liya sing bisa sukses. Jenengé ora tau disebut sebut ana ing pasrawungan. Sawijining lelakon kang dianggep mokal lan ora mungguh upama malaékat ngrawuhi. Malaékat diutus dening Gusti Allah supaya ngrawuhi prawan Maryam, martakaké menawa lumantar prawan kuwi Juru Wilujenging jagad bakal miyos, iku wis dadi karsa lan pilihané Gusti Allah.

Gusti Allah maringi martabat lan pakurmatan kang elok marang Maryam. Mula saka iku malaékat Gabrièl ngrawuhi Prawan Maryam lan paring warta: “Bagya, kowé kang kinasihan, Gusti Allah tansah nganthi marang kowé.” ( Lukas 1: 28). Lumantar kedadéyan iku Gusti Allah mratélakaké marang manungsa sajagad menawa kaluhuran lan martabat sejati ora asal saka sing nyandhang pangkat lan kalenggahan, kudu sejarahé becik, badan kang sempurna, utawa wong sing super pinter. Nanging amung saka jiwa kang tulus lan murni.

Nalika Maryam nyipati rawuhé malaékat ngrasa wedi, amarga ijèn. Malah kamitenggengen nalika jenengé disebut dening malaékat sing ngrawuhi. Gabrièl ngendikakaké menèh salamé sarta nambahi pawarta kang babar pisan ora dinyana lan ora kepikir déning Maryam. Yaiku yèn Maryam bakal ngandheg, kanthi cara kang élok sarta ajaib ngluwihi Elizabèt, sanaké. Maria bakal ngandheg saka panguwaosé Sang Roh Suci. Mangka Maria nyatané isih prawan. Putra mau ora mung bakal dadi wong luhur, nanging uga bakal kasebut Putraning Allah. Minangka anak turuné Raja Dawud, mula putra mau bakal dadi ahli waris kang luhur dhéwé, sarta dhamparing keprabon langgeng salawasé. Pancèn ora mokal lamun Maryam uga kaya prawan-prawan liyanè, uga nyimpen pengarep-arep bisaa dadi lantaran miyosé Sang Mesih, Sang Kristus.

Pranyata Maryam uga duwé tunangan nom-noman Yusuf sing ngugemi laku ibadah, tur ya anak turuné Raja Dawud. Kanugrahan sing dadi pepénginané saben prawan, pranyata malah maujud ing pribadiné, nalika Maryam isih tunangan karo Yusuf.

Sawisé malaékat paring pawarta menawa ora suwé manéh Maryam bakal ngandheg, mangka durung ningkah karo Yusuf, atiné pancén bingung lan gorèh. Mangka njaga kaurmatan lan martabat uga isih perlu. Maryam uga takon marang malaékat Gabrièl. Apa dhasaré yèn kudu precaya marang pawarta iku?

Tulus murni kasusilaning atiné, sarta anggoné andhap asor nyata dadi makuthaning urip kang antuk nugraha. Prawan Maryam, pinilih déning Gusti Allah – saka ing antarané para prawan sa bangsa kabèh, sawisé kapirsanan pantes dadi lantaran. Pinilih pinaringan pakurmatan kang mulya. Pinaringan sih rahmat, kepareng dadi Ibu sipat insani saka Putraning Allah, Yesus Kristus. Marang umat kang pinilih déning Allah, Panjenengané uga ndadèkaké pilihan sampurna, satemah ayahan wigati pantes kapasrahaké marang kang pinilih mau. Gabriel mangsuli pitakonané Maryam: “ Roh Suci bakal nedhaki kowé, sarta kuwasané Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowé mulané Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.”

Wangsulané malaèkat mengkono iku ora gampang tinampa déning nalaring manungsa. Kaya kaya ora nerangaké bab pawartané. Nanging Gabrièl nandhesaké kanthi mandhes, menawa dumadiné putra kang kinandut kuwi, sacara adi-kodrati, sacara super-natural, sawijining kadadéyan kang ora bisa dinalar. Malaékat uga nambahi katrangan, menawa bayi kang kinandhut iku: Suci. Durung tau ana manungsa diarani suci, saliyané Putra kang bakal miyos iku. Béda anggoné nanggapi pawarta ing antarané Maryam lan Zakaria, sanaké. Maryam amung nyuwun katrangan marang malaékat. Pathisariné, malaékat nerangaké menawa tumrap Gusti Allah ora ana samubarang kang mokal utawa mustahil.

Apa angèl tumrap Gusti Allah maringaké putra marang abdiné kang isih prawan kanthi tanpa kudu duwé bojo dhisik kaya salumrahé manungsa ? Mangka jagad raya ing kawitané nalika isih suwung wang wung, Gusti Allah bisa nyipta samubarang dadi ana. Kang mokal tumrap manungsa ora ana sing mustahil kagem Gusti Allah. Senajan sejatiné Maryam (Maria ) uga gorèh lan isih bingung anggoné nampa pawarta iku, éwosemono Maryam amung pasrah lan anané mung precaya, kanthi matur: “ Kawula punika abdining Pangéran.” Hikmaté nalaré Maryam, dumunung anggoné percaya lan pasrah kuwi. Kuwi pambangun-turut marang Gusti Allah. Kosok baliné, menawa pambangun turut iku tumuju marang padha padha umat manungsa, sejatiné bakal dadi kagemblungan, sarta bodho lan nisthaning urip.

Mesthiné atiné Maryam bungah banget. Amarga pengarep arep bab rawuhé Juru Slamet, kang uga dadi pengarep-arepé sabangsa kabeh énggal bakal kaujudan. Sarta dhèwèké pinilih dadi lantaran miyosé Sang Mesias, Sang Mesih rawuh ing ndonya. Ati kang bungah sukarena mesthi baé ora ana entèké. Maryam tansah bungah ing atiné. Senajan, ing ndonya iki ora tinemu kabungahan sampurna. Ing sanyatané, sing ana malah rasa gorèh, was sumelang lan wedi, kang campur adhuk karo tulusing ati.

Pancèn, Maryam uga ngrasakaké was sumelang bakal nampa kanepsoné Yusuf bakal bojoné. Bisa uga, anggoné pepacangan batal, menawa pawarta kang élok nanging angèl tinampa nalar iku konangan. Naryam mikir, carané kepriyé anggoné nyaritakaké bebener sing dialami. Sapa sing gelem precaya ?

Sejatiné, kagawa saka wataké kang becik, susila lan andhap asor, sajroning ati Maryam rumongsa menawa dhiri pribadiné ora layak nampa kanugrahan kang semono gedhéné, déné pinilih déning Allah. Malah thukul rasa khuwatir, apa pantes dadi lantaran miyosé Sang Mesias.

Mulané, bisa diyakini menawa Maryam banjur saya nggedhèkaké pasrahé marang kang Maha Kwasa, sarta nyuwun kamirahaning Allah, supaya Gusti Allah piyambak kang makarya lan paring pengayoman, nyuwun kekuwatan kanggo ngadhepi swasana anyar, sing ora bakal dialami déning wong liya.

Yusuf Dadi Bingung

Anadéné miyosé Gusti Yésus Kristus iku sejarahé mengkéné: Nalika Maryam (Maria) kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurungé tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg marga saka Roh Suci. Sarèhné Yusuf bojoné iku wong mursid, sarta ora gelem mirangaké Maryam ana ngarepé wong akèh, mula sumedya medhot pepacangané kanthi sesidheman. Nanging bareng lagi duwé gagasan mengkono iku, tumuli ana malaékaté Pangéran ngetingal jroning pangimpèn, dhawuhé: “ Hé Yusuf tedhaké Dawud, aja sumelang enggonmu ngepèk Maryam dadi bojomu, awit putra kang kabobotaké iku saka Roh Suci, sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yésus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsané saka dosané.” Bab iku enggoné kelakon supaya kayektènana apa kang kapangandikakaké déning Pangéran lumantar nabi mengkéné: “ Lah Sang kenya bakal nggarbini lan mbabar putra kakung, kang asmané bakal sinebut Emanuèl, tegesé: “Gusti Allah nunggil kalawan kita.” Yusuf satanginé turu banjur ngèstokaké kaya kang didhawuhaké déning malaékating Pangéran, Maryam dipèk bojo, nanging ora diwori turu, nganti tumekané wi s mbabar putra, kang banjur dinamakaké Yésus. ( Matéus l: l8-25).

Apa sing dadi pikirané Yusuf nalika ngerti yèn pacangané wis ngandhut? Ngertiné saka ngendi, ya ora ana sing weruh. Senajan kadadéyan kuwi anèh, nanging Yusuf mbudidaya bakal mrecaya, amarga marang Maryam, Yusuf ora mangu mangu bab tulusing atiné, merga ngerti urip lan laku jantrané Maryam seprana- sepréné.

Yusuf, sing dadi calon sisihané Maryam, kudu ngayomi lan nyasabi samubarang kang bakal njalari wirang isin, upamané kanthi medhot pepacangan karo Maryam nganti kaweruhan wong akèh. Kosok baliné, apa ora dadi mongkoking ati, déné Sang Juru Slamet miyosé lantaran kulawargané ?

Kejaba kuwi, dadi wong kang uripé ngibadah lan kanthi taliti nglakoni angger angger Torèt, semono uga paréntah-paréntah suci kang gegayutan karo martabat lan pakurmatan. Upama kudu ngukum Maryam, ya kudu nyondhongi utawa cocok karo dhawuhing angger angger saka Gusti Allah. Iba aboté rasa lan pikiré Yusuf ngadhepi kekadéyan kuwi. Nanging sawisé dilelimbang lan dipikir temenan, Yusuf ora bakal ngukum sing abot. Mulané ana katetepaning ati, amung bakal medhot pepacangané kanthi sesidheman.

Nanging nyatané, Gusti Allah ora kendel baé, mulané ngutus malaékat nalika Yusuf lagi turu. Malaékat nerangaké kanthi wijang ngenani sing kedadéyan. Mulané banjur thukul katetepaning ati, luwih becik ningkah karo Maryam katimbang medhot pepacangané. Sumelangé ati ngangen-angen yèn bakal kena wirang isin, nyatané malah ngolèhaké pakurmatan lan kabagyan gedhé tumrap Yusuf lan Maryam.

Kaya ing jaman saiki uga, para abdiné Gusti Allah kang leladi, kang kudu nanggung momotan abot merga swasana ékonomi lan lingkungan, krasa abot uga kaya mangkono. Nanging nyimpen rahmat gedhé.

Dhawuh kang wus kaparingaké marang Maryam uga dibalèni kadhawuhaké maneh marang Yusuf, yaiku menawa Putra iku lair, supaya dijenengake: Yesus. Manut tatacara, padatan si bapa kang bakal maringi jeneng marang anak kang lagi lair. Nanging Yusuf uga ngerti apa karsaning Allah bab asma kuwi. Asma Yésus, kuwi cocog lan nyondhongi karo pakaryan kang bakal diayahi, pakaryan kang istiméwa.

Asma Yesus, maknané kaya asma Yoshua; karo karoné jeneng Yahudi, ing jaman semana ateges: JURU SLAMET. Sejatiné asma kuwi asma kang isi pengaji luhur dhéwé tumrap manungsa, amarga asma iku nggambaraké pakaryan luhur suci ing antarané umat manungsa: Nylametaké umat manungsa saka dosa-dosané. Salah sawijining asma jejuluké Gusti Yésus, yaiku Tabib Agung, doktering para dokter. Amarga, Panjenengane marasaké umat manungsa saka lelara sing njalari pati langgeng, yaiku si dosa. Dosa kuwi sawijining lelara kang njalari umat manungsa nyandhang papa cintraka pati langgeng ing paukumaning naraka.

Para sepuh Yahudi mulangaké marang anak lan kulawargané menawa bakal ana rawuhé Sang Kristus, yaiku Sang Mesih (Sang Mesias). Muncul saka suku Yahuda, saka anak turuné Sang Prabu Dawud, kang bakal mbéngkas sarupaning kasengsaran kang ngrusak jagad raya, upamané: Mlarat, miskin, sawernaning lelara, nyambut gawé rekasa, kanisthaning urip lan liya-liyané.. Sang Kristus bakal ngayomi titah saka inceraning mungsuh.

Gedhéning pengarep-arep bakal rawuhé Sang Mésias iki, malah wis njalari timbulé pambrontakan kang ditindakaké déning mésias palsu. Ana sing ngaku dadi pemimpin amarga kasurung dening angen-angen, thukulé ambisi lan ati srakah. Akibaté njalari saya rekasaning sabangsa kabèh.

Katrangan saka malaékating Pangéran, nyingkiraké klèruning panemu sing kaya ngono. Mésias kang kajanjekaké, sarta pakaryané bakal luwih agung luwih luhur lan ora kaya kang dadi pengarep arepé wong akèh, béda karo pikirané umat manungsa. Sang Mesih, Sang Mésias, bakal ngganepi pamecané nabi Yésaya, menawa Sang Kristus ( Sang Mésias, Sang Mesih ) bakal miyos saka sawijining kenya kang isih prawan. Kadadéyané kineker ing daya adi-kodrati. Lan Panjenengané bakal sinebut asma IMANUEL, sing tegesé “ Gusti Allah nunggil karo kita.” ( Yésaya 7: l4).

Yusuf mbangun miturut marang dhawuhé malaékating Pangéran sarta kanthi resmi Maryam diningkah dadi bojoné. Sakaroné ora sapaturon ora nindakaké kaya wajibing wong bebojowan, ora sesambungan seksual nganti Sang Bayi miyos. Mula manut penganggepé wong akèh, Yésus iku putrané Rama Yusuf lan Maria. Kanthi patrap iku, Yusuf njaga kaurmatané dhéwé lan aji-dhirining bojo. Semono ajining dhiri kang kudu dijaga. Sang Putra sasuwéné diemong manggon ing Nasarèt uga ora dadi kembang lambé.

Iba begjané Yusuf anggoné milih jodho kenya kang kadunungan watak becik lan jiwané pinuji, sanajan ora nduwèni kasugihan bandha kadonyan luwih. Amarga uripé setya tuhu marang tuntunaning agama. Senajan uripé nyandhang prihatin sacara kadonyan, dhèwèké tetep iman, tetep precaya marang Gusti Allah, kaya ibadah sing dilakoni leluhur Abraham. Mula uripé kaétung laku bener lan mursid.

