Kembali ke ikhtisar item
SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

SUGENGÉ GUSTI YÉSUS KRISTUS

Buku VII - SÉDA LAN WUNGUNÉ GUSTI YÉSUS

George Ford

(Diterjemahkan dari bahasa Inggris)


GUSTI YÉSUS DICEKEL ING TAMAN GÈTSÉMANÉ

Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur tindak, kadhèrèkaké para muridé, menyang panggonan sing disebut Gètsémané. Ing kono Gusti Yésus ngandika karo para muridé: “Padha linggiha ana ing kéné dhisik, Aku arep mrana, ndedonga.” Gusti Yésus nuli ngajak Pétrus lan anaké Zébedéus karo pisan, kadhawuhan ndhèrèk. Ing wektu kuwi Gusti Yésus katon sedhih sarta ajrih banget. Pangandikané marang para murid mau: “Ati-Ku sedhih banget, rasané kaya wong sing arep mati. Padha ngentènana ana ing kéné, lan Aku réwangana melèk.” ( Matéus 26: 36-38 )

Bengi peteng, senajan wanciné rembulan purnama nalika Yudas Iskariot metu saka kamar lotèng, misah saka para murid liyané. Sawisé Yudas lunga, Gusti paring dhawuh bab katetepané Bujana Suci. Apa gunané lan apa maknané. Sawisé banjur paring kotbah piwulang marang para murid. Sang Imam uga ndedonga kanggo para muridé. Rampungé wus mèh tengah wengi. Wektu iki, ing kutha Yérusalèm para wong Yahudi sekongkol karo Yudas, rancangan bakal nyilakakaké Gusti Yésus wus gumathok dadi. Lumebu ing swasana tintrim kuwi, Gusti Yésus ngutamakaké miyambak sowan Sang Rama ing pandonga.

Kadhèrèkaké murid sewelas, Gusti Yésus miyos ing gang cilik, nilar omah lotèng mau. Ngliwati ngaré Kidron, nuju menyang punthuk Zaitun. Sawijining pepunthukan kang kathukulan wit Zaitun akèh. Ya ing antarané wit-witan kuwi Gusti Yésus milih papan nyepi, ndedonga marang Sang Rama. Ing sawijining papan kang padatan kanggo “meres lan nyuling lenga” – lenga Zaitun, aran taman GÈTSÉMANÉ.

Lumebu ing taman, murid wolu kadhawuhan lungguh, diweling supaya padha ndedonga. Amrih kuwat ngadhepi coba, supaya ora nganti tiba. Gusti nerusaké tindaké lumebu taman, kadhèrèkaké murid tetelu: Pétrus, Yakobus lan Yohanès. Murid telu kuwi, sing uga ndhèrèkaké Gusti nalika munggah ing Gunung Kamulyan, ketemu Nabi Eliya lan Nabi Musa dhèk semana. Lan dina iku uga murid telu iku ndhèrèk mlebu taman. Padha nyawang Sang Guru ketingal sedhih, katon kamomotan abot prihatin.

Nalika kamulyakaké ing Gunung Kamulyan, Gusti nélakaké Kaagungan lan Kamulyané. Ing taman Gètsémané, Gusti nélakaké dhuhkita kasedhihan sing nggares. Kaya srengéngé kécalan cahyané. Nanging tetep isi makna ngéram-éramaké, gaib ing kasucèn. Sajroning miyambak, iku pilihané Gusti anggoné ngadhepi Iblis, mungsuhé. Anggoné ndedonga, kuwi nélakaké pasrahé marang Sang Rama kang Maha Kuwasa. Wetara sak jam kepungkur kotbah paring lipur, nanging wektu ing taman Gètsémané kuwi, ngendika: ‘ Aku sedhih banget, kaya-kaya arep mati.” Marang murid ndhawuhi: “Anaa kéné karo Aku, ndedongaa lan jumaga .” Gusti banjur lumebu taman sawetara.

Gusti Yésus Ndedonga Ing Taman Gètsémané

Gusti Yésus tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud sarta ndedonga: “Dhuh Rama Kawula, menawi kepareng, tuwung kasangsaran menika mugi kasingkirna saking Kawula! Nanging sampun pikajeng Kawula, namunga kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan.” Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur murugi para muridé telu mau, nanging telu-teluné ketemu lagi padha turu. Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: “Apa kowé, wong telu, ora bisa ngréwangi Aku melèk, senajan mung sajam waé? Padha jumagaa lan padha ndedongaa, supaya kowé ora kalah karo panggodhaning Iblis. Roh mono kepéngin nglakoni kang becik, nanging daging kuwi sèkèng.” Gusti Yésus nuli tindak kaping pindhoné lan ndedonga, aturé: “Dhuh Rama, menawi kasangsaran menika mboten Paduka singkiraken lan mboten kénging mboten kedah Kawula lampahi, inggih sumangga, mugi kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan.” Gusti Yésus nuli murugi para muridé menèh, nanging iya lagi padha turu, sebab mripaté mbliyut banget.

Para murid mau nuli ditinggal menèh déning Gusti Yésus. Panjenengané nuli ndedonga kaping teluné. Pandongané kaya sing uwis. Sawisé mengkono banjur murugi para muridé menèh lan ngandika: “Apa kowé isih padha turu lan ngaso? Delengen! Saiki Putrané Manungsa kaulungaké marang pangwasané wong-wong dosa. Padha tangia, ayo padha lunga. Delengen! Wong sing arep ngulungaké Aku wis ana ing kéné.” ( Matéus 26: 39-46 ).

Ing taman Gètsémané, kita banjur ngerti, menawa Pahlawan Swarga berjuwang. Kanggo mbélani manungsa dosa. Putraning Allah kang Maha Luhur, rawuh ing jagad saguh dadi kurban, dadi kurban panebusing kanisthan lan dosaning umat manungsa.

Cempéning Allah bakal kélangan nyawang wadananing Gusti, kaling kalingan saka pasuryané Sang Rama. Kuwi kasengsaran lan kaprihatinan. Nganti riwéné nètès ing bantala wujud getih. Kringet darah kang netes. Pandongané nganti ambal kaping telu, supaya yèn bisa kasengsaran amarga nanggung dosaning jagad iki, kang ingaran TUWUNG, yaiku wadhah ombèn-ombèn, yèn bisa aja kaombé. Tegesé, kasengsaran iki yèn kena bisaa luput saka Gusti. Amarga pancèn gawé giris banget. Gusti Yésus ing sipat PUTRA, sipat INSAN SEJATI, ngrasakaké banget giris lan sengsara . Mula ambal ping telu pandongané.

Nanging menawa ora ana cara liya bisané umat manungsa katebus, kejaba kanthi séda-Né, kuwi sing kudu kelakon. Mula aja karsané Gusti kang sipat manungsa sejati kang kedadéyan, nanging rancanganing Gusti kang sipat ALLAH SEJATI, kang kudu dumadi kelakon. Sipat Allah sejati iku sipat KAALLAHANÉ GUSTI, iku sipat rohani. Dadiné Gusti Yésus ing sipat insani, ndedonga marang DHIRI PRIBADI kang sipat ILLAHI. Sakaroné ora bakal goroh, jer kagungan sipat siji SUCI TANPA DOSA. Putra lan Rama manunggal dadi siji ing patunggilaning ROH SUCI.

Gusti Yésus uga priksa menawa Sétan ora mung nyerang Panjenengané, nanging uga nyerang para murid. Apa sing dikarepaké déning Iblis? Supaya Yésus GAGAL SINALIB, kuwi thukula saka atiné Sang Yésus dhéwé, tegesé ora saguh dadi kurban. Utawa amrih thukul saka atiné para murid, supaya nduwa kelakoné sédané Gusti. Nanging kahanan iku banjur kasumpet, amarga para murid banjur keturon, kaya nalika ana ing gunung Kamulyan dhèk semana, didhawuhi ngancani uga banjur padha turu.

Nalika ana ing taman, Gusti Yésus berjuwang nglawan godhaning daging, supaya nulak salib. Nanging Gusti matur marang Sang Rama: “…sampun ngantos pikajeng kawula ingkang kalampahan, nanging ngemungna karsa Paduka ingkang kelampahan.” Gusti banjur medal saka taman, priksa murid telu padha turu. Ngrudatin penggalihé Gusti, mriksani murid telu kesèt lan ringkihé katon, didhawuhi ngancani malah. keturon. Nganti kaping telu uga para murid keturon, nalika Gusti mlebu metu saperlu ndedonga.

Sepisan manèh Gusti ndedonga ing taman Gètsémané, lan nalika bali miyos saka taman, mriksani murid telu padha turu kepati. Gusti piyambak wus olèh katetepan menawa kudu sengsara. Sang Rama négakaké ingkang putra ontang-anting merga anggoné ngasihi marang pedunung jagad raya, yaiku manungsa kang wus padha tumiba ing dosa, bisaa olèh pangapura. Semono katresnané Allah marang manungsa dosa. Roma bab 8:32 Gusti Allah ora ngéman Putrané piyambak, malah Sang Putra mau dipasrahaké marang kita kabèh. Menawa Putrané piyambak wis diparingaké marang kita, apa samubarang kabèh iya ora bakal diparingaké marang kita?

Ing pandonga sajroning taman, Gusti masrahaké nyawané marang Sang Rama, sadurungé mungsuh bakal ngiket sarirané. Kasangsaran badan iki dadi buktining pakaryané Gusti anggoné ngurbanaké rah lan nyawa. Dené saranané, demi dhuwit telung puluh kèpèng, telung puluh keping pérak Yudas Iskariot ngedol Guru Gustiné marang pinituwa Yahudi. Sing akhiré Gusti Yésus nampa pidana ukum pati ing kayu salib.

Ing jaman saiki isih baé ana katrangan kang nerangaké menawa Yésus ora séda sinalib, sing kasalib wong liya. Wis ta cekaké, nganti seprené Iblis isih ngrekadaya supaya kabar bab sédané Gusti ing kayu salib kuwi diputar-puter, aja nganti diyakini yèn Gusti séda. Kuwi upayané pikirané sétan nggunakaké nalaré manungsa. Tumrap wong Kristen dhéwé, sejatiné tanpa guna dadi Kristen yèn Gusti ora séda, ora bangkit, ora unggul sumengka menyang swarga lan paring Roh Suci. Ora ana gunané dadi Kristen yèn Gusti Yésus ora sinalib lan ora wungu saka séda.

Nalika Gusti Yésus lagi ngandika, Yudas, panunggalané murid rolas, teka. Bareng karo Yudas iya ana wong akèh padha teka, nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong mau dikongkon déning para pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi. Yudas wis awèh tandha marang wong akèh mau, mengkéné: “Sing dakambung, yakuwi wongé. Cekelen!” Satekané ing panggonan kono, Yudas terus marani Gusti Yésus lan matur: “Sugeng dalu, Pak Guru!” Banjur ngambung Gusti Yésus. Pangandikané Gusti Yésus: “Sanak, kowé arep apa?” Wong akèh kuwi banjur padha maju sarta nyepeng Gusti Yésus. Ing kono ana salah sawijining wong sing ndhèrèkaké Gusti Yésus ngunus pedhangé, lan disabetaké marang abdiné imam agung, kena kupingé nganti perung.

Gusti Yésus nuli ngandika marang pendhèrèk mau: “Pedhangmu rangkakna menèh, sebab kabèh wong sing matèni klawan pedhang, bakal mati déning pedhang.” Apa kok kira Aku ora bisa nyuwun marang Rama-Ku, lan Panjenengané apa ora bakal sanalika ngutus malaékat luwih saka rolas bregada? (bregada: pasukan, tembungipun ing basa Indonesia: Satuan tentara). Nanging saupama mengkono, banjur kepriyé bisané kelakon apa sing wis diweca ing Kitab Suci, yèn iki kabèh kudu kaleksanan kaya sing kelakon saiki?” ( Matéus 26: 47-54 ).

Bab trékahé si Yudas, kang kasebut anak donya, anak manungsa bumi, akalé luwih canggih. Gusti naté mulang kanthi pasemon bab anggoné manungsa bumi sugih akal, kaya ing Lukas 16: 8, “Juru-gedhong mau dialem déning bendarané, merga duwé akal sing mengkono mau, sebab wong kadonyan mono yèn ngurus apa-apa, akalé ngungkuli para wong mursid.”Semono uga akalé Yudas lan wong Yahudi, luwih dhamis katoné. Yudas uga malah nggunakaké pangandikané Gusti, merga uga bisa apal. Kanggo ngyakinaké wong Yahudi, ahli Toret lan para Farisi, yèn Gusti ora bakal nggunakaké panguwasané pamungkas. Amarga bola-bali ngendika yèn kudu sengsara, bakal dicekel lan bakal séda.

Sawisé bujana bengi iku, nalika para murid liyané isih padha turu, Yudas wis gawé rancangan mateng. Anggoné bakal masrahaké Gustiné ora saka kamar lotèng papan bujana bengi iku. Nanging karancang nalika Gusti ndedonga ing taman Gètsémané. Yudas mbudidaya amrih mantebé para wong Yahudi lan Parisi kang bakal laku jahat, menawa rancangané wis katata kanthi premati.. Dené tandhané, supaya ora kleru nangkep, Yudas bakal ngambung kanthi kaurmatan marang Gusti Yésus. Sing sapa diambung Yudas, ya kuwi Gusti Yésus.

Taman Gètsémané

Rombongané wong Yahudi lan Yudas, ora kabèh mlebu taman. Wis diatur menawa mlebuné bakal nangkep Gusti Yésus, ngentèni préntah. Bareng Yudas wis uluk salam lan gawé pratandha kanthi ngambung Gusti, para sing ngentèni ana ing njaban taman diprentah mlebu. Padha nggawa obor lan penthungan, kaya patrapé arep nguyak maling. Sing dadi penggalihan utama saka Gusti, anggoné bakal ngayomi para sakabat saka seranganing mungsuh.

Gusti Yésus banjur ngendika, sing padha teka ditakoni, bakal nggolèki sapa. Malah Gusti sing ngaku dhéwé, Aku iki Yésus. Sing padha siyaga ing ngarsané Gusti kepara mundur sawetara lan malah padha tiba kelumah ing taman kono. Mangka ora dikapak-kapakaké. Kena pangaribawa panguwasa lan kapribadèné Gusti Yésus. Injil Yohanès 18: 7,8 paseksi mangkéné: Nalika Gusti Yésus ngandika: “Ya Aku iki wongé,” wong-wong mau nuli padha mundur kabèh lan tiba ana ing lemah. Gusti Yésus nuli ngambali ndangu: “Kowé nggolèki sapa?” Wangsulané wong-wong mau: “Yésus wong Nasarèt.” Pangandikané Gusti Yésus: “Aku wis kandha, Aku iki wongé. Lan menawa sing kokgolèki kuwi Aku, wong-wong liyané iki karebèn padha lunga.”

Nyata menawa sapa baé ora bakal bisa nangkep Gusti Yésus, kejaba menawa Gusti Yésus piyambak sing asrah dicekel. Sejatiné Gusti malah sing ngendhalèni lakuning panangkep mau. Kaya paring paréntah, supaya para sakabat kena sumingkir. Lan sanyatané uga mangkono. Lan Gusti masrahaké sarirané supaya dicekel. Iki pangaribawa sing gedhé dhéwé, gawé girising wong akèh kang bakal gawé siya. Amarga sadurungé wis bola bali Gusti gawé mirisé wong akèh, sejatiné mungsuhé wedi lan grogi. Penggalihé dadi wuwuh tabahé, katon kawibawané merga olèh kekuwatan saka Sang Rama, anggoné wungon ndedonga ana ing taman Gètsémané. Mulané nalika mungsuh ngadhepi, katon anggoné dadi kamiwedèn, malah tiba kelumah, malah banjur didhawuhi ngadeg manèh. Saya giris atiné nalika Gusti ngendika “ Ya Aku iki wongé.”

Senajan para murid bebas yèn bakal sumingkir, ewosemono ora banjur lunga. Padha kèlingan anggoné padha duwé janji yèn bakal ngancani Sang Guru upama ana kadadéyan kepriyé baé. Luwih-luwih Pétrus. Para murid ngira, yèn kudu mbélani Gusti kanthi laku keras. Mangka ora mangkono. Mula awal bengi kuwi, Gusti ngendika, yèn ora duwé pedhang, ngedola jubah kanggo tuku pedhang. Nanging nalika ana sing matur yèn ana sanjata lelandhep pedhang loro cacahé, Gusti ngendika, menawa kuwi wis cukup.( Lukas 6: 36-38 ). Nalika murid-murid nyawang Guruné ditangkep lan astané diiket menyang mburi kaya patrapé naleni perampok, murid matur: Apa kudu nyerang saiki ? Lukas 22: 49 - “Menapa kepareng kawula pedhang kémawon?”

Durung nganti diwangsuli déning Gusti, Pétrus ngerti anggoné abdiné Imam Agung tumindak kasar marang Sang Guru, Pétrus nuli ngayunaké sanjata lelandhepé ngener sirah, tegesé Pétrus ngangkah patiné abdi Imam sing jeneng Malkhus kuwi. Mlèsèt panebasé Pétrus, mung kena kupingé Malkhus, perung sanalika. Nanging Gusti paring dhawuh: “Pedhangmu rangkakna menèh, sebab kabèh wong sing matèni klawan pedhang, bakal mati déning pedhang.”( Matéus 2l: 52 ).

Sabanjuré, Gusti dhawuh marang para wong sing nyekel, supaya Malkhus diajokaké nyaket Gusti Yésus. Kabèh nuruti prentahé Gusti. Manèh, ing kéné katon panguwasané Gusti Yésus ngerèh mungsuh padha nurut. Mesthiné malah iketan bandan ing astané kauculan. Amarga bakal pulih waras kupingé Malkhus ditèmpèlaké manèh. Iki mujizat pungkasan sadurungé Gusti sinalib, mulihaké kupingé Malkhus. Nyondhongi piwulangé sing uwis.

Lukas 6: 27. “Nanging kowé sing padha ngrungokaké piwulang-Ku iki Dakkandhani: Padha tresnaa marang mungsuhmu; gawéa becik marang wong sing padha sengit marang kowé.

Para murid sadhar, menawa Gusti Yésus ora merlokaké pitulungané manungsa kanggo ngadhepi mungsuh. Gusti uga ngersakaké supaya para murid aja mati ing pati mubazir. Banjur para sakabat sumingkir saka kono. Dadiné apa sing diweca ing pangandikané Gusti Yésus nalika paring bujana suci, nyata kaujudan. Kaya kang katulis ing Injil Matéus 26: 31 . “Ing bengi iki uga kowé bakal padha mlayu, ninggal Aku ijèn; sebab ing Kitab Suci wis katulis: ‘Gusti Allah bakal matèni pangoné, lan pepanthané wedhus bakal buyar.’

RAHAYU WONG KANG RESIK ATINE, AWIT IKU BAKAL PADHA SUMURUP MARANG ALLAH. (Mateus 5:8).

SAKA GÈTSÉMANÉ GUSTI KAADHEPAKÉ HANAS

Jaman sugengé Gusti Yésus, panguwasa Romawi bakal gampang netepaké putusan menawa kadheseg saka pamothah lan panglawané wong Yahudi. Semono bab ukum pati, mung panguwasa Rum sing wenang. Nanging kerep banget putusan digawé, amung kanggo nahan supaya kawula Yahudi ora gawé onar lan masalah.

Ana Imam Agung loro. Hanas minangka Kepala Imam, sejatiné panguwasané wis kaungkret rong puluh taun sadurungé, kuwi uga kanggo gawé maremé Kayafas sing isih anak mantuné Hanas, sing uga gandrung dadi Ulama penting. Imam Kepala Hanas iku sumber niyat Yahudi, kang bakal nyingkiraké Gusti Yésus, lan sumber lairé pasekuthon-pasekuthon ( persekongkolan). Nalika Gusti Yésus katangkep, banjur uga digawa menyang ngarsané Sang Imam Kepala yaiku Imam Agung Hanas. Yohanès murid kang dikasihi, uga tekan ing dalemé Imam, nanging banjur gabung karo wong akèh kang baris nuju menyang ngarsané Imam Kepala. Bisa mlebu amarga Yohanès pancèn akèh kenalané ing Yérusalèm. Pétrus, sawisé misah karo Gusti ing Gètsémané, nyatané uga teka ing omahé Imam Kepala kono, ngetutaké saka kadohan, semu mlipir-mlipir. Nanging atiné kepéngin ngerti nasibé Sang Guru. Kaya pangandikaning Injil Yohanès 18: 15 Simon Pétrus lan sekabat siji liyané, padha ngetutaké Gusti Yésus. Sekabat liyané mau kenalané Imam Agung, dadi bisa terus mlebu ing pekarangané Imam Agung, bebarengan karo Gusti Yésus, nanging Pétrus ngentèni ana ing njaban régol. Sekabat kenalané Imam Agung mau nuli metu lan nembung karo wong wadon sing jaga lawang, banjur mlebu menèh karo ngajak Pétrus.

Sang Imam Kayafas, ngundang para ahli Torèt lan para Pinituwa Yahudi bebarengan anggelar pirembugan gawé katetepan. Ana putusan kang padha disarujuki, menawa Gusti Yésus bakal énggal dipasrahaké marang panguwasa Rumawi kang ana ing Yérusalèm, supaya nampa paukuman. Ing pangangkah, putusan ukum pati kanggo Gusti Yésus wis dadi sadurungé riyaya kurban ing dina Paskah. Dina gedhé Paskah, lan uga riyaya liyané, wus ana dhawuhé Nabi Musa – yèn ora kena nindakaké putusan pati lan ora kena ana putusan sing njalari kasengsaraning masyarakat.

Ana Ing Ngarepé Imam Agung

Ing kono Imam Agung nuli wiwit ndangu marang Gusti Yésus bab para sekabaté lan bab piwulangé. Gusti Yésus ngandika: “Kula selaminipun mucal wonten ing ngajengipun tiyang kathah ing sinagogé-sinagogé lan ing Pedalemanipun Allah, ing panggènan ingkang limrahipun kanggé kempalan tiyang-tiyang Yahudi. Mboten naté kula mucal sesidheman. Kénging menapa Panjenengan ndangu dhateng Kula? Mbok ndangu kémawon dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun sami mirengaken enggèn Kula mucal? Panjenengan ndangu tiyang-tiyang menika menapa ingkang Kula wucalaken. Tiyang-tiyang menika sampun sami mangertos!”

Nalika Gusti Yésus ngandika mengkono, ana salah sawijining wong jaga ing sacedhaké kono napuk Gusti Yésus karo muni: “Kokkaya ngono wangsulanmu marang Imam Agung!” Pangandikané Gusti Yésus: “Yèn atur-Ku iki salah, kandhakna endi sing salah! Nanging yèn kandha-Ku bener, apa sebabé kowé napuk Aku?” Hanas banjur akon nggawa Gusti Yésus menyang panggonané Imam Agung Kayafas. Astané Gusti Yésus dibanda. ( Yohanès 18: 19-24 ).

Ana prekara sing anèh. Gusti Yésus iku Imam Agung kang rawuh saka swarga, ya imam kang sejati, malah dadi dakwan ana sangareping imam agung kadonyan, lan bakal diadili déning panguwasa kafir, pamaréntah Romawi, sing ora wanuh Allah.

Gusti Yésus didakwa bakal mimpin pambrontakan, mung amarga kagungan murid akèh. Mangka kang kawulangaké bab rohani, dudu bab politik. Mulané Kayafas pitakon marang Gusti bab muridé lan bab piwulangé. Gusti paring wangsulan: Menawa sejatiné bab kuwi bisa ditakokaké marang masyarakat lan marang wong wong sing dadi muridé. Saupama Gusti Yésus mangsuli katrangan wijang ing ngareping pengadilan mau, ora bakal ngowahi putusan pengadilan iku. Semono uga wong akèh lan para sing ngadili ora bakal gelem diyakinaké amarga pangandikané Gusti.

Wangsulan pangandikané Gusti sing dianggep diplomatis mau, gawé nesuné sawijining pengawal. Gusti ditapuk, amarga carané mangsuli kanthi sikep mangkono. Pancèn tumindaké prajurit mau ngélingaké marang piwulangé Gusti, yèn ditapuk pipi sing kiwa, ulungna sing tengen pisan. Mesthi baé sing bisa nindakaké ya mungGusti. Akèh sing nafsir sacara harafiah, merga pancèn ora ngerti apa tegesé males tresna lan kabecikan yèn ta ditanduki piala déning liyan. Kang kawitan iki Gusti mangsuli: “Yèn gunem-Ku salah, apa luput-Ku. Nanging yèn bener, yogené kowé napuk Aku?” – Nanging marang panganiaya sabanjuré kang bakal ditampa, Gusti babar pisan ora nglawan lan ora protès.

Seksi Seksi Palsu

Para pengareping imam lan para warga Pradataning Agama kabèh padha ngudi, golèk lan gawé seksi-seksi palsu, sing njalari Gusti Yésus kena dipatrapi paukuman pati. Senajan akèh wong sing padha maju gelem dadi seksi, nanging paseksiné mau ora ana bukti-buktiné. Wusana ana wong loro sing maju, lan matur: “Tiyang menika naté mungel: Aku bisa mbubrah Pedalemané Allah lan bisa mbangun manèh sajroné telung dina.” Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yésus: “Apa kowé ora mangsuli pandakwané wong kuwi?” Nanging Gusti Yésus kèndel waé. Imam Agung banjur ngandika menèh: “Demi Allah kang gesang, saiki kowé kandhaa marang aku nganggo sumpah, apa kowé ngaku, yèn kowé kuwi Sang Kristus, Putrané Gusti Allah?” Gusti Yésus ngandika: “Inggih, leres. Wiwit samenika panjenengan badhé mirsani Putranipun Manungsa pinarak ing tengenipun Gusti Allah, Ingkang Mahakwaos, lan rawuh nitih méganing langit.” Mireng pangandikané Gusti Yésus mau, Imam Agung nuli nyuwèk-nyuwèk agemané, sarta ngandika: “Wong iki nyenyamah marang Gusti Allah! Wis ora prelu seksi menèh! Kowé kabèh padha krungu dhéwé enggoné nyawiyah marang Gusti Allah. Saiki kepriyé penemumu?” Sing didangu padha mangsuli: “Tiyang menika lepat, lan kedah dipun ukum pejah.” Gusti Yésus nuli diidoni lan diantemi déning wong-wong mau. Ana uga wong sing ngampleng Panjenengané Sang Kristus! Sapa sing ngampleng kowé?” ( Matéus 26: 59-68 )

Para pemimpining bangsa Yahudi, seneng lan tatag banget gawé seksi palsu, mula paseksiné uga rèmèh lan ora ngyakinaké. Ana uga seksi loro cacahé, sing dadi seksi bab pangandikané Gusti Yésus anggoné bakal mbangun Padaleman Suci sajroning telung dina, saupama Padaleman suci kuwi digempur. Paseksi kuwi sejatiné gunem kang ngingar-nginger tembung, molak malik fakta, bab pangandikané Gusti Yésus telung taun kepungkur ing Bait Suci Yérusalèm, sing dikersakaké sarirané piyambak. Sarirané Gusti iku Bait Allah kang sejati, amarga Rohing Allah dumunung ana ing Gusti Yésus. Pangandikané ora adhedhasar samubarang kang katon, nanging rohaniah.

Amarga ana sing paseksi kaya mangkono, Imam Agung rumangsa duwé fakta, mula nesu banget. Jaja bang mawinga-winga, ngadeg ing tengahing wong akèh, banjur nantang marang Gusti Yésus supaya nanggapi lan mangsuli paseksi bab Bait Allah iku. Ing kitab ana pangandikan: “Panjenengané dipilara, éwasemono dibetahaké tanpa nglawan, tanpa ngresula. Kaya wedhus sing arep disembelèh, mengkono enggoné kèndel ora ngandika sakecap-kecapa.”( Yésaya 63: 7 ).

Imam Agung banjur takon, apa Panjenengané iku Sang Mésias? Yèn prekara iki Gusti ora kepareng kendel terus. Menawa tansah kèndel bisa dikira yèn pancèn dudu Mésias. Mula Gusti paring pangandikan kang tandhes lan maknané jero, yèn bakal kaleksanan padha nyawang Panjenengané lenggah ing tengené Allah, lan PanjenengaNé bakal kundur bali menyang Swarga. Paring wedharan, menawa Gusti bakal jumeneng Hakim ngadili wong akèh lan bangsa-bangsa. Mula nalika nyucekaké Bait Suci, uga ngobrak-abrik pasar ing Bait Allah.