Maryam Niliki Sanaké, Elizabèt.

Nalika semana Maryam banjur énggal énggal mangkat menyang kutha ing pegunungan tanah Yéhuda. Bareng lumebu ing omahé Zakharia tumuli uluk salam marang Elizabèt. Kocapa bareng Elizabèt krungu uluk salamé Maryam, bayi kandhutané nggronjal, wasana Elizabèt banjur kapenuhan ing Roh Suci sarta kalawan sora celathu: “Kowé iku binarkahan ing antarané wong wadon kabèh, apamanèh binarkahana wohing kandhutanmu. Sapa ta aku iki, déné nganti karawuhan déning ibuné Gustiku? Amarga sanyatané, bareng uluk salammu tumama ing kupingku, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senengé. Lah rahayu kang wis precaya iku, sabab apa kang dipangandikakaké déning Pangéran marang wong iku, mesthi bakal kelakon.” (Lukas 1: 39-45).

Maryam niliki Elizabèt, kanggo mbuktèkaké apa kang wus dipangandikakaké déning malaékat enggoné Elisabèt ngandhut, sanajan wus sepuh banget. Uga kanggo mbuktèkaké kabar kabungahan sing wis ditampa dhéwé saka malaékat. Kejaba saka iku Maryam bakal asung salam marang Elizabèt, amarga enggoné ngalami kaélokan kaya kang uga ditampa déning pribadiné.

Saka Nazarèt tumekané Yéhuda, kuwi lakon limang dina. Maryam ketemu Elizabèt kang wus ngandheg limang sasi. Saiki, enggoné gabug kang njalari prihatin wis sirna. Malah saiki Elizabèt luwih kaurmatan ana ing masarakat. Nalika Maria uluk salam marang sanaké, bayi kang kinandhut nggronjal njola merga bungah. Iki dadi pratandha, yen sing uluk salam iku ibuné Sang Mesih kang wis suwé diantu-antu rawuhé ing ndonya. Nalika iku Roh Suci tumurun ing Elizabèt, pikirané dadi bening lan ilaté guneman bab kayektèn.

Sajroning roh uga dhèwèke mangsuli uluk salamè sing teka, kanthi cèples cocok kaya sing dingendikakaké dening malaékat marang dhèwèké. Uluk salamé Elizabèt marang Maryam: “ Binerkahana wohing kandhutanmu.” Elizabèt asung salam marang Maryam, amarga pancèn wus nampa kabar kabungahan saka malaékat. Nyatané Elizabèt nyalami Maryam kanthi patrap kang banget andhap asor, tembungé kaya kadayan ilham Ilahi: “Sapa ta aku iki, déneé aku karawuhan déning ibuné Gustiku?” Elizabèt ora kok ngurmati marang Maryam, nanging sejatiné ngurmati bayi kang ana ing kandhutané Maryam. Elizabét ngerti yèn kuwi bayi kang sipat Ilahi. Sawisé Elizabèt uluk salam Sang Roh Suci uga menuhi Maryam Maryam banjur ngucap mengkéné:

“Nyawaku ngluhuraké Pangéran lan atiku bungah merga saka Allah, Juru Slametku. Sabab Panjenengané wis ngudanèni asoring abdiné, lah wiwit saiki sakèhing turun bakal ngarani aku rahayu, jalaran Kang Maha Kuwasa wis nindakaké pakaryan pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmané.

Tuwin rahmaté turun -tumurun tumrap wong kang wedi-asih marang Panjenengané. Panjenengané ngetingalaké panguwaosé kalawan pakaryaning astané lan mbuyaraké wong kang angkuh atiné. Panjenengané nglorod wong wong kang kuwasa saka kalenggahané, lan ngluhuraké wong kang asor. Panjenengané nglubèraké samubarang kang becik marang wong kang kaluwèn, lan wong kang sugih padha tinundhung legèh.

Panjenengané nulungi Israèl, abdiné, awit ènget marang rahmaté, kaya kang wis kaprasetyakaké marang leluhur kita, marang Rama Abraham lan turun-turuné, kanggo ing salawas - lawasé.” Maryam enggoné ana omahé Elizabèt mau wetara telung sasi, banjur mulih (Lukas 1: 46-55).

Maryam ngidungaké kekidungan saka kitab suci kang éndah lan mulya. Kuwi nélakaké menawa Maryam nduwèni lantiping rohani peparingé Gusti Allah. Maryam ngèngetaké kita kabèh marang Miryam, seduluré wadon Musa, sing bungah memuji kekidungan nalika bangsa Israèl wis kasil nyabrang segara Suf. Prawan Maryam babar pisan ora kadunungan kaangkuhan, wataké pancèn andhap asor. Maryam krasa lan rumongsa menawa uripé asor, amung Gusti Allah baé kang pantes nampa pangalembana. Dhèwèké ngakoni menawa kaya saben wong, kabèh butuh juru slamet, lan amung Gusti Allah baeé kang pantes dadi papan pengayoman lan sumbering pitulungan kanggo kaslametané sacara pribadi. Mula saka iku, babar pisan ora bisa ngarep-arep wong liya supaya dadi juru slamet.

Pamujine Maryam: “ Jiwaku memuji marang Allah.” Iki sawijining paseksi yèn dhèwèké rumangsa ora pantes nampa rahmat Ilahi, nanging Gusti Allah milih Maryam. Sarta Gusti Allah nglenggahaké Maryam ana papan kang kinurmatan, durung tau ana sing nampa kaya iku. Lan ngakoni sing sepisanan, menawa sih rahmat wis tumapak kanthi ngéram-éramaké. Mulané pangucapé sabanjuré: “…. Amarga Panjenengané ngluhuraké abdiné kang asor …” mengkono iku dadi bukti yèn Maryam luhur budiné. Dhèwèké ora tau gawé mujizat, jenengé arang digunem uwong, sarta ora nggawé pratélan pratélan lan ora nampa pakurmatan sing mligi. Malahan, sawisé Gusti Yesus wungu saka séda, mung sithik banget caritané. Kalebu kalangan “ satus rong puluh muride Gusti Kristus “ kang ngumpul ketemu ing kamar lotèng, ndedonga.

Kita kabèh kudu nulad marang Maryam anggoné bisa nyingkur dhiri pribadi. Malah nalika lagi nampa kabungahan gedhé sarta bungah sukarena, pangucapé: “…Panjenengané iku Suci ….” Pikirané mung tansah tumuju marang Gusti Allah, rumongsa nampa kabegjan awit saka pakaryané Gusti Allah. Lan mratélakaké, menawa Gusti Allah ora emban-cindhé mban- silatan, ora mbédak-mbédakaké umaté. Samubarang kang katindakaké déning Gusti Allah, adhedhasar penggalih lan kuwasa Ilahiné, béda banget karo pikirané manungsa. Panjenengané ngluhuraké kang asor, sarta nglorot sing dhuwur menawa angkuh lan sombong. Maryam ora sarujuk karo panemuné uwong, menawa “ Gusti Allah wajib nggatosake umat manungsa,” mangka sejatiné manungsa pancén ora pantes oléh kawigatèn. Senajan Gusti Allah tansah nggatosaké uga. Gusti Allah uga karsa nampi para umat kang dianggep ora pantes. Mula pasamuwan Kristen kudu bungah lan mongkog ing ati, salaras karo pamujiné Maryam, lan kidung pamujiné Maryam iku uga kudu dadi kidung pamuji sajroning ngundhangaké Injil.

Maryam bakal mbabar putra kakung, lan iku namakna Yésus, awit iya iku kang bakal ngluwari bangsané saka ing dosané ( Mat 1: 21)

MIYOSE GUSTI KRISTUS

Nalika semana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya saindhenging karajan agung dicacahaké. Iki cacah jiwa kang kapisan kang dianakaké nalika Sang Kirénius jumeneng walinegara ing tanah Siria. Wong wong banjur padha mangkat kabèh arep ndaftaraké, sawiji-wijiné menyang ing kuthané dhéwé-dhéwé. Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka ing kutha Nazarèt tanah Galiléa menyang ing tanah Yudéa, menyang ing kuthané Sang Prabu Dawud – supaya didaftaraké bebarengan karo Maryam pacangané, kang lagi ngandheg. Bareng wis tekan kono, Maryam enggoné ngandheg wis tekan ing lèké, banjur mbabar putra kakung, kang pambajeng, nuli digendhong lan disèlèhaké ing pamakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan. (Lukas 2: 1-7).

Nalikané ngandheg Maryam manggon ing omahé kulawargané Yusuf. Nganti mèh tekan wanciné nglairaké jabang bayi isih manggon ing kuthané Nanging nabi Mikha wis paring weca (nubuat) kira kira pitung atus taun sadurungé, menawa Sang Mesih bakal miyos ing Bètlekèm, kuwi rada adoh saka Nazarèt (Mikha 5: 1,2); uga nabi Yésaya nulis: “Golèkana ana ing kitabé Sang Yéhuwah lan wacanen, makluk-makluk kuwi mau kabèh siji bae ora ana kang ora ana, ora ana kang kélangan kancané, amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuké Pangeran Yéhuwah, sarta Rohé Sang Yéhuwah piyambak kang nglempakaké iku kabéh.” (Yes 34: l6). Gusti Kristus piyambak uga ngendika: “Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan.” Alesan apa sing klebu nalar sing njalari Yusuf lan Maryam lelungan adoh saka Nazarèt menyang Bètlehèm, papan adoh lakon patang ndina nganti sepasar.Mangsané mangsa adhem tur Maryam wis wayahé nglairaké.

Gusti Allah enggoné karsa mujudaké rancangané, ora mung ngutus para malaékat nanging uga ngagem para raja. Soléman uga nyerat: “ Penggalihé ratu iku kaya ilèn-ilèn banyu ing astané Pangeran Yéhuwah, diilèkaké manut ing sakarsané piyambak. “ Gusti Allah ngagem panguwasané kaisar Roma, supaya nganakaké cacahjiwa bawahané kabéh. Kaya adat tatacara Yahudi ing Palestina, paring dhawuh supaya cacahjiwa mau ndaftar manut suku lan asal usulé dhéwé-dhéwé, kanthi ora ngétung nalika semana lagi manggon ana ngendi. Amarga Maryam lan Yusuf iku asal saka anak turun Dawud, mula kudu nadaftaraké ing Bètlehèm, kuthané Sang Prabu Dawud.

Wiyosan ing Betlehem

Wiwit jamané Sang Prabu Dawud nganti tekan jamané Gusti Kristus rawuh ing ndonya, wong Yahudi sumebar manggoné ing saben wilayah jajahané karajan Roma. Nalika cacahjiwa diadani, sapa baé kang asal saka Bètlehèm, kang pamanggoné ana laladan liya bawahan Romawi, kaya ta ing Siria, uga kudu bali menyang asal usulé.

Maria melahirkan anaknya pada malam itu dan menempatkannya dalam sebuah palungan. Betapa miskinnya mereka pada waktu itu ? Tetapi semuanya itu sesuai dengan rencana Ilahi untuk Inkarnasi yang menunjukkan betapa ajaibnya kasih yang menyebabkan Allah menjadi manusia untuk menyelamatkan orang-orang berdosa.

Mengkono uga Yusuf lan Maryam. Saka akèhé sing padha bali menyang asal usulé, nganti papan panginepan ing Bètlehèm ora nyukupi. Lan amarga Yusuf lan Maryam iku miskin, ora ana siji baé wong sing nawani supaya nginep ing omahé Apamanèh Yusuf lan Maryam tekané saka Galiléa, déné wong Yahuda, ngrèmèhaké banget karo wong Galiléa. Awit saka iku, Yusuf lan Maria mung olèh papan ngaso ing kandhang wedhus ing sacedhaké panginepan. Ing bengi nalika nginep iku, Maria mbabar putra kakung, banjur disèlèhaké ing pamakanan. Nalika iku, iba kesrakaté kahanané Yusuf lan Maryam. Nanging kabèh iku mau nyondhongi karo karsaning Gusti Allah, anggoné bakal manjalma ngrasuk sarira manungsa, pancèn élok lan gaib banget. Mengkono éloké sih katresnané Allah, anggoné kagungan karsa bakal nebus dosaning umat manungsa.

Bab cacahjiwa iku dingertèni saben wong, nanging bab miyosè Bayi Suci ing kandhang Bètlekèm, ora akèh sing ngerti. Déné ing jaman saiki, kosok baliné. Wong sajagad wis ora nggatèkaké bab cacahjiwa kuwi, malah padha lali. Nanging kang gegayutan karo cacahjiwa mau, sing dadi kawigatèn gedhé yaiku miyosé Gusti Yésus Kristus. Dudu bab kaleksanané cacahjiwa kuwi. Sajroning ngangen-angen bab “pamakanan” kang kanggo nyelehaké Sang Bayi, ana pitakonan ing sajroning ati: “ Apa bayi miskin iku pancèn ora owah gingsir nganti saiki ? Saiki, sawisé luwih saka rong ewu taun, apa isih sinembah lan diurmati kaya dhèk semana ? Apa para wong sugih, wong pinter lan wong kang kadunungan kawibawan isih padha ngurmati Sang Kristus? Ing jaman semana, wong wong padha bungah lan mongkok ing ati dadi kagungané Gusti, lan padha ngantu antu piwulang Gusti Kristus. Lan apa jaman saiki iya isih mangkono ? Gusti Yesus iku sinebut uga “ Adam kang kapindho “ – kang rawuhé ing jagad iki tanpa guru wujud manungsa. Guru kang suci. Ora ana sing mulang. Nanging wicaksana. Ora nyandhang kaluputan lan dosa.

Rawuhé bakal memangun urip iki, supaya pulih saka karusakan nalika Adam kapisan dhumawah ing kanisthan ( 1 Korinta l5: 45-49). Rawuhé Sang Kristus, sacara rohani bakal memangun generasi karohanén, Firdaus kang wis rusak dening manungsa, bakal dianyaraké manéh, bakal winangun manéh.