Pangandikan iki ngéram-éramaké, kewetu saka kang lagi dadi dakwan kaancam ing pidana. Pangandikan kang tumuju marang sing gawé fitnah, mangka lagi diadili. Imam Agung saya nesu. Gusti Yésus diarani nyenyamah marang Gusti Allah. “ Saiki padha ngerti anggoné ngina marang Sang Yehuwah. Kowé kabèh duwé panemu apa?”

Katulis ing Injil, mangkéné: Mireng pangandikané Gusti Yésus mau, Imam Agung nuli nyuwèk-nyuwèk agemané, sarta ngandika: “Wong iki nyenyamah marang Gusti Allah! Wis ora prelu seksi menèh! Kowé kabèh padha krungu dhéwé enggoné nyawiyah marang Gusti Allah. Saiki kepriyé penemumu?” Sing didangu padha mangsuli: “Tiyang menika lepat, lan kedah dipun ukum pejah.” ( Matéus 26: 65,66 ).

Pandakwané Kayafas, menawa Gusti iku nyenyamah marang Allah. Mula banjur ngener marang putusan ukum pati, babar pisan dudu wenangé Imam cara pribadi. Nanging kudu lumantar parepatan kang nguwohaké pasarujukan. Ewosemono, pratélan Sang Imam Agung mau banjur disarujuki baé déning para mitrané tokoh Yahudi, ahli kitab lan para Imam. Iki sing anèh !

Para tokoh sing teka lan para prajurit jaga, nyiksa, tumindak kasar lan milara Gusti Yésus, sawisé krungu penemu yèn Yésus kuwi bakal kaukum, padha ngarani yèn Gusti iku penjahat, wong ala kang gawé dosa marang agama. Mangka pengadilan resmi durung kagelar. Nanging Sang Kristus wis wiwit disiksa, diidoni, diina lan disiksa déning wong akèh. Semono iku anggoné para wong mau kepéngin gawé kamenangané para Imam. Mula, pamecané Nabi Yésayah kaujudan manèh. Yésayah 50: ayat 6. Pamecané: “Geger-Ku Dakulungaké marang wong sing nggebugi Aku, lan wong sing ngina Aku ora Dakkon meneng. Jénggot-Ku Dakulungaké wong sing njabuti lan rai-Ku Dakulungaké wong sing ngidoni.”

Kaleksanané sidang pengadilan iku ana ing sangareping gedhong, ngadhep menyang palataran kang padatan kanggo ngumpulé para budhak lan para batur lan wong cilik. Sasi April padatan mangsa bedhidhing, adhem. Mula ing palataran, ana sing gawé bedhiyang, yaiku kaya api unggun. Nah, Pétrus wis tekan kono sacedhaké geni bedhiyang. Katoné kanthi ati tatag nyawang Guruné disiksa, mbok menawa dadi upayané amrih ora konangan lan ora katut didakwa. Nanging ana budhak wadon sing nggatèkaké lan niteni, menawa Pétrus kuwi mitrané Gusti Yésus Nanging Pétrus ora ngakoni yèn dadi panunggalané Gusti. Iki sing jeneng selak.

Pétrus Nyélaki Gusti Yésus

Nalika Pétrus isih ana ing plataraning dalemé Imam Agung, ana wong wadon abdiné Imam Agung sing marani. Bareng weruh Pétrus lagi bedhiyang, abdi wadon mau namataké rainé Pétrus, banjur kandha: “Kowé rak iya muridé Yésus, wong Nasarèt kuwi ta?” Nanging Pétrus sélak. Wangsulané Pétrus marang abdi mau: “Apa kandhamu? Aku ora ngerti karepmu!” Pétrus banjur mlaku menyang gapura. Nalika semana banjur ana jago kluruk.

Abdi wadon mau banjur nyedhaki Pétrus menèh. Lan dhèwèké ngandhani wong-wong sing ana ing kono: “Wong iki rak iya muridé Yésus kuwi ta?” Nanging Pétrus sélak menèh. Durung sepira suwéné, wong-wong sing ana ing kono banjur kandha menèh marang Pétrus: “Iya, saiki kowé ora bisa mukir, kowé pancèn golongané wong kuwi, sebab kowé uga wong Galiléa!” Pétrus banjur wiwit sumpah-sumpah, kandhané: “Mbok mati ta aku. Aku ora kenal karo wong sing kokkandhakaké kuwi!” Ing wektu kuwi uga jago kluruk kaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan, yèn Gusti Yésus naté ngandika marang dhèwèké: “Sadurungé jago kluruk rambah ping pindho, kowé bakal nyélaki Aku nganti ping telu; kandha yèn kowé ora tepung karo Aku.” Mulané Pétrus banjur nangis kelara-lara. (Markus 14: 66-72 ).

Diarani déning wong menawa Pétrus iku panunggalane Gusti Yésus, nganti rambah kaping telu konangan uwong. Dheweké ora ngakoni. Banjur ngalih menyang èmpèr sisih. Nalika ana ing serambi kono, Pétrus krungu uniné jago kluruk. Rumangsane yèn mung guneman nyélaki Gusti, ora ana akibate. Bareng saya lumebu ing gedhong, olèhé nyélaki saya mandhes. Ngaku yèn ora wanuh karo Gusti Yésus. Ing wanci kuwi jago kluruk keprungu manèh. Gusti mriksani Pétrus kanthi paningal bening lan jero.

Sorot netrané Gusti, ketemu karo panyawangé Pétrus, padha sanalika luluh lemes atiné Pétrus. Kèlingan pangandikané Guru, menawa sadurungé jago kluruk kang kaping telu, Pétrus wis nyélaki Gusti Yésus ambal kaping telu. Eluhé mili nrocos nelesi pipi, sajroning ati krasa kagarit déning rasa keduwung, lan krasa banget anggoné wis nindakaké dosa, nyélaki Gusti Sang Mésias. Pancèn wis nindakaké dosa, atiné tulus rumangsa dosa kanthi panelangsa kang gawé remuk rempuning batin. Jroning ati cinipta tékad, embuh wong akèh arep ngucap apa, sing wigati Pétrus rumangsa gawé dosa gedhé, nyélaki Gusti Yésus. Banjur metu gita-gita, nangis ngguguk kaya bocah cilik. Anggoné bisa nangis merga yakin yèn Gusti kersa ngapura dosané.

Nalika Gusti mriksani Pétrus sak klébatan, Gusti priksa remuking atiné Pétrus. Lan wis paring pitulung, Pétrus dipulihaké dadi keduwung, rumangsa dosa lan sadhar marang kaluputané. Sejatiné, sing sapa dipriksani Gusti, uripé bakal kabangun satemah dadi rosa. Wong dosa kang mratobat bakal olèh pangapura. Wiwit jaman biyèn, kaya ing kitab Yésaya l: l8, Gusti Allah ngandika: “Ayo, prekara iki kita bèrèsaké. Senajan dosamu abanga kaya jingga, bakal padha dadi putih kaya salju. Senajan abanga kaya gluga, bakal padha putih kaya kapas.” Sadhar, keduwung lan martobat iku kasugihan. Yésaya 43: 25 – “Éwasemono Aku iki Allah sing ngapura dosa-dosamu; merga saka kersa-Ku piyambak Aku mbébasaké salahmu, lah Aku bakal ora ngènget-ènget dosamu menèh. Mazmur 32: 1. – “Begja wong sing ora diwajibaké déning Allah nyangga paukumané kaluputané, lan ora dhemen ngapusi. 32:3 Menawi kawula mboten ngakeni dosa kawula, manah kawula sumpek lan semplah, mila sesambat sedinten muput.

Pangadilané San Hédrin

Ésuké para pengareping wong Yahudi, para pengareping imam lan para ahli Torèt padha nglumpuk, Gusti Yésus banjur diladèkaké Predataning Agama. Wong-wong mau padha takon marang Gusti Yésus: “Kandhaa, apa kowé kuwi Sang Kristus?” Gusti Yésus ngandika: “Senajan Aku kandhaa, kowé iya ora bakal ngandel, lan senajan Aku takona apa-apa, kowé kabèh iya ora bakal mangsuli. Nanging saiki Putraning Manungsa bakal lenggah ana ing tengené Allah Kang Mahakwasa.”

Wong mau padha muni: “Yèn mengkono, apa kowé kuwi Putrané Allah?” Pangandikané Gusti Yésus: “Ya, pancèn mengkono.” Wong kabèh banjur padha muni: “Kita wis ora prelu seksi menèh! Wis padha krungu saka tembungé dhéwé.” Predata kabèh nuli padha ngadeg, lan ngirid Gusti Yésus menyang ngarsané Gubernur Pilatus. (Lukas 22: 66-71; 23: 1)

Para pinituwa Yahudi, ing pengadilané pitakon marang Gusti, apa Gusti iku Sang Mésias? – Gusti kèndel baé, ora ngendikan, mangsuli ora ana gunané. Nalika ditakoni manèh bab kalenggahané ing satengené Allah, Gusti nanggapi. Amarga kuwi wigati.

Pinituwa Yahudi takon: Apa kowé Putraning Allah? Gusti Yésus nanggapi kanthi blaka suta, menawa pancèn Panjenengané Putraning Allah. Tumanggapé wong Yahudi: “ Wis ora perlu seksi manèh, amarga kita kabèh wis krungu langsung gunem paseksiné.” - Banjur netepaké ukum pati tumrap Gusti Yésus.

Kuwi kang bakal kaajokaké marang Pamaréntah Rum, amarga sing duwé wenang ngukum pati mung pamaréntah Romawi. Padatan, bakal nuruti karepé bangsa Yahudi, supaya ora ana pembrontakan. Para pinituwa Yahudi bakal mbudidaya, supaya Gubernur Roma nuruti katetepané para Pinituwa kasebut. Senajan, kasil musyawarah wanci bengi, dianggep ora sah. Nanging kuwi kang wus dadi tékad lan akalé. Awan utawa bengi, ya kudu kuwi putusané. Pilatus kudu nyarujuki gawé putusan sadurungé tumapak Riyaya Paskah, kang kelakoné bakal dipèngeti seminggu suwené. Dina iku dina Kemis. Mula sésuk, kudu wis kelakon ana pasarujukané Pilatus. Aja nganti mlebu Sabat, amarga bakal mundur seminggu anggoné bakal ngukum Gusti Yésus, kudu sawisé riyaya Paskah.

Bisa uga yèn mundur dinané, bakal ana upaya nylametaké Gusti Yésus sajroning seminggu mangarep. Kuwi aja nganti kelakon, mangkono wong Yahudi. Mangka sejatiné wus dadi karsaning Gusti Allah, menawa Cempé kurban saka kraton swarga, bakal kasembelèh ing dina Paskah. Iki sing kudu kaleksanan.

Para pinituwa Yahudi, para ahli Torèt lan pemimpin masyarakat Yahudi, gemrudug ngirid Gusti Yésus menyang omahe Pilatus. Pengarep-arepé wong akèh, muga-muga Panguwasa Rum bisa nampa lan gelema nyarujuki kekarepané wong Yahudi. Yaiku supaya Yésus kaukum pati ing kayu salib. Kaya mangkono bangsa pilihané Gusti Allah, malah golèk pengadilan menyang bangsa lan panguwasa kafir, amrih Gusti Yésus kaukum salib kaya durjana.

Yudas Iskariot Nglampus Dhiri

Sajroning atiné Yudhas krasa lamun wis nglakoni dosa gedhé. Sekawit, Yudas ngira Gusti Yésus ora bakal karsa dicekel mungsuh. Yakin yèn bakal uwal saka bebaya, merga kagungan panguwaos.

Nanging bareng Yudhas nyipati, menawa Gusti nyata diadili, Malah bakal nampa putusan ukum salib, Mulané Yudhas duwé tékad Nemoni pinituwa Yahudi, Ian bakal kandha yèn wis nindakaké dosa Kang gedhé banget, dhuwit sing ditampa saka para pemimpin Yahudi Bakal dibalèkaké.

Nanging para pemimpin Yahudi - embuh ora weruh -, kuwi Prekarané Yudhas dhéwé karo Gurune. Yudhas banjur mbuwang Dhuwit kasilé ngedol Gusti Yésus ing ngareping sikilé pinituwa mau, Lan banjur lunga. Para pinituwa ngukup dhuwit mau, nanging ora Mlebu kaétung ing kas bendhahara, amarga luput yèn manut angger­angger Torèt. Dhuwit mau banjur kanggo tuku lemah kuburan.

Nyata pamecané Imam Ian Nabi Zakariya wis maujud. Zakariya 11: 12 Ian 13, mangkéné: “ Manawa iku kok anggep becik, Aku wènèhana opahané, Ian menawa ora iya uwis.” Tumuli Aku ditimbangaké dhuwit telung puluh sèkel selaka minangka opahku. “ Iku pasrahna marang tukang ngecor logam” - déné kèhé semono enggoné ngregani kanggo Aku.

Yudas ngira menawa Gusti Yésus ora bakal karsa séda lan sengsara temenan. Senajan wis bola-bali Gusti ngendika menawa bakal ngalami sengsara banget malah tekan séda. Sing dadi pepénginané, Gusti Yésus bakal dadi Ratu pinunjul, lan unggul. Kanthi panguwasa bisa nundhung penjajah lan gawé makmuré Israèl. Merdika saka penjajah. Anggoné tega gawé kianat, bisa uga kasurung déning kuciwaning ati.

Mula sejatiné sajroning ati keranta-ranta banget. Ngrasakaké dhiri pribadiné kaya déné numpuk dosa lan kaluputan. Semono panguwasa lan tékadé Sang Guru. Nelangsa batiné, merga nuraniné tansah nuding menawa pribadiné wis nglakoni kaluputan lan dosa gedhé. Atiné keduwung. Nanging ora banjur mratobat. Keduwungé béda karo panelangsané rasul Pétrus. Pétrus, sawisé rumangsa dosa, atiné keduwung banjur mratobat. Ngungsi marang Gusti Yésus.

Nanging Yudas, malah wuwuh gagalé. Rumangsané wis cukup lamun njaluk ngapura kaya marang manungsa. Nyatané apa sing dilakoni kuwi wis kadhung, ora bisa diowahi manèh. Yudas ora nelangsani dosané ing ngarsané Gusti Allah, kanthi pasrah marang Gusti Yésus. Malah gawé kaluputan anyar, Yudas ngendhat, nggantung nganti tekan pati. Eman banget, anggoné nunggal dadi muridé Gusti kawitané isi pengarep-arep, nanging wekasané nemahi kacintrakan kang nggares banget. Tragis !

Uwohing tumindak nasar, wekasan mati ngendhat déné jerohané nganti wutah metu amarga wetengé bengkah nalika ngendhat nglampus dhiri. Kaya dadi gegambarané ukum naraka. Kedadéyan iku mesthiné bisa kanggo kaca brenggala marang uripé titah kang gawé khianat lan ora ajrih-asih marang Gusti Allah. Supaya bisa kanggo conto, lan dadi kawigatèné saben umat manungsa.

“Inggih, leres. Wiwit samenika panjenengan badhé mirsani Putranipun Manungsa pinarak ing tengenipun Gusti Allah, Ingkang Mahakwaos, lan rawuh nitih méganing langit.” Matéus 26: 64.

PANGADILANÉ GUBERNUR ROMAWI MARANG SANG KRISTUS

Isih ésuk, Imam Agung bebarengan warganing Mahkamah Agama, wis teka ing dalemé Gubernur Pilatus, nggawa Gusti Yésus kang wus kabanda. Dilapurké, menawa Sang Kristus wus gawé kaluputan gedhé. Pinituwa lan para pemimpin Yahudi, pancèn tansah diajèni banget déning panguwasa Romawi. Amarga duwé panguwasa lan pangaribawa, yaiku duwé pengaruh kang jembar marang kawula Yahudi.Manut pranatan, Imam Agung sarta Mahkamah Agama duwé wewenang gawé putusan werna-werna sing magepokan Agama. Lan sing wenang ngadili kudu Pamaréntah Rum.

Pengajapé para pemimpin Yahudi, supaya Gubernur nyarujuki putusan lan katetepané para pemimpin Yahudi kaya padatan. Apa manèh kaselak lumebu ing wanci riaya Paskah. Kuwatiré, menawa Gubernur Pilatus ndadak nganalisa manèh sing wis ditetepaké, bisa baé putusané owah. Apa manèh lamun ngonangi katetepan pati tumrap Gusti Yésus iku sejatiné tanpa kaadilan. Upama ana prosès manèh, kaya déné ngulur wanci. Bisa uwoh akibat bebasé Sang Kristus saka tuntutan. Bakal kentekan wayah olèhé sesuci merga bakal ngayahi kaleksanané riaya Paskah.

Gubernur ndangu, kena ngapa Yésus ahlining mujizat kang élok iku diadhepaké marang Panjenengané? Wong Yahudi mangsuli, yèn ora luput kanggo apa diajokaké ! Wangsulan diplomatis, supaya Pilatus ora naliti manèh kaluputané Gusti Yésus. Nanging Sang Gubernur tetep ngugemi pranatan, kudu naliti kanggo njaga kawibawané. Gubernur pitakon , apa sejatiné sing dadi pandakwané wong Yahudi? Kuwi sawijining rekadayané Gubernur, pengajapé amrih Sang Kristus ora katetepaké kaukum pati.

Pandakwané wong Yahudi

Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur diirid saka omahé Kayafas menyang dalemé gubernur. Nalika semana isih ésuk banget. Wong Yahudi dhéwé padha ora mlebu ing dalem gubernuran, supaya (miturut prenatané agama) ora dadi najis, sebab arep padha ngriayakaké Paskah. Mulané Gubernur Pilatus metu nemoni wong-wong mau, sarta ngandika: “Wong kuwi salahé apa?” Wong-wong mau padha mangsuli: “Menawi mboten lepat, mboten badhé kula sowanaken mriki!” Gubernur Pilatus nuli ngandika menèh: “Priksanen dhéwé lan putusana dhéwé, apa ukumané miturut prenatané agamamu!” Nanging wong-wong Yahudi mau padha matur: “Kula mboten wenang ndhawahaken ukuman pejah.” Kuwi kabèh supaya kelakona apa sing wis dingandikakaké déning Gusti Yésus bab sédané. – ( Yohanès 18: 28-32 ).

Manut pandakwané wong Yahudi kang kaaturaké marang Gubernur, Gusti Yésus iku ngojok-ojoki supaya rakyat brontak marang pamaréntah.. Kadakwa dadi provokator ! Karepé Sang Pilatus, upama bener Gusti Yésus iku provokator pambrontakan, mesthiné cukup diayahi déning para intel lan mata-mata bawahané Sang Gubernur, ora perlu para Pemimpin Yahudi ndadak mèlu cawé-cawé. Yèn nyata, mesthi bakal dipidana, Gubernur Pilatus ora bakal ngetog baé?

Lukas 23: 2.( Ana ing kono wong-wong mau padha nggugat, aturé: “Kula sami sumerep, bilih tiyang menika nasaraken rakyat. Piyambakipun ngojok-ojoki tiyang, supados mboten sami mbayar pajeg dhateng Kaisar, sebab manut Piyambakipun, Yésus piyambak menika Sang Kristus.”)

Pandakwa nomer loro kaya kang katulis ing Injil Lukas 23, adhedhasar pangandikané Gusti Yésus bab mbayar pajeg. Dilapuraké menawa Gusti Yésus ngawisi para wong supaya: Aja padha mbayar pajeg. Kuwi pitenah, Gusti ora naté nglarang uwong mbayar pajeg marang pamaréntah Rum. Pangandikané Gusti ing Injil Luk 20: 5 mengkéné: “Yèn mengkono, caosna marang Kaisar apa sing dadi kagungané Kaisar, lan caosna marang Gusti Allah apa sing dadi kagungané Gusti Allah.”

Pandakwa kang kaping telu, Gusti dosa, merga ngaku jumeneng Sang Mésias. Lukas 23:2 Ana ing kono wong-wong mau padha nggugat, aturé: “Kula sami sumerep, bilih tiyang menika nasaraken rakyat. Piyambakipun ngojok-ojoki tiyang, supados mboten sami mbayar pajeg dhateng Kaisar, sebab manut Piyambakipun, Yésus piyambak menika Sang Kristus.”

Pandakwa iku, ora njalari Sang Gubernur banjur nurut baé. Amarga, kabèh mau pepénginé wong Yahudi, supaya Pilatus ngadili Yésus kanthi putusan ukum pati, mangka sing dadi dhasaré Toret, dudu angger-anggeré pamaréntah Rumawi.

Pilatus ora bisa nuruti kang mangkono. Malah mangsuli kepara duka, sarta kanthi pangandikan sing sinis. Kaya kang katulis ing kitab. Pilatus ora bisa nuruti panyuwuné wong Yahudi, sadurungé naliti lan nguji marang sing didakwa, Yaiku Sang Kristus Yésus. Senajan wong Yahudi ngarih-arih lan mbebujuk, supaya Pilatus nuruti. Kandhané wong Yahudi: “ Kula sedaya mboten kénging mejahi sok sintena.”

Pitakonané Pilatus Marang Sang Kristus

Gubernur Pilatus nuli mlebu menèh ing dalem gubernuran lan nimbali Gusti Yésus. Gubernur Pilatus banjur ndangu: “Apa kowé kuwi ratuné wong Yahudi?” Pangandikané Gusti Yésus: “Menapa pitakènan menika saking panjenengan piyambak, menapa wonten tiyang sanès ingkang ngaturi pirsa dhateng panjenengan?” Gubernur Pilatus mangsuli: “Apa rumangsamu aku iki wong Yahudi? Bangsamu dhéwé lan para pengareping imam kuwi sing ngladèkaké kowé marang aku. Apa penggawému koknganti dicekel?” Pangandikané Gusti Yésus: “Kraton Kula mboten saking donya. Menawi Kraton Kula saking donya menika, tiyang-tiyang Kula temtunipun sampun nglawan perang, supados Kula sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang Yahudi. Pancèn Kraton Kula mboten saking donya ngriki!” Gubernur Pilatus banjur ndangu menèh: “Yèn mengkono apa kowé kuwi ratu temenan?” Pangandikané Gusti Yésus: “Kados ingkang panjenengan ngandikakaken. Kula menika pancèn ratu! Prelunipun Kula lair wonten ing donya menika namung setunggal, inggih menika: neksèni bab kayektosanipun Allah. Sok tiyanga ingkang pitados dhateng kayektosan menika, mesthi mirengaken lan nggatosaken dhateng Kula.” Gubernur Pilatus nuli takon: “Kayektèn kuwi apa?” Gubernur Pilatus banjur metu menèh nemoni wong-wong Yahudi lan ngandika marang wong-wong mau: “Aku ora weruh kaluputané Wong iki! (Yoh 18: 33-38 ).

Marang pandakwa kang sepisan, sejatiné wis dadi urusan politik. Mula nalika Gusti ditakoni Pilatus, ora nanggapi negatif, lan uga ora mangsuli positif. Kuwi nalika ditakoni, apa Gusti Yésus iku Ratu ? Apa Panjenengané Sang Mésias, banjur dadi Ratu ana ing propinsi bawahan Kaisar Rumawi? Gusti Yésus kaya ganti takon marang Pilatus, Sang Gubernur kepéngin ngerti sejatining kabeneran, apa mung bakal mbuktèkaké sepira tulus jujuré sing padha ndakwa? – Gusti nanggapi mangkono merga priksa menawa Pilatus ora pati katarik marang kabeneran kang sayekti.

Pangandikané Gusti marang Gubernur Pilatus, sejatiné mratélakaké kamulyaning sipat rohani, amarga Kratoné Gusti kang sipat Rohani uga. Upama Kratoné Gusti sipat politis, dudu kraton rohani, mesthi bakal ana kawulané Gusti Yésus kang bakal mbélani perang nggunakaké sanjata lelandhep. Gusti priksa, menawa Pilatus butuh wangsulan kang tegas. Nanging pangandikané Gusti nukulaké pangertèn mangro, lan ora gampang ngadili kaluputané Gusti Yésus. Gusti kanthi wijang nerangaké bab: Kratoné, bab asal-usulé, lan bab panguwasané lan papané kraton, ora ana ing ndonya iki.

Pitakoné Pilatus, kaya ngapa lan sing endi sing jeneng kabeneran sejati iku? Kepéngin ngerti sing bener kuwi kepriyé? Apa cara Yunani kang ibadah marang kang sarwa éndah? Apa caraRomawi kang duwé sesembahan dhéwé? Apa cara Yahudi kang nyembah marang Gusti Allah, Roh kang ora katon? Apa kabeneran kuwi Sang Kristus dhéwé, sing ngaku menawa tekané saka swarga kanggo mujudaké bebener? Sang Gubernur takon bab kayektèn, yaiku kabeneran sejati. Nanging ora ngenteni wangsulané. Ing jaman saiki uga akèh sing sikepé kaya Pilatus. Padha takon bab “kabeneran” nanging mung butuh kawruhé. Mung supaya ngerti apa katrangané. Mulané padha ora nemu sing jeneng “kabeneran sejati” iku. Gusti Yésus naté ngendika, kaya ing Yohanès 8:31, 32. “ Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong Yahudi, sing padha precaya marang Panjenengané: “Kowé kuwi nyata dadi murid-Ku, yèn kowé padha nglakoni piwulang-Ku. Nuli kowé bakal nglakoni kersané Allah, lan srana mengkono kowé dadi wong merdika.”

Sawisé naliti lan nakoni Gusti Yésus, Pilatus kandha marang wong-wong Yahudi: “Aku ora nemokaké kaluputané kang njalari Yésus iki pantes kaukum pati.” Akèh wong sing ngira menawa garwané Gubernur Pilatus wis gawé pengaruh marang kakungé, supaya Pilatus mihak marang Gusti Yésus. Pilatus paseksi kanthi blaka suta.

Wong Yahudi isih golèk pawadan manèh, mula mratélakaké pandakwa kaya kang katulis ing Injil Lukas 23: 5 - Nanging wong-wong mau padha ngangseg, aturé: “Srana piwulangipun, tiyang menika ngojok-ojoki dhateng tiyang satanah Yudéa sedaya kapurih mbaléla, kawiwitan saking tanah Galiléa, lan samenika sampun dumugi ing ngriki.”

Wong Yahudi nyebut laladan Galiléa, supaya bisa dadi lelandhesaning putusan ukum pati déning Gubernur Pilatus. Wilayah Galilea disebut-sebut, Pilatus banjur mréntah supaya Yésus kajokaké menyang Raja Hérodès sing nguwasani Galiléa. Kang nalika iku uga ana ing Yérusalèm.

Rada gela wong Yahudi, nyebut Galiléa malah nukulaké saya ngundur wektu, nyuwèn-nyuwèni. Mangka kaselak mlebu dina Riyaya, malah Gusti Yésus kudu kaadhepaké marang Hérodès. Pilatus ngira, menawa Gusti Yésus diajokaké menyang Hérodès bakal “nglepas” tanggung jawabé marang wong Yahudi, sarta bisa uwal saka nuraniné dhéwé kang ngugemi ing kanyatan, yèn Gusti Yésus ora tinemu luput. Kanthi mangkono, uga supaya nyata maujud menawa Pilatus bisa ngayahi tanggung jawab bebarengan, kanggo nyasapi anggoné adu kuwasa ing Israèl. Ateges isih nduwèni rasa pitaya marang Sang Hérodès dadi bukti yèn bisa gotong royong. Sabab ing wanci kepungkur, sakaroné memungsuhan, udur bab panguwasa.

Kasil pambudidayané, satemah Pilatus lan Hérodès wiwit wektu kuwi dadi mitra, padha-padha bawahané Kaisar Romawi. Nanging pilatus gagal gawé tentreming atiné dhéwé, lan gagal uga olèhé nentremaké wong Yahudi.

Gusti Yésus Kaladèkaké Marang Raja Hérodès

Bareng Gubernur Pilatus mireng aturé wong-wong mau, nuli ndangu: “Apa wong iki asalé saka tanah Galiléa?” Bareng pirsa, yèn Gusti Yésus kuwi asalé saka daérah wewengkoné Sang Prabu Hérodès, panjenengané nuli utusan ngirid Gusti Yésus marang Sang Prabu, sing nalika semana pinuju ana ing kutha Yérusalèm. Sang Prabu Hérodès bareng pirsa Gusti Yésus, bungah banget, sebab wis kepara suwé midhanget pawartané, mulané kepéngin pirsa dhéwé, malah uga ngarep-arep bisaa pirsa olèhé nindakaké mujijat. Mulané Sang Prabu Hérodès ngajokaké pitakonan akèh marang Gusti Yésus, nanging Panjenengané ora kersa ngandika babar-pisan. Para pengareping imam lan para ahli Torèt uga padha sowan ana ing kono, sarta padha nggugat Gusti Yésus srana pandakwa sing abot. Gusti Yésus digawé geguyon lan dipoyoki déning Sang Prabu Hérodès lan para prejurité. Gusti Yésus nuli diagemi ageman keprabon, nuli diirid bali menyang ngarsané Gubernur Pilatus. Wiwit dina kuwi uga Sang Prabu Hérodès lan Gubernur Pontius Pilatus, sing mauné padha sesatron, padha memitran menèh.(Lukas 23: 6-12 )

Hérodès seneng atiné, déné Pilatus ngajèni lan nganggep panguwasané. Mula dadi memitran becik. Saliyané iku, Hérodès bisa ketemu weruh Sang Yésus Kristus adhep-adhepan. Sabab asmané wis kondhang saindhenging tlatah kuwasané, nanging Hérodès durung tau kelakon ketemu Gusti Yésus. Kepéngin weruh mujizat sing wis kawentar.

Nalika ditliti lan ditakoni, Gusti babar pisan ora mangsuli pitakoné Hérodès. Yohanès Pambaptis wus kapunggel suwarané déning Hérodès, wis dipatèni ditigas guluné déning Hérodès. Emut sing kaya ngono Gusti Yésus ora kewran ing paningal sarta penggalihé. Mulané Putraning Allah ora bakal mangsuli sarta ora bakal ngendika apa-apa Hérodès ngira, apa iki tanginé Yohanès kang ditigas guluné ? Apa urip manèh?

Hérodès ngolok-olok lan memoyok marang Gusti Yésus, merga ora kersa mangsuli pitakoné. Anggoné ngina, bebarengan karo para pasukané, malah ana jubah pakurmatan, diagemaké marang Gusti. Nanging kuwi ngemu teges ngécé lan ngina. Kanthi mangkono, Gusti dibalèkaké menyang Pilatus, tanpa ana putusan saka Hérodès.

Sang Pilatus Gagal Milujengké Sang Kristus

Gubernur Pilatus nuli ngumpulaké para pengareping imam lan para pemimpin, apa déné rakyat, nuli ngandika marang wong-wong mau: “Kowé padha ngladèkaké wong iki marang aku, lan kowé kandha yèn wong iki nasaraké wong akèh. Wong kuwi wis dakpriksa ana ing ngarepmu, nanging mungguh ing aku, aku ora nemokaké keluputan sing kokgugataké. Semono uga Sang Prabu Hérodès, sebab panjenengané uga wis ngirim Yésus iki bali mréné. Wong iki ora nglakoni apa-apa sing patut diukum pati. Mulané wong iki mung arep dakgebugi, banjur dakluwari.” [Wis dadi padatan, saben Riaya Paskah Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman siji sing disuwun déning rakyat.] Wong akèh sing ana ing kono padha bengok-bengok: “Tiyang menika kasirnakna. Kula nyuwun luwaripun Barabas.” (Barabas kuwi dikunjara, merga enggoné brontak ana ingkutha lan matèni wong.) Sarèhné Gubernur Pilatus kepéngin ngluwari Gusti Yésus, mulané Panjenengané ndangu sepisan menèh marang wong akèh mau. Nanging wong akèh mau padha bengok-bengok: “Dipun salib kémawon! Dipun salib!” Gubernur Pilatus nuli ngaping teloni, enggoné ndangu marang wong akèh mau, pangandikané: “Nanging salahé apa? Aku ora nemokaké luputé wong iki, sing patut dipatrapi paukuman pati! Wong iki arep dakgebugi, nuli dakluwari.” Nanging wong akèh mau malah padha bengok-bengok sarosané, yèn Gusti Yésus kudu disalib. Pungkasané wong akèh mau menang. Gubernur Pilatus nuli mutusaké ukuman pati, kaya sing dikarepaké déning wong-wong mau. Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman sing padha disuwun, yakuwi Barabas, wong sing dikunjara, merga kesangkut pembrontakan lan matèni wong. Gubernur Pilatus nuli masrahaké Gusti Yésus marang wong akèh mau, supaya dipatrapi manut sakarepé. (Lukas 23: 13-25 ).

Sing padha kautus Hérodès matur marang Pilatus menawa ora ana kaluputan kang pantes lamun Sang Kristus kaukum pati. Pengarep-arepé Pilatus, muga muga rakyat Yehuda mbiyantu Pilatus, bakal mbatalaké katetepané enggoné padha bakal ngukum pati marang Gusti Yésus. Ing batin, Pilatus bakal nylametaké Sang Kristus.

Kapribadèné Pilatus kaya mangro tingal, dadi munafik. Mratélakaké yèn Gusti Yésus ora duwé kaluputan. Nanging atiné bakal gawé senengé Pinituwa lan pemimpin Yahudi. Sawisé paseksi yèn tanpa kaluputan ing sugengé Sang Kristus, Pilatus isih saguh ndhawuhaké ukum sabet, ukum cambuk utawa ukum sesah. Kuwi amrih wong Yahudi bisa mendha pangamuké. Pilatus kuwatir bab nesuné wong Yahudi. Awal bobroking kapribadèné Pilatus, merga olèhé mangro tingal, munafik.

Mangsa Riyaya Paskah, padatan, Pilatus mènèhi bonus. Mènèhi hadiah marang bangsa Yahudi, arupa “Pilatus mbébasaké tawanan wong Yahudi. Olèh kebébasan “. Wong Yahudi dadi seneng. Bab kuwi bakal dicoba déning Pilatus, supaya wong akèh nyawang sengsarané Gusti Yésus, yèn runtuh welasé bakal njaluk luwaré Gusti Yésus.

Nalika ana tawanan sijiné sing jeneng Barabas uga diunggahaké ing ngarepé wong akèh, supaya dipilih. Barabas kuwi dianggep pembrontak, kalebu penjahat gedhé ing wawasan angger-angger Roma. Mesthiné rakyat bakal nglilakaké Barabas sing diukum, lan bakal milih Sang Yésus kang diluwari. Pilatus njaluk pepesthèn, sapa sing kudu diluwari ing dina Riyaya iku.

Sajroning atiné Pilatus ana pétung, wong Yahudi ora bakal milih Barabas luwar, merga dhèwèké tukang matèni wong. Mesthi bakal milih Yésus, Rabi kang salèh iku. Apa manèh wong akèh padha weruh mujizat lan kaélokan sarta pitulungan marang wong lara pirang-pirang. Mesthi padha milih Gusti Yésus kang kudu diluwari. Uga kèlingan bab panduwané ingkang garwa Sang Pilatus, sajroning pangipèn, kaya ana wisik yèn Gusti Yésus iku wong kang ora luput, suci lan bener. Mula kakungé disuwun aja gawé putusan sing nyilakani wong suci kuwi.

Garwané Sang Pilatus Atur Pamrayoga

Gubernur Pilatus nuli ngumpulaké para pengareping imam lan para pemimpin, apa déné rakyat, nuli ngandika marang wong-wong mau: “Kowé padha ngladèkaké wong iki marang aku, lan kowé kandha yèn wong iki nasaraké wong akèh. Wong kuwi wis dakpriksa ana ing ngarepmu, nanging mungguh ing aku, aku ora nemokaké keluputan sing kokgugataké. Semono uga Sang Prabu Hérodès, sebab panjenengané uga wis ngirim Yésus iki bali mréné. Wong iki ora nglakoni apa-apa sing patut diukum pati. Mulané wong iki mung arep dakgebugi, banjur dakluwari.” [Wis dadi padatan, saben Riaya Paskah Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman siji sing disuwun déning rakyat.] Wong akèh sing ana ing kono padha bengok-bengok: “Tiyang menika kasirnakna. Kula nyuwun luwaripun Barabas.” (Barabas kuwi dikunjara, merga enggoné brontak ana ingkutha lan matèni wong.) Sarèhné Gubernur Pilatus kepéngin ngluwari Gusti Yésus, mulané Panjenengané ndangu sepisan menèh marang wong akèh mau. Nanging wong akèh mau padha bengok-bengok: “Dipun salib kémawon! Dipun salib!” Gubernur Pilatus nuli ngaping teloni, enggoné ndangu marang wong akèh mau, pangandikané: “Nanging salahé apa? Aku ora nemokaké luputé wong iki, sing patut dipatrapi paukuman pati! Wong iki arep dakgebugi, nuli dakluwari.” Nanging wong akèh mau malah padha bengok-bengok sarosané, yèn Gusti Yésus kudu disalib. Pungkasané wong akèh mau menang. Gubernur Pilatus nuli mutusaké ukuman pati, kaya sing dikarepaké déning wong-wong mau. Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman sing padha disuwun, yakuwi Barabas, wong sing dikunjara, merga kesangkut pembrontakan lan matèni wong. Gubernur Pilatus nuli masrahaké Gusti Yésus marang wong akèh mau, supaya dipatrapi manut sakarepé. Pilatus nuruti karepé wong akèh, Barabas diluwari, lan dhawuh supaya Gusti Yésus disiksa, sabanjuré dipasrahaké supaya disalib. ( Matéus 27: 19-26 ).

Sang Pilatus kena pengaruh impèné ingkang garwa. Nyata bingung lan sejatiné was-was. Pikirané Pilatus, padha karo saben manungsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, padha karo batiné manungsa kang ora duwé rasa wedi asih marang Gusti Allah, banjur golèk kepénaké dhéwé. Kemresik-resik, suthik lamun didakwa njalari dadi lan sédané Sang Kristus. Sajroning pendhapa sidhang Gubernuran, saya akèh bukti bakal ènthèngé Gusti Yésus nampa putusan. Kosok baliné ing palataran, para ahli kitab, para pinituwa Yahudi lan para ulama mropokasi lan ngojok-ojoki rakyat, menawa Yésus iku penjahat sing luwih gedhé katimbang Barabas. Amarga anggoné ngaku dadi Putraning Allah. Ngaku Sang Mésias, lan madhakaké karo darajating Allah.

Mula wong Yahudi milih sing diluwari: Barabas. Lan marang Gusti Yésus, panjerité wong Yahudi: Yésus kasaliba, kasaliba ! – Kuwi ora gawé maremé Pilatus, sejatiné nurani krasa yèn sidhang kuwi tanpa kaadilan, nanging Pilatus tetep mangro tingal lan kemresik-resik. Mangka wong akèh padha mbengok: “ YÉSUS KASALIBA, KASALIBA YÉSUS !!”

Ing kitab Injil Lukas 23: 22, ana tinulis pitakoné Pilatus marang wong akèh, anggoné bakal isih mbélani Gusti Yésus. Gubernur Pilatus nuli takon sing kaping telu, marang wong akèh mau, pangandikané: “Kadursilan apa sing wis ditindakaké déning wong iki? Nanging salahé apa? Aku ora nemokaké luputé wong iki, sing patut dipatrapi paukuman pati! Wong iki arep dakgebugi, nuli dakluwari.” Kuwi upayané Pilatus bakal nylametaké Gusti Yésus kang kaping teluné. Digebugi thok, banjur luwar.

Nanging kuwi uga ditulak déning wong Yahudi. Amarga para pinituwa wis nyekoki ala. Pilatus ngira wong Yahudi bakal wis marem yèn weruh Yésus digebugi. Lan mbatalaké anggoné ngajokaké putusan ukum salib mau. Sing dadi prekara dudu kuwi, nanging nyata menawa Pilatus mung dadi alaté wong kang emosi tur ora wanuh kaadilan. Ora wani mbélani wong kang tanpa dosa, amarga miris marang wong akèh.

Ana ngarepé wong akèh, Pilatus wijik. Ngresiki tangané. Dadi pratélan yèn Pilatus ora tanggung jawab bab “ darah suci” kang bakal wutah lamun sinalib mengkoné. Nanging wong Yahudi kanthi sora padha mbengok: “Walating darah suci menika katindhihna ing gesang kawula lan anak turun kawula !”

Pilatus banjur ngluwari Barabas.Gusti Yésus dipasrahaké marang wong Yahudi.

Sang Kristus Dipoyoki

Wong akèh mau nuli mangsuli bebarengan: “Inggih, kersanipun kula lan anak-anak kula ingkang nyanggi paukumanipun.” Pilatus nuruti karepé wong akèh, Barabas diluwari, lan dhawuh supaya Gusti Yésus disiksa, sabanjuré dipasrahaké supaya disalib. Para prejurité Pilatus banjur ngirid Gusti Yésus mlebu gedhong gubernuran, nuli padha nglumpuk saubengé Gusti Yésus. Jubah agemané Gusti Yésus dijupuk, diganti jubah wungu. Prejurit-prejurit mau nuli gawé makutha saka caranging wit-witan sing ana eriné. Makutha eri mau nuli diagemaké ing mestakané Gusti Yésus. Para prejurit mau nuli njupuk teken, dicepengaké ing astané Gusti Yésus sing tengen. Sawisé kuwi banjur padha sujud ing ngarsané, karo moyoki Panjenengané: “Ngaturaken kasugengan, ratunipun tiyang Yahudi!” Prejurit-prejurit mau padha ngidoni Gusti Yésus, njupuk teken sing diasta déning Panjenengané, lan digebugaké ing mestakané. Sawisé rampung enggoné nyenyamah, jubah wungu sing diagemaké Gusti Yésus disalini agemané piyambak menèh, banjur diirid metu, arep disalib. ( Matéus 27: 25-31 ).

Ing angger-angger Yahudi, yèn wong bakal kasalib kuwi digebugi lan disabet luwih dhisik kaping telung puluh sanga sabetan. Bangsa Romawi luwih kejem manèh, amarga nyabeti pesakitan mau kanthi pecut sing upat-upaté ditancepi timah paku kang landhep, mula bisa gawé kurban lan akèh sing nganti mati disabet.

Prajurit Rum, narik Gusti Yésus lan ngolok-olok. Gusti kanggo dolanan, merga padha krungu menawa Panjenengané disebut Ratuning wong Yahudi. Gusti diagemi jubah ungu, lambang kawibawan. Nanging disabeti ana ngarepé wong akèh lan dipepoyok kaluwih-luwih. Merga anggoné krungu yèn Panjenengané Raja. Isih ana pangina liyané, ana oyod-oyodan eri dienam, kaya déné ujud makutha raja. Lan makutha eri kuwi dipasang kanthi kasar, ditumpangaké ing mustakané Gusti Yésus. Gusti Yésus diagemi makutha eri kang landhep lancip. Banjur digawèkaké teken saka wuluh, dadi tekené Sang Kristus kang diina merga ngaku dadi Rajaning Wong Yahudi. Karo mbengok ngécé: “ Ratuning Yahudi, jaya! – Hidup Raja Yahudi. “ Bola-bali tekené kuwi disaut prajurit banjur kanggo nyabet Gusti Yésus, sarta pasuryané Gusti bola-bali diidoni.

Rékadaya Pungkasan Kepéngin Nulungi Sang Kristus

Gubernur Pilatus nuli metu sepisan menèh lan ngandika marang wong akèh mau: “Delengen, Wongé arep dakgawa ana ing ngarepmu, supaya kowé padha weruh; yèn miturut panemuku Wong kuwi ora salah apa-apa.” Gusti Yésus nuli digawa metu, diagemi makutha eri lan jubah wungu. Gubernur Pilatus nuli ngandika: “Delengen, iki Wongé!” Bareng para pengareping imam lan para wong sing jaga padha weruh Gusti Yésus, banjur padha bengok-bengok: “Kasaliba, kasaliba!” Gubernur Pilatus ngandika marang wong akèh mau: “Gawanen lan saliben dhéwé. Manut panemuku Wong kuwi ora salah apa-apa.” Wangsulané wong Yahudi: “Manut angger-anggering agami kula, Tiyang menika kedah dipun ukum pejah, sebab piyambakipun ngaken-aken Putranipun Allah.” Bareng Gubernur Pilatus krungu tembungé wong-wong sing mengkono mau, panjenengané saya wedi. Gubernur Pilatus banjur mlebu menèh ing dalem gubernuran lan takon marang Gusti Yésus: “Asalmu saka ngendi?” Nanging Gusti Yésus ora kersa mangsuli. Gubernur Pilatus banjur takon menèh: “Apa kowé ora gelem caturan karo Aku? Ngertia yèn aku wenang ngluwari kowé, nanging uga wenang nyalib kowé.”

Pangandikané Gusti Yésus: “Panjenengan babar-pisan mboten gadhah wewenang dhateng Kula, menawi mboten kaparingan pangwaos saking Gusti Allah. Milanipun tiyang-tiyang ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, menika dosanipun langkung ageng ketimbang kaliyan dosa panjenengan.” Bareng Gubernur Pilatus krungu sing mengkono mau, panjenengané banjur ngudi supaya bisa ngluwari Gusti Yésus. Nanging wong-wong Yahudi saya banget enggoné nguwuh-uwuh: “Menawi panjenengan ngluwari Tiyang menika, panjenengan sanès mitranipun Kaisar. Tiyang ingkang ngaken dirinipun ratu menika mengsahipun Kaisar!” Krungu wong padha muni mengkono, Gubernur Pilatus nuli dhawuh, supaya Gusti Yésus digawa metu, panjenengané nuli lenggah ana ing kursi pengadilan, sing karan Gabata, tegesé ‘Jrambah Watu.’ Nalika semana wektuné mèh jam rolas awan, ngarepaké Riaya Paskah. Gubernur Pilatus nuli ngandika marang wong-wong Yahudi: “Iki Ratumu!” Wong mau banjur padha bengok-bengok: “Dipun pejahi! Dipun pejahi! Kasaliba!” Gubernur Pilatus mangsuli: “Apa karepmu supaya aku nyalib Ratumu?” Para pengareping imam padha mangsuli: “Kula mboten gadhah Ratu, kejawi Sang Kaisar!” Gubernur Pilatus banjur masrahaké Gusti Yésus marang wong-wong Yahudi, supaya disalib. Gusti Yésus nuli diirid metu, digawa lunga. (Yoh 19: 4-16 ).

Pilatus isih ngupaya ngyakinaké wong Yahudi, yèn Gusti Yésus ora kagungan kaluputan. Kanthi mangkono Pilatus malah didakwa yèn mbélani Yésus. Lan ora pantes dadi pejabat kang pinercaya déning Kaisar Rum. Apa Sang Pilatus bakal gawé khianat marang Romawi? Mangkono wong Yahudi anggoné mojokaké atiné Pilatus.

Wong Yahudi ngugemi kanalarané. Sing sapa ngaku dadi Putraning Allah, madhakaké dhiriné kaya Gusti Alah, kuwi nyawiyah. Menghujat! Kuwi kudu diukum.

Pilatus isih ngudi amrih Gusti Yésus mangsuli blaka apa anané, supaya bisa diluwari. Amarga Pilatus kaya dadi kunci “lepas luwaré” Gusti utawa sida lan orané Panjenengané kaukum salib. Panguwasa ana ing tangané Pilatus. Nanging Gusti Yésus kanthi tegas ngendika: “ Sampéyan ora kagungan panguwasa kanggo nglawan Aku. Kejaba yèn diparingaké saka ngaluhur. Lan wong kang masrahaké Aku marang Gubernur, dosané luwih gedhé.”

Pangandikan iki kawiyos, amarga Pilatus disasaraké déning Imam Agung kang masrahaké Panjenengané. Lan Imam Agung disasaraké déning atiné dhéwé kang adigang, adigung adiguna bab agama. Katoné becik niyaté Pilatus, nanging mung mandheg ana ing kompromi lan mangro tingal, luput lan bener dadi campur adhuk. Sikepé munafik.

Ruwet banget pikirané Pilatus. Sasisih ngerti yèn Gusti Yésus kagungan panguwasa nglawan kadursilan. Sasisih kaancam para wong Yahudi yèn ngantiya ngluwari Gusti Yésus. Akibaté, Pilatus ora nindakaké kaadilan. Bisa uga sesambungané karo Kaisar ora becik, amarga Pilatus kerep nindakaké kang ora samestiné. Ora tinarbuka apa kang ditindakaké, Kaisar bisa uga ora ngerti alang ujuré yèn ana prekara ing Yéhuda. Bisa uga, Pilatus uga wis dirancang digawèkaké layang pamecat.

Mula, bab Gusti Yésus Pilatus uga lapur apa anané, nanging yèn nganti ngluwari Gusti Yésus, wong Yahudi bakal nglapuraké menawa Pilatus gawé khianat marang Kaisar. “ Yèn ngluwari Yésus, panjenengan sanes sahabat kaisar”- Yahudi ngancam.

“ Sawangen ratumu !” – Pilatus narik Gusti saka tengahing pengawalan, supaya disawang wong Yahudi, temah mrenthul welasé marang Gusti Yésus. Kuwi sawijining upaya manèh amrih Pilatus bisa ngluwari Yésus, disarujuki wong Yahudi. Nanging para pemimpin Yahudi tetep ndakwa menawa Gusti Yésus wis gawé kaluputan gedhé. Pilatus pitakon: “Apa aku kudu ngukum salib marang Ratumu?- Wangsulané wong Yahudi: “ Kula mboten gadhah Ratu kajawi namung Kaisar !” - Kanthi pitembungan kaya iku, ateges wong Yahudi ora precaya menawa Gusti Yésus iku turun Dawud, lan ora ngandel yèn Sang Mésias iku Gusti Yésus. Panjenengané iku dianggep dudu Sang Al-Masih. Kuwi wis disélaki déning wong Yahudi. Purw Dum 49:10 Yéhuda bakal nyekel pangwasané keprabon, turuné bakal ana sing dadi raja ing selawas-lawasé. Bangsa-bangsa bakal padha saos bulu-bekti marang dhèwèké, sarta nyembah lan sujud ana ing ngarepé.” - Pameca iki ngener marang Gudti Yésus, nanging wong Yahudi pancèn ora ngandel utawa pancèn ora ngerti sing bener. Senajan ngaku dadi ahli kitab suci.

Pilatus ora duwé pilihan liya, satemah gawé kaluputan anyar, merga wedi marang pangancam. Pilatus banjur masrahaké Gusti Yésus supya kaukum salib. Para pangiring sing njaga, nyandhak Gusti Yésus manèh banjur diglandhang lumaku karo nerusaké olèhé gawé pamoyok lan ngolok-olok. Pra prajurit nyopot -jubah ungu – disalini agemané Gusti Yésus piyambak, banjur kadabyang metu, nuju papan paukuman salib menyang gunung Pacumplungan.

Sajroning sejarah, Pilatus kacathet dadi wong sing degil, keras kepala. Kuwi amarga anggoné bola bali nduwa karepé golongan Yahudi. Lan katon menawa saka rékadayané Pilatus, bakal mbébasaké Gusti Yésus. Débat karo pemimpin Yahudi bab Gusti Yésus, malah uwoh disujanani, déné mratélakaké menawa sing padha meksa paukuman pati marang Sang Kristus kuwi ora adil.

Pasrahé Pilatus marang wong Yahudi supaya Gusti Yésus disalib, kuwi sejatiné netepi sabdaning Allah. Lan uga pangandikané Gusti piyambak, menawa sawisé séda sinalib Gusti bakal kamulyakaké. Injil Yohanès 3: 14-16, Nalika ana ing ara-ara samun Nabi Musa manjer ula tembaga ana ing kayu, iya kaya mengkono Putrané Manungsa bakal dipanjer ana ing kayu, supaya saben wong sing precaya marang Panjenengané ngalami urip sing sejati. Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng.

GUSTI YÉSUS PINENTHANG ING KAYU SALIB

“Gubernur Pilatus banjur masrahaké Gusti Yésus marang wong-wong Yahudi, supaya disalib. Gusti Yésus nuli diirid metu, digawa lunga. 17. Sawisé kuwi Gusti Yésus digawa metu saka dalemé Gubernur Pilatus, karo manggul salibé, menyang panggonan sing aran Golgota, tegesé ‘Panggonan Cumplung.’ *Cumplung: tengkorak (bhs. Ind.)* Yohanès 19: 16.

Iki kawitaning sejarah anyar ing sugengé Gusti Yésus ing bumi. Nalika kudu ngangkat paukuman merga dosané wong akèh. Iki pakaryan “nebus lan ngrembat dosaning jagad” – kang kudu tinebus srana rah lan nyawa. Kasengsaran luwih abot katimbang nalikané dipriksa kawitan ing Yérusalèm déning para panguwasa. Kekarepané wong Yahudi kaleksanan. Dina iku padha nyawang, ahlining nindakaké mujizat kudu lumaku kesayahan lan sempoyongan ana ngarepé para kawula Yehuda. Tindaké Gusti Yésus kanthi mancuring ludira suci, getih suci. Mangkono anggoné dadi CEMPÉ KRATON SWARGA, kang pinaringaké dadi kurban panebusing dosa, demi kanisthan lan kadursilaning umat manungsa marang Gusti Allah. Tindak slèyoran, ing lurunging kutha mikul salib. Bab ngelingaké marang kita kabèh, leluhur Iskak Putrané Rama Abraham kang kudu nggawa kayu obong kang bakal kanggo mbakar kurban pamundhuté Gusti Allah dhèk semana, yaiku Iskak dhéwé. Saiki maujud ing Gusti Yésus, CEMPÉ KRATON SWARGA kang dipralambangaké “ wedhus ing gunung Moria kanggo gantiné Iskak,” - Gusti Allah nyawisi kurban panebusing dosa.

Purw. Dum 22: 3. “Ésuké umun-umun Abraham banjur nglapaki kuldiné, ngajak abdi loro lan anaké, Iskak, karo nggawa kayu sing wis disigari, sing arep kanggo saos kurban obongan. Banjur padha budhal mlaku menyang panggonan sing didhawuhaké déning Gusti Allah.” - Iki maujud ing Gusti nalika manggul salib.

Gusti Ngangkat Salib, Tindaké Sempoyongan

Sawisé rampung enggoné nyenyamah, jubah wungu sing diagemaké Gusti Yésus disalini agemané piyambak menèh, banjur diirid metu, arep disalib. Ana ing dalan sing metu saka kutha, para prejurit sing ngirid Gusti Yésus mau kepethuk wong sing jenengé Simon, asalé saka Kiréné. Simon mau dipeksa déning para prejurit manggul salibé Gusti Yésus. ( Matéus 27: 31-32 ).

Kasengsaran sacara rohani lan jasmani, nyerang Gusti Yésus kaya kinroyok sayuta dhuhkita. Mula tindaké mikul salib uga krasa dadi momotan sing nyengsarakaké banget. Wiwit ditangkep ing Gètsémané, Gusti durung saré saliyepan baé durung. Didabyang lan astané dibanda, digawa menyang pengadilané Kayafas, digawa menyang pengadilané Pilatus, digawa menyang kedhatoné Hérodès, bali manèh menyang kedhaton Gubernuran Pilatus. Jumeneng ing pengadilan lan tindaké suwé banget, karo nampa pangecé, pangina, digebug, disabet, ditapuk, diidoni pasuryané, darahé trocosan. Prajurit Romawi milara, nancepaké makutha eri ing mustaka. Kasengsaran kang tumpuk undhung, njalari nalika ngangkat salib ing Via Dolorosa, nyata nandhang kesayahen. Sang Sabda manjalma dadi Cempé Kraton Swarga, nyata dadi insané sejati, uga sengsara.

Kasengsaran rohani jasmani kang nglebur luluh sipat lembah manah, dadi sulayah lan kesayahen banget. Kaya bakal nglebur katulusan alusing penggalih, ngrusak sipat welasan sarta kaya bakal nglebur Gusti kang tansah nandukaké Katresnan sejati.

Dilabuhi kaya mangkono, mesthi baé banjur ènget, anggoné Yudas Iskariot gawé khianat. Enget nalika disélaki déning Pétrus, jaré ora wanuh karo Panjenengané. Emut anggoné para murid padha pasulayan batin merga saingan rebut ngarep, sapa sing pinunjul dhéwé. Lan sanyatané saka taman Gètsémané nalika Gusti ditangkep mungsuh, kabèh padha lumayu sumingkir, luru pandhelikaning badan.

Nalika iku, isih sambung sumambung gilir gumanti kasengsaran kang kudu dilakoni. Binarung sacara insani ( Elinga Gusti Yésus jumeneng Al Masih, dadi manungsa sejati, kang jangkep kaya sejatining manungsa), Gusti uga ngraosake luwé, ngelak lan sayah sarta raos sakit lan perih, kaya sejatining manungsa. Insani nyata sengsara banget, sanajan Ka-Alahané tetep ngregem panguwaos ing swarga lan ing bumi. Tindaké niba tangi, ngluwihi tikel tekuk katandhing nalika digodha déning Iblis ing ara-ara samun. Sacara insani, ujian kaya kuwi ya Gusti piyambak sing bisa ngangkat.