Para Malaekat Martakake Kabar Kabungahan Marang Para Pangon

Kacarita ing jajahan kono ana pangon pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kéwané. Dumadakan ana malaékating Pangéran jumeneng ing sacedhaké sarta padha kasorotan ing cahya kamulyaning Pangéran. Temahan padha wedi banget. Malaékat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aja padha wedi, lan kowé padha dak wartani kabungahan gedhé, kang bakal tumrah marang sabangsa kabèh: Ing dina iki wis miyos Juruslametmu, ya iku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthané Dawud. Déné kang minangka tengeran marang kowé, mangkéné: “ Kowé bakal mrangguli bayi kagédhong sumèlèh ing pamakanan.” Dumadakan banjur ana balatantra suwarga kang akèh banget cacahé, kang mbarengi malaékat mau sarta padha memuji marang Gusti Allah, sabdané:

“ Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan t entrem rahayu ana ing bumi, ing antarané manungsa kang dadi renaning penggalihé. “

Kacarita, sapengkeré para malaékat menyang ing swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkéné: “ Ayo, padha menyang ing Bètl ehèm, ndeleng apa sing kalakon ana ing kana, kaya sing wis dipangandikakaké dening Pangéran marang kita.” Banjur énggal-énggal mangkat, tumuli ketemu karo Maryam lan Yusuf apa déné Sang Jabang Bayi, kang sumèlèh ing pamakanan. Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakaké apa kang wis dipangandikakaké tumrap Sang Putra iku. Kabèh wong kang padha krungu, padha gumun marang critané pangon pangon mau. Nanging Maryam nyathtet iku mau kabèh ana ing sajroning atiné lan dirasak-rasakaké. Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhuraké Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan wis dideleng, cocog karo kang wis dipangandikakaké marang wong wong mau. ( Lukas 2: 8-20)

Wiyosé Gusti Yesus Kristus, binarung kadadéyan surgawi werna- werna, lan ing suwarga ana pakaryan agung. Ing kadadéyan iki, Gusti Allah ngutus malaékat tumurun menyang bumi sing akeh dhéwé déné ing swarga Gusti Allah pinuji ing kekidungan. Sapa ta kang nampa berkah nyawang tumuruning malaékat lan krungu pamujiné? Dudu wong sugih lan uga dudu wong pinter wicaksana, ora kaya raja Herodès lan ora kaya para Imam. Nanging, kang pinilih dening Gusti Allah para pangon kang lagi ana ing pangonan , wong miskin lan wong cilik, ibaraté para bayi kang kawudan. Bisa nyipati kamulyan, amarga enggoné ngutamakaké andhap asor sajroning uripé, nekséni sihing Gusti Allah anggoné nylametaké umat manungsa.

Ginambar ing kitab Ayub 38: 7, “ Ing nalika lintang lintang ésuk padha suka-suka bebarengan, tuwin putraning Allah padha surak surak” iki ing purwaning dumadi, nalika samubarang cinipta.

Nalika iku ora ana sing ngrungokaké pepujian kuwi. Nanging, nalika “ watu guru “ katetepaké déning Gusti Allah jumeneng Juruslamet, yaiku Putraning Allah panjalmaning Sang Langgeng , pepujian kagem Gusti Allah keprungu ing ara-ara Bètlehèm. Pepujian iku, mujudaké penyembah lan manembahé para malaékating Pangéran, keprungu déning para pangon Bètlehèm Efrata. Para pangon lagi njaga wedhusé ing Efrata ing wayah bengi. Nalika kamulyané Allah sumunar madhangi para pangon, padha wedi. Nanging para malaékat banjur ngendika:” Aja padha wedi, lan kowé padha dak wartani kabungahan gedhé, kang bakal tumrah marang sabangsa kabèh,” iki pawarta kang luwih gedhé katimbang pawarta kang wis tau ditampa dening imam Zakharia utawa Maryam. Pawarta kang ditampa déning para pangon, pawarta kang sanyatané kedadéyan sarta nekakaké berkah tumrap para kang krungu pawarta iku.

Pawarta kang tinampa para pangon pancèn padha karo kang pinaringakè déning malaékat marang Maryam lan Yusuf, nalikané malaékat nyebut bayi kang lagi miyos iku “juruslamet” . Ya kabar iku uga kang kawartakaké marang para pangon. “ Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthané Dawud.” Pawartaning malaékat nerangaké, menawa Panjenengané asal saka kuthané Sang Prabu Dawud, amarga pancèn anak turunè Sang Prabu Dawud. Panjenenganè Pangéran lan Juruslamet, yaiku Sang Mésias, kang diantu-antu, lan ora mung manungsa sawantah. Sabanjuré, malaékat uga maringi pratandha sarta titikané yèn para pangon ketemu Panjenengané, supaya gampang ngerti.

Minangka kanggo netepaké lan nguwatké pawarta kang wis binabar, sawisé malaékat paring werta, balatantra kasuwargan memuji marang Allah. Kuwajibané ora ngumumaké nanging nandhesaké kanthi pepujian. “ Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur, lan tentrem rahayu ana ing bumi, ing antarané manungsa kang dadi renaning penggalihé.” Pratélan iki padha maknané karo layangé Rasul Pulus:” Sabab kratoning Allah iku dudu bab mangan lan ngombé, nanging bab kabeneran, tentrem rahayu lan suka pirena marga déning Sang Roh Suci. ( Roma l4: l7).

Senajan akèh wong sing ngimpi-impi tumuruné malaékat, nanging amarga makhluk surgawi iku papan manggoné ora awor umat manungsa, mula sawisé tumurun uga bali menèh menyang suwarga. Para pangon banjur menyang kutha, kaya dhawuh kang tinampa saka malaèkat. Saka cahyaning mripaté para pangon, nggambaraké kajujuran sarta mulusing atiné, para pangon dadi seksi nyata bab tumuruné malaékat. Para pangon ngerti asal usulé Sang Bayi – ora mung adhedhasar samubarang kang katon.

Ora ana sing bisa malangi lakuné para pangon sowan Sang Bayi Suci, ora ana prajurit kang njaga ing samarga marga kang diliwati para pangon. Menawa Gusti Yesus miyos ing kraton, wong miskin kaya para pangon iku ora bakal olèh wêktu nyowani. Para pangon nampa berkah pakurmatan, lan banjur bisa nyeksèni nyawang kaélokan kaya dhawuhé malaékat. Para pangon nyaritakaké kang dialami, bab tumuruné malaékat marang Maria, Yusuf lan marang wong liyané Sing dicritani dadi éram. Tumrap Maryam, carita paseksiné para pangon kuwi njalari teguhing keyakinané marang kang wis dingendikakaké malaékating Pangéran bab Sang Putra iku.

Ora klèru yèn ana panemu menawa para pangon mau kalebu kalangané para suci, senajan miskin. Pancén ora nunggal ing upacara upacara ritual agamawi kang lumrahé malah dadi pepalang manembah. Bisa uga para pangon kuwi duwé kewajiban ngengon wedhus wedhus kang bakal kanggo upacara kurban ing Yérusalem, ing paladosan suci ing Bait Allah.

Mula pantes yèn ana lantiping graita, ana sesambungan kang rumaket ing antarané kasucèning wedhus kurban, karo lembah manahé sarta kasucèning bayi kang lagi miyos ing Bètlehèm, déning Yokanan Pambaptis diarani:

“ Iku Cempéning Allah.” ( Yokanan l: 29). Dening muridé Yokanan Pambaptis, yaiku Rasul Yokanan, ing kitab Wahyu 5: 6, tinulis: “Kaya Cempé kang wus kasembelèh.”

Gusti Yésus Disupiti

Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmané katetepaké Yésus, yaiku asma kang dipangandikakaké déning malaékat sadurungé Panjenengané kinandhut ing guwa garba. Nalika wis puput dinaning panucèné manut angger angger nabi Musa, Sang Timur banjur kagawa menyang Yerusalèm arep dicaosaké marang Pangéran, kaya kang katulis ing angger-anggeri: “Sakabèhing anak lanang pambarep kudu kasucèkaké kagem Gusti Allah,” lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhaké ana ing angger-anggering Pangéran, arupa manuk dheruk sajodho, utawa piyik dara loro. ( Lukas 2: 2l-24 )

Bareng ganep wolung dina yuswané Sang Timur, disupiti. Kaya katetepané Gusti Allah marang Rama Abraham, iki ngekahaké bab pratandha prasetyan tumrap umat pilihané Gusti Allah. Nalika Gusti Yésus dadi sumbering piwulang prajanjian anyar, uga netepi pranatan agama, kang tinulis ing kitab suci Preajanjian Lawas, mengkono anggoné kepareng anunggilaken sarirané karo prasetyaning Allah, manunggaling kang lawas kalawan kang anyar. Ing pribadine Gusti Yesus uga cinitra manunggiling titah kalawan kang nitahaké.

Simeon Weruh Karahayon Kang Saka Ing Allah

Ing kutha Yerusalèm ana sawijining wong jenengé Siméon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israél. Ingayoman ing Roh Suci. Iku wis pinaringan wangsit dening Sang Roh Suci, yen ora bakal mati sadurungé ndeleng Sang Kristus, yaiku kang Jinebadan déning Pangéran. Merga saka pitedahé Sang Roh Suci, Siméon menyang ing Padaleman Suci. Nalika iku Gusti Yésus, Sang Timur, dibopong mlebu déning rama ibuné, lan bakal katindakaké upacara kaya kang wus katemtokaké déning angger-anggering Toret. Simeon banjur mbopong Sang Timur kalawan memuji marang Gusti Allah, unjuké:

“ Dhuh Pangéran, sapunika Paduka marengaken kawula késah kalayan tentrem rahayu, miturut pangandika Paduka, sabab mripat kawula sampun nyumerepi karahayon peparing Paduka, ingkang sampun Paduka cawisaken wonten ing sangajenging bangsa sadaya, inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa sanès saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israèl.” Rama ibuné kaeraman banget tumrap kabèh kang kaucapaké tumrap Panjenengané mau. Siméon banjur mberkahi lan celathu marang Maryam, kang ibu: “Lah iki wis pinasthi dadi marganing tiba lan tanginé wong ing Israèl pirang-pirang, lan dadi tetengeran kang bakal nukulaké padudon – lan atimu dhéwé bakal katuwek ing pedhang – supaya kalairna pikiraning atiné wong akèh.”(Lukas 2: 25-35).

Yusuf lan Maryam nggawa Sang Bayi Kristus menyang Bait Suci Yerusalèm netepi angger-anggering Musa. Rawuhé Pangéran Allah menyang Bait Suci Allah mesthi binarung pratandha lan kaélokaning mujizat malah luwih dhisik kedadéyan. Siméon kang sinebut wong kang ingayoman ing Roh Suci tur wis yuswa iku, wis nampa wangsit lan pratélaning Allah sadurungé, menawa ora bakal mati sadurungé bisa nyawang lan weruh Sang Mesih, yaiku Sang Kristus, Juru Wilujenging jagad. Tinulis ing kitab, yèn sawijing dina atiné tinuntun ing Ros Suci kinanthi menyang Bait Allah, lan ketemu karo Yusuf, Maryam lan ketemu Kang Binerkahan, kabopong ing tangané. Kaya patrapé wong pasrah marang Allah lan matur kanthi wijang: “ Samenika Dhuh Pangéran, mugi keparenga kawula késah kanthi tentrem rahayu kados Pangandika Paduka. Amargi mripat kawula sampun nyumerepi karahayon ingkang saking Paduka….”

Mungkasi pasrah lan pandongané, Simeon paseksi manawa keslametan iki, kanggo bangsa bangsa, winedhar marang bangsa liya. Malah nalika Yusuf lan Maria isih éram lan gumun, Siméon nerangaké bab kalenggahané Sang Bayi Kristus, mula Siméon ndongakaké lan mberkahi Yusuf lan Maria, kaya déné wong tuwa marang kang luwih enom ing yuswa. Sabanjuré Simeon nerangaké bab pribadi lan pakaryaning Sang Bayi, kang kineker lan dadi wewadi, minangka Sang Juru Wilujeng Panjenengané bakal njalari tiba lan tanginé wong akeh banget. Sang Kristus bakal njalari tibaning uwong lan tangining uwong. Panjenengané uga bakal dadi inceraning panglawan ing maneka werna bab, lan uga sinerang kaniaya. Pikiran lan isi batiné wong akeh bakal konangan, pagedhonganing ati bakal kawiyak. Minangka ibuné, Maria bakal melu ngrasakaké kaprihatinan kang jero, kang kaibarataké kaya pedhang kang nunjem ing jiwané Maryam.

Paseksine Nabi Wadon, Hana

Lan ing kono iya ana nabi wadon jenengé Hana, anaké Fanuèl, saka tal er Asyer, wis tuwa banget. Sawisé omah omah banjur urip bebarengan bojoné pitung taun, lan saiki wis randha, kang umuré wolung puluh papat taun. Ora mengeng saka ing Padaleman Suci, rina wengi anggoné ngabekti kalawan pasa lan ndedonga. Nalika iku dhèwéké iya mrono lan ngunjukaké panuwun marang Gusti Allah, sarta nyaritakaké bab Sang Timur mau marang sakabèhing wong kang padha nganti-anti marang pangluwarané Yerusalèm. (Lukas 2: 36-38)

Sawisé Siméon rampung guneman, sawijining nabi wadon kang wus tuwa, Hana, maju menyang ngarepan, memuji marang Gusti Allah. Ya Hana kuwi wong wadon kang sepisanan precaya marang Sang Kristus sawisé miyos, uga dadi wanita kawitan ing antarané para wadon kang precaya lan leladi marang Gusti Kristus.

Sawisé sowan ing Bait Suci, brayat kang dumadi saka jiwa telu kuwi bali menyang Bètlehèm. Ya ing kono kuwi papan asal usulé leluhuré Wong akéh kang tumeka ing Yerusalém ing kaperluwan cacah jiwa wis padha lunga. Kanthi mangkono brayat kuwi bisa ngalih sawetara oléh papan pondhokan kang pantes dienggoni, katimbang manggon ing kandhang wedhus.

TEKANE PARA PANDHITA SAKA TANAH WETAN.