Ana pengawal prajurit papat cacahé kang ngirit Gusti menyang Golgota. Prajurit mau banjur mréntah Simon Kiréné mbiyantu Gusti Yésus mikulaké salib tekan papan pacumplungan, Gunung Golgota. Nalika semana, yèn ora dipeksa ora bakal ana sing gelem kanthi rilaning ati, mikulaké salibé wong kang bakal kaukum. Amarga sesambungan karo pesakitan kang bakal disalib iku dadi aib lan najis gedhé. Ing bab iki apa ana rasa jero kang bisa digegilut?

Kang umumé diarani najis lan aib, bareng Simon Kirené nglakoni leladi marang prajurit mau, sarta leladi marang Gusti wujud pambiyantu, kagaliha. Lakuné Simon ana ngendi? Mesthi ana perangan ngarep. Lan lakuné iring-iringan nalika semana, uga gumantung marang rancak lan orané lajuné salib Kristus kang dipikul déning Simon. Sing kaanggep aib lan najis, satemah dadi pemimpin lakuné rombongan nuju Golgota Kelakon bisa leladi marang manungsa para prajurit, lan utamané leladi kagem Gusti Yésus. Tambah abot lan sengsara lakuné Simon, nanging pinilih, bisa dadi kabungahan.

Nalika iku wong akèh lan ana prajurit wolu, ngirit lakuné wong durjana loro. Kang bakal bareng disalib karo Gusti Yésus. Durjana loro mau, ing sandhuwuré salibé sing dipikul dhéwé, katulisan jenengé, asal usulé lan saka kutha ngendi anggoné dadi jahat. Durjana loro, utawa penjahat loro mau katon isih bisa ngangkat salibé dhéwé, amarga sadurungé ora ngalami panyiksa kaya sing ditampa Gusti Yésus.

DÉNÉ Gusti Yésus piyambak, tulisan kang ana ing sandhuwuring salib, béda karo para durjana. Gusti bakal kasalib bareng karo para durjana, senajan dudu maling dudu penjahat lan dudu durjana. Nanging sejatiné Ratuning Para Ratu, Gustiné para Pangéran, lan Nabining para Nabi. Tulisan identitas pesakitané tinulis ing telung basa. Basa Ibrani, basa Agama; basa Agama merga rohaniawan; basa Yunani kanggo kaum intelék; lan basa politik, kang maknané bisa dingertèni déning wong akèh: “ RATUNING WONG YAHUDI “ Lan ana uga basa Yunani, basané kaum intelek. Paseksi kang ngaku jumeneng RAJA iki kang kanggep dadi sumbering prekara. Dianggep bakal,mbrontak nglawan Kaisar. Senajan Gusti naté ngendika, menawa Kratoné Gusti ora ana ing bumi iki. Senajan mangkono, ing kayu salib bakal katulis: Yésus Nasarani Ratuning Wong Yahudi. Tulisan iki, sejatiné wong Yahudi dhéwé nulak. Nanging kuwi dhawuhé Kaisar.

Via Dolorosa

Akèh wong sing padha ngetutaké tindaké Gusti Yésus. Ing antarané wong akèh mau uga ana wongé wadon sawetara. Wong-wong wadon mau padha nangisi Gusti Yésus karo ngadhuh-adhuh. Gusti Yésus tumolèh lan ngandika marang wong-wong wadon mau: “Kowé, wong wadon kutha Yérusalèm! Aja padha nangisi Aku; tangisana awakmu dhéwé lan anak-anakmu. Sabab bakal ana wektuné wong muni: ‘Begja temen wong wadon sing gabug, sing ora tau nglairaké lan ora tau nusoni bayi!’ Bakal ana wektuné wong padha muni marang gunung-gunung: ‘Aku jugrugana!’ lan muni marang punthuk-punthuk: ‘Aku urugana.’ Sebab yèn kaya mengkéné penggawéné wong marang kayu sing urip, méndahané menèh kayu sing garing bakal dikapakaké!” Ana durjana loro sing uga padha diirid bebarengan karo Gusti Yésus. Bareng wis tekan panggonan sing disebut “Pacumplungan”, Gusti Yésus nuli disalib, bebarengan karo durjana loro mau, sing siji ana ing tengené, sijiné ana ing kiwané. ( Lukas 23: 27-32 ).

Pilatus tetep mratélakaké lan paseksi menawa Gusti Yésus ora nglampahi dosa lan kaluputan. Nanging , nalika Pilatus masrahaké Gusti Yésus supaya diukum salib, jroning batin kepéngin nuduhaké menawa sing ora adil iku wong Yahudi. Déné Pilatus wis ngukum tekan wates nyabet lan nggebugi. Déné paukuman salib amarga pandhesegé wong Yahudi. Banjur gawé tulisan ing sandhuwuring salib – RATUNING WONG YAHUDI.- Para pemimpin Yahudi ora sarujuk tulisan kuwi. Ngaku yèn kuwi dudu Ratuné. Wong Yahudi nerangaké, menawa nalika Yésus ngaku Ratuning Yahudi, kuwi pengakuné Yésus. Sejatiné kuwi dudu Ratuku – mangkono paseksiné Pemimpin Yahudi.

Yohanès 19: 21, ngendika: Para pengareping imam bangsa Yahudi nuli padha matur marang Gubernur Pilatus: “Sampun dipun serat ‘Ratuné wong Yahudi,’ nanging kaserata ‘Wong kuwi kandha, Aku Ratuné wong Yahudi.’ “ Pilatus tetep sedyané, ngucap: “ Apa sing tak dhawuhi nulis, ya ben mengkono !” Pilatus sing mauné takon bab apa sing diarani bebener? Senajan Pilatus ora sadhar, lagi nglakoni lan mbudidaya supaya sing bener ora perlu diowahi. Sing bener “ Yésus iku Ratuning wong Yahudi.” Lan Pilatus ora sadhar lagi berjuang demi kebenaran kuwi. Pangertèn Yahudi, pancèn utamané bangsa Israèl kang binerkahan lestari ing Yérusalèm, ing kraton Negara Yahudi, ingaran bangsa Yahudi. Lan sejatiné kuwi, kakarèné bangsa Israèl. Ateges Gusti Yésus iku Ratuning Israèl. Lan jaman saiki, pangertèn “Israèl Karohanèn” yaiku para wong sing precaya marang Sang Kristus. Israèl kasukman, karohanèn, babar pisan béda pangertèné karo tembung Israèl kadonyan. Israèl kadonyan iku politik. Nanging Israèl kasukman iku rohani. Wong Kristen, uga sinebut bangsa Israèl cara karohanèn. Lan iki ora kena kasengguh lan dipahami kaya Israèl politik kang nduwèni Negara kadonyan.

Akèh wong sing padha teka menyang Yerusalèm, merga kepéngin weruh bab tulisan kuwi. Anèh, aèng lan isi pitakonan kang jero maknané. Para wanita katon anggoné banget sedhihé, nyawang Ratuning Wong Yahudi sinalib. Padha nangis kanthi panjerit seru. Ora mreduli bakal diarani apa déning para Pemimpin Yahudi. Disaruwé apa disrengeni, babar pisan ora mreduli, ngesok rasa sedhihé kanthi tinarbuka.

Senajan panangisé para wong wadon kuwi pratélaning kasetyan lan simpati, nanging Gusti ora marengaké. Aja padha nangisi Gusti, nanging didhawuhi nangisi dosané saben pribadi lan dosané anak-anaké. Gusti Yésus priksa, apa kang bakal tumama marang Yérusalèm ing tembé mburi. Banget gawé giris lan tumekané kasengsaran gedhé. Bangsa Yahudi, ing tembé mburi bakal ngalami kasedhihan sing luwih. Malah bakal padha milih mati, upama gunung-gunung longsor lan ngurugi, bakal luwih seneng, amarga déning gunung mau kauripan dibebasaké saka kasengsaran. Sadurungé Yérusalèm digempur musuh, bakal luwih akèh paukuman salib katindakaké. Bangsa Yahudi bakal ngundhuh uwohing sikepé. Bangsa pilihan, ibaraté kaya pang, nanging dadi pang garing tanpa uwoh, amarga nuntut supaya Gusti Yésus diukum salib.Mangka rawuhé bakal mitulungi manungsa dosa, amrih olèh panguparaning dosa. Jagad padha nyarujuki menawa Sang Pamartaning Jagad, iya Sang Mésias malah disalib. Lan saperangan kang bakal uga kaukum salib, saka peranganing kulawargané.

Senajan para pamoyok nganggep Yésus Kristus kalah, nanging sejatiné Gusti Sang Juru Slamet nedhengé ngrampungaké pakaryané. Yèn wis rampung bakal ngasta kaunggulan. Mula para wanita kadhawuhan ora perlu nangisi Gusti. Nanging padha nangisa tumrap dosané Yérusalèm, yaiku kanisthané sing padha dedunung ing kono. Padha ora dikeparengaké nangisi Gusti, nanging tangisana awaké dhéwé-dhéwé.

Sang Kristus Dudu Golongané Para Martir

Sédané Gusti Yésus, ora kena ingaran “mati sahid” – ora. Apa sababé? Lumrahé, mbélani agama, utawa mbélani bebener – lamun nganti tekan pati, banjur ingaran mati sahid. Nanging Gusti Yésus ora séda merga mbélani agama utawa bebener. Nanging sédané pancèn kalebu rancanganing Gusti Allah, anggoné bakal nylametaké manungsa dosa. Kuwi dalané olèh pangapura. Merga padha pracaya marang Hikmat Allah. Hikmating Allah kuwi iya Gusti Yésus kuwi. Amarga séda saka karsané piyambak, kuwi dudu martir. Dudu tumbal. Nanging panguwasa. Amarga Gusti uga bisa kalis saka pepati, yèn pancèn lila marang pati langgeng kang kang bakal kasandhang déning umat manungsa. Gusti Yésus bisa baé golèk wilujengé dhéwé nalika ditangkep mungsuh, lan bisa baé uwal saka salib. Nanging manungsa bakal nemahi pati naraka. Kaslametaning umat gumantung marang Gusti Yésus.

Nanggapi sédané Gusti Yésus, ora mung cukup kanthi trenyuh lan nelangsa. Apa manèh banjur paseksi: “ Ah mesakaké Gusti.” – Sing memelas mesakaké kuwi kita manungsa kabèh, déné nandhang dosa nganti tekan ngurbanaké Gusti Yésus. Payo padha melasi urip iki. Banjur ngungsi marang Gusti Juru Wilujeng. Rasul Paulus kagungan sikep tegas, nanggapi pangurbanan peparingé Gusti Yésus. Gal 2: 20, katulis: “Temah ingkang gesang menika sampun sanès kula malih, nanging Sang Kristus ingkang wonten ing kula. Gesang kula ingkang samangké menika mboten sanès namung krana kula pitados dhateng Putranipun Allah ingkang ngasihi kula, lan ingkang sampun ngurbanaken sugengipun kanggé kula.” Semono uga paseksiné ing Rum 6: 6 “Kita padha ngerti, yèn kaanan kita sing lawas wis mati bebarengan karo Sang Kristus ana ing kayu salib, supaya pangwasané dosa sing ana ing kita kasirnakaké, satemah kita ora dadi budhaké si dosa menèh.” Dené ing Korinta 5: 17, Paulus nulis: “ Sing sapa nunggal karo Sang Kristus, wong mau wis dadi titah anyar, sing lawas wis sirna, sing anyar tuwuh.”

Gusti Nampik Nggunakaké Tulak Rasa Lara

Lakuné banjur tekan panggonan sing aran Golgota, sing tegesé: Panggonan Cumplung. Ing kono Gusti Yésus dicaosi unjukan anggur sing dicampuri rempelu. Sawisé dikedhapi, Gusti Yésus ora kersa ngunjuk. ( Matéus 27: 33-34 ).

Ing tanah Yahudi, para wanita nggawé “ramuan” kang banjur diwènèhaké marang wong kang bakal kaukum salib. Supaya nyuda rasa larané. Penawar rasa lara. Gusti Yésus uga ditawani nggunakaké ramuan iku, nanging Gusti ora kersa. Prabu Soléman, ing Wulang Bebasan paring nasihat: Ombèn kuwi wènèhna marang kang bakal kaukum.” - Sajinis miras, kanggo nyuda sesanggan sawatara.

Gusti kepareng nglampahi séda kanthi kasengsaran lan rasa lara kang sejati. Sampurnaning kasengsaran, dadi panebusing dosa manungsa sajagad raya. Lamun ora sadhar nalika sinalib, Gusti ora bakal ndedonga lan ngandika saka kayu palang salib kuwi. Isih ana kotbah lan paseksi penting banget kang bakal dingendikakaké ana ing kayu salib. Mula Gusti nulak minuman penenang kanggo “nawar rasa lara.”

Gusti Sinalib Bebarengan Durjana Loro

Gusti Yésus nuli disalib, agemané diedum-edum nganggo dilotré. Para prejurit nuli padha linggih ana ing kono, njaga Gusti Yésus. Ing sandhuwuring mestakané dipasangi tulisan, sing nerangaké pendakwa tumrap Panjenengané, uniné: “Iki Yésus, wong Nasarèt, ratuné wong Yahudi.”

Nalika semana ana bégal loro sing disalib bebarengan karo Gusti Yésus, sing siji ana ing sisih tengené, sijiné ana ing sisih kiwané. Wong-wong sing padha liwat ing kono padha gèdhèg-gèdhèg, sarta moyoki Gusti Yésus. Padha muni mengkéné: “Kowé sing arep mbubrah Pedalemané Allah lan mbangun menèh sajroné telung dina! Yèn kowé nyata Putrané Allah, coba luwarana awakmu dhéwé! Mudhuna saka salib!”

Mengkono uga para pengareping imam lan para ahli Torèt sarta para sesepuhé bangsa Yahudi padha moyoki Gusti Yésus. Padha muni mengkéné: “Wong liya diluwari, nanging ngluwari awaké dhéwé ora bisa! Wong iki rak Ratuné Israèl ta? Bèn mudhun saka salib, nuli aku bakal padha precaya. Dhèwèké ngendelaké Gusti Allah, lan kandha yèn dadi Putrané Allah. Saiki padha dideleng waé, apa Gusti Allah bakal nylametaké dhèwèké.” Para bégal sing padha disalib iya padha mèlu-mèlu moyokiGustiYésus.Wiwit jam rolas awan, ing satanah kono dadi peteng, suwéné telung jam. (Mat 27: 35-44 ).

Ana durjana loro kasalib bareng karo Yésus, ing kiwa lan tengené. Manut carita, kuwi kancané Barabas, sing bébas nalika pengadilan Pilatus. Salib sing tengah kuwi sejatine kanggo Barabas. Nanging wong Yahudi milih supaya Barabas dibébasaké, lan Gusti Yésus kang sinalib. Naskah tulisan Yahudi kuna, nyebut jenengé Barabas ingaran uga Yosua, tegesé sing nylametaké. Déné tembung Barabas, tegesé “ Anaké Rama.”.

Sajaké, wong Yahudi luwih ngandel menawa sing pantes dadi Mésias kuwi Barabas. Barabas dadi angen-angen bab timbulé Sang Mésias, berjuang nglawan Rumawi, kanggo nggayuh kamardikan. Gegayuhan kadonyan mangkono, luwih ngégla cetha ana ing pikirané para wong Yahudi. Mula diukum déning pamaréntah Rum, merga brontak.

Ing pikiran Yahudi, Mésias mesthi luwih mèmper maujud ing pahlawan sing kasad mripat, katimbang Mésias kang ngendikakaké menawa dadi Putraning Allah lan kratoné ora katon ana ing ndonya iki. Kuwi dudu sing diarep-arep déning bangsa Yahudi.

Sengsara banget wong diukum salib. Sekarat bisa sedina rong ndina. Kanggo nyepetaké patiné kang kaukum salib, padatan prajurit banjur njojoh lambung utawa ngepruk garèsé sikil, supata énggal tuntas. Sadurungé mati prajurit jaga, amrih sing nampa ukum salib ora diudhunaké déning mitra lan kulawargané sadurungé mati. Merga mesthi matiné wong kang kasalib, asring banget wong gumantung mau kanggo dolanan. Padatan nalika maku, isih kaiket ing kayu salib kang gumlethak ing lemah. Sawisé tangan utawa sikil dipaku, salib banjur diedegaké lan katanem ing bumi Golgota.

Para prajurit jaga, olèh bagéyan penganggoné si pesakitan ukum salib, kuwi wis dadi peraturané. Déné menawa sing mati mau dudu bangsa Yahudi, layoné - ditok baé gumantung ing salib, nganti dipangan manuk bangké. Sing senengané mangan bangké-bangké. Déné menawa duwé kulawarga, padatan sadurungé angslup srengéngé jenasah diudhunaké lan layon dirukti para krabat familiné.

Gusti Yésus Ndongakaké Kang Nyalib

Gusti Yésus nuli ndedonga: “Dhuh Rama, kalepatanipun tiyang-tiyang menika mugi Paduka apunten, amargi mboten sami mangertos menapa ingkang sami dipun tindakaken.” (Lukas 23:34.)

Sadurungé tekan ing Golgota, Sang Kristus ngalami pangina lan panyiya ana ing pangadilan Pilatus lan Hérodès. Wis dadi kalumrahané prajurit kang ngawal muni-muni kasar lan ngolok-olok marang pesakitan ukum salib. Pancèn pagawéyané kaya mangkono iku. Nggetak-getak, nangani lan ngocèh njuwarèhi. Galak lan ngatonaké sadhisé. Semono uga durjana loro kang kaukum, ora luput saka watak kasaré sing ngawal laku.

Gusti Yésus kawiyos pangandikané kapisan nalika disalib, nyuwunaké pengampunan marang Sang Rama, amarga wong wong iku padha ora ngerti apa sing ditindakaké. Mula bener Rasul Paulus uga nerangaké: “Para pangwasané jagad iki ora ana siji waé sing ngerti marang kawicaksanané Gusti Allah mau. Saupama ngertia, wong-wong rak ora padha nyalib Gusti sing Mahamulya kuwi.” ( 1 Kor 2: 8 ). Pandongané Gusti saka salib: “ Dhuh Rama, tiyang tiyang punika mugi kaapuntena.” Iku sawijining pratelan raos, anggoné mreduli marang wong kang wus gawé dosa.

Durjana Sing Kasalib, Sijiné Mratobat

Salah sijiné durjana sing disalib mau ngala-ala Gusti Yésus. Wong mau muni: “Yèn kowé kuwi Sang Kristus, nulungana awakmu dhéwé lan aku wong loro iki pisan.” Nanging durjana sing sijiné melèhaké kancané mau karo muni: “Apa kowé ora éring karo Gusti Allah? Kita kabèh iki diukum mati. Tumraping aku lan kowé, ukuman iki wis samesthiné. Nanging wong iki rak ora salah!” Wong mau banjur matur marang Gusti Yésus: “Gusti, Panjenengan mugi kersa ngèngeti dhateng kawula, menawi Panjenengan mbénjing jumeneng ratu.” Pangandikané Gusti Yésus: “Ngandela, dina iki uga kowé bakal bareng karo Aku mlebu ana ing Firdus.” ( Lukas 23: 39-43 ).

Pamecané Para Nabi Jaman Kuna Maujud

Para prajurit Romawi ora ngerti apa sing ditindakaké, amarga pancèn padha ora wanuh marang Gusti Allah. Para pemimpin Yahudi uga lumaku ing pepeteng, merga pancèn nutupi mripaté kanthi kekarepaning sipat manungsa dhéwé. Dadi kaya wong wuta kang tansah nutup mripate. Weca ( nubuat ) ing kitab Mazmur 22: 17, wis kaujudan. “Kawula karubung déning segawon-segawon, grombolaning tiyang awon sami ngepung kawula, tangan lan suku kawula sami dipun cublesi. Balung kawula saged kawula étang sedaya, tiyang-tiyang wau sami ningali dhateng kawula, lan kawula kadamel tontonan. Sandhangan kawula sami dipun edum-edum, sarta penganggé kawula dipun undhi.” Sinalib bebarengan wong durjana, kuwi netepi weca (nubuat) ing kitab Yésaya 53: 9, 12. “ Sédané pinesthi awor karo wong ala, nanging layoné disarèkaké ing kuburané wong sugih, merga ora tau nindakaké piala, lan ora tau goroh.” Pangandikané Pangéran, “Enggoné nandhang sangsara kuwi saka kersané Allah; sédané kuwi minangka kurban.” Yésaya 9: 12 – “Mulané Panjenengané bakal Dakparingi kaurmatan lan Dakpapanaké ing antarané para wong luhur, sing nyekel pangwasa, awit wis masrahaké nyawané kanggo nebus dosané wong akèh, lan rila ngrasakaké nasibé wong ala.”

Ora perlu dadi débat manèh, menawa prajurit Rumawi ngundhi agemané Gusti Yésus. Kuwi netepi pamecané Nabi Dawud. Mazmur 22: 19 – “ Sandhangan kawula sami dipun edum-edum, sarta penganggé kawula dipun undhi.”

Nalika disalib diagemi makutha eri, ing sandhuwuring salib katulis “ Ratuning Wong Yahudi “. Katulusan lan cahyaning paningalé Gusti katon wibawa bisa rinasa. Kaya kamulyaning asih kang kacawisaké marang umat ana ing sugengé Gusti Yésus. Pangertèn mangkono mau, tumrap para wong kang tajem panggraitané sarta bisa ngerti marang maknaning Sabda lan pakarya-Né. Pamoyok lan pangina malah njalari saya mencoronging kamulyané Gusti Kristus.

Kasunyatan lan kayektèn kang kaagem déning Sang Mésias, caritané diwolak-walik déning para kang nyumurupi. Sejarah lan pakaryan suci maujud, nanging akèh kang padha nyélaki. Ing saben jaman tansah ana baé kang ngorakaké lelakon kang nyata kelakon kuwi. Mempeng banget anggoné padha nginger lan muter bebener.

Gunemé manungsa banjur isi pangundhat-undhat. Endi sing jarené bisa nggempur padaleman suci, lan bakal kabangun sajroning telung dina. La kok malah ana ing paukuman salib?

Endi buktiné sing jaré Putraning Allah, Allah kang sinembah déning wong Yahudi la kok malah ngetok baé, ora mudhun saka salib. Mangkono uga durjana sing ana sisihé Gusti. Nantang supaya Gusti lepas saka ukum, mudhun lan sisan mitulungi si durjana kang ngolok-olok mau.

Kabèh kuwi mau nyata bisa ditindakaké déning Gusti. Nanging dudu kuwi sing dadi tujuwaning karsa séda ing kayu salib. Pakaryaning Allah kagungan rancangan agung. Nylametaké manungsa, Nyucèkaké kanthi nebus dosa, lan bakal mberkahi kauripan swarga langgeng. Malah Panjenengané naté prasetya bakal paring Rohing Allah, yaiku Sang Roh Suci. Kuwi bakal kaujudan ing sauruting lelakon mulya.

Iba aèng lan gaibé, nalika maling durjana kang kasalib ing sisihé Gusti Yésus kang sijiné, matur marang Gusti. Supaya menawa Panjenengané mbésuk rawuh ing Kratoné, aja nganti kesupèn marang dhèwèké. Durjana mau uga mbélani Gusti, nalika diolok olok déning maling sing sijiné kang sinalib. Kandhané: “ Yèn awaké dhéwé pantes kaukum kaya mangkéné iki.Bareng Panjenengané, ora kagungan dosa lan kaluputan ….” – Éndah, anèh nanging nyata déné ana pratélan kaya mangkono. Durjana mau ana ing pamratobaté ing kayu salib, malah wis sabisa-bisa nglayani Gusti. Srana nyaruwé mitrané durjana sing ngolok-olok lan nantang Gusti Yésus. Kaya mangkono mau malah gagal katindakaké déning sekabat sewelas nalika Gusti kacepeng ing Taman Gètsémané kaé. Marang durjana kang mratobat mau, Gusti Yésus paring pangandikan: Pangandikané Gusti Yésus: “Ngandela, dina iki uga kowé bakal bareng karo Aku mlebu ana ing Firdus.” (Lukas 23: 43).

Gusti Yésus Nggatosaké Ingkang Ibu

Ibuné Gusti Yésus lan seduluré wadon, yakuwi Maryam bojoné Kléopas, sarta Maryam Magdaléna, padha ngadeg ana ing sacedhaké salibé Gusti Yésus. Panjenengané mirsa ibuné lan sekabat sing ditresnani padha ngadeg ana ing kono. Gusti Yésus nuli matur marang ibuné: “Ibu, menika ingkang Putra.” Nuli ngandika marang sekabaté mau: “Kuwi ibumu.” Lan wiwit dina kuwi sekabat mau mboyong ibuné Gusti Yésus ana ing omahé dhéwé. ( Yohanès 19: 25-27 ).

Pangandikané Gusti kang kawiyos saka salib, sing sepisan marang Sang Rama ing swarga, pandonga. Kaping pindho marang durjana kang sinalib ing sisihé Gusti. Lan kang kaping telu marang kaperluwané ingkang Ibu sacara insani, yaiku Ibu Maryam. Rinasa déning Maryam, kaya pedhang kang nembus ati. Cocok wecaning Siméon, telung puluh taun kepungkur nalika mbopong bayi Yésus ing Yérusalèm.

Katulis ing Lukas 2: 35. “Srana mengkono bakal kabukak wewadi-wewadi sing sumimpen ana ing atiné wong akèh. Kowé dhéwé bakal ngrasakaké sedhih, nganti atimu kaya tinuwek déning pedhang sing landhep.” Sambung lan ngener marang kadadéyan ing Golgota nalika Gusti sinalib. Amung Gusti Allah piyambak kang priksa presis, iba trenyuh lan nelangsaning biyung kang nyawang putra kanthi tawan eluh sarta saranduning sarira gemeter nyawang kadadéyan. Tumrap Sang Kristus piyambak, senajan lagi ngalami salib kasangsaran, ora ngalang-alangi anggoné migatosaké ingkang Ibu insani iku. Gusti mriksani Yohanès kang ngadeg nganthi Ibu Maryam ing sisihé.

“Panjenengané mirsa ibuné lan sekabat sing ditresnani padha ngadeg ana ing kono. Gusti Yésus nuli matur marang ibuné: “Ibu, menika ingkang Putra.” Nuli ngandika marang sekabaté mau: “Kuwi ibumu.” Lan wiwit dina kuwi sekabat mau mboyong ibuné Gusti Yésus ana ing omahé dhéwé.

Sang Kristus priksa menawa sakabat Yohanès bisa dadi anak kang sembada tumrap Ibu Maryam, ngluwihi sedulur-seduluré Gusti piyambak. Sabanjuré, kanthi lantiping batin, Yohanès mboyong Ibu Maryam. Sumingkir saka papan kang gawé giris kuwi. Bisa kagambaraké iba nggrantesé penggalihé Ibu Maryam lamun tutug nganti purnaning dina, lan mriksani Gusti Yésus ing akhir sugengé nemahi séda ing kayu salib. Mula senajan tanpa katrangan sabanjuré, kita kabèh yakin menawa Yohanès tumindak kanthi wicaksana, kaya marang ingkang ibuné dhéwé.

Sang Rama Nilar Gusti Yésus

Wiwit jam rolas awan, nganti sajroné telung jam, sanegara dadi peteng. Nalika jam telu kuwi Gusti Yésus nguwuh kanthi sora: “Éloi, éloi, lama sabakhtani?”, sing tegesé: “Dhuh Allah kawula, Allah kawula, kénging menapa Paduka nilar kawula?” Wong-wong sing padha krungu panguwuhé mau banjur kandha: “Wong kuwi ngundang Nabi Élia!” Banjur ana salah siji sing énggal-énggal njupuk sepon, banjur dicelupaké ing anggur kecut, nuli disundukaké ing pucuking kayu dawa, ditèmpèlaké ing lathiné Gusti Yésus, supaya dicecep, karo muni: “Coba kita entèni, Nabi Élia mengko rawuh nulungi Wong kuwi mudhun saka salib apa ora!” Gusti Yésus banjur nguwuh menèh, tumuli séda. Geber sing ana ing Pedalemané Allah suwèk dadi loro, saka ndhuwur mengisor. Perwira tentara sing ngadeg ana ing sangarepé salib kono menangi enggoné Gusti Yésus nguwuh banjur séda. Perwira mau kandha: “Pancèn bener, Wong iki Putrané Allah!” Ing kono uga ana wong wadon sawetara, sing padha nyawang lelakon mau kabèh saka kadohan, kayata: Salomé, Maryam Magdaléna, Maryam ibuné Yakobus sing enom lan Yusuf. Wong-wong wadon kuwi sing tansah ngetutaké Gusti Yésus, sarta ngladosi nalika Panjenengané ana ing tanah Galiléa. Kejaba kuwi ing kono ana wong wadon akèh liyané menèh sing padha teka saka kutha Yérusalèm, bebarengan karo Gusti Yésus. ( Markus 15: 33-41 ).