Nalika Gusti Yésus wis miyos, ana ing kutha Bètlehém ing tanah Yudéa, yaiku nalika jumenengé Sang Prabu Herodès, banjur ana pandhita pandhita saka tanah wétan, padha teka ing kutha Yerusalèm lan takon-takon: “ Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos menika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing wétan, déné anggèn kula mriki menika badhé sami sujud wonten ing ngarsanipun.” – Bareng Sang Prabu Herodès miyarsa kang mangkono iku, banget geteré, mangkono uga wong sakutha Yerusalèm kabèh. Sang Prabu banjur nimbali sakèhing para pangareping imam lan para ahli Torét bangsa Yahudi, lan padha didangu ana ngendi bakal miyosé Sang Kristus iku. Unjuké kang padha kadangu:” Wonten ing kitha Bétlehèm ing tanah Yudéa, awit ingkang sampun kaseratan déning nabi mekaten:

“ Anadéné sira, hé Bétlehèm ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarané para kang ngasta papréntahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun, Israèl.”

Sang Prabu Herodès banjur nimbali para pandhita mau dhedhemitan, padha kadangu genah-genahé wektu katoné lintangè; nuli padha didhawuhi menyang Bétlehém sarta kaweling: “ Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengané.” Para pandhita sawisé nampa pangandikané Sang Nata, banjur padha mangkat. Lah ing kono lintang kang wus dideleng ana ing wétan, iku tumuli ndhisiki lakuné tumeka ing padunungané Sang Timur lan mandheg ing sandhuwuré. Bareng weruh lintang mau padha banget bungah. Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengané. Banjur padha mbukaki pethiné raja-brana, Panjenengané disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur. Sawisé mangkono saréhning padha tampa wangsiting Pangéran ing sajroning pangimpèn, supaya aja padha bali sowan ing ngarsanè Sang Prabu Herodès, mulané mulihé menyang ing tanahé padha metu ing dalan liyané. (Matéus 2: l-l2)

Ing sejarahing manungsa ing kawitané tumitah, sétan ora seneng nyawang kasucèn lan ayem tentremé leluhur kita Adam ing Firdaus. Mulané sétan nyèrét leluhur mau dalasan saanak turuné dadi gedibalé si dosa. Sawisé miyos “Adam kang kapindho” apa sétan mung bakal meneng baé? Mangka agung kaluhurané ngluwihi lan ora paja-paja yèn kabandhing karo Adam kapisan. Iya “ Adam kapindho “ iki sing dadi mungsuhé sétan sing tinulis ing layang Yokanan: “ Sapa sing tetep tumindak dosa, iku asalé saka iblis. Awitdéné iblis iku enggoné gawé dosa wis wiwit wiwitan mula. Anggoné putraning Allah nglairaké sarira iku, iya prelu nglebur panggawéning iblis iki.” Dadiné nalika Sang Timur miyos, Sang Adam kapindho iku, mesthi iblis ora bakal meneng baé. Ing naraka dadi geter lan gorèh.

Iblis ora merlokaké duta-bala saka jagading roh kanggo nglawan Sang Timur. Amarga, jagading manungsa baé ana sing bisa dadi piranti bakal nglebur Sang Timur. Prabu Herodés kang kejem gelem dadi pirantiné si iblis. Tekané para ahli, para wong majusi yaiku para pandhita saka tanah wétan, gawé horeg ing lingkungan kraton, para wong pinter mau bisa uga asal Persia, India utawa saka tanah Arabia.

Sejatiné sing teka pira cacahé, kita kabèh ora ngerti . Nganti saiki kaanggep yèn sing teka ana wong telu, adhedhasar ana pisungsung telu uga. Para winasis duwé panemu menawa utusan telu kuwi dadi wakilé telung turunan. Turuné Sèm, Ham lan Yafèt. Ana panemu manèh yèn tekané para pandhita mau makili kaum enom, para diwasa lan makili sing wis tuwa.

Nanging sing mesthi, para pandhita saka tanah wétan mau para ahlining palintangan kang wis ngerti yén bakal ana miyosé Sang Mésias, saka wong wong Yahudi. Amarga bab bakal rawuhé Sang Kristus, Sang Mésias kuwi wis sumebar sajagad. Yèn ngono uga duwé makna, para manungsa kang durung wanuh marang Allah, padha ngarep-arep rawuhé Sang Pengayom ana ing tanah Yahudi., bakal paring pengayoman.

Tekané wong Majusi pancèn gawé horeg ing Yerusalém, amarga sing digoléki lan pitakonané bab Sang Mésias. Ing Yerusalèm, wis lumrah baé yèn ana wong neneka saka tanah manca, utawa baliné wong Yahudi kang sumebar ing jajahan Romawi (Yahudi Diaspora). Nanging tekané para pandhita saka wétan iki béda lan ngéram-éramaké.

Amarga pitakoné: “ Wonten ing pundi Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos punika? Kula sami sumerep lintangipun. Anggèn kula sami dhateng menika amargi badhé ngabekti sujud dhumateng Sang Raja ingkang nembé miyos menika.” Pitakon kang mangkono mau nukulaké rasa was sumelang lan gorèh girising atiné sing padha krungu. Wong ngerti yèn kejemé Herodès, bakal njalari thukulé kadadéan sing gaw geter, merga anané Raja kang lagi miyos kuwi. Ora ana sing ngerti sapa kang bakal tampa pangamuk, menawa Herodès dadi nesu. Herodès sugih telik-sandi (mata-mata) supaya samubarang kang mbebayani bisa dingertèni. Kanthi anané pawartané para pandhita saka tanah wétan kuwi, atiné Herodès banget olèhé ora tentrem. Banget kuwatiré bab panguwasané lan dhamparing kratoné.

Para pimpinaning Imam Yahudi, lan para ahli kitab ditakoni. Ana ngendi bakal miyosé Ratu anyar kuwi. Aturé para sing didangu bab Sang Mésias, kanthi methik wecaning nabi Mikha. “Anadéné sira, hé Bètlehèm ing Efrata, sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarané turuné Yéhuda, saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun, wong kang bakal ngerèh Israèl; kang wus ana wiwit ing jaman purwa, wiwit ing jaman kuna.

Mulané bangsa iku bakal ditokaké baé nganti tumeka ing wektuné wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarèné para seduluré bakal padha nunggal karo wong Israèl.” Tanpa mangu-mangu. Herodés gawé akal, enggon kepéngin ngerti ana ngendi timbulé lintang lambanging Ratu Anyar kuwi. Para pandhita kang lagi teka saka tanah wétan ditimbali, tata lair diurmati. Senajan sejatiné, Herodès serik banget atiné, yèn perlu wong wong kuwi disirnakaké. Nanging merga bakal kanggo piranti golèk sisik-melik bab Ratu anyar, mula katoné kanthi becik tamu tamu mau ditimbali Raja Herodès. Kita yakin yèn sajroning atiné sing kejem kuwi, bakal nglebur Sang Timur uga.

Nanging marang para Majusi mau, Herodes ngaku yèn uga kepéngin ngerti ana ngendi dunungé, nuli arep mrana lan sujud uga. Kuwi mung akalé kang thukul saka ati nesu. Nesuné kasimpen, tata lairé gawé akal. Herodès ngira, sajroning rong dina apa telung dina bakal nampa kabar wigati kuwi. Banjur menyang Bètlehèm saperlu matèni Bayi calon Ratu kuwi. Banjur sisan wong Majusi disirnakké, merga wis gawé gorèhing ati.

Gumun banget batiné wong Majusi nalika tumeka ing Yerusalèm, ibukota Yahudi kuwi. Mesthi baé gumun. Déné ora ana siji baé sing ngerti bab bakal miyosé sang Mésias, wiwit wong kraton nganti para wong sing mlarat ing pinggir lurung, ora ana sing ngerti bab bakal miyosé Sang Raja Mulya kang wus kaweca. Senajan mengkono, kena ngapa para pandhita kuwi ora bali menyang tanah asalé, merga wong kabèh ora ana sing mènèhi katrangan? Apa ora sumelang menawa lintang panjer sing nuntun kuwi lintang kang nyasaraké lakuné ? Biyen, lintang kuwi nuntun para pandhita saka tanahé, nuju Yerusalem. Banjur ora katon. Lan saikiné katon manèh, nuntun menyang Bètlehèm. Wong wong mau bungah banget.

Sabab yèn tanpa panuntuning lintang kuwi, para Majusi bakal kangèlan ketemu Sang Bayi, merga sadurungé Yusuf lan Maryam uga ora crita marang wong Bètlehèm bab pawarta kasuwargan kang élok, kang ditampa saka malaékat.

Para pandhita mau tumeka ing papan miyosé Sang Bayi. Tumuli mlebu ing omah, yaiku ing kandhanging kéwan. Para pandhita nyaosaké pisungsung. Mur, iku lambanging kanabiané Sang Bayi. Menyan, kuwi gegayutan karo kalenggahan Imam. Déné pisungsung emas, kuwi nuduhaké bab kalenggahané Sang Bayi Suci minangka Raja.

Para pandhita ahli palintangan kuwi wis naliti alam palintangan, sadurungé mangkat. Lintang lintang padha nunggal dadi siji karo timbuling lintang élok mau. Planet nunggal, kuwi amung bakal kedadéyan setaun sepisan. Kuwi sing njalari para Majusi merlokakè menyang Bètlehèm. Déné ana lintang kang rada suwé katon ing langit, mencorong élok dhéwé. Senajan banjur ilang maneh. Kuwi lintang panjer kang nuntun ketemuné Sang Timur.

Lan ora ana sing bisa nerangaké lintang élok mau, kawawas saka ngelmu falak. Senajan mengkono, para ahli mau yakin banget. Kuwi mratélakaké menawa para ahli mau duwé watak pinandhita, nggatekaké bab agama uga. Tajeming batiné, nganti olèh wisik, olèh pangimpèn, menawa ora perlu bali marang Herodès kang akalé dursila kejem. Mulané para pandhita mau baliné menyang tanah asalé, golèk dalan liya, ora mampir manèh menyang kratoné Herodès.

Gusti Yésus Kaungsèkaké Menyang Tanah Mesir

Sapungkuré para pandhita mau lah tumuli ana malaékating Pangéran, kang ngetingali marang Yusuf ing sajroning pangimpèn lan dhawuhé:” Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulané mengkono awit Herodes bakal nggoleki Sang Timur arep disédani. “ - Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Putra dalasan kang ibu diajak ngungsi menyang ing tanah Mesir, lan manggon ing kana nganti sasédané Sang Prabu Herodes. Mengkono dadiné kayektené apa kang kapangandikakaké dening Pangéran lumantar nabi: “ Saka tanah Mesir enggoningSun nimbali PutraningSun.” ( Matéus 2: l3-l5)

Sawisé para pandhita bali menyang asal dunungé, malaékating Pangéran ngetingal marang Yusuf sajroning pangimpèn lan ndhawuhi supaya Gusti Yésus lan kang ibu kaungsèkaké menyang ing tanah Mesir. Manggon ana ing Mesir nganti ana dhawuh manèh. Yusuf banjur ngajak Gusti Yésus lan kang ibu ngungsi menyang Mesir.

Wong wong Yérusalem ngerti para pandhita padha sujud marang Sang Timur, lan precaya menawa kuwi ratuning Israel, mulané wong Yérusalem uga dadi éring sarta urmat marang kulawargané Yusuf. Wong Yérusalem, mesthiné ya akeh sing mbiyantu kaperluwan sangu, mulané bisa lunga menyang Mesir, mengkono kaya kang dilakoni para pandhita saka tanah wétan. Ya iki wujuding panguwaosing Gusti, lamun Gusti Allah ngersakaké samubarang dumadi, mesthi dalan tinarbuka uga.

Bocah-bocah Ing Bètléhèm Ditumpes

Bareng Sang Prabu Herodés ngerti yèn panjenengané dicidrani dening para pandhita, banget dukané, banjur dhawuh matèni sakèhing bocah lanang ing kutha Bètléhèm salaladan kono, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggoné oleh katrangan saka para pandhita. Ing kono kayektènan kang kapangandikakaké déning nabi Yermiya:

“Ana swara keprungu ing kutha Rama, panangis lan pangadhuh kang sora; Rakhel nangisi anak-anaké lan emoh kalipur, awit anak-anaké wus padha ora ana.” (Mat. 2: l6-l8).

Kena digambaraké, saiba olèhé cecengklungen Herodès ngentèni baliné para pandhita kang lunga menyang Betlehem. Amarga bakal nemtokaké putusan sawisé olèh kabar saka para pandhita mau. Nalika Hérodès ngerti yèn diakali déning para pandhita, lan nyatané ora padha teka bali mrono, Hérodès nesu banget. Gagal oleh kabar kang kepéngin dingerténi, ana ngendi Bayi Ratu anyar dilairaké ? Nalika ditaliti omahé sapa baé kang diparani para pandhita kuwi, nyatané kabèh wong Galiléa sarta para pandhita wus ora ana.

Hérodes saya nesu, nganggep yèn wong wong Galiléa sengaja ngumpetaké Sang Timur kang lagi miyos. Hérodès paring dhawuh marang andhahané, supaya bocah bocah lanang ing kutha Bètlehèm sing umur rong taun sapangisor, dipatèni. Amarga wong wong Galiléa dianggep sekuthon karo para pandhita Majusi. Injil Matèus nerangaké, menawa kejemé Hérodès iki, dadi maujuding wecané nabi Yérémiya:

“Rungokna, ana swara keprungu ing kutha Rama, panangis lan pangadhuh kang sora, … (Yérémiya 3: l5). Merga para bocah mau dipaténi demi Gusti Yésus, ana sing ngarani menawa bocah bocah kuwi wis dadi wong Kristen kawitan kang mati sahid.

Saka Tanah Mesir Bali Menyang Nazarèt

Bareng Sang Prabu Hérodes wus séda, ana malaékating Pangéran kang ngetingal marang Yusuf ing sajroning pangimpén ana ing tanah Mesir, kang dhawuh: “Tangia, Sang Timur lan kang ibu jaken bali menyang tanah Israel, amarga sing padha ngarah sedané Sang Timur wis padha mati.” Yusuf tangi, Sang Putra lan kang ibu diajak bali menyang tanah Israel. Ananging bareng krungu werta yen Pangéran Arkhelaus nggentosi kang Rama Sang Prabu Herodès jumeneng nata ana ing tanah Yudéa, dadi sumelang yen mranaa. Nanging sarehning tampa wangsiting Allah ing sajroning pangimpen, banjur ngener menyang ing tlatah tanah Galiléa. Satekané ing kono tumuli manggon ing kutha kang aran Nazarét. Kang mengkono iku supaya kayektènana kang kapangandikakaké déning para nabi, yen Gusti Yésus bakal kasebut: wong Nazarèt. ( Matéus 2: l9-23).

Ora nganti suwé sawisé numpes bocah bocah ing Bétlehém, Hérodés nampa paukuman. Hèrodés mati ing Yerikho, ing kratoné. Bisa ginambar, iba gorehing atiné nalika ngadhepi pati. Herodés ngira bakal lestari urip srana maténi para bocah ing Bétlehém, penganggepé menawa Bayi kang dianggep Ratu anyar iku mesthi wis mati.

Nyatané, malah Herodes dhéwé kang ora let suwé mlebu ing kubur. Déné Gusti Yésus wilujeng. Wiwit wektu iku malah nganti sepréné, pakurmatan kagem Sang Kristus saya mundhak-mundhak, kayektènan minangka insan kang sampurna. Pamanggoné ing Mesir, ora nganti suwé. Amarga énggal ana pawarta saka malaékat supaya bali menyang Israèl, sabab sing ngangkah sédané Sang Timur wis padha mati kabeh. Yusuf mbangun turut marang dhawuhé malaékat.

Yusuf lan Maria mesthiné kepéngin manggon ing Bétlehém, tanah leluhuré, kuthané Sang Prabu Dawud kang élok lan kinurmatan. Cedhak karo Bait Suci, lan ing Yérusalèm akèh Sekolah Agama sing becik. Pantes dadi papan nggulawenthah Sang Putra, minangka sing kagungan hak waris dhamparé Sang Prabu Dawud. Yusuf kuwatir menawa Arkhelaus sing nggenténi Herodés bakal mbebayani tumrap Sang Yesus. Nyatané Arkhelaus sing katon becik nalika kawisudha dadi raja, ing sabanjuré ya padha jahat lan kejemé kaya Hérodes wong tuwané. Yusuf banjur boyong menyang ing Galiléa, ing kutha Nazaret, senajan sejatiné rada kurang sreg. Nanging merga saka anané dhawuh saka malaékat, mula banjur dilakoni. Matéus nyerat ing bab 2: 23, mengkono mau njangkepi wecaning nabi: “ Panjenengane bakal kasebut wong Nazaret.”

Timuré Gusti Yésus

Timuré Sang Kristus, yaiku mangsa yuswané isih enom, ngéram-éramaké. Miyos kang cocok karo jaman, paseksi saka para wong kang wis tuwa, Siméon lan nabi wadon Hana, kedadéyan ing suwarga lan ing bumi kang unik, sarta akèhing kadadéyan kang maknané ngéram-éramaké. Pawarta bab bakal wiyosé, ing kitab wasiat lawas, dikabaraké nganti tliti njlimet, para malaékat tumurun anggelar kabar kabungahan bab kang bakal dumadi. Paseksi saka anané lelakon kang dialami, nglairaké pamuji lan kekidungané Elizabét, Zakharia lan Maria (Maryam). Pameca ing jaman kuna banjur kasusul ing jaman semana bab bakal miyosé Gusti Yésus, kedadéyan bakal lairé Sang Cucuking Lampah, Yohanés, malaékat martakaké marang Zakharia, malah nganti nglakoni dadi bisu. Enggoné Elizabét wis tuwa tur dianggep gabug, nyatané bisa ngandheg.

Kabéh mau nélakaké enggoné élok ngéram - éramaké bab Gusti Yésus ing mangsané timur, nalikané isih mudha tumaruna. Sejarah uga dadi seksi, nalikané miyos mbarengi anané cacah-jiwa ing Bétlehém, papan miyosé ya kaya kang kaweca déning para nabi, ing Bétlehém, papan leluhuré. Wis kaujudan wecané para nabi jaman kuna ana ing sugengé Sang Kristus. Anggoné netepi pranatan agama, uga linakonan nalika Sang Timur kaaturaké marang Gusti Allah ing upacara agama Yahudi. Apa manèh yèn ngèlingi nalika isih ana ing kandhang Bètlehèm, ana sing sowan sujud, yaiku para pangon lan para pandhita saka tanah wétan kang kasebut wong Majusi ahlining palintangan.

Sapa ta kang ngalembana rawuhé Sang Kristus? – Samubarang kang cinipta lan katitahaké dening Allah, sajagad raya kabèh ngalembana rawuhé Gusti Kristus. Sing saka kasuwargan, para malaékat memuji. Para imam makili rohaniawan, padha ngalembana. Para pangon Bètlehèm, makili wong miskin, memuji rawuhé. Maryam lan Elizabèt makili generasi enom lan generasi tuwa, uga ngalembana. Bangsa Yahudi kang tulus ibadah, Siméon kang dadi wakilé. Para nabi ngalembana rawuhé, diwakili nabi wadon Hana. Lintang wétan nyulihi éloking jagad raya. Wong pinter lan wong sugih sing dadi sesulihé para pandhita saka tanah wétan, para Majusi. Uga mèlu nggatèkaké para bangsawan lan wong wicaksana saka ngamanca, sanjabaning bangsa Yahudi.

Rawuhé Sang Kristus pancèn ing wektu kang karancang mateng. Dadi wujuding pamecané para nabi jaman kuna, tinulis ing kitab Prajanjian Lawas. Bab iki Paulus awèh paseksi: “Nanging bareng wus tekan ing ganepé mangsa, Gusti Allah ngutus kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Toret.” Gusti Yésus Ratuning tentrem Rahayu. Rawuhé ing swasana kang kebak katentreman. Sejarah nyathet, menawa nalika rawuhé, jagading transportasi wis sumadiya, krajan Romawi kaya dadi piranti ngratakaké dalam ambah-ambahan. Nalika semana, kahanan ing jajahan Rumawi kabèh kapétung aman lan rukun. Pambangunan wus dadi. Kaya mengkono kabèh mau njalari gampang sarta lajuning laku sumebaring kabar kabungahan. Gumelaring kabar sumebar kanthi lancar. Apamanèh ing sajajahan Romawi kabèh, wong akèh padha nduwèni kamardikaning ngrasuk agama.

Basa Yunani (Gerika) wis dadi basa pasrawungan. Malah ing wektu semana, Alkitab ditarjamah, disalin basanè saka basa Yahudi menyang basa Yunani (Gerika). Rawuhé Sang Kristus, ngepasi umat manungsa mbutuhaké banget pitulungan amrih slamet lan tentrem rahayu, amarga pancèn jaman semana wis katon anané dekadensi moral, kapribadén mrosot martabaté. Mulané umat merlokaké banget tumuruné sawijining pengayom lan pemimpin kang nyandhang panguwasa sampurna. Wong Yahudi, sumebar ing ngendi papan wilayah jajahané karajan Romawi, merga ngupaya boga lan makarya. Kabéh isih nganti-anti tekani Sang Juru Slamet. Wong Yahudi sing ibadahé kalebu salèh tulus, ya wis akeh sing wiwit goréh atiné lan bingung. Merga isih akeh wong kang ngibadah ngabekti marang Gusti Allah, para pangrasuk agama akèh sing mènèhi ombèring wektu, supaya para Rasulé Gusti Yésus tansah medhar piwulang bab kabar kabungahan lan bab kaslametaning jagad raya. Gumelaring Injil ora mung kanggo wong Yahudi, nanging malah sumebar kagelar kanggo para bangsa liyanè bangsa Yahudi lan bangsa bangsa liya.

Ing wektu rawuhé Sang Mesih, ya Gusti kita Yèsus Kristus nalika semana, kahanan kaya wis mateng lan mantep dadi papan gumelaring Injil. Diayati saka bangsa Yahudi, sabanjurè Injil pancen kababar kanggo umat manungsa kabeh kang durung wanuh marang Gusti Allah. Malah kawitanè, pamarèntah Romawi mènéhi ombér lan pangayoman marang Gréja. Senajan sapérangan wong Yahudi dhéwé ngincer nglawan Gréja. Naliti marang sarupaning kadadéyan, pancèn ora nggumunaké menawa Markus miwiti panulisé: “ Iki wiwitané Injilé Gusti Yésus Kristus, Putraning Allah.”

SADURUNGE GUSTI YESUS DIWASA.

Injil papat pisan ora nyaritakaké bab sugéngé Sang Kristus sadurungé yuswa rolas taun. Sing priksa amung Gusti Allah piyambak. Gusti Yésus miwiti pakaryané lumados ing ayahan agung, kawiwitan ing yuswa telung puluh taun. Gusti wiwit medhar piwulang, damel mujizat lan nindakaké sing gaib ngéram-éramaké.

Kepriyé enggon kita bakal nyaritakaké kanthi tlesih bab Gusti Yésus sadurungé diwasa? Injil ora nerangaké apa-apa nganti Sang Kristus yuswa rolas taun. Yuswa kuwi kena ingaran “ mangsa lan wanci kang winadi “ ing panguwaosing Gusti Allah. Bisa uga sugengé Gusti Yésus ing wanci timur, ora béda karo bocah Yahudi liyané. Mesthiné ya sekolah, diperdi netepi angger-anggering agama, yaiku angger anggering nabi Musa. Kita yakin yén Sang Yésus kagungan kaluwihan ing antarané mitrané sapesrawungan. Luwih lantip, gampang paham lan kagungan watak sing béda karo bocah lumrah. Sajroning srawung, mesthiné iya kena godha saka para mitrané, mung bédané Sang Yésus ora damel kalepatan lan dosa, ora gampang kena panggodha. Nresnani mitra lan setya tuhu ing janji.

Ing Yuswa Rolas Taun.

Bebarengan wong tuwané, Yusuf lan Maria ( Maryam ), Sang Yésus mlebu ing Padaleman Suci ing Yerusalèm. Kuwi nalika Gusti Yésus yuswa rolas taun. Sabubaré kuwi, nganti yuswa wolulas taun, Injil ora nyaritakaké apa-apa. Kita kabèh ora kena ngarang ngarang lan ngira –ira kepriyé sejarahé. Injil ora nyaritakaké. Pancèn ana baè ing mangsa “ tidhem winadi” kasebut, ana wong sing banjur gawé carita bab Gusti Yésus. Critané kaya mung manut angen-angené sing gawé crita. Kaya ngono kuwi ora kena diugemi, senajan karepé kepéngin ngimbuhi carita sing gawé rum-arum asmané Sang Kristus. Kang mangkono iku nyata dadi kleru, amarga ora nyata. Critané mung kira-kira. Bisa nyasaraké. Karepé memuji marang Gusti, nanging upaya kang mengkono mau malah ngatonaké bodhoné, sawijining panggawé kang ngayawara.

Senajan mengkono tetep baé akeh pitakonan. Ingatasé komunikasi wis ana kanthi tehnologi wis maju, kena ngapa kok ora ana critané? Mangsuli pitakon kuwi ana sing duwé panemu: Ya merga ayahaning rawuhé jumeneng Juruslamet, mulané lelakon sing dumadi ing sadurungé diwasa, kasimpen ing kekeraning Gusti Allah. Kasimpen rada suwé, amrih umat manungsa nyawang kanthi rumaket kahanané Gusti Yésus sacara insani, ora béda karo bocah enom liyané. Sipat Ilahiné Gusti Yésus, kasimpen sajroning telung puluh taun, kadidéné mangsa nyamaptakaké paladosané dadi Sang Mésias. Sawisé iku, wiwit yuswa telung puluh taun, panguwaos lan sipat ka-Allahané nyata maujud ing pakaryané Gusti Yésus, nganti pungkasaning sugeng ing bumi iki. Anggoné ora kacarita lelakoné Gusti nalika timuré, malah narik kawigatèning umat manungsa padha kepéngin ngerti. Sing padha kasengsem pancèn bisa methik sesurupan bab Gusti, begja bisa padha wanuh pakaryané Gusti kang sampurna, umat manungsa kelakon nyawang kamulyané. Nemu pangertèn kang ajiné ngluwihi sejarah yaiku karahayon.

Anané saperanganing lelakon ing sugengé ora tinulis, mratélakaké menawa ayahané Gusti sing utama dhéwé, dudu enggoné bakal paring tuladha laku, nanging rawuhé dadi Sang Juru Wilujeng kanggo mbangun urip iki. Senajan, ing urip iki pancen kudu nulad marang Gusti Yésus, nanging sing utama ing urip iki dudu bab bisa nglakoni. Nanging, sing luwih utama precaya lan nampa panjenengané minangka Juru Slamet sacara pribadi. Ora bab ngerti lan sugihing kawruh, nanging bab iman. Mulané para abdi lan para rasul, ora kudu nulis bab lelakon lan sejarahé Gusti ing yuswa mudha tumaruna. Pancen mbungahaké, saupama kita kabeh ngerti lelakoné Gusti nalika dadi anak tukang kayu ing Nazaret kaya lumrahé bocah liyané.

Dadiné cetha, panulising Injil ora bab gawé sejarah lan nyathet lelakon. Nanging luwih utama Injil nyaritakaké lan dadi paseksi, menawa Gusti Yesus Kristus iku Sang Juru Slamet kang mbangun kauripan iki. Mula saka iku, Injil ora wujud sejarah utawa riwayat sugengé Gusti. Nanging Injil nyaritakaké bab pakaryan lan paladosané Gusti sineksèn ing jagad raya iki anggoné jumeneng dadi Sang Juru Wilujeng..