Senajan nalika iku Gusti Yésus pinenthang ing kayu salib, kita kabèh isih éling banget lelakon nalika miyosé rawuh ing Bètléhèm, lintang panjer ésuk sumunar ngabaraké bab wiyosé Sang Bayi Suci. Ngaré Bètléhèm kinclong gemerlapan, jagad sumringah. Béda nalika Gusti Yésus ndungkap sédané, gumantung ing kayu salib, jagad peteng wiwit bedhug jam rolas nganti jam telu soré. Langit surem, mendhungé peteng. Kaya ngabaraké bab bakal sédané Sang Yésus Kristus. Sajagad raya kaya katut dhuhkita sarta kemulan kasengsaran kang peteng. Petenging kahanan ngemu surasa winadi, isi dukaning Sang Rama marang Sang Kristus kang sejatiné banget ngasihi Gusti Yésus.

Pangandikan kang kaping pat, Eloi Eloi Lama Sabahktani, tegesé: Dhuh Allah kawula, Dhuh Allah kawula, kénging menapa Paduka nilar kawula?” Pangandikan iki miyak warana medharaké wewadi agung. Sanyatané minangka Putra kinurbanaké gumantung ing salib. Ditilar déning ingkang Rama, asal usulé Sang Kristus. Tembung kang kawiyos saka Gusti Yésus, pangandikan “ Allahku, Allahku ….” Ora nggunakaké tembung “Rama, Rama “- iki mengku karsa kang kineker jero. Pinisah karo Rama kang mahatresna, mula njerit marang Allah kang mahakwasa. Kaya Wecaning Mazmur 22: 2. “ Dhuh Allah kawula, Allah kawula, menapaa kawula Paduka tégakaken? Kawula sesambat, nanging Paduka tetep tebih lan mboten mitulungi kawula.” Lan ing nalika iku “darah suci mancur” – kanggo nebus dosaning umat manungsa. Ya iku wujuding weca ing kitab Yésayah:

Mangka sejatiné kasangsaran sing disandhang mau kasangsaran kita, lan pilara sing dirasakaké kuwi kanggo kita, nanging kita ngarani Panjenengané kena walaté Gusti Allah. Satemené enggoné ditatoni kuwi merga saka dosa kita, lan merga saka piala kita Panjenengané digebagi. Paukuman sing disandhang ing sarirané kuwi sing nekakaké keslametan kita, lan bilur-biluré kuwi sing marasaké kita. Kita kabèh iki kaya wedhus sing ketriwal, saben wong lakuné nuruti karepé dhéwé. Nanging paukuman sing sejatiné kanggo kita kuwi ditempahaké déning Allah marang Panjenengané. Panjenengané dipilara, éwasemono dibetahaké tanpa nglawan, tanpa ngresula. Kaya wedhus sing arep disembelèh, mengkono enggoné kèndel ora ngandika sakecap-kecapa. Pangandikané Pangéran, “Enggoné nandhang sangsara kuwi saka kersané Allah; sédané kuwi minangka kurban kanggo nebus dosa, supaya wong dosa olèh pangapura. Srana mengkono bakal ningali anak-turuné, merga kaparingan panjang yuswa, lan merga saka Panjenengané kersané Pangéran kelampahan. Sawusé nandhang sangsara, Panjenengané bakal ngalami kabungahan; Panjenengané bakal pirsa yèn kasangsarané mau ora tanpa guna. Abdi-Ku sing setya kuwi Dakkasihi, Panjenengané bakal nanggung paukumané wong akèh, lan merga saka Panjenengané, Aku bakal ngapura dosané wong-wong mau. Mulané Panjenengané bakal Dakparingi kaurmatan lan Dakpapanaké ing antarané para wong luhur, sing nyekel pangwasa, awit wis masrahaké nyawané kanggo nebus dosané wong akèh, lan rila ngrasakaké nasibé wong ala.” ( Yésaya 53: 4-7; 10-12 ).

Ngraosaké Ngorong

Sawisé kuwi Gusti Yésus pirsa yèn samubarang kabèh saiki wis rampung, Gusti Yésus nuli ngandika supaya kelakon apa sing katulis ing Kitab Suci: “Aku ngelak.” Ing kono ana mangkok isi anggur sing rasané kecut. Nuli ana wong sing nyelupaké jamur karang ing anggur kecut mau, banjur dicublesaké ing pucuking hisop, banjur ditèmpèlaké ing lathiné Gusti Yésus. ( Yohanès 19: 28, 29 ).

Iki kaélokan, déné sumbering banyu kauripan, kelakon ngrasakaké ngelak, ngorong. Marang wong wadon Samaria, Gusti Yésus naté mulang: “ Sing sapa ngombé banyu pawèwèhku, ora bakal ngelak ing salawasé. – Malah banyu sing Ingsun paringaké kuwi ana ing uripé wong bakal dadi sumber kang ora asat nganti tekan urip langgeng.” – ( Yoh 4: 14 ). Banjur ana wewadi apa? Nalika Gusti gumantung ing kayu salib, sing krasa salit ngelak kuwi, sacara jasmani. Lan mbutuhaké banyu lumrah. Nanging kang pinaringaké déning Gusti dadi sumbering banyu kauripan kaya piwulang marang wanita Samaria iku, banyu rohani. Sang Kristus nalika gumantung ing kayu salib, mundhut banyu kanggo nyenyeger sarira. Nalika wong jaga bakal ngaturi banyu sing dikersakaké, ana sing atiné srei, sirik. Banjur ngucap: “ Aja, ora susah. Malah ayo dientèni baé, apa Elia bakal teka nulungi?” - Amarga wong wong padha krungu nalika Gusti Yésus ngendika : Eloi, Eloi …! Sabanjuré pancèn ana anggur asem sing diunjuk sethithik. Netepi pangandika ing Kitab Mazmur 69: 21, surasané: Cacad kawula damel aliting manah, ngantos kawula semplah; kawula ngajeng-ajeng piwelasing tiyang, nanging tanpa damel; ngajeng-ajeng tiyang ingkang saged nglipur, nanging mboten manggih. Malah kawula dipun sukani racun, lan nalika kawula kasatan, dipun ombèni cokak.

Pakaryané Wus Rampung

Sawisé nyecep anggur kecut mau, nuli nguwuh: “Wis rampung!” Mestakané banjur tumungkul lan séda. ( Yohanès 19: 30 ).

Sawusé ngunjuk anggur asem mau, Gusti ngendika: “WUS RAMPUNG.” Sing wis karampungan yaiku pakaryan agung anggoné Gusti wus nyipta bedhamèn antarané Gusti Allah lan manungsa dosa. Gusti Yésus ngrukunaké jagad lan swarga. Rasul Paulus, ing Kolosé 1 : 19-22, memulang mangkéné: “Sebab wis dadi kersané Gusti Allah piyambak menawa Sang Putra kagungan sipat ka-Allahané Gusti Allah ing sasampurnané. Iya lantaran Sang Putra mau, Gusti Allah ngrukunaké samubarang kabèh karo sarirané piyambak, dadia sing ana ing bumi, dadia sing ana ing swarga, yakuwi sawisé nindakaké pirukun srana sédané Sang Putra ana ing kayu salib. Dhèk biyèn uripmu adoh karo Gusti Allah. Malah kowé padha dadi mungsuhé Gusti Allah, merga saka penggawé utawa tumindakmu, apa déné pikiranmu sing ala. Nanging lantaran sédané Sang Putra, saiki kowé wis padha kadadèkaké para mitrané Gusti Allah, sing kairid menyang ngarsané, dadi wong-wong sing suci, resik lan tanpa cacad.

Masrahaké Nyawa Marang Sang Rama

Gusti Yésus nuli nguwuh klawan swara sora: “Dhuh Rama! Kawula masrahaken nyawa kawula ing asta Paduka!” Sawisé matur mengkono Gusti Yésus nuli séda. (Luk 23: 46 ).

Nalika Gusti sambat, kena ngapa Allah nilar Panjenengané. Kacihna raos geter kang tanpa upama, merga pisah sawetara mangsa karo ingkang Rama. Banjur nggunakaké tembung Rama manèh, nalika masrahaké nyawa. Kaya kang kaweca ing Kitab Mazmur 31: 6. “Dhateng asta Paduka enggèn kawula mitadosaken nyawa kawula, dhuh Allah ingkang mahasetya, Paduka badhé ngluwari kawula.”

Gusti séda ing kayu salib, ingaran tumurun menyang naraka nggunakaké wanci sawetara, ngraosaké paukuman pati. Gusti séda. Lan kahanan dadi pulih, nalika Gusti kepareng masrahaké nyawa marang Sang Rama. Matur kanthi tembung Rama, Bapa. Gusti séda saka karsané piyambak, amarga lila legawa mbélani umat manungsa. Cocok karo pangandikané ing Injil Yohanès 10: 15 lan 18 : “ Ora ana wong sing bisa ngrebut nyawa-Ku. Aku rila ngurbanaké nyawa-Ku. Aku wenang ngurbanaké nyawa-Ku, lan uga wenang nampa nyawa-Ku menèh. Lan ya kuwi sing dikersakaké Sang Rama, supaya Daklakoni.”

Panjenengané masrahaké nyawa, merga pakaryané wus rampung. Yaiku pakaryan nylametaké manungsa, nyucèkaké lan paring kauripan. Pakaryan mau maujud ing séda sinalib kuwi. Gusti Yésus dadi kurban kaslametan. Wanciné kakurbanaké, wiwitané mbarengi kurban wanci ésuk, nganti kurban wanci soré. Wetara nem jam, Gusti wus tuntas sampurna makarya. Padatan, para pesakitan kang sinalib, ora bisa tekan pati dina kuwi, bisa rong dina utawa telung dina. Gusti gumantung ing salib dina Jemuah Adi, Jemuah Agung mung sajroning enem jam, lan wis rampung. Mula masrahaké nyawa. Marang sapa? Marang Sang Rama. Sang Rama ana ngendi wektu kuwi? Wektu Gusti masrahaké nyawa mau, nalika iku Sang Rama iya nunggal karo Gusti Yésus. Pancèn Sang Putra lan Sang Rama iku siji, lan nunggal dadi siji.

Gusti Yésus wus netepi angger-anggeré Nabi Musa. Kaya kang katulis ing layang Rum 8:3 “Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning Gusti Allah piyambak. Panjenengané wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus Putrané piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa, kanggo nyirnakaké dosa. Gusti Allah enggoné nindakaké sing mengkono mau supaya angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita.” Kita para manungsa ora ana sing bisa netepi angger-anggeré Nabi Musa, mula Gusti kang gumantos nglampahi, kanggo umat manungsa. Lan wus rampung dilampahi. Semono uga Gusti gumantos nyulihi umat manungsa kang nandhang dosa, tumurun menyang naraka, nalika sédané, dadi sesulihé umat manungsa kang ditresnani Gusti.

Lindhu Ngoregaké Yérusalèm

Nalika semono geber sing gumantung ing Pedalemané Allah suwèk dadi loro, wiwit saka ing ndhuwur tekan ing ngisor. Bumi gonjang-ganjing lan gunung-gunung karang padha bengkah. Kuburan-kuburan padha menga, lan akèh umaté Gusti Allah sing wis padha mati, diuripaké menèh. Sawisé Gusti Yésus wungu saka ing séda, wong-wong mau padha metu saka kuburané, banjur padha mlebu ing kutha Yérusalèm. Ing kono akèh wong sing padha weruh. Komandhan dalasan para prejurité sing padha njaga Gusti Yésus, bareng ana lindhu lan nyipati kabèh sing kelakon mau, padha wedi banget. Nuli padha muni: “Nyata, Panjenengané kuwi Putraning Allah!” ( Matéus 27: 51, 53 ).

Wanciné Gusti Yésus séda, merga masrahaké nyawané marang Gusti Allah, Bumi horeg, ana lindhu sing gawé kagum lan geteré wong pirang pirang. Ratuning Kauripan séda. Séda sacara insani.

Nanging sacara rohani, Ka-Allahané Sang Kristus nangèkaké wong mati. Mula para suci sing padha mati, tangi saka kubur. Mlebu ing kutha Suci, nunggil karo Gusti ing Kratoning Allah. Kuwi mujizat, kang mijil saka panguwaosé Gusti Allah kang kaasta déning Sang Kristus. Babar pisan ora ana cawé-cawéné umat manungsa. Rawuhé Gusti, kasengsarané, séda lan nganti tekan wunguné mligi saka panguwaosé kang tan kena kinaya ngapa. Pancèn panguwasané Allah.

Kordèn, yaiku tirai utawa singgetan ing Bait Suci Yérusalèm, singgetan kang misahaké kamar sucining asuci karo papan ibadah, kordèné belah. Kuwi ngemu teges, menawa sédané Gusti Yésus mbuwang singgetan pamisah, sing ngelet-eleti umat manungsa bakal sowan Gusti Allah. Malah Sang Kristus dadi dalan mlebu swarga.

Ambelah sesinggetan kuwi, sejatining kalenggahané Gusti minangka Imam Agung.Malah jumeneng Imam Agung sejati amarga ora mung ngurbanké getihing kewan kurban, nanging ngurbanaké darah lan nyawané piyambak. ( Ibrani 9: 3 ) “Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning Gusti Allah piyambak. Panjenengané wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus Putrané piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa, kanggo nyirnakaké dosa. Gusti Allah enggoné nindakaké sing mengkono mau supaya angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita, sing uripé manut pangrèhé. Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning Gusti Allah piyambak. Anggoné geber, utawa tirai Bait Suci belah, kuwi dadi pralampita menawa Sang Kristus kang uga ngagem sipat insani, wus kepareng mbedhah sesinggetan. Uga nyaritakaké bab anggoné sarirané Gusti sinuwèk-suwèk, kaya geber belah, dadi dalan lumebu swarga. Kuwi mau kabèh dumunung ing kasengsarané Gusti Yésus.

Nyata, Gusti Yésus Iku Putraning Allah

Komandhan dalasan para prejurité sing padha njaga Gusti Yésus, bareng ana lindhu lan nyipati kabèh sing kelakon mau, padha wedi banget. Nuli padha muni: “Nyata, Panjenengané kuwi Putraning Allah!” Ing kono akèh wong wadon sing lagi padha ngawasaké saka kadohan. Wong-wong kuwi sing mauné padha ndhèrèkaké Gusti Yésus saka ing tanah Galiléa, prelu ngladosi Panjenengané. Kayata: Maryam Magdaléna, Maryam ibuné Yakobus lan Yusuf, tuwin somahé Zébedéus. ( Matéus 27: 54-56 ).

Kaleksanané paukuman salib, sing ngayahi ana prajurit rolas lan perwira komandané siji. Lan mesthi padha krasa menawa ing paukuman salib dina iku ana kang ora adil. Yaiku kang kaetrapaké marang Gusti. Kabuktèn dumadi lindhu sing ngédab-édabi kang njalari rasa wedi lan giris. Lindhu kuwi mesthi pamalesé kang duwé panguwasa luwih. Sang Yésus pancèn béda banget karo para pesakitan salib umumé. Paseksiné komandan prajurit mau bab Sang Kristus: “ Nyata yèn Panjenengané iku Putraning Allah.” Gusti Yésus ngendika ana ing Injil Matéus: “Titènana waé, bakal akèh wong sing teka saka wétan lan saka kulon padha bungah-bungah bebarengan karo Bapa Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoné Allah.”

GUSTI YÉSUS KAPETAK ING PASARÉYAN

Nalika semana dina Jemuah, yakuwi dina pacawisan Riaya Paskah. Supaya ing dina Sabbat layon-layon mau aja nganti isih tetep ana ing kayu salib, mulané wong Yahudi padha nyuwun idin marang Gubernur Pilatus, ngremuk sikilé wong-wong sing padha disalib, lan ngudhunaké layon-layon mau saka ing kayu salibé. Para prejurit nuli wiwit ngremuki sikilé wong sing disalib ana ing kiwa lan tengené Gusti Yésus. Nanging bareng marani Gusti Yésus, kétok yèn Panjenengané wis séda. Mulané samparané Gusti Yésus ora diremuk. Éwasemono salah sijiné prejurit njojoh lambungé Gusti Yésus nganggo tumbak, temah sanalika metu getihé lan banyuné. Wong sing ndeleng dhéwé lelakon kuwi sing ngandhakaké prekara mau, mangka apa sing dikandhakaké kuwi nyata, supaya kowé uga padha precaya, awit wong mau weruh dhéwé. Srana mengkono kelakon apa sing katulis ana ing Kitab Suci, sing uniné mengkéné: “Ora ana balungé sing diremuk.” Lan ana uga tulisan liyané sing uniné mengkéné: “Wong-wong bakal padha ndeleng marang Panjenengané sing wis dijojoh lambungé.” ( Yohanès 19: 31-37 ).

Kurban ibadah Paskah, ora kena ana wedhus utawa kéwan kurban kang tugel balungé. Semono uga kurban Paskah kang sejati, yaiku Gusti Yésus, ora nganti rusak balungé. Nalika pemimpin Yahudi ngremuk balung garèsé para durjana kang sinalib, Gusti wus tuntas nglampahi ayahan, wus rampung. Riyaya Agung Paskah tumapak rong jam manèh. Mula para pesakitan kudu wus sampurna mati, dicepetaké patiné. Supaya sajroning Riaya Gedhé, ora perlu ngremuk balung lan ana pesakitan kaukum. Nanging kabèh wus rampung, jangkep sampurna tumrap Gusti Kristus.

Para prajurit nyeksèni menawa Gusti Yésus wus séda nalika isih gumantung ing kayu salib. Dadiné, menawa ana carita yèn Gusti mung semaput, pingsan, nalika disarèkaké ing makam, nyata ora bener. Saiki kita kabèh ora perlu ragu, menawa Gusti Yésus séda temenan. Yèn isih ana piwulang kang medhar katrangan, jaré Yésus ora mati, utawa sing disalib kuwi muridé sing mirip Gusti Yésus, kuwi nyata piwulang luput lan tanpa dhasar. Sing mesthi piwulang mau sumberé saka sumber sing ora precaya marang Sang Kristus kuwi Mésias. Utawa sumberé carita asal saka sing memungsuhi Gusti Yésus. Prajurit kang ora ngremuk balung, nanging amung mbuktèkaké kanthi nyuduk lambung srana tumbak, uga dadi bukti menawa Gusti sinalib temenan lan séda temenan ing paukuman salib ing Golgota. Apa manèh Imam Zakaria ing kitab Zakaria 12: 10, wis nulis pameca: “Mulané bakal padha ndeleng wong sing wis disuduk dhéwé nganti mati, lan nangisi sing disuduk mau kaya wong sing nangisi anaké ontang-anting. Enggoné nangisi nganti kelara-lara kaya wong sing nangisi anaké mbarep.”

Nalika Thomas mangu-mangu bab Gusti kang wus wungu saka séda, déning Gusti dirawuhi sarta supaya mbuktèkaké anggoné astané lan lambungé ana tatuning paku lan tumbak “Delengen tangan-Ku, endi drijimu, sing arep kokenggo ndemèk tatu ing tangan-Ku. Endi tanganmu, grayangana lambung-Ku, kowé aja mangu-mangu, nanging precayaa!” Tomas nuli matur marang Gusti Yésus: “Gusti kawula, Allah kawula!” Injil Yohanès katulis, perluné dadi paseksi bab bebener. Yaiku menawa Sang Kristus Yésus séda temenan, sinalib ing Golgota, kasarèkaké ing makan lan ing telung dinané wungu manèh saka antarané wong mati.Sarta sumengka minggah swarga.

Layoné Gusti Yésus Kasuwun Bakal Kapetak

Ana warganing Pradata Agama sing kajèn kéringan, jenengé Yusuf, asalé saka Arimatéa, ngarep-arep kebabaré Kratoné Allah. Nalika semana mbeneri dina pacawisan, (yakuwi dina ngarepaké dina Sabbat), mangka wayahé wis soré, mulané Yusuf mau nékad sowan ing ngarsané Gubernur Pilatus, nyuwun layoné Gusti Yésus. Bareng krungu yèn Gusti Yésus wis séda, Gubernur Pilatus gumun, banjur utusan nimbali sing jaga. Perwira mau didangu, apa wis suwé Gusti Yésus enggoné séda. Bareng wis nampa lapurané perwira mau, Yusuf diparengaké njupuk layoné Gusti Yésus. Yusuf banjur tuku mori kafan sing alus. Sawisé kuwi layoné Gusti Yésus nuli diudhunaké, banjur diulesi nganggo mori mau. Layoné tumuli disarèkaké ing kuburan sing isih anyar. Kuburan kuwi guwa sing ditatah ana ing pegunungan padhas. Sawisé mengkono, lawangé guwa banjur ditutup nganggo watu gedhé. Nalika semana Maryam Magdaléna lan Maryam ibuné Yusuf, ndeleng lan ngerti papan sumaréné Gusti Yésus. (Markus 15: 42-47 ).

Ada anggotané Majelis San Hédrin nama Yusuf asal Arimatéa. Srawung becik karo Gubernur Pilatus. Kondhang yèn dhèwèké iku wong becik. Sugih lan ora umuk. Kalebu golonganing ulama Yahudi kang seneng ngudi kawruh kayektèn. Nalika Yusuf ngerti menawa Sang Kristus wus séda, banjur sowan Pilatus, nyuwun palilah bakal ngrukti layone Gusti Yésus. Olèh idin. Mula déning Yusuf Arimatéa, Gusti Yésus disarèkaké ana ing Taman makam watu sacedhaké Yérusalèm. Kubur kuwi digawé sadurungé, bakal kanggo cecawis kanggo kuburané Yusuf dhéwé ing tembé. Sanyatané kacaosaké marang Gusti Yésus. Senajan Yusuf kuwi dudu muridé Gusti Yésus sacara terang-terangan. Nanging tetepé panguwasané, lan jroning batin ngakoni yèn Gusti Yésus iku suci. Nalika Yésus ditulak donya, Yusuf ngurmati lan nalika diemohi jagad Yusuf tetep ngugemi panguwasané. Pilatus ngidinaké Yusuf Arimatéa ngrukti layoné Gusti, sawisé ana katemtuan menawa Gusti wus séda temenan.

Gusti Diulesi Lawon

Sawisé kuwi Yusuf saka kutha Arimatéa, nyuwun idin marang Gubernur Pilatus diparengna ngukup layoné Gusti Yésus. (Yusuf kuwi wong precaya, nanging olèhé ndhèrèk Gusti Yésus sesidheman, awit wedi karo penggedhéné wong Yahudi.) Gubernur Pilatus ngidini, mulané Yusuf banjur mangkat njupuk layoné Gusti Yésus. Nikodémus sing biyèn tau sowan ing ngarsané Gusti Yésus ing wayah bengi, uga mangkat bebarengan karo Yusuf. Nikodémus nggawa mur lan gaharu sing wis diadoni. Kabèh boboté kira-kira telung puluh kilogram. Wong loro mau nuli ngudhunaké layoné Gusti Yésus, banjur diulesi kain mori sarta nganggo adonan sing digawa mau, miturut carané wong Yahudi. Ing panggonan sing kanggo nyalib Gusti Yésus mau ana petamanan. Ing petamanan kono ana kuburan anyar, sing durung tau dienggo. Sarèhné kuburan kuwi cedhak, mangka ésuké wis dina Sabbat, mulané layoné Gusti Yésus nuli disarèkaké ana ing kono. ( Yohanès 19: 38-42 ).

Yusuf Arimatéa banjur tuku kain lenan becik kanggo ules layon. Lawon, ules jenasah utawa kain kafan kang pinilih kang kaaturaké marang Gusti Yésus, mratélakaké sikep urmat tresna lan precaya marang kang dirukti. Yusuf olèh mitra ngrukti Gusti Yésus, yaiku Nikodémus.

Nikodémus iku sawijining guru lan pemimpin Yahudi, kang sesidheman uga memuji lan precaya marang Gusti Yésus. Katresnané katon nalika banjur manunggal marang Yusuf Arimatéa, bebarengan ngopèni lan nyarèkaké Gusti Yésus ing taman makan ing sacedhaké Gunung Suci Yérusalèm. Kabèh mau mujudaké cihnaning precaya. Amarga wektu semana, dadi murid sesidheman kuwi baé wis isi bebaya.

Utawa kita kudu mangertèni, menawa pancèn Gusti Yésus piyambak kang ngersakaké kuwi kelakon.

Anggoné Yusuf lan Nikodémus nyarèkaké Gusti Yésus ing pamakaman, kanthi urmat lan semangat ngabekti marang Raja. Kaya weca kang katulis ing jaman sadurungé. Sédané kanthi ngalami sengsara lan ditulak déning jagad, nanging kuburé kanthi pakurmatan. “Sédané pinesthi awor karo wong ala, nanging layoné disarèkaké ing kuburané wong sugih, merga ora tau nindakaké piala, lan ora tau goroh.”

Sarèhning Yusuf saka Arimatéa kuwi wong sugih, olèhé yasa kuburan wujud kamar “ ruang “ jembar, senajan uga kanthi ndhudhuk kaya gawé guwa. Mula sawetara uwong bisa mlebu ruang mau, banjur ya ana ing kono layoné Gusti Yésus dirukti diurmati. Dicaosi wangi-wangian, kain lenan, disiram diresiki nganti purna. Para wanita pandhèrèké Gusti nyawang ora adoh saka papané wong loro mau ngrukti layon. Déné murid liyané, kaya wis sumebar golèk papan dhéwé-dhéwé.

Makam Pasaréyané Gusti, Dijaga

Ésuké, yakuwi dina Sabbat, para pengareping imam lan para wong Farisi padha bebarengan sowan ana ing ngarsané Gubernur Pilatus. Lan padha matur: “Bapak Gubernur, kawula sami kèngetan, bilih juru penasaran menika nalika taksih gesang, naté mungel mekaten: ‘Sawisé telung dina Aku bakal urip menèh!’ Mila prayogi menawi panjenengan dhawuh supados kuburipun kajagi, ngantos tigang dinten. Sebab menawi mboten mekaten, para muridipun sami saged nyolong layon wau, lajeng sanjang dhateng tiyang-tiyang sanès: ‘Gusti Yésus urip menèh.’ Srana mekaten badhé tuwuh penasaran énggal, ingkang langkung awon ketimbang kaliyan ingkang rumiyin.” Pilatus banjur dhawuh: “Wis, nggawaa prejurit, kuburané jaganen saprayogané.” Wong-wong mau nuli padha mangkat menyang pesaréané Gusti Yésus. Pesaréan mau disègel, lan watu sing kanggo nutup pesaréan mau dicap. Sawisé kuwi banjur akon para prejurit jaga ana ing kono. ( Matéus 27: 62-66 ).

Para pemimpin Yahudi wektu iku lagi ngapa? Mesthi baé lagi padha ngumpul lan ngira menawa anggoné mbudidaya nyingkiraké Gusti Yésus wis rampung sampurna. Isih nyimpen gething lan nyimpen ati memungsuhan marang Gusti Yésus. Nanging katon menawa padha rumangsa dadi tokoh, bisa gawé senengé Gusti Allah, mbélani agama. Kuwi manut pikirané wong Yahudi lan para pemimpiné. Apa atiné padha tentrem ?

Kena diarani babar pisan ora. Sababé? – Sabab para ahli kitab, wong Farisi lan para pemimpin pinituwa Yahudi ngerti, menawa sejatiné ora kena nindakaké kaya mangkono marang Gusti Yésus. Sacara kolektif, wani. Sejatiné ing nuraniné sumelip rasa mangu-mangu tumrap tumindaké. Kelakoné kabèh mau amarga wong Yahudi nuruti kekarepaning ati, kanggo njaga ajining tata-lair.