Nazarèt, kutha cilik kang sepi, nanging cocok kagem pilenggahé Gusti Yésus. Amarga Nazarèt uga dadi papan ngumpulé para Imam saka ngendi-endi. Lan saka Nazarèt para Imam nerusaké tindaké menyang Yerusalèm. Para Imam kang ora bisa sowan menyang Pedaleman Suci Yerusalèm, padha ngayahi ibadahé ing Nazarèt. Srana mangkono Gusti Yèsus bisa kanthi gampang mriksani lan naliti apa sing ditindakaké para Imam. Nazarèt uga ingaran kutha prapatan. Ketemuné dalan saka Punisia nuju tanah Mesir, sarta ketemu karo dalan kang nuju Segara Tengah saka daratan satanah kabeh. Ing kéné Gusti Yésus naliti lan nyinau anané adat tata cara manéka werna ketemu lan nyampur, sarta mahanani penemu lan adat tatacara.

Kutha Nazarèt uga papan nglatih urip prasaja, sarta nggladhi marang watak andhap-asor, kedayan ing kahananing kutha kang miskin. Ibadah agama ing Nazaret uga prasaja banget, amarga adoh papané karo Yerusalèm kang dadi pusaté upacara ibadah agama Yahudi. Lan nyatané ing Yérusalem malah wis thukul watak mangro tingal lan munafik, urip mubra-mubru sarta rumangsa bener yèn ngutamakaké adat tata cara. Padatané watak lan urip kaya ngono iku nglunturaké kasucen lan kasalèhaning ibadah. Nglakoni ritual agamawi sok keladuk lan kaluwih luwih enggoné ngegung-egungaké angger-anggering Torét. Mangka kawilujengan ora amarga “ngalkoni” – nanging amarga “precaya”- Lan ing kanyatahané, ing tembé, Nazarèt dadi papan enggoné Gusti Yésus memulang sarta melèhaké sing luput, gegayutan karo lakuné para Imam lan umat. Mulang lan melèhaké kanthi pangandikan kang antep, tajem sarta mandhes.

ng mangsa timuré, wong tuwané ora tansah ngèngeti ing asal-usulé Gusti Yésus kang sipat Ilahi. Anggoné ngemong ora béda kaya bocah enom liyané.

Bab iku luwih becik akibaté, Gusti Yésus oleh pengalaman alami mangsané isih timur tumrap sabarang kang lumrah ing uriping umat. Lan ora becik menawa wong tuwané kaya kajiret déning kewajiban kudu tansah mbangun turut, amarga ngugemi sejatining asal-usulé Sang Kristus yaiku Putra Kasuwargan. . Mulané, Rama Yusuf lan Ibu Maryam, ora mangu-mangu anggoné nggulawenthah kaya marang salumrahé bocah ing jaman semana. Gusti Yésus perlu banget ngalami ujian, rasa pangrasa sarta kauripan kaya salumrahé bocah – nganti tumeka mangsané ngayahi pakaryan Mèsiani ing jagad iki.

Kita kabèh ngandel, menawa ing mangsané Gusti Yésus isih bocah enom, dadi bocah lanang sing sumeh, sareh. Banget nggatèkaké pepadhané lan atiné ambeg welasan, sarta tanggap marang rekasaning uripe pepadhané. Kanthi mengkono, wong akeh wis nyeksèni lan éram, déné Sang Kristus awatak sabar, anggoné bisa nahan dhiri, ngendhalèni ati sarta anggoné betah urip prasaja ing Nazarèt. Kita kabeh lan sapa baé bakal bisa nggambarake, saiba enggone Gusti Yésus kagungan kekiyatan lan panguwaos, déné bisa nglakoni urip prasaja kang nuntut kasabaran ing kutha miskin. Mangka asal usulé saka suwarga. Anggoné kiyat lan sabar nunggu wektu bakal makarya jumeneng Sang Mésias. Kanthi tulus anggonè ngrasuk kamanungsan sejati.

Ora béda kaya buruh nyambut gawé dadi tukang kayu, asilé kanggo nyampeti butuh padinan. Mula saka iku, wong akèh ngira yèn Sang Yesus Kristus ora luwih saka anaké “tukang kayu” lan ya mung “anak Maryam (Maria ).” Ing lingkunganè, uga manut marang pranatan pangrehing pimpinan masyarakat. Nyata yen sajroning sugengè ing ndonya iki, luwih luwih ing Nazarèt, Sang Kristus dianggep mung manungsa lumrah. Lan nyatané, para seduluré uga ora gampang precaya marang ayahan mèsiani kang diemban. Kondhang kalokanè Gusti, uga ora pati sumebar ing sakiwa tengenè Nazarèt. Murid sing jeneng Natanaèl, sasuwéné dadi bocah ora tau krungu asmané Sang Kristus. Senajan désa Kana, papan asalé Natanaèl kuwi cedhak banget karo kutha Nazarèt. Padha-padha ing Galiléa. Semono uga wong Kapernaum lan wong Bètsaida, sing luwih adoh katimbang Kana, ya ora kabèh ngerti, merga mung nganggep Sang Yèsus anaké tukang kayu.

Riwayat timuré Gusti Yésus, ginerba ing ayat Injil Lukas: “Sang Putra mau mindhak-mindhak ageng lan dadi santosa, kapenuhan ing kawicaksanan sarta sinungan ing sih-kanugrahaning Allah.” – Ayat iki mratélakaké yen Gusti Yésus mindhak ageng sacara alami. Disenengi déning Gusti Allah sarta ditresnani pepadhaning manungsa. Amarga Gusti Yésus tansah samapta lan sumadiya leladi mbiyantu pepadha. Ora naté gawé lara ati, sarta ora males piala kanthi piala, nanging malah males kabecikan. Pancen, wanciné perang nglawan iblis durung wektuné. Iblis wiwit timbul nglawan Gusti Yésus ing nalikané kondhanging asmané ing jagad, dadi kemèrèning liyan. Kemèrèn kuwi, pancèn saka iblis. Malah thukul sujana sarta gething sengit marang Panjenengané, saka para wong kondhang ing jaman iku sarta saka para wong sing uripé dadi gedibaling sétan.

Sang Taruna Yésus Ing Padaleman Suci

Ing saben taun samangsa riyaya Paskah, rama ibune Gusti Yésus menyang ing Yerusalèm. Bareng Gusti Yésus wis yuswa rolas taun, padha menyang Yerusalèm kaya adaté yen pinuju dina gédhé iku. Salebaré pahargyan, nalika padha mulih, Gusti Yésus kantun ana ing Yrusalèm, rama ibuné ora sumurup. Sarèhné dikira Panjenengané awor karo wong-wong sing padha mulih nunggal dalan, mulané padha mbacutaké lakuné nganti sedina, banjur nggoèlki Panjenengané ana ing antarané sanak kadang lan para pitepungané. Bareng ora ketemu banjur bali menyang Yerusalem karo nggoleki terus. Kacarita bareng wis telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci, lagi lenggah ana ing satengahing para alim-ulama kang mirengaké piwulangé, sarta pitakon. Kabeh wong kang padha ngrungokaké pangandikané padha kaéraman marang kapinterané lan wangsulané. Bareng rama ibuné weruh padha njenger. Kang ibu banjur celathu marang Panjenengané: “Angger, yogéné Kowé kok kaya mengkono marang aku. Bapakmu lan aku padha nggoleki Kowé klawan susah.” Aturé marang rama ibuné: “ Punapaa déné panjenengan madosi Kula? Panjenengan menapa mboten mirsa, bilih Kula kuwajiban wonten ing dalemipun Rama Kula?“ Rama ibuné padha ora nyandhak pangandikan iku. ( Lukas 2: 4l-50)

Gusti Yésus Saya Mindhak Ageng Ing Kawicaksanan Saya Kinasihan Déning Allah Lan Manungsa

Panjenengané banjur kundur bebarengan kang ibu lan kang rama menyang ing Nazaret, sabanjuré Panjenengané lestantun ka emong déning rama lan ibuné. Déné kang ibu nyathet iku mau kabeh ana ing sajroning atiné. Kacarita Gusti Yésus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanané apadéné saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa. (Lukas 2: 5l-52)

Yuswa rolas taun Gusti Yésus kekésahan saka Nazarèt menyang Yerusalèm. Rama Yusuf minangka sesirahing brayat kudu sowan menyang Bait Allah ing Yrusalèm ing saben tauné. Wanciné sing mesthi yaiku ing riyaya Paskah. Para wanita, uga kalebu Maryam kang ibuné Gusti Yésus, ora diwajibaké mangkat. Uga bocah sing durung umur rolas taun durung duwé kewajiban netepi angger-anggering Torét.

Ing jaman semana riyaya Paskah kaleksanan tanggal wolu sasi Nisan, kurang luwih sasi April. Wektu iku lagi sepisanan wong tuwané ngajak Gusti Yésus menyang Yérusalèm. Iki dadi pengalaman anggladhi lelungan adoh tumrap Sang Kristus kanggo ngadhepi ayahan suci ing tembé diwasa.

Ana dalan loro. Sepisan, ngliwati laladan Samaria, iki ngemu bebaya pangancaming bangsa Samaria. Dalan nomer loro, nyabrang kali kaping pindho nyingkiri laladan Samaria. Metu liwat sawetané kali Yardèn. Dalan loro kuwi saka Galiléa tumeka Yerusalèm nganti lakon limang dina. Wong-wong Yahudi luwih seneng ngliwati dalan nyingkiri Samaria, dadiné ngliwati sawetané kali Yardèn.

Sang Yésus mesthi bingah sajroning penggalih, mriksani éndahing Padaleman Suci kang ditekani wong akèh saka ngendi-endi. Padha ngidungaké pujian lan mazmur sajroning nuju kutha Yérusalém. Sabanjuré, Panjenengané bakal mriksani para Imam leladi lan lan mriksani Imam Agung mimpim upacara nyulihi wong dosa kang mratobat. Panjenengané ngaosi bab iku. Saben umat kang ngarep-arep bisané rukun nunggal karo Gusti Allah kudu gawé kurban minangka panembah lan atur panuwun lumantar para imam kasebut.

Rama Yusuf, ibu Maryam lan Sang Yésus, nanjakaké wektuné ana ing kutha kaya wong-wong liyané uga. Ora keri, melu ing upacara agamawi lan nunggil ing pandonga sarta upacara liyané sing gegayutan karo riyaya Paskah iku, luwih luwih ing upacara ibadah kurban. Sang Kristus mesthi priksa menawa rerangkening upacara upacara kasebut, dadi lambanging pakaryan suci, gegayutan karo Sang Cempéning Allah kang kakurbanaké, ya Panjenengané piyambak. Gusti Yésus uga priksa, menawa upacara kang wus dilakoni sajroning sewu limang atus taun, wiwit jaman Musa dhek semana – bakal pinungkasan – dening sampurnaning pakaryané Gusti Yesus piyambak ing kayu salib. Samubarang kang kapirsanan ing upacara kasebut, kraos nyénggol Rohé Gusti, kang njalari sukarenaning penggalihé karana bakal kaleksanan rancanganing kaslametan. Renaning penggalih, amarga sepisanan nunggil dadi pelados ing Riyaya Paskah iku.

Saben wong kang ketemu srawung Panjenengané ana ing Yerusalèm iku, babar pisan ora ngira yèn Panjenengané iku Sang Kristus kang kaprasetyakaké déning Gusti Allah kaya kang kaweca dening para nabi jaman sadurungé. Nanging ana beciké ora padha ngerti. Sabab yen wis konangan, Panjenengané sawiés riyaya Paskah mesthi ora dililani kundur bali menyang Nazaret, lan akibaté, Panjenengané ora bisa kanthi longgar nyamaptakaké pakaryan agung kang kudu diayahi déning Gusti Kristus.

Ana ing Yérusalèm, Sang Yésus ana ing satengahé upacara lan ibadah agama, mirengaké kotbahé para pengkhotbah kondhang kang mulangaké sawernaning ngelmu agama. Kaya ngono iku karemenané Gusti Yésus, kang uga disumurupi dening wong tuwané. Mula nalika ana ing Yérusalèm pisah karo wong tuwa nganti sedina, nanging ora njalari kuwatiré wong tuwané, amarga wis padha paham sipaté Sang Kristus, seneng ngudi kawruh agama. Sing dikersakaKé, supaya bisa nemu bab lan prekara sing perlu kang bakal kaagem ing ayahan enggoné bakal jumeneng Sang Juru Slamet. Sang Kristus mesthi uga ngraosake, iba adoh bedané ing antarané kang kagalih sipat rohani, katandhing karo piwulangé para pengkhotbah kang mung sipat kawruh tata lair. Sanajan sing padha mulang mau ingaran guru mumpuni bab agama. Gusti mesthi priksa lan kraos banget bab kaperluan sarta ngelak ngoronging umat marang piwulang sejati, kang nuntun marang sejatining kasucèn sarta carané urip kanthi bener sayekti.

Purnaning gati ngriyayakaké Paskah, kulawargané Gusti Yésus kundur menyang Nazarèt. Nanging ora ana sing ngerti menawa Sang Yésus Kristus kèri ing Yérusalèm. Panjenengané isih mirengaké kotbah lan piwulangé para ahli agama ing Padaleman Suci. Wis mèh lakon sedina, benginé lagi sadhar lan krasa menawa Sang Yésus ora ana ing antarané para rombongan sing bali menyang Nazarèt iku. Wong tuwané banjur bali manéh menyang Yerusalèm. Nganti telung dina lagi ketemu – sawise mider mider anggoné ngupadi ana ngendi dunungé. Nalika ketemu, Sang Yesus lagi ana ing satengahing para alim ulama ing Bait Allah, ing Yérusalèm. Panjenengané lenggah ing tengahing para wicaksana lan para sarjana, kang nyatané padha ngurmati lan éram marang Sang Yésus.

Amarga pitakonan sarta yèn ngendikan paring wangsulan gawé gawoking wong akèh. Penemuné njalari semangat anyar sarta dadi segering jiwa. Wong tuwané seneng banget bisa nemokaké kang Putra, senajan lumarah baé saupama banjur celathu semu ngresula, pangandikané ibu Maryam: “ Anggèr, yogéné Kowé kok mengkono marang aku. Aku lan bapakmu nggolèki Kowé kalawan susah.”