Para ahli kuwi isih éling pangandikané Gusti Yésus, menawa bakal tekan pati, nanging telung dinané bakal tangi manèh saka anatarané wong mati. Gusti bakal wungu saka séda. Kuwi sing njalari atiné padha mangu-mangu, bingung lan semu kuwatir. Apa kira-kira bakal kedadéyan temenan? Rasa was-was kuwi njalari padha gumrégah sowan Gubernur Pilatus, nyuwun supaya kuburé Gusti Yésus disegel bakuh, lan dijaga. Kanggo ngawékani menawa Gusti Yésus tangi temenen, utawa menawa ana sing nyolong layoné banjur dikobrakaké “tangi saka pati.” - Cekaké, pasaréyané Gusti dijaga prajurit.

Nalikané Gusti sinalib, mitra raketé Gusti Yésus padha nyawang saka kadohan merga kanyatan salib kuwi gawé nglokroning semangat. Guru lan pangon panutané wis karebut mungsuh, Apa bakal mati kaya lumrahing manungsa, banjur rusak ing kubur. Apa bakal tangi temenan? Para sobat mitrané nyandhang prihatin lan was-was banget. Guru lan Gustiné naté ngendika menawa dadi dalaning urip. Sing sapa precaya bakal urip najan wus mati. Nanging saiki nyatané kepriye? ( Yoh 11: 25 ).

Panjenengané uga wus naté ngendika, menawa duwé kwasa masrahaké nyawa, lan mundhut wangsul kanthi panguwasa. Saiki malah katangkep lan kasalib déning mungsuh, apa bakal kwasa mundhut wangsul nyawané? ( Yoh 10: 17, 18 ).

Menawa sanyatané Gusti Yésus bakal wungu manèh sawisé séda, nyata kuwi dadi kalahé sing padha nyalib, ateges wulangané bener. Nanging, nyatané nalika iku Gusti sinalib lan ora bisa mudhun kanthi ngetog karosan panguwasané. Dadiné bakal kepriyé?

Manut petungan dina Yahudi, wunguné Gusti ing pungkasané dina katelu. Jemuah malem Setu, nalika srengéngé angslup ing ufuk kulon, kuwi kawitaning dina Sabat, manut petung dina Yahudi. Kuwi kalebu dina kang kaping telu saka sédané Gusti Yésus. Déné wunguné Gusti, dina pungkasan dina katelu, wetara subuh dina Minggu sadurungé mlethèk surya, sadurungé jam enem ésuk. Sarirané Gusti lepas bebas saka pangiketing lawon, lan lawon, kain kafané, ditilar ana ing makam tanpa cacat. Ora rusak. Tanpa alangan Gusti wungu ing Dina Minggu ésuk, lan miyos saka kubur yasané Yusuf.

Para Wanita Yérusalèm Bakal Ziarah

Bareng dina Sabbat wis kliwat, Maryam Magdaléna, Maryam ibuné Yakobus, lan Salomé, padha lunga tuku ubarampéné adon-adonan lenga kanggo mborèhi layoné Gusti Yésus. Ésuk umun-umun, ing dina kapisan minggu kuwi, wong-wong mau padha lunga menyang pesaréan. Nalika semana srengéngé lagi mlethèk. Ana ing dalan wong-wong mau padha rerasanan: “Mengko sapa sing arep nulungi awaké dhéwé, ngglundhungaké watuné? Mangka watuné gedhé banget.” Nanging bareng wis padha tekan ing pesaréan, watuné ketemu wis gumlundhung. ( Markus 16: 1-4 ).

Para murid wanita saka Yérusalèm, jangkep sangu uba rampéning ziarah, padha teka menyang kubur. Bakal ngrukti layoné Gusti Yésus, kang dikira isih ana ing kubur. Kanthi mangkono nyata, menawa para murid ora ngyakini banget menawa dina katelu Gustiné bakal wungu.Buktiné isih nggolèki Sang Guru menyang kuburan. Mangka sadurungé wis ana pangandikané Gusti, yèn bakal wungu ing telung dinané.

Sadurungé para wanita kang dadi murid setya kuwi tekan kubur, malaékat suwarga wus ndhisiki tekané. Malah kubur wus menga, lan kubur wus suwung. Utusan suwarga mau kaya-kaya mung kari ngentèni tekané para wong wadon kuwi, saperlu pinaringan kabar kang mbungahaké. Menawa Gusti Yésus wus wungu saka séda.

Kabar Bungah Tumrap Pétrus Lan Yohanès

Ing dina Minggu, nalika isih ésuk umun-umun, dadi isih peteng, Maryam Magdaléna lunga menyang pesaréané Gusti Yésus. Ing kono Maryam Magdaléna weruh watu tutupé guwa pesaréan mau wis sumingkir saka ing panggonané. Mula Maryam Magdaléna nuli mlayu nggolèki Simon lan sekabaté Gusti Yésus sing dikasihi, banjur kandha: “Layoné Gusti Yésus wis dijupuk wong, aku ora ngerti ana ing ngendi olèhé nyèlèhaké!”

Pétrus lan sekabat sing dikasihi Gusti Yésus mau sanalika nuli mangkat menyang pesaréan. Wong loro mau padha mlayu, nanging sekabat sing sijiné playuné luwih rikat ketimbang karo Pétrus. Mulané tekané ing pesaréan luwih dhisik. Bareng nginguk ing njero pesaréan, sakabat mau weruh kain mori ana ing kono, nanging dhèwèké ora terus mlebu. Simon Pétrus sing tekané kèri, terus mlebu ing pesaréan. Pétrus weruh kainé mori sumèlèh ana ing kono, nanging kacu sing ditalèkaké ana ing mestakané Gusti Yésus ora ana ing kono. Kacu kuwi wis lempitan sumèlèh pisah karo kain mori mau. Sekabat sing teka dhisik mau uga banjur mlebu ing pesaréan. Weruh kuwi mau kabèh, temahan precaya.

Nganti wektu kuwi para sekabat durung padha ngerti apa sing katulis ana ing Kitab Suci, yèn Gusti Yésus bakal wungu saka ing séda.) Sawisé kuwi para sekabat mau banjur padha mulih. ( Yohanès 20: 1-10 ).

Kubur Kothong

Nalika Maryam Magdaléna nyumurupi watuné tutup kubur kang gedhéné semono wus nggoling, dhèwèké ngira yèn layoné Gusti Yésus wus disingkiraké déning mungsuh. Layoné Guru Gustiné kang banget ingurmatan, wus ilang.Terus sapa sing nyolong?

Para wong wadon mau banjur ngabari Pétrus lan Yohanès, menawa kubur wus suwung. Para murid banjur padha bali menyang kubur manèh, Pétrus lan Yohanès mlebu ing papan sekawit layon kasarèkaké. Sing ana mung lawon kang udhar. Lan ora rusak. Krasa yèn lepas udharing lawon ora saka tangan manungsa lumrah. Mesthi saka panguwasaning gaib. Pancèn Gusti Allah piyambak kang ngrancang wunguné Gusti kuwi. Pétrus bingung. Nanging Yohanès béda, isih bening èngetané, menawa Guru Gustiné ora ilang merga dicolong mungsuh, utawa diusung déning murid kekasih liyané. Yakin yèn ora.

Kubur kang menga lan suwung, kuwi bukti nyata yèn Gusti Yésus wungu. Upama ilangé disimpen déning wong Yahudi? – Ora bakal kedadéyan. Upama diumpetaké déning para pimpinan Yahudi, mesthi bakal nulak lan nampik pratélaning umat menawa Gusti wungu. Yèn wong Yahudi ora nulak katrangan lan kabar sing sumebar, kuwi tegesé pinituwa lan pemimpin Yahudi ora ngumpetaké layoné Gusti. Tegesé, Gusti pancèn wungu temenan saka antarane wong mati, ing dina kateluné. Isih mangu-mangu?

Mangka sanyatané lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, éwosemono kita padha ngira Panjenengané iku kena ing ipat-ipat, kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah. Mangka Panjenengané iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbaléla, Panjenengané karemuk merga saka piala kita, ganjaran paukuman kang nekakaké karahayon tumrap kita iku kadhawahaké ing Panjenengané, sarta marga saka bilur-biluré kita banjur padha dadi waras. ( Yesayah 53 : 4 - 5 )

GUSTI NYATA YÈN WUS WUNGU SAKA SÉDA

Malaékat mau nuli ngandika marang para wong wadon sing padha niliki pesaréan mau mengkéné: “Aja padha wedi! Aku ngerti yèn kowé padha nggolèki Yésus sing mentas disalib. Panjenengané ora ana ing kéné, wis wungu, cocog karo sing dingandikakaké dhèk biyèn. Coba delengen panggonan tilasé. Mulané padha énggal balia lan mènèhana weruh marang para muridé, yèn Panjenengané wis wungu, lan saiki tindak ndhisiki lakumu menyang tanah Galiléa. Ing kana kowé bakal ketemu karo Panjenengané! Padha élinga marang sing dakkandhakaké marang kowé iki!” Para wong wadon mau nuli énggal-énggal padha mangkat saka ing pesaréan kono, kanthi rasa wedi campur bungah. Lakuné rikat banget, sebab sélak kepéngin mènèhi weruh marang para muridé Gusti Yésus bab lelakon kuwi mau.( Matéus 28: 5-8 ).

Nyumurupi kubur wus suwung, Pétrus lan Yohanès bali menyang Yérusalèm. Déné para wanita isih mandheg ana kono.Malah kepara mlebu kepéngin mbuktèkaké cecaketan. Malaékat priksa kaya ngapa bingunge para wanita mau, mula uga nglipur. Amarga nyawang getering ndriyané, bareng malaékat ngetingal. Pitakoné: “ Kena ngapa nggolèki sing “gesang” tangi saka antarané wong mati, kok menyang kuburan?” – Malaékat ngyakinaké uga menawa Gusti Yésus wus wungu tenan kaya kang wus diprasetyakaké déning Gusti piyambak. Malaékat ngélingaké apa kang dipangandikakaké déning Gusti kaya kang katulis ing Lukas 24: 5-7.

Wong-wong wadon mau padha wedi banget, banjur sumungkem ana ing lemah. Priya loro mau nuli padha ngandika: “Yagéné kowé padha nggolèki Panjenengané kang gesang, ana ing antarané wong mati? Panjenengané ora ana ing kéné, wis wungu! Padha élinga pangandikané marang kowé, nalika Panjenengané isih ana ing tanah Galiléa, pangandikané: ‘Putraning Manungsa wis pinesthi diulungaké marang tanganing wong dosa, banjur bakal disalib, lan sawisé kuwi nuli ing telung dinané bakal tangi menèh.’ “

Kagum, bungah, wedi lan gugup. Kuwi sing nyurung énggal-énggal bakal ngabaraké pawarta kuwi marang mitra murid liyané. Wong kang bakal nggolèki Gusti Yésus, ora bakalbisa ketemu Panjenengané, lamun ngendelaké kawruh sejarah. Naliti bab sédané, banjur diolah kanthi kakuwataning logika, banjur digolèki sarining bebener, ora bakal ketemu. Ing sejarah, kaya uga ing lipetan lawon, mung bebasan sakedhèp nétra. Sejatiné Gusti Yésus nunggil karo kita kabèh saben manungsa ing sacedhak kita. Ing ati lan nurani kita, lan bakal bisa ketemu yèn digolèki kanthi “mripating iman.”

Duwé kawruh bab Gusti Yésus, ora nyukupi kaperluwan rohani jaman iki. Sing perlu ngalami nunggil. Ngalami kaberkahan, lan ngalami iman marang Panjenengané. Ora mung nyawang saka kadohan ngirup kawruh, lan cukup nyaketi mung miyaki sejarah. Padha baé sowan Gusti kang gesang, anggoné nggolèki ana kain lenan lawon. Sarta sajroning ngalami mau kanthi iman menawa Gusti wus unggul lan mbutuhaké pengalaman anyar, ngrasuk lan nunggil karo Gusti sacara pribadi. Mengkono ketemuné.

Ngetingal Marang Maryam Magdaléna

Maryam isih kari ana ing ngarep pesaréan karo nangis. Sajroné nangis Maryam mbungkuk karo nginguk ing njero pesaréan. Maryam weruh ana malaékat loro ngagem sandhangan putih. Malaékat loro mau padha lenggah ana ing panggonan sing mentas kanggo nyarèkaké layoné Gusti Yésus. Malaékat sing siji lenggah ana ing prenahé mestaka, sing sijiné ana ing prenahé samparané Gusti Yésus.

Para malaékat mau padha ndangu marang Maryam: “Ibu, yagéné kowé koknangis?” Wangsulané Maryam: “Wonten tiyang ingkang mendhet layonipun Gusti kawula, lan kawula mboten sumerep wonten pundi enggènipun nyèlèhaken!” Sawisé matur mengkono, Maryam nuli méngo, sarta weruh Gusti Yésus jumeneng ana ing kono. Nanging Maryam ora ngerti yèn kuwi Gusti Yésus. Pendanguné: “Ibu, yagéné kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Maryam ngira wong kuwi juru-taman. Mulané kandhané: “Pak, menawi sampéyan ingkang mindhah layonipun Gusti kula saking ngriki, wonten pundi enggèn sampéyan nyèlèhaken. Mangké badhé kula purugi mrika.” Gusti Yésus nuli ngandika: “Maryam.” Maryam banjur nolèh, banjur muni nganggo basa Ibrani: “Rabuni” (tegesé: ‘Guru’). Gusti Yésus ngandika: “Aja nggepok Aku, awit Aku durung sowan marang Rama-Ku. Lungaa nemoni sedulur-sedulur-Ku. Kandhanana: ‘Aku arep sumengka sowan marang ngarsané Rama-Ku, iya Ramamu; ing ngarsané GustiKu lan iya Gustimu.’ Maryam nuli mangkat ngandhani para sekabat, yèn dhèwèké wis ketemu Gusti Yésus, lan ngandhakaké welingé mau kabèh. (Yohanès 20: 11-18 ).

Nalika Maryam Magdaléna ndheprok sedhih ing kubur, sejatine malah kudu bungah. Senajan kubur kothong, suwung. Amarga ing samburiné kang kelakon kuwi kasimpen berkah kabungahan. Gusti Yésus wungu, tegesé unggul saka pepati.

Dumadakan ana sing takon, Maryam lagi nindakaké apa ana kono. Maryam ngira sing takon kuwi tukang kebun, juru taman kang nyaketi. Sing dianggep juru taman mau disengguh sing ngelih layoné Guru Gustiné lan didhelikaké. Pitakon, digawa menyang endi layoné Sang Guru. Sing disengguh juru taman mau nimbali: Maryam ! - Maryam ora pangling. Suwara kuwi suwarané Gusti Yésus, sang pangon kang sejatiné Guru lan Gustiné. Wedhus-wedhus iya wanuh lan nitèni suwarané, kaya Maryam Magdaléna.

Maryam yakin yèn kuwi Sang Guru Yésus. Mula banjur kanthi kagum lan bungah matur: “Rabuni !” – Tegesé, Guru, Gusti ! – Lan kaya bakal sujud nyénggol sampéyané Gusti. Nanging Gusti banjur paring dhawuh: “ Aja, aja nggepok Aku, amarga Aku durung sowan marang Sang Rama.” – Iki ngemu piwulang, menawa sawisé Gusti kamulyakaké, ngagem sarira mulya, sesambunganing umat karo Sang Juru Slamet iku sesambungan sacara Rohani. Sing utama dudu sesambungan tatalair, nanging Rohani. Pangibadah uga ora ibadah ritual, nanging rohani. Marang wanita Samaria Gusti Yésus paring kotbah: “Gusti Allah kuwi Roh, lan wong sing arep nyembah marang Gusti Allah kudu nyembah Panjenengané kaya sapamisiké Roh.” Wong wadon mau nuli matur marang Gusti Yésus: “Kula sumerep bilih Sang Kristus badhé rawuh. Menawi rawuh, Panjenenganipun badhé nerangaken samukawis dhateng kita.” Pangandikané Gusti Yésus: “Iya Aku, sing lagi ngandikan karo kowé iki Panjenengané.”

Mula ing jaman saiki, yèn anggon kita manembah kanthi ngendelaké marang kawujudan-kawujudan, kudu ketemuné manifestasi-manifestasi, nggolèki suwara-suwara, bebisik lan maujuding sesawangan sajinis wahyu, akèh sing bakal kecelik lan klèru. Sabanjuré, pawarta saka Gusti Yésus pribadi, kapisanan ditampa Maryam Magdaléna, supaya énggal kawartakna marang murid liyané. menawa Panjenengané wus wungu, lan wus ngetingal. Maryam wus ketemu. Panjenengané bakal kundur menyang swarga papan asal-usulé rawuh iya saka swarga. Supaya Maryam énggal ngabaraké marang para sedulur. Tembung sedulur, kang luwih raket katimbang mitra, amarga anggoné Gusti mratélakaké katresnané. Senajan para “mitra” wis nilar Gusti sumingkir saka taman Gètsémané dhèk embèn, nanging kabar bungah dina iku katujokaké marang para mitra sakabat uga, kanthi sesebutan “para sedulur.” Ora mung sakabat utawa murid.

Gusti Allah uga bakal dadi Ramané saben sakabat lan murid, lan sapa baé kang precaya marang Sang Kristus. Sang Kristus piyambak uga ngendika marang para sakabat: “ Aku bakal munggah ing ngarsané RamaKu lan Ramamu, marang AllahKu lan Allahmu.” – Ana ing sang Kristus Yésus, para wong pracaya dadi putraning Allah . Kaputran kita, merga saka Gusti Yésus. Déné sesambunganing Kaputran antarané Allah Sang Rama lan Gusti Yésus, kuwi sawijining ASALI, ora bisa kaungkap déning pikiran.“Sebab Roh sing diparingaké déning Gusti Allah marang kowé, kuwi ora ndadèkaké kowé dadi budhak, temah kowé padha urip sajroning wedi. Nanging kosokbaliné, Rohé Gusti Allah kuwi ndadèkaké kowé dadi para putrané Allah. Lan merga pangrèhé Rohé Gusti Allah kuwi, kita padha nyebut Gusti Allah: “Rama! Ramaku!”

Gusti Ngetingal Marang Para Wanita

Dumadakan Gusti Yésus methuki wong-wong wadon mau lan ngandika: “Salam.” Wong-wong mau nuli padha nyedhaki, banjur padha nyungkemi sampéyané! Gusti Yésus banjur ngandika: “Aja padha wedi. Balia ngandhani sedulur-sedulur-Ku, supaya padha mangkat menyang ing tanah Galiléa. Ing kono bakal padha ndeleng Aku.” ( Matéus 28: 9, 10 ).

Para murid pria, ora gampang ngandel. Wong padha ragu lan mangu-mangu, supaya pungkasané dadi ngandel lan pracaya banget. Ngetingal kang kapindho, Gusti Yésus marang para murid wanita. Ora marang murid pria. Amarga panguwasa rohani, para murid dadi saya kumandel, merga saka anané bukti bukti ngetingalé Gusti Yésus.

Prajurit Lapur Bab Wunguné Gusti

Nalika para wong wadon lagi budhal, ana prejurit sawetara sing padha jaga pesaréan, lunga menyang kutha Yérusalèm, prelu nglapuraké marang para pengareping imam, bab apa sing kelakon kabèh. Para pengareping imam mau nuli padha rembugan karo para sesepuhé bangsa Yahudi. Wong-wong mau nuli padha gawé putusan, mbeseli para prejurit mau nganggo dhuwit akèh. Déné para prejurit mau padha diweling: “Kowé padha mertak-mertakna, yèn para muridé Yésus padha teka ing wayah bengi, lan nyolong layoné, nalika kowé padha mbeneri turu. Yèn Bapak Gubernur mireng bab kuwi, aku bakal padha matur marang panjenengané, supaya kowé ora diukum.” Para prejurit nuli padha nampani dhuwité, lan nindakaké apa sing diwelingaké déning para pengareping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi mau. Critané para prejurit mau banjur sumebar ing tengahé masarakat Yahudi, nganti sepréné. ( Matéus 28: 11-15 ).

Kabar bab wunguné Gusti saya sumebar. Prajurit jaga lapur marang para pinituwa Yahudi. Wong Yahudi ngrékadaya, gawé akal supaya para prajurit padha ngakua, yèn nalika jaga lan keturon, murid-muridé nyolong layoné guruné. Prajurit prajurit mau disogok nampa bayaran dhuwit, dibeseli supaya paseksi goroh.

Dosané para pinituwa lan pemimpin Yahudi, gedhé banget. Padha ngerti yèn para murid ora nyolong layoné Sang Guru. Nanging gawé paseksi lan pawarta goroh. Banjur madhakaké “wunguné” Gusti, karo “lakuning maling nyolong layon.” Iki dosa gedhé. Pangina lan panyenyamah marang kang Mahamulya. Lan kabèh mau déning pakaryaning Roh Suci, iya Rohing Allah, iya Allah piyambak kang dedunung, dhedhampar ana ing Sang Putra, kang wus kanthi suka lila dadi kurban panebusing dosa, séda sinalib iku.

Para Imam Ulama Yahudi, para Pemimpin Yahudi lan para ahli kitab, Farisi, nyata kabukten nyenyemah marang Gusti Allah. Nyogok prajurit, lan ngina pakaryané Sang Roh Suci. Bangkit – wunguné Gusti dianggep kaya pakaryané maling. Nalika Gusti nindakaké mujizat, jaréné saka kekuatan Baalzebul. Mangka saka kakuwataning Allah. Malah saiki sing ndakwa nglakoni nyawiyah, menghujat, marang Gusti Allah.

Unggul saka séda, dadi bukti nyata lan panguwasa sing tanpa tandhing. Nalika gumantung ing kayu salib, Gusti durung ngalami séda, ditantang supaya mudhun saka salib nulungi awaké dhéwé. Gusti ora karsa, senajan mesthi bisa. Amarga pakaryan durung rampung. Bareng wis séda temenan, nyatané bisa wilujeng lan bangkit, sawisé séda telung ndina. Saiki, endi sing luwih aji? – Wilujeng sadurungé séda, tegesé batal tekan pati. Apa luwih aji kang nyatané sawisé séda telung ndina, bisa bangkit gesang manèh lan unggul? Endi sing luwih aji lan luwih digdaya cihnaning panguwasa?

Menawa pancèn wong Yahudi ngerti surasaning kitab, mesthi precaya marang Gusti Yésus. Gusti piyambak ngendika, menawa ing jagad raya ana kitab suci, kang dadi panuntun dadi pepéling lan dadi paugeran. Mula Lazarus kang pinangku rama Abraham sawisé mati, ora perlu mudhun manèh bali menyang ndonya saperlu ngélingaké seduluré. Ya kaya bangsa Yahudi, yèn pancèn butuh slamet, mesthiné wis duwé pangertèn saka kitab suci, lan kudu nampa Sang Kristus Yésus dadi Sang Mésias.

Nalika Gusti Yésus durung kasalib, ing sauruting sugengé, akèh mujizat. Kuwi bukti panguwasané. Akèh lelara ditambani, bisa waluya. Kuwi dadi bukti panguwasané. Kaélokan-kaélokan, telung puluh tahun mulang kabeneran, para murid kang dadi seksiné, pangandikané kang cocok karo kang kadadéyan, ya sengsarané, sédané, bangkit utawa wunguné saka séda, sumengka utawa mikrad menyang swarga, maringi roh suci lan sawisé séda sarta wungu banjur ngetingal marang wong akèh. Kuwi dadi bukti !! Nanging keslametan langgeng ora kawiwitan saka kawruh, nanging ingayatan saka niyat “nampa” marang kang nresnani lan nebus umat manungsa, Gusti Yésus.

Isih Ana Bukti-bukti Pungkasan

Pitung minggu sawisé Gusti wungu, para sakabat kanthi tatas, tatag lan titis gawé paseksi menawa Gusti Yésus iku Sang Mésias. Wong pirang-pirang kumpul ing Yérusalèm. Para pinituwa disaruwé dikritik déning para rasulé Gusti, menawa sejatiné padha gawé dosa anggoné ngakali nyédani Gusti Yésus. Para wong wasis diwelèhaké déning para murid. Kekendelan iki, bukti, menawa Gusti pancèn wis wungu saka séda. Yèn ora bukti, wataké wong Yahudi, wis njaluk tulung prajurit Rum, supaya sakabat ditangkepi. Kuwi mesthi. Sapa sing ora wanuh karo wataké wong Yahudi ?

Yèn pancèn sédané Gusti, lan wunguné Gusti ora kabuktèn, para murid ora bakal duwé kekendelan mangkono. Kotbah bab sédané Gusti, bab wunguné Gusti. Bab anggoné wong Yahudi mèlu nyalib Gusti Yésus. Ora ana sing mbantah, tegesé nyata. Pancèn ana, ing jaman sawisé malah akèh teori sing ngrékayasa lan gawé crita bab sédané Gusti Yésus kuwi jaréné ora nyata. Sawisé luwih saka saabat suwéné, timbul upayaning manungsa gawé carita sing mlèsèt saka kanyatan, lan gunemé adhedhasar “jaréné.” Mesthi baé nganggo tembung jaréné, merga kelakoné wis atusan taun, ganti abat lagi thukul anané carita jaré Gusti Yésus ora kasalib, sing kasalib wong liya. Kok ngerti-ngertiné, gawé crita saiki, nggambaraké lelakon atusan taun kepungkur, lan luwih saabat kepungkur sadurungé. Seksiné sapa? Sumberé pancèn saka golongan Yahudi sing ngemohi Gusti Yésus. Ya pantes, ngantiya kapan baé tetep keblinger pangertèné.

Saka sejarah, kita kabèh ngerti, menawa wiwit abat kapisan sing padha nglawan Kekristenan, mempeng gawé carita ngaco, ngayal lan dhedhasar jaréné sing kandha. Lan bisa baé déning Iblis disurung kekuwatan, wacan sing ditulis banjur diarani Kitab Suci. Bisa baé. Umat jaman saiki gampang kesasar, sejatiné merga ora ngerti : Apa ta sing diarani Kitab Suci kuwi? Lan apa ta Firman Allah kuwi? Iki sing kudu dipahami. Sarta manèh manungsa luwih ngajèni marang guruné sing sipat manungsa, katimbang marang Gusti Allah. Sejatiné bener luput kuwi gampang, wong becik kuwi uwohé sih katresnan, nanging yèn wong kesasar, dadi wong ala, uwohé laku sirik lan gething sengit mematèni. Mulané, yèn bener, uwohé katentreman. Sing luput, tansah rumangsa bener dhéwé.

Ora Mung Nalar Nanging Bukti Nyata

Menawa ana pawarta bab wunguné Gusti Yésus, sing nampa pawarta mau olèh bukti saka wong liyané manèh sing nyeksèni. Dadi nyata kadadéyan. Prajurit Rum, lapur. Banjur Ulama lan para Imam Yahudi, nyogok mbungkem cangkemé prajurit supaya goroh. Prajurit dadi sumber goroh, merga disumpel dhuwit.

Bukti wunguné Gusti ora mung ana ing para murid. Ana ing wong Yérusalèm, nalika ngumpul, padha nampa pawarta, pamelèh lan kotbahé para sakabat. Padha meneng, kuwi bukti menawa kadadéyan nyata. Yèn ora nyata, mangka para murid kendel kotbah, mesthiné tentara Rumawi bakal dijaluki bantuan wong Yahudi supaya para murid dibungkem, yèn perlu dipatèni.

Kita uga yakin, yèn sajroning atiné para wong Yahudi, gething sengit kepéngin males. Ing sejarah, bakal ana pangamuké Saulus kang sabanjuré dadi muridé Gusti, dadi Rasul. Kawitané mbrantas kekristenan, pungkasané dadi Rasulé Gusti Yésus. Wong Yahudi obah manèh nglawan kekristenan, sawisé puluhan taun. Ing kawitané ora jumangkah, merga kabèh kadadéyan nyata. Isih jinja lan wedi.

Sing cetha, wunguné Gusti Yésus ora merga dirékayasa. Sejarah Romawi uga dadi seksi. Kitab Suci uga dadi paseksi utama pratélaning kayektèn. Yèn ana sing nganggep Injil isiné ora bener, penganggep kuwi yèn ditlusur temenan asalé saka: Mungsuh kawitan, kalebu golongané sing nyalib Gusti Yésus. Lan sing nglawan kasebut, kalebu para winasis kang sejatiné ora ngerti isi lan sejarahé Kitab Suci.