Ing bab kaya ngono kuwi, ora ana sing ngluputaké para ibu. Iba beciké, sawisé nyawang Sang Yésus kang dadi gawoking wong akeh sarta kanthi mental lan jiwa luhur ngadhepi para ahli lan para sarjana, luwih becik ibu Maryam bisa nahan dhiri. Ora perlu nyaruwé Sang Putra. Yèn kawawas saklébatan, kaya maido lan nglawan kang ibu kanthi alus, pangandikané: “Punapaa, panjenengan madosi Kula? Menapa mboten priksa menawi Kula kuwajiban wonten ing dalemipun Rama Kula ?” Panjenengané ora nyuwun apunten utawan mundhut pangertèn. Ora. Sang Yésus amung ngendikakaké bab pakaryané yaiku kudu ngleksanani karsaning Sang Rama ing Suwarga.

Sajaké, ibu Maryam ora pati nggagapi sing dikersakaké kang Putra. Kabèh mau disimpen ing ati. Tumrap kita kabèh sing paham Injil, ora dadi prekara. Merga pancèn Ramané Gusti Yésus iku Rama Kasuwargan.

Lukas memulang marang kita kabèh, sanajan nalika iku rama ibuné Gusti Yésus ora nglenggana bab Sang Putra. Lukas nuntun kita kabèh supaya ngerti lamun Sang Kristus iku Putraning Allah. Lan pangandika iku dadi paseksi lan pratélan kapisan kang kewiyos saka Sang Kristus piyambak, menawa Panjenengané iku Putraning Allah. Iki dadi paugeran kang ora owah gingsir, nganti ing sampurnaning ayahan Mésiani. Miyos sarira manungsa sejati, nglampahi sangsara lan seda banjur wungu – unggul saka Iblis nganti tekan wanciné sumengka menyang suwarga, nyawisi papan marang wong pracaya.

NABI YOHANES (YOKANAN PAMBAPTIS) DADI CECALANING LAMPAH

Ing nalika samana nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudéa, nggelaraké piwulang, pangandikané: “ Padha mratobata, amarga kratoning suwarga wus cedhak!” Déné satemené iya nabi Yokanan iku kang kapangandikakaké déning nabi Yésaya mangkéné:

“ Ana suwara kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangéran, lurung-lurungé padha lencengna.”

– Nabi Yokanan iku pangagemané kang kagawé wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas. Banjur diparani deéning wong-wong saka ing kutha Yérusalèm, saka ing tanah Yudéa kabèh lan saka ing wewengkon sakiwa tengené bengawan Yardèn. Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi déning nabi Yokanan ana ing bengawan Yardèn kalawan ngakoni dosané. Nanging bareng nabi Yokanan mirsa wong Farisi lan wong Saduki akèh kang padha teka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani mangkéné: “ Hèh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowé nyingkiri bebendu kang bakal teka? Yèn mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat. Lan aja padha duwé pikiran mangkéné: Aku rak trahé Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowé, sanajan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilaké anak kanggo trahé Rama Abraham. Karodéné wadung wus cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungaké ing geni. Aku iki mbaptisi kowé kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku, lan mbok nyopot agemeé trumpah baé aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowé kalawan Roh suci lan geni. Panjenengané wus ngasta tampah; panutoné bakal diresiki nganti tapis sarta gandumé bakal diklumpukaké ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.” (Matéus 3: l-l2)

Gusti Yésus ngendika bab dhiri pribadiné Gusti: “ Aku iki pepadhanging jagad ….” – Lah sadurungé pepadhangé kang mulya katon, cahyané katon ing pribadining sanaké, Yohanés Pambaptis, pawartané yakuwi: “ Sawisé aku, bakal rawuh kang panguwaosé ngluwihi aku. mBok tumungkul nguculi tali sepatuné baé aku ora pantes.” (Markus 1: 7).

Cahyaning pepadhang kang ndhisiki lampahé Sang Yésus Kristus iki, wis kaweca dening para nabi atusan taun sadurungé. Kayata kang ana ing kitab Yésaya 40:1, lan Maélakhi 3:1, sarta 4: 5. Gusti Yésus ngendikakaké bab Yokanan mangkéné: “ Nabi Yokanan iku minangka damar kang murup lan kang madhangi.” Rasul Yokanan, kang iya muridé nabi Yokanan nulis: “ Panjenengané iku ( Nabi Yokanan ) dudu Sang pepadhang piyambak mung kapatah neksèni bab Sang Pepadhang.” (Yoh 1: 8).

Kalenggahané Nabi Yokanan Pambaptis, katetepané dumunung ana ing pamecané para nabi jaman kuna iku. Sabanjuré kanthi dumadiné mujizat nalika bakal lairé, sarta anggoné pinaringan kuwasa kang gawé éram ing kotbahé lan anggoné mbaptis.

Nabi Yokanan ing antarané bangsa Yahudi dadi paraga panutan. Para pemimpin Yahudi dalasan tumekané Raja Hérodès uga ngajèni Sang Nabi. Anggoné kajèn keringan ing antarané bangsa Yahudi, ora ndadak ngentèni mujizat, nanging wong Yahudi precaya marang ayahané iku timbalané Gusti Allah. Saya antep adeging kalungguhané, amarga anané paseksi saka Gusti Yésus piyambak. Gusti Yésus piyambak ngendika bab Yokanan, mengkéné: “ Dadiné arep apa kowé mrana? Arep ndeleng nabi? Iya bener, lan Aku pitutur marang kowé, (Yokanan = Yohanès) malah kang ngungkuli nabi, awit iya iku kang kapratèlakaké ing kitab mengkéné:

“ Lah, Ingsun ngutus malaékatingSun lumaku ndhisiki Sira, arep nyawisaké dalanira ana ing ngarepira. Satemené aku pitutur marang kowé: Ing antarané wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli Yokanan Pambaptis, ewasemono wong kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Suwarga, iku ngluwihi Yokanan Pambaptis.”

Nabi Danièl uga nggambaraké kalenggahané Nabi Yokanan, mengkéné:

“ Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawaés.” ( Daniel l2: 3 ).

Nabi Yokanan ngrumiyini tindaké Sang Kristus ing panganthining Roh lan semangaté Eliya, saperlu nglencengaké dalan ambah-ambahanè Pangèran kang bakal rawuh. Paladosanè kaya kang ditindakakè Nabi Eliya, melehakè umat manungsa anggonè wis padha nyimpang lan nalisir saka bebener. Manungsa wis katut ing watak dursila lan adat murangtata, niru lagèyan ala lakuning para bangsa sakiwa tengenè.

Padatan, manungsa kesengsem ngrungokakè kotbah kang isi semangat lan andharan bab gaibing roh saka pengkotbah kaya nabi Musa. Uga saka pengkotbah kang katunggil Sang Roh Suci kaya kang katulis ing layang Para Rasul 7: 38 . Pètrus sarujuk karo penemu iki, paseksiné: “ Menawa ana wong kang pitutur, iku lakonana kaya lagi anggelar pangandikaning Allah.” ( l Petrus 4: ll ).

Juru kotbah kang kapenuhan ing Roh Suci kaya Yokanan Pambaptis, mesthi bisa narik atiné wong akèh. Yokanan ora kotbah golèk dhuwit, nanging ngluntakaké Firman. Sang Sabda ( Firman ) kang paring dhawuh kaya kang tinulis ing Pangentasan 4: l2: “Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngerèh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapaké.” Yokanan Pambaptis bisa ingaran nunggal ati karo Rasul Paulus. Paulus ngucap: “ …. Bilai aku, yèn aku ora ngabaraké Injil.” ( l Korinta 9: l6).

Yokanan Pambaptis ( = Yohanès Pambaptis ), wiwit cilik wis lola, wong tuwané wis ditimbali Gusti Allah, wis tilar donya. Ora duwé sedulur lanang utawa wadon. Bareng wis diwasa, Yokanan ora dadi Imam kaya wong tuwané. Dhèwèké rumangsa ditimbali Gusti Allah kudu dadi Nasiré Allah. Pamanggoné ana ing ara-ara samun, kaya patraping uripé wong mretapa. Sandhangané lulang unta. Paningseting badan, uga saka walulang. Dhaharé walang lan madu alas. Ora kaya salumrahé bocah barakané.

Béda karo mangsané Gusti Yésus isih timur, sugeng ing tengahing masarakat salumrahé, kaya carané bocah liyané. Ing kitab Injil ora dicaritakaké, kepriyé uripé Yokanan nganti tumekané umur telung puluh taun. Mung ana pangandika ing Lukas: . “Kacarita bocah mau mundhak-mundhak gedhéné lan saya kasantosakaké rohé, sarta banjur manggon ing pasamunan nganti tumeka wektuné anggoné ngaton marang Israél.”

Senajan carané nglampahi kauripan béda, ing antarané Gusti Yésus karo Yokanan Pambaptis, sakaroné padha-padha kagungan ayahan kang ngutamakaké bab karohanèn. Padha déné kagungan semangat ambangun kauripan iki lan padha déné kagungan kekendelan sajroning ngendikakaké samubarang kang bener. Yokanan Pambaptis mulang yèn saben wong duwé hak padha, sajroning urip bebrayan wong kabèh duwé darajad padha. Piwulangé:

“Sing asor bakal kaunggulaké, lan sing unggul bakal dadi ana ngisor. Kang mendhak mendhukul bakal kawrata, dalan ambah ambahaning Pangéran saka kasuwargan dilencengaké. Yokanan tansah nandhesaké bab perluné urip kanthi pamratobat. ( Yésaya 40 : 4). Dadiné, pangapuraning dosa ora jleg dumadi nalika titah tekan pati. Pangapuraning dosa uga ora banjur pinaringaké sawisé manungsa nglakoni kabecikan.

Nanging, pangapuraning dosa iku sawijining peparing utawa sih rahmat saka Gusti Allah, kang pinaringaké marang umat kang mratobat. Pamratobat, ngatag manungsa dosa pasrah suméndhé marang Gusti Allah.

Yokanan Pambaptis ngabaraké menawa Sang Kristus wis rawuh, yaiku Sang Mésias kang wis suwé diantu-antu wong Yahudi. Mulané akéh wong sing ketarik banget marang kotbah piwulange Yokanan, merga mulangake bab Sang Mésias (Sang Kristus). Semangat ibadah sarta pangrasuking agama, saya gumregut. Akéh banget kang marani Yokanan Pambaptis ngrungokaké piwulangé. Minangka adeging nabi, marang wong akéh sing padha marani, Yokanan uga meléhaké kaluputan lan dosané, ora tèdhèng aling-aling. Amarga Yokanan Pambaptis iku kang wineca ing nabi jaman sadurungé, yaiku: “ …. Suwara kang nguwuh-uwuh ing pasamunan …” Dadi dutaning Allah memulang lan nuntun umat manungsa ngerti marang pamratobat.

Dadi duta ngluntakaké pawarta, yén kratoning suwarga wus cedhak. Yokanan ngabaraké menawa: “Wanciné wis cedhak, paukuman tumrap kaluputan lan dosa bakal énggal tumapak. Ibaraté wit, wis disedhiyani wadung ing oyod lan uwité, sakabehing uwit kang ora metokaké uwoh bakal kategor ….” Ing astané Sang Kristus ana tampah pangirikan, kanggo milihi las gandum menyang lumbung , nanging damèn sarta mrambuté bakal kaobong ing geni langgeng.

Ing jaman Nabi Musa, nalika angger-angger sepuluh kadhawuhaké ing gunung Sinahi, dumadi gumuntanging suwara sarta gebyaring thathit. Gebyaring kilat lan gumuntanging gaung suwara ing Sinahi iku ibaraté suwarané saka sawenèhing wong sing nguwuh-uwuh ing pasamunan, yaiku suwarané Yokanan Pambaptis memulang lan ngabaraké pamratobat. Mulané gumuntang banget lan gumebyar cahyaning pamelèhé Yokanan marang wong Yahudi lan golongan Parisi: “ ….Hèh tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowé nyingkiri bebendu kang bakal teka ?” (Lukas 3: 7). Kanthi wibawa lan nandhes Yokanan pitakon marang para wong sing nyandhang rasa sumelang.

Yokanan (Yohanès = Yahya) nerangaké menawa keslametan bakal pinaringaké lumantar owahing bebudèn lan watak kang kaanyaraké. Dadi anak turun Abraham ora banjur otomatis nampa ujuding kaslametan prasetyaning Allah. Amarga Gusti Allah kang maha kuwaos saged nyipta para anak turun Abraham lair saka watu-watu. Sing utama ora merga anggoné dadi anak turun Abraham, nanging sing perlu ngugemi kayektèn utawa bebener tékad lan tumindaké Abraham anggoné ngugemi iman. Kabar kang digelar déning Yokanan, narik kawigatèné wong akèh, mula padha teka kepéngin ngrungokaké piwulang. Akèh sing padha takon bab ngèlmu agama, nanging bisa diwangsuli déning Yokanan kanthi hikmat lan kawicaksanan.

Kotbahé Yokanan ora isi piwulang kang gawé girise wong Yahudi, nanging uga isi kabar kabungahan. Wedharing piwulang, isi makna bab panguwaosé Sang Kristus, kang luwih agung katimbang apa baé, bakal kaleksanan kelakon. Anggoné mbaptis srana banyu, katerangaké menawa kuwi amung dadi pralambang bab baptisan Roh. Baptisan kang saka Sang Roh Suci. Yokanan uga martakaké, menawa Gusti Yésus kang bakal ngleksanani kuwi mau kabeh, samubarang dumadiné lumantar Sang Yésus Kristus. Iki ngemu teges, menawa Sang Kristus iku Allah piyambak kang rawuh ing jagad iki. Amarga ora ana manungsa lumrah kang wenang maringaké Roh Suci, nanging Gusti Yésus kagungan wenang kuwi, iku kelakoné amarga Gusti Allah kang makarya.

Sang Kristus kang bakal rawuh sawisé Yokanan, iku wis ana sadurungé Yokanan ana. Lan Sang Kristus pancèn dudu titah sawantah. Nanging manungsa sejati kang asipat Allah. Ing kéné nyata banget, menawa Yokanan Pambaptis lakuné ndhisiki lampahé Sang Kristus, minangka cecalaning laku, minangka cucuking lampah, nyamaptakaké ambah-ambahan Pangéran, nyawisaké atiné para umat bisaa ngerti marang pamratobat.