KUWAJIBAN KITA KABÈH: “ Sajroning pandonga, nyuwunaké pangapura marang wong utawa golongan sing memoyok lan ngolok-olok kekristenan, amarga wong lan golongan kuwi ora ngerti sejatining karsaning Gusti Allah kuwi kaya ngapa, kepriyé. Akèh sing ora paham. Bisa muni, tegesé ora ngerti. Sanyatané memelas banget. Payo, padha didongakaké. Supaya antuk apura saka Gusti Sang Mésias Amin.”

SAWISÉ WUNGU SAKA SÉDA, GUSTI YÉSUS BOLA BALI NGETINGAL

Ing dalan neng Émaus

Ing dina kuwi ana sekabaté Gusti Yésus loro sing lagi mlaku menyang désa Émaus. Désa Émaus kuwi adohé kira-kira rolas kilomèter saka kutha Yérusalèm. Karo mlaku wong loro mau padha ngrembug bab sing mentas kelakon. Sajroné isih padha guneman mau Gusti Yésus piyambak rawuh lan mbarengi lakuné. Wong loro mau padha weruh Gusti Yésus, nanging embuh apa sebabé padha pangling karo Panjenengané. Gusti Yésus banjur ngandika: “Kowé kuwi lagi padha ngrembug apa?” Wong loro mau nuli padha mandheg lan katon sedhih. Sing siji, sing jeneng Kléopas, mangsuli: “Kula kinten namung Panjenengan piyambak, tiyang manca ing kitha Yérusalèm, ingkang mboten mangertos kedadosan-kedadosan ingkang mentas kelampahan, ing salebetipun sawetawis dinten menika.” Pangandikané Gusti Yésus: “Kuwi lelakon apa?” Aturé sing didangu: “Menika lelampahanipun Gusti Yésus, saking kitha Nasarèt, nabi ingkang kwaos sanget ing pendamel lan ing piwucal, sarta tiyang ingkang kajèn wonten ing ngarsanipun Gusti Allah lan ing antawisipun manungsa. Para pengajenging imam tuwin para pengajenging bangsa kita sami ndhawahaken paukuman pejah dhateng nabi wau, lajeng dipun salib. Mangka kula sedaya rumiyin gadhah pengajeng-ajeng, bilih Panjenenganipun menika ingkang badhé ngluwari bangsa Israèl! Dinten menika sampun tigang dintenipun prekawis wau sedaya kedadosan. Namung kémawon lajeng wonten cariyos, ingkang dipun cariyosaken déning tiyang èstri sawetawis panunggilan kita, ingkang damel kula sami kagèt sanget. Énjing wau nalika taksih umun-umun, tiyang-tiyang èstri wau sami dhateng pesaréan, nanging wonten ing ngriku layonipun Gusti Yésus mboten wonten. Lajeng sami wangsul, lan sanjang, bilih sami sumerep malaékat kalih. Malaékat-malaékat menika sami ngandika, bilih Gusti Yésus menika sampun wungu saking séda. Nunten wonten kanca kula sawetawis ingkang sami dhateng pesaréan, lan neksèni bilih menapa ingkang dipun cariyosaken déning tiyang-tiyang èstri menika pancèn leres mekaten, nanging kanca-kanca wau mboten sami sumerep piyambak.”

Gusti Yésus nuli ngandika marang wong loro mau: “Kowé kokbodho temen lan angèl temen precaya marang apa sing wis dingandikakaké déning para nabi! Sang Kristus rak wis pinesthi nandhang sangsara, lan sawisé kuwi lagi kamulyakaké!” Gusti Yésus nuli nerangaké marang wong loro mau bab apa sing wis disebutaké ana ing Kitab Suci mungguh Sang Kristus, wiwit saka Kitab-kitabé Nabi Musa nganti tekan Kitab-kitabé Para Nabi liyané. Bareng wis cedhak ing désa sing arep diparani, Gusti Yésus kaya-kaya arep nerusaké tindaké. Nanging wong loro mau padha nyandhet Panjenengané: “Kula aturi mampir ing griya kula, awit sampun serap, sekedhap malih sampun peteng.” Gusti Yésus nuli mlebu ing omahé wong loro mau. Bareng lungguh bebarengan arep mangan, Gusti Yésus nuli mundhut roti lan ndedonga, saos panuwun marang Gusti Allah. Sawisé kuwi banjur nyuwil-nyuwil roti, sarta diulungaké marang wong loro mau. Sanalika iku uga wong loro mau mripaté kabukak, temah mari panglingé karo Panjenengané. Nanging Gusti Yésus nuli ngilang saka ing pandelengé wong-wong mau. Wong loro mau nuli padha kandha: “Wah krasa tenan atiku dhèk mau, nalika ngrungokaké Panjenengané nerangaké isining Kitab-kitabé Musa lan Para Nabi. Pangandikané ngyakinaké temenan.” Sanalika iku uga wong loro mau nuli ngadeg lan bali menyang kutha Yérusalèm. Ana ing kana padha ketemu para sekabaté Gusti Yésus wong sewelas, wis padha ngumpul karo murid-murid liyané. Sing padha ngumpul mau padha muni: “Gusti wis wungu temenan! Panjenengané wis ngetingal marang Simon!” Wong loro sing saka désa Émaus mau nuli uga nyritakaké marang para murid sing padha nglumpuk mau, bab apa sing wis dialami dhéwé, lan enggoné ora pangling karo Gusti Yésus, bareng Gusti nyuwil-nyuwil roti. ( Lukas 24: 13-35 ).

Gusti ngetingal kang ping teluné, marang murid loro kang lagi lumaku nuju kutha Emaus. Murid iki ora kalebu murid golongan rasul rolas. Bisa uga kalebu golongan pitungpuluh murid. Kaya ana dhawuh penggalihé Gusti Yésus yèn bab mimpin Gréja ing tembé mburiné, ora tansah gumantung marang rasul rolas. Kawigatèné Gusti warata sumebar marang para pandhèrèké. Ora ana pandhèrèk kelas siji, loro utawa sabanjuré. Ora kaya mangkono.

Gusti Yésus nggabung salaku karo murid loro mau. Yérusalèm – Emaus. Murid kuwi ora ngira yèn kuwi Gusti Yésus kang wus wungu, senajan jagongan pirembugan uga sauruting laku. Gusti Yésus ndangu: ‘ Ki sanak, kok sajak sedhih, ana apa ?” – Sing didangu jenengé Kléopas, ya durung ngerti yèn kuwi Gusti Yésus. Kléopas malah gumun. Déné ana priyayi saka kutha Yérusalèm, kok ora krungu kabar apa sing lagi kadadéyan. Anèh. Kléopas dijaluk nerangaké.

Saka katrangané Kléopas lan mitrané, nyata menawa Kléopas lan kancané mau nresnani Gusti Yésus. Nyaritakaké kadadéyan telung ndina pungkasan. Wiwit Sang Guru Yésus ditangkep prajurit saka akalé para pemimpin Yahudi, nganti pengadilané, sédané sing njalari rumangsa kélangan. Nanging Kléopas isih kapirsanan déning Gusti menawa duwé pengarep-arep nunggal karo Gustiné. Senajan saiki dadi ora karuh-karuhan rasané. Mula dadi katon prihatin. Apa baliné menyang Emaus merga wis ngentèni telung ndina ing Yérusalèm, mangka pengarep-arepé saya mbingungaké? Mesthi baé wis ngerti piwulang menawa Gusti bakal wungu saka séda ing telung ndinané. Nanging kok ora weruh kanyatané. Bisa uga ora betah, cara kamanungsané ngarep-arep, nanging kapeksa bali mulih. Klèopas ya wis olèh pawarta, menawa pasarèyané Gusti kothong, suwung.

Yèn nalar diumbar, mesthiné malaékat ora nemoni Maryam Magdaléna luwih dhisik, kuduné Ibu Maryam sing isih nyandhang sedhih. Utawa mesthiné rak ora murid wadon dhisik, kena ngapa ora ngetingal luwih dhisik marang murid sing lanang. Rasul rasul ing Yérusalèm, mesthiné dadi inti karawuhan anggoné ngetingal.

Gusti paring piwulang marang murid loro kuwi, supaya bali ngandel marang Kitab Suci. Apa padha ora ngandel marang wecaning para Nabi.? Menawa Sang Mésias, bakal kamulyakaké sawisé sinalib nandhang sengsara? Wong dadi bodho, menawa ora ngandel marang pamecané para Nabi ing Kitab Wasiyat Lawas. Sang Mésias perlu séda lan nandhang sengsara temenan. Amarga pancèn Mésias temenan. Pikiran lan atiné Kléopas binuka déning berkahing Gusti kang manunggal ing kono. Banjur Gusti nerangaké bab kitab Musa, kang sejatiné nerangaké bab bakal rawuhé Sang Mésias, Sang Al-Masih. Kitab Torèt, kitab Mazmur, kitab Yésayah kitab Zakaria, kitab kitabé para Nabi, kabèh padha dadi gegambaran bab bakal rawuhé Sang Mésih. Kanthi gamblang Gusti nerangaké sesambungané kitabé para Nabi lan sugengé Gusti Yésus Kristus. Kabèh ngener marang Sang Kristus.

Kaya dadi pawarta anyar isining Kitab Suci tumrap Kléopas. Roh Suci mbuka atiné, lan memulang ana ing sihé Gusti Yésus. Krasa ana ing atiné Kléopas lan kancané: “ Aku dadi semangat banget, bungah banget nampa carita bab Kitab Suci.” - Nganti cedhak karo kampung utawa kutha Emaus lakuné wong telu iku. Lan nalika Gusti Yésus pamitan arep misah nerusaké laku, Kléopas nyuwun supaya wong asing kuwi kersaa pinarak mampir ing pondhoké. Gusti Yésus lereb ing kono.

Nalika dhahar bebarengan, Gusti Yésus nampa pakurmatan lenggah ing papané “tuan rumah” – banjur mundhut roti. Roti didongani, banjur dicuwil, pinaringaké marang Kléopas lan mitrané. Ing wektu iku uga, wong loro mau sadhar, yèn sing ana ing ngarepé kuwi Gusti Yésus. “ Gusti ……Guru ….” Gusti bangkit, Gusti wungu! – Lan nalika murid loro mau ngyakini kawontenané Gusti Yésus kang wus unggul, lan wungu, tangi saka antarané wong mati, - Gusti Yésus musna saka pandulu. Gusti tindak lan ora katon. Murid loro mau banjur ngadeg, gurawalan padha bali menyang Yérusalèm, bakal ngabari sedulur liyané, murid-murid liyané.

Yèn saben wong kang wanuh Gusti Yésus sigra ngabaraké kaélokané Gusti marang wong liyané, iba gedhéning sih rahmat kang bakal ditampa?

Gusti Ngetingal Marang Pétrus

Murid sewelas ngumpul ing Yérusalèm. Kléopas lan mitrané nunggal ngumpul para murid liyané. Ngetingal kang kaping papat, marang Pétrus. Bengi ing wulan purnama, Kléopas teka lan paseksi menawa wis ketemu karo Gusti Yésus kang wus wungu saka séda. Para murid paseksi kaya kang katulis ing Lukas 24: 34 : “Gusti wis wungu temenan! Panjenengané wis ngetingal marang Simon!”- Ora katulis ing Injil apa kang dipangandikakaké déning Gusti Yésus marang Pétrus. Apa bab pamratobaté wis ditampa, sawisé nyélaki Gusti ing kadadéyan sengsarané Gusti katangkep kaé?

Gusti Ngetingali Murid Sepuluh

Ing dina Minggu kuwi uga, nalika wayah bengi, para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul ana ing sawijining omah; lawang-lawangé dikunci kabèh, awit padha wedi marang penggedhéné wong Yahudi. Dumadakan Gusti Yésus rawuh ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: “Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh.” Sawisé ngandika mengkono nuli nedahaké astané lan lambungé. Bareng weruh Gusti Yésus, para sekabat mau padha bungah banget. Gusti Yésus nuli ngandika sepisan menèh marang para sekabat mau: “Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh. Kaya déné enggon-Ku diutus déning Sang Rama, mengkono uga Aku ngutus kowé.” Sawisé ngandika mengkono, para sekabat nuli padha didamoni karo dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci.Menawa kowé ngapura dosané wong, dosa mau uga diapura déning Gusti Allah; lan menawa kowé netepaké dosané wong, dosa kuwi uga ditetepaké déning Gusti Allah.”( Yohanès 20: 19-23 ).

Dina Minggu, para murid ngumpul kejaba Thomas durung ana. Sesingitan anggoné padha ngumpul, sejatiné kuwatir para pemimpin Yahudi nggolèki sakabat. Amarga bab pawarta bakal wunguné Gusti, wong Yahudi dhéwé malah padha kèlingan pangandikané Gusti Yésus. Mula para murid rada wadi anggoné ngumpul.

Sejatiné bab wunguné Gusti wus ngetingal marang Maryam Magdaléna lan wanita liyané. Nanging kabaré ora digugu. Isih padha mangu-mangu. Nalika ngumpul murid sewelas, Pétrus kandha yèn Gusti Yésus wis manggihi Pétrus. Tegesé Gusti wus wungu temenen. Katungka tekané Kléopas lan kancané, nyaritakaké bab ngetingalé Gusti ana ing Emaus. Murid liyané dadi padha yakin, malah kandha yèn Simon uga wis diketingali Gusti Yésus. Murid murid padha ngumpul, amarga setengahané kuwatir karo para wong Yahudi, lawangé ditutup lan dikancing. Dumadakan Gusti rawuh, kanthi tanpa mbukak lawang. Pangandikané: “Ayem lan tentrem rahayu, anaa ing kowé kabèh “ Mengkono iku Gusti paring tentreming batine para murid. Kaya ing piwulangé sing uwis, Gusti Yésus paring ayem tentrem. Ayem tentremé Gusti kaparingaké. “Kowé padha Daktinggali katentreman. Yakuwi katentreman-Ku dhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé. Cara-Ku mènèhi katentreman mau ora kaya patrapé jagad; atimu aja was-was. Kowé aja padha wedi.” ( Yoh 14: 27 ). Ayem tentrem kang kaparingaké iki, padha kaya kaayeman kang kaparingaké nalika prauné para murid kaserang alun lan badai dhèk semana ing tlaga Tiberias. Kanthi ayem tentrem kang mangkono iku, bener apa kang katulis Paulus ing Roma 12: 18, kudu kita anggo paugeran. “Sabisa-bisa udinen supaya uripmu rukun karo wong kabèh.”

Ngetingal marang para murid cacah sewelas kuwi, kaya nalika marang Kléopas Gusti memulang bab werdining Kitab Suci Prajanjian Lawas, kitabé para Nabi sarta pameca bab sengsarané Gusti lan sédané. Malah tekan wungu lan panguwaosé kang agung ing kamulyané. Gusti uga banjur paring nasihat, kanggo nyantosakaké imané. Lukas 24: 38, nyatet pangandika mangkéné: “Yagéné kowé padha wedi, lan généa kowé padha mangu-mangu?” Rasa wedi bisa ilang, sawisé Gusti nimbali lan supaya murid-murid mbuktekaké kahanané. Saprakara sing dadi kabar bungah: Gusti wus wungu !

Sarèhné ana sawetara murid sing isih durung ngandel merga saka bungahé lan gumuné, Gusti Yésus nuli ngandika: “Apa ing kéné kowé duwé sing kena dipangan?”Para murid mau banjur ngaturaké iwak goréngan sairis. Iwak mau nuli ditampani déning Gusti Yésus lan didhahar ana ing ngarepé para murid mau. Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang para murid: “Prekara-prekara iki wis Dakkandhakaké marang kowé nalika Aku isih bebarengan karo kowé, yakuwi yèn kabèh sing wis ditulis bab Aku ana ing Kitab Torèté Nabi Musa lan Kitabé Para Nabi, tuwin Masmur, kuwi kabèh kudu kelakon.” Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli mbukak nalaré wong-wong mau, supaya padha ngerti marang Kitab Suci. Pangandikané: “Ana ing Kitab Suci ana tulisan, yèn Sang Kristus kuwi pinesthi nandhang sangsara, lan wungu menèh ing telung dinané.

Uga wis ditulis, yèn atas Asmané Sang Kristus, bakal diwartakaké marang para bangsa kabèh, yèn Gusti Allah maringi pangapuraning dosa marang wong sing padha mratobat saka dosa-dosané. Pawarta kuwi bakal diwartakaké wiwit saka kutha Yérusalèm. Déné kowé sing padha dadi seksiné bab prekara kuwi mau kabèh. Lan Aku dhéwé bakal maringaké marang kowé, apa sing wis dijanjèkaké déning Rama-Ku. Nanging kowé tetepa ana ing kutha kéné dhisik, nganti kowé wis padha diparingi kasektèn saka ing ngaluhur.” Lukas 24: 41-49 ).

Anggoné Gusti Yésus ngetingal ing dina Minggu iku, sejatiné isi makna Gusti Yésus NYUCEKAKÉ DINA MINGGU. Mula para murid padha sowan ibadah ing dina Minggu, pranatan kang dadi keparengé Sang Kristus. Kanthi pratandha wunguné Gusti. Dadiné, dina Minggu dadi sesulihé dina Sabat kang dadi dinaning pangasoan. Lan dina Minggu kang nyulihi dina Sabat, dadi dinaning kaunggulan, wunguné Gusti. Semono uga nalika Gusti ngetingal manèh, lan wektu iku Thomas ana, iya kapilih dina Minggu manèh. Iki ngetingal kang kaping enem. Lan tumuruné Sang Roh Suci prasetyané Gusti – uga kaparingaké tumurun ing dina Minggu. Yaiku dina kang kaping sèket. Ingaran Pentakosta, Minggu tumuruné Sang Roh Suci, seket dina sawisé Gusti wungu.

Ngetingal Marang Thomas

Tomas (sing uga ketelah Didimus, utawa ‘wong kembar’) kuwi panunggalané sekabat rolas; nalika Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, Tomas ora mèlu ngumpul. Mulané para sekabat liyané nuli kandha marang Tomas: “Aku wis padha ndeleng Gusti!” Nanging Tomas mangsuli: “Yèn aku durung ndeleng tilasing paku ing astané lan durung ndemèk tatu sing ana ing astané mau nganggo drijiku dhéwé sarta durung nggrayang lambungé nganggo tanganku, aku durung ngandel.” Wolung dina sawisé kuwi para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul menèh ing omah mau; Tomas uga ana. Lawangé kabèh padha dikuncèni. Nanging Gusti Yésus mlebet lan jumeneng ana ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: “Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh!” Gusti Yésus nuli ngandika marang Tomas: “Delengen tangan-Ku, endi drijimu, sing arep kokenggo ndemèk tatu ing tangan-Ku. Endi tanganmu, grayangana lambung-Ku, kowé aja mangu-mangu, nanging precayaa!” Tomas nuli matur marang Gusti Yésus: “Gusti kawula, Allah kawula!” Gusti Yésus banjur ngandika marang Tomas: “Apa enggonmu precaya kuwi merga kowé wis ndeleng Aku? Begja wong sing padha precaya senajan ora ndeleng Aku.” ( Yoh 20: 24-29 ).

Mesthi baé Thomas rumangsa isin banget, déné nantang precaya yèn wus nggrayangi dhéwé. Bisa uga mbatalaké anggoné bakal mbuktèkaké nggrayang. Sing mesthi ati mangu-manguné Thomas ilang. Lan malah bisa matur: “ Dhuh Allah kawula ! Kabèh mau kagawa saka anggoné taliti lan ora kepéngin klèru ngabekti marang Gusti Juru Wilujengé. Kaya kaya mesakaké si Thomas, nanging kaya mangkono mau tumrap pribadi kang kepéngin kumandel kanthi jangkep.

Nanging uga disaruwé déning Gusti Yésus, merga anggoné nuntut bukti kena ingaran kebablasen. Bukti kang kasat mripat, isih kurang sampurna. Luwih aji menawa bukti rohani lan moral kapribadèn. Ana bebayané, menawa kabèh uwong nuntut kaya Thomas, kotbah Injil bakal mung mandheg ana gedhong Gréja, amarga kangelan golèk bukti sing nyata. Nanging rahayu wong kang pracaya sanajan ora ndeleng.

Gusti Yésus Ngetingal Marang Murid Pitu

Sawisé kuwi Gusti Yésus ngetingal menèh marang para sekabaté ing sapinggiré Tlaga Tibérias. Critané mengkéné: Ing sawijining dina Simon Pétrus lan Tomas, sing karan Didimus, Natanaèl sing asalé saka désa Kana, ing tanah Galiléa, anak-anaké Zébedéus, lan sekabat loro liyané, lagi padha nglumpuk. Simon Pétrus nuli kandha marang kanca-kanca liyané mau: “Aku arep njala!” “Aku mèlu”, kandhané para sekabat-sekabat liyané marang Pétrus. Para sekabat mau nuli padha lunga, nunggang prau menyang tengah tlaga. Nanging sawengi muput para sekabat mau ora olèh iwak siji-sijia. Bareng srengéngéné mlethèk, Gusti Yésus rawuh, jumeneng ana ing gisik, nanging para sekabat ora padha ngerti yèn sing jumeneng kuwi Gusti Yésus. Gusti Yésus nuli ngandika: “Bocah-bocah, apa kowé padha duwé iwak kanggo lawuh?” Wangsulané para sekabat: “Mboten!” Gusti Yésus nuli ngandika: “Jalamu tibakna ing satengené prau, mengko kowé rak olèh iwak.” Para sekabat nuli nibakaké jalané ana ing sisih tengené prau. Jala mau banjur ora kena digèrèd, jalaran saka akèhé iwak. Sekabat sing dikasihi déning Gusti Yésus banjur ngandhani Pétrus: “Kuwi Gusti!” Bareng Pétrus krungu yèn wong kuwi Gusti Yésus, Pétrus énggal-énggal nganggo jubahé menèh (sebab Pétrus ngliga), banjur nggebyur ing banyu. Para sekabat liyané padha nusul nganggo prau menyang gisik, karo nggèrèd jalané sing kebak iwak mau. Prau mau ora adoh saka dharatan, kira-kira mung wetara satus mèter. Bareng padha mudhun saka prau, para sekabat weruh ing kono ana mawa, lan ana iwak tumumpang ing ndhuwuré; kejaba kuwi uga ana roti. Gusti Yésus nuli ngandika: “Nggawaa iwak sawetara olèhmu njala mau!” Simon Pétrus nuli marani prauné lan nggèrèd jalané menyang dharatan. Jala kuwi kebak iwak gedhé-gedhé. Kabèh cacahé ana satus sèket telu iji; senajan iwaké semono akèhé, jalané ora bedhah. Gusti Yésus ngandika marang para sekabat: “Mrénéa padha sarapan.” Para sekabat mau siji waé ora ana sing wani takon: “Panjenengan menika sinten?” Sebab padha ngerti yèn kuwi Gusti Yésus. Gusti Yésus banjur mundhut roti mau, lan diparingaké marang para sekabat, semono uga iwaké. Kuwi wis ping teluné enggoné Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, sawisé wungu saka ing séda. ( Yohanès 21: 1-14 )

Para murid akèh sing banjur padha bali ing pagawéyan lawas, golèk iwak ing tasik Galélia. Amarga sawisé Gusti sinalib, akèh atiné para murid kang banjur dadi angglong semu cuwa. Kaya padha kélangan pengarep-arep. Kélangan panglipur.

Nanging Gusti banjur rawuh lan ngetingal ana ing antarané para murid. Kuwi ngetingal kang kaping telu ing satengahing murid sacara “kelompok” gegolongan. Lan Gusti leladi uga marang kahanané para murid kang uga mbutuhaké mangan. Nyatané kang kapisan pangandikané, ndhawuhi mangan. Lan ana pandangon: Duwé lawuh apa ?

Sejatiné para nelayan mau benginé ora olèh iwak. Bisa baé njalari putus asa, nanging kabèh mau kapirsanan déning Gusti., supaya anaa tinarbukaning kapasrahan saya madhep. Lan Gusti ora bakal nilar, malah ngetingal, lan leladi kaperluwané jasmani uga.

Atiné Pétrus Diuji Katulusané

Sawisé padha sarapan, Gusti Yésus nuli ndangu marang Simon Pétrus: “Simon, anaké Yohanès, apa katresnanmu marang Aku ngungkuli katresnanmu marang wong-wong iki?” Wangsulané Pétrus: “Inggih Gusti, Gusti pirsa kawula tresna dhateng Panjenengan.” Pangandikané Gusti Yésus: “Cempé-cempé-Ku padha engonen!” Gusti Yésus ndangu sing kaping pindhoné: “Simon, anaké Yohanès, apa kowé tresna karo Aku?” Wangsulané Pétrus: “Inggih Gusti, Panjenengan pirsa bilih kawula tresna dhateng Panjenengan.” Dhawuhé Gusti Yésus: “Wedhus-wedhus-Ku padha engonen!” Gusti Yésus ndangu menèh marang Pétrus sing ping teluné: “Simon, anaké Yohanès, apa kowé tresna karo Aku?” Pétrus dadi sedhih, sebab Gusti Yésus ndangu dhèwèké nganti ping telu: “Apa kowé tresna karo Aku?” Pétrus banjur matur menèh: “Gusti, Panjenengan pirsa samukawis. Gusti inggih pirsa, bilih kawula tresna dhateng Panjenengan.” Gusti Yésus nuli ngandika: “Wedhus-wedhus-Ku padha engonen!”( Yohanès 21: 15-17 ).

Sawisé para murid kembul mangan ing gisik segara, Gusti nyaketi Pétrus. Sejatiné mung anggoné bakal mbuktèkaké lan ngyakinaké menawa pamratobaté wis ditampa déning Gusti. Lan gusti tetep nresnani Pétrus lan para murid liyané.

Kaya dokter bedhah rohani, lelara sing nglarani ati kaungkit manèh. Anggoné Pétrus nyélaki Gusti nganti ambal kaping telu, ing benginé nalika Gusti ditangkep wong Yahudi déning para prajurit Roma. Anggoné Gusti ndangu apa Pétrus nresnani Gusti. Uga nganti rambah kaping telu. Nganti kaya bunel kenthel rasaning ati lan pikiré didangu Gusti Yésus kaya mangkono iku.

Nanging kaping telu uga Gusti paring dhawuh, supaya angon méndha kagungané Gusti. Tegesé, Pétrus isih kaagem déning Gusti ngengon umat muridé Gusti kang sumebar ing bumi iki. Kuwi wisudan luhur, rehabilitasi rohani kang isi berkah . Salawasé urip bakal kawaregan lamun isih pinaringan ayahan rohani. Mesthi baé, uga wareg sacara rohani. Ayem tentrem ing sadhéngaha kahanan. Wani ngadhepi kasangsaran. Mula Pétrus ing layangé uga nandhesaké, yèn kasengsaran iku bakal njalari saya mencoronging iman.

Akèh ayahané Pétrus kang njalari kasugihan kaswargan. Njala jiwa, angon wedhus kagungané Gusti, mènèhi mangan marang umat, memulang lan dadi seksiné Gusti Yésus. Menawa salumahing bumi sakureping langit ora ana Juru Wilujeng liya, kejaba amung Sang Yésus Kristus Putraning Allah kang jumeneng Mésias. Lan Gusti mundhut katresnan kita tumuju marang Panjenengané. Sababé apa? Sabab Gusti Yésus luwih dhisik nresnani kita, sadurungé kita nresnani Gusti. Apa kita nresnani Gusti Yésus?

Gusti Ngetingal Marang Wong Limang Atus Luwih

Lan Panjenengané wis ngetingal marang Pétrus, sawisé kuwi marang para rasulé rolas; banjur ngetingal uga marang para muridé luwih saka wong limang atus bebarengan; wong-wong mau nganti sepréné akèh sing isih padha urip, salong iya wis padha mati. ( 1 Korinta 15: 5, 6 ).

Sawisé wungu saka séda, sajroning patang puluh dina, Gusti Yésus ngetingal marang para kagungané lan marang jagad. Ing gunung Zaitun, Gusti ngetingal disumurupi luwih limang atus uwong. Kuwi seksi lan bukti, bukti iman lan sejarah. Ing kawitaning pakaryané ing bumi, nalika ginodha déning Iblis, Gusti Yésus berjuwang nganti unggul, pasa ora dhahar lan ora ngunjuk lan ora saré, sajroning patang puluh dina patang puluh bengi. Lan Gusti Yésus sembada unggul ing yuda.

“Sawisé wungu saka séda, Gusti Yésus bola-bali ngetingal marang para rasul sajroné patang puluh dina, minangka bukti, yèn Panjenengané gesang. Para rasul padha ndeleng Gusti Yésus, lan padha dingandikani bab Kratoné Gusti Allah. Nalika para rasul lagi padha ngumpul bebarengan, Gusti Yésus paring dhawuh marang para rasul mau, mengkéné: “Kowé aja padha lunga saka kutha Yérusalèm, nanging ngentènana kebabaring janjiné Rama-Ku……..”

Rasul Paulus, nulis marang pasamuwan ing Korintus, ing 1 Korinta 15: 6 “Panjenengané wis ngetingal marang Pétrus, sawisé kuwi marang para rasulé rolas; “Banjur ngetingal uga marang para muridé luwih saka wong limang atus bebarengan; wong-wong mau nganti sepréné akèh sing isih padha urip, salong iya wis padha mati.”

Layang iki ditulis déning Paulus ing abad kapisan, wetara taun sewidakan. Kuwi dadi paseksi nyata yèn Gusti Yésus wungu temenan. Ngetingal ing satengahing wong limang atus luwih, ana paseksi ing Injil Matéus, mengkené: Bareng padha ndeleng Panjenengané nuli padha nyembah sujud, nanging sawetara ana sing mangu-mangu. ( Matéus 28: 17 ).

Bisa ngumpul ing wektu iku nganti limang atus murid, iku ngéram-éramaké banget. Kuwi uga mbuktekaké menawa Roh Suci kang makarya. Panguwasané Gusti kang disuyudi déning jagad raya iki, njalari batin lan atiné para murid manunggal dadi sawiji ngumpul nalika Gusti ngetingal sacara sinawang massal kuwi kanthi panguwasa. Matéus 28: 18 : “Sakèhing pangwasa ing swarga lan ing bumi wis diparingaké déning Sang Rama marang Aku.” - Ora ana sing mokal tumrap Gusti Allah.

“Mulané padha lungaa, maranana bangsa-bangsa ing salumahing bumi kabèh, padha dadèkna murid-Ku. Padha baptisen ing Asmané Sang Rama. Sang Putra lan Sang Roh Suci. Apa déné padha wulangen mbangun-turut marang sakèhing piwulang sing wis Dakwulangaké marang kowé.”

Gusti prajanji yèn bakal nunggil karo para murid para kagungané ing salawasé. Srana patunggilan ing Roh Suci. “ Padha titènana, yèn Aku tansah nunggal karo kowé nganti tekan pungkasaning jaman.” ( Matéus 28: 20 ).

Ana pratandhané, menawa Gusti nunggil karo para kagungané. Kaya kang katulis ing Markus 16: 17, 18 “Wong sing precaya bakal padha diparingi pretandha, yakuwi bakal kwasa nundhungi dhemit nganggo nyebut jeneng-Ku. Bakal padha clathu nganggo basa sing wong-wong mau dhéwé padha ora ngerti tegesé. Menawa padha nyekel ula utawa ngombé racun, ora bakal ngalami bilai. Samangsa padha ndemèk wong lara, sing lara bakal mari.” – Iki kudu dingertèni aja mung hurufiah. Kudu disinaoni kanthi jero. Sacara rohani, filsafat lan pendidikan kacakup kabèh ing pangandika mau.

Ana telung prekara kang dadi pathi sarining wektu pepisahan, bakal mikradé Gusti:

- Gusti Yésus maringi ngerti, menawa kagungan panguwaos ing bumi lan swarga.

- Kapindho, ana dhawuh missi agung, lunga marang saindhenging bawana, Mulangaké pangandikané Gusti sarta mbaptis sing manjing pracaya.

- Amanat, paring pratandha bab pinaringan kasektèn, tumrap para kagungané sarta Gusti nunggil kita ing salawasé.

Diseksèni wong akèh, luwih saka limang atus uwong Gusti sumengka menyang suwarga, saya luhur saya luhur katutupan ing mega putih. Pinasthi ingauban ing para malaékat. Kanthi paring dhawuh marang para murid, kaya kang katulis ing : Para Rasul Bab 1: 7-8, pangandikané Gusti Yésus: “Mbésuk jaman apa lan kapan, kuwi ditemtokaké déning Sang Rama piyambak, manut ing sakeparenging kersané. Kowé padha ora prelu nyumurupi. Nanging kowé bakal padha diparingi kasektèn, yakuwi samasa Sang Roh Suci wis nedhaki kowé, ateges kowé wis dikwasani déning Panjenengané. Lan kowé bakal padha dadi seksi-Ku ana ing kutha Yérusalèm, ing tanah Yudéa kabèh lan ing tanah Samaria, malah ing salumahing bumi.”

Gusti Ngetingal Marang Yakobus

Gusti Yésus mau uga ngetingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabèh.( 1 Korinta 15: 7 ).

Gusti ngetingal, utamané kang katuju para murid lan para pandhèrèké. Bisa baé ngetingal marang jagad kang memungsuhi lan marang mungsuh kang milara, nanging sejatiné Gusti Yésus ora karsa nuntun sing ora pracaya lumebu ing iman. Kaya kang naté dingendikakaké: “Menawa sedulur-sedulurmu ora padha gelem ngrungokaké piwulangé Nabi Musa lan para nabi liyané, mesthi iya ora bakal padha precaya, senajan ana wong mati tangi saka ing pakuburan lan ngandhani wong-wong mau.” Ngetingal kang kaping wolu, marang wong limang atus luwih. Kang kaping sanga marang Yakobus. Banjur marang para sakabat kabèh, kang kaping sepuluh.

Bola-bali ngetingal marang para kagungané, kanggo mbangun keyakinan menawa nyata Gusti wus unggul. Déné bab sédané, jagad wis angèl banget diyakinaké, apa manèh bab wunguné. Para pinituwa lan pemimpin Yahudi dhéwé wis nulak sing bener. Prajurit Romawi lapur yèn Gusti Yésus wungu, ora dianggep. Malah mbungkem gunemé prajurit, supaya paseksi yèn layoné dicolong muridé. Srana nyogok – besel dhuwit marang prajurit. Kepriyé bisané wong Yahudi wanuh marang Gusti Yésus?

Dhasaré pancèn ngemohi kawicaksanané Gusti Allah. Dadiné malah nambahi dosa, gawé carita lan tumindak goroh sarta dosa. Menawa nganti tekan jaman millennium katelu iki, isih ana crita kang blero kisruh sarta ngawur, sepisan manèh dadiya pangertèn kita, yèn ditlusur ing sejarah, sumber piwulang sing nampik Gusti Yésus kuwi, iya saka para pinituwa Yahudi lan ahli Kitab sarta para pemimpin Yahudi sing ngemohi Gusti. Utawa saka wong Yahudi lumrah sing imané pancèn keblinger ora ngugemi sejarah sing bener.

Gusti Yésus Ngetingal Marang Saul, Asli Tarsus

Déné sing kèri dhéwé ngetingal marang aku, senajan aku iki kaya déné bayi sing lair keluron. Aku iki rasul sing asor dhéwé lan ora pantes disebut rasul, merga aku wis tau nguya-uya pasamuwané Gusti Allah. ( 1 Korinta 15: 8, 9 ).

Ngetingal manèh, sawisé sumengka menyang swarga. Sawisé bangkit saka kubur, lan sawisé nglampahi séda. Sing kaping sewelas ngetingal marang Saulus. Saulus iku wong Tarsus, blasteran Yunani Yahudi, sekolahé dhuwur luhur ing pawiyatan luhur Agama Yahudi Yérusalèm. Olèh kalungguhan kondhang, tukang nganiaya Gréja. Tukang mbrantas pasamuwan Kristen. Wektu iku Gusti Yésus wus kundur menyang swarga. Ing Yérusalèm ana pasamuwan kapisan. Lan ing sanjabané Yérusalèm, pasamuwan ana ing Anthiokia, yaiku laladan Siria. Déné ing Ibu kota Damsyik, ana pasamuwan para pandhèrèké Gusti Yésus. Iki sing bakal dibrantas uga déning Saulus. Dadi utusané Ulama Agama Yahudi, dadi mbacutaké olèhé mungsuhi Gusti Yésus, Ulama Yahudi memungsuhi pasamuwan Kristen, sawisé Gusti sumengka menyang swarga.

Nalika iring-iringan pamilara Gréja bakal nuju Damsyik, ing tengah dalan Saulus diketingali Gusti Yésus, wujud sunar kang mblerengi nganti Saulus wuta. Déné asmané keprungu menawa sing diuyak-uyak Saulus mau: Sang Yésus Kristus piyambak.

Pungkasané, Saulus ditulugi Ananias ing Damsyik, bisa melèk manèh. Lerem ing kutha asalé, sacedhaké Kilikia, yaiku ing Tarsus. Banjur dadi muridé Gusti Yésus, dadi Rasul saka karsaning Allah, kanggo para wong sanjabaning bangsa Yahudi.

Ngetingal marang Saulus, lan tokoh pamilara malah mlebu dadi Rasulé Gusti, sejatiné wis bisa mbungkem para kang munafik, kang nganggep Gusti Yésus iku dudu Sang Mésias. Bab iki bakal bisa dipahami ing lelakoné Saulus, sing banjur asma Paulus, Rasul Yésus Kristus. Kang tulisan awujud layang rohani, kapacak ing Injil Suci.

Kratoné Gusti Yésus Iku Kraton Rohani

Gusti Yésus paring pitedah marang para rasul sing wis kapilih. Sawisé wungu saka séda, Gusti Yésus bola-bali ngetingal marang para rasul sajroné patang puluh dina, minangka bukti, yèn Panjenengané gesang. Para rasul padha ndeleng Gusti Yésus, lan padha dingandikani bab Kratoné Gusti Allah. Nalika para rasul lagi padha ngumpul bebarengan, Gusti Yésus paring dhawuh marang para rasul mau, mengkéné: “Kowé aja padha lunga saka kutha Yérusalèm, nanging ngentènana kebabaring janjiné Rama-Ku, kaya sing wis Dakkandhakaké marang kowé. Sebab Nabi Yohanès mbaptis kowé nganggo banyu, nanging sawetara dina menèh kowé bakal padha kabaptis nganggo Roh Suci.” Nalika para rasul lagi padha kumpul karo Gusti Yésus, banjur padha nyuwun pirsa marang Panjenengané: “Gusti, menapa ing samenika Kratonipun Israèl badhé Panjenengan pulihaken?” Pangandikané Gusti Yésus: “Mbésuk jaman apa lan kapan, kuwi ditemtokaké déning Sang Rama piyambak, manut ing sakeparenging kersané. Kowé padha ora prelu nyumurupi. Nanging kowé bakal padha diparingi kasektèn, yakuwi samasa Sang Roh Suci wis nedhaki kowé, ateges kowé wis dikwasani déning Panjenengané. Lan kowé bakal padha dadi seksi-Ku ana ing kutha Yérusalèm, ing tanah Yudéa kabèh lan ing tanah Samaria, malah ing salumahing bumi.” ( Para Rasul 1: 2-8 )

Sédané Gusti Yésus njalari mandheging pengarep-arepé para murid supaya Gusti jumeneng Raja sacara politis ing bumi. Nanging wunguné Gusti nguripaké manèh pikiran-pikiran kuwi. Apa kuwi wanciné Gusti Yésus bakal ngedegaké kraton ing bumi?

Nanging Gusti Yésus maringi ayahan sing béda sungsaté karo pikirané para murid. Malah didhawuhi miwiti anggelar kabar kabungahan bab pangapuraning dosa, ora mung ing Yérusalèm, nanging tumeka ujung bumi.

Pepadhang Wanci Ésuk

Ora klèru menawa wong Kristen sing guneman basa Arab ngarani yèn wunguné Gusti kuwi: “ Pepadhang Wanci Ésuk.” – Sabah Al Nur. Bangkit utawa wunguné Gusti Yésus saka kubur, mujudaké pepadhang kang agung dhéwé sadonya, ora ana sing ngluwihi manèh. Panjenengané uga kang ngendika: “ Aku iki pepadhanging jagad.” ( Yoh 8: 12 ). Pasaréyan utawa kubur kang kothong merga kang sumaré wungu saka séda, kuwi sumber pepadhanging jagad raya.

  1. Nerangaké, menawa Gusti Yésus iku asalé saka swarga. Mengkono mau dadi pratélan menawa kagungan panguwasa minangka Putraning Allah, kang uga ngagem sarira manungsa Putraning Manungsa. Kagungan panguwasa ing swarga lan ing bumi, pantes jumeneng Mésias.

  2. Madhangi pepeteng. Pepeteng kang kasandhang para wong pracaya, malih dadi pepadhang.Mulané Rasul Paulus uga nulis bab: “ Hèh pepati, antupmu ana ngendi?”

  3. Wunguné Gusti, nanggung wong pracaya bakal katangèkaké ing kamulyan. Sang Kristus jumeneng sesirahé sarira, yakuwi pasamuwan. Panjenengané dadi sumbering uripé sarira mau. Panjenengané dadi Putra pembarep sing katangèkaké saka ing séda, supaya jumeneng sing pinunjul dhéwé ing antarané samubarang kabèh. Sebab wis dadi kersané Gusti Allah piyambak menawa Sang Putra kagungan sipat ka-Allahané Gusti Allah ing sasampurnané. Iya lantaran Sang Putra mau, Gusti Allah ngrukunaké samubarang kabèh karo sarirané piyambak, dadia sing ana ing bumi, dadia sing ana ing swarga, yakuwi sawisé nindakaké pirukun srana sédané Sang Putra ana ing kayu salib. ( Kol 1: l8-Lst).

  4. Dadi cahya awal lumebu ing kamulyan langgeng. Filipi 3: 8, “Ora mung prekara-prekara kuwi waé, nanging kabèh prekara saiki dakanggep mung mitunani, yèn katandhing karo sing luwih aji, yakuwi kawruh bab Sang Kristus Yésus, Gustiku. Merga saka Sang Kristus kabèh mau wis dakbuwangl”

  5. Dadi panglipur tumrap wong kang mati ing patunggilané Gusti Yésus. Wahyu 14: 13. “”Tulisen! Rahayu para wong sing padha mati ana ing patunggilané Gusti.” “Pancèn mengkono,” pangandikané Rohé Allah. “Supaya padha aso saka ing rekasané, sarta bakal ngrasakaké wohing penggawéné.” Matéus 5: 4. “Begja wong sing prihatin; awit bakal padha dilipur déning Gusti Allah.”

Wong pracaya bakal katangèkaké ing dina wekasan, kuwi iya amarga katanggel déning Sang Kristus, akibat saka wunguné Gusti Yésus. Wahyu 2l: 4 Gusti Allah bakal ngusapi sakèhing luh saka ing mripating umaté. Pati wis bakal ora ana menèh. Kasusahan, tangis lan lelara uga bakal ora ana. Samubarang kang lawas wis ilang.” - Rasul Paulus duwé paseksi mangkéné: “Sebab urip kuwi kanggoné aku, kagem Sang Kristus, déné yèn mati kuwi dakanggep kabegjan.” (Flp 1: 2l ).

GUSTI YÉSUS SUMENGKA MENYANG ING SUWARGA

Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus nuli mékrad menyang swarga. Para rasul padha neksèni mau, nganti Panjenengané ora ketingal, merga kaaling-alingan méga. Nalika lagi padha ngawasaké enggoné mékrad mau, dumadakan ana priya loro ngadeg ana ing jèjèré, nganggo sandhangan putih. Priya mau padha ngandika: “Kowé, wong-wong Galiléa, yagéné padha ngadeg ana ing kéné tumenga ing langit? Gusti Yésus sing kokdeleng mékrad menyang swarga, bakal rawuh menèh, patrapé iya kaya sing kokdeleng kuwi.” Para rasul banjur padha bali saka ing Gunung Zaitun menyang kutha Yérusalèm. Gunung Zaitun mono dohé saka kutha Yérusalèm kira-kira sekilometer. Satekané ing kutha Yérusalèm, banjur padha munggah, ing lotènging omah sing dipondhoki. Para rasul mau yakuwi: Pétrus, lan Yohanès, Yakobus lan Andréas, Filipus lan Tomas, Bartoloméus lan Matéus, Yakobus anaké Alféus, lan Simon wong Zélot, sarta Yudas anaké Yakobus. Para rasul mau arep nganakaké kumpulan pandonga bebarengan karo para wong wadon, lan karo Maryam, kang ibu, sarta sedhèrèk-sedhèrèké Gusti Yésus. (Para Rasul 1: 9-14 ).

Sacara fisik, Gusti bakal paring panggulawenthah pungkasan sadurungé mikrad. Para murid déning pambereging Rohing Gusti, kakanthi menyang gunung Zaitun. Ing kana para murid diweling, lan diberkahi. Sawisé ngedhangaké asta, Gusti kaangkat minggah menyang langit, sinawang déning para kagungané. Kamitenggengen para murid, bebasan mlongo nyawang mendhuwur nganti Gusti Yésus kaaling-alingan ing mega.

Tumuli ana malaékat ngetingal wujud manungsa lan ngendika: “ Hèh wong Galiléa, kena ngapa kowé kabèh mlongo nyawang langit. Yésus iki, kang kaangkat menyang swarga pisah karo kowé kabèh iku, bakal rawuh manèh kanthi patrap padha kaya nalika kaangkat menyang swarga kaya kang kok sawang kuwi.” – Ing swasana kaya mangkono, cinipta swasana panembah kang ngéram-éramaké, krasa saya rumaketé marang Gusti Allah.

Bali menyang Yérusalèm kanthi bungah lan kendel. Ora ragu manèh sembahyang ing Bait Suci. Lan nyatané uga ora ditangkep déning wong Yahudi. Kuwi kena diarani, sejatiné wong Yahudi ngerti menawa kabèh kang kadadéyan bener lan gawé geter. Yèn pancèn duwé bebener kang gumathok, mesthi wong Yahudi wis mutusaké nangkep para muridé Gusti Yésus. Nyatané ora. Tegesé, pemimpin Yahudi wis ora bisa mingkuh manèh ing sakabèhing kang kelakon, nyata duwé bukti kayektèn. Malah para murid bebarengan Ibu Maryam bakal ngadani Pandonga bebarengan, memuji mring Allah.

Para murid yakin, menawa Gusti Yésus tansah nunggil sacara rohani. Lan para murid pracaya banget menawa ngemban ayahan rohani kang kudu dilakoni, dadi seksi tumrap pakaryan lan panguwasané Gusti Yésus.

Bungah suka rena banget yèn éling pangandikané malaékat, menawa Gusti bakal rawuh manèh kaya patrapé sumengka menyang swarga. Ibaraté para murid kebak pengarep-arep lan kangené marang Gusti, dadi kasugihaning jiwané. Rawuhé Gusti iku uga kang kudu dadi pengarep-arep kita para pasamuwan ing jaman modern iki. Gusti bakal rawuh, methuk para kagungané lan kinanthi nunggil Gusti ing Kratoning Sang Rama Gusti Allah kang Maha Kawasa. Kuwi sing kudu dadi pengarep arep kita, kawisuda dadi Putraning Allah. Paulus nulis ing Roma 8 : l8, menawa panganiaya lan kasengsaran kang kita alami saiki iki, ora paja-paja timbang yèn katandhing karo kamulyan kang bakal kita tampa ing swarga bebarengan karo Gusti Yésus. Wahyu 20: 19-20 ngendika: “Panjenengané sing maringi pawarta mau kabèh ngandika mengkéné: “Iya. Aku mesthi énggal rawuh!” Amin! Inggih Gusti Yésus, Paduka mugi rawuh!”

Para Murid Anggelar Kabar Kabungahan

Sawisé Gusti sumengka menyang ing swarga, para murid anggelar Injil menyang ing saben laladan. Rohing Allah makarya ing para duta swarga iku. Mungsuh ora duwé kalonggaran manèh kanggo ngancam kaya sadurungé. Kanthi kendel, para Rasul lan para Murid liyané memulang bab Gusti Yésus ing Bait Suci. Senajan ora cetha, tradisi Yahudi sing endi sing isih kanggo tataning panembah. Kita kabèh ora patiya ngerti sumberé.

Sikep rohani ing panembah, nulad marang pangandikaning kitab suci. Mazmur 51: l7. Dhuh Allah, Paduka mugi kersa mbikak lambé kawula, supados kawula saged ngidungaken asma Paduka.

Payo padha ngrasakaké apa karsaning pangandika kang ana ing Yohanès 21: 25, mangkéné: “Isih akèh menèh prekara-prekara sing ditindakaké déning Gusti Yésus. Saupama kabèh mau ditulis siji-siji, dakkira jagad iki ora amot kanggo madhahi buku-buku sing ditulis mau.”

Sajroning telung taun Gusti Yésus leladi, sarta memulang. Sang Mésias iya jumeneng Gusti lan Guru. Nandhesaké menawa Gusti Allah iku Tunggal. Maha Esa, ana ing pribadi Sang Rama kang nunggal karo Sang Putra, ing patunggilané Sang Roh Suci. Mula nalika ngutus para murid lunga marang saindhenging bawana, supaya para wong kang manjing dadi murid, kabaptis ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Bab agama, Gusti ngendikakaké uga pemanggihé.

Agama ora gumantung marang upacara-upacara ritual sing kasat mripat. Agama, ora bab apa kang bisa ditindakaké manungsa marang Gusti Allah, nanging sing utama kudu ngertèni, menawa Gusti Allah wus nindakaké pangapuraning dosa, panebusan lan paring urip langgeng.

Rékadayaning umat manungsa, ya ibadahé, sembahyang pandongané, amalé lan laku ritual agamané, ora bakal kuwagang bisa mbukak lawanging kasuwargan. Keslametan mung bisa dadi duwèking manungsa, lamun pinaringan déning Gusti Allah. Yaiku ana ing panebusané Sang Kristus kang ngurbanké rah lan nyawa.

Pathi sarining pangertèn agama iku batiniah, saka njero. Ora saka kang kasat mripat. Lan luwih jero manèh: Agama iku Rohaniah. Sumberé saka: Ati. Ora saka jasmani, badan, lan uga ora saka pikiran. Sipat mangro tingal, munafik, banget ora dadi renaning Gusti Allah. Piwulangé Gusti, kaurmatan ora saka angkuh sombong kang nggegirisi, nanging saka andhap asoring batin. Semangat wulanging Kitab Suci ora saka uniné huruf kang hurufiah utawa apalan kang ndakik, nanging saka semangat batin kang kinanthi déning Roh kayektèn. Lan pungkasané sing kudu menang iku: Nurani, dudu ati.

Saiki Sang Kristus Gesang, Lan Ana Ing Kéné

Injilé gusti Yésus kanggo jagad raya, ing saben abad lan jaman. Injil kuwi dudu dokumentasi jangkep bab lakuning sejarah, nanging sawijining proklamasi. Sawijining pratélan, menawa Gusti Yésus tansah rawuh lan nunggal karo kita kabèh ing sadina-dina. Lan kanggo saben uwong. Mulané Gusti piyambak paring pangandikan, wujud wulang lan janjiné Gusti.

Aja wedi, Ingsun iki kang kawitan lan kang mungkasi. Sang Alfa lan Sang Omega. Kang gesang ing wanci kepungkur, wanci saiki lan salawasé kang bakal kelakon, ora owah gingsir.

Kita kabèh bisa ngrasakaké panganthining astané, nalika susah, seneng, memuji, nyambut gawé, nalika kasil, nalika gagal, ana peteng lan nalika nemu padhang.

Yèn kita bakal nyinau Sugengé Sang Kristus, ora kena kaukur srana norma kadonyan, pikiran lan rasaning manungsa. Nanging saka panuntuning Roh Suci. Nalika firman kita tampa, sejatiné Sang Roh Suci makarya. Gumantung kita manungsa, manut apa nglawan Sang Pangandika, yaiku Firman, kang bisa kita ngertèni tinulis ing Injil Kristus.

Saka kasil pasinaon kita kepéngin wanuh Sugengé Sang Kristus, bisa kita rasakaké éndahing pamuji Natal Betlehem, nalika Gusti miyos. Matéus 17: 5, ngendika: “ Sajroné Pétrus lagi matur, ana méga sing padhang banget tumurun ngemuli wong-wong sing padha ana ing kono, lan banjur ana swara saka sajroning méga mau, ngandikané: “Iki Putra-Ku kinasih, sing gawé renaning penggalih-Ku. Padha rungokna!”

Yohanès 12: 28, “‘Dhuh Rama, Asma Paduka mugi kaluhuraken.’ “ Nuli ana swara saka ing langit: “Wis Dakluhuraké, lan isih bakal Dakluhuraké menèh.”

Nalika sédané Gusti ing kayu salib: - Déné ana peteng telung jam. Geber Padaleman Suci sigar – Ana lindhu ngoregaké bumi. Prajurit Romawi padha wedi giris. – Nalika wunguné: Malaékat kang mbukak tutup watuné, - Nalika sugengé, nindakaké mujizat maneka warna. Nulungi wong lara. Nguripaké wong mati lan mulihaké sing semplah atiné.

Bab kuwi kabèh, bisa kelakon saka karsaning Gusti ing dina iki, lan kapan baé kakersakaké déning Gusti ing bab pratelan kaélokané.

Jagad gumun ngungun lan memuji marang kasabarané Gusti. Apa ana sing kaya Gusti Yésus?

Saben titah memuji anggoné lembah manah, suci tanpa dosa, andhap asor mangka kagungan panguwaos gedhé. Kuwi sejatining kaélokan kang nganti saiki isih urip ana ing kauripan iki, isih nunggal karo kita kabèh sadina-dina. Amarga pancèn kudu dadi tuladha.

Pakaryané: Nylametaké umat manungsa, nyucèkaké lan mberkahi sarta paring kakuwatan ing urip iki. Kuwi isih kaparingaké marang kita kabèh. Gusti ora naté nilar kita para kagungané.

Nganti saiki, Gusti nunggal karo kita ing patunggilané Sang Roh Suci, kongsi tumeka wekasaning jaman.

Ngagem sarira manungsa, kuwi amarga anggoné bakal nunggil karo kita. Sengsara lan séda, kuwi merga anggoné bakal ngraosaké apa baé sesanggan abot kauripané para umat kagungané.

Wunguné dadi pananggel patangèn kita ing dina kiyamat. Kita begja banget duwé juru wilujeng kaya Gusti Yésus Kristus Sang panebus .

Sarta kagungan panguwaos ing bumi lan ing swarga. (Mat 28: 18)

Iba éndahé pangandika ing Yoh 1: 14, “ Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita. Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting. Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra Gusti Allah wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané marang kita.”

Lan pungkasané ana tulisan ing Injil Yohanès, kang njalari kita kabèh ora perlu mangu-mangu. Yohanès 20: 31. “Olèhé ditulis ana ing Kitab Suci iki, supaya kowé padha precaya yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, Putrané Allah. Lan supaya srana precayamu kuwi kowé padha urip merga saka pangwaosé ing asmané”.

Sakèhing panguwasa ana ing swarga Ian ing bumi wus kaparingaké marang Aku. Mulané padha lungaa, sakèhing bangsa padha dadèkna muridKu klawan dibaptisi ing asmané Sang Rama, Sang Putra Ian Sang Roh Suci. Lan padha diwulanga netepi sabarang kang wus Dakdhawuhaké marang kowé kabèh. Lah, Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina, kongsi tumeka wekasaning jaman. ( Matéus 28: 18-20 )

Appendix A. PITAKONAN PITAKONAN KANGGO NGUJI PANGERTÈN.

Yèn panjenengan wis nyinau buku iki kanthi permati, bakal kanthi gampang bisa mangsuli pitakonan ing ngisor iki.

  1. Apa tegesé tembung “ Gètsémané ?” – Critakna, apa sesambungané karo sing dialami Gusti Yésus ?

  2. Kepriyé carané, supaya wong Yahudi ora klèru nalika nangkep Gusti Yésus?

  3. Gusti marasaké kupingé Malkhus sing dipedang déning Pétrus. Ana piwulang rohani kepriyé ?

  4. Kepriyé katrangané Gusti marang Pilatus, bab Kratoné Gusti iku sipat Rohani?

  5. Apa sing disawang déning durjana kang mratobat, déné nyebut asmané Gusti Yésus lan mratobat ?

  6. Kena ngapa Gusti Yésus sesambat: Dhuh Allah Kawula, dhuh Allah Kawula, menapaa Paduka nilar kawula ?”

  7. Sing sepisanan weruh wunguné Gusti sapa?

  8. Atiné Thomas mangu-mangu. Kepriyé anggoné Gusti paring kamanteban?

  9. Malaékat ngendika apa marang para murid sawisé Gusti sumengka menyang swarga?