Yokanan ngrata dalan, supaya wong akèh ing tembé bisaa nampa lan precaya marang piwulangé Sang Kristus. Pawarta kang kaluntakaké déning Yokanan, tembungé padha karo pangandikané Gusti Yésus nalika Panjenengané miwiti ngayahi paladosan, Gusti ngendika: “Padha mratobata, amarga Kratoning Suwarga wis cedhak” ( Lukas 4:1) .

Gusti Allah milih Yokanan sing sejatiné turun Imam, kanggo nyawisaké margi rawuhé Sang Yésus Kristus, anggoné jumeneng Juru Slamet. Déné Yokanan dadi rerangkèn kang nyambung jaman prajanjian lawas lan prajanjian anyar. Gusti Allah nimbali Yokanan ora kaduta ing kalenggahan Imam, nanging pinaringan ayahan kalenggahan Nabi. Gusti Allah milih Yokanan ( Yohanés = Yahya ), minangka nabi pungkasan jaman Prajanjian Lawas, lan minangka Panggelar Injil ing jaman Prajanjian Anyar.

Sacara naluriah, Yokanan isih sanak lan familiné Gusti Yésus, isi makna yèn karo-karoné kaiket ing kulawarga lan ingayoman ing kasucèn, amarga kulawarga minangka komunitas dhasar, dadi pathi sarining bebrayan. Bakal dadi landhesan bakuh ing masyarakat lan ing bab iman. Kanthi mengkono kabuktèn, menawa sesirahing brayat iku dumadi saka para imam lan pemimpin agamawi. Piwulang agama kang tinampa saka para kang memulang, bakal dadi tuntunan laku ing tengahing kulawarga. Dadi lambaran, dadi “fondasi.”

Piwulang kang kagelar ing pasamunan déning Yokanan Pambaptis, keprungu warata ing saindhenging laladan ing negara. Asmané nabi Yokanan kinurmatan déning saben golongan, kalebu Herodés Antipas uga ngurmati.

Nuju sawiji dina, Sang Yésus Kristus ngrawuhi Yokanan Pambaptis ing sapinggiring kaliYardèn. Wektu iku akhiring mangsa siyaganing paladosan ngayahi pakaryan agung, ayahan Mésiani. Wis wiwit tinarbuka sejatining kawontenané Gusti Yésus, ibaraté wiji kang thukul ing palemahan, wis wanciné katon ing wong.

Gusti Yésus Ngersakaké Kabaptis Déning Nabi Yokanan (Yohanès)

Nalika semana Gusti Yésus saka ing tanah Galiléa rawuh ing bengawan Yarden murugi nabi Yokanan, karsan supaya dibaptis. Nanging nabi Yokanan menggak, unjuké: “ Kawula ingkang perlu Paduka baptis, lah kok Paduka ngrawuhi kawula.” Nanging Gusti Yésus paring wangsulan, pangandikané: “ Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patuté Aku lan kowé padha netepi sakehing kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah. Sawisé kabaptis Gusti Yésus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengané mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengané. Banjur ana suwara saka ing suwarga, kang ngandika: “ Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadèkaké renaning penggalihingSun.” ( Matéus 3: l3-l7).

Wis tekan mangsané Sang Kristus muncul ing satengahing masyarakat. Miwiti ayahan enggoné jumeneng Juru Wilujeng. Kanthi srawung ajur-ajèr karo kawula cilik lan wong miskin. Ngrawuhi Yokanan Pambaptis ngersakaké kabaptis.

Gusti Yésus mriksani wong pirang pirang nekani Yokanan padha ngakoni dosa lan njaluk baptis minangka pratandha pangapuraning dosa. Gusti Yésus iya miyarsakaké enggoné Yokanan memulang becik marang wong akèh. Yokanan olèh pakurmatan saka wong akèh. Gusti Yésus kabaptis ora merga anggoné ngakoni dosa, jer Panjenengané ora kagungan dosa. Uga dudu bab pamratobat.

Nanging kanggo netepi sing patut tumrap agama.Yokanan uga ngerti bab kasucèn lan kasampurnané Sang Kristus . Mauné Yokanan menggak , ora gelem mbaptis Sang Kristus Yésus. Aturé Yokanan: “ Kawula ing kedah Paduka baptis, nanging Paduka malah ngrawuhi kawula.” ( Matéus 3: l4).

Yokanan Pambaptis sejatiné keturunan bangsawan, putra Imam kang becik lan kinurmatan ing laladan jembar kang sinebut Tanah Kasucèn, tanah Yudéa. Nanging ora amarga kuwi Yokanan olèh urmat saka wong akèh. Uga dadi kawigatèn enggoné Yokanan andhap asor lan ngurmati banget marang Sang Kristus menawa wawanwicara. Wong akèh wis antuk pawarta satuhu, lamun Yokanan lagi guneman sarta matur marang Sang Mésias kang rawuhé wis diantu-antu wiwit jaman kuna.

Yèn guneman karo para pemimpin Yahudi tegas lan nandhes, nanging yèn marang Sang Kristus banget ngurmati lan lembut wicarané. Yokanan nyaruwé wong Yahudi Parisi kanthi tembung: “ Héh, tetesaning ula bedhudhak. Sapa sing akon kowé nyingkiri bebendu kang bakal teka?”– Tegas lan keras. Iku dadi gawoking ati, déné Yokanan ngasoraké dhiriné ana ngarsané Sang Yésus sing dianggep tukang kayu saka Nazaret? Malah saos paseksi menawa dheweké sing kudu dibaptis déning Sang Kristus. Anggoné Yokanan nyuwun baptis kuwi, merga rumangsa nandhang dosa. Sejatiné déning wong akeh, Yokanan wis dianggep urip salèh, wis kaanggep becik, uripé ngibadah, kendel mbelani kayektèn, sarta ayahan ing paladosan iya kasil. Yokanan krasa lan rumangsa butuh juru slamet kang ngapura dosané. Anggoné ngudi bisané tumindak suci kanggo nélakaké watak lembah ati andhap asor ngrumangsani dosané.

Déné Gusti Yésus anggoné ngersakaké kabaptis déning Yokanan, ora merga golek apuraning dosa lan ngakoni kaluputan. Nanging, enggoné netepi pranataning agama. Sanajan bisa uga njalari jenengé Yokanan saya diurmati wong akeh. Bab kuwi, tumrap Sang Kristus dadi wujud anggoné Yokanan Pambaptis dikeparengaké ngayahi dadi cucuking lampah. Ing satengahing masyarakat, Yokanan nyata ngrampungaké ayahané kanthi wrata lan sampurna. Iki kalebu anggoné ngratakaké dalan kang durung rata.

Ana rong bab, kang perlu ing baptisané Yokanan Pambaptis:

Sepisan: Baptisané Yokanan dadi lambang “ masuh urip saka kaluputan.”

Kapindho: Ngener marang ayahan ing kraton kang anyar kang bakal kabangun dèning Sang Kristus. Tumrap kang nampa pratandha baptis, dadi gegambaran leladi lan ngabekti ing urip anyar.

Menawa Gusti Yèsus uga dibaptis, ora kanggo pangerètn “ suci dhiri “ nanging netepi angger-angger. Sanyatané Gusti Yésus piyambak ora kagungan dosa lan tanpa kaluputan. Malah Gusti Yésus dadi gantiné wong dosa kang ditebus, paukumané dilakoni déning Gusti Yésus. Senajan Gusti tanpa dosa, nanging nggentèni wong dosa. Anggoné nampa paukuman sinalib, merga diétung dadi wong kang nggenteni paukumané wong dosa. Ora najis, nanging dinajisaké, sabab saka manungsa kang ditebus dosané. Ing kitabé nabi Yésaya tinulis weca ( nubuat ): “…merga enggoné kagolongaké wong mbaléla, sanajan Panjenengané nanggel dosaén wong akèh.” ( Yésaya 53: l2).

Dadiné, anggoné Gusti nglampahi kabaptis iku merga anggoné nggentosi umat kang katebus, bisa tinampa ing nalar uga. Makili manungsa dosa. Rasul Paulus nerangaké ing seraté: “ Panjenengané kang ora tepang karo dosa wus kadosakaké merga saka kita, supaya ana ing Panjenengané kita kabeneraké déning Gusti Allah.” ( 2 Korinta 5: 2l ).

Ana ing makna kapindho baptisan Yokanan, kang gegayutan karo ayahan kraton anyar. Ing pangertèn iki, baptisan mau ora bisa pinisah karo Gusti Kristus. Amarga pancén Gusti Yésus Kristus wis miwiti enggoné leladi lan makarya ngayahi padamelan kasuwargan, jumeneng Juru Slamet. Miwiti nelakaké kalenggahané minangka Sang Mesias, leladi marang kaluhuraning Kraton. Gusti Yésus piyambak kang jumeneng Raja ing kraton anyar. Malah Gusti uga sinebut Ratuning para Ratu. Akèh para umat tetebusan kang wus dadi péranganing Kraton iki, awit saka Gusti Yésus. Ana ing Kraton anyar iki Panjenengané kagungan panguwaos kang njalari wong dosa dadi “urip.”

Kanthi nglampahi kabaptis, dadi wisudhan nyata kagem Gusti, menawa Gusti Yésus Kristus jumeneng: Nabi, Imam lan Ratu. Purnaning Gusti kabaptis, nalika tindak mentas saka banyu, Gusti menggalih uga yén bab iki perlu kanggo kaperluan tembé mburiné para umat ing alam donya. Nanging Gusti Yésus menggalih baptisan liya kang luwih utama lan mulya, anggoné dadi insan, Panjenengané merlokaké baptisan Roh Suci. Ya iki dhasar baptisan Kristen.

Mentas saka banyu, ndedonga. Lan ana manunggaling Sang Putra sarta Sang Rama ing tumuruné Sang Roh Suci. Langit binuka, Roh Suci tumedhak marang Sang Yésus Tumedhaké Sang Roh Suci pindha manuk dara, dadi pratandha tumrap Yokanan Pambaptis. Neguhaké keyakinané yèn kang diadhepi kuwi nyata Sang Mésias. “Mauné aku iya ora wanuh karo Panjenengané, nanging kang ngutus aku mbaptisi ing banyu, wus ngendika marang aku: Menawa sira weruh Roh iku nedhaki sawijining wong lan dedalem ing sarirané Wong mau, iya iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci. Saiki aku wus ndeleng lan neksèni yén iku Putraning Allah.”

Yèn mengkono, supaya Yokanan bisa weruh kanthi wantah, mulané tumedhaké Sang Roh Suci, ngagem kawujudan “ pindha manuk dara.” Kang njalari Yokanan yakin banget yèn kang jumeneng ing ngarepé lan mentas kabaptis iku, kang kajanjekaké bakal rawuh nungka Yokanan. Yaiku Sang Kristus, Sang Mésias. Kang wis ana, sadurungé Yokanan ana. Lan kang bakal paring baptisan Roh Suci. Bebarengan tumuruning Roh Suci pindha manuk dara, keprungu ana suwara ngendika: “ Iki Putraningsun, kekasihingsun, kang ndadèkaké renaning penggalihingsun.” ( Maétus 3: l7 ).

Ing Injil, ana pratélan kaping telu saka suwarga kang dadi paseksi menawa Gusti Yesus iku putraning Allah. Iki pratélan kang kapisan. Yaiku nalika Gusti Yesus mentas saka banyu sawisé kabaptis déning Yokanan Pambaptis.

Kanthi anané suwara pangandika iku, telung pribadi kang nunggil ana ing pangerten TRINITAS rawuh maujud. Krasa banget yèn swasana ing wektu iku sakral, élok banget lan rumesep ing jiwa raga.

Ya iki wanciné Sang Juru Slamet kawisudha (jinebadan). Sang Mésias rawuh lan “ditabhisaké” yaiku Sang Kristus kang “jinebadan” (dilantik, Ind.) Lelandhesan keyakinan sing kaya mengkono iku, Gusti Yésus ngutus para murid supaya mbaptis saben wong sing precaya marang Panjenengané, ing asmané : Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. ( Matéus 28: l9 )

“ Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingaké marang kita, lambanging papréntahané ana ing pamidhangané, lan asmané sinebut: Penaséhat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang langgeng, Ratuning Katentreman.” ( Yesaya 9: 5)

( Pamecané Nabi Yésaya ngenani Gusti Kristus, 700 tahun sadurungé Gusti miyos).

Appendix A. PITAKONAN NGUJI PANGERTÈN

Sing sapa wis nyinau lan naliti buku iki, bakal kanthi gampang bisa mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki.

  1. Apa sababé angger-anggeré Nabi Musa ora bisa mbangun umat manungsa?

  2. Kita kabèh mbutuhaké Gusti Kristus. Terangna alesané, rong werna baé!

  3. Ana jejuluk utawa gelar telu kagem Gusti Yésus, ing kawitané Injil Markus. Gelar utawa jejuluk ing kalenggahan apa, lan apa tegeseé?

  4. Tembung SABDA ( =Kalima, Logos ), cocog banget kagem Gusti Yésus. Apa sababé? Terangna manut pangertènmu !

  5. Ing pengangen-angen, Yusuf bakal nindakaké apa nalika ngerti yèn Maryam wis ngandheg ?

  6. Terangna, déné prawan Maryam ngandheg ! Kepriye caritané?

  7. Kepriyé anggoné Gusti Allah nerangaké sejatining lelakon, marang Yusuf?

  8. Kanggo apa Yusuf lan Maria Maryam lelungan saka Nazaret menyang Betlehem sadurungé Gusti Yésus miyos? Kuwi duwé makna kepriyé?

  9. Kepriyé keterangané déné sing kapisan , para malaékat ngrawuhi para pangon?

  10. Tekané para pandhita saka tanah wétan, mrebawani (pengaruh) apa marang Herodès? Marang wong Bètlehèm kepriyé? Tumrap Yusuf lan Maryam kepriyè?

  11. Critakna, saprakara baé, apa sing dingendikakaké Gusti Yésus tumrap Yokanan Pambaptis ?

  12. Piwulang apa kang bisa kita pethik saka pangandikané Gusti Yésus marang Yokanan Pambaptis kang mengkéné: Amarga iya mangkono kuwi patuté Aku lan kowé netepi sakèhé bebener.( Matéus 3: l5-b).